4
Sepatu Anyar Ing pasar adhine Sari ngrengek njaluk sepatu anyar. Sepatue adhine pancen wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Sari jenenge Rina,sing umure 5 taun. Sari sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Sari saka keluarga sing ora nduweni, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbahi ing desane. “Mbak tukokake sepatu sing werna putih iku loh, ketone apik tenan,” njaluke Rina sing arep nangis. “Mbak ora duwe duwit, Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Sari sing melas karo adhine. Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik iku pancen wis ngerti menawa uripe rekasa, kanggo mangan wae kurang apa maneh tuku sepatu. Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang omahe sing kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari pancen bocah sing sregep lan manutan. Omahe saka pring sing dianyam lan wis radha pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh kembang sing pada mekar. Senajan Sari saka keluarga sing ora nduweni, nanging bapake pingin Sari dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Sari iku siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki Sari. “Ri, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Sari. “Nggih pak,kula ajeng usaha,” Esuk-esuk atis banget Sari wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Sari mangkat esuk merga Sari arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Sari pamitan karo wong tuwane. “Pak, Bu, kula budhal rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sepatu kangge Rina,” pamitane Sari karo salaman marang wong tuwane. “Ya, Amin. Ati-ati ya Ri,” ngendikane bapake. “Mbak, mengko tuku sepatu ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sepatu anyar. Faza Hannan P. XI A2 |

Cerkak (Cerita Cekak) Sepatu Anyar

  • Upload
    faza-

  • View
    1.614

  • Download
    178

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Cerkak (Cerita Cekak) Sepatu Anyar

Sepatu Anyar

Ing pasar adhine Sari ngrengek njaluk sepatu anyar. Sepatue adhine pancen wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Sari jenenge Rina,sing umure 5 taun. Sari sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Sari saka keluarga sing ora nduweni, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbahi ing desane.

“Mbak tukokake sepatu sing werna putih iku loh, ketone apik tenan,” njaluke Rina sing arep nangis.

“Mbak ora duwe duwit, Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Sari sing melas karo adhine.

Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik iku pancen wis ngerti menawa uripe rekasa, kanggo mangan wae kurang apa maneh tuku sepatu.

Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang omahe sing kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari pancen bocah sing sregep lan manutan. Omahe saka pring sing dianyam lan wis radha pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh kembang sing pada mekar.

Senajan Sari saka keluarga sing ora nduweni, nanging bapake pingin Sari dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Sari iku siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki Sari.

“Ri, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Sari.

“Nggih pak,kula ajeng usaha,”

Esuk-esuk atis banget Sari wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Sari mangkat esuk merga Sari arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Sari pamitan karo wong tuwane.

“Pak, Bu, kula budhal rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sepatu kangge Rina,” pamitane Sari karo salaman marang wong tuwane.

“Ya, Amin. Ati-ati ya Ri,” ngendikane bapake.

“Mbak, mengko tuku sepatu ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sepatu anyar.

Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.

Ing lomba Sari bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Iki wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Sari. Sari langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Sari bali menyang omah karo sumringah ngonthel sepedane.

“Assalamualaikum. Bu, pak.”

“Wa’alaikum salam, ana apa Ri?”pitakone ibune Sari.

“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sepatu anyar.”

“Alhamdulilah, Ri. Anake Ibune pinter temen. Ibu tambah sayang marang kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.

Faza Hannan P.XI A2 | 09

Page 2: Cerkak (Cerita Cekak) Sepatu Anyar

Sore-sore,sewise ganti klambi Sari ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sepatu anyar.

“Tuku sepatu sing werna apa Rin?” pitakone Sari maring adhine.

“Sing werna putih Mbak!”

Langsung wae Sari tuku sepatu sing dipingini adhine. Ing jero atine Sari ngerasa lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dhewe.

“Matur nuwun ya Mbak.”

Atine Sari tambah bungah.

UNSUR INTRINSIK CERPEN

1. Tema : Ekonomi & Keluarga2. Tokoh : Sari, Rina, Bapake, Ibune3. Penokohana) Sari : Penyayang. Bukti : “Sari sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…” Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang

omahe sing kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari bocah sing sregep lan manutan.”

Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Sari termasuk siswa pinter ing sekolahane.” Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”

b) Rina : Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.” Pengerten. Bukti : “Bocah cilik iku wis ngerti angger uripe rekasa, kanggo mangan wae

kurang apa maneh tuku sepatu.”

c) Bapake : Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki Sari.” Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Sari saka keluarga sing ora mampu, nanging

bapake pingin Sari dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”

d) Ibune : Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah, Ri. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang

marang kowe.”

4. Latara) Panggonan : Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Sari ngrengek njaluk sepatu anyar.” Ing omahe Sari. Bukti : “Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang omahe sing

kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari bocah sing sregep lan manutan.” Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame lan

ana peserta liya sekolah.”

Page 3: Cerkak (Cerita Cekak) Sepatu Anyar

b) Wektu : Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki

Sari.” Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Sari wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep

dienggo neng sekolah.”

c) Kahanan : Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame

lan ana peserta liya sekolah. Sumringah. Bukti : “Sari bali menyang omah karo sumringah ngonthel sepedane.”

5. Alur : Maju6. Sesawangan : wong ketelu7. Amanat Senajan kita ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging kita kudu duweni ilmu sing

bisa nduwurke derajat. Ing kehidupan kudu usaha lan pantang menyerah Dadi wong kudu kerja keras, aja ngandalake wong liya terus-terusan.

8. Nilai-nilaia) Pendidikan : Pantang putus asa ing mewujudake cita-cita.

Bukti : “Senajan Sari saka keluarga sing ora nduweni, nanging bapake pingin Sari dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”

b) Budaya : Ngormati wong tuwa

Bukti : “…..,Pamitane Sari karo salaman marang wong tuwane.”

c) Moral : Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo jerih payahe dhewe.Bukti : “Ing jero atine Sari lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dhewe.”