Upload
vanmien
View
331
Download
17
Embed Size (px)
Citation preview
ANALISIS STRUKTURAL LAN EKSISTENSI WANITA
ING SALEBETING NOVEL SINGKAR
ANGGITANIPUN SITI AMINAH
SKRIPSI
TITIK YULIANI
NPM 06430589
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
ANALISIS STRUKTURAL LAN EKSISTENSI WANITA
ING SALEBETING NOVEL SINGKAR
ANGGITANIPUN SITI AMINAH
SKRIPSI
Dipunaturaken kagem Fakultas Pendidikan Bahasa lan Seni
IKIP PGRI Semarang kangge Njangkepi Salah Satunggaling Syarat
Kagem Gelar Sarjana Pendidikan
TITIK YULIANI
NPM 06430589
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
iii
SKRIPSI
ANALISIS STRUKTURAL LAN EKSISTENSI WANITA
ING SALEBETING NOVEL SINGKAR
ANGGITANIPUN SITI AMINAH
ingkang dipunserat lan dipunajukaken dening
TITIK YULIANINPM 06430589
Sampun dipunkukuhaken wonten ing ngarsanipun Dewan Penguji
Ing Surya 22 Agustus 2010
lan dipunsunyatakaken sampun memenuhi syarat
Dewan Penguji
Pangarsa Panyitra
Dra. Sri Suciati, M.Hum Dra. HR. UTAMI, M.HumNPP.19650316 199003 2 002 NPP. 906301071
Nanik Setyawati, S.S. M.Hum ______________________NPP. 99710115
Bambang Sulanjari, S.S. ______________________NPP. 077001187
Yuli Kurniati Werdiningsih, S.S. ______________________NPP.
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG
SESANTILamun sira kepingin wikan marang jaman kelanggengan, sira
kudu weruh alam ira. Lamun sira durung mikani alamira
pribadi adoh ketemune.
Aja rumangsa bisa, ananging bisaha rumangsa.
PISUNGSUNG
Skripsi punika kapisungsung kagem :
1. Bapak lan ibu ingkang tansah maringi do’a
pangestu.
2. Kang mas Aslam Mahmudi ingkang kula
tresnani ingkang tansah setia ndampingi
anggenipun nyerat skripsi.
3. Katresnan anak kula Syauqy Muhammad
Arsyad.
4. Kaluwarga ingkang tansah kula tresnani.
5. Adhi kula ingkang sampun biyantu njagi Uqy.
6. Kanca-kanca IKIP PGRI ingkang senasib.
v
ATUR CECALA
Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun nglimpahaken rahmat lan
hidayah, saengga skripsi saged karampungaken. Sadangunipun damel skripsi punika
panaliti kathah pambiyantu ingkang awujud pituduh saha bimbingan. Pramila atur
panuwun ingkang tanpa pepindhan kaathuraken dhumateng ingkang kinurmatan :
1. Muhdi, S.H. M.Hum minangka Rektor IKIP PGRI Semarang
2. Sri Suciati, M.Hum minangka Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa lan Seni.
3. Dra. H.R. Utami, M.Hum minangka Kaprodi Bahasa lan Sastra Jawa.
4. Nanik Setyawati, S.S. M.Hum minangka Pembimbing I, ingkang tansah sabar lan
bimbing paniliti nyusun skripsi.
5. Bambang Sulanjari, S.S. minangka Pembimbing II, ingkang tansah sabar lan
bimbing paniliti nyusun skripsi.
6. Sedaya dosen Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang
ingkang sampun maringi pengetahuan selaminipun kuliah.
7. Kanca-kanca Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang atas
kerjasama lan dukunganipun kagem
Panaliti nyadari bilih skripsi punika tebih saking kasampurnan lan mugi skripsi
punika saged mupangati kagem perkembangan ilmu sastra lan panaliten Sastra Jawa.
Semarang, Agustus 2010
Panyerat
vi
SARIPATHI
TITIK YULIANI. “Eksistensi Wanita ing Saklebething Novel SingkarAnggitanipun Siti Aminah”. Skripsi. Semarang: Fakultas Pendidikan Bahasa danSeni IKIP PGRI Semarang, Agustus 2010.
Novel Singkar anggitanipun Siti Aminah punika salah satungaling novelingkang nyariosaken paraga wanita (Nani) ingkang nunjukaken eksistensinipunnalika dipunjodhoaken dening ibunipun.
Momotaning prekawis wonten ing skripsi inggih punika (1) kadospundianalisis struktur novel Singkar anggitanipun Siti Aminah? (2) Kadospundi eksistensiwanita ing saklebeting novel Singkar anggitanipun Siti Aminah?.
Panaliten wonten ing skripsi punika ngginakaken pendekatan objektif amargianalisis punika kaangkat saking teks. Metodhe ingkang dipun ginakaken kanthimetodhe kualitatif. Sumber datanipun arupi teks novel Singkar Anggitanipun SitiAminah. Datanipun arupi unsur intrinsik lan teks-teks ingkang deskripsiakeneksistensi wanita. Teknik pangempaling data ingkang dipun ginakaken punika teknikcatet lan nyemak. Wondene teknik analisis data ingkang dipunginakaken inggihpunika analisis kualitatif kanthi metodhe deskriptif ingkang sifatipun nuturaken,maringi, nganalisis, lan nafsiraken.
Analisis struktur novel Singkar anggitanipun Siti Aminah kasusun sakingtema, latar, alur, penokohan, sudut pandang, lan amanat. Tema novel Singkar inggihpunika babagan jejodhoan. Latar dipun tunjukaken kanthi latar tempat kanthi nama-nama kota kadosta Yogya, Sleman, Bantul, Singkar. Plot utawi alur novel Singkarpunika alur flash back. Wondene skema alur flash back saged dipungambaraken D1-A-B-C-D2-E. Penokohan ing saklebeting novel Singkar anggitanipun Siti Aminahinggih punika Nani, Nusa, Kurniawan, Narumi, Inten, Sipon. Ingkang dados amanatinggih punika bilih tiyang gesang mbetahaken pambiyantu saking tiyang sanes.
Eksistensi wanita ing salebeting novel Singkar anggitanipun Siti Aminahterefleksi melalui sikap, perilaku, tindakan, jalan pikiran, rencana hidup, sartapaguneman paraga utama.
vii
DHAPTAR ISI
SAMPUL LUAR ................................................................................................ i
SAMPUL DALAM .............................................................................................. ii
PENGESAHAN ................................................................................................ iii
SESANTI LAN PISUNGSUNG ......................................................................... iv
ATUR CECALA ................................................................................................ v
SARIPATHI ........................................................................................................ vi
DHAPTAR ISI ..................................................................................................... vii
BAB I PURWAKA............................................................................................. 1
A. Landhesaning Pawadaning Irah-Irahan ............................................. 1
B. Momotaning Perkawis ....................................................................... 5
C. Ancasing Panaliten ............................................................................. 6
D. Mupangating Panaliten ...................................................................... 6
E. Panegesing Tembung ........................................................................ 7
1. Eksistensi Wanita ....................................................................... 7
2. Novel Singkar .............................................................................. 9
3. Siti Aminah ................................................................................. 11
F. Metodhe Panaliten ............................................................................. 12
1. Pendekatan Panaliten .................................................................. 12
2. Sumber Data lan Data ................................................................. 13
3. Teknik Pangempalaning Data ..................................................... 13
4. Teknik Analisis Data ................................................................... 15
5. Tata Rakiting Panyeratan ............................................................ 16
viii
BAB II LANDHESANING TEORI ................................................................... 17
A. Teori Strukturalisme ......................................................................... 17
B. Novel ................................................................................................. 17
1. Pangertosan Novel ...................................................................... 21
2. Fungsi Novel ............................................................................... 23
3. Unsur-unsur Intrinsik Novel ....................................................... 24
C. Teori Feminisme ................................................................................ 34
D. Teori Eksistensi ................................................................................. 28
BAB III ANALISIS STRUKTURAL LAN EKSISTENSI WANITA ING
SAKLEBETING NOVEL SINGKAR ANGGITANIPUN
SITI AMINAH ...................................................................................... 40
A. Analisis Struktural Novel Singkar Anggitanipun Siti Aminah ......... 40
1. Analisis Unsur-Unsur Intrinsik .................................................. 40
2. Analisis Struktur .......................................................................... 42
B. Analisis Eksistensi Wanita ing Saklebeting Novel Singkar
Anggitanipun Siti Aminah .............................................................. 54
BAB IV PANUTUP.............................................................................................. 57
A. Dudutan ............................................................................................. 57
B. Pramayogi .......................................................................................... 58
Daftar Pustaka
Lampiran
ix
PASARUJUKAN
Kula minangka Pembimbing 1 lan Pembimbing 11 mratelaaken bilih rancangan
skripsi kanthi irah-irhan Eksistensi Wanita ing Saklebething Novel ‘Singkar’
Anggitanipun Siti Aminah ingkang kadamel dening:
Nama : Titik yuliani
NPM : 06430589
Kasarujuk ing :
Dinten : ……………………
Surya : ……………………
Semarang, Juni 2010
Pembimbing 1, Pembimbing 2,
Nanik Setyowati, S.S.M,Hum Bambang Sulanjari, S.SNIP………………….. NIP. 077001187
Nguningani,
Kaprodi FBSJ
Drs.HR Utami,M.humNIP. 906301071
1
BAB I
PURWAKA
A. Landhesaning Pawadaning Irah-Irahan
Karya sastra punika bagian saking kabudayan, gesangipun wonten
gandengcenengipun kaliyan pangaribawa sosial lan budaya. Pangaribawa
sipatipun timbal balik, tegesipun karya sastra saged mangaribawani lan dipun
pangaribawa dening masyarakat.
Karya sastra ugi dipungginakaken kagem media mratelaaken pengalaman
panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipunginaaken dening panganggit
punika basa ingkang endah saengga dadosaken raos remen kagem tiyang ingkang
maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung
prastawa ingkang sae kemawon ananging ugi prastawa ingkang awon wonten ing
salebeting carios. Ananging saking carios endah utawi awon punika kita saged
mundhut saripathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan
masyarakat tertemtu ing salebeting karya sastra ingkang dipun anggit, kadosta
pola pikir masyarakat.
Karya sastra Jawi ing jaman kepengker kuncara lan dipunpadosi dening
tiyang kathah amargi tansaya kasingkir lan kasungkur, jalaran buku-bukunipun
boten wonten. Kahanan ingkang makaten sanget mrihatinaken kagem lestarinipun
kasusastran Jawi, kamangka sastrawan Jawi tasih kathah cacahipun. Ananging
sastrawan Jawi langkung kathah ngasilaken karya sastra ingkang arupi abasa
2
Indonesia tinimbang abasa Jawi. Prekawis punika ingkang ndadosaken
kaprihatinan lan fenomena sosial ing jagad sastra Jawa.
Fenomena sosial saged dados salah satunggaling unsur novel. Novel dados
cipta sastra ingkang nggadahi pesan utawi amanat tartemtu. Tegesipun,
panggangit narik kawigatosanipun pamaos supados saged nampi gagasan-
gagasanipun.
Karya sastra saged arupi novel, puisi, cerpen lan kasusastran sanesipun.
Hakikat karya sastra inggihpunika bilih karya sastra nggadahi misi tertemtu
ingkang gegayutan dhateng prekawis gesang lan pagesangan manungsa. Karya
sastra fiksi kadosta buku-buku sastra utawa novel punika pakaryan ingkang
nggadahi nilai-nilai sosial, politis, religi, etika lan filosofis. Miturut Wellek lan
Werren (ing Nurgiyantoro, 2010: 3) fiksi punika satunggaling carios, lan ing
salebeting ugi nggadahi ancas maringi hiburan dumateng pamaos lan ugi wonten
tujuan estetik.
Novel punika satunggaling produk sastra ingkang penting kagem maringi
pandangan hidup sacara artistik imajinatif. Saengga prekawis ingkang
dipunjlentrehaken wonten ing novel inggih punika prekawis manungsa lan
kamanungsan (Suwarti, 2009: 2). Miturut Hudson (ing Azizah, 2008: 2) novel
punika karya sastra ingkang nggambaraken cita-cita, inspirasi lan eksistensi, lan
pakaryan wonten ing pagesangan kaliyan masyarakat, prekawis punika kabukti
saking hakikat lan eksistensi karya sastra ingkang interprestasi.
Perkembangan novel ing negeri Indonesia cukup pesat. Menika saged
kabuktiaken dhening kathahipun novel-novel enggal ingkang dipunterbitaken.
3
Novel-novel punika nggadahi pinten-pinten tema lan wos, ing antawisipun arupi
prekawis-prekawis sosial ingkang wonten masyarakat, ugi wonten
gandhengcenengipun kaliyan babagan wanita.
Wonten anggapan ing masyarakat ngingingi babagan wanita ingkang
nggadahi sipat lemah dadosaken wanita sansaya dipunsisihaken. Wonten
pendapat bilih sosok wanita punika irasional utawi emosional saengga wanita
boten saged dados pemimpin. Prekawis punika dadosaken kedudukan wanita ing
posisi ingkang boten penting. Kaum pria ingkang dipunanggep dominan
tinimbang wanita. Wanita namung dados kanca wingking utawi swargo nunut
neroko katut (Fakih ing Wardani, 2005: 5).
Wanita dipunciptakaken dados makhluk sosial lan makhluk individu
ingkang nggadahi kedudukan lan peranan ingkang sejajar kaliyan pria. Ananging
wonten ing gesang padinten jejeripun wanita langkung andhap tinimbang jejering
pria, saengga nimbulaken eksisistensi ingkang mujudaken nilai feminisme.
Eksisistensi punika filsafat ingkang nggadahi teges sedaya prekawis
ingkang pangkalipun wonten panggenan (eksistensi) lan titik sentralipun
manungsa. Manungsa punika boten dipuntemtokaken kaliyan faktor masyarakat,
biologis, trah lan nasib saking Gusti kemawon. Ananging dipuntemtoaken
piyambak. Manungsa punika satunggaling makhluk ingkang wiyar, ananging
kedah nggadahi raos tanggung jawab kaliyan punapa ingkang sampun
dipunlampahi (Werdinigsih, 2009: 35).
Tuwuhipun feminis punika nggadahi kepinginan kagem ningkataken
jejeripun drajad wanita supados sami utawi sejajar kaliyan kaum pria. Perjuangan
4
sarta usaha feminisme saged dipunlampahi kanthi pinten-pinten cara, supados
pikantuk ancas feminisme. Salah satunggaling cara inggih punika, wanita saged
pikanthuk hak lan kewajibanipun ingkang sejajar kaliyan kaum pria. Wondene
cara sanesipun inggih punika wiyaraken wanita saking ikatan lingkungan
domestik utawi lingkungan kaluwarga. Saengga saged nunjukaken tokoh-tokoh
carios wanita ingkang kuat lan mendukung nilai-nilai feminisme (Suwarti, 2009:
3-4).
Novel Singkar punika salah satunggaling novel basa Jawi anggitanipun Siti
Aminah ingkang kababar wonten ing taun 2008. Karya sastra anggitanipun Siti
Aminah punika dipunterbitaken dening Griya Jawi ingkang makarya sesarengan
kaliyan Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ), Universitas Negeri Semarang.
Novel Singkar anggitanipun Siti Aminah punika wonten gegayutanipun
kaliyan eksistensi pribadi wanita nalika nglampahi peran lan kadudukanipun
ingkang dipun wujudaken wonteng ing sikap, tindakan perilaku, ucapan, jalan
pikiran, lan rencana hidup tokoh perempuan.
Novel Singkar anggitanipun Siti Aminah punika ngginakaken basa Jawa.
Siti Aminah njlentrehaken, sajatosipun carios novel punika dipunsetting wonten
ing desa Singkar, Bantul Yogyakarta. Wonten ing novel Singkar punika ingkang
dados temanipun babagan jejodhoan. Novel Singkar nyariosaken paraga Nani,
wanita ingkang badhe dipunjodhoaken dening ibunipun, bu Narumi. Adat kados
mekaten sampun turun-temurun ing salebeting kaluwarganipun Nani. Ibunipun
rumiyin ugi dipunjodhoaken dening tiyang sepuhipun. Dados bu Narumi ugi
badhe njodhoaken putrinipun kaliyan Kurniawan, priyayi ingkang dados pilihan
5
ibunipun. Ibunipun Nani nggadahi maksud ingkang sae, inggih punika kagungan
kepinginan bilih putranipun supados rabi kaliyan priyayi. Ananging Nani sampun
kagungan pacar Nusa. Sanajan Nusa menika sanes keturunan priyayi ananging
Nani sampun tresna kaliyan Nusa. Dados Nani boten purun dipun jodhoaken
dening ibunipun. Prekawis punika ingkang ndadosaken ibunipun Nani nglarang
sesambungan antawisipun Nani kaliyan Nusa. Sanajan kados makaten Nani nekat
ngelawan kepinginan ibunipun.
Kanthi landhsaning pawadaning irah-irahan punika, novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah sanget nggreged dipun panaliti khususipun babagan
analisis strukturalime lan eksistensi wanitia ingkang dipunlampahi dening paraga
utama ing salebeting novel Singkar. Kanthi analisis strukturalisme saged
mangertosi unsur-unsur intrinsik ing salebeting novel Singkar, antawisipun tema,
latar, plot, tokoh lan penokohan, sudut pandang, amanat. Kanthi analisis
eksistensi wanita saged mangertosi keberadaan wanita utawi paraga-paraga
wanita ing salebething novel Singkar.
B. Momotaning Perkawis
Panaliten punika gegayutan kalian landhesan pamilihaning irah-irahan, ugi
wonten gandengcenengipun kaliyan prekawis wanita ingkang dados objek,
wondene momotaning prekawisipun inggih punika:
1. Kadospundi struktur novel Singkar anggitanipun Siti Aminah?
2. Kadospundi eksistensi tokoh wanita ing salebeting novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah?
6
C. Ancasing Panaliten
Gegayuhan kalian prakawis-prakawis ingkang sampun dipunsebataken ing
momotaning prekawis, panaliten punika nggadahi ancas:
1. Njlentrehaken Struktur novel Singkar anggitanipun Siti Aminah.
2. Njlentrehaken eksistensi tokoh wanita ing salebeting novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah.
D. Mupangating Panaliten
Mupangating panaliten punika wonten kaleh inggh punika mupangat teoritis
lan mupangat praktis.
1. Mupangat teoritis
a. Panaliten punika saged nambahi khasanah ilmu pengetahuan, khususipun
analisis karya kasusastran.
b. Saged mangertosi unsur-unsur intinsik ing salebething karya kasusastran.
c. Saged mangertosi eksistensi wanita utawi karakter-karakter paraga ing
salebething novel
d. Dadosaken pawadaning prekawis arupi konsep lan teori ing bidang sastra,
asilipun arupi novel-novel.
2. Mupangat praktis
a. Panaliten punika saged ndorong kagem ningkataken apresiasi sastra.
b. Panaliten punika saged biyantu kagem panaliten sanesipun ingkang
wonten gegayutanipun kaliyan analisis strukturalisme lan eksistensi
wanita ing salebething karya kasusastran ingkang arupi novel..
7
E. Panegesaning Tembung
Supados boten klentu anggenipun negesi tetembungan wonten ing irah-
irahan, tembung-tembung ingkang dipun tegesi inggih punika:
1. Eksistensi Wanita
a. Eksistensi
Eksistensi (abasa Inggris) asil saking tembung exist tegesipun
wonten. Eksistensi nunjukaken keunikan lan kekhasan individu. Wonten
ing filsafat moderen, istilah eksistensi namung dipinsarujukaken kagem
manungsa kemawon utawi individu ingkang konkrit. Bereksistensi boten
ateges gesang miturut pola-pola abstrak lan mekanis, ananging terus-
menerus ngawontenaken pilihan-pilihan enggal sacara personal lan
subjektif. Eksistensi sanes prekawis ingkang sampun pungkas, ananging
bab tata cara lan perilaku gesang ingkang dipunlampahi. Gesang punika
kathah pilihan. Manungsa nggadahi kehendak ingkang wiyar kagem
nemtoaken sedaya prekawis. Keputusan punika dipunpundhut
saksampunikpun mikiraken piyambak, saengga keputusan punika leres,
leres asil saking piyambakipun. Manungsa gesang sesarengan kaliyan
tiyang sanes. Ananging, kagem nunjukaken bilih manungsa punika
wonten, kedah mundhut kaputusan kagem gesangipun, boten wonten
intervensi saking tiyang sanes utawi kelompok. Dados wonten tegesipun,
bilih luwih tegas dhateng satunggaling individu utawi kelompok.
(http://rechtheory.blogspot.com/ 2008/11/teori-eksisensi.html).
8
Eksistensialisme inggih punika aliran filsafat ingkang pahamipun
berpusat ing manugsa, dados individu ingkang nggadahi raos tanggung
jawab ngingingi kepinginanipun inkang wiyar kanthi boten mikiraken
pundhi ingkang leres lan ingkang klentu. Eksistensialisme punika
njlentrehaken kawontenan manungsa, lan manungsa punika
dipunhadiraken kanthi kebebasan. (www.abdireja.co.cc/2010/02). Unsur-
unsur ingkang penting ing manungsa inggih punika kesadaran, bawah
sadar lan irrasionalitasnya (Werdiningsih, 2009 : 35).
b. Wanita
Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (1988: 1007), wanita
tegesipun “perempuan dewasa”. KBBI ugi jlentrehaken bilih tembung
“kewanitaan” wonten sesambetan kalian wanita, sipat-sipat wanita,
keputrian.
Sacara etimologi rakyat Jawi (folk etimology, jarwodoso) tembung
wanita dipunpersepsiaken dados ‘wani ditoto’. Wanita tegesipun
manungsa ingkang nggadahi sikap alus, setia kaliyan garwo.
Miturut Ki Ageng Suryomentaram ing Sastroatmodjo (2006: 60-61)
wanita kedah nggadahi 5 kriteria pacandan kagem kasampurnan dumadi,
inggih punika:
1) Wanita kedah bekti semanggem miwah sumungkem. ‘wanita harus
berbakti dan bersujud kepada tanah air dan bangsa’.
9
2) Wanita kedah ririh, ruruh, rereh, ‘Wanita hendaknya melatih
kelembutan, kestabilan emosi, keteduhan sikap dan tenang dikala
menghadapi segala problema’.
3) Wanita kedah tajem, jinem, premanem, ‘Wanita hendaknya teguh,
mantap, namun sigap mengatasi segala hal’.
4) Wanita kedah wingit, lantip, lepas ing panggraita, ‘ Wanita harus
cerdas, tekun, cermat, teladan dan cepat menanggapi getaran-
getaran seputar’.
5) Wanita kedah gemi, nastiti, surti lan ngati-ati, ‘ wanita harus pandai
berhemat, tidak konsumtif, hati-hati dan pandai menyusun anggaran.’
2. Novel Singkar
Novel Singkar punika salah satunggaling novel abasa Jawa ingkang
anggitanipun Siti Aminah. Singkar ugi salah satunggaling desa utawi
kampung kadosta ingkang kaserat wonten ing salebething novel.
Novel Singkar nggadahi ukuran 19,6 cm x13.8 cm x 0,8 cm,
kandhelipun 134 kaca lan kaperang dados 24 bab. Samak ngajeng buku
langkung dipunkuwasani werni kuning, lan wonten gambar sepaleh
pasuryanipun wanita ingkang mapan ing perangan sisih kiwanipun buku.
Wonten ing buku dipunpanggihi seratan irah-irahan buku ingkang werninipun
abrit ingkang cinithak timbul, ngandhapipun kaserat aranipun panggangit.
Samak ngajeng ugi wonten sekedhik werni ijo ingkang mapan waonten ing
sisih kiwa ngandhap. Ing sisih nginggil tinulis pambabar buku inggih punika
Griya Jawi.
10
Samak wingking dipunkuwasani werni ijo. Wonten fotonipun wanita
ngangem kaca mripat ing sisih samak wingking. Wanita punika inggih punika
Siti Aminah., panganggit novel Singkar. Teks-teks alit ingkang werni kuning
ngebaki samak wingking novel. Sanesipun wonten ing sisih kiwa foto
panganggit lan ing ngandhap teks pethak ingkang katulis Siti Aminah, teks
kuning kasebat ugi wonten ing ngandhap samak wingking novel.
Teks kuning wonten ing sisih kiwa foto mujudaken profil panganggit,
wondene wonten ing ngandhap mujudake pethikan wosipun novel. Wonten
ing mriku ugi dipunjlentrehaken alasanipun panganggit damel novel Singkar
inggih punika kagem lestarinipun basa lan sastra Jawa. Boten namung nyerat
novel kemawon, ananging panganggit ugi nyerat cerkak lan opini pakaryan
panulis ingkang sampun nate kababar ing kalawarti abasa Jawi inggih punika
Jayabaya, Panjeber Semangat, Djoko Lodhang, lan harian Suara Merdeka.
Ugi nate kababar ing kalawarti abasa Indonesia kadosta, Jawa Pos, Kompas,
Kawanku, lan Panerbitan Lembaga-lembaga ing Yogyakarta. Wonten ing
samak wingking wonten ugi alamat e-mail panyerat. Ing perangan ngandhap
mapan gambar samak ngajeng sanes seratan ingkang ukuranipun alit lan sisih
tengenipun mapan seratan Singkar. Pojok kiwa ngandhap mapan kode ISBN,
lan alamat jangkep pambabar novel Singkar.
Singkar mujudaken novel abasa Jawa babagan jejodhoan. Paraga Novel
ing antawisipun Nani, Narumi (ibunipun Nani), Kurniawan, Nusa, Sipon
(ibunipun Narumi), Alsa lan Samhadi. Narumi njodhoken Nani kaliyan
Kurniawan, ananging boten purun amargi piyambakipun sampun nganggep
11
Kurniawan kados masipun. Nani tresna kaliyan Nusa, tiyang jaler ingkang
boten dipunremeni kaliyan tiyang sepuhipun. Alesanipun Narumi inggih
punika boten kepingin Nani gesangipun mlarat menawi jejodhoan kaliyan
Nusa, tiyang ingkang boten cetha pendamelanipun. Piyambakipun kepingin
bilih Nani saged jejodhoan kaliyan Sulaiman, tiyang sugih saka kutha
(http://chafidib nuabdillah.blogspot.com/2009_02_01_archive.html)
3. Siti Aminah
Siti Aminah ingkang nganggit novel Singkar asring dipunarani kaliyan
kanca-kancanipun inggih mbak “Amin”. Siti Aminah dipunwiyosaken
wonten ing salah satunggaling kampung ingkang wonten pinggiran Kota
Yogyakarta, yaiku kampung Bener.
Siti Aminah minangka panganggit karya-karya sastra kadosta cerkak lan
novel ingkang ngagem basa Jawa. Ngingingi alasanipun panganggit damel
novel punika kagem lestarinipun basa lan sastra Jawa. Karya-karya Siti
Aminah ingkang arupi cerkak lan opini nate kababar wonten ing kalawarti
abasa Jawa yaiku Jayabaya, Panjebar Semangat, Djaka Lodhang, lan harian
Suara Merdeka. Karyanipun Siti Aminah ugi nate kababar ing kalawarti abasa
Indonesia kadosta Jawa Pos, Kompas, Kawanku, lan panerbitan internal
lembaga-lembaga ing Yogyakarta ( http://chafidibnuabdillah.blogspot.com/
2009_02_01_archive.html ).
Karya-karya Siti Aminah ingkang arupi cerkak utawi opini antawisipun:
Sheila Marcia di Kampung Saya, hamil, dop yang hilang, Tommy tak mau
sekolah lagi, Tini, Air mata gali, Festival anak di kampung Bener
(http://aminyk.wordpress.com/2010/07 )
12
F. Metodhe Panaliten
Metodhe Panaliten kagem analisis novel punika ngginakaken metodhe
kualitatif. Metodhe kualitatif dipunanggep multimetodhe amargi panaliten
punika nglibataken gejala sosial ingkang relevan (Ratna, 2010: 47). Panaliten
kualitatif inggih punika panaliten ingkang nggadahi maksud kagem mahami
fenomena ingkang dipunlampahi dening objek panaliten. Kadosta pakaryan,
persepsi, motivasi, tindakan lan sakpanungalaning kanthi cara holistik lan
deskripsi ing wujud tembung-tembung lan abasa, ing dalem konteks, khususipun
ingkang alamiah lan lan mupangat kaliyan metodhe alamiah (Moeleong, 2005: 6).
1. Pendekatan Panaliten
Panaliten punika ngginakaken pendekatan objektif, inggih punika
menitikberatkan ing teks sastra ingkang dipunsebut strukturalisme utawi
intrinsik. Panaliten struktural langkung objektif amargi namung ngginakaken
sastra punika (Endaswara ing Wardani, 2005: 27).
Wondene pendekatan objektif punika ngutamaaken objek. Objekipun
inggih punika karya sastra ingkang dipunanalisis utawi dipunteliti. Wonten
ing pendekatan objektif karya sastra dipunanalisis unsur-unsuripun ingkang
asring dipunsebut analisis intrinsik. Prekawis ingkang kedah dipun pungkasi
wonten ing pendekatan objektif ing salebething karya sastra kadosta, citra
bahasa, stilistika lan aspek-aspek sanesipun ingkang nggadahi fungsi
dadosaken kualitas estetis (Ratna, 2010: 74), kanthi pendekatan objektif
unsur-unsur intrinsik karya sastra kadosta paraga, latar, sudut pandang saged
dipuneksploitasi.
13
2. Sumber Data lan Data
Miturut Lofland lan Lofland ing Moleong (2009: 157) sumber data
utama ing panaliten kualitatif inggih punika tembung-tembung lan tindakan,
sanesipun namung data tambahan kadosta dokumen. Wondene sumber data
ing panaliten inggih punika:
a. Sumber data
Panaliten punika panaliten sastra, dados ingkang dados sumber data
primeripun arupi karya sastra, novel Singkar anggitanipun Siti Aminah
ingkang kapacak dening Griya Jawi Semarang, 134 kaca taun 2008.
Wondene data skunderipun arupi buku-buku, artikel, lan panaliten
ngingingi novel.
b. Data
Data inggih punika sumber sedaya informasi utawi bahan mentah
ingkang dipunsediaken alam kagem dipunpadosi. Data mratelakaken
dados bahan ingkang saktrep kagem maringi jawaban dhateng prekawis
ingkang dipunkaji (Subroto Linda Arik Biyantari. 2009: 19).
Kangge ndudah struktur novel, data ingkang dipungginakaken
inggih punika tembung-tembung, ukara lan wacana ing salebeting novel
Singkar anggitanipun Siti Aminah ingkang ngrembag babagan struktural
lan eksistensi paraga wanita.
3. Teknik Pangempalaning Data
Teknik pangempaling data ing panaliten punika ngginakaken teknik
catat lan teknik nyemak kanthi cara studi pustaka. Teknik kapustakan, inggih
14
punika studi ngingingi sumber-sumber ingkang dipunginaaken ing panaliten
kadosta, dokumen dipunginaaken madosi data-data ingkang arupi cathetan,
transkip, buku, kalawarti, gambar, lan data-data ingkang sanes angka-angka
(Moeleong, 2005: 11)
a. Teknik nyemak
Teknik simak inggih punika metode kagem ngempalaken data
ingkang dipunlampahi kanthi cara nyemak suatu penggunaan bahasa
(Sudaryanto ing Linda Arik Biyantari, 2009: 20). Teknik nyemak inggih
punika kanthi cara maos karya sastra saklajengipun dipunanalisis.
b. Teknik cathet
Teknik cathet inggih punika teknik ingkang dipunginakaken kagem
ngempalaken data ingkang wonten ing salebeting karya sastra saklajengipun
dipuntulis kanthi bentuk catatan. Teknik cathet yaiku nyathet data ingkang
dipun anggep memenuhi wonten ing data panaliten (Sudaryanto ing Sopani
Ndruru, 2007: 12)
Teknik nyemak lan cathet punika satunggaling instrumen kunci ingkang
nindhakaken panyemakan sacara cermat, terarah, lan teliti dhateng sumber data
primer, inggih punika karya sastra ingkang dados sasaran paneliten ingkang arupi
teks wonten ing novel Singkar kagem memperoleh data yang diinginkan.
Wondene data sekunder punika arupi buku-buku, artikel, lan panaliten ingingingi
novel. Asil panyemakan kaliyan sumber data primer lan sumber data sekunder
kasebut, saklajengipun dipuncatet kagem dipunginakaken dados sumber data
ingkang badhe dipunginakakenn wonten ing penyusunan panaliten trep kaliyan
maksud lan ancas ingkang bdhe dipuncapai.
15
4. Teknik Analisis Data
Teknik ingkang dipunlampahi saksampunipun ngempalaken data inggih
punika analisis data. Analisis data punika dados faktor ingkang penting
kagem nemtoaken kualitas asilipun panaliten.
Wonten ing panaliten punika, panaliti ndudah data-data arupi prekawis-
prekawis strukturalisme lan eksistensi wanita teori feminisme. Wondene.
Analisis novel ingkang dados objek analisis struktural lan analisis
eksistensi wanita, ingkang dipuntindakaken kanthi cara :
a. Maos teks karya sastra ingkang arupi novel Singkar anggitanipun Siti
Aminah.
b. Nemtoaken unsur intrinsik ing saklebiting novel Singkar anggitanipun Siti
Aminah.
c. Nganalisis struktur novel Singkar ingkang arupi tema, latar utawi setting,
alur urawi plot, sudut pandang, penokohan, lan pesen utawi amanat.
d. Nganalisis eksistensi paraga wanita ing saklebiting novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah.
e. Asil analisis struktur lan eksistensi wanita saklebiting novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah dipundudut.
16
5. Tata Rakiting Panyeratan
Tata rakiting panyeratan wonten ing panaliten punika penting kagem
ngambaraken kanthi gamblang langkah-langkah ingkang katindakaken ing
panaliten ugi prekawis ingkang badhe dipunrembag wonten ing panaliten.
Wondene tata rakiting panyeratan inggih punika:
Bab I, ngrembag purwaka ingkang kasusun saking landhesaning
pawadaning irah-irahan, momotaning prekawis, ancasing panaliten,
mupangating panaliten, panandhesaning tembung, metodhe panaliten, lan tata
rakiting panyeratan.
Bab II, landhesaning teori ingkang ngrembag teori strukturalisme,
novel, teori feminis, lan teori eksistensi.
Bab III, pirembagan ingkang ngandharaken analisis struktural novel
lan analisis eksistensi wanita ing salebeting novel Singkar anggitanipun Siti
Aminah.
Bab IV, panutup ingkang wosipun arupi dudutan lan pramayogi,
punika dados bagian utawi bab ingkang pungkasan..
17
BAB II
LANDHESANING TEORI
A. Teori Strukturalisme
Teori wonten ing ilmu pengetahuan tegesipun model utewi kerangka
berfikir ingkang njlentrehaken fenomena alami utawi fenomena sosial tertemtu.
Teori dipunrumusaken, dipunkembangaken, lan dipunevaluasi miturut metodhe
ilmiah teori punika satungaling hipotesis ingkang sampun kabukti. Tembung teori
nggadahi teges benten-benten ing bidang pengetahuan ingkang benten, ugi
gumantung ing metodhologi lan konteks diskusi. Sacara umum teori punika
analsis sesambetan ing antawisipun fakta setunggal kaliyan fakta sanesipun.
Istilah teoritis dipunginakaken kagem njlentrehaken punapa ingkang
dipunramalaken dening satunaling teori, ananging dereng nate dipunobservasi
(http://aamovi.wordpress.com/2010/02/20/teori-sastra-struktural ).
Struktur inggih punika bagiyan saking sesambetan antawisipun setunggal
kaliyan sanesipun utawi kadospundi prekawis dipunsatuaken. Struktur punika
nggadahi sipat fundamental kagem satungaling sistem. Studi sastra struktural
boten mbetahaken satungalimg karya sastra tertemtu kagem objek studinipun,
ingkang dados objek kajianipun inggih punika seperangkat konvensi ingkang
saripathi lan umum saengga unsur-unsur kasebut sesambetan setunggal kaliyan
sanesipun ing keseluruhan ingkang wutuh (http://aamovi.wordpress.com/
2010/02/20/teori-sastra-struktural )
18
Istilah strukturalisme asil saking tembung struktur. Strukturalisme
tegesipun paham ngingingi unsur-unsur, inggih punika struktur mekanisme lan
gegayutanipun, gegayutan ing antawisipun unsur setunggal kaliyan unsur
sanesipun, ugi gegayutan antawisipun unsur kaliyan totalitasipun. Strukturalisme
asring dipunginaaken dening panaliti kagem nganalisis sedaya karya sastra. Kitha
ugi kedah nggatosaken unsur-unsur ingkang kaemot ing salebeting karya sastra.
Stuktur ingkang mbangun satunggaling karya sastra utawi dados unsur estetika
wonten ing karya sastra inggih punika: alur, penokohan, sudut pandang, gaya
bahasa, tema lan amanat (Azizah, 2008: 6-7).
Strukturalisme punika salahsatungaling teori ingkang nelaah karya sastra
ingkang otonom kanthi pendekatan ingkang dipunkhususaken ing struktur karya.
(Werdiningsih, 200 : 52). Struktur karya sastra ugi nggadahi pamanggih teges
gegayutan ing antawisipun unsur ingkang sipatipun timbal balik (Nurgiyantoro,
2010: 36).
Miturut Teeuw (ing Werdiningsih, 2009: 57) strukturalisme nggadahi ancas
kagem dungkap lan maparaken kanthi cermat, teliti, detail, kaitanipun sedaya
analisis lan aspek karya sastra ingkang dadosaken makna menyeluruh.
Miturut Nurgiyantoro (2010: 36), analisis strukturalisme saged ngginaaken
langkah-langkah kadosta:
1. Ngidentifikasi unsur-unsur instrinsik ingkang mbangun karya sastra.
2. Mengkaji unsur-unsur ingkang sampun dipunidentifikasi saengga
dipunpanggihi tokoh lan penokohan ing salebeting karya sastra.
19
3. Deskripsiaken prastawa-prastawa ingkang wonten gegayutanipun kaliyan
unsur-unsur instrinsik.
4. Nggayutaken ing antawisipun unsur-unsur sehingga dipunmangertosi tokoh,
alur ing karya sastra.
Miturut Goldman (ing Faruk, 1994: 12) karya sastra punika salah
satunggaling struktur ingkang statis, miyos saking proses sejarah ingkang dipun
hayati dening masyarakat. Analisis struktural boten cekap namung data unsur
tertemtu saking karya fiksi, kadosta prastawa, plot, latar, tokoh, lan
sakpanungalaning. Ananging ingkang penting sanget inggih punika nunjukaken
gegayutan antawisipun unsur lan sumbangan kagem ancas estetika lan sedaya
makna ingkang badhe dipuncapai. Prekawis punika kedah dipungatosaken amargi
karya sastra punika salah satunggaling faktor ingkang mbentenaken ing
antawisipun karya sastrasetunggal kaliyan karya sastra sanesipun.
Analisis struktural boten namung jumlah utawi daftar unsur-unsur ing
salebeting karya sastra, yaiku tema, tokoh, penokohan, point of view, lan unsur-
unsur sanesipun. Ananging kedah dipuntingali ugi gegayutan lan keterkaitanipun
antawisipun unsur ing kesatuan carios. Sarta efek punapa ingkang wonten ing
unsur lan kaseluruhan makna ing carios (Werdiningsih, 2009: 57-58).
Strukturalisme ketingal sederhana, ananging kajianipun mendalam lan dungkap
unsur-unsur dumugi permukaan. (Werdiningsih, 2009: 58).
Ancas saking analisis struktural inggih punika membongkar, memaparkan,
kanthi cara cermat keterkaitan dan keterjalinan saking pinten-pinten aspek
ingkang sesarengan membentuk makna ( Teeuw, 1984: 135).
20
Miturut Stanton (ing Nurgiyantoro, 2010: 25-29) njlentrehaken unsur-
unsur pembangun karya sastra utawi novel inggih punika fakta carios, tema, lan
sarana carios.
a. Fakta carios
Fakta wonten ing satunggaling carios inggih punika paraga, plot lan
latar. Tigang unsur punika dados unsur fiksi ingkang sacara faktual saged
dipunbayangaken prastawanipun, eksistensinipun wonten ing salebeting
novel. Fakta carios ugi asring dipunsebut struktur faktual utawi level faktual
satunggaling carios. Unsur-unsur punika dados kesatuan ing carios
(Nurgiyantoro, 2010: 25).
b. Tema
Tema inggih punika Prekawis ingkang dados adhedasar carios, lan
sesambetan kaliyan pengalaman pagesangan, kadosta prekawis cinta, tresnan,
pati, religius, pati, lan sakpanungalaning. Tema asring dipunsinonimaken
kaliyan ide utama lan ancas utama carios.
c. Sarana Carios
Sarana carios inggih punika teknik ingkang dipungginakaken dening
panganggit kagem milah lan nyusun detil-detil carios (prastawa lan
kadadosan) dados pola ingkang nggadahi makna. Ancas sarana carios punika
pamaos saged ningali fakta-fakta carios saking sudut pandang panganggit.
Sarana carios kasusun saking sudut pandang, gaya abasa, nada, simbolisme,
lan ironi.
21
Kanthi Analisis struktural saged maparaken, nunjukaken, jlentrehaken
unsur-unsur ingkang mbangun karya sastra, ugi jlentrehaken interaksi utawi
ingkang mbentuk makna ingkang utuh. Saengga dados kesatuan ingkang utuh
kagem tumuju pemahaman makna wonten ing novel Singkar.
B. Novel
1. Pangertosan Novel
Tembung novel asalipun saking abasa latin novellus, lajeng dipun
turunaken dados novies, ingkang tegesipun enggal. Tetembungan enggal
dipuntrepaken kaliyan kasunyatan, novel punika salah satunggaling jinis
carios fiksi (Waluyo, 2002:36). Novel (Inggris : novel) lan carios cekak
(short story) punika kaleh wujud karya sasrta ingkang dipunsebut fiksi.
Mlebet ing Indonesia lajeng dipunsebut novelet ingkang asalipun saking abasa
Italia novella (ing abasa Jerman: novelle). Istilah novella lan novelle wekdal
punika nggadahi teges enggal ingkang sami kaliyan istilah Indonesia Novelet
(Inggris: novelette), tegesipun satunggaling karya fiksi ingkang nglantrahipun
cekapan, boten nglantrah sanget, ananging boten cendhak (Nurgiyantoro,
2010: 9-10)
Jumlahipun tembung wonten ing novel kirang luwihipun 35.000
dumugi jumlah ingkang boten wates kinten-kinten 100 kaca lan saged
dipunwaos kaleh jam. Novel punika salah satunggaling karya fiksi ingkang
wosipun model pagesangan ingkang dipunidealaken, dunya imajinatif,
ingkang dipunsusun saking unsur intrinsik kadosta prastawa, plot, paraga (lan
22
penokohan), latar, sudut pandang, lan sakpanungalaning sedaya punika
nggadahi sipat imajinatif (Nurgiyantoro, 2010: 4).
Kathah sastrawan ingkang maringi wates utawi definisi novel. Wates
utawi definisi ingkang panganggit parengaken punika benten-benten amargi
sudut pandang ingkang dipunginaaken dening panganggit ugi benten.
Definisi-definisi punika ing antawisipun inggih punika:
a. Novel inggih punika sastra ingkang populer ing dunya. Wujud sastra
punika kathah ingkang dipuncetak lan kathah ingkang dipunedaraken,
jalaran daya komunitasipun ingkang wiyar wonten ing masyarakat (Jakob
Sumarjo, Drs).
b. Novel inggih punika wujud sastra ingkang nggadahi nilai-nilai budaya,
sosial, moral, lan pendidikan. (Dr. Nurhadi, Dr. Dawud, Dra. Yuni
Pratiwi, M.Pd, Dra. Abdul Roni, M.Pd).
c. Novel punika satunggaling karya sastra ingkang nggadahi kaleh unsur,
ingih punika unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik ingkang kaleh unsur
punika nggadahi sesambetan amargi mangaribawani sanget ing
wontenipun satunggaling karya sastra (Drs. Rostamji, M.Pd, Agus
Priantoro, S.Pd)
d. Novel inggih punika karya sastra ingkang wujudipun prosa ingkang
nggadahi unsur-unsur intrinsik (Paulus Tukam, S.Pd).
(http://sobatbaru.blogspot.com/2008/04/pengertian-novel.html)
23
Saking pinten-pinten pendapat wonten ing nginggil, panyerat saged
dudutaken bilih novel inggih punika salah satunggaling wujud carios rekaan
ingkang nyariosaken satunggaling bagian kasunyatan saking pagesangan
manungsa kanthi sedaya pergolakan jiwanipun lan miyosaken konflik
ingkang pungkasipun saged mangaribawani dalan pagesangan utawi nasib
gesang.
2. Fungsi Novel
Dasaripun fungsi novel punika kagem menghibur pamaos. Hakekatipun
novel punika carios lan wonten ing salebeting ngemot ancas kagem hiburan
tiyang ingkang maos. Wellek lan Warren (ing Nurgiyantoro, 2010: 3) maos
satunggaling karya fiksi inggih punika ngraosaken carios, hiburan kagem
pikantuk kepuasan bathin.
Miturut Jakob Sumardjo lan Saini K.M (ing Nurdiani, 2010: 12) Fungsi
novel inggih punika (1) karya sastra (novel) maringi kesadaran kagem
pamaos ngingingi satunggaling kesaenan, (2) karya sastra (novel) ugi maringi
kepuasan bathin, hiburanipun arupi hiburan intlektual, (3) karya sastra (novel)
saged maringi kitha satunggaling penghayatan ingkang dipunmangertosi, (4)
maos karya sastra (novel) inggih punika karya seni endah lan nyekapi
kabethahanipun manungsa dateng naluri kebebasan kaendahan punika kodrat
manungsa. Wonten ing salebeting novel nggadahi kebebasan kagem
ngandharaken dialog ingkang saged nggerakaken ati masyarakat kanthi
kasugihan manah. Salah satunggaling prekawis ingkang kedah
24
dipunwigatosaken bilih novel sanes media ingkang ngutamaaken satunggaling
sisi pagesangan manungsa kemawon.
3. Unsur-unsur Intrinsik Novel
Novel punika satunggaling totalitas, menyeluruh lan sipatipun artistik.
Dados satunggaling totalitas, novel nggadahi unsur-unsur ingkang sesambetan
antawisipun satungal kaliyan sanesipun. Sacara erat lan saling
mengantungkan (Nurgiyantoro, 2010: 22-23). Unsur tembung, abasa punika
salah satunggaling unsur pembangun carios. Unsur-unsur pembangun novel,
kadosta plot, tema, paraga, lan latar, sipatipun rinci lan kompleks tinimbang
unsur-unsur cerpen (Nurgiyantoro, 2010: 12).
Unsur sacara tradisional saged dipunperang dados kalih bagian.
Pambagian ingkang dipunmaksud inggih punika unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik. Unsur intrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang mbangun karya
sastra, wondene unsur ekstrinsi inggih punika unsur-unsur ingkang wonten
ing jawinipun karya sastra (Nurgiyantoro, 2010: 23).
Unsur intrinsk inggih punika unsur-unsur ingakang mbangun karya
sastra punika. Unsur-unsur ingkang sacara faktual dipunpanggihi nalika
tiyang maos karya sastra kadosta novel. Unsur intrinsik wonten ing satugaling
novel inggug punikaunsur ingkang sacara langsung nderek sarta mbangun
carios (Nurgiyantoro, 2010:23).
Wondene unsur-unsur intrinsik wonten ing satungaling karya fiksi
ingkang arupi novel inggih punika:
25
a. Tema
Miturut Shanton (ing Sugihastuti, 2010: 45) tema inggih punika
makna satunggaling carios ingkang sacara khusus maringi katerangan
sebagian unsuripun kanthi cara sederhana. Miturut Hartoko lan Rahmanto
(ing Nurgiyantoro, 2010: 68) tema punika gagasan dhasar umum ingkang
nopang karya sastra lan ngemot ing salebeting teks sebagian struktur
semantis lan nyangkut persamaan-persamaan utawi kabentenan. Tema
dipunsaring saking motif-motif ing karya sastra sesambetan ingkang
nemtoaken kawontenanipun prastawa-prastawa, konflik lan situasi. Tema
dados dhasar ngembangaken sedaya carios, saenggo sipatipun njiwai
sedaya bagian carios punika.
Tema ing karya sastra fiksi kedah dipundudutaken saking sedaya
carios, boten namung adhedasar bagian-bagian tertemtu carios, gagasan
dhasar umum satunggaling karya novel. Gagasan dhasar umum punika
ingkang dipuntemtoaken dening panganggit ingkang dipungginakaken
kagem ngembangaken carios (ing Nurgiyantoro, 2010: 70). Tema saged
dipunpanggihi kanthi cara dudutaken kaseluruhanipun carios (Sugihastuti,
2010: 46).
Tema karya sastra punika asring gegayutan kaliyan makna
pagesangan. Kanthi karyanipun panganggit mratelakaken makna tertemtu
pagesangan ngajak pamaos kanthi ningali, ngraosaken makna pagesangan
kasebut kanthi cara ningali prekawisipun.
26
Adhedasar pirembagan ing nginggil, saged dipundudut bilih tema
punika ide utama utawi inti saking carios ingkang salebeting ndudah
pokok pikiran utawi pokok pirembagan ingkang ndhasari satunggaling
carios ing karya sastra.
b. Alur utawi plot
Plot punika salah satungaling unsur karya fiksi ingkang wigati.
Miturut Abrams (ing Nurgiyantoro, 2010: 113) plot satungaling karya
fiksi bagian saking saking struktur prastawa-prastawa, inggih
punikaingkang ketinggal ing rakiting lan penyajian sedaya prastawa
kagem pikanthuk efek emosioanl lan efek artistik tertemtu. Plot tegesipun
kemudahan caris kagem dipahami. Plot satungaling karya fiksi ingkang
kompleks, ruwet, lan ewt dipunkenali sesmbetan antawisipun prastawa,
ndadosaken caris ewet dipunpahami (Nurgiyantoro, 2010: 110).
Stanton ngandharaken plot inggih punika carios ingkang wosipun
rakitaning kadadosan, ananging kadadosan punika namun dipungayutaken
sacara sebab musabab, prastawa sanesipun. Kenny, plot dados prastawa-
prastawa ingkang dipunpratelakaken ing carios ingkang sipatipun
sederhana, amargi panganggit nyusun prastawa-prastawa kanthi adhedasar
sebab musabab. Foster ngandharaken prastawa-prastawa carios ingkang
nggadahi penekanan wonten gayutanipun kaliyan kausalitas (ing
Nurgiyantoro, 2010: 113).
Miturut Stanton (ing Nurgiyantoro, 2010: 127) Klimaks inggih
punika nalika konflik sampun wonten ing intensitas inggil, lan nalika
27
(prekawis) boten saged dipunsingkiraken saking kadadosanipun.
Tegesipun adhedasar tuntutan lan kelogisan carios, prastawa punika kedah
kedadosan noten saged boten.
Miturut Tasrif (ing Nurgiyantoro, 2010: 149) plot punika
dipunperang dados gangsal bagiyan inggih punika:
1) Tahap penyituasian (tahap situation)
Tahap ingkang utama wosipun ngambaraken lan ngenalaken
situasi latar lan paraga-paragaing carios. Tahap punika tahap pambuka
carios, maringi informasi awal lan sanesipun ingkang wigati, fungsi
melandastumpui carios ingkang dpuncariosaken ing tahap
saklajengipun.
2) Tahap pemunculan ( tahap generating circmstances)
Prekawis-prekawis lan prastawa-prastawa ingkang nimbulaken
konflik dipunwiwiti. Dados, tahap punika tahap wiwitanipun konflik,
lan konflik punika berkembang lan dikembangkan dados konflik-
konflik ing tahap saklajengipun.
3) Tahap peningkatan konflik (tahap ricing action)
Konflik ingkang sampun dipuntimbulaken ing tahap kepengker
dados berkembang lan dipunkembangaken kadar intensitasipun.
Prastawa-prastawa dramatik ingkang dados inti carios dados
mencekam lan menegangkan. Konflik-konflik ingkang kadadosan,
internal, eksternal, utawi kalehipun pertentangan-pertentangan,
28
benturan-benturan, ing kepentingan, prekawis lan tokoh ingkang
tumuhu klimaks boten saged dipun hindari.
4) Tahap klimaks ( tahap climax )
Konflik utawi pertentangan, ingkang dipunlampahi dening
paraga carios ingkang tumuju titik intensitas puncak. Klimaks
satunggaling carios badhe dipunlampahi dening paraga-paraga utama
ingkang nggadahi jejer dados pelaku lan penderita kadadosan konflik
utama.
5) Tahap penyelesaian ( tahap end )
Tahap ingkang sampun ngantos klimaks dipunparingi
penyelesaian, ketegangan, dikendorkan, konflik-konflik sanes sub-
subkonflik, utawi konflik-konflik tambahan, menawi dipunparingi
jalan keluar, carios dipunpungkasi.
Dudutanipun alur punika jalinan prastawa ingkang mujudaken
carios saengga carios saged kaleksanan kanthi runtut, saking awal dumugi
akhir, lan pesen saged dipuntangkep dening pamaos.
Analisis alur novel Singkar ginakaken plot sorot balik utawi flash
back. Karya fiksi ingkang plotipun regresif sipatipun boten kronologis,
carios boten dipun wiwiti saking tahap awal, ananging saking tahap
tengah utawi pamungkas, nembe dipunlajengaken tahap wiwit carios
dipunkisahaken (Nurgiyantoro, 2010: 154). Wonten ing karya-karya
ingkang plotipun regresif. Carios dipun wiwiti kanthi pertentangan
ingkang sampun inggil (Nurgiyantoro, 2010: 154).
29
Menawi dipungambaraken ing bentuk skema, plot sorot balik,
inggih punika :
D1 A B C D2 E
D1 arupi wiwit pencariosan ingkang intinipun Nani. A, B, lan C punika
prastawa-prastawa ingkang dipun sorot balik ingkang intinipun prekawis
paraga utama.
Miturut Nurgiyantoro (2010: 155) Teknik pembalikan carios utawi
penyorotbalikan prastawa-prastawa, ing tahap kepengker saged
katindakaken mawi pinten-pinten cara. Teknik flash back asring narik
kawigatosan amargi saking wiwit pamaos sampun dipuntegangaken,
boten ngelampahi tahap perkenalan kadosto novel ingkang plotipun
progresif.
c. Latar
Miturut Abrams (ing Nurgiyantoro, 2010: 216) latar utawi setting
inggih punika pawadan prekawis ingkang biyantu njkentrehaken carios,
setting punika ing antawisipun wekdal, panggenan, sosial budaya.
Latar utawi landasan tumpu (setting) carios wonten fiksi boten
namung background, tegesipun boten namung nunjukaken kadadosan lan
kapan kadadosanipun (Sumardjo, 1994: 75). Semi (1993: 46)
njlentrehaken setting inggih punika lingkungan panggenan kadadosanipun
prastawa.
Stanton (ing Nurgiyantoro, 2010: 216), ngelompokaken latar,
sesarengan kalian plot lan paraga ing salebeting fakta (carios) amargi
30
tigang hal punika ingkang dipunhadapi lan saged dipunimajinasiaken
dening pamaos faktual nalika maos carios fiksi.
Unsur-unsur latar punika kaperang dados tigang unsur pokok inggih
punika :
1) Latar panggenan utawi tempat
Miturut Nurgiyantoro (2010: 227) masyarakat wonten ing lokasi
kadadosan prastawa ingkang dipuncariosaken wonten ing
satunggaling karya fiksi. Unsur tempat ingkang asring
dipungginakaken arupi panggenan-panggenan kanthi aran tertemtu,
panggenan tertemtu boten nama jelas.
2) Latar waktu
Latar waktu gegayutan kalian prekawis “kapan” kadadosan
prastawa-prastawa ingkang dipuncariosaken ing salebeting karya
fiksi. Prekawis “kapan” asring dipungayutaken kalian wekdal faktual,
wekdal ingkang wonten sesambetanipun utawi dipunkaitaken kalian
prastawa sejarah (Nurgiyantoro, 2010: 23).
3) Latar sosial
Pramayogi ing bab-bab ingkang sesambetan kaliyan pakaryan
pagesangan sosial masyarakat ing satunggale panggenan ingkang
dipuncariosaken ing karya fiksi. Tata cara pegesangan sosial
masyarakat nyangkup prekawis ing lingkup ingkang kompleks, saged
arupi kewasisan gesang, adat istiadat, tradisi, keyakinan, pandangan
gesang, cara berfikir, sikap, lan sanesipun ingkang kagolong kalian
31
status sosial paraga ingkang sesambetan, kadosto andhap, nengah, lan
inggil (Nurgiyantoro, 2010: 233-234).
d. Penokohan
Miturut Sudjiman (ing Sugihastuti, 2010: 50) carios rekaan
mratelaaken satunggaling utawi pinten-pinten tiyang ingkang dados
tokoh. Tokoh utawi paraga carios inggih punika individu rekaan inkang
nglampahi prastawa utawi perlakuan ing salebeting prastawa ing carios.
Dados paraga inggih punika tiyangipun.
Janes (ing Nurgiyantoro, 2010: 165) ngandharaken bilih penokohan
inggih punika nggambaraken kanthi gamblang ngingingi satunggaling
tiyang ingkang dipuntampilaken wonten ing carios. Miturut Janes lan
Sudjiman (ing Sugihastuti, 2010: 50) Penyajian watak, penciptaan citra
utawi nggambaraken satunggaling tiyang ingkang dipuntampilaken dados
tokoh cerita dipunsebut penokohan.
Penokohan inggih punika cara penyajian watak tokoh lan
penciptaan citra tokoh, sae kawontenan lahir utawi bathin, saged ugi arupi
pandangan hidup, sikap keyakinan, adat istiadat, lan sanesipun
(Suharianto ing Wardani, 2005: 12).
Tokoh-tokoh carios ing salebeting carios fiksi dipunbentenaken
dados pinten-pinten jinis kanthi adhedasar sudut pundi penamaan punika
dipunlampahi, adhedasar bentenipun sudut pandang lan tinjauan,
satunggaling tokoh saged dipun kategoriaken ing jinis paneneman
32
sesarengan, kadosto paraga utami protogonis – berkembang – tipika
(Nurgiyantoro, 2010: 126)
1) Paraga utama lan tokoh tambahan
Paraga uama inggih punika paraga ingkang kagoling wigati lan
nampilaken terus-menerus saengga ngraos, ndominasi ing carios.
Tokoh tambahan inggih punika paraga ingkang muncul wonten ing
carios namung beberaka kali, lan relatif andhap.
2) Paraga protogonis
Paraga protogonis inggih punika tokoh ingkang dipunremeni ing
salah satunggaling jinisipun sacara populer dipunsebat hero. Paraga
ing satunggaling pengejawantahan norma-norma, nilai-nilai ingkang
ideal kagem kitha. Paraga protogonis ndudah prekawis ingkang
jumbuh kaliyan pandangan kitha.
Satunggaling fiksi kedah ngemot konflik, ketegangan.
Khususipun konflik lan ketegangan ingkang dipunlampahi dening
protogonis. Paraga ingkang nyebabaken paraga konflik dipunsebat
paraga antagonis.
3) Paraga sederhana lan paraga bulat
Adhedasar watakipun, paraga carios saged dipunbentenaken ing
paraga sederhana lan paraga bulat. Paraga sederhana, mujudaken asli
inggih punika tokoh ingkang nggadahi satunggal kualitas pribadi
tertemtu. Tokoh ingkang nggadahi lan ndudah kemungkinan, sisi
kepribadian lan jati diri.
33
Istilah paraga sarujuk kaliyan tiyangipun, pelaku carios. Paraga
carios miturut Abrams (ing Nurgiyantoro, 2010: 165) inggih punika
tiyang ingkang dipuntampilaken wonten ing salebeting karya naratif,
dening pamaos dipuntafsiraken nggadahi kualitas moral lan
kecendrungan tertemtu kadosta ekspresi ingkang dipunucapaken lan
ingkang dipuntindakaken.
Tokoh carios nggadahi posisi strategis dados pembawa lan
penyampai pesan, amanat, moral utawi satunggaling prastawa ingkang
dipunsampekaken kagem pamaos (Nurgiyantoro, 2010: 167).
Paraga wonten ing salebeting novel singkar anggitanipun Siti
Aminah. Paraga utama wonten salebeting novel Singkar inggih punika :
Nani, Nusa, Narumi, Kurniawan, Sipon, Alsa, Samhadi.
e. Sudut pandang
Abrams (ing Nurgiyantoro, 2010: 248) sudut pandang utawi point of
view punika cara satungaling carios ingkang dipuncariosaken. Cara utawi
pandangan ingkang dipunginakaken panganggit kagem sarana nyajiaken
paraga, tindhakan, latar, lan prastawa ingkang mbebtuk carios ing
saklebeting karya fiksi dipuntujuaken kagem pamaos. Hakikatipun sudut
pandang punika strategi, teknik, siasat, ingkang sacara sengaja dipunpilih
dening panganggit kagem ndudah gagasan lan cariosipun.
Sudut pandang punika prekawis ingkang nyaran ing prekawis
teknis, sarana kagem mratelaaken maksud ingkang luwih ageng
tinimbang sudut pandang piyambak. Sudut pandang punika satungaling
34
teknik ingkang dipunginaaken dening panganggit kagem manggihi lan
mratelaaken makna karya sastra, supados tumuju lan sesambetan kaliyan
pamaos (Nurgiyantoro, 2010: 249).
f. Pesen utawi amanat
Pesen inggih punika maksud ingkang kakandung ing saklebeting
carios, amanat punika gegayutan sanget kaliyan tema. Moral ing karya
sastra saged dipuntingali dados amanat utawi pesen (Nurgiyantoro, 2010:
321). Miturut Kenny (ing Nurgiyantoro, 2010: 321) moral wonten ing
carios biasanipun dipunmaksudaken kagem saran ingkang sesambetan
kaliyan ajaran moral tertemtu ingkang sipatipun praktis, ingkang saged
dipunpundhut mawi carios ingkang gegayutan kaliyan pamaos.
C. Teori Feminisme
Feminisme asil saking tembung feminist (pejuang hak-hak kaum wanita),
ingkang saklajengipun dados tembung feminism (suatu faham yang
memperjuangkan hak-hak kaum wanita). Wonten pangertosan leksikal feminisme
inggih punika gerakan wanita kagem nuntut persamaan hak sepenuhnya antara
kaum wanita lan kaum pria (Wardani, 2005: 16). Menurut Goefe (ing Wardani,
2005: 16) feminisme yaiku teori persamaan hak antara laki-laki lan wanita ing
bidang politik, ekonomi, dan sosial, utawi gerakan ingkang terorganisasi ingkang
memperjuangaken hak-hak sarta kepentingan kaum wanita.
Kritik sastra feminis punika salah satunggaling disiplin ilmu kritik sastra
ingkang miyosipun dados respon feminisme ingkang tuwuh ing dunya. Kritik
35
sastra feminisme punika wewarah enggal wonten ing sosiologi sastra. Wiyosipun
sesarengan kaliyan kesadaranipun wanita ngingingi hakipun. Miturut Djajanegara
(ing Nurdiani, 2010: 20) kritik sastra feminis asil saking feminis, kagem ndudah
karya para panganggit wanita ing wekdal kepengker lan kagem mujudaken citra
wanita ing karya panganggit pria ingkang ngetingalaken wanita dados mahkluk
ingkang kanthi cara menapakemawon dipuntekan, dipunsalahtafsirkan sarta
dipunsepelekaken dening tradisi patriarkat ingkang dominan. Miturut Culler (ing
Sugihastuti, 2010: 7) ugi maparaken batasan umum kritik sastra feminis, kritik
sastra feminis inggih punika “maos dados wanita” punika kesadaran tiyang
ingkang maos bilih wonten perbedaan penting wonten ing jenis kelamin ing
makna lan perebutan makna karya sastra, kanthi tembung sanes wonten
bentenipun antawisipun jenis kelamin kaliyan makna karya sastra.
Teges kritik sastra feminis sacara sederhana miturut Sugihastuti (2010: 19)
inggih punika satunggaling kritik sastra ingkang ningali sastra kanthi kesadaran
khusus wontenipun bentenipun jenis kelamin ingkang gegayutan kaliyan budaya,
sastra lan pagesangan manungsa. Jenis kelamin punika dadosaken kathah
perbedaan ing sedaya sistem pagesangan. Wonten asumsi bilih wanita nggadahi
persepsi ingkang benten kaliyan pria nalika maos sastra.
Wondene tegesipun feminis sacara wiyar miturut Ratna (2010: 184) feminis
punika gerakan kaum wanita kagem nolak sedaya prekawis ingkang dipun
marginalisasiaken, dipunsubordinasiaken, dipunandhapaken dening kabudayan
dominan, ing bidang politik, ekonomi lan pagesangan sosial umumipun. Miturut
Goefe, feminisme inggih punika teori persamaan hak antawisipun kaum pria lan
36
wanita ing bidang politik, ekonomi, lan sosial, utawi gerakan ingkang
terorganisasi ingkang memperjuangkan hak-hak sarta kepentinganipun kaum
wanita (ing Sugihastuti, 2010: 18).
Suwarti (2009: 12-14) jlentrehaken jinis-jinis kritik sastra feminis ingkang
berkembang inggih punika:
1. Kritik ideologi
Kritik sastra punika nderekaken wanita, khususipunkaum feminis.
Ingkang dados pusat kawigatosan pamaos inggih punika citra sarta stereotipe
satunggaling wanita ing karya sastra. Kritik punika ugi neliti kesalahpahaman
ngingingi bab wanita lan sebabipun wanita boten dipungatosaken.
2. Kritik ingkang mengkaji panganggit-panganggit wanita
Panaliten sejarah karya sastra wanita, gaya panyeratan, tema, genre lan
struktur panganggit wanita. Ugi dipunkaji kreativitas panggangit wanita,
profesi panggangit wanita dados satunggaling perkumpulan, sarta
perkembangan, lan peraturan tradisi panganggit wanita.
3. Kritis sastra feminis sosial
Kritik punika neliti paraga-paraga wanita saking sudut pandang sosialis,
inggih punika kelas-kelas masyarakat. Pengkritik feminis nyobi ndudah bilih
kaum wanita salah satunggaling kelas masyarakat ingkang katindas.
4. Kritik sastra feminis-psikoanalistik
Kritik dipuntrepaken ing seratan-seratan wanita, amargi para feminis
percaya bilih pamaos wanita asring ngidentifikasi piyambak kaliyan
37
menempatkan ing paraga wanita, wondene paraga wanita umumipun dados
cermin panganggitipun.
5. Kritik sastra lesbian
Jinis punika neliti panyerat lan paraga wanita. Ragam kritik dipunbatesi
kaliyan faktor-faktor kadosta kaum feminis kirang remen kaliyan wanita
homoseksual, kirangipun jurnal-jurnal wanita ingkang nyerat lesbianisme,
kaum lesbian sarujuk kaliyan definisi lesbianisme, kaum lesbian kathah
ingkang ngginakaken abasa terselubung
6. Kritik feminis ras utawi etnik.
Kritik feminis punika nggadahi ancas pikanthuk pengakuan kagem
panyerat etnik lan anggitanipun, ing kajiyan wanita utawi ing sastra
tradisiaonal lan sastra feminisme. Kritik punika ninggalaken diskriminasi ras
ingkang dipunlampahi kaum wanita.
Pendekatan feminisme inggih punika pendekatan karya sastra ingkang
fokusipun kawigatosn relasi jender ingkang timpang lan mempromosikan tataran
ingkang seimbang kaliyan kaum pria miturut Djajanegara (ing nurdiani, 2010:
17).
Feminisme punika salah satunggaling faktor wontenipun prasangka jender
ingkang nimbulaken wanita dipunnomerkalehaken. Panemu bilih sacara universal
pria punika benten kaliyan wanita ndadosaken wanita dipunnomerkalehaken.
Prekawis bentenipun boten namung kriteria biologis, ananging ugi kriteria sosial
budaya. Pendapat punika dadosaken kaum wanita terpojokan, jalaran prekawis
punika kaum feminis memperjuangkan hak-hak wanita wonten ing sedaya aspek
38
pagesangan, ancasipun supados kaum wanita pikantuk jejer ingkang sedrajad
utawi sejajar kaliyan kaum pria.
Jender punika sipat ingkang melekat wonten kaum pria lan wanita ingkang
kasusun saking faktor-faktor sosial budaya, saeingga miyosaken anggapan
ingkang ngrembag peran sosial budaya pria lan wanita. Saking keterangan menika
saged dipunsimpulaken bilih dimensi jender punika wonten gegayutanipun
kaliyan feminisme, prastawa kesetaraan wanita, hak-hak wanita, lan ketidakadilan
dhateng hak wanita. (Fakih, 2000: xii).
D. Teori Eksistensi
Aliran eksistensialisme punika muncul rikala taun 1940 ingkang bertolak
saking filsafat eksistensialisme. Wewarah saking piwulang filsafat eksistensi
inggih punika manungsa boten namung dipuntemtoaken dening faktor
masyarakat, biologis, utawi trah utawi nasib saking Gusti kemawon. Ananging
manungsa dipuntemtoaken kaliyan piyambakipun. Manugsa inggih punika
makhluk ingkang wiyar lan lan kedah nggadahi raos tanggung jawab kaliyan
punapa ingkang dipunlampahi wonten ing salebeting kawiyaran kasebat
(Werdiningsih, 2009: 35).
Miturut Rachman ( ing http://www.abdiredja.co.cc ) eksistensialisme inggih
punika aliran filsafat ingkang pahamipun kapusat ing manungsa dados individu
ingkang tanggung jawab dhateng kapinginan ingkang wiyar lan boten mikiraken
sacara mendalam punapa ingkang sae lan punapa ingkang awon. Eksistensi
sesambetan kaliyan kawontenanipun manungsa, wontenipun lumantar kawiyaran.
39
Berekesistensi bisa diartikan secara dinamis. Bereksistensi berartimenciptakan dirinya secara aktif. Bereksistensi berarti berbuat,menjadi, merencanakan. Setipa saat manusia menjadi lebih ataukurang dari keadaanya. Di dalam filsafat eksistensialisme manusiadipandang sebagai terbuka. Manusia adalah realitas yang belumselesai, yang masih harus dibentuk. Pada hakikatnya manusiaterikat kepada dunia sekitarnya, terlebih kepada sesamanya.Filsafat eksistensialisme memberi tekanan pada pengalaman yangkonkrit, pengalaman yang eksistensial. Hanya arti pengalamanberbeda……....
Adhedasar miturut para filosof eksistensialis saged kitha semak wonten ing
pinten-pinten prekawis. Sepisan, motif pokok ingkang dipunsebat eksistensi
inggih punika cara wontenipun manungsa. Kaping kalih namung manungsa
ingkang bereksistensi. Tiga, pusat kawigatosan punika wonten ing manungsa.
Dados eksistensialisme sipatipun humanistik.
Eksistensi punapa ingkang wonten lan nggadahi wujud ingkang gamblang,
saged wonten (eksis). Manungsa saged gesang, makarya, lan berkelompok kaliyan
tiyang sanes. Rikala tasih wonten eksistensi, punapa ingkang wonten gesang,
hadir, lan tampil. Eksistensisialisme inggih punika aliran filsafat ingkang
menekankan aspek eksistensia. Salah satungaling ahli filsuf eksistensial inggih
punika Karl Jaspers, negesaken filsafat eksistesialisme inggih punika pamikiran
ingkang mupangataken sedaya pengetahuan obyektif ananging ugi mengatasi
pamikiran obyektif kasebat. Miturut Jaspers ugi, filsafat eksistensi sanes
satungaling eksistensi ingakang merenungkan kesaenan. Filsafat eksistensi
sipatipun praksis, inggih punika menghayati kesaenan. Tegesipun, kesaenan cara
pikiripun manungsa dipunbuktiaken kanthi pakaryan ingkang adhedasr
pamikiranipun (http://www.abdiredja.co.cc).
40
BAB III
ANALISIS STRUKTURAL LAN EKSISTENSI WANITA ING SALEBETING
NOVEL SINGKAR ANGGITANIPUN SITI AMINAH
A. Analisis Struktural Novel Singkar Anggitanipun Siti Aminah
1. Analisis Unsur-unsur Intrinsik
a. Tema
Tema inggih punika ide utama utawi inti saking carios ing
saklebeting ndudah pokok pikiran utawi pokok pirembagan ingkang
ndhasari satungaling carios ing karya sastra. Tema ugi nggadahi teges
sanes inggih punika prekawis ingkang dados dhasar carios, utawi ingkang
dados pokok prekawis wonten ing carios.
Wondene Novel Singkar anggitanipun Siti Aminah nggadahi tema
jejodhoan. Nani ingkang dados paraga utama badhe dipunjodhoken
kaliyan Kurniawan dening ibinipun (bu Narumi)
b. Alur utawi Plot
Plot utawi alur inggih punika jalan carios ingkang dipundamel
dening panganggit ing sklebeting novel, lan sesambetan kaliyan
kadadosan sacara beruntun kanthi ngatosaken sebab-musababipun
saengga mujudaken setunggal kesatuan ingkang wutuh. Alur utawi plot
ingkang dipunginaaken wonten ing novel Singakar inggih punika alur
sorot balik utawi flash black.
41
c. Latar utawi Setting
Latar utawi setting inggih punika pangenan, kahanan, lan wekdal
kadadosanipun prastawa ingkang wonten ing saklebeting carios. Latar
wonten ing novel Singkar ingkang nunjukakan latar pangenan punika
panganggit nyebataken nama kutha kadosta Yogyakarta, Bantul, Sleman,
lan sakpanungalaning.
d. Penokohan
Istilah paraga punika nunjuk dhateng tiyangipun utawi ingkang
nglampahi carios, wondene penokohan inggih punika pelukisan gambaran
ingkang gamblang paraga ingkang dipunandharaken wonten ing
saklebeting carios. Parag-paraga ingkan wonten ing novel Singkar ing
antawisipun Nani, Narumi (ibunipun Nani), Kurniawan, Nusa, Sipon (ibu
saking Narumi), Alsa, lan Samhadi. Ingkang dados paraga utama inggih
punika Nani.
e. Sudut Pandang
Sudut pandang hakikatipun punika strategi, teknik, siasat, ingkang
sacara sengaja dipunpilih dening panganggit kagem mratelaken gagasan
lan cariosipun. Teges sanesipun sudut pandang punika cara pandang
panganggit ing carios kasebat dados orang pertama, orang kedua, utawi
orang ketiga (pengamat carios). Sudut pandang wonten ing novel punika
panganggit dados pengamat carios utawi tiyang ketiga.
42
f. Pesen utawi Amanat
Pesen inggih punika maksud ingkang kakandung ing saklebeting
carios, amanat punika gegayutan sanget kaliyan tema. Pesen punika
gegayutan kaliyan sipat-sipat luhur kemanusiaan, memperjuangkan hak
lan martabat manungsa. Kanthi carios punika sikap, lan tingkah laku
paraga-paraga punika pamaos saged mundhut hikmahipun. Pesen utawi
amanat ingkang keemot wonten ing novel Singkar anggitanipun Siti
Aminah inggih punika tiyang sepuh punika boten saged meksa
kepinginanipun putra, ananging putra ugi mboten saged tumindak kathah
tanap kawontenanipun tiyang sepuh utawi tiyang sanesipun.
2. Analisis Struktur
a. Tema
Tema ing novel Singkar punika babagan jejodhoan, ingkang
dipuncariosaken wonten ing novel, bilih “tanpa pamit Nani
mbandhangake sepeda motore. Luhe isih dleweran. Kaca mripat cemeng
nylamuraken tlapukanipun ingkang mbrendul. Bablas medal saking
kampung ambyur ing ramenipun dalan. Perang antawisipun Nani kaliyan
Narumi pecah sawise pinten-pinten sasi namung padha menengan.
Amargi badhe dipunjodhoken kaliyan Kurniawan”. Prekawis punika
saged dipunpanggihi ing kuthipan:
“Ana sarate” celathune Narumi lirih tandhes. “Kurniawankoktampa utawa kowe ra nampa blanja saka aku maneh. Orakudu njur rabi. Ning tampanen tresnane”.Saknalika Nani ngebrak meja. Buku setumpuk ing ngarepedisamplak. Mawut. Saperangan ngenani Narumi. Nani kaca-kaca. “Kowe arep ngeboti Nusa cah gondrong kae? Apa sing
43
diboti? Sekolah ra dadi, gaweyan ra karuan, keluwarganedurung genah sisan,” kandhane Narumi panggah lirih nangingkebak pengancem. Tajem. Narumi ngget lambene, ngampetnesu. “Ya wis sakarepmu, aku ra arep cawe-cawe!” klepatNarumi Metu. (Singkar, 2008: 1-2)
Prekawis punika ndadosaken Nani nilar omah, amargi atinipun sakit
nalika dipunkandhani dening Narumi. Bab jejodhoan punika sampun
turun-temurun, Narumi ibu saking Nani rumiyin ugi dipunjodhoaken
kaliyan Sipon (ibu saking Narumi).
“Arep nggugu sapa kowe yen ora ngugu aku?” Narumi, kenyanembelas taun kuwi nglumpuruk. Nguguk neng ngisor witSukun Atine luwih lara, luwih nggrantes tinimbang nalikadikon metu sekolah biyen. Metu sekolah banjur ngurusiadhine lan mbokne garap sawah, samubarang kang wisdikenal lan raket karo panguripane saben dina. Dene nampapanglamarane wong lanang iki, Narumi ora bisa mbayangakepanguripan kaya ngapa bakal diadhepi. Dadimanten, ninggalomah, mbokne, adhi-adhine, desane. Banjur urip ing papananyar karo wong lanang kang ora dikenal karo keluwarganekangembuh kaya ngapa. Oh….embuh, embuh, ngen-ngeneNarumi bureg. (Singkar, 2008: 13)
Ngantos sawijing wekdal, Sipon kandha kaliyan Narumi, pak
Sulaiman arep mara karo wong tuwane sesuk sore, prekawis punika
dadosaken Narumi lara ati. Bab punika ketinggal ing kuthipan:
Sore kang ngiris-iris ati. Sulaiman sabrayat mara. Nggawablanjan maneka rupa. Sandhang penganggo warna-warna.Didandani Lik Darma wadon, nggango jarik lan klambimbayak olehe menehi Sulaiman, Narumi ora kaya padatan.Katon resik, luwih manis, lan diwasa. Lungguh ing sandhingeLik Ginah. Adhine Sipon kang ragil, Narumi tansah nungkul.Nalika keluwargane Sulaiman nakoni apa dheweke saguhdadi sisihane Sulaiman, Narumi panggah ora wangsulan,senajan mung nganggo sirahe. Cilakane, kuwi ditegesidheweke gelem nampa lamarane Sulaiman. (Singkar, 2010:16)
44
Adhedasar uraian ing nginggil saged dipundudutaken bilih tema
saking novel Singkar inggih punika jejodhoan ing antawisipun Nani
kaliyan Kurniawan lan Narumi (ibu saking Nani) kaliyan Sulaiman
b. Alur utawi Plot
Alur utawi plot wonten ing novel Singkar inggih punika alur utawi
plot flash back. Plot flash back ketingal wonten ing prastawa-prastawa lan
konflik-konflik ingkang dipunajuaken dening panganggit. Prekawis
punika ketingal ing kuthipan :
“Tenan, Ni, tenaga lan pikiranku entek, kasok kanggo mikirkekowe,” ujare Kurniawan nalika iku.Nani kang lungguh ing ngarepe panggah meneng wae.Kentekan wangsulan. Makaping-kaping dhewek kandhamarang priyayi ing ngarepe menawa tresnane wis nyantheling atine priya liya. Meksa Kurniawan ndesek dhewekenampa tresnane.“Kenapa kowe ra gelem mbukak atimu nggo aku? Sethitikwae,” panjaluke Kurniawan karo memelas. plak! Naninyamplak raine Kurniawan. “wis ayo ndang bali!” Naninyengklak ing sadhel motor kang isih dijagang. (Singkar,2008: 2)
Kurniawan meksa supados Nani purun mbukak atine, amargi
Kurniawa tresna sanget kaliyan Nani. Ketingal wonten ing cuplikhan:
“yen ora ana apa-apa ya wis ayo bali!” Nani lekas mangkelmaneh. “Kene kuncine!” Nani ngerogoh sak celananekurniawan, nanging nom-noman kuwi nyandhak tangane.“Sik!” narik lengene Nani diadhepake marang dheweke.Kekarone pandeng-pandengan.“ Kowe ra entuk pacaran karo wong liya,” celathuneKurniawan lirih tandhes, sinambi nyekel pundhake Nani.Nani mengkeret. “Aku dhewe sing arep macari kowe.”Nani nguwalake panyekele Kurniawan. Mundur sejangkah.Gedheg. “Ora isa aku.” (Singkar, 2008: 5)
45
Wondene tahapan plot wonten ing novel Singkar inggih punika :
1) Tahapan penyituasian (tahap situation)
Tahap penyituasian punika wonten ing novel kawiwitan saking
bagian setunggal, ingkang dipunwiwiti kanthi kawontenanipun
konflik. Kados kuthipan :
Sasuwene iki dheweke ora tau regejegan karo ibune. Ibuneuga prasasat ora tau gawe kuciwane. Apa kekarepane Nani,sauger iku ish ing dalan kang bener, mesthidiusahakake. Yasepisan iki dheweke gegeran. Lan ora baen-baen, babpasangan. Mula Nani rumangsa banget kelara-lara. Ibunekang tansah anut lan nyengkuyung kekarepane, sepisan ikinyoba nemtoake. Ndilalah ing perkara kang ora kenadiarani sepele. (Singkar, 2008: 31).
Tahap punika tahap awal ingkang dados pangkalipun prekawis
ing antawisipun Nani kaliyan Narumi.
2) Tahap pemunculan konflik
Tahapan konflik dipunwiwiti nalika Nani badhe dipunjodhoaken
kaliyan Kurniawan, ananging Nani nolak lajeng piyambakipun nilar
omah. Prekawis punika ugi dadosaken Narumi kaliyan Sulaiman
padudon.
Sulaiman kang nunggoni sinambi nonton tivi nyawangbojone. “Pirang-pirang dina kok geseh wae ki ngapa?”“Mbuh iki,” Narumi nyeruput tehe. “Sesuk isukdakperiksane maneh.”Lanang wadon padha srupat-sruputngombe wedange,suwara tivi kang mung capet-capet melu ngancani.“Ora, pirang-pirang dina aku kok ora weruh Nani kimenyang ngendi?” dumadakan Sulaiman pitakon.Narumi nyelehke gelas.”Embuh!” “Ora pamit karo kowe?”Narumi ora wangsulan malah ngeringkesi pirantine lanbablas mlebu kamar. (Singkar, 2008: 39)
46
Narumi ugi ndungkap prekawis nalika piyambakipun
dipunjodhoken dening tiyang sepuhipun, wonten ing kuthipan
“Kuwi merga dheweke durung ngerti, durung mikir. Akuwis ngalami, Pak! Kok kira aku ya sanalika gelem po karoSampeyan? Ora! Ning simbok meksa. Aku kudu rabi rosampeyan yen kepingin urip seneng tembe burine!”(Singkar, 2008: 40).
3) Tahap peningkatan konflik (tahap rising action)
Tahap peningkatan konflik kadadosan nalika Nani pinanggih
kaliyan Nusa, pria ingkang dipuntresnani ananging boten
dipunparengaken dening ibunipun. Prastawa punika saged
dipuntingali saking kuthipan :
“Sida kalkon padu karo Ibu,” kandheg, nguncalakepanyawange menyang lambe blumbang. “Dak kira luwihbecik pancen ngono, tinimbang perang dingin terus-terusan.”Perkarane, ora mungkin aku ro ibu terus wae gegeran. Akuisih mbutuhake ragad lan ibu mung gelem ngragadimenawa aku manut karepe,” nani nyawang Nusa. MeruhiNusa kang ora nuduhake tanda arep kumecap, Nanimbacutake, “Iki uripku dudu urip ibuku. Aku dewe wenangkanggo milih dalanku.” (Singkar, 2008: 80-81).
Ananging Nusa pria ingkang dipun tresnani dening Nani boten
saged biyantu prekawis ingkang saweg dipun lampahi ;
“Tulung temoni wong tuwaku,” kandhane Nani lirih, mehora krungu.Nusa unjal ambegan. Jero-jero banget. Ora ngerti kepriyekudu mangsuli panjaluke iki.“Aku percaya kowe seneng karo aku. Lan menawa kowekabotan nemoni wong tuwaku, ora ateges ilangkepercayaanku.” Bacute Nani kesusu, sumelang Nusa klerutangkep marang tembung-tembunge.Nganti sauntawa nembe Nusa celathu. Abot, a lot. “ora kokaku ra gelem nemoni wong tuwamu, mung durungwayahe,” Nusa kewuhan golek tembung kang bisa makili
47
pangrasane nanging uga aja nganti nglarani atine kekasihe.”(Singkar, 2008: 80).
4) Tahap klimaks (tahap climax)
Tahap punika kadadosan nalika Nani pepanggihan kaliyan
Nusa, kadosta wonten ing kuthipan:
Senajan sadawane dalan saka Singkar tumuju omahe Nani,Nusa nyepakake ukara kanggo mblakakake marang Naniapa sejatine kang dumadi, ora wurung barang kenya iku wisana ing ngarepe, ilang kabehtembung-tembunge. Ora mumgbabanggone mblakakake kang dadi angel metune, nanginguga merga mikirakeakibate. Kepriye yen sawisi ngerti sapaNusa sabenere, Nani banjur medhot kartesnane, banjurngedohi? Ah, dhek mau ing dalan Nusa wisnyamadyakaken atine kanggo nampa apa wae resikone.Jebul nalika dhep-dhepan karo kekasihe rasa wedine malahngupeng atine.(Singkar, 2008:125)
5) Tahap penyelesaian (tahap end)
Tahap penyelesaian Novel Singkar dipunpungkasi kanthi happy
ending. Prakawis punika dipuntandai ing antawasipun Nani kaliyan
Kurniawan kepanggeh, Kurniawan nyuwun pangapura amargi meksa
katresnanipun dhateng Nani, lan ibunipun Nani sadhar bilih
tumindakipun salah.
“Aku njaluk ngapura, wis ngribeti pikiranmu,” mandhegunjal ambegan. ‘Sedhela meneh aku pindah kos, kontrakuwis entek, muga-muga bisa mbiyantu kowe uwal sakaAku.”Seneng mono ora keno dipekso. “Bodhone aku sasuweneiki.” Kandhane karo mesem kecut (Singkar, 2008: 132).Eman nembe saiki aku sadhar, aku wis gawe kaluputan.Tresno mono ora bisa kena dialangi-alangi. Aku njalukngapura ya? Muga-muga durung telat.”
48
Jalaran pinanggih kaliyan Kurniawan ingkang nyuwun
pangapunten amargi sampun mekso tresnanipun Nani. Nani nembe
sadhar. Kadosto kuthipan punika :
Nembe saiki Nani nggatekake, iki bedane kembang salakkaro kembang-kembang liyane. Nani ngiling-ilingi. Tanpadikembangi dening manungsa. Janjangan salak ora bakalkebak. Awit ora kabeh kembang dadi who-wohan.Kembang salak iku prasasat dheweke dhewe, kang ora bisatumindahk akeh tanpa anane wong liya, mbuh kuwi Nusa,Kurniawan, ibune, apa dene wong-wong liyane (Singkar,2008: 133).
Pungkasanipun sedaya prekawis ingkang beku dados cair
amargi jejodhoan wonten ing wekdal punika mboten sios
dipunlampahi dening Nani.
“Aku wis omong karo mbokmu. Kahanan beda karokahanan biyen. Yen biyen mbokmu dakpekso rabi mergaaku kangelan nguripi, saiki wayahe kowe milih dalanupripmu dhewe. Merga wong tuwamu wis bisa nyukupi”.Ujare Sipon tanpa noleh putune (Singkar, 2008: 133).
Analisis plot wonten ing nginggil ngetingalaken bilih plot novel
Singkar inggih punika campuran. Wondene tataran plot novel inggih
punika flash back. Bagian satunggal dumugi bagian sekawan likur
ngetingalaken sudut pandang paraga setungal kaliyan paraga sanesipun
ingkang tumpang tindih.
c. Latar utawi setting
Analisis latar utawi setting wonten ing novel Singkar anggitanipun
Siti Aminah antawisipun :
49
1) Latar Panggenan utawi Tempat
Latar panggenan wonten ing salebeting novel Singkar
anggitanipun Siti Aminah dipuncariosaken kanthi gamblang.
Wondene latar panggenan wonten ing ing novel punika desa Singkar,
Yogyakarta, kados wonten ing cuplikan :
“Singkar sawijining desa selawe kilo kidul punyeringkutha. Desa kang keliwatan kali gedhe lan kimplah-kimplah banyune, nanging ora duwe saluran irigasikanggo tetanduran ing sawahe. Menawa rendheng teka,wong-wong padha nandur pari. Njagakake tibane udankanggo mbanyoni. Yen mangsa udan dawa bisa panenpindho kanthi asil kang lumayan. Nanging yen nuju udanemung sedhela, kepeksa panen kang kapindho kena puso(Singkar, 2008: 18).
Ugi kaandharaken wonten ing cuplikan punika :
“Neng Sleman, mas. Desa wisata ki wis pirang-pirang.Bantul wae kang ketinggalan. Mangka yen dak sawangBantul ora kalah karo Sleman. Delengen Singkar iki coba.Papan kang ana ereng-erenging gunung iki dadi dayatarik tersendiri lho , Mas.” (Singkar, 2008: 54)
2) Latar wekdal utawi wektu
Latar wekedal ing novel Singkar punika gamblang sanget,
amargi panganggit sacara tersurat dipunandharaken wonten ing novel.
Gambaran wekdal punika saged dipuntingali kanthi cuplikan:
Gerimis, jare para ahli mono iki wis dudu mangsaneketiga wis anguk-anguk teka, najan semono, Yogya lankutha-kutha ing pesisir kidul isih asring katekanan udankang dikira nandhakake mangsa rendheng bakal dawa.Mula saperangan para tani durung nyiapi bakal tekaneketiga (Singkar, 2008: 70)
50
Ugi saged ketinggal wonten ing cuplikan punika:
Srengenge lagi wae njedhul. Cahyane cumlorot sakaselaning wit-witan sacedhak grojogan. Rasa atis kangditinggalake dening wengi durung babar pisan ilang.Nanging wong-wong ing Gadingan wis wiwit mautemandang. Ana kang menyang kebonan, menyangsawah, utawa nandangi pegaweyan omah (Singkar, 2008:89).
3) Latar sosial
Latar sosial ing novel Singkar gegayutan kaliyan masyarakat lan
pagesangan paraga-paraga ing salebeting novel Singkar inggih punika
pagesangan sossial. Kadosta cuplikan ing ngandhap.
Wong lanang saka kutha. Ketara. Sandhang penganggonebecik, resik. Pakulitane kuning. Jare wong-wong ing desa,bocah wadon kudu ngati-ati marang wong-wong kayangono kuwi. Akeh carios menawa wong lanang sakakutha numpak kendharaan ngono kuwi padha nggolekiprawan desa.( Singkar, 2008: 13)
d. Penokohan
1) Paraga Nani
Paraga Nani punika paraga ingkang sederhana lan nggadahi
sipat boten neko-neko, ketingal wonten ing satungaling kuthipan teks
novel :
Nani, dedege kang ora sepira dhuwure, pakulitane kangora kena diarani kuning, rambute potongan cendhak radangombak, lan sunar mripate kang galak.Nani kenya kang tansah apa anane. Ora kenal tedhengaling-aling. Kala-kalamalah ora kenal isin. Dhewekeduwe sikap marang samubarang. Lan merga sikape kangpengkuh iku kala-kala dheweke katon lucu, wagu mergabeda karo kanca-kancane. Senajan mengkono, kenya ikubakal tetep lumaku. Ing dalan kang kala-kala kududipecaki dhewe, awit dalan umume ora nyocogidheweke.(Singkar, 2008: 66-67).
51
Kanggone Nusa, Nani dudu kenya sembarangan. Samubarang
ingkang dipuntindakaken mujudaken pilihan sadhar. Tegesipun
piyambakipun milih nindakake utawi nilar samubarang kanthi
pretungan.
2) Paraga Narumi
Paraga Narumi punika dados paraga ingkang nelangsa
saksampunipun bapak saking Narumi nilar dunya piyambakipun
kedah nampa biyantu ibinipun,
Kaya saben dinane, esuk mau Narumi uga tangisadurunge bedhug subuh. Ngliwet, nggodhog banyu,nggawekake wedang mbokne, mbiyantu adhi-adhine aduslan dandan, nyekapi sarapan, lan ndulang Tarinah, adhinesing cilik dhewe. Sawise mbokne budhal menyang sawahlan Bariyadi uga Lestari padha sekolah, nembe Narumingopeni awake dhewe.(Singkar, 2008: 11-12)
Boten namung biyantu mbokne ngurusi adhi-adhine, kawiwitan
patine bapake, ugi leren angenipun sekolah. Narumi kedah nampa
panglamaranipun wong lanang saka kutha kang durung dikenal. Ing
kuthipan punika
Wiwit tekane Sulaiman, wong kutha iku kang sepisanan,Narumi ngrasakake anane owah-owahan sajeroning uripe.Sulaiman kang mara seminggu sepisan, sinambi njupukberas ing selepane Kaji Sanip, mesthi nggegawa kanggodheweke lan keluwargane. Saka pangan nganthisandhang. Mesthi wae Sipon lan saanake dadi senengdiparani. Kejaba Narumi. Senajan mbokne ora tau omongapa-apa, dheweke krasa menawa tekane Sulaiman mesthigegayutan karo uripe. (Singkar, 2008: 16)
Pungkasanipun Narumi dipunjodhoken dening Sipon kaliyan
Sulaiman tiyang sugih saking kutha.
52
3) Paraga Kurniawan
Kurniawan punika paraga ingkang nggadahi raos remen kaliyan
Nani lan kaliyan ibu Narumi dipunanggep anakipun. Ananging
katresnan Kurniawan kagem Nani boten dipuntampi, amargi sampun
wonten kekasih sanes.
“Kenapa kowe ra gelem mbukak atimu nggo aku?Sethitik wae,” panjaluje Kurniawan rada melas.Nani ngguyu. “Kok dadi nyang-nyangan. Rasa kuwi dududagangan je, Mas. Aku ora iso. Tenan, “sidane Nanimenehi wangsulan. Wangsulan kang ora beda karowangsulane minggu wingi, biyen, sasi kepungkur, lanmbokmenawa uga luwih setaun kepungkur nalika sepisanKurniawan mblakakake pangrasane. (Singkar, 2008: 2).
4) Paraga Sipon
Paraga Sipon punika ibu saking Narumi, Sipon njodhoake
Narumi kaliyan tiyang kutha inggih punika Sulaiman, kanti alasan
punika Sipon boten marengaken Narumi anggon, kathi kuthipan
punika
Eman sore iki Sipon ora nggolehake dheweke angon. JareNarumi wis prawan, ora pantes maneh menawanggandheng kebo lan nggoleke pakan. Bari kang kajibahnggenteni. Narumi kuciwa, nanging ora wani kandha apa-apa mung batine muni-muni marang wong kutha kangteka awan mau. (Singkar, 2008: 15).
5) Paraga Nusa
Nusa punika paraga ingkang dipuntresnani dening Nani,
ananging katresnanpunika dipunlarang dening ibunipun Nani ibu
Narumi kathi alesan cah ora genah. Nusa wonten ing novel nggadahi
urip kanthi sederhana.
53
Ketingal wonten ing kuthipan punika:
Urip kekurangan wis dadi sandhang panganggone. Rongtaun lawase Nusa manggon, dadi perangane warga kene.Desa kang mapan ing ereng-erengan pegunungan. Torikancane kang sepisan nggawa dheweke mrene. NgenalakeNusa marang wong-wong desa, nom lan tuwa, lanang lanwadon. Nuduhake kahanan sakupeng desa, sawahe,tandurane, lan sapiturute.Tori uga kang ngajari dhewekeurip prihatin, nyawiji karo wong-wong desa.
e. Pesen utawi Amanat
Amanat ingkang saged dipunpundhut saking karya sastra arupi
novel Singkar anggitanipun Siti aminah gegayutan ing antawisipun nilai
feminisme inggih punika bilih jejodhoan wonten ing wekdal kepengker
tasih dipuntaati, ananging wonten ing wekdal punika jaman modheren ,
bab jejodhoan sampun kathah ingkang nentang. Kados kuthipan punika
“Aku wis omong karo mbokmu. Kahanan beda karo kahananbiyen. Yen biyen mbokmu dakpekso rabi merga aku kangelannguripi, saiki wayahe kowe milih dalan upripmu dhewe.Merga wong tuwamu wis bisa nyukupi”. Ujare si Pon tanpanoleh putune (Singkar, 2008: 133).
Ugi ketingal wonten ing salah satunggaling kuthipan teks
sanesipun:
Nani panggah lungguh ing ing ngarep dhingkel karo nyuthikimawa. Atise angin sore wis wiwit krasa. Ing sisih dhingkelkaton tumpukan kembang salak lanang garing. Naningranggeh lan ngumpulake ing luweng. Byar. Sakala katongeni mubyar sajeroning luweng lan kuwawa nyingkirake rasaadhem.Nembe saiki Nani nggatekake. Iki bedane kembang salakkaro kembang liyane. Nani ngiling-iling. Tanpa dikembangidening manungsa, janjangan salak ora bakal kebak. Awit orakabeh kembang dadi who-wohan. Kembang salak ikuprasasat dheweke dhewe, kang ora bisa tumindak akeh tanpaanane wong liya. Mbuh kuwi Nusa, Kurniawan, ibune,apadene wong-wong liyane.
54
B. Analisis Eksistensi Wanita ing Salebeting Novel Singkar Anggitanipun Siti
Aminah
Eksistensialisme inggih punika aliran filsafat ingkang pahamipun berpusat
ing manungsa dados individu ingkang wiyar boten mikiraken sacara mendalam
punapa ingkang sae lang ingkang awon. Wondene unsur-unsur ingkang wigati ing
manungsa inggih punika kesadaran bawah sadar lan irrasionalitas
(Werdiningsih, 2009: 35).
Analisis eksistensi paraga wanita ing salebeting novel Singkar anggitanipun
Siti Aminah inggih menika :
1. Eksistensi paraga Nani ngetingalaken eksistensinipun kaliyan paraga Nusa
Nani dados satunggaling paraga utama ingkang wonten ing novel
Singkar. Wujud eksistensi paraga Nani saged dipuntingali wonten ing
satunggaling kuthipan :
“Sik to, ora usah mungel-mungel kaya ngono. Psikolog iki lho singlagi ngendika, “Inten setengah ngguyu setengah gemes marangNani kang tansah mungel tembung-tembunge.” Endi ono wongtuwa ora kepingin nyawang anake urip seneng? Apa meneh wongtuwa kang rumangsa anake kurang pengalaman bab urip. Padatanbanjur sok cawe-cawe awit durung percaya anake bisa milah endikang becik lan ala kanggo dheweke. Kaya wong tuwamu kuwi.”“Ora percaya yen aku bisa urip seneng karo Nusa?” Mbok menawa,Inten ngangkat pundhake.” Mbok menawa uga ora percaya kowekopen urip bareng cah kuwi (Singkar, 2008: 30)..
Kuthipan punika wonten wujud eksistensi paraga Nani ingkang
nggadahi keyakinan lan pilihan saged gesang seneng sesarengan kaliyan
Nusa. Kuthipan punika ugi ngetingalaken eksistensinipun Nani kanthi percaya
piyambakipun saged manggihi dalan tumuju katresnan kaliyan Nusa.
55
Nani nyelehke awake ing dipan, panggah ngekep guling sinambisesenggrukan. Sasuwene iki, dheweke nyoba nglipur atine menawapanjangka kang bedha antarane dheweke lan Nusa bakal ketemuing sawijining wektu. Awit Nani percaya menawa tresna monokuwawa nyawijikake dalan kang bedha. Nanging saiki, wengi iki,nalika Nani rumangsa mbutuhake Nusa kanggo mbiyantunguwalake dheweke saka burenging pikir, kang teka malah rasarangu-rangu. Apa Nusa saguh mbiyantu? Aja-aja dheweke malahmlayu ninggalake Nani lan ruwet rentenge pikirane, merga orakepingin kajiret sajroning lembaga kang formal (Singkar, 2008:75).
Paraga Nani ngetingalaken eksistensinipun, bilih piyambakipun tetep
percaya kaliyan Nusa lan nggadahi keyakinan bilih Nusa bakal damel seneng
marang Nani, kadosta kuthipan :
Nani mesem tipis, senajan kanthi irung ngumbel tilas tangise, “akupercaya,” kandhane sinambi ngekep wong lanang ing sisihe. Ujug-ujug pangekepe diuwalake kowe mudhun arep golek bantuan ta?Selak sore, budalo kana.” (Singkar, 2008: 128).
2. Paraga Narumi
Narumi punika tokoh tambahan ing novel Singkar inggih punika ibu
saking paraga utama Nani.
Kanggone Narumi, Kurniawan wis ora beda karo anake-anake.Dheweka tepung becik karo ibune Kurniawan. Wiwit isih padhacilik. Nalika kekarone urip tetanggan. Mula nalika Kurniawansekolah SMA ing kutha kene, ibune pilih nitipke anak lanangemarang Narumi nggolekake pondhokan sacedhak omahe. Saliyanebisa ngawat-awati, Narumi uga gampang menawa bakal njaluktulung. Apa maneh yen bakulane nuju rame. (Singkar, 2008: 3)
Miturut Narumi Kurniawan punika anak kang becik, ananging pendapat
punika benten kaliyan anakipun inggih punika Nani.
Narumi ora menyat saka peturon ngungkuri bojone kang lungguhing kursi. “Nani kuwi cah wadon, rada nekat. Yen ana apa-apa teruspiye. Lale nggoleki wae ana ngendhi?” Sulaiman nyoba tetep sabar.”Anak lunga kok bapakne ora dikandhani.” Nek butuh mulih rakyamuleh dhewe. Wong wis gedhe, Narumi senggol. “La geneya
56
rumangsa yen anake wis gedhe. Mula ben dheweke milih dhewedalan uripe. Aku wis omong, bola-bali, ora usah nyampuri urusanpribadine! Ya ben Nani milih pria kang disenengi wong tuwa garinyawang. Yen anak seneng melu seneng, yen susah ya sak bisa-bisamelu ngenthengi. (Singkar, 2008: 40).
3. Paraga Inten
Inten ugi dados tokoh tambahan, eksistensi paraga Inten ketinggal ing
teks:
“Sing baku,” Inten ora melu, “Kowe kudu bisa mbuktekake yenpilihanmu ora kleru. Kowe bisa enthuk kabagyan kanthi pilihanmu.Sesuk ibumu mesthi luluh dewe.” (Singkar, 2008: 30).
Paraga Inten nggetingalaken nilai eksistensi nalika nenggahi lan maringi
pramayogi dhateng paraga inten nalika nggadepi prastawa.
4. Paraga Sipon
Sipon meksa supados Narumi rabi kaliyan Sulaiman. Eksistensi punika
ketingal wonten ing kuthipan punika:
Sakwise kedadeyan sore iku, Narumi prasasat dicencang deningSipon. Ora mung dipenging angon, Narumi uga wis ora kenamaghriban lan ngaji ing langgar sarta nggolek kayu ing kebon.Dudu bab gaweyane kang saktemene dipenggak dening Sipon.(Singkar, 2008: 17).
Sipon nglarang Narumi amargi Narumi mesti bakal ketemuan kaliyan
Nurdin, sanajan Sipon mboten nate kandha bab Nurdin.
57
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
1. Struktur novel Singkar anggitanipun Siti Aminah kasusun saking tema, alur,
penokohan, lan latar. Tema ingkang dipunangkat inggih punika babagan
jejodhoan ingkang boten sarujuk ing jaman sakpunika. Alur utawi plot novel
Singkar inggih punika alur flash balack. Prastawa punika ketinggal wonten
ing bagian akhir awal pamaos sampun dipunsuguhaken kaliyan konflik
ingkang sampun memuncak, dipunlajengake kaliyan bagiyan sanesipun
igkang antawisipun bagian punika saling tumpang tindih. Paraga wonten ing
carios punika kathah ananging ingkang dados paraga utama inggih punika
Nani, lan paraga tambahan ing antawisipun Narumi, Nusa, Kurniawan, Inten,
Sipon, Sulaiman. Latar wonten ing novel Singkar inggih punika wonten salah
satungaling desa ing kutha Yogyakarta inggih punika desa Singkar.
2. Eksistensi wanita ing salebeting novel Singkar punika mujudaken nilai
feminisme, kawontenanipun bilih paraga Nani tetep kukuh kaliyan kekarepan
ing sakjroning manah, piyambakipun mboten purun dipunjodhoaken kaliyan
kurniawan ingkang dados pilihaning Narumi. Nani nggadahi keyakinan lan
percaya bilih Nusa bakal damel seneng nresnani marang Nani.
58
B. Pramayogi
1. Panaliten ingkang nggadahi irah-irahan analisis struktural lan eksistensi
wanita ing salebeting novel Singkar tasih kathah kekiranganipun, dados
panaliten punika saged dipunginakaken kagem refrensi, lan wonten ing
panaliten sanesipun langkung sae tinimbang panaliten punika.
2. Pamaos utawi penikmat sastra kedhahipun asring maos karya sastra kadosta
novel, amargi novel saged memperkaya, mempertajam, sarta nglatih sikap
kedewasaan.
3. Maos novel saged dados hiburan kanthi cara mengapresiasikan lan mundhut
mupangat nilai saking karya sastra.
KAPUSTAKAN
Aminah Siti. 2008. Singkar. Semarang: Griya Jawi
Azizah Lina. 2008. Perspektif Jender dalam Novel perempuan di Titik Nol. Skripsi
Fakultas Bahasa Sastra Indonesia dan Daerah UMS
Bengat Dr. 2009. Metodologi Penelitian. Semarang : IKIP PGRI
Faruk. 1994. Pengantar Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Linda Arik Biyantari. 2009. Aspek moral dalam novel harimau! Harimau! Karya
mochtar lubis : tinjauan semiotik. Skripsi : FKIP-UMS
Moelong Lexy. 2005. Meodologi Penelitian Kualitatif. Jakarta:Balai Pustaka
Nurgiyantoro Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakart : Gajah Mada
University Pers.
Pradopo Rachmat Djoko. 2007. Prinsip-prinsip Kritik Sastra. Yogyakarta: Gajah
Mada University Press.
Ratna Kutha Nyoman. 2010, Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra.
Yogyakarta:Pustaka Pelajar
Sastroadmojo Suryanto. 2006. Citra Diri Orang Jawa. Yogyakarta : Narasi
Yogyakarta
Semi, M. Atar. 1993. Anatomi Sastra. Jakarta : Angkasa Raya
Sofia Adib. 2009. Aplikasi Kritik Sastra Feminisme. Yogyakarta : Citra Pustaka
Sopani Ndruru. 2007. Klitika Bahasa NiasDialek Tengah. Skripsi: Fakultas Sastra-
USU Medan
Suwarti. 2009. Ketidakadilan Jender dalam Novel Perempuan Kembang Jepun Karya
Lan Fang : Kajian Sastra Feminis. Skripsi : FKIP-PBSID UMS
Suharto Sugihastuti. 2010. Kritik Sastra Feminis. Yogyakarta:Pustaka Pelajar
Teeuw. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta:Pustaka Jaya
Tim Penyusun Kamus Pusat Bahasa. 1988. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Edisi I.
Jakarta: Balai Pustaka dan Depdikbud.
Werdiningsih Yuli Kurniawati. 2009. Teori Sastra Jawa Selayang Pandang.
Semarang : IKIP PGRI
Wiyatmi. 2009. Pengantar Kajiyan Fiksi. Yogyakarta: Pustaka Book Publisher.
Wardani Veri Dani. 2005. Male feminis dan kontra male feminis Dalam novel trilogi
ronggeng dukuh paruk Karya ahmad tohari. Skripsi : Unes-FBS
http://www.abdiredja.co.cc/2010/02/eksistensialisme-dalam-drama-petang-di.html.
http://www.scribd.com/doc/24745893/Novel
http://rechtheory.blogspot.com/2008/11/teori-eksisensi.html
http://chafidib nuabdillah.blogspot.com/2009_02_01_archive.html
http://aamovi.wordpress.com/2010/02/20/teori-sastra-struktural
http://sobatbaru.blogspot.com/2008/04/pengertian-novel.html