Upload
truongdung
View
378
Download
42
Embed Size (px)
Citation preview
TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA
NASKAH SERAT PARAS
TUMRAP MASYARAKAT PANGGINANIPUN
SKRIPSI
SURATNO
06430325
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
i
TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA
NASKAH SERAT PARAS
TUMRAP MASYARAKAT PANGINANIPUN
SKRIPSI
Dipunajengaken minangka syarat kangge njangkepi gelar Sarjana
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang
Kadhapuk dening:
SURATNO
06430325
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
KACA PASARUJUKAN
Kula minangka pambimbing I lan II saking mahasiswa IKIP PGRI
Semarang:
Nama : Suratno
NPM : 06430325
Fakultas/ Jurusan : FPBS/ Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Irah-irahan skripsi : Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah Serat Paras
Tumrap Masyarakat Pangginanipun
Kanthi punika ngandharaken bilih skripsi ingkang dipundamel mahasiswa
kasebat sampun purna lan sampun siyap dipunuji.
Semarang, 22 Juli 2010
Pambimbing I, Pambimbing II,
Dr. Bengat, M.Pd. Bambang Sulanjari, S.S.
NPP. 084301217 NPP. 077001187
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iii
KACA PANGESAHAN
Skripsi kanthi irah-irahan “Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah
Serat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun” ingkang dipunserat dening
Suratno sampun dipunsaruuki kangge dipunpertahanaken ing sakngajengipun
sidang panitia ujian skripsi Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,
Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, IKIP PGRI Semarang.
Ari : Kamis
Surya : 22 Juli 2010
Panitia Ujian
Pangarsa, Panyitra,
Dra. Sri Suciati, M.Hum. Dra. HR. Utami, M.Hum.NIP. 196503161990032002 NPP. 906301107
Anggota Panguji
1. Dr. Bengat, M.Pd. ( )NPP. 084301217
2. Bambang Sulanjari, S.S. ( )NPP. 077001187
3. Kustri Sumiyardana, S.S. ( )
iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti
Pagesangan dinten sapunika minangka asil saking tumindak ing wekdal
kapungkur, tumindak ing wekdal sapunika namtokaken pagesangan ing
bejangipun.
Gesang punika kangge maringi sakathah-kathahipun boten gesang punika
kangge narima sakathah-kathahipun.
Pisungsung
Pisungsung dipunaturaken dhumateng:
Bapak lan Ibu ingkang sampun suka donga
lan pangestu.
Mbak Yanti, mbak Nur, eyang putri,
ponakanku Rifki ingkang tansah suka
semangat.
Dhik Yani ingkang sampun suka motivasi
lan semangat anggenipun ndamel skripsi.
Kanca-kanca angkatan 2006 ingkang
sampun mbiyantu lan sesarengan sinau ing
IKIP PGRI Semarang.
Kelompok sedulur bodho ingkang asring
geguyonan lan berkegiatan sesarengan.
v
ATUR CECALA
Kanthi ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng
dumadi ingkang sampun ngrentahaken rahmat saha hidayah-Ipun saengga
panyeratan skripsi kanthi asesirah “Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah
Serat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun” saged purna tanpa boten wonten
alangan punapa kemawon.
Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping
mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,
Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang.
Sakdangunipun panyeratan skripsi punika, panyerat angsal kathah
pambiyantu saking sedaya pihak. Pramila kanthi andhap asoring manah, panyerat
ngaturaken panuwun ingkang kathah kagem:
1. Muhdi, S.H., M.Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.
2. Ngasbun Egar, S.Pd., M.Pd., Dekan Fakultas Bahasa dan Seni IKIP PGRI
Semarang.
3. Dra. HR. Utami, M.Hum., minangka pangarsaning Program Studi
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.
4. Dr. Bengat, M.Pd., pambimbing I ingkang sampun sabar suka bimbingan
lan pamawas dhateng kula anggenipun nyerat skripsi.
5. Bambang Sulanjari, S.S., minangka pambimbing II ingkang sampun
kathah paring bimbingan lan seserepan saha pamawas.
6. Bapa saha Ibu ingkang sampun suka donga pangestu ingkang kathah.
7. Bapa saha Ibu dosen PBSJ ingkang sampun nggulawentah ing perkuliahan
IKIP PGRI Semarang.
8. Kanca-kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang angkatan 2006 ingkang
sampun sesarengan sinau ing IKIP PGRI Semarang.
9. Sedaya pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi ingkang
sampun suka panyengkuyung panyeratan skripsi punika.
vi
Panyerat nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun
panyeratan skripsi punika kathah kekiranganipun saengga boten sampurna. Mugi-
mugi skripsi punika saged suka kawruh tumraping pamaos sedaya. Amin.
Semarang, 22 Juni 2010
Panyerat
vii
DAFTAR ISI
IRAH-IRAHAN ......................................................................................................i
PASARUJUKAN ..................................................................................................ii
PANGESAHAN ...................................................................................................iii
SESANTI LAN PISUNGSUNG .........................................................................iv
ATUR CECALA ...................................................................................................v
DAFTAR ISI ........................................................................................................vii
SARI PATHI ........................................................................................................ix
ABSTRAK .............................................................................................................x
BAB I PURWAKA ................................................................................................1
A. Wawadaning Prekawis ..........................................................................1
B. Momotaning Prekawis ...........................................................................7
C. Ancasing Panaliten ................................................................................7
D. Mupangat Panaliten ...............................................................................7
E. Panandhesing Tembung .........................................................................8
F. Tata Rakiting Panyeratan .....................................................................10
BAB II LANDHESANING TEORI ...................................................................12
A. Konsepsi Kabudayan ...........................................................................12
B. Mitos ....................................................................................................16
C. Filologi .................................................................................................21
D. Fungsi karya Sastra ..............................................................................22
viii
BAB III METHODE PANALITEN ..................................................................24
A. Jinising Panaliten .................................................................................24
B. Papan Panaliten ....................................................................................25
C. Dhata lan Sumber Dhata ......................................................................26
D. Cara Nganalisis Dhata .........................................................................28
BAB IV TRANSLITERASI TEKS, FUNSI LAN MAKNA NASKAH SERAT
PARAS .................................................................................................................30
A. Deskripsi Naskah Serat Paras ..............................................................30
B. Sistem Transliterasi Naskah Serat Paras .............................................35
C. Transliterasi Teks Naskah Serat Paras.................................................37
D. Mitos ing Naskah serat Paras ..............................................................49
E. Fungsi Naskah Serat Paras ..................................................................52
F. Makna Naskah Serat Paras ..................................................................54
BAB V DUDUTAN LAN PANYARUWE .........................................................56
A. Dudutan ...............................................................................................56
B. Panyaruwe ...........................................................................................57
DAFTAR PUSTAKA .........................................................................................58
LAMPIRAN.........................................................................................................60
ix
SARI PATHI
SURATNO. NPM 06430325. Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna NaskahSerat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun. PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni.Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan Persatuan Guru RepublikIndonesia Semarang. 2010. Pambimbing I: Dr. Bengat, M.Pd.Pambimbing II: Bambang Sulanjari, S.S.
Tembung Wos: Transliterasi; Fungsi; Makna; Serat; Paras.
Prekawis ingkang badhe dipunrembag ing skripsi inggih punikababagan transliterasi, fungsi lan makna naskah Serat Paras. Kados punditransliterasi naskah ingkang dipunserat ngginakaken aksara Arab Pegon menawidipunewahi dhateng aksara Latin. Naskah Serat Paras ingkang dipunanggep sucilan gadhah mitos dening masyarakat punika, punapa wonten fungsi lanmaknanipun tumrap masyarakat ingkang ngginakaken inggih punika masyarakatKabupaten Pekalongan. Ancasing panaliten transliterasi, fungsi lan makna naskahSerat Paras inggih punika kangge mangertosi kados menapa transliterasi teks lankados pundi fungsi lan makna naskah Serat Paras tumrap masyarakatpangginanipun inggih punika masyarakat Kabupaten Pekalongan. Panalitenpunika kangge suka gambaran kajian filologi lan tradisi maosaken naskah SeratParas ing ritual damel griya. Mupangat sanesipun inggih punika saged mangertosifungsi lan makna naskah Serat Paras tumrap masyarakat Kabupaten Pekalongan.
Wonten ing panaliten punika teori ingkang dipunginakaken inggihpunika teori studi filologi modern. Teori filologi modern inggih punika teoriingkang nyinaoni naskah lan varian-varianipun ingkang objekipun naskah utawiteks. Ancas saking studi filologi inggih punika nyajekaken edisi teks ingkangsaged dipunwaos kangge manekawarna kaperluan.
Metode ingkang dipunginakaken ing panaliten punika ngginakakenpendekatan kualitatif lan pendekatan panaliten filologi. Pendekatan kualitatifpunika asipat deskriptif lan dipunginakaken kangge ndhudhah fungsi lan maknanaskah Serat Paras. Pendekatan filologi kangge ntransliterasikaken teks naskahsaking aksara Arab Pegon dhateng aksara Latin. Pangumpulan dhata ngginakakencara wawancara, studi pustaka lan analisis dhata.
Asil panaliten saking prekawis kasebat, panyerat saged mendhetdudutan bilih naskah Serat Paras punika naskah ingkang dipunanggep suci deningmasyarakat ingkang sampun wonten wiwit jaman rumiyin. Sayektosipun naskahSerat Paras punika nggadhahi fungsi lan makna ingkang magepokan tumrappagesangan masyarakat Kabupaten Pekalongan. Naskah Serat Paras boten naskahingkang biasa kemawon ananging naskah ingkang nggadhahi fungsi lan makna.Naskah punika wigati sanget mliginipun ing ritual nginggahaken molo ing tradisidamel griya. Naskah punika wigati amargi wosipun ingkang ngandhut pituturingkang luhur inggih punika tindak-tanduk sugengipun nabi Muhammad.Lumantar tradisi maosaken naskah Serat paras kaajab supados tiyang ingkangkagungan griya saged tumindak nuladha tumindakipun Nabi.
x
ABSTRAK
SURATNO. NPM 06430325. Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna NaskahSerat Paras Tumrap Mastarakat Pangginanipun. PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni.Institut keguruan dan Ilmu Pendidikan Persatuan Guru RepublikIndonesia Semarang. 2010. Pambimbing I: Dr. Bengat, MPd.Pambimbing II: Bambang Sulanjari, S.S.
Kata kunci: Transliterasi; Fungsi; Makna; Serat Paras.
Permasalahan yang diambil dalam penelitian skripsi ini adalahberkaitan dengan transliterasi, fungsi dan makna naskah serat paras.Bagaimanakah transliterasi naskah yang ditulis menggunakan huruf Arab pegonjika dialih aksarakan kedalam huruf Latin. Naskah Serat Paras yang dianggap sucidan bermitos oleh masyarakat tersebut, apakah ada fungsi dan maknanya terhadapmasyarakat yang masih percaya dan mendukung khususnya masyarakatKabupaten Pekalongan.
Tujuan dari penelitian skripsi ini adalah untuk mengetahui bagaimanatransliterasi teks dan seperti apa funsi dan makna Serat paras terhadap masyarakatyang menggunakan yaitu masyarakat Kabupaten Pekalongan.
Penelitian ini untuk memberikan gambaran kajian filologi yangterfokus pada transliterasi teks naskah. Penelitian ini sekaligus memberikangambaran tentang tradisi membacakan naskah Serat Paras dalam upacara ritualmenaikan molo dalam rangkaian pembuatan rumah. Manfaat yang lain daripenelitian ini adalah untuk mengetahui fungsi dan makna naskah Serat Parasterhadap masyarakat penggunanya.
Metode yang diterapkan dalam penelitian ini, penulis menggunakanpendekatan kualitatif dan pendekatan filologi. Pendekatan kualitatif tersebutbersifat deskriptif dan digunakan untuk mengkaji fungsi dan makna naskah SeratParas terhadap masyarakat penggunanya. Pendekatan filologi digunakan untukmentransliterasi teks naskah dari huruf Arab Pegon ke dalam huruf Latin.Pengumpulan data dalam penelitian ini menggunakan cara wawancara denganorang yang berkaitan, studi pustaka serta dengan analisis data.
Hasil penelitian skripsi tersebut, penulis dapat menarik kesimpulanjika naskah Serat Paras adalah naskah yang dianggap suci oleh masyarakat darijman dahulu hingga sekarang. Sejatinya naskah Serat Paras mempunyai fungsidan makna yang berkaitan dengan kehidupan masyarakat Kabupaten Pekalongan.Naskah Serat Paras bukan naskah yang biasa tetapi merupakan naskah yangmemiliki fungsi dan makna. Naskah tersebut sangat penting dalam upacaramenaikan molo dalam rangkaian tradisi pembuatan rumah.
1
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Prekawis
Manungsa punika makhluk ingkang ing pagesanganipun boten saged
uwal saking kabudayan. Kabudayan minangka asiling cipta, rasa, lan karsa
punika nggadhahi ancas ingkang wigati lan karaos sanget tumrap pagesangan.
Fungsi saking kabudayan ingkang dipunlandhesi aosing budi lan pranatan
punika mangke saged mangaribawani gesang ing bebrayan.
Endraswara (2003: 1) ngandharaken bilih sesambetan ing antawisipun
unsur pagesangan punika dados kabudayan. Wosipun kabudayan punika
boten namung kempalaning kawontenan utawi namung babagan ingkang
umum kemawon ananging kanthi tumata peni lan nggadhahi teges.
Pamanggih ingkang sami dipunandharaken Peursen (1988: 9) bilih kabudayan
punika awujud endapan saking kagiyatan lan asil karyaning manungsa.
Sedaya aktifitas kabudayan punika sejatosipun nggadhahi teges
ngremenaken samubarang kabetahan naluri manungsa ingkang sesambetan
kaliyan sedaya pagesanganipun. Koentjaraningrat (2005: 81) nyebataken bilih
kabudayan punika kadosta: 1) Basa, 2) ngelmu, 3) Pranatan sosial, 4)
Ubarampe lan teknologi, 5) Sistem panggesangan, 6) Sistem kapitadosan, 7)
Kaendahan.
1
2
Dene kabudayan minangka bageyan saking kabudayan ingkang
nggadhahi teges kangge nyekapi kabetahan manahing manungsa ing babagan
kaendahan lan estetika.
Kabudayan ngrembaka lumantar sesambetan ing antawisipun
manungsa kaliyan lingkunganipun. Kawontenan utawi kawontenan tlatah
tartamtu mangaribawani corak lan asil kabudayan bebrayan ing tlatah punika.
Saderengipun Indonesia mardika, miturut Soedarsono (2002: 2-3), kabudayan
ing Jawi kaperang dados kalih golongan inggih punika kabudayan golongan
raja saha para bangsawan lan kabudayan rakyat ingkang nggadhahi ciri
ingkang mirunggan.
Kabudayan ing pesisiran lan pedalaman nggadhahi corak ingkang
benten. Kekalihipun nggadhahi tradisi ingkang kiyat lan ngoyot. Wonten ing
bebrayan pesisiran, corak kabudayan ingkang dipunasilaken boten uwal
saking padamelan masyarakat minangka nelayan. Semanten ugi nalika jaman
mlebetipun agama Islam ing nusantara, ingkang umumipun dipunbeta dening
para pedagang saking tlatah Arab ugi kathah peranipun wonten ing
kabudayan masyarakat pesisir lan kabudayan punika dipunlaksanakaken
kanthi turun-temurun.
Tlatah Jawi punika tlatah ingkang langkung majeng babagan
kabudayanipun tinimbang daerah nusantara sanesipun. Prekawis punika
kabukti saking ngrembakanipun sastra Jawi ingkang kathah sanget cacahipun.
Sastra Jawi punika saged dipunperang dados tiga inggih punika: sastra Jawi
3
kuna, sastra Jawi tengahan, lan sastra Jawi modern. Dene adhedhasar genre
sastranipun, Pigeaud merang dados sekawan genre. Genre kapisan religi lan
etika, genre kaping kalih sejarah lan mitologi, genre kaping tiga belles-lettres,
lan genre ingkang pungkasan pengetahuan, kesenian, hukum ,cerita rakyat,
adat istiadat, lan campur bawur (Pigeaud, 1967: 2-3). Genre religi lan etika
nyakup karya sastra ingkang jinisipun tutur, mantra, suluk, piwulang, niti,
wirid, lan dongeng (Pigeaud, 1967:47-113).
Satunggaling asil saking sintesa kalih kabudayan ingkang kagolong
sastra inggih punika wontenipun naskah “Serat Paras” ing Dusun
Lemahabang Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan. Kados ingkang
dipunandharaken ing nginggil bilih genre religi lan etika punika nyakup
babagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif
moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan wirid. Naskah “Serat
Paras” ingkang dados objek panaliten punika minangka satunggaling karya
sastra Jawi ingkang genrenipun religi. Punika saged katingal saking wosipun
naskah “Serat Paras”. Wosipun inggih punika kempalan tembang-tembang
macapat ingkang nyariosaken sugengipun Nabi Muhammad saha para
sekabatipun. Tembang-tembang macapat ingkang wonten ing naskah “Serat
Paras” inggih punika tembang Dhandhanggula, Sinom, Kinanti, lan
Asmaradana. Wosipun ugi wonten nasihat-nasihat lan mantra-mantra ingkang
dening masyarakat dipunpitadosi gadhah kekiyatan magis. Naskah “Serat
Paras” punika seratanipun ngginakaken aksara Arab pegon. Dados katingal
4
saking wosipun naskah punika dipunserat nalika jaman Jawi Islam ananging
wekdal saha papan panyeratanipun boten dipunmangertosi.
Dene miturut para sesepuh adat kampung, naskah “Serat Paras”
punika dipunserat dening Kanjeng Sunan Kalijaga kangge medhiya dakwah.
Menika saged katingal saking wosipun ingkang sampun kaandharaken ing
nginggil inggih punika cariyos sugengipun nabi lan sekabatipun ingkang
luhur ing budi. Ancas saking cariyos punika dipunajab tiyang ingkang
mirengaken saged nuladhani wosipun naskah “Serat Paras” punika.
Bebrayan Pekalongan ngginakaken naskah punika wonten ing ritual
damel griya. Naskah punika dipunwaosaken rikala nginggahaken molo.
Pamaosan naskah punika kedah dipunparingi sesaji ingkang maneka warna.
Sesaji punika arupi ayam panggang, kupat lepet warni pitu, kembang
setaman, pisang raja mas, lan tumpeng. Sanesipun kedah wonten sesajinipun
pamaosan naskah “Serat Paras ” punika ugi kedah madosi dinten lan tabuh
ingkang dipunanggep sae miturut petungan Jawi. Kapitadosan-kapitadosan
punika taksih ngrembaka sanget wonten ing bebrayan Kabupaten
Pekalongan.
Pamaosan naskah punika boten uwal saking mitos, bebrayan
Pekalongan ingkang taksih ngginakaken naskah punika pitados, menawi
sesaji punika wonten ingkang kirang, molo ingkang badhe dipuninggahaken
punika boten saged dipunpasang. Saking punika bebrayan Pekalongan
ngatos-atos sanget lan nganggep bilih naskah punika suci utawi wonten unsur
5
magisipun. Sanesipun bebrayan Pekalongan ugi pitados bilih griya ingkang
rikala damelipun boten dipunwaosaken naskah “Serat Paras” ing ritual
nginggahaken molo, griya punika boten angsal barokah saking Gusti.
Uwal saking kapitadosan bebrayan punika, menawi dipunpahami
naskah “Serat Paras” nggadhahi ajaran-ajaran etika moralitas Jawi ingkang
luhur sanget. Wosipun ingkang kathah dipunpendhet saking cariyos para nabi
lan sahabatipun arupi tuntunan kagem tiyang Jawi ing dalem tindak-
tandukipun ing padintenan anggenipun srawung kaliyan sesami.
Tamtu kemawon samubarang ing donya punika ewah nut ing jaman.
Semanten ugi kabudayan. Wonten ing pangrembakanipun, kabudayan tansah
ewah amargi sipatipun ingkang dinamis miturut wekdal lan lumampah kanthi
dinamis. Kados ingkang dipunandharaken dening Soekanto (1982: 186) bilih
boten wonten kabudayan ingkang statis; sedaya kabudayan gadhah dinamika
lan ewah. Pangrembakanipun ilmu pengetahuan ingkang ingkang deres
sanget lan pengaruh kabudayan manca njalari ewahipun kabudayan lokal.
Pamanggih ingkang sami ugi dipunandharaken dening Peursen (1988:
11) bilih sapunika kabudayan dipuntingali minangka samubarang ingkang
dinamis, sanes samubarang ingkang statis. Wosipun, kabudayan punika saged
ewah miturut jamanipun gumantung saking bebrayan ingkang nguri-uri.
Tradisi ritual pamaosan naskah “Serat Paras” punika satunggaling
khasanah kabudayan ingkang dipungadhahi bebrayan Kabupaten Pekalongan
ingkang sapunika sampun langka. Dene ngantos sapunika dereng wonten
6
buku ingkang mirunggan ngrembag babagan naskah punika. Generasi muda
sampun boten mangertosi caranipun maos naskah punika, punapa malih
mangertosi fungsi lan maknanipun.
Sapunika saking 19 Kecamatan ingkang kalebet wilayah Kabupaten
Pekalongan namung kantun 3 Kecamatan ingkang bebrayanipun taksih nguri-
uri kabudayan pamaosan naskah nalika damel griya. Tamtunipun kahanan
punika ndadosaken kawontenan naskah ”Serat Paras” sangsaya ical saking
bebrayan.
Sanes saking punika ugi kathah sanget ingkang boten mangertos
punapa naskah “Serat Paras” lan wosipun punapa sarta makna lan
fungsinipun tumrap bebrayan ing Kabupaten Pekalongan. Menapa malih
cacah naskah punika kawates sanget lan seratanipun ngginakaken aksara Arab
pegon saengga boten sedaya tiyang saged maos. Ningali kawontenan ingkang
mekaten tradisi pamaosan naskah “Serat Paras” ing ritual minggah molo
damel griya samangke saged boten dipunuri-uri lan sampun boten ngrembaka
malih ing bebrayan Kabupaten Pekalongan. Saking kasunyatan ingkang
mekaten, panaliti nyobi ngrembag sakedhik babagan naskah “Serat Paras”
punika kangge nguri-uri warisan leluhur lan mugi-mugi saged nuwuhaken
raos remen kabudayan tumrap bebrayan mliginipun genersi mudha..
7
B. Momotaning Prekawis
Adhedasar pratelan ing nginggil, pramila pirembagan ing panaliten
punika kaangkah saged kangge ndhudhah sarta mangsuli pitakenan saking
prakawis-prakawis:
1. Kados pundi suntingan teks naskah “Serat Paras” punika.
2. Kados pundi fungsi lan maknanipun naskah “Paras” tumrap masyarakat
pangginanipun.
C. Ancasing Panaliten
Ancasing panaliten punika kangge:
1. Mangertosi suntingan teks saking naskah “Serat Paras”.
2. Mangertosi fungsi lan maknanipun naskah “Serat Paras” tumrap
masyarakat pangginanipun.
D. Mupangat Panaliten
Wontenipun panaliten punika nggadhahi pangajeng-ajeng saged
migunani tumrap panaliti, masyarakat sarta lembaga akademik.
1. Mupangat Teoritis
Panaliten punika nggadhahi mupangat teoritis inggih punika:
8
a. Suka gegambaran panaliten mitos lan tradisi rakyat.
b. Suka gegambaran panaliten kajian filologi tradisi ing masyarakat.
c. Suka pamawas enggal bab tradisi ingkang gesang ing masyarakat.
2. Mupangat praktis
Mupangat praktis ing panaliten punika:
a. Supados masyarakat mangertos babagan tradisi maos naskah “Serat
Paras” menawi damel griya ing Kabupaten Pekalongan.
b. Supados masyarakat mangertos punapa fungsi lan maknanipun naskah
“Serat Paras” tumrap masyarakat.
E. Panandhesing Tembung
Supados panaliten punika boten suka persepsi ingkang benten-benten,
pramila kedah dipunjlentrehaken kanthi cetha istilah-istilah ingkang
dipunginakaken ing panaliten punika.
1. Naskah
Wonten ing panaliten punika ingkang dados objek inggih punika
naskah, dados tamtunipun kathah gegayutanipun kaliyan Filologi.
Adhedhasar ilmu Filologi, naskah inggih punika kempalaning teks. Dene
miturut Harimurti (2001: 212) istilah teks nedhahaken pangertosan
9
minangka satuan basa ingkang jangkep ingkang gadhah sifat abstrak.
Dene naskah minangka samubarang ingkang kongkret. Menawi miturut
Baried dkk (1994: 4) naskah inggih punika barang ingkang katingal
(nedhahaken barangipun) Wonten ing KBBI (Suharso dan Retnoningsih:
2005) naskah inggih punika karangan lan sapiturutipun ingkang taksih
kaserat mawi asta; karangan lan sapiturutipun ingkang badhe dipuncetak
lan badhe dipunterbitaken; lembar kathahipun buku lan sapiturutipun.
Naskah ing panaliten punika punika wosipun inggih punika tembang
macapat.
2. Paras
KBBI (Suharso dan Retnoningsih: 2005) paras inggih punika
‘pasuryan; rata, sami rata’. Dene menawi wonten ing Baoesastra Djawa
(Poerwadarminta: 1939) paras inggih punika ‘diketok, dipeceli (dionceki)
sepete kang dhuwur disediakake yen arep diombe banyune (timur
degan)’. Dene miturut para sesepuh bebrayan panggina naskah punika,
naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang wosipun nyariosaken
tindak tanduk, paras utawi sipat Nabi Muhammad ingkang saged
dipunddosaken tuladha. Ananging menawi dipuntingali saking wosipun
naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang nyariosaken nalika
Nabi cukur rema.
10
3. Transliterasi
Transliterasi utawi alih aksara inngih punika ngubah sistem aksara
dados sistem aksara ingkang sanes (Saputra, 2008: 98). Dene suntingan
inggih punika asil saking kagiyatan ngambali nyusun naskah utawi teks
(KBBI 2001: 1106).
F. Tata Rakiting Panyeratan
Supados anggenipun nyerat skripsi punika saged runtut lan gampil
dipunpahami, pramila dipunperang dados gangsal bab, inggih punika:
Wonten ing kawitan karembag babagan dhedhasar pamilihing irah-
irahan ingkang njlentrehaken babagan wawadan kenging punapa prekawis
punika wigati sanget kangge panaliten. Salajengipun punapa ingkang badhe
dipundudhah saking prekawis punika lan punapa ancas saking panaliten
kasebat. Sasksampunipun dipunpadosi prekawis lan ancas panaliten punika
nggadhahi mupangat punapa kemawon, inggih saking mupangat teoritis
ngantos praktis. Supados boten nyimpang lan ewed anggenipun mangertosi,
dipunbetahaken panandhesing tembung, lan pungkasan kangge nggampilaken
anggenipun nyerat, wonten tata rakiting panyeratan.
Kangge ndhudhah sedaya wonten nginggil punika, dipunbetahaken
teori-teori ingkang gegayutan kaliyan prekawis ingkang badhe
dipunrembag.bab ingkang wosipun punika dipunwastani landhesan teori.
11
Landhesan teori punika kangge ndhudah naskah “Serat Paras” kanthi teori-
teori ingkang trep lan jumbuh saengga panaliten punika nggadhahi dhasar
ingkang kiyat lan saged dipunuji kesahihanipun. Landhesan punika kangge
ndhudhah punapa konsepsi kabudayan, konsepsi tembang macapat, fungsi lan
makna, mitos lan mistis ing pamaosan naskah “Serat Paras”.
Panaliten punika boten saged lumampah kanthi sae menawi boten
wonten adhedhasar metode ingkang trep lan jumbuh kangge nganalisis
prekawis-prekawis punika. Kados pundi metodhe panalitenipun, papan
panaliten, obyek panaliten, populasi lan pangempalan datanipun sarta cara
analisisipun.
Sasampunipun nggadhahi teori ingkang kiyat lan metodhe panaliten,
lajeng dipundhudhah utawi dipunrembag lan dipunanalisis kajian filologi
saha transliterasinipun naskah “Serat Paras”. Ingkang dipunlajengaken
ngrembag prekawis fungsi lan makna naskah “Paras” tumrap bebrayan
pangginanipun inggih punika bebrayan Kabupaten Pekalongan.
Pungkasan ing seratan, dipunpendhet dudutan saking prekawis-
prekawis ingkang sampun dipunrembag lan sakedhik suka panyaruwe
babagan naskah punika.
12
BAB II
LANDHESAN TEORI
A. Konsepsi Kabudayan
Sacara etimologis, kabudayan punika asalipun saking basa sanskerta
buddayah, punika wujud jamak saking tembung buddhi ingkang tegesipun
budi utawi akal (ing Soekanto, 1982: 166; Koentjaraningrat, 2005: 73).
Miturut Koentjaraningrat (2005: 72), kabudayan punika sedaya gagasan lan
rasa, tindak tanduk, sarta karya ingkang dipunasilaken dening manungsa
anggenipun gesang ing bebrayan, kanthi cara sinau. Wosipun, kabudayan
punika damelanipun manungsa piyambak. Kabudayan punika dipungadhahi
dening bebrayan, namug wonten bentenipun ing antawisipun kabudayan
bebrayan satunggal kaliyan bebrayan sanesipun. Sedaya nggadhahi
kelangkungan lan kekirangan-kekirangan piyambak-piyambak.
Semanten ugi, Endraswara (2003: 1) nggadhahi pamanggih bilih
kabudayan punika samubarang ingkang gesang, ngrembaka lan ewah tumuju
ancas tartamtu. Kabudayan punika sipatipun dinamis, boten statis, miturut
jamanipun. Pamanggih ingkang sami ugi dipunandharaken dening Peursen
(1988: 11) bilih kabudayan punika samubarang ingkang langkung dinamis
sanes samubarang ingkang kaku utawi statis.
12
13
Dene miturut Kroeber lan Kluckholn (ing Endraswara, 2003: 4)
definisi kabudayan punika saged kagolongaken dados pitung bab, inggih
punika:
1. Kabudayan minangka sedaya aspek gesanging tiyang ingkang kompleks,
kadosta hukum, seni, moral, adat istiadat ingkang dipungadhahi
manungsa minangka anggota bebrayan.
2. Kabudayan punika minangka warisan tradisi, tegesipun punika
dipunjumbuhaken kaliyan sejarah kabudayan.
3. Kabudayan asipat normatif, tegesipun kabudayan dipunanggep minangka
cara lan pranatan gesanging tiyang, kadosta pangajeng-ajeng, nilai, lan
solah bawa.
4. Kabudayan minangka langkah penyesuaian dhiri manungsa kaliyan
lingkungan ing sakiwa tengenipun, ing bab punika kabudayan kawawas
saking segi psikologi.
5. Kabudayan kawawas minangka struktur, ingkang njlentrehaken pola-pola
lan organisasi kabudayan sarta fungsinipun.
6. Kabudayan minangka asil tumindak lan kepinteran. Kabudayan minangka
samubarang ingkang bentenaken manungsa kaliyan kewan.
7. Definisi kabudayan ingkang boten jangkep lan kirang nggadhahi sistem.
14
Taksih miturut Kroeber lan kluckhkoln (ing Sutrisno & Putranto,
2005: 9) ngandharaken bilih wonten nem pemahaman ingkang pokok
gegayutan kaliyan kabudayan, inggih punika:
1. Definisi deskriptif: ningali kabudayan minangka totalitas komprehensif
ingkang nyusun sedayanipun pagesangan sosial ingkang nunjuk sedaya
ranah (bidang kajian) ingkang mbentuk kabudayan
2. Definisi historis: ningali kabudayan minangka warisan ingkang
dipunturunaken saking generasi ngantos generasi salajengipun.
3. Definisi normatif: saged mendhet saking kalih wujud. Ingkang kapisan,
budaya inggih punika aturan utawi dalan gesang ingkang mbentuk pola-
pola tindak-tanduk ingkang konkret.
4. Definisi psikologis: maringi tekanan marang peran budaya minangka
piranti pamecah prekawis ingkang damel manungsa saged komunikasi,
sinau, utawi nyekapi kabetahan material ngantos emosional.
5. Definisi struktural: nedahaken gegayutaning aspek-aspek ingkang kapisah
saking budaya kaliyan nyoroti fakta bilih budaya inggih punika abstraksi
ingkang benten kaliyan tindak-tanduk ingkang konkret.
6. Definisi genetis: definisi ingkang ningali budaya saking asal-usul pripun
caranipun budaya punika saged eksis utawi taksih ngrembaka. Definisi
punika nganggep bilih budaya lair saking interaksi antawisipun manunga
15
lan saged ngrembaka amargi dipunwarisaken satunggal generasi dhateng
generasi salajengipun.
Benten malih kaliyan Koentjaraningrat (1975: 15) ingkang merang
kabudayan dados tigang wujud, inggih punika: 1) ide-ide, gagasan, nilai-nilai,
norma-norma lan pranatan., 2) kompleks aktifitet tindak tanduk ingkang
ngggadhahi pola saking tiyang ing bebrayan., 3) barang asil karyaning
manungsa.
Fischer (1953: 18) ngandharaken menawi kabudayan punika
kadadosan saged saking segi geografis ugi induk bangsanipun. Wosipun bilih
kabudayan punika kadadosan saking asil ciptaning manungsa ingkang
dipunpengaruhi dening kawontenan geografisipun lan induk bangsanipun.
Kadosta ing Jawi, bilih kabudayan ingkang kaasilaken punika kathah ingkang
dipunpengaruhi dening kawontenan geografis, umpaminipun kabudayan ing
kraton kaliyan ing sakjawinipun kraton. Kakalihipun nggadhahi kabudayan
ingkang benten miturut geografisipun.
Miturut Peursen (1988: 10), ing jaman sapunika, kabudayan
dipuntegesi minangka manifestasi pagesangan saben tiyang lan kempalaning
tiyang, benten kaliyan kewan pramila tiyang boten gesang mekaten kemawon
ing tengahing alam ananging asring ngewahi alam punika.
Tamtunipun sadaya punika wonten fungsinipun, semanten ugi
kabudayan. Koentjaraningrat (2002: 190) ngandharaken bilih kabudayan
punika gadhah fungsi minangka satunggaling pedoman ingkang maringi arah
16
lan orientasi dhateng pagesangan para bebrayan. Istilah “fungsi” punika saged
dipunangge wonten ing pagesangan padintenan utawi ing basa ilmiah kanthi
teges ingkang beda-beda. Miturut M.E. Spiro (ing Koentjaraningrat, 2002:
212-213) ngandharaken bilih panganggening tembung fungsi wonten tigang
cara, inggih punika:
1. Pangangge ingkang nerangaken fungsi minangka hubungan guna antawis
samubarang kaliyan satunggaling ancas tartamtu.
2. Pangangge ingkang nerangaken gayutipun utawi korelasi antawisipun
samubarang kaliyan babagan-babagan sanes.
3. Pangangge ingkang nerangaken gegayutan ingkang dumados antawisipun
satunggaling samubarang kaliyan samubarang sanes wonten ing
satunggaling sistem ingkang terintegrasi.
B. Mitos
Kabudayan ingkang sampun dangu ing bebrayan punika, kathah
sanget ingkang dados mitos. Asil kabudayan ingkang dados mitos umumipun
kabudayan ingkang dipunanggep sakral utawi wigatos tumrap pagesangan
manungsa, ugi saged kabudayan ingkang wonten gandheng cenengipun
kaliyan religi lan magis.
Wonten gandheng cenengipun kaliyan religi lan magis, ing bebrayan
ingkang taksih kenthel ing babagan budaya Jawi. Bebrayan ingkang taksih
17
pranatan kados upacara adat, ritual-ritual kangge leluhur utawi roh lan
sesajen. Fischer (1953: 134) ngandharaken bilih sanesipun aspek religi lan
magis, wonten aspek sosial. Saklajengipun, tigang aspek kasebat saged
dipunbentenakenananging wonten kadangkalanipun boten saged dipunpethal.
Aspek sosial boten saged dipunpahami menawi boten wonten aspek
religinipun.
Kathah para ahli ingkang gadhah pamanggih babagan mitos, kadosta
Bascom (ing Dananjaya, 1991: 50) ngandharaken bilih mitos punika sami
kaliyan mite. Mite inggih punika cariyos prosa rakyat ingkang dipunanggep
saestu kadadosan sarta dipunanggep suci ening tiyang ingkang nggadhahi.
Paraga mite punika para dewa utawi satengah dewa
Levi-Strauss (ing Endraswara, 2006: 110) ngandharaken bilih mitos
punika sami kaliyan dongeng. Cariyos ingkang lair saking imajinnasinipun
manungsa. Mitos ing Levi Strauss punika boten sami kaliyan ingkang
dipunandharaken dening ahli mitologi. Wosipun Levi-Strauss nggadhahi
pamanggih bilih dongeng kaliyan mitos punika satunggaling karya ingkang
kaasilaken saking imajinasinipun manungsa.
Pamanggih ingkang meh sami dipunandharaken dening Cassirer ( ing
Sumandiyo, 2005: 47), bilih mitos punika asilipun saking emosi lan
wawadanipun saking emosionalipun bebrayan ingkang ndadosaken ilham
sedaya asil karyanipun ingkang mirunggan.
18
Ilmuwan sanes ingkang ngandharaken babagan mitos inggih punika
Peursen. Peursen (1988: 37) mratelakaken bilih mitos inggih punika cariyos
ingkang suka pandum lan arah tartamtu kangge kempalaning bebrayan.
Wosipun, mitos punika suka rah kangge tiyang ingkang badhe tumindak.
Mitos ing Jawi, kathah sanget ingkang magepokan kaliyan religi lan
magis. Miturut Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 77) mitos boten kedah
dipunjumbuhaken kaliyan sejarah utawi kasunyatan. Levi-Strauss ugi
ngandharaken bilih mitos magepokan kaliyan nalar manungsa lan sedaya
fenomena budaya punika saking daya nalar manungsa piyambak.
Mitos ing ngriki ingkang dipunmaksud dening Levi-Strauss (ing
Ahimsa, 2006: 77) boten sedaya saged dipunjumbuhaken kaliyan kasucen
utawi babagan ingkang wingit amargi ing bebrayan punika dipunanggep suci,
ing bebrayan ingkang sanes namung kawawas biasa kemawon. Pramila
saking punika, ing strukturalisme Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 77) mitos
dipunsamekaken kaliyan dongeng.
Dongeng punika satunggaling cariyos ingkang lair saking daya
imajinasining manungsa. Dongeng, wonten ing Indonesia mliginipun tanah
Jawi taksih kathah sanget ingkang gesang ing jaman samangke ing
antawisipun Tangkuban Prau, Wali Sanga, Baron sekeber, lan taksih kathah
sanesipun.
Miturut analisis saking Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 78), wonten
dongeng ingkang wonten ing tlatah satunggal meh sami kaliyan dongeng
19
ingkang wonten ing tlatah sanes. Dongeng ingkang meh sami menika boten
ateges namung keleresan kemawon ananging wonten polanipun.
Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 80) ngandharaken bilih mitos punika
meh sami kaliyan basa. Pitungkas-pitungkas ingkang wonten ing mitos
punika kajlentrehaken lumantar basa. Ugi wonten pamanggih ingkang sami
kaandharaken dening Endraswara (2006: 111) bilih mitos punika bageyan
saking basa lan sastra ingkang kedah dipuntuturaken. Substansi mitos punika
boten namung ing gaya kemawonananging wonten ing cariyos ingkang
dipuntampilaken. Miturut Keesing (1981: 106) mitos punika cariyos babagan
asal mulanipunkadadosan donya kados sapunika, cariyos babagan alam
kadadosan-kadadosan ingkang boten biasa saderengipun alam donya punika
wonten. Wosipun mitos punika boten saged uwal saking basa kange
njlentrehaken pitungkas-pitungkas ingkang kakandhut kangge bebrayan.
Dene miturut Peursen (1988: 38) mitos punika nggadhahi fungsi,
inggih punika:
1. Fungsi kangge nyadharaken manungsa bilih wonten kakiyatan ingkang
ajaib.
2. Fungsi kaping kalih inggih punika kangge suka jaminan jaman sapunika.
3. Fungsi ingkang kaping tiga inggih punika bilih mitos suka kawruh
babagan donya.
20
Mitos punika nggadhahi sipat timeless ingkang tegesipun bilih mitos
punika boten wonten gayutanipun kaliyan wekdal. Punika saged katingal
saking basanipun ingkang umumipun ngginakaken “ing sawijining dina...”,
“nalika jaman semanten...”. mitos punika nggadhahi aspek ingkang dobel
inggih punika aspek sinkronik lan aspek diakronik. Aspek sinkronik inggih
punika mitos ingkang kadadosan ing mangsa rumiyin ananging taksih saged
dipunjumbuhaken kaliyan wekdal sapunika. Aspek diakronik inggih punika
mitos saking jaman rumiyin ananging taksih gesang ing jaman sapunika.
Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 86) njlentrehaken bilih unit ingkang
alit ing mitos inggih punika miteme. Kangge ndhudhah mitos kasebat,
kawontenan miteme punika wigati sanget. Taksih miturut Levi-Strauss (ing
Ahimsa, 2006: 86) mratelakaken menawi miteme inggih punika ukara-ukara
utawi tetembungan ingkang wonten gandheng cenengipun lan nggadhahi
teges.
Taksih miturut Levi-Strauss (ing Sutrisno & Putranto, 2005: 141)
ngandharaken bilih mitos inggih punika asil saking kreatifitas phyche
manungsa ingkang boten sadhar nurut kaliyan hukum-hukum tartamtu.
Physche manungsa inggih punika perangan saking kosmos utawi realitas
material ingkang dipundikte dening struktur alam, utawi namung
nggambaraken kosmos punika.
21
C. Filologi
Studi filologi ing Indonesia inggih punika studi ingkang ngupakara
ngungkapaken nalai-nalai ingkang kakandhut ing bebrayan jaman biyen
lumantar karya-karya sastranipun (Ikram, 1997: v). Panaliten punika ingkang
dados objekipun inggih punika naskah, saking mekaten teori ingkang jumbuh
inggih punika teori filologi. Filologi inggih punika satunggaling ilmu
ingkang nyinaoni naskah lan teks (A. Teeuw: 1984: 252). Saking pangertosan
kasebat saged dipunmangertosi bilih objek panaliten filologi inggih punika
naskah lan teks. Istilah teks nedhahaken pangertosan minangka satuan basa
ingkang jangkep ingkang sifatipun abstrak (Harimurti, 2001: 212). Dene
naskah minangka samubarang ingkang kongkret. Utawi kanthi tembung
sanes, naskah inggih punika barang ingkang katingal (nedhahaken
barangipun) dene teks minangka wos saking naskah kasebat (bdk. Baried.dkk,
1994: 4).
Naskah lan teks ingkang dipunkaji ing dalem filologi, boten sedaya
kahananipun sae ugi wonten naskah ingkang sampun risak lan boten saged
kawaos. Kahanan naskah “Serat Paras” ingkang dados objek taksih cekap sae
ananging wonten sertan-sertan ingkng kirang cetha. Wonten ing ngriki teori
filologi kedah dipunterapaken kangge nganalisis naskah “Serat Paras”
supados ngasilaken analisis ingkang pener.
Ngantos sapunika teori filologi ingkang sampun dipuntepangi inggih
punika teori filologi tradisional lan teori filologi modern. Teori filologi
22
tradisional inggih punika teori filologi ingkang nganggep varian minangka
seratan ingkang lepat. Dene teori filologo modern inggih punika teori filologi
ingkang nganggep varian seratan minangka kreatifitas penyalin (Baried,
1994:5). Wonten ing panaliten punika ingkang dipunginakaken inggih punika
teori filologi modern. Ananging ing panaliten punika sinaosa ngginaaken
teori filologi modern wonten perangan saking transliterasi ingkang
dipunleresaken dening panaliti kangge njumbuhaken transliterasi kaliyan
paugeran tembang macapat inggih punika tembung ingkang wonten tandha
(...?).
D. Fungsi Karya Sastra
Naskah “Serat Paras” minangka satungaling karya sastra tamtunipun
gadhah fungsi. Kados dene ingkang dipunandharaken dening Kutha Ratna
(2009: 124) bilih karya sastra gadhah fungsi ingkang namtokaken sanget ing
pagesangan bebrayan. Boten wonten bebrayan ingkang boten gadhah karya
sastra, karya seni umumipun. Wonten ing bebrayan fungsi karya sastra
dominan sanget amargi sastra boten namung kualitas estetis ananging ugi etis,
didaktis, hukum, lan adat sanesipun. Wonten ing bebrayan modern karya
sastra ugi gadhah fungsi ingkang namtokaken sanget. Kompleksitas,
heterogenitas, lan sanesipun saking kemajengan ingkang karengkuh dening
bebrayan modern kedah dipunimbangi kanthi manekawarni karya sastra
23
saengga dumados salarasipun aspek jasmani kaliyan rohani, intelektualitas
lan emosionalitas (Kutha Ratna, 2009: 124).
Taksih miturut Kutha Ratna (2009: 124) karya sastra ugi gadhah
fungsi dados penghubung antawisipun pangripta kaliyan pamaos lan
bebrayan, sae punika bebrayan minangka genesis karya utawi bebrayan
ingkang dipunbayangaken dening pamaosipun. Saking punika ing dalem
gegayutan ingkang langkung wiyar karya sastra punika struktur dialogis ing
dalem mangun sistem komunikasi antawisipun bebrayan, karya, lan pamaos.
Dene miturut Horatius (Sudjiman, 1987:12) karya sastra punika
gadhah sifat deuce et utile, ngremenaken lan mupangat. Dados karya sastra
punika ing satunggal sisi punika ngremenaken, nglipur dhateng pamaos lan
ing sisi sanesipun karya sastra punika maringi alternatif-alternatif nilai,
paugeran-paugeran ingkang piguna tumraping bebrayan. Karya sastra ugi
saged dipunginakaken kangge media kritik sosial magepokan kaliyan sendi-
sendi pagesangan.
24
BAB III
METODE PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Prekawis ingkang dipunajokaken ing panaliten inggih punika kados
pundi fungsi lan makna naskah “Serat Paras” tumrap bebrayan
pangginanipun. Pramila saking punika, panaliten punika ngginakaken
pendekatan kualitatif pendekatan suntingan lan pendekatan makna.
Pendekatan panaliten kualitatif miturut Moleong (2006: 5) inggih punika
panaliten ingkang ngginakaken pendekatan naturalistik kangge madosi lan
mangggihaken tegesipun utawi makna ing babagan fenomena kanthi pawadan
ingkang mirungggan.
Dene Chaedar (2008: 78) ngandharaken bilih panaliten punika naliti
kanthi kawontenan rikala panaliten punika katindakaken utawi dipunwastani
natural setting.
Kangge nganalisis punika, ugi ngginakaken pendekatan strukturalisme
Levi-Strauss. Ahimsa (2006: 26) njlentrehaken, pendekatan punika ngengingi
bilih basa punika wonten gandheng cenengipun utawi korelasinipun kaliyan
kabudayan. Dene sesambetan punika miturut Ahimsa (2006: 206) saged
dipunmangertosi kanthi cara madosi miteme-miteme lan ceriteme lajeng
dipunperang dados episode.
24
25
Translitersi saking naskah kasebat ngginakaken metode studi filologi.
Miturut Saputra (2008: 79) studi filologi inggih punika studi kabudayan
jaman rumiyin lumantar naskah lan teks. Dhasar saking studi filologi ingkang
langkung pasaja inggih punika kangge njajekaken edisi teks ingkang saged
dipunwaos kangge kawigaten praktis utawi akademis. Dene langkah
krjanipun inggih punika inventarisasi naskah, deskripsi naskah lajeng
transliterasi naskah (Saputra, 2008: 81).
B. Papan Panaliten
Adhedhasar kajianipun, pramila objek lan papan panalitenipun wonten
ing Kabupaten Pekalongan amargi bebrayan ingkang ngginakaken objek
panaliten inggih punika bebrayan Kabupaten Pekalongan. Dene alesan
pamilihing Kabupaten Pekalongan minangka objek ing papan panggenan
panaliten inggih punika:
1. Tradisi maos naskah”Serat Paras” ing ritual nginggahaken molo rikala
damel griya punika wonten ing Kabupaten Pekalongan sinaoso sapunika
sampun boten ngrembaka
2. Tiyang-tiyang ingkang wasis maos naskah “Serat Paras” punika wonten
ing Pekalongan saengga kaajab panaliti saged angsal data ingkang
langkung jangkep.
26
C. Dhata lan Sumber Dhata
1. Dhata
Dhata wonten ing panaliten punika naskah “Serat Paras” koleksi bebrayan
Dusun Lemahabang Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan.
2. Pangempaling Dhata
a. Sumber Dhata
Sumber dhata ing panaliten punika kaperang dados:
1) Sumber Primer
Sumber primer inggih punika sumber ingkang dipunginakaken
ing panaliten awujud naskah “Serat Paras” lan katrangan-katrangan
lisan utawi saksintena kemawon ingkang mangertosi wos saking
naskah “Serat Paras” sarta tiyang ingkang taksih nindakaken tradisi
pamaosan naskah “Serat Paras”ing ritual minggah molo damel
griya.
Sumber lisan tegesipun pamanggih saking para pamaos naskah
utawi tiyang ingkang mangertosi babagan tradisi punika.
2) Sumber Sekunder
Sumber sekunder tegesipun sumber ingkang kaserat saking
pinten-pinten sumber utawi mediya. Sumber ingkang kaserat
punika dipunpanggihi kanthi cara studi literatur saking buku-buku,
27
ddokumen-dokumen ingkang sesambetan kaliyan pokok
prekawisipun.
b. Cara Pangempaling Dhata
Panaliten punika ngginakaken pendekatan kualitatif, pramila cara
pangempalan dhata ingkang dipunginakaken inggih punika:
1) Studi Pustaka
Studi pustaka inggih punika teknik pangempalan dhata
ingkang dipunpendhetkanthi cara madosi saking maneka warni
sumber kaserat saking buku-buku umum utawi makalah-makalah
ingkang jumbuh kaliyan panaliten punika:
Sumber-sumber ingkang katulis lan jumbuh kaliyan panaliten
punika lajeng dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber ingkang sanes
angsal kanthi terapan metodhe saengga validitasipun dipunjamin.
2) Teknik Wawancara
Miturut Moleong (2006: 186) wawancara inggih punika wujud
komunikasi verbal ingkang awujud pacelathon lan katindakaken
kaliyan kalih tiyang utawi langkung kanthi ancas angsal informasi.
Ancas sanes saking wawancara ugi kangge nyocokaken dhata
satunggal kaliyan dhata sanesipun. Saengga saking punika saged
dipunpendhet dudutan saking data-datanipun. Wawancara punika
katindakaken dening pihak-pihak ingkang sampun kapilih
28
minangka informan lan ugi minangka sumber dhata ingkang
dipundhudhah.
Anggenipun wawancara punika kangge madosi dhata ingkang
sipatipun mligi. Pitakenan-pitakenanipun inggih punika pitakenan
ingkang sipatipun fokus kaliyan objek ingkang badhe dipuntaliti.
c. Alat Pangempal Dhata
Jumbuh kaliyan sumber dhata lan cara pangempalan dhata, pramila
alat ingkang dipunginakakenkados ing ngandhap punika:
1) Tape Recorder
2) Cathetan Lapangan
3) Pedhoman Wawancara
D. Cara Nganalisis Data
Cara analisis dhata awujud proses ingkang ngatur urutaning dhata,
nggolongaken ing salebeting pola-pola tartamtu. Cara analisis dhata ingkang
dipunginakaken inggih punika teknik analisis ing antawisipun kasus kanthi
cara ngginakaken metodhe analisis interaktif ingkang nyakepi tigang
komponen, inggih punika reduksi dhata, sajian dhata lan dudutan (Moleong,
2006: 248). Analisis punika lumampah saking tigang aspek kasebat.
29
Tahap pangempalan dhata punika ngginakaken wawancara kaliyan
informan. Dhata saking informan ingkang satunggal lajeng
dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Lajeng saking
punika dipunpendhet dhata dudutan ingkang jumbuh kaliyan objek panaliten.
30
BAB IV
TRANSLITERASI TEKS, MITOS, FUNGSI LAN MAKNA
NASKAH SERAT PARAS
A. Deskripsi Naskah Serat Paras
1. Irah-irahan
Naskah koleksi bebrayan Dusun Lemahabang Kecamatan Doro
punika sinaosa wonten ing naskah punika boten kaserat irah-irahan
ananging miturut katranganipun para sesepuh adat kampung irah-
irahanipun inggih punika “Serat Paras”.
Serat Paras punika miturut katrangan saking para sesepuh bebrayan
ingkang ngginakaken wosipun inggih punika caritos ingkang
nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut
dipuntuladhani saking Nabi. Ananging menawi dipuntingali saking
wosipun inggih punika nyaroisaken Nabi Muhammad nalika cukur rema.
2. Wekdal Panyeratan
Ngantos naskah “Serat Paras” punika dipunanalisis panaliti boten
mrangguli katrangan ing naskah ingkang nedahaken wekdal panyeratan
naskah punika.
30
31
3. Pamrakarsa
Katrangan ingkang gegayutan kaliyan naskah “Serat Paras” panaliti
dereng saged mrangguli. Ananging miturut sesepuh adat kampung lan
bebrayan ingkang ngginakaken, naskah punika dipunprakarsani dening
Kanjeng Sunan Kalijaga.
4. Tlatah Panyimpenan
Naskah “Serat Paras” punika koleksi bebrayan Dhusun Lemahabang
Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan lan dipunsimpen wonten ing
griyanipun Bapak Tasuri ingkang alamatipun RT.2/ 1 Dhusun
Lemahabang.
5. Tlatah Panyeratan
Katrangan ingkang nedahaken tlatah panyeratan naskah “Serat
Paras” punika boten dipunprangguli wonten ing dalem naskah.
6. Kahanan Fisik Naskah Serat Paras
Kahanan fisik naskah “Serat Paras” koleksi bebrayan Dhusun
Lemahabang taksih cekap sae ananging kirang dipunuri-uri. Daluwangipun
warni coklat lan ing pinggiripun sampun lusuh. Naskah “Serat Paras”
dipunjilid ngginakaken benang pethak ingkang kahanan jilidanipun
sampun risak. Ananging mangsi ingkang dipunginakaken kangge nyerat
taksih sae saengga seratanipun saged dipunwaos kanthi cetha.
32
a. Bahan
1) Bahan naskah : kertas polos warni pethak radi coklat.
2) Bahan sampul : kertas karton warni ijo dipunbungkus plastik.
b. Ukuran
1) Kandelipun naskah : 0,9 cm
2) Ukuran sampul : 15 cm X 10,5 cm
3) Ukuran kaca naskah : 14,5 cm X 10 cm
4) Ukuran kaca ingkang dipunserati : 12,5 cm X 9 cm
5) Jarak antawisipun baris : 0,5 cm
c. Cacahipun kaca
1) Cacah kaca naskah : 60 kaca
2) Cacah kaca ingkang dipunserati : 51 kaca
3) Cacah kaca ingkang kosong : 9 kaca
4) Cacah gatra seratan saben kaca : 9 gatra
d. Nomor kaca
Wonten ing naskah “Serat Paras” saben kacanipun boten wonten
nomoripun.
33
7. Deskripsi teks Naskah Serat Paras
a. Cacah pada lan pupuh
Naskah “Serat Paras” punika gumathok saking 7 pupuh 88 pada.
b. Wangun
Teks naskah “Serat Paras” awujud tembang macapat ingkang kaperang
dados 7 pupuh, inggih punika:
Pupuh I : Asmaradana, 15 pada.
Pupuh II : Sinom, 29 pada.
Pupuh III : Kinanti, 14 pada.
Pupuh IV : Sinom, 6 pada.
Pupuh V : Asmaradana, 11 pada.
Pupuh VI : Kinanti, 5 pada.
Pupuh VII : Dhandhanggula, 8 pada.
c. Basa
Basa ingkang dipunginakaken ing dalem naskah “Serat Paras” inggih
punika basa Jawi.
34
d. Aksara
Aksara ingkang dipunginakaken ing naskah “Serat Paras” inggih punika
aksara Arab Pegon.
e. Sasmita Tembang
Sasmita tembang minangka tembung ingkang dipunginakaken kangge
mratandhani asma tembang. Sasmita tembang asring wonten ing
purwaning pada kapisan saben pupuh utawi wonten ing pungkasan
pada. Ananging wonten ing naskah “Serat Paras” asma tembang saged
dipunmangertosi kanthi cetha amargi saben pupuh sampun diunserat
asma tembangipun.
f. Panandha Pupuh lan Bait
Teks naskah “Serat Paras” awujud tembang macapat ingkang kaperang
dados 7 pupuh. Saben purwakaning pupuh lan bait dipunpratandhani
ngangge panandha pupuh lan panandha bait. Wonten ing teks naskah
“Serat Paras” namung wonten setunggal jinis panandha pupuh lan
panandha pada ngantos wasananing teks.
1) Gambar panandha pupuh
2) Gambar panandha pada
35
3) Panandha gatra
B. Sistem Transliterasi Naskah Serat Paras
1. Transliterasi aksara Hijaiyah
Tabel 1 (transliterasi aksara Hijaiyah)
No Aksara Transliterasi No Aksara Transliterasi
1 A 16 Tho’
2 Ba 17 Dha
3 Ta 18 A’
4 Tsa 19 Ghin
5 Jim 20 Fa’
6 Ha 21 Qof
7 Kho’ 22 Kaf
8 Dal 23 Lam
9 Dzal 24 Mim
10 Ra’ 25 Nun
11 Za 26 Wawu
12 Sin 27 Ha’
13 Syin 28 Lam alif
14 Shot 29 Hamzah
15 Dhot 30 Ya’
36
Ni’am (wawancara 18 Juni 2010) naskah ”Serat Paras” ingkang
ngginakaken aksara Arab Pegon wonten modifikasi aksara Arab ingkang
dados ciri wonten ing naskah punika, kadosta:
Tabel 2 (transliterasi modifikasi aksara Arab)
No Aksara Transliterasi
1 Ca
2 Ga
3 Nga
4 Nya
2. Transliterasi aksara swara / sandangan wonten ing huruf hijaiyah
Tabel 3 (transliterasi aksara swara)
No Sandangan Transliterasi
1 .......... A
2 .......... I
3 .......... U
4 .......... E
5 .......... O
6 .......... E
3. Sasmitaning Tembang
Sasmita tembang inggih menika tembung ingkang dipunginakaken
kangge mratandani nama tembang. Sasmita tembang asring wonten ing
baris kapisan bait kapisansaben pupuh utawi ing baris pungkasan bait
pungkasan saking pupuh. Ananging wonten ing naskah ”Paras” saben
pupuh sampun dipunparingi nama tembangipun saenggatanpa wonten
37
sasmita tembangipun pupuh kasebat sampun cetha dipunmangertosi jenis
tembangipun.
Rincian pupuh ing naskah ”Serat Paras” inggih menika:
Tabel 4 (rincian pupuh)
Pupuh Nama Tembang
I Asmaradana
II Sinom
III Kinanti
IV Sinom
V Asmaradana
VI Kinanti
VII Dhandhanggula
C. Transliterasi Teks Naskah Serat Paras
Teori filologi modern inggih punika teori ingkang nganggep varian
seratan utawi suntingan minangka kreatifitas penyalin utawi penyunting
(Baried, 1994: 5). Suntingan utawi transliterasi teks naskah “Serat Paras”
saking aksara Arab Pegon dhateng aksara latin, wonten ing suntingan punika
dipunsajekaken suntingan diplomatik dados namung dipunsunting utawi
dipuntransliterasi tanpa ngkritisi. Dene transliterasinipun inggih punika:
1. Pupuh I Asmaradana (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
Ingsun amimiti (miwiti?) amuji, anebutna maning sukma, kang murah ingdunya mengko, tur kang asih ing ngahirat, kang pinuji tan pegat, angganjarkawelas ayun, angapura ing wong dusa.
38
Wonten carita winarni, caritaniya (carita?) para ngulama, murmane ginuritmengko, carita sinungan tembang, anembang (nembang?) asmaradana,kasmaran ingsun ngrungu, bagindha ali winarna.
Kang sinisiyan ing nyuwang (ywang?) widi, bagindha ali miharsa, sakingnabi rasul mengko, kang sinungrahna dening yang, ing dunya ing ngahirat,Nabi rasul mangke amuwus, ing sapa kawulaning nyuwang.
Kawulaning nyuwang (ywang?) kang mu’min, anulisa sipat ing yang,lamon wis katulis mengko, simpenen ing ngumah hiro, sawabipun akathah,angedohaken setan iku, luputa libaning raja.
Lawan luput bilahi malih, adoh saking penyakitan, tan kena cilakamengko, tan kena drengkine jalma, luput teluh tetreganyana, lawanngedohaken satru, tan kena sesuker ika.
Miwah datan kena lali, lawan oleh kabecikan, selawase urip mengko, lantekan tanggane pisan, lan sing sapa amacaha (macaha?), gawenen jimatpuniku, padha lan wong haji ika.
Lawan malih sami neki, mardikaaken wong satunggal, den dohakenbilahine, lan dosane kang kaliwat, angendika (ngendika?) rasulullah,lamon winacakaken wong iku, ing wong lara agelis (gelis?) waras.
Apuranen dosa neki, dening nyuwang agung kang maha mulya, sakingbrekahe (brekah?) rosul mengko, lan anak putu muhamad, hasan husenpuniku, kinentujan (pinentu?) dening yang agung, saking mu’bal mu’talika.
Lan saking seh mahpul puniki, seh mahpul ika miharsa, saking aburohoiroh (roiroh?) mengko, kang sinung rohmad dening yang, abu roirohpuniku, amiharsa carita puniku, saking gusti ali ika.
Angendika (ngendika?) bagendha ali, kang sinung rohmad dening yang,kang kawikanan to mengko, dening satuhune (satuhu?) utusan, nyuwang
39
(ywang?) agung kang maha mulya, nabi muhamad puniku, kekasihiranyuwang (ywang?) sukma.
Panutan sekehe nabi, pangulune (pangulu?) nabi sedaya, pangulune nabikabeh, kedadiyane (kedadiyan?) nabi adam, antarane kang toya, kelawanlebu puniku, nabi rasul ta mangkono.
Anderbeni (ndarbeni?) andika nabi, ing telaga kalkahosar, kahaniranyuwang (ywang?) sekabeh, amuji pinuji ika, tan pegat pamujinya, awehmupangat ing bisuk, ing tembe hari kiyamat.
Panutan kang bangsa hasim, lan kang bangsa qures ika, lan kang bangsangarab mengko, lan ihrom punika mekah, kelawan ing medinah, lanbangsa ngarab puniku, kelawan bangsa istitamah.
Lawan malih anderbeni, ing toya air janjam punika, lawan padhukuane(padhukuan?) mengko, ing ihjar namine ika, qolbune nabi hiya, kelawanbangsa rohani puniku, nyawane rohmane ika.
Kang ibu namine singgih, aminah nami ika (punika?), kang rama ikawestanya, abdulah asal wong ngarab, anak putune nabi adam, saturun-turune iku, saking nabi ibrohim ika.
2. Pupuh II Sinom (8a, 8i, 8a, 7i, 8u, 7a 8i, 12a)
Kang bangsa nabi utusan, kalawan nabi ismail, bangsanira bangsa ngarab,punika wuwuse malih, sabda ngandika nabi, panjenenganira dinulu, apannurapati andhap, yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe.
Cahyanipun kang wedana, melak-melak anglir sasi, rema lemes ketelaten,irenge yayah minangsi, saben riyaya haji aparas jenggasti rasul, gumawangcahyanira, pamulunira akuning, yen dinulu kadiya mas tanpa huna.
40
Alise angrerunge ngimba, idepe tumungging ngawit, netrane jahitan raras,amanis yan den tingali, semu belut ya lindri, yen mesem lir pindah curut,madu wus pinesti ika, kang lathi anurut adri, wajanipun gumubyar kadiyamutiyara.
Miwah bebrengose ika, sumrebeng tur jularit, miwah jejenggote ika,patang nyari panjang neki, irunge kerana neki, tenggaknya anglungegadung, bahunya anglir wijang, tengahe amatrem kenges, yen asare kangjaja muji sumbawa.
Suwara pan kadiya kumbang, tan pegat pamuji neki, sawungunira anendra,tumulya agelis ngabekti, nabi Muhammad suci, tan kelawan toya wudhu,nabi mangke angendika, sare netraning sun iki, nora sare ing jerone atiningsun ika.
Astane kadya gendhewa, alemes yen den tingali, tulise walikat kanan,lailahailallah iki, walikat ingkang keri-keri, tulise mangke puniku,muhammad rosulullah, nabi muhammad iki, utusane nyuwang (ywang?)agung kang maha mulya.
Nabi muhammad punika, apan ika anderbeni, wulu kalih lembar ika,gandane mrabu awengi, mapan kadya kasturi, gandanipun amperit arum,astane kalih pisan, rajahe teka angrawit, jarijine kudhun melathi indah.
Cahyane kang pusere ika, angebeki ing sabumi, wangkonge lir masgumawang, asingset yen den tingali, pupunira puniki, lir pudhak sinumpetiku, karone kang delamakan, gamparan pepede singgih, sampeyane medaltoya kalis ika.
Miwah mangke yen lumampah, agancang utusan singgih, dening nyuwangagung kang maha mulya, marang manusa lan jin, lamun kinen amerangi,sekehe kapir puniku, derepun padha islam, anuta agama suci, yen aperangsekedang kung puruna ika.
41
Den iring-iring ing wewayangan, pinayungan mega esri, yen udan orakodanan, lamun lumampah ing warih, datan teles puniki, sekedhik guyuneiku, lamun katekanan sakit, dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran.
Burok tetunggangan nira, jemparing senjata neki, kucing kekasihira,nanging asu alas nenggih, cecek kasakitaneki, susure waja puniku,bebalunge menyawak, amenging wong susur singgih, yen uluk salamdatan kena kadinginan.
Adil yen andum jarahan, ing retna kencana rukmin, sesutya lan intenmulya, sekehe wong islam iki, sabda andika nabi, anak yatin datan kantun,kanjeng nabi punika, datan arsa anggadhuhi, ing sadirham datan arsaanggadhuhana.
Kang manah nora kagungan, gandanipun amrit wangi, anerus gandanekalembak, karingetepun awangi, abecik pakertineki, wuwusipun beberalus, wijiling pangendika, arumanis tur anglungit, pangulune mukminanuntun wong kesasar.
Asih ing tetemu ika, anderbeni sarengat singgih, lan amijiaken ing toya,saking selaning jariji, nabi muhamad iki, sekelangkung muji jatipun, watubisa rerasan, wulan aningarsa neki, angelakokaken ing gunung hud punika.
Awirang ing pangeranira, nabi muhamad iki, agung penangisira, ingsiyang kalawan lastri, angkung sholating wengi, tan pegat pamujinipun,puwasa yen ra hina, isnen hemis bel puniki, siyang ndalu datan pegatpamujinira.
Kekasihe jeng nabi ika, tetiga kabehe singgih, ingkang rumiyin ika,wewangi kang suci, kaping kalih pawestri, nenggih kaping tiganipun, kangtansah ing werdaya, tan nana pamada neki, amung sholat kang daditelenging nala.
Kang umur nabi panutan, sewidak tahun puniki, punjul tigang tahun ika,anulya ngandika nabi, mapan pan kanjeng nabi, garwa putra samiya
42
muhun, ing wulan rabingul awal, ing tahun dal puniki, ing dina isnentanggalipun kalih welas.
Putrane nabi panutan, wewolu cacahe singgih, ingkang pembayute ika,dewi fatimah puniki, panggulune ta singgih, dewi hafsah jenab iku, lawanmahemunah, suwiyah sodah puniki, kang kekasih awesta dewi rukiyah.
Putrane ingkang jalu ika, anama rahaden qosim, sumandene puniki, radenberahim nama neki, lan malih sumande neki, raden toyib namanipun, putraingkang taruna, raden tohir nama neki, garwanipun jeng nabi ika sesanga.
Garwane kang sepuh dewe, dewi hatijah nenggih, panggulune dewihangisah, kang panengah nama neki, umi habibah iki, dewi hafsah jenengika, lawan mahemunah, suwiyah sodah puniki, kang pamekas awesta umiselamah.
Anenuhun ingkang wewenang, umat tuwan ingkang anulis, angrumpakasipat tuwan, ing kirang langkunge singgih, amung tuwan puniki, yenwonten salahe tanduk, tuwan ingkang ngapuntena, marang umat tuwaningkang anulis, muga-muga angsal supangat tuwan.
Panedhane ingkang anurat, tetepena ing iman neki, ing donya rawuhngahirat, antuka sihe nyuwang widi, lan malih supangat nabi, punikapanedhanipun, den dohaken ing marga sasar, bidengah wilalat singgih,muga-muga antuka sihe nyuwang (ywang?) sukma.
Luputa ing ila-ila, luputa tulah lan sarik, amba nedha pangapura, marangnyuwang (ywang?) kang maha suci, kaping kalih jeng nabi, rosulullahkang linuhung, nedha berkah supangat, ing dunya tekan ngahirat, muga-muga angsal sih pangapura.
Allah tangala ngandika, dateng nabi kang sinelir, duk kalanira aparas, anaperapta wong sawiji, atakan mara jeng nabi, abu bakar delingipun, tuwankadiya punapa, tetkala paras jeng nabi, aparas ambatagan dateng tuwan.
43
Sapa sinten kang amaras, dateng tuwan kanjeng nabi, jeng nabi ngandikaalon, lah iya kekasih mami, kang aran jabarail, serta ndikane nyuwang(ywang?) agung, iku ingkang amaras, angendika jabarail, allah tuwanrosulullah jumenenga.
Nabi sinten ingkang uninga, ten kala (tetkala?) paras jeng nabi, sinteningkang maras ika, kekuluke saking pundi, miwah dintene singgih, lanpunapa tahunipun, lawan pinten tanggalnya, sasine sasi kang pundi, lawanpinten umure tetkala paras.
Lah tuwan carita kena, bagindha abu bakar angling, du’ kala nira aparas,muhamad ingkang linuwih, kala andika nabi, kala perang wulanipun,amungsuh lan raja lahad, ing bumi mekah go neki, malem isnen wektunemekah puniku.
Nabi kala maca qur’an, mangke perapta jabarail, ambekta ayate ika,mankono unine singgih, iki andikane nyuwang widi, pinesthi andika rosul,nabi nulya angendika, ataken ing jabarail, nulya matur jabarail marangmuhamad.
Eh nabi yuwang kang mulya, iki andikane nyuwang widi, ingkang aningqur’an ika, amesthi ing tuwan singgih, tuwan kinen paras ugi, nabimuhamad amuwus, dateng jabarail alon, jabarail sanak mami, mangsa apaduk ingsun manke pinaras.
3. Pupuh III Kinanti (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a)
Jabarail mangke amuwus (muwus?), mangke sun matur yang widi, tan nasuwe nulya prapta, ing ngarsane nyuwang widi, jabarail matur inggal,dateng wahu ing nyuwang (ywang?) widi.
Lan punapa sasinipun, angendika nira nyuwang (ywang?) widi, ing wulanramedhon ika, kekasih ingsun paras nenggih, jabarail wangsul inggal,perapta (prapta?) ngarsane jeng nabi.
44
Jabarail nulya matur, dateng nabi kang sinelir, andikanira nyuwang(ywang?) sukma, tuwan kinen paras nenggih, ing wulan romedhon ika,matur aris kanjeng nabi.
Dateng jabarail wahu, tetkala paras jeng nabi, ing ngarsane sapa hiya,jabarail kesah gipih, matur marang allah tangala, sesangat anulya bali.
Kang weruh namane (nama?) nyuwang (ywang?) agung, tan liyan kangmiharsa neki, nabi muhamad angendika (ngendika?), ataken ing jabarail,pan mangke kopiyah (kopyah?) manira, pan sampun paras punampi.
Maringake (maringke?) kasih (sih?) tuwan iku, pan sampun paras nenggih,nulya allah tangala angendika, manke dateng jabarail, mangkata sira deninggal, manjinga jerone suwarga.
Ngambila sira puniku, kang dhonge kayu puniki, kang aran kayu kastuba,ngambila sira sawiji, ange kena kasih ing wang, muhamad ingkanglinuwih.
Iku nugerhane nyuwang agnung, jabarail mangkat agelis, patera kastubasalembar, awilis ing werna neki, wernane tuhune indah, pan tan nana ingdunya iki.
Awerna kadiya (kadya?) puniki (puniku?), agelis binekta tumuli, tan nadangu nulya perapta (prapta?), ing ngarsane kanjeng nabi, jabarail arisamujur (mujur?), dateng wahu kanjeng nabi.
Ngambila kastuba iku, kinen denira yang widi, angangge yaiku iya,kekuluke dateng tuwan singgih, yen sampun paras tuwan, kinen nganggiyapuniki.
Godhonge kastuba iku, ing dunya dereng amanggih, ing werna kadiyapunika, angendika jeng nabi kang sinelir, dateng jabarail ika, sinten kangmaras iki.
45
Jabarail mangke amuwus, wus matur ing nyuwang widi, kawula kangkinen maras, dateng tuwan kanjeng nabi, atan perentahe nyuwang sukma,angendika kanjeng nabi.
Inggih punapa kasraha nyuwang agung, kasraha ing nyuwang widi, inggihpunapa kasraha nyuwang sukma, jabarail muwus aris, kawula ingkangamaras, nabi kekasih nyuwang widi.
Manira kang maras iku, pangendika nira nyuwang widi, kawula kangkinen maras, dateng tuwan kanjeng nabi, tetkala nabi pinaras ika, jeng nabiing jabarail.
4. Pupuh IV Sinom (8a, 8i, 8a, 7i, 8u, 7a 8i, 12a)
Tetkala nabi pinaras, dateng wahu jabarail, ing tanggal sawelas ika, ingwulan romadhon singgih, ing dina isnen nenggih, sedaya sahabatipun,mangu sakehe tumingal, tetkala paras jeng nabi, pan sedaya pepek aningngarsa.
Rema kapupu sedaya, tan nana tumibing siti, malah sami rerebutan,sekathahe widadari, jeng nabi alon ngendika aris, pira kehe remaning sun,jabarail aris mujur, kehe rema tuwan singgih, pan sakethi tigang laksatigang nambang.
Tigang atus tigang dasa, tiga welas punjul neki, kelawan langkung tetiga,punika cacahe singgih, sekathahe widadari, sedaya sami angrebut, umansalembar-salembar sewang, sekathahe widadari, angendika nyuwang(ywang?) agung kang maha mulya.
Allah tangala angandika, mangke dateng widadari, padha mangkata siraden inggal, maringa kekasih mami, kabeh sira puniki, padha mupuharambet, padha gawenen jimat, remane kekasih mami, talekena marangjariji nira.
46
Supaya nira sadaya, sun luputaken ing benjing, ing sakehe dusa nira,miwah ingkang animpeni, ing carita puniki, kekasih ingsun acukur, sakingenggon punika, perapta anggone kang suci, sekathahe kang miharsaangetokena.
Sekathahe umat sedaya, para soleh para mukmin, sedaya sun wehi rahmat,umat ingsun kang nimpuni, ing carita puniki, kakasih ingsun acukur,ingsun lebaraken ika, sekathahe dosa neki, sun apura ing tembe harikiyamat.
5. Pupuh V Asmaradana (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
Sun luputaken ing benjing, ing nalikane sekarat, lagi den ambil nyawane,benjing sun (ingsun?) wehi rahmat, lan sing sapa amacaha (amaca?),miwah sekehe kang angrungu (ngrungu?), sipat nabi caritanya.
Miwah ta ingkang anulis, atawa simpena ika, senejan nyiliha bahe, miwahingkang anggawaha, atawa (tawa?) muru kapisan, miwah sekehe kangangrungu, caritane (carita?) jeng nabi paras.
Ingsun wehi selamet (slamet?) benjing, ing dunya tekan ngahirat, sundohaken bilahine, ing benjing hari kiyamah, kerun wana kerun ika,sekathahe siksa kubur, miwah ing dina kiyamah.
Lan tan pegat sun tingali, tan pegat sun wehi rohmat, lan sun reksarencanane, jim lawan iblis laknat, lan ora simpena ika, caritane jeng nabirosul, miwah yen ora macaha.
Miwah yen ora ngajeni, lan sing ora arsa maca, sanak-sanak ingsunsekabeh (kabeh?), amung aja wong satunggal, wong munapek punika, ajaden kon maca iku, miwah lamon andelenga.
Aja den kon maca tulis, aja den wehi miharsa, kerana ta mangkene,sejatine nora arsa, lamun yen angrungu, aja den wehi pitutur, tuwa mahidoing saatar.
47
Utawi carita iki, simpenen ing umahira, ingsun reksa sak isine, ingumahira sedaya, adoh ing bilahinya, ing dunya ngahirat iku, miwah kangpenggawe ala.
Caritane kanjeng nabi, lamun den gawe lampahan, marang pekir upamane,iku lamon den gawaha, yen arep anganggawe, anenedha mangke iku,pesthi kathah ingkang welas.
Upami arta sademik, den ileni pitung dosa, ingkang aweh iku mangko,saking momane nyuwang (ywang?) sukma, marang wong islam ika,pesthine iku rahayu, kang siji mulih sedasa.
Lan antuk supangat nabi, lan sinung kanugrahan, saking brekahe nyuwang(ywang?) mannon, pan sekehe umat ing wang, lan sing sapa arep begja,amacaha ta ping pitu, saweni aja anendra.
Dateng carita puniki, tetkala nabi pinaras, katurunan iku mangko,rohmating wong tunggal dina, lan rijekine perapta (prapta?), esuk sore orasurud-surud, peraptane (praptane?) teka ya gampang.
6. Pupuh VI Kinanti (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a)
Nabi muhamad mangke amuwus, ataken ing jabarail, jabarail aturira,panduka sampelen gusti, kala dhohir panduka tuwan, ingkang (kang?)mongmong kawula gusti.
Angendika kanjeng rasul, ataken ing jabarail, ingkang ana iku apa, maturmalaikat jabarail, bumi langit durung ana, loh kalampan sampun dadi.
Ngaras kursi dereng andulu (ndulu?), suwarga (swarga) naraka pansampun dadi, dhindhing jalal pan sampun dumadi, nabi muhamadangendika, ingsun taken kang seyekti.
48
Angendika kanjeng rosul, ataken ing jabarail, ingkang aran lintang johar,iku ngendi surupe sayekti, jabarail aturira, amba nan dereng ningali.
Inggih leres tuwan ingkang sepuh, angendika kanjeng nabi, jabarailaturira, sumungkem ing kanjeng nabi, nabi muhamad angendika, Jabarailsanak mami.
7. Pupuh VII Dhandhanggula (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
Wonten kidung rumeksa ing wengi, teguh rahayu (ayu?) luputa ing lara,luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan nana wani,miwah penggawe ala, gunane wong ngaluput (luput?), geni temahe(atemahan?) tirta, maling adoh datan (tan?) ana ngarahing kami, gunatutupan sirna.
Sekathahe (sekehe?) lara pan padha bali, sekehe ngama pan saminya(samya?) miruda, kawelas asih pandulune, sekehe beraja luput, kadiyakapuk tibane reki, sekehe wisa tawa, satru galak samiya tutut, kayu agunglemah sangar, siyunge landhak guwaning wang silemah (lemah?) miring,miwah pagipone merak.
Paguyangane warak sekalir, den winaca ing segara asat, pan bisa ngambahtelenge, mapan sari rahayu, ingiderane widadari, rineksa ing malaikat,sekathahe rasul, nabi temahe tunggal, ati adam uteku bagendha esis,pangucapku nabi musa.
Napasku nabi isa kang linuwih, nabi yakub pamirsaning wong, yusuprupaku mangke, nabi dawud suwaraku, miwah sulaiman kasekten mami,iberahim nyawaning wang, idris ing rambutku, bagindha ngali kulitingwang, abu bakar getih daging umar singgih, bebalung bagendha ngusman.
Ya sungsumku fatimah kang linuwih, kang minangka rahayuning badan,ayub minangka ususe, sekehe wudhu tuhu, mapan tunggal kelawan nabi,netraku ya muhamad, pangulune rasul, pinayungan adam sarap, sampunpepek sekathahe para nabi, pan dadi sarira tunggal.
49
Wonten wiji sawiji, mulane pan dadi pan pinencar dadi saisine jagad,kesembadan dening date, sekathahe kang angrungu, kang amaca kangnimpeni iku, iku dadi rahayuning segara, pan ginariya sesembur, lamunwinacakaken ing tuya, kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki, kinariyatambane wong edan waras.
Lamun sira arep anandur pari, puwasaha sawengi sadina, ideranagalengane, wacanen kidung iku, pesthi adoh ama bilahine iki, lamun siraarep lunga perang, wacanen ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhirarep sirep tan nana wani, andulu marang sira.
Lamun sira ayun teguh sekti, lakonana pateng puluh dina, pati geniwekasane, amutiha karuhun, yen wus tutugira ngelampahi, mutih patangpuluh dina, iku wus jangjine yang agung, yen udan ora kahodanan, datanlara katibanan pukul wesi, miwah wesining gorenda.
D. Mitos ing Naskah Serat Paras
Naskah Serat Paras ingkang wonten ing Kabuppaten Pekalongan
punika Naskah ingkang dipunanggep suci dening Masyarakat. Masyarakat
Pekalongan sami pitados bilih wonten ing nskah kasebat wonten unsur
magisipun. Miturut katranganipun Bapak Suwiryo kathah sanget mitos saking
naskah “Serat Paras” kasebat. Mitos punika dipunwiwiti saking crita-crita
ingkang ngrembaka ing masyarakat panggina naskah kasebat.
Mitos ingkang dipunandharaken dening Bapak Suwiryo ( wawancara
17 Juni 2010 ) inggih punika:
Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang dipunanggit dening
Sunan Kalijaga. Naskah Serat Paras punika wosipun cariyos sugengipun Nabi
50
Muhamad. Naskah ingkang aslinipun dipunserat ngginakaken aksara Jawi
ananging naskah ingkang wonten ing Pekalongan punika ngginakaken aksara
Arab Pegon. Naskah punika ngginakaken aksara Arab Pegon amargi ing
jamam sapunika aksara Jawi ewed dipunwaos an masyarakat langkung
gampil ngginakaken aksara Arab Pegon.
Tiyang ingkang ngajaraken maos naskah “Serat Paras” ing Kabupaten
Pekalongan inggih punika Bapak Muksin. Naskah punika dipunginakaken
utawi dipunwaos nalika ritual nginggahaken molo damel griya. Masyarakat
Kabupaten Pekalongan pitados menawi maosaken nakah punika kedah
wonten sesajinipun. Dene sesaji ingkang kedah wonten ing ritual maos
naskah “Serat Paras” inggih punika wedang teh anyeb lan legi, wedang kopi
legi lan pahit, wedang kopi dipuncampur santen, panggang ayam, golong
ingkang cacahipun kalih welas, bubur kalih bungkus, kupat lepet, jajanan
pasar, pisang mas raja, kembang kinang, kendi isi toya, lan tigan ayam
kampung.
Masyarakat Kabupaten Pekalongan pitados bilih sesaji punika
minamgka sarana kangge ndedonga marang gusti ingkang akarya jagad. Dene
makna saking sesaji-sesaji kalawau inggih punika:
1. Wedang teh anyeb lan legi, wedang kopi legi lan pahit nggadhahi makna
bilih ing pagesangan punika wonten manis lan pahitipun.
2. Wedang kopi campur santen punika gadhah makna bilih dados manungsa
ampun ngantos adigang adigung adiguna.
51
3. Makna saking panggang ayam inggih punika pagesangan punika sedaya
sampun wonten pasanganipun.
4. Golong kalih welas maknanipun inggih punika minangka pangabekti
marang Kanjeng Nabi lan sekabatipun abubakar, Usman, Umar, lan Ali.
5. Bubur kalih bungkus nggadhahi makna minangka pangabekti marang
kakang kawah adi ari-ari lan sedaya kulawarga ingkang sampun ing alam
kubur.
6. Kupat lepet maknanipun inggih punika minangka sanakipun marang bapa
tani lan biang tani supados dipunparingi kawilujengan rejeki.
7. Jajanan pasar punika maknanipun minangka tulak balak kaki sumyar lan
nini sumyar supados ingkang gadhah hajat saged wilujeng.
8. Pisang mas raja nggadhahi makna kangge nebihaken setan.
9. Kembang kinang maknanipun inggih punika minangka pangabekti marang
roh-roh ing alam kubur.
10. Kendi isi toya nggadhahi makna minangka dedonga marang Gusti
supados isi saking griyanipun dipunparingi adem tentrem.
11. Tigan ayam kampung punika gadhah makna supados manungsa eling
marang asalipun.
Sedaya sesaji kedah jangkep wonten ing ritual maos naskah “Serat
Paras” punika. Masyarakat pitados bilih sesaji punika wonten ingkang kirang
52
molo ingkang badhe dipuninggahaken punika boten saged dipunpasang utawi
tiyang ingkang kagungan hajat saged nandhang pilara. Boten mangertos
sinten tiyang ingkang nyebaraken mitos punika ananging masyarakat
Kabupaten Pekalongan taksih pitados sanget sinaoso dereng wonten
kedadosanipun.
E. Fungsi Naskah Serat Paras
Naskah “Serat Paras” tamtunipun nggadhahi fungsi lan makna tumrap
masyarakat ingkang ngginakaken. Serat Paras ingkang wiwit jaman rumiyin
ingkang dipunwaosaken ing ritual nginggahaken molo ngantos sapunika
taksih dipunanggep suci amargi kapitadosan masyarakat marang mitos
ingkang wonten. Menawi dipuntingali saking mitos kasebat, naskah “Serat
Paras” punika nggadhahi fungsi:
1. Nakah “Serat Paras” minangka sarana penyadharan
Mitos punika nggadhahi fungsi kangge nyadharaken manungsa bilih
wonten kakiyatan ingkang gaib (Peursen, 1988: 38). Wonten ing naskah
“Serat Paras” fungsi kasebat saged katingal saking makna sesaji-sesaji
ingkang kedah wonten ing ritual maos naskah kasebat. Masyarakat pitados
bilih wonten kekiyatan gaib saking naskah punika saengga ing
pamaosanipun kedah dipunparingi sesaji ingkang maneka warni.
2. Naskah “Serat Paras” minangka jaminan
53
Peursen (1988: 38) ngandharaken bilih mitos punika gadhah fungsi
kangge suka jaminan jaman sapunika. Fungsi punika katingal saking
ancasipun ritual maosaken naskah “Serat Paras” inggih punika kangge
sarana ndedonga marang gusti ingkang akarya jagad supados tiyang
ingkang damel griya punika dipuntebihaken saking balak lan saged
dipunparingi kawilujengan.
3. Naskah “Serat Paras” kangge suka kawruh
Mitos punika gadhah fungsi kangge suka kawruh babagan donya
(Peursen, 1988: 38). Saking sesaji-sesaji ing ritual pamaosan naskah “Serat
Paras” ingkang maknanipun maringi kawruh babagan pagesangan ing
alam donya punika saged dipunmangertosi fungsinipun.
Naskah “Serat Paras” ugi kalebet karya sastra amargi wosipun inggih
punika pupuh-pupuh tembang macapat. Saking punika tamtunipun ugi
nggadhahi fungsi sanes. Karya sastra punika gadhah sifat deuce et utile,
ngremenaken lan mupangat (Horatius ing Sudjiman, 1987: 12). Saking
punika saged dipunanalisis bilih naskah “Serat Paras” ugi nggadhahi funsi:
1. Naskah “Serat Paras” punika saged maringi panglipur ingkang
ngremenaken amargi naskah punika awujud tembang macapat.
Naskah punika menawi dipunwaosaken kedah dipuntembangaken
miturut paugeran nembang macapat saengga menawi dipunpirengaken
endah sanget. Tiyang ingkang mirengaken saged kalipur saking saking
tembang-tembang ingkang wonten ing naskah kasebat.
54
2. Naskah “Serat Paras’ punika mupangat sanget tumrap pagesangan
manungsa amargi wosipun ingkang nyariosaken edipeninipun
tumindak Kanjeng Nabi nalika sugeng ingkang saged dipundadosaken
suritauladan tumrap manungsa. Ing sisi sanesipun karya sastra punika
maringi alternatif-alternatif nilai, paugeran-paugeran ingkang piguna
tumraping bebrayan (Horaitus ing Sudjiman, !987: 12), semanten ugi
naskah “Serat Paras” ingkang wosipun ngandhut nilai-nilai luhur
ingkang saged dipundadosaken paugeran tumraping bebrayan.
F. Makna Naskah Serat Paras
Saben kabudayan menapa punika kesenian, tradisi, utawi mitos tamtu
kemawon nggadhahi makna piyambak tumrap masyarakat ingkang
sesambetan kaliyan punika. Semanten ugi naskah “Serat Paras” ingkang
nggadhahi makna kangge masyarakat Kabupaten Pekalungan ingkang taksih
ngginakaken naskah punika.
Naskah “Serat Paras” punika nggadhahi makna piyambak tumrap
masyarakat pangginanipun awit saking fungsinipun. Masyarakat
pangginanipun pitados bilih naskah “Serat Paras” punika kangge sarana ritual
ingkang saged nyadharaken manungsa bilih wonten kakiyatan gaib inggih
punika Gusti ingkang Maha Agung. Naskah kasebat ugi saged dados kawruh
ing pagesangan masyarakat ingkang ndadosaken naskah punika gadhah
makna wigati tumrap ingkang ngginakaken.
55
Naskah “Serat Paras” ingkang dipunwaosaken ing ritual nginggahaken
molo punika dipunadani minangka raos syukur dhumateng Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kawilujengan.
Masyarakat kabupaten Pekalongan mliginipun ingkang taksih
ngginakaken naskah “Serat Paras” pitados bilih naskah punika wonten
sesambetanipun kaliyan Sunan Kalijaga ingkang dipuntauladhani dening
masyarakat saengga naskah punika dipunanggep suci.
Kesucian naskah punika ingkang ndadosaken “Serat Paras” nggadhahi
makna piyambak tumrap masyarakat Kabupaten Pekalongan mliginipun
masyarakat ingkang ngginakaken. Kawontenan ritual maos naskah “Serat
Paras” ingkang namung wonten ing Kabupaten Pekalongan ugi ndadosaken
naskah punika nggadhahi makna piyambak tumrap masyarakat.
56
BAB V
DUDUTAN LAN PANYARUWE
A. Dudutan
Naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang awujud
kempalaning tembang macapat (dhandhanggula, sinom, kinanti,
asmaradana) ingkang wosipun nyariosaken sugenging Nabi Muhamad lan
sekabatipun. Wosipun ugi ngandhut pitutur-pitutur utawi nilai-nilai luhur
ingkang saged dipundadosaken tuladha ing pagesangan bebrayan.
Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang dipunpitadosi dening
masyarakat minangka naskah ingkang suci lan namung wonten ing
Kabupaten Pekalongan. Awit naskah punika sampun wonten lan sampun
dipunginakaken ing ritual nginggahaken molo wiwit jaman biyen. Menawi
tiyang badhe damel griya kedah dipunwaosaken naskah punika supados
kulawarga ingkang manggon ing griya kasebat saged dipun paringi
kawilujengan lan adem tentrem ing rumah tangganipun.
Naskah “Serat Paras” ugi nggadhahi mitos inggih punika
mbetahaken sesajen tartamtu menawi badhe dipunwaos ing ritual. Sesajen
punika gadhah makna piyambak-piyambak, ananging intinipun pamaosan
naskah lan sedaya sesajen punika minangka raos syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Jagad. Masyarakat pitados bilih
56
57
sesajen punika boten jangkep saged ndadosaken ingkang kagungan hajat
angsal balak utawi pilara. Naskah “Serat Paras” punika waunipun
dipunginakaken masyarakat Pekalongan ananging sapunika namung
kantun masyarakat tigang Kecamatan ingkang taksih ngginakaken.
B. Panyaruwe
1. Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang langka lan nggadhahi
kaunikan piyambak saengga kedah dipunuri-uri.
2. Kangge nguri-uri naskah punika, kedahipun boten namung masyarakat
ingkang taksih ngginakaken kemawon, ananging ugi sedaya pihak
inggih punika saking pemerintah, masyarakat lan mliginipun generasi
mudha.
3. Tradisi maos naskah “serat Paras” minangka warisan tradisi kedah
dipunuri-uri kanthi cara nggladhi para mudha supados saged maos
naskah kasebat.
4. Nguri-uri naskah punika saged kanthi cara ngajaraken ptutur-pitutur
becik ingkang wonten ing naskah punika.
5. Nglebetaken naskah “Serat Paras” wonten ing museum dhaerah
supados saged dipunrumat saengga boten risak amargi usia.
58
Daftar Pustaka
Naskah serat Paras koleksi masyarakat Desa Lemahabang Kecamatan Doro
Kabupaten Pekalongan.
Ahimsa-Putra, Heddy. 2006. Strukturalisme Levi-Strauss; Mitos dan Karya
Sastra. Yogyakarta: Kepel Press.
Badudu, J.S dan Sutan Muhammad Zain. 1994. Kamus Umum Bahasa Indonesia.
Jakarta: Pustaka Sinar Harapan.
Baroroh-Baried, Siti, dkk. 1994. Pengantar Teori Filologi. Jakarta: Pusat
Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Departemen Pendidikan
dan Kebudayaan.
Chaedar, Alwasilah. 2008. Pokoknya kualitatif: Dasar-Dasar Merancang dan
Melakukan Penelitian Kualitatif. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya.
Dananjaya, James. 2007. Folklore Indonesia: ilmu gosip, dongeng, dan lain-lain.
Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.
Djamaris, Edward. 2002. Metode Penelitian Filologi. Jakarta: Pusat Bahasa
Jakarta.
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra; epistemology, Model,
Teori dan Aplikasi. Yogyakarta: Pustaka Widyatama.
Fischer, TH. 1953. Pengantar Antropologi Kebudayaan Indonesia. Jakarta:
Pembangunan.
Ikram, Achadiati. 1997. Filologia Nusantara, disunting oleh Titik Pudjiastuti,dkk.
Jakarta: Pustaka Jaya.
Keesing, Robert. 1981. Antropologi Budaya, Suatu Perspektif Kontemporer.
Jakarta: Erlangga.
Koentjaraningrat. 2002. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: rineka cipta.
. 1974. Kebudayaan Mentalitet dan Pembangunan. Jakarta:
Gramedia.
. 2005. Pengantar Antropologi I. Jakarta: Rineka Cipta.
58
59
Moleong, Lexy J. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja
Rosdakarya.
Purwadi-afendy widayat.2006. Seni Karawitan Jawa. Yogyakarta: Hanan
Pustaka.
Peursen, van C. A. 1988. Strategi kebudayaan. Yogyakarta: kanisius.
Poerwadarminta. WJS. 1939. Baoesastra Djawa. Jakarta: JB Wolters Uitgevers
Maatschappij n.v Groningen. Batavia.
Pigeaud. 1967. Literature of Java vol. I. The Hague: Martinus Nijhoff.
Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Stilistika Kajian Puitika Bahasa, Sastra, dan
Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Sutrisno, Mudji & Hendar Putranto. 2005. Teori-teori Kebudayaan. Yogyakarta:
Kanisius.
Susantina, Sukatmi. 2009. Tembang Macapat. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Soedarsono. 2002. Seni Pertunjukan Indonesia. Yogyakarta: Gadjah Mada
University Press.
Sudjiman. 1987. Memahami Cerita Rekaan. Jakarta: Pustaka Jaya.
Soekanto, Soerjono. 1982. Sosiologi Suatu Pengantar. Jakarta: Rajawali Press.
Saputra, karsono. 2008. Pengantar Filologi Jawa. Jakarta: Wedatama Widya
Sastra.
60
ASIL WAWANCARA
Nama : Suwiryo
Alamat : Rt.04/ 01 Lemahabang
Tanggal wawancara : 18 Juni 2010
Naskah Serat Paras punika asale saking Sunan Kalijaga ingkang
ngrembaka ing tlatah Pekalongan. Naskah kuwi miturut mbah-mbah jaman biyen
ditulis kanjeng sunan Kalijaga. Serat paras waune kuwi nganggo tulisan jawa,
nanging tulisan jawa dianggep angel dadi sakniki ditulis nganggo aksara arab
pegon. Yen asale naskah kuwi asli Pekalongan.
Dene ingkang nyebaraken naskah Serat Paras yaiku Pak Muksin. Pak
Muksin kuwi wong sing pertama ngajari maca Serat Paras.
Menawi badhe maosaken serat Paras kuwi ana sajene. Dene sajene kuwi
arupa wedang teh manis lan anyeb, kopi manis lan anyeb, wedang kopi campur
santen, golong rolas, panggang ayam, bubur rong bungkus, kupat lepet, juwadah
pasar, gedang mas raja, kembang kinang, kendi isi banyu ditumpangi tigan ayam
jawa.
Tiyang damel griya khususe nalika nginggahaken molo kedah
dipunwaosaken naskah Serat Paras supados sing ngenggoni diparingi slamet,
panjang umur, kathah rejekine, diparingi tentrem keluargane.
Makna saking sesajen kuwi yoiku kangge lantaran wong kang duwe hajat
nenuwun dhateng gusti Allah. Gedang mas raja kanggo ngedohaken setan, teh
manis lan anyeb minangka pralambang urip kuwi ana manise ana pahite dados ing
pagesangan kuwi kudu bisa ngrasakaken seneng susahe. Wedang kopi campur
santen kuwi hikmahe wong kuwi aja golek senenge mawon aja adigang adigung
61
adiguna. Golong rolas kuwi minangka pralambang ngabekti marang kanjeng nabi
lan sekabatipun abubakar, usman, umar lan ali. Panggang ayam kuwi pralambng
inti sari saking rasa syukur. Bubur rong bungkus ateges ingkang sawadah punika
kanggo ngabekti marang kakang kawah adi ari-ari dene ingkang satunggal kanggo
jalmane wong sing wis nang alam kubur. Kupat lepet minangka sanake bapatani
lan biang tani ingkang mnangka raos syukur supados rahayu rejekinipun. Juwadah
pasar minangka pralambang tulak balak dhateng kaki sumyar nini sumyar sing
jaga latar supados boten ngganggu ingkang gadhah hajat. Kembang kinang punika
pralambang ngabekti marang sanak ingkang sampun ing alam kubur. Dene kendi
isi banyu minangka pralambang nyeyuwun marang gusti supados wong sing
ngenggoni umah saged adem tentrem. Lan tigan ateges nyenyuwun supados
dipunparingi keturunan sing bagus.
Ritual maos Naskah Serat Paras punika wiwit biyen nganti saiki saking
carane maca nganti sajene isih wutuh durung owah sinaoso wong saiki wis ora
nguri-uri lan wis jarang wong sing nggunakaken ritual maca naskah kuwi.
Masyarakat ngertos serat paras nanging kathah ingkang dereng mangertos
maknanipun. Lan namung manut kaliyan mbah-mbah ingkang sampun
mglaksanakaken ritual kuwi mau.
62
ASIL WAWANCARA
Nama : Muhammad Ni’am
Alamat : Rt. 03/01 Lemahabang
Tanggal Wawancara : 18 Juni 2010
Arab pegon menika sakngertiku boten wonten buku kang ngrembag utawa
dasar. Arab pegon diajaraken turun temurun carane lisan. Ing pesantren-pesantren
wonten pelajaran nulis arab pegon tapi ora tau nganggo buku. Dados aksara arab
pegon kuwi diajaraken lngsung tanpa dasar buku. Dadi sakngetiku aku sinau nang
pondok pesantren durung tau ana buku sing ngajaraken utawa mbahas arab pegon.
Yen sakngertiku arab pegon umume kados:
No Huruf Transliterasi No Huruf Transliterasi
1 A 16 Tho’
2 Ba 17 Dha
3 Ta 18 A’
4 Tsa 19 Ghin
5 Jim 20 Fa’
6 Ha 21 Qof
7 Kho’ 22 Kaf
8 Dal 23 Lam
9 Dzal 24 Mim
10 Ra’ 25 Nun
11 Za 26 Wawu
63
12 Sin 27 Ha’
13 Syin 28 Lam alif
14 Shot 29 Hamzah
15 Dhot 30 Ya’
No Huruf Transliterasi
1 Ca
2 Ga
3 Nga
4 Nya
No Sandangan Transliterasi
1 .......... a
2 .......... i
3 .......... u
4 .......... e
5 .......... o
6 ........... e
64
ASIL WAWANCARA
Nama : Doto
Alamat : Rt.03/ 01 Lemahabang
Tanggal wawancara : 19 Juni 2010
Naskah Serat Paras punika ingkang nyipta Sunan Kalijaga kangge
nyejarahaken wong kang durung paham kaliyan ajaran agama islam. Layang paras
kuwi kathah manfaate amarga kathah pitutur-pitutur ingkang becik.
Tembang pertama ing naskah kasebat iku penjabaran saking wacan
basmalah. Naskah Serat Paras ingkang nyebaraken ing tlatah Kabuaten
Pekalongan inggih punika Pak Muksin. Naskah Serat Paras bisane digawe
tembang macapat kuwi supados wong-wong pada seneng.
Tiyang damel griya dipunwaosaken naskah serat paras punika supados
barokah lajeng dipunwaosaken kidung rumeksa ing wengi lan kudu diparingi
sesajen.
Tiyang saniki punika kathah ingkang boten nguri-uri tradisi kuwi amarga
kathah sing ora ngreti. Dadi wong saniki kathah ingkang namung nglaksanakaken
ritual maca Serat Paras ananging boten ngertos maknane.
65
ASIL WAWANCARA
Nama : Tasuri
Alamat : Rt. 02/ 01 Lemahabang
Tanggal wawancara : 19 Juni 2010
Naskah Serat Paras menika naskah ingkang diwacakaken ing ritual ngunggahaken
molo utawi penganten. Yen maosaken Serat Paras kedah wonten sesajene. Sesajen kuwi mau
kanggo pratandha rasa syukur marang sing gawe urip. Maosaken Serat Paras punika supaya
umah ingkang dienggoni saged barokah angsal keslametan saking gusti. Wong kang percaya
menawi damel griya boten wonten ritual maosaken Serat Paras bakal kena balak. Khususe
wong Doro menawi damel griya mesthi wonten ritual ngungghaken molone. Pokoke ritual
maosaken Serat Paras punika minangka sarana nyuwun keslametan marang gusti Allah.