Upload
lamminh
View
316
Download
11
Embed Size (px)
Citation preview
UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI
“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK
Satunggaling Pangrembag Semiotika
SKRIPSI
Dening
UMI KULSUM
NPM 06430044
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI
“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK
Satunggaling Pangrembag Semiotika
SKRIPSI
Dipunajengaken Minangka Syarat Kangge Njangkepi
Gelar Sarjana Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa
IKIP PGRI SEMARANG
Dening
UMI KULSUM
NPM 06430044
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
KACA PASARUJUKAN
SKRIPSI
UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI
“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK
Satunggaling Pangrembag Semiotika
Ingkang kasusun dipunajengaken dening
UMI KULSUM
NPM 0630044
Sampun dipunsarujuki dening Pambimbing lan saged kawontenaken pandadaran
skripsi surya kaping 10 Agustus 2010
Pambimbing I, Pambimbing II,
Dr. Bengat, M.Pd. Sunarya, S.S.
NPP 084301217 NPP 096801243
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
KACA PANGESAHAN
SKRIPSI
UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI
“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK
Satunggaling Pangrembag Semiotika
Ingkang kasusun dipunajengaken dening
UMI KULSUM
NPM 06430044
Sampun dipundadar ing sangajengipun Dewan Penguji
Surya kaping 10 Agustus 2010
Dewan Penguji
Pangarsa, Panyitra,
Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. HR. Utami, M. Hum
NIP 196503161990032002 NPP 906301071
Anggota Penguji:
1. Dr. Bengat, M.Pd. ( )
NPP 084301217
2. Sunarya, S. S. ( )
NPP 096801243
3. Sutadi, S. Pd, M. Pd. ( )
NIP 196705041990031012
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti:
~ Aja sira nacad piyandeling liyan,
jalaran durung mesthi piyandel ira
iku sing bener dhewe.
~ Janganlah kamu agungkan kekayaan dan kecantikan
serta ketampanan semata karena semua itu tidak
akan kekal dan abadi kecuali ilmu
yang telah kamu amalkan dan kamu dapatkan.
Pisungsung:
Skripsi punika katujukaken dhumateng:
- Bapa lan Ibu ingkang sampun saha donga.
- Kaluwarga Besar Hj. Semi Mawarti lan H. Masykuri ugi
Aby manfaat alwany ingkang tansah nyemangati.
- Kanca-kanca angkatan 2006 mliginipun kelas A
ingkang sampun biyantu lan sesarengan sinau ing IKIP
PGRI Semarang.
- Kanca-kanca kos Rejosari Gang 08 Semarang mliginipun
kanca-kanca TIM Es Lidah Kacau PIMNAS XXIII Taun
2010 ingkang sampun paring motivasi.
SARI PATHI
Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi“Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling PangrembagSemiotika ”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing II Sunarya, S.S.
Tembung wos : Satunggaling pangrembag semiotika: wujud, tandha lan maknalambang Tumpeng Sanga.
Rancangan momotan wonten ing panaliten inggih punika kados pundiwujud, tandha, makna lambang utawi simbol tumpeng sanga lan prosesi upacaratumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Ancasing sakingpanaliten punika kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simboltumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi GrebegBesar Demak. Ing panaliten punika mirungganipun tetingalan bilih tumpeng sangapunika ngandut makna lambang lan wujud tandhanipun ingkang boten samikaliyan tumpeng sanesipun. Wonten mriku bebrayan kathah ingkang botenmangertosi. Bebrayan anamung mupangataken tumpeng kasebat miturutkapitadosan piyambak.
Teori ingkang wonten gegayutanipun kaliyan panaliten punikaantawisipun semiotika ingkang ngrembag ngilmu tandha lan makna lambangutawi simbol. Dene teori folklore ingkang dipunserat dening James Danandjajaingkang nggambaraken bilih upacara tumpeng sanga minangka wujud tradhisibudaya ingkang kawaris kanthi turun-tumurun. Tumpeng sanga punika piyambakkalebet folklor boten lisan ing jinising material arupi panganan ingkangnggadhahi makna simbol. Wondene saking punika wonten teori sanesipun kadostapangertosan upacara slametan tumpeng lan pangertosan tradhisi kabudayaan.
Metodhe sasaran panaliten ingkang dipunkaji inggih punika ngengingiwujud, tandha, makna lambang utawi simbol lan prosesi upacara tumpeng sangasalebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Panaliten punika kalebet panalitenkualitatif jinis folklore. Saking punika kangge nganalisis ugi migunakaken jinisStukturalisme Levi-Strauss inggih punika ngengingi makna simbolik lansemiotika ingkang wonten gandeng cenengipun kaliyan teori ingkangdipunginakaken. Wekdal lan papan panaliten punika wonten ing tlatah BintoroDemak, surya 10 Dzulhijjah tabuh 19.30 dalu. Sumber dhata ing panaliten punikamigunakaken dhata primer lan dhata sekunder. Dhata primer arupi wawanrembagkaliyan informan ingkang mangertosi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisiGrebeg Besar Demak. Panaliti ugi ngawontenaken wawanrembag kaliyanbebrayan ingkang nate ningali tradhisi kasebat. Dene dhata sekunder arupisumber-sumber saking mediya utawi buku-buku sanesipun. Teknik pangumpulandhata ing panaliten punika inggih punika observasi kanthi cara ngamati objekipuning lapangan lan supados langkung gamblang panaliti ugi njingglengi kahananwonten rekaman video upacara tumpeng sanga kasebat. Wawanrembag kaliyaninforman salah satunggalipun inggih punika Bapak Rohmat minangka tiyangingkang damel tumpeng sanga lan saking pihak-pihak sanesipun ingkang
langkung mangertosi ngengingi upacara tumpeng sanga kasebat. Wondene teknikpangumpulan dhata arupi kapustakan ingkang gegayutan mawi kajian teori lanreferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkangdipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika perekam (tape recorder),kamera lan catatan lapangan. Teknik analisis dhata ing panaliten punika kaperangdados tigang tahapan inggih punika reduksi dhata, sajian dhata, lan dudutan utawiverifikasi. Saking tahapan analisis punika wonten tahapan pangumpulan dhatakanthi cara migunakaken wawanrembag kaliyan informan. Dhata saking informansetunggal dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Pramilasaged ngasilaken dhata ingkang dipunpikajengaken ing momotan panalitenpunika.
Asiling panaliten nedahaken bilih tumpeng sanga minangka jinisingpanganan ingkang nggadhahi wujud, tandha lan makna lambang. Wujudipuntumpeng setunggal ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpengcacahipun wolu wujuding kerucut. Dene tandha lan makna lambangipun inggihpunika cendhela maket Masjid cacah enem minangka lambang rukun iman. Korimaket Masjid cacah gangsal nglambangaken rukun Islam. Atap maket Masjidkanthi susun tiga nglambangaken bilih pemeluk agama islam kedah nggadhahiiman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid mawi lafad Allah maknalambangipun manungsa kedah sujud, taat lan istiqomah ing ngarsaning GustiAllah. Tumpeng werni pethak kanthi ulam, pithek, sambel goreng, gereh pethek,bergedel, tempe tahu makna lambangipun pangarep-arep sadaya cita-cita ingkanginggil supados saged kalaksanan kanthi sae. Tumpeng kanthi Jangan urap arupipitung werni godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung,petet (mlanding) dipunurap dodos setunggal kaliyan bumbunipun maknalambangipun pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang raja saklirang minangkalambang sipatipun raja. Sega golong minangka lambang panuwun kumpulingkawula Gusti. Tumpeng sanga nglambangaken wali sanga.
ABSTRAK
Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting TradhisiGrebeg Besar Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling PangrembagSemiotika”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing IISunarya, S.S.
Kata kunci : Membahas tentang Semiotika: bentuk, tanda dan makna lambangatau simbol tumpeng sanga.
Rumusan masalah dalam penelitian ini adalah bagaimana wujud, tanda,makna lambang atau simbol tumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sangadidalam tradisi Grebeg Besar Demak. Tujuan dari penelitian ini adalah untukmengetahui wujud, tanda, lambang atau symbol dari tumpeng sanga dan prosesiupacara tumpeng sanga didalam tradhisi Grebeg Besar Demak. Didalampenelitian itu keunikan dari tumpeng sanga dapat dilihat bahwa tumpeng sangamempunyai makna lambang dan tanda bentuknya yang berbeda dengan tumpenglainnya. Disitu banyak masyarakat yang tidak mengetahuinya. Masyarakat hanyamemanfaatkan tumpeng tersebut menurut kepercayaan sendiri.
Teori yang berhubungan dengan penelitian ini diantaranya semiotikayang membahas ilmu tanda-tanda dan lambang. Ada juga teori folklor yang ditulisoleh James Danandjaja yang memberi gambaran bahwa upacara tumpeng sangamerupakan bentuk tradisi budaya yang sudah turun tumurun dari dulu sampaisekarang. Tumpeng itu sendiri termasuk dalam folklore tidak lisan jinis materialberupa makanan yang mempunyai makna simbol. Selain itu ada teori lainnyaseperti pengertian upacara slametan tumpeng dan pengertian adat tradisikebudayaan yang sangat mendukung didalam penelitian ini.
Metode sasaran penelitian yang dikaji mengenai bentuk, tanda, lambangatau simbol dan prosesi upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg BesarDemak. Penelitian ini termasuk penelitian kualitatif dengan pendekatan folklore.Untuk menganalisis menggunakan jinis Stukturalisme Levi-Strauss yaitumengenai makna simbolik dan semiotikayang berkaitan dengan teori yangdigunakan. Waktu dan tempat penelitian ini ada di kota Bintoro Demak, tanggal10 Dzulhijjah jam 19.30 malam. Sumber data dalam penelitian ini menggunakandata primer dan data sekunder. Data primer berupa wawancara dengan informanyang mengetahui tentang upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg BesarDemak. Peneliti juga mewawancarai masarakat yang pernah melihat upacaratersebut. Sedangkan data sekunder berupa sumber-sumber dari mediya ataubeberapa buku lainnya. Teknik pengumpulan data dalam penelitian ini melaluiobservasi dengan cara terjun ke lapangan dan supaya lebih jelasnya penelitimengamati dari rekaman video upacara tumpeng sanga tersebut. Wawancaradengan informan salah satunya Bapak Rohmat selaku orang yang membuattumpeng sanga dan dari pihak-pihak lainya yang lebih mengetahui tentangupacara tersebut. Adapun teknik pengumpulan data berupa kapustakan yang
berhubungan dengan kajian teoritis dan referensi lainya dan dokumentasi yangberupa pengambilan gambar foto yang diharapkan dalam penelitian ini. Alat yangdigunakan dalam pengumpulan data adalah perekam (tape recorder), kamera dancatatan lapangan. Teknik analisis data dalam penelitian ini terbagi menjadi tigatahapan yaitu reduksi data, sajian data dan verifikasi atau kesimpulan. Dari semuatahapan analisis itu terlebih dahulu diadakan pengumpulan data menggunakanwawancara dengan informan. Data dari informan satu dibandingkan dengan datadari infoman lainya sehingga menghasilkan data yang diharapkan sesuai denganrumusan masalah.
Hasil penelitian ini menunjukakan bahwa tumpeng sanga merupakanjinis makanan yang mempunyai bentuk, tanda dan makna lambang. Bentuk daritumpeng satu berupa maket Masjid Agung Demak dan untuk tumpeng jumlahdelapan bentuknya kerucut. Untuk tanda dan makna lambangnya adalah jendelaberupa maket Masjid jumlahnya enam merupakan lambang rukun iman. Pintumaket Masjid jumlahnya lima melambangkan rukun islam. Atap maket Masjidtersusun tiga melambangkan bahwa pemeluk agama islam harus mempunyaiiman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid dengan lafad Allah maknalambangnya manusia harus sujud, taat dan istiqomah kepada Allah. Tumpengwarna putih ada ikan, ayam, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahumelambangkan pengharapan semua cita-cita yang tinggi supaya terwujud.Tumpeng ada jangan urap berupa tujuh warna yaitu godhong tela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dicampur jadi satu denganbumbunya melambangkan pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang rajasaklirang merupakan lambang sipatnya raja. Sega golong merupakan lambangpanuwun kumpuling kawula Gusti. Tumpeng sanga melambangkan wali sanga.
ATUR CECALA
Kanthi ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti akarya jagad
ingkang sampun pinaringan rahmat lan hidayah saengga panyeratan skripsi kanthi
sesirah “ Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah
Bintoro Demak: satunggaling pangrembag semiotika” saged purna tanpa boten
wonten pambengan punapa kemawon.
Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping
mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Fakultas Pendidikan Bahasa dan
Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.
Saderengipun panyeratan skripsi punika, panyerat sampun kathah
pambiyantu saking sadaya pihak. Pramila kanthi andhap asoring manah, panyerat
ngaturaken matur nuwun kangge:
1. Muhdi, S. H., M. Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.
2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. minangka Dekan Fakultas Pendidikan
Bahasa dan Seni ingkang sampun paring palilah kangge ndamel skripsi.
3. Dra. HR. Utami, M. Hum., minangka pangarsaning Program Studi
Pendidikan bahasa lan sastra Jawa.
4. Dr. Bengat, M.Pd. minangka pambimbing I ingkang sampun paring
kawruh lan bimbingan kanthi ikhlas, sabar, lan taliti salebetipun
pandhapuking skripsi punika
5. Sunarya, S.S. minangka pambimbing II ingkang sampun saha
bimbingan lan pamawas anggenipun nyerat skripsi
6. Sutadi, S.Pd, M.Pd. minangka penguji III ingkang sampun nguji kanthi
ikhlas, taliti lan sabar.
7. Bapa saha Ibu ingkang sampun suka donga restu ingkang kathah.
8. Bapa sarta Ibu dosen Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa ingkang
sampun suka ilmu anggenipun kuliah ing IKIP PGRI Semarang.
9. Kanca- kanca Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa taun angkatan 2006
mliginipun kelas A ingkang sampun sesarengan sinau ing papan kuliah
IKIP PGRI Semarang.
10. Sadaya pihak Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Kabupaten Demak
mliginipun bagian Budaya lan Seni ingkang sampun maringi idin ing
papan panaliten punika.
11. Sadaya pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi.
Panyerat nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun
skripsi punika tasih kathah kekiranganipun. Mugi-mugi skripsi punika saged suka
kawruh tumraping pamaos sadaya.
Amin.
Semarang,
Panyerat
DAFTAR ISI
Kaca
IRAH-IRAHAN .............................................................................................. i
PASARUJUKAN ............................................................................................ iii
PENGESAHAN .............................................................................................. iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG ..................................................................... v
SARIPATHI .................................................................................................... vi
ABSTRAK ...................................................................................................... viii
ATUR CECELA ............................................................................................. x
DAFTAR ISI ................................................................................................... xii
DAFTAR LAMPIRAN .................................................................................. xv
DAFTAR GAMBAR ...................................................................................... xvi
BAB I. PURWAKA....................................................................................... 1
A. Pawadaning Prakawis ................................................................. 1
B. Rancangan Momotan Panaliten .................................................. 5
C. Ancasing Panaliten ..................................................................... 6
D. Mupangating Panaliten ............................................................... 6
1. ....................................................................................... Mup
angat Teoritis…………………………………………......... 6
2. ....................................................................................... Mup
angat Praktis………………………………………….. ........ 6
E. Panegesing Tembung ................................................................. 7
Tumpeng Sanga……………………………………………....... 7
Tradhisi Grebeg Besar…………………………………………. 8
Bintoro Demak…………………………………………….. ...... 8
Semiotika ……………………………………………………… 9
Makna Simbolik…………………………………………….. 9
F. Tatarakiting Panyeratan Skripsi ................................................. 9
BAB II. LANDHESAN TEORI…………………………………………….. 11
A. Pangertosan Semiotika .............................................................. 11
B. Pangertosan Folklore ................................................................. 14
1. Titikanipun Folklor …………………………………….. 15
2. Mupangatipun Folklor ………………………………… 16
3. Wujuding Folklor ……………………………………… 17
C. Upacara Slametan lan Tumpeng ................................................. 22
D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan……………………………….... 27
BAB III. METODE PANALITEN................................................................... 32
A. Sasaran Panaliten ....................................................................... 32
B. Jinising Panaliten ....................................................................... 32
C. Wekdal lan Papan Panaliten........................................................ 33
D. Sumber Dhata ............................................................................. 33
E. Teknik Pangumpulan Dhata........................................................ 35
Observasi……………………………………………………. 35
Studi Pustaka……………………………………………….. 35
Teknik wawancara………………………………………….. 36
Dokumentasi………………………………………………… 36
F. Piranti Pangumpulan Dhata……………………………………... 36
G. Teknik Analisis Dhata…………………………………………. 37
BAB IV. PANGREMBAG ASILING PANALITEN........................................ 39
Deskripsi Dhata................................................................................. 39
Asiling Panaliten ............................................................................... 48
Pangrembag Asiling Panaliten (Intepretasi Panaliten)...................... 54
BAB V. PANUTUP.......................................................................................... 57
Dudutan ............................................................................................ 57
Pamrayogi ........................................................................................ 59
KAPUSTAKAN............................................................................................... 60
SUMPINGAN.................................................................................................. 64
DAFTAR LAMPIRAN
1. Daftar Informan....................................................................... 64
2. Asil Wawancara..................................................................... 65
3. Foto Tumpeng Sanga.............................................................. 77
4. Surat Penelitian....................................................................... 81
5. Rekapitulasi Proses Bimbingan Skripsi.................................. 82
DAFTAR GAMBAR
Kaca
1. Pemotongan Tumpeng Dening Bupati Demak .......................................... 77
2. Tumpeng setunggal saking lebetipun maket Masjid Agung Demak ......... 77
3. Tumpeng Sanga ........................................................................................ 78
4. Tumpeng wujud Masjid Agung Demak..................................................... 78
5. Upacara Tumpeng Sanga ing Pendopo Kabupaten Demak ....................... 79
6. Pengunjung nalika pembagian Tumpeng Sanga sami padha rebutan......... 79
7. Tumpeng Sanga saderengipun dipuniring ................................................. 80
8. Iring-iringan Tumpeng Sanga ................................................................... 80
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Prakawis
Demak minangka satunggalipun kitha ingkang angsal predikat
kitha wali. Para wali damel Masjid naminipun Masjid Agung Demak ing
taun 1477 M/ 1399 S mawi candra sengkala “Kori trus gunaning janmi”.
Demak punika nggadhahi sejarah lan potensi ingkang kathah sanget, kawit
wekdal Kasultanan Bintoro Demak. Wonten kalih objek wisata religius
ingkang kawentar ing Indonesia lan Asia inggih punika Masjid Agung
Demak lan Makam Sunan Kalijaga Kadilangu Demak.
Kabudayaan peninggalanipun Raden Pattah lan para Wali Sanga
dipunjagi kalestantunipun. Kabudayaan minangka dhasar pandukung
saking bebrayan, ingkang boten saged uwal saking makna simbolik.
Simbol inggih punika tandha utawi titikan ingkang nyatakaken maksud
tartamtu utawi mangertos objekipun. Simbol sipatipun abstrak ingkang
maknanipun dipunparingaken dhumateng tiyang ingkang migunakaken
simbol. Wujudipun simbol inggih punika benda-benda, warni, gerak lan
suwanten. Manungsa mahluk budaya, mahluk sosial ingkang boten saged
gesang piyambak. Kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol,
bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun
manungsa inggih punika animal symbolicum.
Miturut panaliti para sarjana (Koentjaningrat, 1954: Herusatoto,
1985) tindakan simbolis wonten tigang pepanthan inggih punika tindakan
simbolis salebeting religi, tindakan simbolis salebeting seni lan tindakan
simbolis salebeting tradhisi (Suhartati, dkk 2007: 125). Simbolis tradhisi
warisan budaya ing kitha Demak, karumat kanthi sae. Warisanipun inggih
punika Ringgit Purwa, Pusaka Sunan Kalijaga (Kotang Ontokusumo lan
Keris Kyai Crubuk), Grebeg Besar lan sanes-sanesipun.
Salah satunggalipun warisan budaya ingkang saben setunggal
warsa sapisan kaadani surya 10 Dzulhijjah utawi Idul Adha (kurban)
inggih punika Grebeg Besar. Makna Grebeg Besar inggih punika
kempalanipun bebrayan Islam saben wulan Besar setunggal warsa sapisan,
kangge jejibahan dhakwah Islamiyah ing Masjid Agung Demak.
Kabudayaan bebrayan Jawi wonten upacara adat naminipun Upacara
Wilujengan. Kawiwitan saking wilujengan gesangipun manungsa,
wilujengan resik Dhusun ngantos wilujengan ing wulan Besar.
Cariyos ing jaman kalarumiyin, para raja Jawa asring ngadani
Wilujengan Nagari (selametan Kerajaan) kangge Pesta Kurban saben
warsa enggal. Ancasipun Wilujengan Nagari punika supados raja lan
rakyat dipunsukani kaslametan. Rajanipun inggih punika Raja Weda utawi
Raja Meda, tegesipun Kitab Suci Raja utawi Kebajikan Raja utawi kewan
Kurban Raja (A. Kasah, 2006: 6).
Wekdal kerajaan Raden Pattah upacara kurban dipungantos
jejibahan dhakwah Islamiyah, sarta dados sarana syiar Islam ingkang
dipunlampahi dening para wali. Para wali sarujuk, Sunan Kalijaga
ngawontenaken acara. Amargi Sunan Kalijaga mangertos bilih rakyatipun
remen pahargyan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan upacara
kaagamaan. Ing pahargyan punika dipunsukani kanthi ngungelaken
gangsa. Wiramanipun gangsa Nang Neng, Ning Nung Gung. Ungel nang
tegesipun “menenga saka hawa napsumu, isa ngendalekake hawa
napsumu”. Ungel neng tegesipun “meneng”, supados tiyang punika boten
nggadhahi sipat srei kaliyan tiyang sanes. Ungel ning nglambangaken
“wening”, saengga manungsa punika saged gayutaken ing alam sarta
caket dhumateng Allah SWT. Dumugi kanthi tataran kasebat, saged
kagayuh tahapanipun dumunung (nung) Gung (agung). Tegesipun saged
mersani mangsa saderengipun winarah. Pramila saking ungelipun gangsa
kasebat, saged narik kawigatenipun bebrayan Demak. Kawit punika
Upacara Kurban langkung prayogi katepang dados Upacara Tradhisi
Grebeg Besar.
Salah satungglipun prosesi tradhisi Grebeg Besar wonten upacara
naminipun “Selametan Tumpeng Sanga” utawi Wilujengan Tumpeng
Sanga. Wilujengan minangka ajaran Jawi kangge kaslametaning
manungsa. Ajaran punika sampun wonten saderengipun agami Hindu lan
Budha mlebet nusantara mliginipun Jawi (Chodjim, 2006: 277). Bebrayan
Demak piyambak ngawontenaken wilujengan punika, supados sadaya
ingkang dipunpikajengaken saged kalampahan, usaha dagang dipunridhoi
gusti Allah SWT lan slamet boten wonten musibah.
Wilujengan inggih punika ngawontenaken upacara sedhekah
ingkang wigati supados dipunsukani kaslametan (Atmodjo, 1990: 365).
Slametan minangka upacara kaagamaan ingkang nglambangaken kasatuan
mistis lan sosial. Salah satunggalipun upacara sedhekah ing kitha Demak
inggih punika tumpeng sanga. Tumpeng sanga punika wonten wujud lan
makna isinipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan Demak.
Miturut bapak Rohmat ingkang damel tumpeng, bilih tumpeng
wonten sanga. Wujudipun tumpeng inggih punika tumpeng ageng
setunggal arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng alit cacahipun
wolu arupi wujud kerucut. Isinipun saking tumpeng inggih punika
tumpeng ageng isinipun pitik, sambel goreng, ikan asin, tahu tempe, ijo-ijo
jejanganan lan sanes-sanesipun. Wondene tumpeng alit punika isinipun
sekul golong. Sekul golong dipundamel ngantos ewunan. Ancasipun
supados boten sami rayakan.
Wilujengan kasebat nggadhahi makna simbol. Lambang utawi
simbol inggih punika hal utawi kahanan mangertosi ing objekipun. Simbol
punika peranan ingkang wigati ing pagesangan lan solah bawanipun
manungsa (Suhartati, dkk, 2007: 125). Makna simbol saking sedaya
tumpeng sanga punika, nglambangaken wali ingkang sampun dhirikaken
Masjid Agung Demak inggih punika wali sanga.
Bebrayan mliginipun Demak, kathah ingkang boten mangertos
makna lambang saking tumpeng sanga. Umumipun bebrayan Demak,
anamung mupangataken kahanan tradhisi kasebat. Kahanan tradhisi
punika anamung kangge nindakaken pagawean dol tinuku ing pahargyan
naminipun pasar rakyat. Pahargyan punika ngasilaken sumber
penghasilan kanthi jejibahan dol tinuku ekonomi produktif. Antawisipun
promosi asil pertanian, asil perkebunan, lan asil industri, sarta ugi karcis
mlebu acara, jasa parkir, sewa kaplingan lan sanes-sanesipun. Pramila
wontenipun tradhisi punika saged ningkataken pendapatan bebrayan lan
Pamerintah Kabupaten Demak.
Pramila panyerat nggadhahi panemu badhe naliti babagan Upacara
tumpeng sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak:
satunggaling pangrembag semiotika.
B. Rancangan Momotan Panaliten
Adhedhasar pawadaning prakawis ing nginggil, pramila ingkang
ndadosaken momotan panalitenipun inggih punika:
1. Kados pundi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi
“Grebeg Besar” Demak?
2. Kados pundi wujud, tandha lan makna lambang utawi simbol
Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak?
C. Ancasing Panaliten
Adhedhasar momotan panaliten punika panaliti nggadhahi ancas
panaliten inggih punika:
1. Kangge mangertosi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi
“Grebeg Besar” Demak.
2. Kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simbol Tumpeng
Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak.
D. Mupangating Panaliten
Mupangat panaliten ingkang dipunpikajengaken wonten kalih jinis
inggih punika:
1. Sacara Teoritis
a. Asil panaliten punika kaajab saged nuwuhi kawruh ngengingi
makna upacara tumpeng sanga mliginipun tumrap bebrayan ing
kitha Demak.
b. Kangge pamaos lan kadhang Mahasiswa, panaliten punika
mujudaken seserapan ingkang migunani tumraping pasinaon basa
Jawi lan kabudayaan Jawi.
2. Sacara Praktis
a. Kangge panaliti, panaliten punika migunani sanget supados angsal
pangetahuan lan wawasan babagan wujud lan makna lambang
tumpeng sanga ugi prosesi upacara tumpeng sanga salebeting
tradhisi Grebeg Besar Demak.
b. Kangge pihak panyangkul gati ingkang ngawontenaken upacara
tumpeng sanga ing tradhisi Grebeg Besar, panaliten punika saged
dipundadosaken dokumentasi lan tradhisi punika supados tambah
ngrembaka ing kitha Demak.
c. Kangge masarakat luas mliginipun generasi muda. Asil panaliten
punika kaajab saged maringi informasi ngengingi prosesi upacara
tumpeng sanga, wujud, makna lambang tumpeng sanga lan
supados saged ngrembakaaken ugi nglestantunaken tradhisi Grebeg
Besar ingkang dados asset budaya bangsa.
d. Kangge pameritahan Dati II Kabupaten Demak mliginipun bidang
kabudayaan asil panaliten punika saged dados panjangkep ing
dokumentasi.
E. Panandhesing Tembung
Supados gampil anggenipun mangertosi punapa ingkang
dipunangkah ing irah-irahan, pramila badhe dipunandharaken
panandhesing tembung inggih punika:
1. Tumpeng Sanga
Miturut Atmodjo (1990: 400) tumpeng inggih punika sekul
ingkang dipunwangun pasungan kangge acara wilujengan, lan sanga
punika angka ingkang cacahipun wonten sanga.
Tumpeng sanga inggih punika tumpeng ingkang cacahipun
wonten sanga dipundamel kangge acara wilujengan ing upacara
tradhisi Grebeg Besar Demak.
2. Tradhisi Grebeg Besar
Tradhisi inggih punika lelaku-lelaku ingkang dipunlampahi
kanthi turun tumurun (Atmodjo, 1990: 469).
Miturut A. Kasah (2006: 6), Grebeg Besar punika saking
tembung Gerebeg, Grebeg, Gerbeg maknanipun swanten angin
ingkang wanter. Tembung basa Jawa (h) anggarebeg maknanipun
iring-iringan raja agung utawi temanten lan dipunkepung. Grebeg
tegesipun dipungiring, dipunkempalaken lan dipunkepung. Dados
Grebeg inggih punika salah satunggalipun kempalan kangge jejibahan
ing papan panggenan ingkang mligi. Tembung Besar punika mundhut
saking nami wulan inggih punika wulan Besar (Dzulhijjah).
Pramila Tradhisi Grebeg Besar inggih punika lelaku-lelaku
ingkang dipunlampahi turun tumurun saben wulan Besar (Dzulhijjah)
setunggal warsa sapisan, kaangkah kangge jejibahan dhakwah
Islamiyah wonten ing Masjid Agung Demak.
3. Bintoro Demak
Miturut kamus Kawi Indonesia kaca 44, tembung Bintoro
asalipun saking tembung Bhatara = Bh- in- atara = Bhinatara =
Bhintara. Bhatara punika raja, dewa. Tegesipun Bintoro inggih punika
dipunangkat dados raja. Dene Demak asalipun saking basa kawi
inggih punika hadiah, penerimaan, syarat, upah ( Pujo lan Khafid,
2008: 39).
Demak inggih punika kitha wali ingkang utami wonten ing
Propinsi Jawa Tengah, tetengeripun ing tengah-tengahing jalur jalan
raya antawis Semarang – Kudus.
4. Semiotika
Istilahipun semiotika saking tembung “semion” (Yunani)
tegesipun tandha. Semiotika ingkang dipunandharaken dening
Ferdinand De Saussure (1857-1913), inggih punika ngelmu ingkang
sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem
lambang lan prosesipun lambang (Hidayat, 2006: 130).
5. Makna Simbolik
Miturut Endraswara (2003: 171), tembung simbol asalipun
saking Yunani inggih punika symbolon. Tegesipun tadha utawi titikan
ingkang paring pangertosan dhumateng tiyang.
Makna simbolik inggih punika tandha utawi titikan ingkang
paring pangertosan tartamtu ingkang sipatipun abstrak, wujudipun
warni, swanten, piranti lan sanes-sanesipun.
F. Tatarakiting Panyeratan
Supados runtut anggenipun mangertosi andharan ing salebeting
seratan punika, tatarakiting panyeratan skripsi katata kados mekaten.
Bab I mujudaken pambukaning seratan, wonten ngriki
nerangaken punapa mawon ingkang dados Pawadaning Prakawis,
Rancangan Momotan Panaliten, Ancasing Panaliten, Mupangating
Panaliten, Panandhesing Tembung, Tatarakiting Panyeratan
Dene teori utawi kawruh punapa mawon ingkang kaginakaken
kangge ngrembag perkawis ing panaliten punika kaserat ing Bab II.
Dados Bab II punika mujudaken landhasan teori ngrembag babagan
kaping satunggal pangertosan Semiotika. Kaping kalih pangertosan
Folklor kaperang wonten tiga inggih punika titikanipun Folklor,
mupangatipun Folklor, wujuding Folklor antawisipun wonten folklore
lesan, folklore saperangan lesan lan folklore boten lesan. Kaping tiga
ngengingi Upacara Slametan lan Tumpeng. Kaping sekawan
ngengingi Adat Tradhisi lan Kabudayaan.
Babagan cara-caranipun panaliten punika kaperang lan
dipunandharaken wonten ing Bab III, andharanipun inggih punika
Sasaran Panaliten, Jinising Panaliten, Papan lan Wekdal Panaliten,
Sumber Dhata antawisipun saking Dhata Primer lan Dhata Sekunder,
Teknik Pangumpulan Dhata, antawisipun saking Observasi, Studi
Pustaka, Teknik Wawancara, lan Dokumentasi, Piranti
Pangumpulaning Dhata lan Teknik Analisis Dhata.
Ing Bab IV, inggih punika pirembagan, wonten Bab punika
ngandharaken asiling panaliten.
Bab V inggih punika panutup ngandharaken Dudutan lan
Pamrayogi. Salajengipun ing perangan pungkasan kaserat Kapustakan
lan Lampiran.
BAB II
LANDHESAN TEORI
A. Pangertosan Semiotika
Bebrayan minangka pandukung kabudayaan ingkang boten saged
uwal saking symbol. Miturut C. A, Van peursen kabudayaan minangka
endapan saking kagiatan lan karya manungsa. Manungsa mahluk budaya,
mahluk sosial ingkang boten saged gesang piyambak. Miturut Suhartati,
dkk (2007: 124) kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol,
bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun
manungsa inggih punika animal symbolicum.
Miturut Ferdinand De Saussure (1857-1913), ngilmu ingkang
sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem
lambang lan prosesing perlambangan dipunwastani semiotika (Hidayat,
2006: 130).
Miturut Charles Sander Peirce (1839-1914) minangka ahli filosof
Amerika (lumantar Zoest, 1993: 19), bilih jinising tandha wonten tigang
macem adhedhasar sipat groundipun inggih punika:
1. Qualisigns
inggih punika tandha-tandha minangka tandha adhedhasar saking sipat.
2. Sinsigns
inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang
kasunyatan utawi tampilanipun kaleresan nyata.
3. Legisigns
inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang wonten
aturanipun sacara umum.
Adhedhasar andharan ing nginggil punika, saged dipuntaliti bilih
ing prosesi tumpeng sanga wonten salah satunggalipun tandha adhedhasar
sipat groundipun inggih punika:
Werni pethak ing tumpeng minangka tandha utawi sipat. pethak
minangka jinising tandha Qualisigns. Ing tandha punika kedah nggadhahi
wujud. Pramila wujud tumpeng sanga inggih punika kerucut.
Saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan wonten group rebana lan
tari jipin. Wiramanipun rebana minangka Sinsigns lan gaya obahing tari
jipin punika minangka tandha Legisigns.
Miturut C. A. Peursen (lumantar Herusatoto, 2001: 11)
ngandaraken bilih wujudipun tandha wonten tiga inggih punika: lambang
utawi simbol, tandha (ikon) lan isarat (indeks).
Tembung simbol asalipun saking basa yunani, symbolos suraosipun
tandha utawi titikan ingkang nyukani pangertosan tartamtu dhumateng
tiyang. Ing salebeting Kamus umum bahasa Indonesia karya W. J. S.
Poerwadarminta ngandharaken bilih, simbol utawi lambang inggih punika
kados tandha, lukisan, guneman lan sapanunggalipun ingkang ngandut
teges tartamtu. Tuladhanipun werni pethak ing tumpeng minangka
lambang reresik (kasucian), gambar pari minangka lambang kamakmuran,
sekul ingkang dipundamel lan kabentuk pasungan kados gunung punika
ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak ngengingi tumpeng kados
gunung suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin.
Tandha (ikon) inggih punika hal utawi kahanan ngandaraken objek
dhumateng subjek. Tandha nggadhahi titikan tartamtu mawi punapa
ingkang dipuntandhai. Tuladhanipun ing tumpeng katancepan Lombok,
gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun.
Dene isarat (indeks) inggih punika hal utawi kahanan ingkang
paring pangertosan dening subjek dhumateng objek. Suraosipun subjek
asring maringi pangertosan tartamtu arupi isarat dhumateng objek. Isarat
boten saged dipunnetepaken ing pangageman, sadaya gumantung saking
subjek lan wujudipun saged dipunewahi dados tandha. Tuladhanipun
saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan tandha bedug
dipunungelaken. Ungelipun swanten bedug minangka isarat bilih upacara
sagedipun wiwiti.
Adedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih ngengingi upacara
tumpeng sanga wonten tandha utawi ikon, isarat utawi indeks lan makna
simbol utawi lambangipun. Antawisipun ing tumpeng katancepan
Lombok, gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun minangka
tandha. Werni pethak ing tumpeng minangka lambang reresik (kasucian),
sekul ingkang dipundamel lan wujudipun pasungan kados gunung punika
ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak tumpeng kados gunung
suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin. Ungelipun
swanten bedug minangka isarat bilih upacara tumpeng sanga saged
kawiwitan.
B. Pangertosan Folklor
Folklor minangka salah satunggalipun disiplin ilmu utawi cabang
ilmu kawruh ingkang jumeneng piyambak ing Indonesia lan dereng dangu
ngrembaka. Miturut etimologi, folklor punika mula bukanipun saking
tembung folk lan lore.
Folk punika kempalaning tiyang ingkang nggadhahi pengenalan
fisik, sosial lan kabudayaan. Tandha pangenal kasebat saged arupi: warni
kulit, rupi rukmanipun, padamelan, basa, kawruh lan agami ingkang sami.
Ananging ingkang langkung wigati punika piyambakipun sampun
nggadhahi tradhisi ingkang sampun kawaris kanthi turun-tumurun,
sekedikipun kalih generasi ingkang saged dipunwastani gadhahipun
bebrayan. Ingkang langkung wigati piyambakipun kedah eling dhateng
identitas klompokipun piyambak (Dundes ing Danandjaja, 2007: 1).
Lore punika tradhisi, Folk minangka kabudayaan ingkang kawaris
kanthi turun-tumurun kanthi lesan utawi lumantar patuladhan ingkang
dipunsarengi kaliyan owahing tandha utawi pambiyantu pepeling. Folklor
punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif, ingkang kasebar lan
dipunwarisaken turun-tumurun (Danandjaja, 2007: 2).
Andharan ing kawiwitan saged dipundudut bilih definisi folklore
inggih punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif lan sumebar ugi
dipunwarisaken turun tumurun, antawis kolektif punapa kemawon kanthi
tradisional ing salebeting versi ingkang boten sami, wonten ing wujud
lesan utawi tuladha ingkang dipunjangkepi kaliyan gerak isarat utawi
piranti pambiyantu pangeling-eling (mnemonic device).
Adhedhasar panjlentreh punika, saged dipunpundhut dudutan bilih
upacara tumpeng sanga minangka saperangan saking kabudayaan ingkang
arupi folklor. Grebeg Besar tradhisi ingkang sampun dangu
dipuntindakaken dening bebrayan minangka arupi kabudayaan ingkang
kawaris kanthi turun-tumurun.
1. Titikanipun Folklor
Supados saged bentenaken folklor saking kabudayaan
sanesipun, kedah mangertosi rumiyin titikanipun folklor ingkang utami
ing umumipun. Miturut Danandjaja (2007: 3-5) titikan utamaning
panepang folklor inggih punika:
a. Sumebaring lan kawarisanipun limrah katindakaken kanthi cara
lesan, inggih punika lumantar setunggal tiyang dhumateng tiyang
sanes (kanthi cara lesan, sumebaring lumantar tutur tembung
saking pacelathoning tiyang).
b. Folklor nggadhahi sipat tradisional, inggih punika kasebaraken
kanthi rupi relatip netep utawi ingkang standar.
c. Folklor wonten (exist) ing versi-versi utawi varian-varian ingkang
boten sami
d. Folklor sipatipun anonim, tegesipun naminipun pangripta boten
dipunmangertosi dening tiyang malih.
e. Folklor limrahipun nggadhahi wujud berumus utawi berpola.
f. Folklor nggadhahi mupangat (function) kangge gesang sesarengan
ingkang kolektif.
g. Folklor asipat pralogis, inggih punika nggadhahi logika piyambak
ingkang boten jumbuh kaliyan logika umum.
h. Folklor dados gadhahipun sesarengan saking kolektif tartamtu.
i. Folklor limrahipun asipat wantah lan lugu, saengga asring katingal
kasar lan dumadakan.
2. Mupangatipun Folklor
Wonten ing salebetipun “Folklor Indonesia ilmu gosip,
dongeng, lan sanesipun ” (Danandjaja, 2007: 19), William R. Bascom,
satunggalipun dwija ageng Emeritus ing ilmu folklor wonten ing
Universitas California ing Berkeley ingkang sampun suwargi
nerangaken bilih mupangatipun folklor wonten sekawan inggih
punika:
a. Minangka system proyeksi (projective system) inggih punika
kangge piranti pencermin angen-angen minangka kolektif.
b. Minangka piranti pangesahan pranata-pranata lan lembaga-
lembaga kabudayaan.
c. Minangka piranti pendidikan anak (pedalogical device)
d. Minangka piranti pameksa lan pengawas norma-norma bebrayan
tansah dipunpatuhi dening anggota kolektifipun.
3. Wujuding Folklor
Dene kabudayaan nggadhahi pitung unsur kabudayaan
universal inggih punika sistem mata pencaharian hidup (ekonomi),
sistem piranti lan panjangkepan ing pagesangan (teknologi), sistem
kabebrayanan, sistem basa, sistem kesenian, sistem kawruh, lan sistem
religi.
Pramila folklor miturut Jan Harold Brunvand (lumantar
Danandjaja, 2007: 21 – 23) inggih punika satunggaling ahli folklor
saking Amerika Serikat saged nggolongaken ing tiga klompok ageng
adhedhasar tipenipun inggih punika:
a. Floklor lesan (verbal folklor)
Floklor lesan punika folklor ingkang awujud murni lesan.
Ingkang kalebet klompok punika antawisipun:
1) Bahasa rakyat
Kadosta: logat, julukan pangkat tradisionl, lan munggah
kabangsawan.
2) Ungkapan tradisional
Kadosta: bebasan, pepatah, lan pemeo.
3) Pitakenan tradisional
Ing Indonesia langkung kawentar dipunsebat bedhekan
inggih punika pitakenan ingkang asipat tradisional lan
wangsulan ingkang tradisional ugi.
4) Sajak lan Geguritan rakyat
Kadosta: pantun, lan syair.
5) Cariyos prosa rakyat
Miturut William R. Bascom (lumantar Danandjaja, 2007:
50) cariyos prosa brayat kapantha ing tigang golongan ageng
inggih punka: Mite (myth), Legenda (legend), Dongeng
(folktale)
6) Nyayian rakyat (folksongs)
Miturut Jan Harod Brunvand (lumantar Danandjaja,
2007:141) inggih punika salah satunggalipun genre utawi
wujud folklore ingkang kapantha saking tembung-tembung lan
tembang ingkang kawedaraken kanthi lisan ing antawis
anggota kolektif tartamtu awujud tradisional lan kathah
nggadhahi varian. Kadosta: nyanyian rerepan (lullaby),
nyanyian kerja (working song), nyanyian permainan (play
song).
Adhedhasar panjlentrehan ing inggil saged paring dudutan
bilih tradhisi Grebeg Besar kalebet folklor lesan ingkang
awujud ungkapan tradisional kadosta: pemeo isinipun “Sinten
kemawon ingkang nate ngunjungi Grebeg Besar Demak kanthi
kaping pitu, sami mawon kaliyan nglaksanakaken Ibadah
Haji”.
b. Folklor saperangan lesan (Partly Verbal Folklor)
Folklor saperangan lesan minangka folklor ingkang wujud
campuraning unsur lesan lan unsur boten lesan. Ingkang kagolong
klompok punika kadosta:
1) Kapercayaan rakyat
Umpaminipun ingkang tiyang modern asring dipunwastani
takhayul, kawujud saking pernyataan ingkang asipat lesan
dipunwuwuhi kaliyan owah isarat ingkang dipunanggep
nggadhahi surasa gaib.
2) Teater rakyat
Teater rakyat inggih punika teater ingkang dipunproduksi
dening rakyat, tanpa wonten ingkang nyandhang dana, kangge
kekarepanipun insidentil, gesang lan ngrembaka ing
satengahipun bebrayan.
3) Permainan rakyat
Permainan rakyat kalebet folklor amargi dipungadhahi
lumantar lesan. Dolanan brayat (folk game) kapantha dados
kalih golongan ageng inggih punika dolanan kangge dolanan
(play) lan dolanan kangge tanding (game).
Dolanan kangge dolanan sipatipun anamung kangge ngisi
wekdal senggan utawi rekreasi. Menawi dolanan kangge
tanding kirang nggadhahi sipat kasebat amargi nggadhahi sipat
siasat (game of strategy), kaprigelan fisik (game of physical
skill), lan untung-untungan (game of change) (Roberts, Arth,
lan Bush lumantar Danandjaja, 2007: 171).
4) Adat istiadat
Adat istiadat, kalebet folklor saperangan lesan amargi adat
istiadat punika tata kelakuan ingkang kekal lan turun-tumurun
saking generasi setunggal tumuju generasi sanes minangka
warisan, saengga kiyat integrasinipun kaliyan solah bawanipun
bebrayan.
5) Tarian rakyat
Tarian rakyat inggih punika tarian ingkang gesang lan
ngrembaka ing satunggalipun daerah. Tuladhanipun tari
gambyong saking Jawa Tengah, tari pendet saking Bali, lan
sanes-sanesipun.
6) Upacara
Upacara kalebet folklor saperangan lesan amargi piranti
(miturut adat istiadat) rantamanipun padamelan utawi solah
bawa ingkang kaiket tumrap tatanan tartamtu miturut adat
utawi agami.
7) Pesta rakyat
Pesta rakayat kalebet folklor saperangan lesan amargi pesta
rakyat punika pasamuan ngunjuk lan dhahar ingkang
kawontenan satengahing brayat nalika wonten prayaan punapa
kemawon. Kadosta: sedekah laut, sedekah bumi, lan sanes-
sanesipun.
Adhedhasar katrangan ing inggil punika saged paring
dudutan, bilih Upacara tumpeng sanga kalebet folklor
saperangan lesan. Bebrayan pitados Tumpeng punika saged
paring berkah, kaslametan sarta punapa ingkang dipunsuwun
saged kalampahan.
c. Folklor Boten Lesan (non verbal folklore)
Folklor boten lesan punika folklor ingkang wujudipun
boten lesan. Klompok ageng punika saged kaperang dados kalih,
inggih punika material lan sanes material. Ingkang material
antawisipun: arsitektur rakyat, karajinan tangan rakyat, pakaian,
lan hiasan tubuh, makanan lan minuman, sarta obat-obatan
tradisional, bunyi isyarat kangge komunikasi rakyat, kasebat
kentongan lan gendang.
Panjlentrehan ing inggil punika bilih ing Upacara tumpeng
sanga kalebet folklor boten lesan ing jinis material. Amargi
tumpeng punika satunggaling jinis material awujud panganan
ingkang nggadhahi makna simbol.
C. Upacara Slametan Lan Tumpeng
1. Pangertosan Upacara lan Slametan
Bebrayan Jawi ngawontenaken upacara slametan nggadhahi
ancas. Ancasipun supados angsal kaslametan lan minangka wujud roas
syukur ing ngarsanipun Allah SWT. Slametan minangka versi Jawi
salebeting upacara kaagamaan ingkang umum ing dunya
nglambangaken mistis lan sosial (Geertz, 1959: 13).
Miturut Koentjaraningrat (2004: 347) upacara lan slametan
punika wonten gandeng-cenengipun kaliyan kapitadosan.
Saperanganing tiyang Jawi wonten ingkang pitados bilih slametan
boten saged uwal saking unsur-unsuripun mahluk gaib utawi mahluk
alus. Mahluk halus kadosta memedi, lelembut, tuyul, demit, lan sanes-
sanesipun. Miturut kapitadosan bebrayan mahluk-mahluk halus
kasebat saged maringi kamulyaan, kaslametan. Ananging kosok
wangsulipun, kapitadosan punika saged ewah minangka dados lelayu.
Wondene kangge panganut agami Islam Jawi ingkang taat anamung
pitados maring ngarsanipun Gusti Allah SWT lan kanjeng Nabi
Muhammad SAW. Pramila kedah taat nglampahi ajaran-ajaran saking
agami Islam, antawisipun sholat, pasa, zakat lan sanes-sanesipun.
Slametan inggih punika upacara dhedhaharan sareng-sareng lan
dipunparingi donga saderengipun dipunparingaken. Slametan kagolong
wonten sekawan jinis inggih punika:
a. slametan salebeting pagesanganipun manungsa, kadosta
tingkeban, mitoni, lelayu, khitanan lan sanes-sanesipun.
b. slametan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan resik-resik
dhusun
c. slametan ingkang gegayutan mawi dinten-dinten riyadi utawi
wulan- wulan Besar Islam, kadosta Maulud Nabi, Idul Fitri, Idul
Adha lan sanes-sanesipun.
d. slametan ingkang wekdalipun boten tamtu, kadosta nggadhahi
griya enggal, ngruwat, kaul lan sanes-sanesipun (Geertz, 1959: 38).
2. Pangertosan Tumpeng
Tumpeng minangka sajian khas Indonesia mliginipun bebrayan
Jawa, Bali. Tumpeng asring dipunginakaken kangge syarat upacara
adat. Umumipun upacara adat inggih punika upacara lelayu, upacara
mitoni, upacara temanten lan sanes-sanesipun. Wujudipun tumpeng
kangge upacara adat kathah sanget. Sadaya gumantung tata cara ing
acaranipun.
Tumpeng inggih punika tumpukan sekul wujudipun krucut,
kadosta gunung. Wujud punika nggadhahi makna. Tumpeng minangka
simbol ekosistem ing pagesangan. Wujud ingkang ngrucut minangka
pralambang saking kaagunganipun Allah SWT. Isinipun tumpeng ugi
wonten maknanipun. Punika nglambangaken sadaya saisinipun ing
alam donya.
Warni tumpeng kalarumiyin anamung pethak kemawon.
Saniki kathah modifikasi warni, saengga makna sakralipun sakedik
ical. Tumpeng saniki dados panjangkep kemawon, boten
dipunwigatosaken makna utawi filosofinipun. Jinis-jinisipun tumpeng
wonten pitu inggih punika:
a. Tumpeng Robyong
Tumpeng Robyong punika asring kangge upacara siraman
ing temanten adat Jawi. Tumpeng Robyong kadamel saking sekul,
katumpeng, kalebetaken ing cething, tinancepan ulam-ulam.
Tumpeng ugi katancepan gereh pethek, krupuk urang, jejanganan,
lombok, kacang lanjar, ijo-ijo, terong lan sesekaran. Punika
gegambaran gegayuhan tumpeng sagedipun kasembadan, mawi
kasengkuyung rinobyong-robyong, sakathahing sesaji lan
kawontenanipun pirantos wilujengan (Soeranto lan Mulyani, 2004:
56).
Tumpeng robyong ing slametan pangaten miturut Kitab
Primbon Adammakna (2008: 29) bilih ing tumpeng robyong
wonten tigan godhogan sakulite dipunsunduk ngagem sujen, ing
inggilipun tigan trasi bakaran lajeng brambang, ing inggilipun
piyambak lombok. Sundukan punika dipuntancepaken ing
pucukipun tumpeng sarta ing sakiwa tengenipun dipuntancepi
sawarnanipun jejanganan. Kanthi tumpeng punika katon rompyo-
rompyo. Amargi kathah sesundukan ingkang sami tinancepan wau.
Sarta wonten tumpeng gundhul inggih punika tumpeng ingkang
boten wonten lelawuhanipun.
b. Tumpeng Nujuh Bulan (Mitoni)
Tumpeng punika kangge syukuran tiyang estri ingkang
wawrat. Tumpeng punika warninipun pethak, dipundelehaken ing
tampah. Tampah dipuntlasari mawi godhong gedhang. Tumpeng
ugi dipunparingi jejanganan ijo-ijo lan ulam. Tumpeng katata,
dipundelehaken ing tengah lan dipunubengi tumpeng alit
cacahipun enem.
c. Tumpeng Pungkur
Tumpeng punika kangge upacara Lelayu (kematian).
Isinipun sekul pethak ingkang dipunubengi jejanganan ijo-ijo.
Tumpeng dipuniris vertikal anggenipun delehaken kedah
mungkuri.
d. Tumpeng Pethak
Tumpeng punika asring kangge acara sakral. Amargi warni
pethak nglambangaken kesucian. Tumpeng pethak dipunsukani
pitik ingkung, tempe, tahu lan gereh petek.
e. Tumpeng Sekul Kuning
Tumpeng punika asring kangge acara kadosta: kelairan,
ulang taun, khitanan, pertunangan, temanten, tolak balak lan
sanes-sanesipun. Isinipun tumpeng sami kaliyan tumpeng
umumipun. Anamung dipunsukani bergedel, kering-keringan,
abon, irisan ketimun. Warni kuning ing tumpeng suraos kekayaan
lan moral ingkang luhur.
f. Tumpeng Sekul Uduk
Tumpeng punika asring kangge pengetan Maulud Nabi
utawi tumpeng tasakura. Tumpeng raosipun gurih, isinipun pitek
ingkung bumbu aren, lalapan, rambak, kedele cemeng lan sanes-
sanesipun.
g. Tumpeng Seremonial utawi Tumpeng Modifikasi
Tumpeng punika sagedipun wastani tumpeng suka-suka.
Gumantung raos kita piyambak amargi boten dipunwigatosaken
makna filosofinipun.
(http:\\ncc.blogsome.com\2006\06\14\228\trackback).
Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika, saged dipundudut
bilih ing upacara tumpeng sanga kagolong jinising slametan ingkang
gegayutan mawi wulan-wulan Besar Islam inggih punika malam wulan
Idul Adha, surya 10 Dhulhijjah tabuh 19.30 dalu. Ing isinipun slametan
wonten tumpeng ingkang cacahipun sanga. Tumpeng setunggal ageng
awujud Masjid Agung Demak. Ing lebetipun tumpeng ageng wonten
tumpeng alit werni pethak, jejanganan, ulam, lan sanes-sanesipun.
Tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sekul
golongipun. Sekul golong punika ingkang dipunparingaken dhumateng
bebrayan mliginipun bebrayan Demak.
D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan
1. Pangertosan Adat lan Tradhisi
Ing salebetipun kabudayaan wonten peradapan, adat lan
tradhisi. Adab dipungayutaken kaliyan budaya saengga dados adab
budaya. Tembung adat dipungabungaken kaliyan tradhisi dados adat
tradhisi. Pramila adat lan tradhisi nggadhahi pangertosan ingkang
sami.
Miturut Bastomi (1995: 11) Adat nyangkup pranata ingkang
ngatur solah bawanipun manungsa salebeting pandukung tiyang
setunggal lan sanesipun. Pranata punika mujudaken kalaziman,
kasusilaan ingkang gesang ing tengah-tengahipun bebrayan saking
pamuka adat. Adat punika sipatipun patuh, laras, sarta harmoni
ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan kahanan antawis
setunggal lan sanesipun.
Adat inggih punika sadaya aturan lan hukum ingkang kaserat,
boten dipunbukuaken ingkang nyangkup ing sadaya aspek pagesangan.
Adat nemtokaken hal ingkang sae lan boten kangge warga
bebrayanipun. Pramila anggenipun adat wonten larangan lan kedah
boten saged dipunlanggar. Tiyang ingkang nglanggar adat,
piyambakipun rumaos lepat lan dosa. Amargi adat sampun dipuntampi
lan dipunpitadosi dening warga bebrayanipun. Adhedhasar
kapitadosan adat ingkang dipunlanggar punika nekakaken ingkang
awon sipatipun gaib.
Adat lan tradhisi minangka kasatuan kolektif saperangan
bebrayan, sipatipun wiyar. Manungsa piyambak ingkang damel
tradhisi ingkang saged katampi, kaewah. Wonten bentenipun antawis
adat, tradhisi lan kabudayaan. Bilih adat lan tradhisi punika
dipunrumusaken saking punapa ingkang ideal, kekal, aktual, ananging
kabudayaan asring remen ningkataken punapa ingkang dipunasilaken
saking generasi lami (Bastomi, 1995: 14).
2. Pangertosan Kabudayaan
Miturut Koentjaraningrat (2004: 9) Tembung kabudayaan
asalipun saking tembung sanskerta buddhayah. Tegesipun wujud
jamak saking buddhi suraosipun budi utawi akal. Kabudayaan inggih
punika sadaya gagasan lan karya manungsa kedah mawi sinau, sarta
sadaya punika saking asil budi lan karyanipun.
Budaya inggih punika wujud jamak saking tembung budi lan
daya, tegesipun cinta, karsa, lan rasa. Tembung budaya ugi asalipun
saking basa sanskerta budhayah jamak tembung buddhi, tegesipun
budi utawi akal. Miturut E. B. Tylor kabudayaan inggih punika sadaya
perangan ingkang kompleks ngengingi antawis kaweruh, kapitadosan,
kesenian, moral, kailmuan, hukum, adat istiadat lan kaprigelan
sanesipun saking manungsa lan bebrayan (M. Setiadi, dkk, 2007: 27).
Bebrayan nggadhahi kabudayaan ingkang boten sami kaliyan
bebrayan sanesipun. Indonesia punika kagolong antawis suku bangsa
ingkang benten-benten, ananging saben kabudayaan nggadhahi titikan
utawi sipat ingkang sami. Sipat punika boten dipuntegesi sacara
spesifik ananging asipat universal. Manungsa ing pundi kemawon
boten bentenaken faktor ras, lingkungan alam, utawi pawiyatan
ingkang sipatipun budaya.
Kabudayaan nggadhahi sipat wonten ing pundi kemawon,
amargi punika kangge sadaya budaya. Sipat hakiki saking kabudayaan
kasebat antawisipun:
a. Budaya saged kawujud lan kalampahan kanthi sae, punika saking
solah bawanipun manungsa.
b. Kalarumiyin budaya sampun wonten ing saperangan generasi
tartamtu, sinaosa budaya generasi kasebat boten saged pejah.
c. Budaya dipunpikajengaken dening manungsa, lan kawujud ing
solah bawanipun piyambak.
d. Budaya wonten aturan-aturan ingkang isinipun kawajiban-
kawajiban, tindakan-tindakan ingkang dipuntampi lan boten
katampi, lan tindakan-tindakan ingkang angsal idin lan boten
dipunidini (M. Setiadi, dkk, 2007: 32-34).
Kabudayaan boten anamung nggadhahi sipat, ananging
kabudayaan ugi nggadhahi tigang wujud inggih punika:
a. Wujud kabudayaan minangka satunggalipun komplek saking ide-
ide, gagasan, nilai-nilai, norma-norma, peraturan lan sanes-
sanesipun.
b. Wujud kabudayaan minangka satunggalipun komplek aktivitas
lelakunipun saking manungsa ing salebeting bebrayan.
c. Wujud kabudayaan minangka benda-benda saking asilipun karya
manungsa.
Wujud sapisan inggih punika wujud idel saking kabudayaan.
Sipatipun abstrak, boten saged dipunraba utawi dipunphoto.
Papanipun wonten ing mustaka utawi pangandikan sanes, ing
salebetipun alam pamikir saking warga bebrayan ing pundi
kabudayaan punika gesang. Gegayutan mawi warga bebrayan bilih
gagasan punika dipunserat, mila papan saking kabudayaan ideel
punika wonten ing salebeting karangan lan buku-buku asil karya para
panyerat warga bebrayan. Kabudayaan ideel ugi kathah kasimpen
wonten disk, tape, arsip, koleksi microfilm lan microfish, kartu
computer lan sanes-sanesipun.
Kabudayaan ideel punika saged dipunsebat adat kelakuan utawi
adat istiadat. Kawastanan tata kelakuan tegesipun bilih kabudayaan
ideel fungsinipun dados tata kelakuan ingkang ngatur, ngendaliaken
lan nyukani arahan kaliyan manungsa ing bebrayan. Fungsi saking
punika sacara mligi adat kaperang saking pinten-pinten lapisan inggih
punika abstrak kadosta sistem boboting budaya lan konkret kadosta
sistem hukum.
Wujud kaping kalih saking kabudayaan dipunwastani sistem
sosial, ngengingi solah bawanipun saking manungsa punika
piyambak. Sistem sosial punika antawis saking aktivitas-aktivitas
aduarep manungsa, sesambetan, lan sesrawungan kaliyan setunggal
lan sanesipun adhedhasar saking adat tata kelakuan. Pramila sistem
sosial sipatipun konkret.
Wujud kaping tiga saking kabudayaan dipunsebat kabudayaan
fisik lan betahaken katrangan kathah. Wujud punika minangka sadaya
asil fisik saking aktivitas, karya manungsa salebeting bebrayan.
Pramila sipatipun langkung konkret lan arupi benda-benda ingkang
saged dipunraba, dipunmersani lan dipunphoto.
Dene sadaya kabudayaan saking wujud tiga kasebat boten
saged uwal saking setunggal lan sanesipun. Kabudayaan ideel lan
adat istiadat punika ngatur lan nyukani arahan dhumateng karyanipun
manungsa. Umpaminipun pikiran-pikiran sae lan ide-ide ingkang
ngasilaken benda-benda kabudayaan fisik lan karya manungsa
(Koentjaraningrat, 2004: 5-7).
Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih adat lan
tradhisi Grebeg Besar minangka warisan budayanipun bebrayan
Demak. Pramila kedah dipunlestantunaken. Amargi saking
kabudayaan punika wonten upacara slametanipun. Upacara punika
naminipun upacara Tumpeng Sanga. Upacara tradhisi punika wujud
kabudayaan ingkang kaadani saben wulan Idul Adha, surya 10
Dzulhijjah.
BAB III
METODHE PANALITEN
A. Sasaran Panaliten
Sasaran panaliten punika inggih punika Upacara Tumpeng Sanga.
Ing panaliten punika ingkang dipunkaji ngengingi wujud, tandha, lambang
utawi simbol lan prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi
“Grebeg Besar” Demak.
B. Jinising Panaliten
Magepokan mawi momotan panaliten ingkang dipunkaji. Pramila
panaliti migunakaken jinising panaliten kualitatif. Panaliten kualitatif
inggih punika panalitian ingkang ngginakaken pendekatan folklor ingkang
awujud folklor boten lesan jinising material arupi panganan inggih punika
Tumpeng Sanga.
Miturut Endraswara (2003: 62) bilih panalitian kualitatif folklore
ingkang utami inggih punika asil panyajianipun saking tembung-tembung
utawi ukara ing salebetipun struktur logik, saengga saged ngandharaken
fenomena budayanipun. Ing fenomena budaya punika nggadhahi realitas
langkung nyata.
Kangge nganalisis punika ugi ngginakaken pendekatan
strukturalisme Levi-Strauss. Pendekatan punika ngengingi bilih basa
punika wonten gandeng cenengipun kaliyan kabudayaan. Dene
sesambetan punika saged madosi semiotikanipun inggih punika wujud,
tandha lan makna lambangipun. Kanthi cara punika saged ngasilaken
dhata ngengingi upacara Tumpeng Sanga satunggaling pangrembag
semiotika.
C. Wekdal lan Papan Panaliten
Papan panaliten wonten ing Tlatah Bintoro Demak, ingkang
mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang Kidul lan 110 27’
58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan. Sacara administratif wiyar wilayah
Kabupaten Demak inggih punika 89. 743 hektar. Ingkang kaperang dados
14 Kecamatan lan 243 Desa lan 6 kalurahan. Ing Kecamatan Demak wiyar
wilayahipun nggadhahi 19 desa salah satunggalipun inggih punika Tlatah
Bintoro Demak minangka dados papan panalitenipun.
Prosesi upacara Tumpeng Sanga papanipun langkung rumiyin
wonten ing Pendopo Kabupaten Demak kalajengaken dipuniring wonten
ing Masjid Agung Demak. Wekdal Surya 10 Dzulhijjah (Idul Adha), tabuh
19. 30 dalu.
D. Sumber Dhata
Sumber dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten punika
kaperang dados kalih inggih punika:
1. Dhata Primer
Minangka dhata ingkang dipunasilaken panaliti lumantar
wawancara. Wawancara punika kaliyan ingkang damel tumpeng sanga
Bapak Rohmat (28 taun) lan Ibu Farida (39 taun), pihak Kepala Bidang
Budaya Lan Seni Ibu Isowarni, S.Sos. (51 taun), pihak Dinas
Pariwisata lan Kabudayaan Demak Bapak Santo (49 taun) lan
wawancara kaliyan bebrayan ingkang nate ningali ugi mangertos
babagan upacara tradhisi punika.
2. Dhata Sekunder
Sumber dhata sekunder inggih punika sumber ingkang kaserat
saking pinten-piten sumber utawi mediya. Sumber punika antawisipun:
Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa, Makna, dan Tanda
(Ahmad, Asep Hidayat), Sejarah dan Legenda Grebeg Besar Kota Wali
Demak (A. kasah, Hamid), Bausastra Jawa (Atmodjo, S. Prawiro),
Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa (Ahmad, Asep Hidayat),
Seni Dan Budaya Jawa (Bastomi, Suwaji), Folklor Indonesia
(Danandjaja, James), Metodologi Penelitian Kebudayaan (Endraswara,
Suwardi.), Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa (Geertz,
Clifford), Simbolisme dalam Budaya Jawa (Herusatoto, Budiono),
Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan (Koentjaraningrat.),
Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia (Koentjaraningrat),
Metodologi Penelitian Kualitatif (Moleong, J. Lexy), Ilmu Sosial dan
Budaya Dasar (M Setiadi, Elly), Kitab Primbon Betaljemur
Adammakna (R. Soemodidjojo), Sejarah Demak Matahari Terbit di
Glagah Wangi (Semedi, Pujo dan Kasri, Khafid), Budaya Jawi
(Soeranto dan Mulyani, Sri), Fungsi dan Makna Simbolis Genta di
Jawa Tengah.( Suhartati, dkk), Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif
(Sumaryanto F, Totok), Serba-Serbi Semiotika (Zoes Aart Van dan
Sudjiman Panuti), lan wonten dhata saking Dinas Pariwisata
Kabupaten Demak (Upacara Grebeg Besar di Kabupaten Demak).
.
E. Teknik Pangumpulan Dhata
Teknik pangumpulan dhata inggih punika teknik ingkang
migunakaken pendekatan kualitatif kangge ngempalaken dhata–dhata ing
panyusunan skripsi punika. Pramila teknik pangumpulan dhata ingkang
dipunginakaken inggih punika:
1. Observasi
Observasi inggih punika satunggalipun metode utawi cara
kangge ngasilaken dhata kaliyan ngamati objek ingkang dados
momotan prakawisipun. Panaliti boten anamung njingglengi objek
sacara langsung kemawon. Supados gamblang panaliti ugi njingglengi
kahanan wonten ing rekaman video upacara tumpeng sanga tradhisi
Grebeg Besar. Observasi punika ngasilaken dhata primer ingkang
wigati, akurat, lan objektif.
2. Studi Pustaka
Studi pustaka inggih punika teknik pangumpulan data ingkang
dipunpundhut kanthi cara madosi saking maneka warni sumber kaserat
saking buku-buku umum utawi makalah-makalah ingkang jumbuh
kaliyan panaliten punika.
Sumber ingkang katulis lan jumbuh kaliyan panaliten punika,
dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber sanesipun. Saengga
validitasipun kajamin, saking studi pustaka punika saged ngasilaken
dhata sekunder.
3. Teknik Wawancara
Wawancara inggih punika wujud komunikasi verbal ingkang
awujud pacelathon lan katindakaken kaliyan kalih tiyang. Inggih
punika pewawancara (interviewer) lan ingkang dipunwawancarai
(interviewee) kanthi ancas angsal informasi (Moleong, 2002: 135 ).
Anggenipun wawancara punika kangge maringi dhata ingkang
sipatipun mligi. Pitakenan ingkang dipuntangletaken inggih punika
pitakenan ingkang fokus kaliyan objek ingkang dipuntaliti.
4. Dokumentasi
Dokumentasi inggih punika cara pangempalan dhata mawi
mundhut gambar (foto-foto) ingkang dipunpikajengaken, kangge
pandukung ing dhata panaliten. Sarta dados bukti ngengingi jejibahan
ingkang wonten ing Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi
“Grebeg Besar “ Demak.
F. Piranti Pangumpulan Dhata
Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata kedah
jumbuh kaliyan sumber dhata lan teknik pangumpulan dhata. Saking
punika piranti ingkang dipunginakaken inggih punika:
a. Alat perekam ( tape recorder )
b. Kamera HP
c. Catatan lapangan
G. Teknik Analisis Dhata
Proses analisis dhata kawiwitan kanthi nelaah sadaya dhata. Milles
lan Huberman ngandharaken bilih dhata saking panaliten kualitatif awujud
tembung-tembung boten angka. Dhata punika dipunkempalaken kanthi
pinten-pinten cara, antawisipun wawancara, intisari dokumen, pita
rekaman, pencatetan, pengetikan lan sanes-sanesipun. Analisis punika
migunakaken tembung-tembung ingkang kasusun ing salebetipun teks.
Teknik analisis dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih
punika analisis ingkang ngliputi tigang tahapan inggih punika reduksi
dhata, sajian dhata, lan dudutan utawi verifikasi. Analisis punika
lumampah saking tigang tahapan punika (Sumaryanto F, 2007: 106-107).
Bagan Siklus Analisis Dhata Kualitatif
Sumber: Analisi dhata kualitatif (Miles lan Huberman, 1992).
Pangumpulan dhata
Reduksi dhata
Sajian dhata
Dudutan
Tahap pangumpulan dhata punika migunakaken wawancara
lumantar informan. Dhata saking informan setunggal lajeng
dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Dados
panaliti saged ngasilaken dhata ngengingi Upacara Tumpeng Sanga
Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Demak ingkang dados momotan
panaliten.
BAB 1V
PANGREMBAG ASILING PANALITEN
A. Deskripsi Dhata
1. Wilayah Bintoro Demak
Bintoro Demak minangka papan ingkang dipundadosaken
objek ing panaliten. Bintoro Demak nggadhahi tradhisi budaya salah
satunggalipun Grebeg Besar. Prosesi ing Grebeg Besar wonten upacara
naminipun wilujengan tumpeng sanga. Tumpeng sanga salebeting
tradhisi Grebeg Besar punika wonten wujud, tandha lan makna
lambang utawi simbolipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan
Demak.
Demak, minangka salah satunggalipun kabupaten ing Jawa
Tengah ingkang mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang
Kidul lan 110 27’ 58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan, ingkang nggadhahi
wiyar wilayah inggih punika 89. 743 hektar. Kabupaten Demak
kaperang dados 14 kecamatan, 243 desa lan 6 kalurahan. Saking
sekawan welas Kecamatan punika salah satunggalipun inggih punika
kecamatan Demak ing kabupaten Demak ingkang nggadhahi wates
wilayah inggih punika:
a. Ing iring ler winatesan kaliyan kecamatan Bonang, kecamatan
Wedung
b. Ing iring wetan winatesan kaliyan kecamatan Gajah, kecamatan
Karanganyar
c. Ing iring kidul winatesan kaliyan kecamatan Wonosalam
d. Ing iring kilen winatesan kaliyan kecamatan Karang tengah.
Sacara administratif wiyar wilayah kecamatan Demak inggih
punika 61,13 km2, kaperang saking 19 Desa salah satunggalipun
Bintoro Demak. Tlatah Bintoro Demak kaperang saking 5 dhusun, 12
Rukun Warga (RW) lan 93 Rukun Tetangga (RT). Penduduk ing
Bintoro Demak cacahipun langkung kathah, katingal saking jinising
kelamin inggih punika jaler lan estri. Dipunpriksani saking cacahipun
penduduk mayoritas agaminipun islam ngantos 99, 19 persen lan
agami Kristen katholik ngantos 0, 77 persen lan agami Hindu utawi
Budha ngantos 0, 04 persen.
Kahanan ingkang wonten ing Bintoro Demak saged
dipunpriksani sacara umum ing pakaryanipun. Saking pakaryanipun
wonten ingkang dados dwija, bakul, tani, buruh lan saperangan dados
PNS. Kangge sarana pendidikan ingkang wonten inggih punika
Pondok pesantren, Madrasah Ibtidakiyah (MI), Sekolah Dasar (SD),
Madrasah Tsanawiyah (MTS), Sekolah Menengah Pertama (SMP),
Sekolah Menengah Atas (SMA) lan Madrasah Aliyah. Kangge
nindakaken jejibahan saben dintenipun bebrayan Demak migunakaken
sarana transportasi. Sarana transportasinipun antawisipun sepedha,
motor, mobil lan sanes-sanesipun. Wonten sarana sanesipun kangge
pikantuk informasi kanthi cepet, saperangan warga wonten ingkang
nggadhahi radio, televisi, handphon minangka dados sarana
komunikasinipun. Dene sarana kangge kesenian lan kabudayaan
kagolong becik.
Kesenian lan kabudayaan ingkang wonten inggih punika arupi
wayang, rebana, tarian jipin ugi tradhisi upacara inggih punika upacara
iring-iringan wilujengan tumpeng sanga ingkang kaadani saben
setunggal warsa sapisan.
2. Asalipun Tumpeng Sanga ing Tradhisi “Grebeg Besar” Demak
Bebrayan Demak kathah ingkang boten mangertos asalipun
tumpeng sanga punika. Pramila saged kaandharaken bilih jaman
kalarumiyin para raja Jawa asring ngawontenaken slametan utawi
wilujengan nagari. Wilujengan punika kangge pesta kurban saben
warsa enggal. Ancasipun wilujengan nagari punika supados raja lan
rakyat dipunparingi kaslametan. Rajanipun inggih punika raja weda lan
raja meda, tegesipun kitab suci raja utawi kebijakan raja. Pahargyan
kados punika sampun wonten wekdal pamerintahan raja Hayam
Wuruk Majapahit. Pahargyan punika minangka tradhisi arupi
persembahan sesaji dhumateng para Dewa kanthi mantra-mantra.
Ancasipun kangge kurmati arwah para leluhur lan kaslamatan Nagari.
Wekdal kerajaan Majapahit runtuh kalajengaken mawi
kerajaan Islam Demak rajanipun Raden Pattah, kanthi gelar Kanjeng
Sultan Raden Abdul Pattah Al Akbar Sayyidin Panatagama. Baginda
boten remen tradhisi upacara punika, amargi ing upacara punika boten
leres lan katentang kanthi ajaranipun Islam. Ananging kathah bebrayan
boten sarujuk saking kaputusanipun Raden Pattah. Upacara punika
sampun dados kapitadosanipun bebrayan piyambak.
Kaarifan para Wali lan Raden Pattah upacara tradhisi kurban
punika dipunwontenaken malih. Ing upacara punika dipunewahi kanthi
dipunparingi jejibahan dhakwah Islamiyah. Para wali sarujuk bilih
Sunan Kalijaga ngrembakakaken upacara punika kanthi ngungelaken
gangsa. Gangsa punika dipunungelaken wonten ing Masjid Agung
Demak. Saking ungelipun gangsa narik kawigatinipun para bebrayan
Demak. Bebrayan ingkang mersani kedah maosaken kalih kalimah
syahadat inggih punika Asyhadu alla ilaaha illallah lan Wa asyhadu
anna Muhammadar Rasuulullah. Pramila saking punika bebrayan
sampun dados tiyang muslim.
Upacara kurban langkung prayogi dipunewahi dados Upacara
tradhisi Grebeg. Tradhisi Grebeg punika dipungayutaken kaliyan
dinten Islam inggih punika Grebeg Syawal, Grebeg Besar lan Grebeg
Maulud. Para wali mundhut upacara punika dados upacara Grebeg
Besar ingkang kalampahan kawit wulan Besar (Idul kurban).
Saben upacara Grebeg, Sultan nyukani sedhekah inggih
punika arupi tumpeng. Tumpeng punika dipundamel cacahipun kanthi
sanga, supados para bebrayan Demak kemut kaliyan jasa-jasanipun
para wali. Tumpeng sanga punika salah satunggalipun wonten
ingkang awujud maket Masjid Agung Demak. Tumpeng ingkang wolu
wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sega golongipun. Tumpeng
sanga nglambangaken wali ingkang damel Masjid Agung Demak
inggih punika Wali sanga. Miturut para bebrayan Demak bilih
kawontenanipun tumpeng sanga punika supados daganganipun lares,
dipunsukani kaslametan dunya akhirat lan panyuwun sanes-sanesipun
dipunijabahi.
3. Prosesi Upacara Iring-iringan Tumpeng Sanga Demak
Upacara tumpeng sanga kawiwitan tabuh 19.30 dalu ing suya
10 Dzulhijjah. Urut-urutanipun prosesi upacara iring-iringan tumpeng
sanga inggih punika:
Kaping sepisan, saderengipun tumpeng sanga dipuniring
langkung rumiyen dipunkempalaken wonten ing Pendopo Kabupaten
Demak. Kalajengaken wonten tarian jipin lan tembang islami
(sholawatan) saking para santri. Tarian jipin lan tembang punika
minangka dados hiburan kemawon.
Kaping kalih, laporan seksi upacara kaagamaan dening Bapak
Drs. Amsori minangka kepala kantor Departemen agama Kabupaten
Demak kanthi penghormatan dhumateng Bupati Demak inggih punika
Bapak Drs. H. Taftah Zani, MM.
Kaping tiga, acara pambuka saking Bupati Demak kawiwitan
kanthi waosan Basmalah lan Allahu Akbar. Kalajengaken iring-iringan
tumpeng sanga lumaku saking Pendopo kabupaten Demak tumuju ing
Masjid Agung Demak.
Saben klompok ingkang ngiring inggih punika klompok
satunggal wonten ingkang beta spanduk, vandel, manggar, ghendera,
tiyang ingkang dados para wali sanga, tumpeng ageng setunggal,
tumpeng alit wolu, ing wingkingipun group rebana kanthi
nembangaken tembang ilir-lir, ing iring kiwa lan tengen barisan
wonten ingkang beta obor, lan para tamu undhangan ugi para
pengunjung, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Setiap kelompok yang mengiring yaitu yang pertama kelompokyang membawa spanduk, vandel, manggar, bendera, para wali sanga,tumpeng ageng satu, tumpeng kecil delapan, dibelakangnya grouprebana dengan melantunkan lagu ilir-ilir, untuk barisan kanan dan kiriada yang membawa obor dan para tamu undangan juga parapengunjung (Rohmat: 9 Juni 2010).
Iring-iringan tumpeng sanga saben lumaku nembangaken
tembang ilir-lir. Tembanganipun kados ing andhap punika.
Ilir-ilir tandure wis sumilir
Tak ija raya-raya tak sengguh penganten anyar
Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dhadhatira
Dhadhatira-dhadhatira kumitir bedhahing pinggir
Dhandhamana jlumatama kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane
Ya suraka, surak hiye.
Maknanipun menawi dipuntlusuri nggambaraken
ngerembakanipun agama Islam. Agama ingkang dipunsiaraken dening
para wali sampun kawit bangkitipun (wis sumilir) ingkang sansaya
dangu sansaya subur (raya-raya), amargi dipuntampi para pengembala
ingkang ngibarataken umat Islam (cah angon-cah angon), nglampahi
sholat gangsal wekdal sadinten sadalu (woh-wohan blimbing seginipun
gangsal) senajan awrat nglampahi punika, (lunyu-lunyu peneken)
kangge nyempurnakaken agamamu (dhodhot, busana, ageman,
dipunibarataken agama Islam). Dene imanmu tasih goyang, kahanan
ingkang ngewatiraken (tepinipun compang camping) kasempurnakaken
kanthi sasae-saenipun (dhandhamana jlumatana) kangge ngadhep Allah
ing dinten akhir samangke (kangge seba mengko sore), sanajan tasih
wonten kalodangan urip ing dunya ginakaken kanthi sukacita (surak
hiye).
Kaping sekawan, sasampunipun dugi ing Masjid Agung Demak,
acara wilujengan tumpeng sanga kawiwitan kanthi pengajian umum
kalajengaken dedunga, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Acara selametan tumpeng sanga diawali dengan pengajianumum diteruskan dengan pembacaan doa (Isowarni: 10 Juni 2010).
Kaping gangsal, acara panutup inggih punika pemotongan
tumpeng dening Bupati, wujudipun tumpeng kaperang wonten sanga
inggih punika tumpeng ageng setunggal arupi maket Masjid Agung
Demak lan tumpeng alit cacahipun wolu arupi wujud kerucut. Saking
wolu tumpeng punika salebetipun wonten sega golong. Sega golong
wujudipun bunder utawi sega ingkang dipunkepel-kepel ginakaken asta.
Kalajengaken dipunbuntel kaliyan godhong gedhang kalajengaken
tumpeng ingkang wolu isinipun sega golong saged dipunbagiaken para
pengunjung.
Cara damelipun tumpeng sanga inggih punika tumpeng ingkang
ageng arupi maket Masjid Agung Demak dipundamel bahanipun triplek
lan kayu. Atapipun tumpeng Masjid dipundamel kanthi susun tiga mirip
mawi pure Hindu. Cendhelanipun tumpeng Masjid dipundamel
cacahipun nenem lan kori tumpeng Masjid cacahipun gangsal.
Kalajengaken dipunsukani cat pewarna supados katon sae kados Masjid
Agung Demak samesthinipun, kados asil wawanrembag ing andhap
punika:
Cara membuat tumpeng yaitu tumpeng yang besar berupa maketMasjid Agung Demak, biasanya dibuat dengan triplek dan kayu.Atapnya tumpeng Masjid dibuat susun tiga seperti pure Hindu.Jendelanya tumpeng Masjid enam dan pintu tumpeng Masjid jumlahnyalima. Setelah jadi diberi cat pewarna supaya kelihatan indah sepertiaslinya (Rohmat: 9 Juni 2010).
Dene tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut. Dipundamel
saking pring dipunketoki dhuwuripun kinten-kinten 50 cm.
Kalajengaken dipunrangkai kayakta wujud kerucut. Tutupipun
dipundamel mawi kertas semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan
dipunhiasi kertas warni supados katon menarik. Supados tumpeng
ingkang ageng punapa ingkang alit saged dipunpanggul, dipunsukani
kalih pring kiwa tengen ingkang tengah-tengahipun dipunsukani
tampah. Tampah punika kangge ndekekaken isi tumpeng, kados asil
wawanrembag ing andhap punika:
Delapan tumpeng kecil yang berbentuk kerucut terbuat daribambu yang dipotong-potong kecil tingginya 50 cm. Kemudiandirangkai menyerupai bentuk kerucut. Kemudian ditutup dengan kertassemen setelah itu dicat dan dihiasi kertas warna supaya kelihatanmenarik. Supaya tumpeng yang besar maupun kecil dapat dibawa ataudipanggul dikasih dua bambu kanan dan kiri yang ditengahnya dikasihtampah, untuk meletakan isi tumpeng (Rohmat: 9 Juni 2010).
Saben isinipun tumpeng setunggal wujud maket Masjid Agung
Demak inggih punika: Tumpeng werni pethak, wonten jangan urap
arupi pitung werni godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper,
kol, lembayung, petet (mlanding) dipunurap dodos setunggal.
Bumbunipun inggih punika kerambil ingkang enem, trasi, uyah,
brambang, lombok, micin. Kalajengaken wonten ulam, pithek, sambel
goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu lan ngajengipun dipunsukani
gedhang raja. Dene tumpeng ingkang wolu wujud kerucut ing lebetipun
wonten sega golongipun. Sega golong inggih punika sega pethak
dipunkepel-kepel lajeng dipunbuntel godhong gedhang dipunsukani
tigan dadaran, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Isi dari tumpeng satu bentuk maket Masjid agung Demakadalah tumpengnya warna putih disitu ada jangan urapnya, jangantersebut berjumlah tujuh yaitu godhong tela, kacang panjang, kecambah,keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) selanjutnya dicampur, diurapjadi satu. Bumbunya yaitu kelapa muda, trasi, garam, brambang, cabe,dan penyedap rasa (micin). Dilanjutkan didalamnya terdapat ikan, ayam,sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu dan didepanyaterdapat pisang raja. Sedangkan tumpeng kecil isinya hanya nasigolong. Nasi golong yaitu nasi yang dibungkus dengan daun pisang dandiberi telur dadar (Farida: 11 Juni 2010).
Pramila ing prosesi upacara tumpeng sanga minangka tradhisi
ingkang sampun dangu wonten ing kitha Demak. Bebrayan kathah
ingkang ngrawuhi ing acara punika kangge ngalap berkah saking
tumpeng punika. Tumpeng ingkang cacahipun sanga kasebat
nglambangaken wali Sanga. Wilujengan punika kalaksanan kanthi
kekarepan supados sadaya bebrayan Demak dipunsukani kaberkahan,
kaslametan dunya lan akhirat.
B. Asiling panaliten
Adhedhasar observasi lan wawancara kaliyan informan sarta
bebrayan Demak. Ing panaliten punika asil temuanipun inggih punika
wujud tandha lan makna lambang ing tumpeng sanga. Tandha lan lambang
ingkang wonten ing tumpeng sanga minangka dados satunggaling
pangrembag semiotika.
Rohmat (wawancara, 9 Juni 2010) ngandharaken bilih Tumpeng
sanga nggadhahi wujud ingkang boten sami. Wujudipun tumpeng
setunggal ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng
ingkang cacahipun wolu wujuding kerucut.
Tumpeng sanga wonten tandha lan makna lambangipun. Babagan
punika badhe kaandharaken ing ngandhap punika:
1) Cendhela tumpeng Masjid ingkang cacahipun enem.
Cendhela ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak
punika minangka dados tandha. Tandha cendhela Masjid punika
dipundamel kanthi cacahipun enem. Makna lambangipun minangka
lambang saking rukun Iman inggih punika iman dhumateng Gusti
Allah SWT, iman dhumateng malaikat-malaikat Allah, iman
dhumateng kitab-kitab Allah, iman dhumateng Rosul-rosul Allah,
iman dhumateng Taqdir lan Qodar, lan iman dhumateng dinten
kiamat, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Jendela yang berjumlah enam di tumpeng berwujud MasjidAgung Demak merupakan lambang rukun iman (Santo: 8 Juni 2010).
2) Kori tumpeng Masjid ingkang cacahipun gangsal.
Kori ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak punika
minangka tadha. Tandha ing kori Masjid punika dipundamel kanthi
cacahipun gangsal. Saking kori Masjid cacah gangsal punika
minangka lambang rukun Islam inggih punika maos kalih kalimah
syahadat, nglampahi sholat gangsal wekdal sedinten sedalu,
nglampahi pasa ing wulan ramadhon, zakat lan ngibadah haji kangge
ingkang saged, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Tanda pintu maket Masjid Agung Demak jumlahnya pintu adalima, merupakan lambang rukun Islam (Santo: 8 Juni 2010).
3) Atap tumpeng Masjid cacahipun susun tiga.
Atap ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak punika
minangka dados tandha. Tandha ing atap punika dipundamel kanthi
susun tiga kados pure Hindu. Atap ingkang cacahipun tiga minangka
nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam kedah nggadhahi Iman,
Islam lan Ikhsan, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Tanda atap tumpeng Masjid dibuat bersusun tiga mirip sepertipure Hindu, melambangkan bahwa pemeluk agama islam harusmempunyai Iman, Islam dan Ikhsan (Santo: 8 Juni 2010).
4) Mustaka tumpeng Masjid kanthi lafad Allah.
Mustaka ing maket Masjid Agung Demak punika minangka
tandha. Mustaka punika kawontenan tandha kanthi lafad Allah.
Tandha Mustaka lafad Allah wonten makna lambangipun inggih
punika manungsa kedah sujud dhumateng Gusti Allah lan taat njalani
parintahipun ateges taqwa lan istiqomah, kados asil wawanrembag
ing andhap punika:
Tanda mustaka di maket masjid agung Demak dengan lafadAllah, makna lambangnya bahwa manusia harus sujud kepada Allahdan taat menjalankan perintahnya artinya taqwa dan istiqomah(Santo: 8 Juni 2010).
5) Tumpeng werni pethak
Tumpeng wujuding maket Masjid punika salebetipun wonten
isinipun. Isinipun minangka tandha inggih punika tumpeng werni
pethak kanthi ulam, pithek, sambel goreng, gereh pethek, bergedel,
tempe tahu. Makna lambangipun pangarep-arep sadaya cita-cita
ingkang inggil supados saged kalaksanan kanthi sae, kados asil
wawanrembag ing andhap punika:
Didalam maket Masjid isinya terdapat tumpeng putih denganikan, ayam, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu semuaitu melambangkan harapan cita-cita yang tinggi supaya semua dapatterlaksana dengan baik atau terwujud (Farida: 11 Juni 2010).
6) Tumpeng kanthi jangan urap
Tumpeng werni pethak saking maket Masjid punika wonten
jangan urapipun. Janganan urap punika arupi pitung werni inggih
punika godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol,
lembayung, petet (mlanding). Kawastanan mawi jangan urap amargi
jangan punika dipunurap dados setunggal kaliyan bumbunipun.
Bumbu punika antawisipun kerambil ingkang enem, trasi, uyah,
brambang, lombok, micin. Makna lambang saking tumpeng kasebat
minangka lambang pitulung, panyuwun guyub rukun, kados asil
wawanrembag ing andhap punika:
Jangan urap ada tujuh macam ditumpeng putih yaitu godhongtela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet(mlanding) dicampur menjadi satu dengan bumbunya, kelapa muda,trasi, uyah, brambang, lombok, micin. Maknanya pitulung, panyuwunguyub rukun (Farida: 11 Juni 2010).
7) Gedhang Raja
Gedhang rajanipun wonten saklirang. Gedhang raja saklirang
minangka tandha ingkang katata ing ngajengipun maket Masjid.
Gedhang raja lambang saking sipatipun raja. Raja ingkang
dipunwastani inggih punika Sultan Raden Pattah. Raja punika
minangka pemimpin rakyat ingkang mujudaken kasejahteraan,
gesangipun adil lan makmur, kados asil wawanrembag ing andhap
punika:
Pisang raja saklirang melambangkan sipat seorang raja yaituSultan raden Pattah bahwa raja itu hanya satu dan tiada duanyadengan harapan akan menjadi pemimpin masyarakat untukmewujudkan kesejahteraan hidup yang adil dan makmur (Santo: 8Juni 2010).
8) Sekul
Sekul ingkang wonten ing tumpeng kerucut cacahipun wolu
dipundamel ngantos ewunan. Sekul punika minangka lambang
kakuwatan, amargi sekul punika panganan pokok ingkang
ndadosaken panguat awak ira. Supados saged dipunparingaken para
pengujung pramila dipundamel sekul golong utawi sega golong.
9) Sega golong
Sega golong inggih punika sekul werni pethak ingkang
dipunbuntel kaliyan godhong gedhang dipunsukani tigan dadaran.
Tandha sega golong punika minangka lambang panuwun kumpuling
kawula Gusti, kados asil wawanrembag ing andhap punika:
Sega golong dipunsukani tigan dadaran makna lambangnyapanuwun kumpuling kawula Gusti (Farida: 11 juni 2010 ).
10) Tumpeng Sanga
Tumpeng sanga minangka tandha saking sadaya tumpeng
ingkang cacahipun sanga inggih punika setunggal tumpeng ageng
wujudipun maket Masjid Agung Demak lan tumpeng kerucut ingkang
cacahipun wolu. Tumpeng sanga nglambangaken Wali Sanga, wali
ingkang sampun damel Masjid Agung Demak.
Wujud lan isinipun saking tumpeng sanga ingkang sampun
kaanalisis punika, supados gamblang dipundamel Tabel kados ing
ngandhap punika inggih punika:
No Wujuding Tumpeng Isinipun Tumpeng
1.
2.
Maket masjid agungDemak ingkang tumpengsetunggal
Tumpeng kerucut ingkangcacah wolu
Tumpeng werni pethak wonten janganurap (godhong tela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol, lembayung,petet (mlanding) ) dipunurap dadossetunggal kaliyan bumbunipunkerambil ingkang enem, trasi, uyah,brambang, lombok, micin., wontenulam, pithek, sambel goreng, gerehpethek, bergedel, tempe tahu lanngajengipun dipunsukani gedhang rajadipundelehaken ing tampah.
Ing lebetipun wonten sega golong.Sega golong inggih punika sega pethakdipunkepel-kepel lajeng dipunbuntelgodhong gedhang dipunsukani tigandadaran lan cacahipun wonten ewunan.
Analisis ing nginggil punika ngengingi tandha lan makna
lambang tumpeng sanga, supados gamblang dipundamel Tabel kados
mekaten inggih punika:
No Tumpeng Sanga Makna lambang
1.
2.
Cendhela maket Masjid cacahenem
Kori maket Masjid cacahgangsal
Lambang rukun iman inggih punikaiman dhumateng Gusti Allah SWT,iman dhumateng malaikat-malaikatAllah, iman dhumateng kitab-kitabAllah, iman dhumateng Rosul-rosulAllah, iman dhumateng Taqdir lanQodar, lan iman dhumateng dintenkiamat.
Nglambangaken rukun Islam.Inggih punika maos kalih kalimahsyahadat, nglampahi sholat gangsalwekdal sedinten sedalu, nglampahipasa ing wulan ramadhon, zakat lanngibadah haji kangge ingkangsaged.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
Atap maket Masjiddipundamel kanthi susun tiga
Mustaka maket Masjid mawilafad Allah
Tumpeng werni pethakkanthi ulam, pithek, sambelgoreng, gereh pethek,bergedel, tempe tahu.
Tumpeng kanthi Jangan uraparupi pitung werni godhongtela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol,lembayung, petet (mlanding)dipunurap dodos setunggalkaliyan bumbunipun.
Gedhang raja saklirang
Sekul
Sega golong
Tumpeng sanga
Nglambangaken bilih pemelukAgama Islam kedah nggadhahiIman, Islam lan Ikhsan.
Makna lambangipun manungsakedah sujud dhumateng Gusti Allahlan taat njalani parintahipun ategestaqwa utawi istiqomah.
Makna lambangipun pangarep-arepsadaya cita-cita ingkang inggilsupados saged kalaksanan kanthisae.
Makna lambangipun pitulung,panyuwun guyub rukun.
Minangka lambang sipatipun raja.
Lambang kakuwatan, amargi sekulpunika panganan pokok ingkangndadosaken panguat awak ira.
Minangka lambang panuwunkumpuling kawula Gusti.
Nglambangaken wali ingkangsampun damel Masjid AgungDemak inggih punika wali sanga.
C. Pangrembag Asiling Panaliten (Intepretasi Panaliten)
Adhedhasar asiling panaliten saged dipuntingali bilih upacara
slametan tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar minangka
upacara slametan ingkang kawaris kanthi turun tumurun, kaadani saben
setunggal warsa sapisan inggih punika 10 Dzulhijjah. Ancasing punika
kangge kaslametanipun sadaya para warga bebrayan Demak.
Tumpeng sanga dipundamel kanthi cacahipun sanga minangka
nglambangaken cacahipun para wali inggih punika Wali Sanga. Wujuding
tandha lan makna lambangipun ing tumpeng sanga katingal sanget.
Tumpeng ingkang setunggal ageng wujudipun maket Masjid Agung
Demak salebetipun wonten tumpeng werni pethak lan jejanganan, ulam
lan sanes-sanesipun. Dene tumpeng ingkang wolu wujuding kerucut
salebetipun wonten sega golongipun.
Tandha-tandha lan lambang ing asiling panaliten punika
minangka kagolong satunggaling ngilmu semiotika. Miturut Ferdinand De
Saussure (1857-1913) semiotika inggih punika ngilmu ingkang sacara
sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang.
Bebrayan mliginipun bebrayan Demak kathah ingkang boten
mangertosi tandha lan makna lambang saking tumpeng sanga punika.
Ananging saking tumpeng sanga punika dipunpitadosi dening bebrayan.
Guneman saking Bapa Sokib salah satunggaling warga ingkang ningali
upacara tumpeng sanga punika, piyambakipun pitados bilih sekul saking
tumpeng saged ngasilaken panen ulam ingkang kathah. Dene bebrayan
ingkang pakaryanipun dodolan angsal sekul tumpeng supados sadeyanipun
lares, lan bebrayan ingkang tasih prawan utawi jaka angsal sekul tumpeng
supados cepak jodhohipun. Sadaya punika anamung kapitadosan
kemawon.
Kapitadosan punika dipunjumbuhaken kaliyan bobot ajining
agami kaleresan boten sae. Amargi kapitadosan punika ndadosaken
musyrik. Agami Islam boten wonten ajaran-ajaran kados punika.
Wilujengan tumpeng sanga punika anamung dados pengajian ingkang
becik. Sinten kemawon ingkang mirengaken lan mersani angsal ganjaran
ingkang kathah. Boten anamung punika kemawon dipungayutaken kaliyan
bobot ajining sosial ndadosaken bebrayan saged guyub rukun lan tulung
tinulung sesami bebrayan sanesipun.
Wondene ancasing saking upacara tumpeng sanga salebeting
tradhisi Grebeg Besar punika inggih punika:
1. Nglestantunaken tradhisi punika minangka raos syukur dhumateng
Allah SWT ingkang paring rahmat wontenipun Kasultanan Bintoro
Demak.
2. Ningkataken potensi pesantren Al-Quran kanthi ngawontenaken
Hataman Al-Quran wonten ing masjid Agung Demak. Jejibahan
punika ingkang nglampahi dening para santri pesantren Al-Quran.
Antawisipun saking santri BUQ Betengan Demak lan Nurul Hikmah
Mrebotan Demak.
3. Mengeti kemenangan pasukan kerajaan Demak amargi sampun saged
ngalahaken kerajaan Majapahit ingkang dipunkuasai dening Prabu
Girindrawardhana.
4. Jejibahan syiar Islam ing dinten Idul Adha (Wulan Kurban), supados
tiyang Islam purun nglampahi sariat Islam inggih punika
nglaksanakaken ibadah sunnah korban.
5. Nambahi income (pedapatan) kangge dhaerah Kabupaten Demak.
6. Ndhidhik masarakat Islam supados wanton ngurbanken kangge bela
nagari. Hadis Nabi Muhammad SAW inggih punika: Cinta Negara
adalah sebagian dari Iman.
BAB V
PANUTUP
A. Dudutan
Adhedhasar pangrembag asiling panaliten upacara tumpeng sanga
salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak: satunggaling pangrembag
semiotika. Pramila saged dipundudut bilih upacara tumpeng sanga
minangka salah satunggalipun warisan budaya ing kitha Demak.
Upacara punika kawontenan saben surya 10 Dzulhijjah tabuh
19.30 dalu. Papan wonten ing Masjid Agung Demak. Saderengipun
tumpeng punika dipunbeta saking Pendopo Kabupaten Demak kanthi
dipuniringi ulama, para santri, sarta Muspida lan tamu undhangan ingkang
tumuju ing Masjid Agung Demak. Tumpeng ingkang cacahipun sanga
kasebat minangka nglambangaken wali Sanga. Slametan punika
kalaksanan kanthi kekarepan supados sadaya bebrayan Demak
dipunparingi kaberkahan, kaslametan dunya lan akhirat ing ngarsanipun
Allah SWT.
Tumpeng ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak
dipundamel bahanipun triplek lan kayu. Atap Masjid dipundamel kanthi
susun tiga mirip mawi pure Hindu. Nglambangaken bilih pemeluk Agama
Islam kedah nggadhahi Iman, Islam lan Ikhsan. Ing cendhelanipun Masjid
dipundamel cacahipun enem nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam
kedah nggadhahi Iman, Islam lan Ikhsan. Dene korinipun cacahipun
gangsal, nglambangaken rukun Islam. Mustaka ing tumpeng arupi Masjid
Agung Demak, tandha lafad Allah minangka lambang manungsa kedah
sujud dhumateng Gusti Allah lan taat njalani parintahipun ateges taqwa
utawi istiqomah. Kalajengaken dipunsukani cat pawarna supados katon sae
kados Masjid Agung Demak.
Dene tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut. Dipundamel
saking pring dipunketoki dhuwuripun kinten-kinten 50 cm. Kalajengaken
dipunrangkai nyrupai wujud kerucut. Tutupipun kadamel mawi kertas
semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan dipunhiasi kertas warni supados
katon menarik. Supados tumpeng ingkang ageng punapa ingkang alit
saged dipunpanggul, dipunsukani kalih pring kiwa tengen ingkang tengah-
tengahipun dipunsukani tampah. Tampah punika kangge ndekekaken isi
tumpeng.
Isinipun tumpeng ageng wujudipun maket Masjid Agung Demak
inggih punika: Tumpeng werni pethak, wonten jangan urap arupi godhong
tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding)
dipunurap dodos setunggal kaliyan bumbunipun, punika minangka
lambang pitulung, panyuwun guyub rukun. Kalajengaken wonten ulam,
sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu makna lambangipun
pangarep-arep sadaya cita-cita ingkang inggil supados saged kalaksanan
kanthi sae. Ngajengipun dipunsukani gedhang raja. Nglambangaken
sipatipun raja. Raja ingkang dipunmaksud inggih punika Sultan Raden
Pattah, minangka dados pemimpin bebrayan kangge mujudaken
kasejahteraan gesanging adil lan makmur.
Dene tumpeng ingkang wolu wujud kerucut ing lebetipun wonten
sega golongipun. Sega golong inggih punika sega pethak dipunbungkus
godhong gedhang dipunsukani tigan dadaran. lambang panuwun
kumpuling kawula Gusti. Sadaya punika kasimpulan saking asiling
panaliten. Pramila panaliti nudhuhaken bilih ing upacara Tumpeng Sanga
salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak wonten satunggalipun
pangrembag semiotika inggih punika ngengingi tandha (ikon) lan makna
lambang utawi simbolipun.
B. Pamrayogi
Adhedhasar asil panaliten kanthi irah-irahan “Upacara Tumpeng
Sanga salebeting Tradhisi Grebeg Besar Demak: satunggaling pangrembag
semiotika”, pamrayogi ingkang saged dipunaturaken panaliti inggih
punika:
1. Dhumateng pamarintahan kitha Kabupaten Demak sareng-sareng
kaliyan Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Kabupaten Demak ugi
bebrayan Demak kedahipun ngusahaaken supados upacara tumpeng
sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak punika tansah
dipunuri-uri kawontenanipun, amargi tradhisi punika khas lan saged
dados asset ing Kabupaten Demak.
2. Dhumateng bebrayan mliginipun bebrayan Demak supados langkung
ngregani lan nglestantunaken tradhisi Grebeg Besar ing upacara
Tumpeng Sanga minangka asil warisaning budaya bangsa supados
boten musna.
3. Dhumateng sasinten kemawon ingkang badhe njangkepi lan
nglajengaken panaliti punika kedahipun langkung taliti ngengingi
tradhisi Grebeg Besar mliginipun upacara Tumpeng sanga. Amargi
punika minangka salah satunggalipun budaya Jawi ingkang kedah
dipunlestantunaken.
KAPUSTAKAN
Ahmad, Asep Hidayat. 2006. Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa,Makna, dan Tanda. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.
A. kasah, Hamid. 2006. Sejarah dan Legenda Grebeg Besar Kota Wali Demak.Demak: CV. Cipta Adi Grafika.
Atmodjo, S. Prawiro. 1990. Bausastra Jawa. Surabaya: PT. Cipta Jaya Murti.
Bastomi, Suwaji. 1995. Seni Dan Budaya Jawa. Semarang: IKIP Semarang Press.
Danandjaja, James. 2007. Folklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.
Dinas Pariwisata Kabupaten Daerah Tingkat II Demak. 1987. Upacara GrebegBesar di Kabupaten Demak.
Dinas Pariwisata Kabupaten Daerah Tingkat II Demak. 1995. Upacara GrebegBesar di Kabupaten Demak.
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:Gajah Mada University Press.
Geertz, Clifford. 1959. Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa.Yogyakarta : Pustaka jaya.
Herusatoto, Budiono. 2001. Simbolisme dalam Budaya Jawa. Yogyakarta: PT.Hanindita Graha Widia.
Koentjaraningrat. 2004. Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: PT.Gramedia Pustaka Utama.
Koentjaraningrat. 2004. Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia. Jakarta:Djambatan.
Moleong, J. Lexy. 2001. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT. RemajaRosdakarya.
M Setiadi, Elly, dkk. 2007. Ilmu Sosial dan Budaya Dasar. Jakarta: KencanaPrenada Media Group.
R. Soemodidjojo. 2008. Kitab Primbon Betaljemur Adammakna. Ngayogyakarta:CV. Buana Raya.
Semedi, Pujo dan Kasri, Khafid. 2008. Sejarah Demak Matahari Terbit di GlagahWangi. Demak: Syukur.
Soeranto dan Mulyani, Sri. 2004. Budaya Jawi. Surakarta: CV. Cendrawasih.
Sufi S. Y. 2008. Tumpeng. E-mail kepada Bill dan Conklin Indah([email protected]) tanggal 25 Mei 2008
Suhartati, dkk. 2007. Fungsi dan Makna Simbolis Genta di Jawa Tengah.Semarang: Dinas Pendidikan.
Sumaryanto F, Totok. 2007. Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif. Semarang:Unnes Press.
Zoes Aart Van dan Sudjiman Panuti. 1992. Serba-Serbi Semiotika. Jakarta: PT.Gramedia Pustaka Utama.
http://ncc.blogsome.com/2006/06/14/228/trackback.
Dhaftar Informan
1. Asma : Bapak Rohmat
Yuswa : 28 Taun
Padamelan : Ketua Perpustakaan Masjid Agung Demak
Alamat : Tanubayan RT 06/ 09 Demak
2. Asma :Ibu Isowarni, S. Sos
Yuswa : 51 Taun
Padamelan : Kepala Bidang Budaya lan Seni Demak
Alamat : Perum Mangunjiwan Indah RT 05/ 01 Demak
3. Asma : Bapak Santo
Yuswa : 59 Taun
Padamelan : Pegawe Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Demak.
Alamat : Waru RT 03/ 03 Demak.
4. Asma : Bapak Sokib
Yuswa : 34 Taun
Padamelan : Guru SMP N I Karang Tengah
Alamat : Gebang Bonang RT 01/ 04 Demak.
5. Asma :Ibu Farida
Yuswa : 39 Taun
Padamelan : Swasta
Alamat : Jl. Onggorawe Gemulak Jogo Gang 03
RT 04/ 02 Demak
Asil Wawancara
Asma : Bapak Santo
Yuswa : 59 Taun
Padamelan : Pegawe Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Demak.
Alamat : Waru RT 03/ 03 Demak.
Wawancara nalika surya 8 Juni 2010, tabuh 10.00 WIB
Panaliti : Bapak nyuwun priksa kinten-kinten saking pundi kawontenanipun
Tradhisi Grebeg Besar Demak punika?
Pak Santo : Inggih kawit jamaning kerajaan Raden Pattah, nanging kalarumiyen
anamung slametan kurban kemawon.
Panaliti : Slametan kurban pripun?
Pak Sannto : ngene lho duk, biyen iku raja asring ngadakake sing jenenge pesta
kurban. Lha saka kurban iku digawe sesaji.
Panaliti : Ingkang dados sesaji punika menapa?
Pak santo : asringe kewan kayata kebo lan sapi.
Panaliti : Lha saniki punapa tasih wonten bapak?
Pak Santo : Inggih wonten, nanging sampun dipunewahi.
Panaliti : Kados punapa ewahanipu?
Pak Santo : Kayata biyen Raden Pattah boten remen yen wonten tradhisi kuwi,
lajeng saking sarane para Wali sanga supados dipunewahi. Umpama
yen nyembelih kedah dipundongani
Panaliti : Punapa saking punika bebrayan sarujuk?
Pak Santo : Inggih boten, nanging saka kearifaning para wali kuwi mula iku
dianakake sing jenenge Grebeg Besar
Panaliti : Kenging menapa naminipun grebeg Besar?
Pak santo : mundhut saka wulan Besar 10 Dzulhijjah ing kana ana upacara
slametane.
Panaliti : Naminipun upacara punapa?
Pak santo : Upacara Tumpeng sanga utawa iring-iringan tumpeng sanga.
Panaliti : Punapa wonten tandha makna symbol saking tumpeng menika?
Pak Santo : Inggih wonten sadaya nglambangake para wali sanga
Panaliti : Dene ngengingi unsure ingkang sanes punapa?
Pak Santo : Kayata tumpeng sing bentuke maket Masjid Agung Demak yaiku
1. Tandha jendelane ana enem, minangka lambang rukun Iman yaiku iman
dhumateng Gusti Allah SWT, iman dhumateng malaikat-malaikat Allah,
iman dhumateng kitab-kitab Allah, iman dhumateng Rosul-rosul Allah,
iman dhumateng Taqdir lan Qodar, lan iman dhumateng dinten kiamat.
2. Tandha kori ing Masjid Agung Demak ana lima, nglambangaken rukun
Islam. Yaiku maos kalih kalimah syahadat, nglampahi sholat gangsal
wedal sedinten sedalu, nglampahi pasa ing wulan ramadhon, zakat lan
ngibadah haji kanggo sing bisa.
3. Tandha atap ing Masjid Agung Demak digawe kanthi susun tiga kados
pure Hindu, nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam kedah nggadhahi
Iman, Islam lan Ikhsan.
4. Mustaka ing tumpeng arupi Masjid Agung Demak, tandha lafad Allah
minangka lambang manungsa kedah sujud dhumateng Gusti Allah lan taat
njalani parintahipun.
5. Sekul minangka lambang kakuwatan, amargi sekul punika panganan
pokok ingkang ndadosaken panguat awak ira.
6. Gedhang raja saklirang nglambangaken sipatipun raja. Raja sing
dipunmaksud yaiku Sultan Raden Pattah, minangka dados pamimpin
masarakat kangge mujudaken kasejahteraan gesanging adil lan makmur.
7. Makna lambang saking sadaya tumpeng sanga minangka nglambangaken
wali ingkang sampun damel Masjid Agung Demak inggih punika wali
sanga
Panaliti : Matur nuwun bapak
Pak santo : Inggih sami-sami. Sukses ya
Panaliti : Amin.
Asma : Bapak Sokib
Yuswa : 34 Taun
Padamelan : Guru SMP N I Karang Tengah
Alamat : Gebang Bonang RT 01/ 04 Demak
Wawancara nalika surya 9 Juni 2010, tabuh 15.00 WIB
Panaliti : Bapak punapa jenengan mangertos tradhisi Grebeg Besar Demak?
Pak Sokib : ngertos mung sangertine wae.
Panaliti : Kados Pripun Bapak?
Pak Sokib : Inggih mung ngerameke ing wulan Idul Adha
Panaliti : Menapa wonten pahargyan sanes salebeting tradhisi punika?
Pak Sokib : kathah umpamane upacara slametan tumpeng sanga.
Panaliti : kenging menapa kawontenan slametan tumpeng sanga?
Pak Sokib : inggih ngurmati saking pengorbanane Nabi Ibrahim lan ing kana
kanggo jamaah haji uga nglakoni kurban nyembelih wedus, sapi lan
liya-liyane mula kuwi anane mung wulan 10 Besar.
Panaliti : Punapa wonten gegayutane kaliyan tumpeng sanga.
Pak Sokib : Inggih wonten, saka kurban kuwi uga ana sedhekah bumi sing
jenenge tumpeng sanga.
Panaliti : Kengimg menapa naminipun tumpeng sanga?
Pak Sokib : Amarga jumlahe sanga ngono wae akeh masarakat sing padha
keroyokan.
Panaliti : Kok saged damel menapa?
Pak Sokib : inggih supados sadaya slamet ing dunya akhirat lan dagangan lares.
Panaliti : Kados pundi prosesi upacara punika?
Pak Sokib : inggih mung tumpeng diiring lan ana tembangane.
Panaliti : Tembang menapa?
Pak Sokib :Ilir-ilir uga sholawatan.
Panaliti : punapa wonten maknanipun saking punika?
Pak Sokib : Menawi dipuntlusuri maknane nggambaraken perkembangan
agama Islam sing dipunsiaraken dening para wali sampun mulai
bangkit (wis sumilir) sansaya dangu sansaya subur (royo-royo),
amarga ditampa para pengembala ngibarataken umat Islam (cah
angon-cah angon), nglampahi sholat gangsal wekdal sadinten
sadalu (woh-wohan blimbing seginipun gangsal) senajan awrat
nglampahi punika, (lunyu-lunyu peneken) kangge nyempurnakaken
agamamu (dodot, busana, ageman, dipunibarataken agama Islam).
Dene imanmu tasih goyang, kahanan ngewatiraken (tepinipun
compang camping) kasempurnakaken kanthi sasae-saenipun
(dhondhomono jlumatono) kangge ngadhep Allah ing dinten akhir
samangke (kanggo sebo mengko sore), sanajan tasih wonten
kasempatan urip ing dunya ginakaken kanthi sukacita (surak hiye).
Panaliti : Sae sanget Bapak. Matur nuwun
Pak Sokib : Sami-sami, menawa ana apa-apa takon wae.
Panaliti : Inggih. Nuwun
Asma :Ibu Isowarni, S. Sos
Yuswa : 51 Taun
Padamelan : Kepala Bidang Budaya lan Seni Demak
Alamat : Perum Mangunjiwan Indah RT 05/ 01 Demak
Wawancara nalika surya 10 Juni 2010, tabuh 09.30 WIB
Panaliti : Ibu saged nyuwun wekdalipun sekedap.
Bu Isowarni : Inggih mangga.
Panaliti : Gegayutan mawi tugas akhir saking kampus kula badhe
ngawontenaken panaliten ing mriki.
Bu Isowarni : inggih, napa judule mbak.
Panaliti : Upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak.
Bu Isowarni: Oh ya, ngeten mbak asline upacara iku ora ana namine slametan
tumpeng sanga utawa iring-iringan tumpeng sanga.
Panaliti : Lha kok saged ibu.
Bu isowarni : Inggih saged, amarga dideleng saka prosesine.
Panaliti : kados pundi prosesi ngengingi tumpeng sanga punika?
Bu Isowarni : saderenge tumpeng dipuniring langkung rumiyen dipunkempalaken
wonten ing Pendopo Kabupaten Demak.
Panaliti : kawiwitan tabuh pinten?
Bu Isowarni : Tabuh 19.30 dalu surya 10 Dzulhijjah.
Panaiti : Kados pundi urut-urutanipun iring-iringan tumpeng sanga?
Bu Isowarni : Urutane Kaperang wonten gangsal yakuwi
Sepisan, wonten tarian jipin lan wirama group rebana saking para
santri kanthi sholawatan.
Kaping kalih, laporan seksi upacara kaagamaan
Panaliti : Kaaturaken Dening sinten Bu?
Bu Isowarni : Dening kepala kantor Departemen agama Kabupaten Demak
dhumateng Bapak Drs. H. Taftah Zani, MM. minangka Bupati
Demak.
Panaliti : Sinten ingkang bikak ing acara punika?
Bu isowarni : acara pambuka saking Bupati Demak dipunwiwiti kanthi maos
Basmalah lan Allahu Akbar. Kalajengaken iring-iringan tumpeng
sanga lumaku saking Pendopo kabupaten Demak tumuju ing
Masjid Agung Demak. Sasampunipun dugi ing Masjid Agung
Demak, acara pambuka slametan kawiwitan kanthi pengajian
umum kalajengaken waosan donga. Acara panutupe pemotongan
tumpeng dening Bupati, kalajengaken tumpeng ingkang wolu
isinipun sega golong saged dipunbagiaken para pengunjung.
Panaliti : Punapa wonten mupangatipun?
Bu Isowarni : Kathah masarakat sing mupangatake tumpeng iku.
Panaliti : Kagem punapa Bu?
Bu Isowarni : Gih miturut kepecayaan masarakat apa sing dijalok bisa kalaksanan
Asma : Bapak Rohmat
Yuswa : 28 Taun
Padamelan : Ketua Perpustakaan Masjid Agung Demak
Alamat : Tanubayan RT 06/ 09 Demak
Wawancara nalika surya 9 Juni 2010, tabuh 11.00 WIB
Panaliti : Bapak nyuwun priksa ngengingi tumpeng sanga Demak
Pak Rohmat : Inggih pripun mbak, punapa ingkang saged kula bantu.
Panaliti : Ngeten Bapak kula madosi sinten ingkang damel tumpeng sanga?
Pak Rohmat : Oh kula piyambak mbak, wonten napa?
Panaliti : Kados pundi caranipun damel tumpeng punika?
Pak Rohmat : Tumpeng cacahe ana sanga. Ingkang tumpeng ageng arupi maket
Masjid Agung Demak dipundamel bahane saka triplek lan kayu.
Atap Masjid dipundamel kanthi susun tiga mirip mawi pure Hindu.
Jendelanipun Masjid dipundamel cacahe enem lan korinipun
cacahe sanga. Kalajengaken diwehi cat pawarna supaya apik indah
kados Masjid Agung Demak.
Panaliti : Lha ingkang tumpeng wolu kados pundi?
Pak Rohmat : Dene tumpeng wolu bentuke kerucut. Dipundamel saka pring
lajeng dipunketoki, dhuwure kinten-kinten 50 cm. Kalajengaken
dipunrangkai nyrupai wujud kerucut. Tutupipun dipundamel mawi
kertas semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan dipunhiasi kertas
warni supados katon menarik. Supaya tumpeng ageng punapa alit
saged dipunpanggul, dipunsukani kalih pring kiwa tengen ingkang
tengah-tengahipun dipunsukani tampah. Tampah punika kangge
ndekekaken isi tumpeng.
Panaliti : Isinipun punapa?
Pak Rohmat : Saka wolu tumpeng iku jerone wonten sega golonge
Panaliti : Lha ingkang tumpeng ageng?
Pak Rohmat : Oh iku tangkleta karo bu Farida, amarga sing gawe ora mung kula
tok
Panaliti : Inggih, Bapak ngengingi sega golong punika kagem menapa?
Pak Rohmat : inggih dibagiake kagem masarakat ngono wae tasih padha
keroyokan.
Panaliti : Punapa kirang kathah damelipun?
Pak Rohmat : wah ewunan mbak patokane patang ewu sego
Panaliti : Punapa wonten maknanipun?
Pak Rohmat : Gih sadaya menika namung dadosaken guyub rukun mawon.
Panaliti : Bapak ngengingi prosesi tumpeng piyambak kados pundi?
Pak Rohmat : Kurang ngerti mung gih Slametan anane tanggal 10 dzulhijjah jam
19.30 dalu.
Panaliti : Papanipun wonten pundi?
Pak Rohmat: wonten ing Masjid Agung Demak, Sadurunge tumpeng sanga saka
Pendopo Kabupaten rumiyin.
Panaliti : kados pundi arak-arakanipun tumpeng?
Pak Rohmat : Wah gih rame, kathah sing ngiring.
Panaliti : Sinten kemawon Bapak?
Pak Rohmat : Kejaba Bupati, ing kana sing ngarak dibagi pirang-pirang klompok.
Panaliti : Tuladhanipun bapak?
Pak Rohmat : Umpama klompok satunggal wonten sing beta spanduk, vandel,
manggar, bendera, para wali sanga, tumpeng ageng setunggal,
tumpeng alit wolu, ing wingkingipun group rebana kanthi
nembangaken tembang ilir-lir, ing iring kiwa lan tengen barisan
ingkang beta obor, lan para tamu undhangan ugi para pengunjung
ulama, para santri, sarta Muspida lan tamu undhangan.
Panaliti : Punapa sadaya wonten lambangipun?
Pak Rohmat : Ngertos kula mung tumpeng sanga nglambangake wali sanga,
luwih gamblange tangklet Bapak santo piyambake wonten Dinas
Budaya.
Panaliti :Inggihpun matur nuwun.
Pak Rohmat : Sami-sami mbak.
Asma :Ibu Farida
Yuswa : 39 Taun
Padamelan : Swasta
Alamat : Jl. Onggorawe Gemulak Jogo Gang 03
RT 04/ 02 Demak
Wawancara nalika surya 11 Juni 2010, tabuh 11. 00 WIB
Panaliti : Assalamualaikum
Bu Farida : Waalaikum salam, wonten napa mbak.
Panaliti : Nyuwun priksa ngengingi kados pundi caranipun damel tumpeng
sanga punika?
Bu Farida : carane mung saben isine tumpeng setunggal wujud maket Masjid
Agung Demak yaikuTumpeng werni pethak, wonten jangan urape
Panaliti : Jangan urapipun punapa kemawon?
Bu Farida : Gih wonten pitung werni kayata, godhong tela, kacang panjang,
kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dipun urap
dodos setunggal.
Panaliti : Punapa kemawon bumbunipun?
Bu Farida : Bumbune kerambil ingkang enem, laos, trasi, uyah, micin,
brambang, Lombok.
Panaliti : kenging menapa kedah pitu Bu?
Bu Farida : Minangka lambang pitulung, panyuwun guyub rukun.
Panaliti : Lha ulamipun punapa kemawon?
Bu Farida : pithek, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu.
Panaliti : Punapa maknanipun Bu?
Bu Farida : Oh sadaya punika makna lambangipun pangarep-arep, cita-cita
ingkang inggil supados saged kalaksanan kanthi sae.
Panaliti : Ngengingi tumpeng ingkang wolu kados pundi?
Bu Farida : Niku mung isine sega golong sing dikepel-kepel lajeng dipunbuntel
karo godhong gedhang lan wonten tigan dadare.
Panaliti : nglambangaaken punapa Bu?
Bu Farida : minangka lambang panuwun kumpuling kawula Gusti.
Panaliti : Oh ngoten, matur nuwun gih bu.
Bu Farida : Sami-sami mbak.
Gb. 1. Pemotongan Tumpeng Dening Bupati Demak
Gb. 2. Tumpeng Setunggal saking lebetipun maket Masjid Agung
Gb. 3. Tumpeng Sanga
Gb. 4. Tumpeng wujud Masjid Agung Demak
Gb. 5. Upacara Tumpeng Sanga ing Pendopo Kabupaten Demak
Gb. 6. Masarakat utawi pengunjung nalika pembagianTumpeng Sanga sami padha Rebutan
Gb. 7. Tumpeng Sanga saderengipun dipuniring
Gb. 8. Iring-iringan Tumpeng Sanga