5
ERMA SEPTIANA A510120155/IV D BASA NGOKO a. Ngoko Lugu, Basa ngoko lugu inggih menika basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko sedaya, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. tembung : aku, kowe. Ater-ater Tripurusa : (dak/tak, kok, ko, di) Panambang : ku, mu, e, ake boten ewah, tetep utawi panggah kemawon. Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kagem gineman : 1. Tiyang sepuh dhumateng anak, wayah, utawi tiyang enem sanesipun. Tuladha : Ibu : ndok, jare sesok ujian gak ndang sinau ki piye ta? Anak : injih bu, iki kula arep bidal sinau. 2. Sesamining tiyang, boten kaiket drajat lan pangkat kados bocah kaliyan kancanipun, utawi bocah padha bocah seng seumuran. Tuladha : 1 | BAHASA JAWA

BAHASA JAWA

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: BAHASA JAWA

ERMA SEPTIANA

A510120155/IV D

BASA NGOKO

a. Ngoko Lugu, Basa ngoko lugu inggih menika basa kang paling asor ing undha usuk

Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko sedaya, ora ana tembung krama utawa krama

inggil tumrap wong sing diajak guneman. 

tembung : aku, kowe.

Ater-ater Tripurusa : (dak/tak, kok, ko, di)

Panambang : ku, mu, e, ake boten ewah, tetep utawi panggah

kemawon.

Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kagem gineman :

1. Tiyang sepuh dhumateng anak, wayah, utawi tiyang enem sanesipun.

Tuladha :

Ibu : ndok, jare sesok ujian gak ndang sinau ki piye ta?

Anak : injih bu, iki kula arep bidal sinau.

2. Sesamining tiyang, boten kaiket drajat lan pangkat kados bocah kaliyan

kancanipun, utawi bocah padha bocah seng seumuran.

Tuladha :

Lin, kowe uwes ngarap PR basa jawa seng di ngo sesok durung?

Yen urung ayo ngarap bareng karo aku bubar sekolah.

Tasmu kuwi apek tenan yo, tukumu nang ndi ra?mbok yo aku

diterke tuku mrono.

3. Panggedhe (pimpinan, pangarsa)dhumateng andhahanipun

Tuladha : Pimpinan : latare reget banget sampun disapu rung mbok ?

Abdi : Sampun ndara, kala enjing sampun kula sapu sak estu.

4. Ngudaraos piyambakan

Tuladha :

Dino iki hawane panas banget, aku pengen ngombe es

cendol.

1 | B A H A S A J A W A

Page 2: BAHASA JAWA

Omah kae apek tenan, kapan aku iso gawe omah koyo

ngono.

5. Kanggo sesorah, menehi andharan lsp marang wong akeh (audiensi) sing

tangkepe (interaksine) wis akrab, lan dirasakake luwih kepenak menawa nganggo

basa ngoko.

6. Kanggo nulis ing kalawarti, bulletin, buku, lsp sing asipat umum, kayata: wara-

wara, plang (papan nama), tawa dagangan (iklan) lsp. Kejaba sing kudu

mbutuhake basa krama.

b. Ngoko Andhap yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang

diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap

wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama

sawetara. Basa ngoko andhap saget kaperang dados kalih, inggih menika antya basa,

kalian basa antya.

Ginanipun basa ngoko andhap inggih menika kagem gineman :

1. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade

2. Bojone priyayi marang sing lanang

3. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket

1) Antya Basa, wujudipun: tembung ngoko kecampuran tembung karma inggil tumrap

tiyang ingkang dipunajak gineman, ingkang ngendika mawi krama

andhap mratelaken dipunajeni.

a. Aku : tetep, boten ewah

b. Kowe :1. Ingkang kaprenah sepuh kagantos : panjenengan, kiraka,

kangmas

2. ingkang kaprenah enem kagantos : sliramu, kengslira, adhi,

dhimas

c. Ater-ater : dak/tak, kok/ko, di tetep kemawon

d. Panambang: ku, mu, e/ake, tetp kemawon

2 | B A H A S A J A W A

Page 3: BAHASA JAWA

e. Ginanipun : Kangge sedoyo kemawon ingkang sampun rumaket utawi akrab

sanget, sampun sami nggko nanging tasih sami ngaosi.

Tuladha :

Mbak sri, tukune rasukan iki nang ngendi?

Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?

Ibu duwe binggel anyar lagi tuku ndek wingi

Mbak siti kuwi garwane mas edi.

2) Basa Antya

Basa Antya inggih menika wujudipun ngoko kecampuran tembung-tembung

karma lan karma inggil.

a. Aku : tetep, boten ewah

b. Kowe : sami kaliyan Antya Basa, dipun gantos : panjenengan,

Kiraka,kangmas, sliramu, kangslira, adhi, adhimas.

c. Ater-ater : dak/tak, kok/ko, di, tetep kemawon

d. Panambang : ku, mu, e, ake, tetep kemawon

e. Tuladha :

ibu arep tindak peken ta, pak?

Bapak badhe budal menyang Jakarta wau dalu.

Bapak ngendiko dadi bocah seng sregep sinau.

Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba

mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged

remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan

bangsa.

3 | B A H A S A J A W A