60
MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SEMESTER 1 I. PRANATACARA A. Inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun inggih menika : 1. Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi. 2. Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag 3. Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan para paraga ingkang kajibah/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi B. Ingkang kagatosaken panatacara nalika nindaaken sesorah inggih menika wonten 4 ing antawisipun/ diantarannya : Wiraga : patrap solah bawa/sikap anteng boten kathahen ngebahaken badan. Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita menapa manasuka) Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun (sungkawa menawa manasuka) Wirasa : saged nglarasaken raosipun (penghayatan/penjiwaan) ingkang kajumbuhaken kaliyan acaranipun ( sungkawa menapa manasuka) Wicara : anggenipun matur kedah cetha saged mbedakaken tembung-tembung ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau

Modul Bahasa Jawa

  • Upload
    hury

  • View
    820

  • Download
    43

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Materi Pelajaran Bahasa Jawa SMA

Citation preview

Page 1: Modul Bahasa Jawa

MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA

SEMESTER 1

I. PRANATACARA

A. Inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang

pakaryanipun inggih menika :

1. Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi.

2. Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi

rancag

3. Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan para paraga ingkang

kajibah/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang

badhe dipunlampahi

B. Ingkang kagatosaken panatacara nalika nindaaken sesorah inggih menika

wonten 4 ing antawisipun/ diantarannya :

Wiraga : patrap solah bawa/sikap anteng boten kathahen ngebahaken badan.

Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita

menapa manasuka)

Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun

(sungkawa menawa manasuka)

Wirasa : saged nglarasaken raosipun (penghayatan/penjiwaan) ingkang

kajumbuhaken kaliyan acaranipun ( sungkawa menapa manasuka)

Wicara : anggenipun matur kedah cetha saged mbedakaken tembung-

tembung ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau

C. Methode-methode ingkang kaginakaken panatacara nalikanipun sesorah

wonten 4 antawisipun :

1. Maos teks : inggih menika panatacara ngayahi jejibahan kanthi maos teks

2. Apalan : inggih menika panatacara nindakaken pakaryanipun kanthi

ngapalaken teks ingkang sampun kawaos saderengipun

3. Ekstemporan : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi

mbeta cathetan alit

4. Impromtu : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi

dadakan tanpa nyameptakaken/mempersiapkan saderengipun

kejawi/selain kanthi wekdal ingkang sekedhik. Piyambakipun saged

Page 2: Modul Bahasa Jawa

nindakaken awit pengalamnipun dados panatacara ing acara-acara

sakderengipun.

D. Perangan-perangan/bagian-bagian sesorah ingkang kaaturaken/disampaikan

dening panatacara inggih menika :

1. Pambuka

Salam pambuka

Atur pakurmat

Atur Pamuji

2. Isi

Urut-urtanipun acara ingkang badhe dipunlampahi

Nama-nama para paraga jangkep/lengkap kaliyan/dengan gelaripun

(Drs, S.Pd, M.Pd, H, lsp) ingkang badhe nindakaken tanggap

wacana,pambagyahaarja, atur sapala,utawi ingkang paring

sabdatama,lsp.

3. Panutup

Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kalepatan nalika

nglantaraken/menyertai lampahing acara

Pangajab/harapan sasampunipun acara sampun kalampahan

Salam panutup

E. Ringkesipun ingkang dipunaturaken/disampaikan panatacara nalikanipun

sesorah :

1. Salam pambuka :

Ngaturaken uluk salam minangka pambuka tuladhanipun

assalamu’alaikum wr.wb,sugeng enjing, ngaturaken kasugengan mugi

kawilujengan binabar dhumateng kula panjenengan sedaya, lsp.

Ngaturaken ancasipun utawi tujuwanipun minangka panatacara ing

salebeting acara ….

2. Atur pakurmat

Ngaturaken atur pakurmat dhumateng para tamu, kawiwitan

dhumateng para-para ingkang kaanggep langkung dipunkurmati :para

sepuh, Bapak kepala sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp. Dhumateng

para priyagung, dwija/guru, sarjana, alim/ulama, dhumateng para

rawuh tamu undangan, para kanca-kanca,para siswa, lsp.

Page 3: Modul Bahasa Jawa

3. Atur pamuji

Ngunjukaken atur raos puji sokur awit sedaya nikmat ingkang

kaparingaken dening Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung dhateng

para rawuh saengga saged kempal ngrawuhi acara …. Ing ….

4. Isi

Maosaken urut-urutanipun acara

a. Pambuka : kanthi donga utawi sanesipun

b. Atur tanggap sabda/wacana saking : ketua panitia acara, kepala

sekolah, wakil keluwarga,lsp.

c. Acara manasuka kanthi ngaturaken panglipur : tari, paduan suara,

gerak dan lagu, geguritan,pengumuman lomba, lsp.

d. Wosing gating acara : atur wasitatama/ular-ular/sesuluh saking paraga

ingkang sampun kajibah dening panitia.

e. Panutup : maosaken dudutan utawi simpulan ingkang sampun

kaaturaken dening wasitatama

5. Atur pangapunten

Ngaturaken agunging pangapunten awit sedaya kekiranganipun wiwit

atur, patrap saha sanesipun nalika nindakaken jejibahan/pakaryan

minangka panatacara ing acara …. Dhateng para rawuh lan nyuwun

agenging pangapunten

6. Pangajab

Pangajab kanthi lampahing acara ingkang sampun kalampahan kala

wau tumrap panitia sumrambahipun dhateng para rawuh.

7. Salam panutup

Salam panutup tuladhanipun Wassalamu’alaikum wr.wb, sugeng siang,

sugeng pepanggihan ing sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu

ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun :nuwun

Tuladha teks Pranatacara

Assalamu’alaikum wr.wb.

Page 4: Modul Bahasa Jawa

Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan,

mangga sesarengan ngaturaken puji syukur Alhamdulillah wonten Ngarsa Dalem

Allah SWT, dene kula saha Panjenengan sadaya taksih kaparingan hidayah saha

karahmatan saengga saged makempal wonten ing Masjid Al-Falaah menika.

Saderengipun acara dipunwiwiti, kula minangka pranatacara ing pengetan

Maulud Nabi Muhammad SAW dalu menika, badhe maosaken urut-urutaning

adicara pengaosan , inggih menika :

1. pambuka

2. waosan kalam Ilahi, dening sedherek Fahrudin

3. atur pangandikan saking Ketua Takmir masjid, dening Bapak H. Kusmadi

4. Wosing gati, pengaosan dening Al ustad H. Abdulrachim

5. panutup

Para rawuh, para jamaah ingkang kinurmatn, mekaten menggah

reronceneing acara pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW ingkang sampun

karakit dening panitia. Salajengipun, sumangga acara enggal kawiwitan. Lumebet

ing acara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumangga dipunbikak kanthi

maos Basmallah sesarengan, kula dherekaken………….

Acara salajengipun badhe kawosaken ayat-ayat suci Alquran, Pramila

dhumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kaaturaken, sumangga ….

Mugi-mugi kanthi waosan Kalam Ilahi kalawau, Gusti Allah S.W.T, tansah

paring lubering kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sadaya.

Para rawuh, hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah,

menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking takmir masjid,

Dhumateng Bapak Kyai …. Kasuwun paring pangandikan.

Tumapak acara inti,inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram

Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken

sacekapipun. Sumangga …

Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening Bapak Ustadz

Abdullah saged migunani tumrap kula saha Panjenengan sadaya. Bapak-Ibu para

jamaah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun,pramila

saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga acara ing dalu menika

dipuntutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’alamin

Billahi taufiq wal hidayah.

Wassalmu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Page 5: Modul Bahasa Jawa

Kawruh Basa

pranatacara : tiyang ingkang tinenggenah nglantaraken satunggaling acara utawi

master of ceremony (mc)

adicara : kawontenan acara utawi upacara endah, luhur, sae

kasarasan : kawilujengan, kabagaswarasan

kasarira : katindakaken dening

reroncening : urut-urutan acara, rantamaning acara

al-mukaram : ingkang luhur derajatipun

hadirin (arab): tiyang ingkang rawuh (hadir) wonten ing satunggaling acara

kaandharaken : kaaturaken, dipun-ngendikakaken

II. TEMBANG MACAPAT

A. Makna tembang macapat “lelampahan tiyang gesang dumugi seda” miterat

Guritna:

Page 6: Modul Bahasa Jawa

Tembang macapat ingkang gunggungipun jinisipun wonten 11 saged dipuntegesi

manut namanipun, salah satunggalipun manut lampah gesang/perjalanan hidup

manungsa wonten ing donya kawiwitan saking tembang :

1. Mijil : manungssa gesang/hidup wonten donya mijil utawi lai saking guwa

garbanipun/rahim ibu dangunipun/selama 9 wulan 10 dinten utawi nawa

candra dasa ari

2. Kinanthi : sasampunipun bayi lair lajeng datheng pundit kemawon tansah

dipun kanthi/dibawa dening/oleh bapa ibunipun awit agengipun/besarnya raos

tresna tiyang sepuh dhateng putranipun ingkang nembe lair menika.

3. Maskumambang : bayi saya dangu saya ageng awit tansah/selalu

dipunupakara/dirawat dados lare/anak ingkang sampun ageng nanging

akalipun dereng saged mbedakaken pundit sae pundit awon, ingkang wonten

naming nurut dhateng tiyang ingkang nuturi/memberitahu

4. Sinom : sangsaya/semakin ageng lare sampun mlampah akal pikiranipun,

anut lampahing wekdal bayi utawi lare kala wau sampun dados ageng enem

bagus utawi ayu.

5. Gambuh/kulina : nen-neman/remaja kala wau awit

pasrawungan/pergaulannya saya anjalari/menyebabkan kulina/akrab

srawung dhateng kanca ingkang nunggil jenis (kakung-kakung) utawi benten

jenis (kakung putrid)

6. Asmaradana : Witingtresna jalaran saka kulina unen-unen/ungkapan menika

numusi tumrap pasrawungan nem-neman ingkang beda jinisipun kala wau

lajeng sami nadhang branta/jatuh cinta utawi asmara, sami ngaturaken raos

tresna ingkang tuhu tumanem salebeting kalbu ingkang tuhu awrat/berat

badhe kalairaken/disampaikan mawi/dengan lisanipun

7. Dhandhanggula : salajengipun nem-neman kala wau sami prasetya/berjanji

badhe gesang bebrayan kanthi pangestu donga saking tiyang sepuh kekalih.

Bebrayan/hidup berkeluarga ingkang dipunangkah saged nuwuhaken

manising gesang kados gendhis/gula salebeting gesang bebrayan kaliyan

garwa sisihanipun/istri.

8. Pangkur : sangsaya/semakin dangu/lama umur saya sepuh pasangan garwa

estri manten anyar kados sepuh, anggenipun sare sampun samiungkur-

ungkuran saha nyimpang sami adu geger/punggung. Simbah kakung

Page 7: Modul Bahasa Jawa

majeng/menghadap ngidul/selatan tuladhanipun simbah putrid najeng

ngaler/uatara.

9. Megatruh : awit sedaya gesang katemtokaken/ditentukan jatah umuripun

dening pangeran/tuhan, simbah kakung saha simbah putrid kapundhut

wangsul wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Murbeng Gesang. Nyawa/ruh

kapegat/dipisahkan dening raga.

10. Durma : salajengipun nyawa kundur dhateng Ingkang Maha Kawasa

11. Pucung : dene raga karukti/dirawat dipunbuntel kain pethak/putih utawi mayit

kapocong.

B. Makna Tembang Macapat “Dakwah/ajaran” miterat Poedjasoebrata :

1. Mijil : ngedalaken ajaran

2. Kinanthi : remen paring tuntunan dhateng umatipun

3. Sinom : ngudi ngelmu sakathah-kathahipun rikala taksih mudha/enom

4. Asmaradana : remen paring sih katresnan dhumateng sapadhaning titah

5. Dhandhanggula : rikala dakwah ngandharaken kekajengan ingkang manis.

6. Gambuh : pana ing babagan ngelmu agama

7. Maskumambang : pasrah dhateng Gusti samudayanipun badhe entheng

8. Durma : mundura saking barang ma-lima

9. Megatruh : menggak/medhot tumindak angkara

10.Pangkur : ampun nyingkur saking ajaran

11.Pocung : Kanthi ngelmu ingkang cekap kangge sangu seda.

C. Metrum/aturan ingkang wonten ing tembang macapat

Tembang macapat anggadhahi metrum/aturan-aturan/pathokan inggih menika :

1. Guru lagu : tibaning suwara (a, I, u, e, o) ing pungkasaning tembung/kata

saben gatra/setiap baris.

2. Guru wilangan : cacahing/jumlah wanda/suku kata saben sagatra.

3. Guru gatra : cacahing gatra/baris saben sapada/bait. Tuladhanipun metrum

tembang Dandhanggula ing ngandhap menika.

Page 8: Modul Bahasa Jawa

Jinising tembang macapat saha metrumipun

N

oJinising Tembang

Guru Gatra, Guru wilangan, Guru lagu

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 Mijil10i 6o

10

e10i 6i 6u

2 Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i

3 Maskumambang 12i 6a 8i 8a

4 Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

5 Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o

6 Asmaradana 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a

7 Dhandhanggula 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

8 Pangkur 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

9 Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o

10 Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

11 Pucung 12u 6a 8i 12a

D. Tuladha tembang macapat

dhandhanggula

karangtengah dusun mungwing redi 10ilurahira sarbini arannya 10awasis amimpin rakyate 8eduk anom dadi guru 7umila cukat lan sarwa trampil 9ingtur butuhing desa 7alan bot repotipun 6unadyan bengkokke tan nampa 8asaged madeg saking ihtiyar pribadi 12iduwe sekolah rakyat 7a

Page 9: Modul Bahasa Jawa

E. Gancaran

Inggih menika ngewahi dhapukan tembang utawi geguritan dados

prosa/cariyos. Ancasipun supados saged nggampilaken para pamaos

anggenipun nyuraosi tegesipun tembang utawi geguritan kasebat. Caranipun :

1. Nyerat tembung-tembung ingkang dereng dipunmangertosi tegesipun wonten

ing kamus Bausastra Djawa.

2. Saged nggantos tembung-tembung ingkang nggadhahi dasanama miterat

ingkang asring dipunginakaken wonten ing pacelathon saben dinten.

3. Saged muwuhi tembung panggandheng utawi tembung sanes murih gampil

dipunsuraos.

4. Sasampunipun tembung dupunmangertosi lajeng ndhapuk ukara miterat

wewaton jejer, wasesa, lesan utawi katrangan.

Tuladhanipun gancaran saking tembang dhandhanggula ing inggih inggih menika:

Karangtengah sawijining dhusun kang ana ing gunung. Lurahe aran Sarbini. Dheweke wasis mimpin rakyate, marga nalika enom tau dadi guru. Sarbini cukat lan trampil ngatur butuh lan bot repote desa. Dheweke ora nampa bengkok (upah kanggo pamong desa kang awujud lemah). Sarbini bias dadi lurah merga usahane dhewe. Dheweke duwe sekolah kanggo rakyat.

Saking gancaran kasebat saged kapethik budi pekertinipun inggih menika :

1. Pemimpin ingkang sae inggih menika ingkang wasis mimpin rakyatipun.

2. pemimpin kedah cukat, trampil, lan kedah saged ngatur butuh lan bot

repotipun warga.

3. Dados pemimpin boten nguja pamrih, kados Sarbini boten nampi bengkok.

4. dados pemimpin kedah mandiri, Sarbini saged dados lurah awit usahanipun

piyambak.

5. Nggatosaken pendhidhikan warganipun, Sarbini saged nggadhahi sekolah

piyambak kangge warganipun.

V. ARTIKEL BASA JAWA

A. PANGERTOSAN

Page 10: Modul Bahasa Jawa

Artikel mujudaken salah satunggalipun bentuk pamanggih/opini ingkang

kababaraken wonten ing serat kabar utawi media masa. Wujudipun kala wau

saged arupi tajuk rencana / editorial, karikatur, pojok, kolom dan serat pamaos. 

B. JENIS-JENIS ARTIKEL

Jenis-jenis artikel kaperang dados 4 :

1. Artikel deskriptif: wosipun mratelakaken satunggaling perkawis utawi

kasunyatan/fakta.

2. Artikel Eksplanatif : wosipun mratelakaken satunggaling perkawis kanthi

langkung detil.

3. Artikel prediktif: wosipun ngengingi ngramal, duga kira bab ingkang badhe

dumados ing wekdal ingkang badhe dumugi.

4. Artikel preskriptif : wosipun nemtokaken, nuntun, ngajak tiyang sanes supados

kersa nglampahi menapa ingkang dipunkajengkaekn panyerat.

C. Bab ingkang kedah dipungatosaken rikala nyerat artikel :

1. Artikel mujudaken karya tulis kanthi asma(dengan atas nama/ by line story).

Tegesipun, minangka karya pribadi, salebeting artikel kedah dipunserat asma

panyeratipun. Bab menika ugi kangge njagi tanggel jawab panyerat.

2. Artikel kedah ngewrat pamanggih ingkang aktual lan kontroversial

( menimbulkan perdebatan). Bab menika kangge narik kawigatosan pamaos.

3. Artikel kedah saged njunjung rembagan ingkang gayut kaliyan kapentingan

saperangan ageng pamaos.Panyerat kedah nimbang-nimbang topik ingkang

nembe dipunremeni pamaos.

4. Artikel kedah kaserat kanthi cara referensial kanthi visi intelektual. Artikel

sanes seratan fiksi ingkang linandhesan imajinasi kemawon. Artikel

mujudaken seratan non fiksi ingkang kedah linandhesan kaidah-kaidah

intelektual. Pramila kasus utawi argumen ingkang dipunangkat kedah

dipunsengkuyung data lan teori ingkang valiid/ sahih/ lumampah miterat cara

samesthinipun

5. Kedah dipunandharaken kanthi basa ingkang komunikatif, inggih menika

prasaja, cetha, populer, gesang saged andadosaken mangertosi esensi

artikelipun

Page 11: Modul Bahasa Jawa

6. Artikel kedah kaserat kanthi singkat lan tuntas. Singkat, kaserat kanthi

efisien, langsung dhateng underaning perkawis. Tuntas, saged paring solusi

saking perkawis kasebat.

7. Artikel kedah orisinal. Artikel sanes jiplakan saking sertan tiyang sanes.

Menawi wonten perangan artikel ingkang mendhet/ kutipan tiyang sanes

kedah kaserat sumberipun.

C. Tuladha artikel preskriptif

Boten wancinipun menawi para kadang sutresna sastra Jawa naming saged

nggrundel rikala mangertosi nasibipun macapat, tansaya dangu tansaya ngenes. Amargi

kirang pikantuk kawigatosan saking masarakatipun piyambak. Saking menika para

sutrisna sageda ndherek nyengkuyung ngrembakakaken macapat ing tlatah

Internasional. Menika mujudaken pakaryan nyata ingkang luhur tumraping tiyang Jawa.

Ingkang saged ngaosi warisaning leluhur. Boten naming ngleluri nanging ugi

ngrembakakaken. Pramila saking menika kula lanPanjenengan minangka generasi

mudha sumangga sareng-sareng nggadhahi greget lan krenteg kangge mekaraken

kabudayan Jawa awujud tembang macapat. Kanthi mumpangataken kemajengan

teknologi para sutresna langkung gampil mbiwarakaken asih reriptanipun wonten ing

internet.

Supados kupiya ngrembakakaken macapat lumantar website saged kasil, para

sutresna kedah gadhah kunci triprakara. Sepisan para sutresna kedah nguwaosi ilmu

computer mliginipun internet. Saged ngripta website kanthi desain ingkang

nengsemaken.

Kaping kalih, para sutresna Jawa kedah saged transfer macapat ingkang mawi

basa Jawa dhateng basa Inggris. Babagan menika wigati sanget. Amargi menawi boten

dikantheni mawi basa Inggris para tamu website saking manca boten mangertos

wosipun sekar macapat kasebat.

Kaping tiga, Para sutresna Jawa kang mliginipun ngginakaken blog kangge

ngrembakakaken macapat kedah mangertos grup ingkang gadhah kawigatosan

dhateng sastra etnik ingkang wonten ing tlatah internasional. Tanpa mangertosi babagan

menika, macapat ingkang dipunwartakaken badhe nyasar dhateng bloger ingkang

kagungan kawigatosan sanes. Satemah para sutresna namung mbuwang wekdal lan

beya tanpa asil ingkang cetha salebeting ruang internet.

IV. ALIH TULIS AKSARA JAWA

Page 12: Modul Bahasa Jawa

A. Pangertosan

Alih tulis inggih menika nyalin satunggaling seratan utawi naskah dhateng

papan (buku/kertas) sanesipun.

B. Ancas

Ancasipun ngawontenaken alih tulis inggih menika :

1. nyebarluasaken naskah

2. nglestantunaken naskah

3. nylametaken naskah

4. nggampilaken nyuraos naskah

C. Wujudipun alih tulis

Wujudipun alih tulis kaperang dados :

1. Transliterasi inggih menika alih tulis saking aksara setunggal dhateng

aksara sanesipun. Kaperang :

a. Translitersi diplomatik : inggih menika alih tulis saking aksara

setunggal dhateng aksara sanesipun tanpa ngawontenaken ewah-

ewahan.

Ancasipun : kangge nambah jumlah naskah/umur naskah

b. Transliterasi ortografi : inggih menika alih tulis saking aksara

setunggal dhateng aksara sanesipun kanthi dipunjumbuhaken

kaliyan EYD.

Ancasipun : kange panaliten kejawen

2. Transkripsi inggih menika alih tulis saking aksara setunggal dhateng

aksara ingkang sami.

a. Transkripsi diplomatik : alih tulis sking aksara setunggal dhateng

aksara ingkang sami tanpa ngawontenaken ewah-ewahan.

Ancasipun : kangge nggambaraken kawontenan naskah

b. Transkripsi ortografi : alih tulis saking aksara setunggal dhateng

aksara ingkang sami kanthi dipunjumbuhaken kaliyan EYD.

Ancasipun : kangge nggampilaken nyuraos utawi panaliten.

D. Aksara Murda

Paugeran nyerat Aksara Murda :

Page 13: Modul Bahasa Jawa

1. Kangge nyerat nama dhiri, nama papan, gelar, cekakan, lembaga pemerintah,

lan lembaga ingkang nggadhahi badan ukum.

2. saged dipunsukani sandhangan

3. saged dados minangka pasangan

4. boten saged dipunsukani pasangan

5. boten saged minangka panutuping wanda

6. saben setunggal tembung prayoginipun setunggal Aksara Murda

7. Wujudipun wonten wolu.

! @ # $ % ^ & *

Na Ka Ta Sa Pa Nya Ga Ba

Tuladha :

1. Bangsal Wilis : *=slWilis\2. Gunung Merapi : &unu=mer%i3. Suprayogi pados KTP : $up][yogip[fos¯[#[%4. Prof. Kartadimeja tindak Surakarta : %o]p+\@/tfimejtinFk±urk/t

Tuladha :

Transliterasi diplomatik

pfpvCk\

Transliterasi ortografi

pfp nCk\

Transkripsi diplomatik :

padapanycak

Transkripsi ortografi

pada pancak

V. KAWRUH CAMPURSARI

A. Pangertosan

Page 14: Modul Bahasa Jawa

Campursari mujudaken lelagon Jawa, ingkang saged dumados saking lagu

dolanan, langgam, macapat lsp.

Instrumen ingkang asring dipunginakaken kangge ngiringi campursari awujud

gamelan tradhisional Jawa lan instrument musik nasional, inggih menika :

kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar.

Paraga ingkang nglagoaken campursari dipunwastani wiraswara utawi

swarawati. Anggenipun nglagoaken dherek ungeling gendhing.

Tuladha lelagon Campursari :

Aja Lamis

Aja sok gampang janji wong manis yen ta among lamis,

becik aluwung prasaja nimas ora agawe gela,

tansah ngugemi tresamu wingi jebul among lamis,

kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga,

aku iki prasasat lara lan antuk jampi,

mbok aja among lamis kang uwis dadine banjur dhidhis,

akeh tuladha kang dhemen cidra uripe rekasa,

milih sawiji endi kang suci tanggung bias mukti.

B. Kawruh Basa :

- lamis : sing becik mung ing tembung atine ora

- prasaja : bares/blaka/jujur

- ngugemi : digugu

- prasasat : kaya

- cidra : ora setya, ngapusi

- suci : resik budine

- mukti : ngrasakake kesenengan urip

- nimas : sesebutan tumrap pawestri ingkang dipuntresnani

D. Wujud Gancaran

Putri manis sampun ngantos gampil matur janji menawi naming lamis,

langkung sae bares kemawon tinimbang damel kuciwa manahipun tiyang

sanes. Dene tiyang ingkang pun janjeni kala wau tansah ngugu pitados

karesnan kang sampun dipunjanjekaken, nanging pranyata naming lamis.

Page 15: Modul Bahasa Jawa

Saking gelanipun ngantos ngendika bilih nengga katresnan kados ngentosi

thukulipun jamur ing mangsa ketiga.

Pramila saking menika sampun ngntos putri menika dhemen lamis, ing

tembe badhe bakal nggelani tumindakipun satemah ndhidhisi

kekiranganipun. Sampun kathah bilih tiyang ingkang remen ngapusi badhe

nemahi gesang ingkang rekaos. Pramila langkung sae milih salah

satunggaling ingkang tuhu sae bebudenipun lan ngestokaken dhawuhing

agami, kanthi pangajab badhe pikantuk kamulyaning gesang.

E. Nilai Budi Peketi :

1. Sinaosa gadhah kalangkungan sampung ngntos nggadhahi sipat lamis,

satemah damel gleaning tiyang sanes.

2. Dados putri langkung ae ingkang bares, matur menapa wontenipun

dhateng tiyang sanes.

3. Sampun ngantos remen cidra ing janji satemah ndadosaken rekaos

gesangipun.

4. Saged milih tiyang ing bebudenipun sae satemah saged nggayuh

kamulyaning gesang.

VI. LAYANG

A. Wujud Layang

Page 16: Modul Bahasa Jawa

No Layang Titikan

1 Ulem

- nyuwun rawhuipun ingkang dipunkintuni serat.

- wonten papan, wekdal lan acara ingkang

katemtokaken.

- Limrahipun ngagem kertas ingkang

wangi/pahargyan pawiwahan.

2 Kitir/telegram

- wosipun cekak aos

- kakintun lumantar pos

- limrah suraosipun wigati/penting

3 Lelayu

- wosipun kabar duhkita/kematian

- wonten jati dhiri layon

- papan, wekdal pamethaking layon

4Iber-iber/

pribadi

- ngandharaker perkawis pribadi

- perangan seratipun jangkep

5 Dhawuh

- paring dhawuh dhateng ingkang dipunkintuni serat

- kaajab ingkang dipunkintuni serat nglampahi

dhawuhipun.

6 Prajanjen

- wosipun mratelakaken prajanjen

- wonten ingkang anyekseni

- ngginakaken materai

B. Perangan Layang

Page 17: Modul Bahasa Jawa

No Perangan Katrangan

1 Adangiyah

Unggah-ungguhing layang.

-salam taklim : sapadha-padha

-sembah sungkem : langkung sepuh

-sembah sungkem pangabekti : tiyang sepuh,

sesepuh, drajadipun langkung inggil.

2 Pambuka

Kabar keslametan lan pandonga dhateng ingkang

dipunkintuni serat.

“Nuwun kanthi serat menika ngaturi priksa bilih kula

tansah ginanjar wilujeng pikantuk berkahing

Gusti.Mugi0mugi Bpk? Ibu sekaliyan mekaten ugi

kawontenanipun.”

3 Isi

Suraosing serat.

“Kepareng matur bilih benjing surya kaping 20-24

April kula badhe nglampahi UAN lan boten saged

wangsul, pramila kula tansah nyuwung tambahing

donga pangestu saking Bpk saha Ibu….”

4 Panutup

Pengajeng-ajeng tumrap wangsulan lan nyuwun

pangapunten menawi wonten kalepatan.

“wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten

kalepatan kula nyupun gunging pangaksami.

Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap dongan

pangestunipun.”

5 TitimangsaPapan lan wekdal damel serat.

Wonosari, 1 April 2009

6 Peprenah

Sesambetan antawis ingkang kintun serat kaliyan

ingkang dipunkintuni serat.

Saking ingkang putra, ingkang wayah, mitra

kenthelmu

Page 18: Modul Bahasa Jawa

7 Tapak asmaTanda tangan saking ingkang damel/kintun serat

8 NamaAsmanipun ingkang damel/kintun serat.

Tuladha Serta Ulem

Wonosari, 12 Agustus 2008

Katur Panjenenganipun

Bapak/Ibu/Sedherek………..

Ing…………………………….

Nuwun kanthi puja puji hastuti sinartan sagunging pakurmatan, lumantaring

serat menika keparengan kula angrerantu rawuh Panjenengan wonten ing :

Dinten : Minggu Pahing

Titimangsa : 25 Agustus 2008

Wanci : 10.00 WIB

Papan : Gedhung Kesenian Wonosari

Acara : Wisudha Pawiyatan Pranatacara Yayasan Marsudi Budaya.

Wasana keparenga kula ngaturaken agunging panuwun, awit kawigatosan saha

rawuh Panjenengan.

Nuwun,

Pangarsa Yayasan

Raden Mas Subroto

SEMESTER 2

Page 19: Modul Bahasa Jawa

I. BASA JAWA ING SEKOLAH

I. NYEMAK

A. Siswa nyemak sesorah basa Jawa saking rekaman utawi ingkang

kawaosaken dening guru. Sesorah ngrembag bab basa Jawa ing sekolah

Tuladha teks sesorah ingkang grembag bab basa Jawi ing sekolah

BASA JAWA KRAMA SAHA BASA JAWA NGOKO ING SEKOLAHAN

Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah, Bapak Wakil Kepala Sekolah SMAN

Kulawarga Sejahtera.

Ingkang kinurmatan Ibu Bapak Guru SMAN Kulawarga Sejahtera, saha para siswa

ingkang kula tresnani.

Sugeng enjing, kairing salam kabegjan, kamulyan, saha katentreman tumrap kula

saha Panjenengan sadaya

Para lenggah, mangga kula Panjenengan sadaya langkung rumiyin

ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha

Agung awit paringipun rahmat saengga ing titi wanci menika kula Panjenengan

saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambikala. Ing siyang

menika kula badhe atur rembag sapala bab” Basa Jawa Krama saha Basa Jawa

ngoko ing sekolahan”. Basa Jawa menika basa dhaerah ingkang kalebet taksih

gesang amargi taksih kaginaaken minangka sarana rerembagan ing bebrayan

ageng suku Jawa. Upaminipun kaginaaken ing pasrawungan padintenan kulawarga,

antawising warga, saha ing pepanggihan-pepanggihan warga dhusun, menapa dene

ing sekolah-sekolah.

Basa Jawa ing sekolahan inggih menika nasa Jawaingkang kaginaaken ing

sekolahan minangka sarana pirembagan antawisipun guru kaliyan murid, guru

kaliyan guru, murid kaliyan murid, murid kaliyan guru, saha kaliyan sinten kemawon

ingkang nglenggahi dados perangan lampahing pasinaon ing sekolah. Lampahing

pasinaon ing sekolah menika boten namung kedadosan ing salebeting kelas,

Page 20: Modul Bahasa Jawa

ananging ugi papan sanes sakukubaning sekolah, umpaminipun ing kantor guru,

perpustakaan, saha laboratorium.Lampahing pasinaon ing sekolah boten namung

katindakaken dening guru saha murid, ananging ugi katindakaken dening paraga

administrasi ingkang paring pambiyantu babagan thek kliweripun administrasi

sekolah, kadosta paraga ingkang ngurusi bab perpustakaan, laboratorium, SPP,

ngantos paraga ingkang kagungan tanggel jawab resik-resik ing lingkungan sekolah.

Basa Jawa ingkang kaginaaken antawisipun para paraga ing sekolah sami

kaliyan basa Jawa ingkang kaginaaken ing bebrayan ageng sanesipun inggih

menika basa Jawa krama saha basa Jawa ngoko. Basa Jawa krama inggih menika

basa Jawa ingkang nengenaken wontenipun raos urmat-kinurmatan antawisipun

tiyang ingkang sami rerembagan. Basa karma ingkang naming samadya anggenipun

nandukaken raos urmat-kinurmatan kasebut krama lugu, wondene ingkang

langkung nandukaken raos urmat-kinurmatan kasebut krama alus. Wondene

ingkang kasebut basa Jawa ngoko inggih menika basa Jawi ingkang boten

nandukaken raos urmat kanthi ngegla amargi antawisipun paraga rerembagan

sampun rumaos sami supeket sasambetanipun. Ananging senajan makaten kados

dene basa Jawa karma, basa Jawi ngoko ugi kaperang dados kalih inggih menika

basa ngoko lugu saha ngoko alus. Basa Jawa ngoko lugu menika wujuding basa

ingkang temen-temen kaginakaken antawising paraga rerembagan ingkang raket.

Wondene basa Jawa ngoko alus menika taksih wonten perangan-perangan

ingkang ngginakaken tetembungan saking krama inggil utawi krama andhap

minangka cihna pakurmatan dhumateng tiyang ingkang dipun-ajak wawan rembag.

Salajengipun kadospundi paugeran panganggening basa krama saha basa ngoko

Paugeran panganggening basa Jawi krama utawi ngoko katemtokaken

dening sinten kemawon paraga ingkang sami rerembagan utawi wawan ginem,

wosing pirembagan, kawontenaning pirembagan, papan, saha sarananing

pirembagan. Wosing panganggening basa Jawa krama kangge ngurmati

dhumateng tiyang sanes, mliginipun ngurmati dhumateng tiyang sepuh. Sepuh ing

ngriki saged sepuh yuswanipun,utawi ingkang kaanggep sepuh amargi pangkat,

drajat, utawi awunipun. Wondene basa Jawangoko kaginakaken antawising paraga

ingkang rerembagan boten nengenaken aos-ingaosan utawi urmat-kinurmatan

sarana wujuding basanipun amargi boten mbedakaken bab beda-bedaning yuswa,

awu, pangkat, tuwin drajatipun.

Page 21: Modul Bahasa Jawa

Makaten rembag bab basa Jawa krama saha basa Jawa ngoko ing sekolahan

ingkang saged kula aturaken. Cak-cakanipun, saestunipun sampun Penjenengan

tindaken ing padintenan, namung bokmenawi wonten para siswa ingkang dereng

patos pana bab ingkang gegayutan kaliyan basa Jawa krama saha basa Jawa

ngoko, sarta kadospundi paugeran bab panganggenipun. Cekap atur kula, bok bilih

anggen kula matur wonten ngarsa Panjenengan sadaya kathah klenta-klentu

ingkang boten mranani ing panggalih, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Matur

nuwun.

B. Tuladha Panganggening Basa Jawa

Tuladha panganggening basa Jawi antawising guru-murid, murid-guru, guru-

guru, basa Jawa andharan bab laku kabecikan,kados kaserat ing ngandhap

menika.

Tuladha 1

Pirembagan guru kaliyan siswa ing salebeting kelas

Guru basa Jawa mlebet kelas, sasampunipun suka salam dhateng para

siswanipun,lajeng miwiti wulangan basa Jawa.

Guru : “ Para siswa, samenika Ibu badhe nerangaken bab panganggening

basa Jawi ing sekolahan. Samenika tahun ajaran enggal. Para siswa sampun

sami tepang kaliyan kanca-kanca? Kaliyan guru sampun tepang menapa

dereng ?”

Siswa :”Dereng!”

Siswa

Sanesipun : “Sampun!”

Guru : “ Menawi makaten, wonten ingkang sampun wonten ingkang dereng.

Samenika cobi sami tetepangan malih kanca-kancanipun. Caranipun para

siswa nyerat identitas dirilajeng mangke gentosan majeng kangge pitepangan

kaliyan kanca-kancanipun. Mangga dipunwiwiti kanthi nyerat nama, asal

sekolah,alamat,saha sanes-sanesipun. Cobi samenika sami ngrakit ukara

Page 22: Modul Bahasa Jawa

utawi damel seratan ingkang wosipun pitepangan kaliyan kanca-kanca.

Mangga dipunwiwiti”.

Siswa : “Inggih Bu” (sesarengan wangslanipun)

Tuladha 2

Pirembagan antawisipun para guru ing sekolah ngginakaken basa jawa ngoko

alus

Guru Matematika katingal kasesa,nilar kelas ingkang nembe pelajaran lajeng

dipunsuwuni priksa kalian guru basa Jawa.

Guru 1 : “Bu arep tindak menyang ngendi,kok sajak ana sing dioyak?”

Guru 2 : :Oh iya bu,iki arep metu sedhela. Ana siswa sing lara,perlu minyak

gosok. Arep utusan Pak bon lagi diutus Bapak Kepala Sekolah. Dadi

aku kudu metu dhewe. Mesakake bocahe selak kelaran”.

Guru 1 : “ Oh ya wis Bu mangga, ndherekake”.

Tuladha 3

Pirembabagan antawisipun Guru kaliyan Kepala Sekolah ngginakaken basa

Jawa krama alus

Guru basa Jawa SMAN 1 Muntilan badhe sowan Ibu Kepala Sekolah, saperlu

matur bab lomba Macapat tingkat propinsi.

Guru : “Nuwun sewu badhe sowan Ibu menapa kepareng ?” (kanthi patrap

urmat)

Kep. Sek. : “oh mangga, kagungan kersa menapa, kok sajak wonten wigatos?”

Guru : “Inggih Bu makten,wulan ngajeng menika sekolah kedah ngintunaken

siswa kangge tumut lomba macapat ing tingkat propinsi,lajeng bab

dana penyengkuyungipun kadospundi Bu?”

Page 23: Modul Bahasa Jawa

Kep. Sek. :” Oh menika. Cobi wonten anggaran rak wonten dana mligi bab

panyengkuyung dhumateng prestasi, cobi kula tingali rumiyin,taksih

pinten. Lajeng kangge dana dhateng propinsi sampun wonten kok

ancer-anceripun. Menawi taksih wonten dana panyengkuyung, kula

sarujuk sanget menawi para siswa badhe tumut lomba menika”.

Guru : “oh inggih Bu, matur nuwun”.

Page 24: Modul Bahasa Jawa

II. PAMEDHARSABDA

Pangertosan

Pamedharsabda inggih menika paraga ingkang kajibah mbabar satunggaling

perkawis utaawi wacana. Ing tata upacara pahargyan, pamedharsabda mundhi

dhawuhipun ingkang hamengku gati. Umpaminipun paraga ingkang kajibah

ngaturaken pambagyaharja, pangayubagya, utawi wasitatama.

Sarat Pamedharsabda

Supados jejibahanipun pamedharsabda saged kasil kanthi sae, pamedharsabda

kedah saged ngrengkuh sarat sarana kados ing ngandhap menika. Sarat ingkang

baku wonten tiga :

1. Olah swara

2. Olah raga lan busana (performance)

3. Olah basa lan sastra.

Kejawi saking menika taksih wonten bab-bab ingkang ingkang saged nyengkuyung

jejibahanipun pamedharsabda inggih menika:

1. Pangrengga swara

2. Sasana

3. Pawiyatan/ngelmu

4. Mental

5. Katewajuhan/disiplin

6. Gladhen/latihan

7. Kasamaptaan/kesiapan

(badhe katerangaken sarat baku ing ngandhap menika)

1. Olah Swara

Panyengkuyung olah swara inggih menika:

a. Dialek/logat

Swanten pamedharsabda boten worsuh (mambet utawi kecampuran)

dialek/logat daerah, tegesipun ngginakaken basa ingkang baku.

Tumraping Basa Jawa ingkang kaanggep baku inggih menika logat

Surakarta lan Ngayogyakarta. Dialek tan baku saged kaginakaken ing

swasana mardika.

Page 25: Modul Bahasa Jawa

b. Pocapan

Aksara mati lan aksara urip kaucapaken pamedharsabda kanthi cetha,

tegas, boten blero utawi bindheng. Salah pocapan saged ngandhapaken

kawibawaning pamedharsabda.

c. Prana/napas

Napas boten dipeksakaken, boten megap-megap,dados ketingal wajar

sukur kepara landhung amrih boten kandheg ing margi. Rerangkening

tembung lan ukara ingkang prasaja lan boten panjang-panjang supados

nggampilaken pangaturing napas.

d. Membat mentuling swara.

Membat-mentuling swanten magepokan kaliyan:

1) Intonasi : magepokan kaliyang pungtuasi kadosta koma, titik, tandha

parentah, lan tandha pitaken.

2) Pitch: magepokan kaliyan andhap inggiling swara trep kaliyan

acaranipun.

3) Tempo: magepokan kaliyan rikat rindhiking swara utawi rancaking

swanten.

4) Aksen : magepokan kaliyan pundi ingkang ampang lan pundi ingkang

lembat.

5) Juncture: magepokan kaliyan teba antawis tembung, frasa utawi

klausa, ukara (samangkih badhe kaandharaken ing ngandhap)

e. Kajiwa : swara ingkang kawedhar kedah saged kajiwa dening

pamedharsabda. Wonten ing pundi pangandikan dipuntrepaken kaliyan

swasana tintrim, bungah, sungkawa, lsp.

2. Olah raga lan busana

Jejering pranatacara saha pamedharsabda saged ketingal ngengreng menawi

karengga ing swara, raga, solah bawa, lan busana. Pangudining busana

saged ngetrepaken swasana kaliyan warnining busana kaliyan kulit, make up,

papan, ingkang samadya temah ketingal pantes.

Page 26: Modul Bahasa Jawa

Pangudining raga magepokan ugi kaliyan solah bawa. Miterat Rama Sudi

Yatmana mahyakaken saptama pangolahing raga inggih menika :

a. Magatra : bleger wujudipun, rupa, adining sarira lan busana trep, pantes,

jangkep. Sikep wajar boten dipundamel-damel.

b. Malaksana: tindakipun sapecak sejangkah, tinata runtut, luwes

mrabawani, boten ingah-ingih, boten wigah-wigih.

c. Mawastha : jumeneng jejeg, boten kendho, boten dhoyong.

d. Maraga : boten rongeh, boten edheg, boten gumeter, anteb anteng

ebahing sarira, mustaka jangga limrah samadya, ebah ewah pasemon

wadana nggambar jatining wigati, ebahing asta mimbuhi pratela cetha.

e. Malaghawa : trampil kepara trengginas, cag-ceg gancar sembada ing

karya.

f. Matanggap : tanggap salwiring swasana, saged mrabawa karya

ngengrenging swasana saged nawung duhkitaning wardaya nenangi raos

bela sungkawa.

g. Mawrat : anteb, manteb, ngentasi purwa, madya, wasananing karya.

3. Olah basa lan sastra

Amrih pamedharsabda saged ngolah basa ingkang sae kedah mangertosi

bab paramasastra, inggih menika kawruh/paugeran panyerat lan tatananing

tembung ing basa. Kanthi paramasastra kasebat pamedharsabda saged

ndhapuk tembung, ukara utawi wacana kanthi laras lan leres. Laras

tegesipun pamedharsabda saged ngayahi jejibahan trep kaliyan kawontenan.

Leres tegesipun pamedharsabda saged ngginakaken basa ingkang trep

kaliyan paramasastra. Anggenipun ngginakaken basa rinengga sampun

ngantos ngginakaken basa ingkang para tamu babar pisan boten mangertos

maknanipun jalaran namung badhe nguyak susastranipun. Sakalangkung sae

makna karengkuh, susastra ginayuh.

Kangge nggayuh basa ingkang susastra menika pamedharsabda saged

ngginakaken purwakanthi utawi wangsalan. (badhe kaandharaken

purwakanthi lan wangsalan)

Page 27: Modul Bahasa Jawa

Purwakanthi inggih menika ambaling swara.

Purwakanthi kaperang dados tiga

a. Purwakanthi swara : ingkang dipunambali swaranipun/vocal.

Tuladha : gemi nastiti ngati-ati, sembada kang sinedya.

b. Purwakanthi sastra : ingkang dipunambali konsonanipun.

Tuladha : wijang wijiling wicara panjenenganipun Bapa Sujatmika

pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhateng temanten

sarimbit. Watak wantune wanitatama, tata, titi, tlaten lan tumemen.

c. Purwakanthi lumaksita/basa : ingkang dipunambali tetembunganipun.

Tuladha : Nun inggih namung Bagus Harjuna ingkang kuwawi methik

puspita, puspita cempaka, cempaka kang lagya ambabar ganda arum,

boten sanes inggih namung Rara Ayu Wara Subadra.

Purwakanthi Guru Swara

1. Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang2. Ana awan, ana pangan3. Ana dina, ana upa4. Ati karep, bandha cupet5. Bareng wis makmur, lali marang sedulur6. Becik ketitik, ala ketara7. Gelem obah, mesthi mamah8. Inggah inggih, ora kepanggih9. Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa10. Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné11. Ora cepet, ora ngliwet12. Thenguk-thenguk, nemu kethuk13. Tuwas sayah, ora paédah

Purwakanthi Guru Sastra

1. Aja dhemen memada samèng dumadi2. Bobot, bibit, bèbèt3. Janji jujur, jajahané mesthi makmur4. Sing sapa salah sèlèh5. Sing wèwèh bakal wuwuh6. Sluman slumun slamet7. Tata titi tentrem

Purwakanthi Lumaksita

1. Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti

Page 28: Modul Bahasa Jawa

2. Bayem arda, ardané ngrasuk busana3. Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik4. Nandang lara, laraning wong lara lapa5. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa6. Raja putra, putra dalemé Ngastina7. Saking tresna, tresnané mung samudana

Wangsalan inggih menika unen-unen ingkang suraosipun kadya

cangkriman nanging batanganipun sampun kasebataken kanthi

sinandi.

Wangsalan kaperang dados gangsal :

a. Wangsalan lamba : wangsalan ingkang batanganipun namung

setunggal.

Tuladha: Roning mlinjo, sampun sayah pengin ngaso.

Ron mlinjo so ngaso.

b. Wangsalan memet : wangsalan ingkang caranipun madosi

batanganipun ambal kaping kalih.

Tuladha: Anggone menyang pasar ora sah kesusu, nguler kambang,

alon-alon wae, isih esuk.

Uler kambang lintah satitahe alon-alon.

c. Wangsalan rangkep : wangsalan ingkang batanganipun langkung

saking setunggal.

Tuladha: Jenang sela wader kalen sesonderan,

apuranta yen wonten lepat kawula.

Jenang sela apu apuranta

Wader kalen sesonderan iwak sepat lepat

d. Wangsalan padinan: wangsalan ingkang limrah kangge pacelathon

sadinten- dinten.

Tuladha: Wah, janur gunung, kadingaren kowe dolan rene.

Janur gunung godhong aren kadingaren

e. Wangsalan ing lagu/tembang

Tuladha: Jirak pindha munggwing wanasayeng kaga we rekta kang muroni

Page 29: Modul Bahasa Jawa

nyenyambi kalaning nganggurwastra tumrap mustaka pangikete wangsalan kang sekar pangkurbaon sabin ing nawalakinarya langen pribadi

Menawi dipunudhali :Jirak pindha munggwing wana wit sambi

nyeyambi

Sayeng kaga------ golek manuk----- mawi kala----- kalaning

We rekta kang muroni---- banyu abang kang mendemi-----

anggur---- nganggur

Wastra tumrap mustaka ---- sandhangan kang dumunung ing

mustaka---- iket----- pangikete.

Baon sabin---- wonten sawah, ngalas---- sami makarya----

kinarya

Nawala---- serat ingkang pribadi---- langen pribadi

Wangsalan ing lagu/tembang

Tuladha: Jirak pindha munggwing wanasayeng kaga we rekta kang muroninyenyambi kalaning nganggurwastra tumrap mustaka pangikete wangsalan kang sekar pangkurbaon sabin ing nawalakinarya langen pribadi

Gladhen

1. Kendhil ageng , sumangga enggal tumandang makarya.

2. Jangan gori nganti judheg anggonku ngandhani kowe.

3. Sarung jagung , bote wong nandang tresna.

4. Balung janur , muga-muga sida dadi kaleksanan.

5. mbalung jagung , sampun dados tanggel jawab panjengan

sedaya.

6. Anak bebek , aja meri karo aku.

Page 30: Modul Bahasa Jawa

7. Kolik priya , wanara anjani putra

Tuhu eman cah enom wedi kangelan

8. Witing klapa jawata ing ngarcapada

Salugune, wong sinau aja sembrana.

9. Isi sawo , putrane Pendhita Durna

Becike ngudia laku utama

10. Kawi gajah kramaning watu.

Estine ngamalke pancasila.

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedheg) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)

nJanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:

1. Jirak pindha munggwing wana2. Sayeng kaga we rekta3. Sinambi kalaning nganggur4. Wastra tumrap mustaka5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur6. Kinarya langen pribadi

Batangane:

Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi. Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala). We rekta kang muroni = iket. Baon sabin = karya.

Tembung

Wangsalan cekap, kalajengaken ing tembung, mangga kasemak…..Wangsalan cekap, kalajengaken ing tembung, mangga kasemak…..

Page 31: Modul Bahasa Jawa

Tembung inggih menika rerangkening swara ingkang kawedhar dening lisan lan

kasumurupan surosipun. Tembung kabedakaken adhedhasar wujud lan jinisipun.

Wujuding tembung kaperang dados sekawan:

1. Tembung lingga : tembung ingkang taksih wetah utawi dereng rinaketan

wuwuwhan menapa kemawon.

Tuladha : kalpika, sedya, laku, tulis, sapu.

2. Tembung Andhahan : tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun karana

rinaketan wuwuhan. Wujudipun wuwuhan :

a. Ater-ater : wuwuhan ingkang dumunung ing sangajengipun tembung llingga.

Ater-ater hanuswara : dhapuk tembung kriya tanduk (m,n,ng,ny = mlaku, nulis,

ngancing, nyapu)

Ater-ater tripurusa: dhapuk tembung kriya tanggap (dak,kok,di = dakwaca,

dijupuk, kokpangan)

Ater-ataer a, sa, pi, ka,ke,pra,tar,kapi,kuma,kami.

b. Seselan : wuwuhan ingkang dumunung ing satengahing tembung lingga.

Seselan wonten sekawan = um, in, el, er, sumugih, sinebar, klepyur, grandhul.

c. Panambang : wuwuhan ingkang dumunung ing sawingkinging tembung lingga.

(i, a, e, en, an, na, ana,ane, ake,)

3. Tembung Dirangkep : kaperang dados tiga inggih menika :

a. Dwipurwa : tembung ingkang kedadosan saking pangrangkeping wanda

kawitane lingga.

Tuladha : bungah bubungah bebungah

tuku tutuku tetuku

b. Dwilingga : tembung ingkang kedadosan saking tembung lingga ingkang

dipunrangkep.

Tuladha : mlaku-mlaku, mobat-mabit, epek-epek.

c. Dwiwasana : inggih menika tembung ingkang kedadosan saking

pangrangkeping wanda wekasan.

Tuladha : cengis cengisngis cengingis

4. Tembung camboran : kalih tembung utawi langkung ingkang kagandheng dados

setunggal, mujudaken tembung enggal, saha ngemu teges enggal ingkang nyebal

saking tembung sakawit. Kaperang dados kalih inggih menika camborah wutuh

lan camboran tugel.

Page 32: Modul Bahasa Jawa

Tuladha : semar mendem, raja lele, camboran wutuh

Lunglit, ndhekwur,dhelik camboran tugel

Jinising tembung kaperang dados sedasa :

1. Tembung aran/kata benda/nomina : tembung ingkang mratelakaken namaning

barang/ menapa kemawon ingkang kaanggep barang. Tuladha : buku, meja,

ngelmu, dokter.

2. Tembung kriya/ kata kerja/verba : tembung ingkang mratelakaken tandang

damel/solah bawa. Tuladha : nyerat, maos, siram, ngarit, mundhut.

3. Tembung kaanan/kata sifat/adjektiva : tembung ingkang mratelakaken

kaanan/kawontenan/ watak satunggaling barang utawi bab. Tuladha : beja,

pinter, pelit.

4. Tembung katrangan/kata keterangan/adverbia : tembung ingkang paring

katrangan tembung sanesipun. Tuladha : arep, wis, boten, saweg, pancen,

saged.

5. Tembung sesulih/kata ganti/pronomina: tembung ingkang dipunginakaken

minangka sesulihipun tiyang, barang. Tuladha: Sesulih tiyang kaperang dados 3.

1) utama purusa : aku, ingsun, awake dhewe. 2) madyama purusa :

sampeyan/kowe. 3) pratama purusa: dheweke.

6. Tembung wilangan/kata bilangan/numeralia: tembung ingkang mratelakaken

gunggungipun. Tuladha : setunggal, selosin, akeh, sekedhik.

7. Tembung panggandheng/kata sambung/konjungsi : tembung ingkang kangge

nggandheng ukara setunggal kaliyan ukara sanes. Tuladha : mulane, ananging,

dene, lan.

8. Tembung ancer-ancer/kata depan/preposisi: tembung ingkang kangge ngancer-

anceri papan utawi tembung aran. Tuladha : kaliyan, dening, kagem, marang.

9. Tembung panyilah/kata sandang/ artikula : tembung ingkang kangge

nyilahaken/mligegaken satunggaling patrap, barang utawi bab. Tuladha : si,

ingkang, sang, sri, para.

10.Tembung panyeru/kata seru/interjeksi : tembung ingkang saged nggambaraken

wedharing raos remen, susah, kaget, kuciwa, gela, gumun. Tuladha : lha, lho,

asyik, adhuh, hore, wah.

Page 33: Modul Bahasa Jawa

Frasa

Frasa inggih menika kelompok tembung kanthi titikan :

1. Kedadosan saking kalih tembung utawi langkung

2. Drajadipun dumung antawis tembung saha klausa.

3. Urut-urutaning tembung boten kenging nglangkungi wasesa

4. Limrahipun kedadosan kalih perangan, inggih menika perangan

inti/dipunterangaken, perangan atribut/ ingkang nerangaken.

Miterat pranatanipun kaperang dados kalih :

1. Frasa endosentris : nyebataken setunggal perangan sampun makili perangan

sanes.

Tuladha : sekar pocung, basa krama

2. Frasa eksosentris : salah satunggaling perangan boten saged makili nyulihi

perangan sanesipun.

Tuladha : ing kalbu, amrih lantib.

Klausa

Klausa rerangkening tembung ingkang sampun ngudhar satunggaling gagasan.

Titikanipun klausa inggih menika :

1. Ing basa lisan saboten-botenipun wonten wasesa

2. Ing basa sinerat saboten-botenipun kedadosan saking jejer lan wasesa.

3. Saged madeg dados ukara.

Tuladha : Pak Hardjana // jumeneng Pak Hardjana jumeneng : klausa

jejer wasesa Pak Hardjana : frasa

jumeneng : tembung

Ukara

Ukara inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudharaken

satunggaling kekajengan jangkep setunggal bab. Titikanipun ukara ;

Page 34: Modul Bahasa Jawa

1. Saged madeg piyambak

2. Kedadosan setunggal klausa utawi langkung

3. Ing basa sinerat kawiwitan aksara murda dipunpungkasi titik, tandha pitaken,

tandha seru.

4. Wonten laguning pocapan/intonasi.

Tuladha : Pak Budi saweg nyerat ing blabag, para siswa sami nggatosaken

Miterat kathah sekedshikipun klausa :

Ukara camboran sejajar :

1. Kalusa-klausa ing ukara majemuk sejajar kalenggahanipun sejajar.

Sadewa mipili jagung lan Pranandari nglumpukake pipilane.

Hananto nyawang Widodo banjur mandeng anake.Bulus raseksa iku wis diburu wong papat, nanging ora kasil dicekel.Kahanane negara uwis mbebayani, malah swasanane saya umeb.

Ukara camboran susun : ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung ingkang

salah setunggalipun minangka perangan saking klausa sanes.

1. Ngatini meruhi menawa Sadewa lagi lara

Klausa inti

2. Merga ibu tanpa daya, Ibu ora bisa selak nadyan Panjenengane wis sepuh.

Kalusa utama : Ibu ora bisa selak

Klausa subordinatif : merga ibu tanpa daya, nadyan pajenengane wis sepuh

3. Jiwa ora bisa turu sebab dheweke kuwatir yen bandhane dicolong uwong. (majemuk

berjurai)

Klausa utama : Jiwa ora bisa turu

Klausa subordinatif : (1) dheweke kuwatir, (2) yen bandhane dicolong uwong

4. Nalika tangane Baryono nyandhak gulu saperlu nggagapi kalamnejing, Bajag nguwali

pangringkuse

Klausa utama : Bajag/ nguwali /pangringkuse.

J W L

Klausa subordinatif : (1) Nalika/ tangane Baryono/ nyandhak/ gulu.

Tp J w L

(2) saperlu /nggagapi /kalmenjing.

Tp w L

5. Mripate ngandhakake yen dheweke durung rampung (tdk dapat dibalik)

Page 35: Modul Bahasa Jawa

Kl utama Kl subordinatif

5. Sadewa rumangsa bener mula dheweke wani maju.

Kl utama kl subordinatif

6. Aku iklas waton kowe ora ngapusi ( dpt dibalik) Waton kowe ora ngapusi, aku iklas.

Kl utm kl subor

7. Hardi endha sambi tangane nggoceki pang.(dpt dibalik).

Kl utm kl subor

8. Ranti uwis teka nalika Ibu durung tindak.

Kl utama

9. Pak Jimin budhal mulang sawise anake mara.

Kl utama kl subord

10. Pak Jimin budhal mulang sanajan anake mara

11. Tandurane deres banget (nganti, mula, akibate, saengga) tandurane padha rusak.

Page 36: Modul Bahasa Jawa

III. BUDI PEKERTI

Andhap inggiling drajat setunggal negari katemtokaken dening budi pekerti

warganipun. Kangge ningkataken taraf budi pekerti bangsa, salah satunggaling cara

saged dipunlampahi lumantar pendhidhikan formal utawi non formal.

Tembung budi serapan sansekerta wod tembung budh : sadharTembung pekerti serapan sansekerta, wod tembung krti : solah

bawa solah bawa/ tindak tanduk satunggaling tiyang.

Budi wonten ing batosing tiyang, pramila boten ketingal, badhe ketingal

menawi tiyang nglampahi satunggaling solah bawa. Supados saged nggadhahi budi

pekerti luhur kedah nggadhahi pawitan tepa slira

Sumber pustaka Jawa ingkang ngemot ajaran budi pekerti : (cekap

dipunmangertosi)

a. Retno ginubah (S. Siswosudiro, 1956)

NGemot 423 ajaran. Dipunandharaken kanthi anjuran : karukunan,

kawilujengan, kautaman, kajujuran, tresna asih, sengkud makarya, remen

tetulung urmat. Kanthi larangan : gampil gumun, ngamuk, isin takon,

kandheg usaha.

b. Sasana Sastra (Ki Yasawidagda & Ki Hadiwijana, 1952)

Wosipun konsepsi solah bawa nistha, madya, utama.

c. Sastra Gita Wicara ( Ki Hadiwijana, 1953)

Wosipun 100 ajaran budi pekerti luhur

d. Wirawiyata (KGPAA Mangkunegara IV, 1788)

Page 37: Modul Bahasa Jawa

Ajaran budi pekerti ingkang katujokaken dhumateng para prajurit.

e. Niti Sastra (RM. Ng. Purbacaraka, 1940)

f. Tantri Kamandaka, dipunsunting C. Hooykaas, 1931)

Ajaran anggenipun ngluwari nafsu sufiahipun

g. Arjunasasrabahu (R.Ng. Sindusastra, 1757)

Ajaran budi pekerti prajurit ing rananggana.

Fakator mula bukaning budi pekerti :

a. Sosial

Masyarakat Jawa limarah gesang ing alam pradesan, ingkang nengenaken

karukunan lan tembayatan. Pramila solah bawa tansah dipunupayakaken

wontenipun tembayatan ingkang laras kanthi unen-unen sepi ing pamrih, rame

ing gawe, memayu hayuning bawana.

Sepi ing pamrih sikap batin ingkang menggak hawa nepsu

Rame ing gawe upaya nglampahi darma tumuju larasing hak lan

kewajiban.

Memayu hayuning bawana upaya mujudaken kasalarasan tuwin

karukunan gesang ing alam donya.

b. Filsafat

Tiyang menika minangka ciptaan Gusti ingkang wujudaken gambaran alit

ingkang dumados saking badan wadhag lan ruh. Kangge ngenal pribadi kula lan

panj dipunalang-alangi nafsu mutmainah, amarah, aluamah, sufiah. Kados

unen-unen Bali alaming asuwung tan karem karameyan, ingkang sifat wisesa

winisesa wus, mulih mula mulanira.

c. Religi

Masarakat Jawa nggadhahi tingkat religiolitas ingkang inggil. Sampun kagungan

kapitadosan. Agama dherek kiprah mujudajen ajaran moral Jawa ( toleransi,

larangan, dhawuh, lsp)

Caranipun nggayuh budi pekerti :

1. Kanthi pengajaran unggah-ungguh

Ingkang guneman

Page 38: Modul Bahasa Jawa

berstrata

ingkang dipunajak guneman

Tuladha : Are you going to eat now?

Ngoko lugu : Apa kowe arep mangan saiki

Ngoko alus : Apa sampeyan arep dhahar saiki

Krama lugu : Napa sampeyan ajeng nedha sakniki

Krama alus : Menapa panjenengan badhe dhahar samenika

2. Ngginakaken Basa Jawa kanthi sae lan leres.

Pandom ngginakaken Basa Jawa kanthi sae:

1. Trep kaliyan unggah-ungguh basa : Tiyang ingkang guneman kaliyan ingkang

dipunajak guneman badhe nemtokaken ragam basa ingkang badhe kapilih.

Pembicara Lawan Bicara

(communicator) (The recipient of the message)

1. Tingkat social

2. Kawontenan pirembagan

3. Wosing pirembagan

4. papan

5. sarananing pirembagan

2. Trep kaliyan Variasi basa, ngewrat perkawis :

a. Field/bidang: ngengingi kenging menapa komunikasi dumados

b. Mode/ ragam: ngengingi kados pundit bentuk/ragam basanipun

Page 39: Modul Bahasa Jawa

c. Style/gaya : ngengingi teba antawis pembica-lawan bicara/ dhateng sinten

pilihan variasi basa dipunginakaken.

3. Sikap Penutur

Amargi wong Jawa wis ora jawani, pramila tiyang Jawa kecalan identitas

minangka tiyang Jawa ingkang kawentar alus basanipun, sopan, semanak, lsp.

Tiyang kirang nggadhahi sikap positif dhateng basa Jawa : setya dhateng

paugeran panganggening basa Jawa, raos urmat dhateng basa Jawa, raos

bombong ngginakaken basa Jawa, sadhar dhateng basanipun.

4. Trep antawis bentuk lan isi

Saged ngronce ukara ingkang efektif lan efisien : ukara ingkang kawedhar

kedah nggayuh maksud tanpa ngedalaken kathah tembung.

Pandom ngginakaken Basa Jawa kanthi leres :

1. Trep kaliyan kaidah paramasastra : paugeran panyeratan lan tatananing

tembung ing basa.

2. Trep kaliyan ejaan : system paugeran pralambang swanten basa kanthi aksara,

paugeran nyerat tembung-tembung lan cara ngginakaken tanda baca.

3. Trep kaliyan lafal : paugeran pralambang swanten basa/ pocapan aksara kanthi

cetha.

Gladhen : saged analisis budi pekerti ing karya sastra Jawa, salah setunggalipun uyon-uyon.

Gendhing Nusantara

Wus mesthine ca pantese padhaangrungkepi ca laku darma

bekti sungkem mring nusa bangsatunggal cipta tunggal sedya

wong sanegara 3X

Mbedhah mega mendhung tumiyungmugi-mugi antuka pepadhanging Nuswantara kalis rubeda

amardikengrat lulus tataraharja

ing nuswantara kacatursubur makmuring nagarisanyata tan ana padha

Page 40: Modul Bahasa Jawa

lawan gumelaring bumiRepublik Indonesia

Mardikengrat tulus mandiri

III. PAWARTOS BASA JAWA

Tuladha teks pawartos

Pamaos Pawartos :

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngeblak, Sitimulya, Piyungan, Bantul

dipunbikak wiwit tahun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping

tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis, kepara

mujudaken papan ingkang ngrejekeni.

Narator :

Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulya, Piyungan,

Bantul mujudaken papan kangge bucal uwuh saking Kabuapten Sleman, Bnatul lan

Kota Yogya. Ing wekdal sakawit, saderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenan

warga masyarakat ing sakiwa tengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging

sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik tansaya

mindhak sae, awit ndayakaken uwuh menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngeblak, Ahyar ugi nelakaken bilih

sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios tambal banipun ugi saya rame. Kejawi

menika warga ing sakiwa tengening ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh

menapa dene ngingah lembu, saengga panggesangan tansaya mindhak.

Page 41: Modul Bahasa Jawa

Pamaos Pawartos :

Ganda uwuh wonten ing TPA temtu mambet sanget lan boten badhe

ndadosaken jenak. Nanging tumraping tetiyang ingkang pados uwuh, ganda ingkang

mambet kasebat dados sumbering rejeki.

Narator :

Kejawi masyarakat sakiwa tengenipun, tetiyang ingkang pados uwuh kasebat

dhateng saking maneka warni tlatah ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun.

Salah satunggalipun tiyang ingkang pados uwuh, Yanti mratelakaken barang-

barang kadosta plastic, botol, diklempakaken salebet setunggal minggu lajeng

dipunsade. Kanthi makarya nglempakaken uwuh kasebat, Yanti saged

nyekolahaken yoganipun cacah 3 ingkang manggen ing Kulon Praga kaliyan

simbahipun. Tumrap tetiyang ingkang dhateng saking sajawining rangkah, inggih

sami manggen ing gubug utawi brak dados setunggal kaliyan tumpukan uwuh.

Puji Lestari, Agus Widada, Jogja TV

(Kapethik saking Pawartos Ngayogyakarta, Jogja TV)

Kawruh Basa

Ganda : ambu

Kepara : malah

Nelakaken : nerangaken, mratelakaken

Rangkah : pager, wates

Yoga : putra, lare

Ndayakaken : upaya, usaha

Page 42: Modul Bahasa Jawa

V. ROMAN

Kasusastran Jaman Moodern :

1. Wujud Roman

R.M Sri Hadijaya : Jodho kang pinasthi, gerilya Solo, Tugas Luhur

Widi Widayat : Kapilut godhaning Setan, Tresna Abaya Pati, Suduk Gunting

Tatu Loro

A. Zaerozi A.A : Kumpule Balung Pisah.

2. Wujud Cerkak

St.I Iesmaniastia : Kidung Wengi ing Gunung Gamping (Antologi)

Suwardi Endraswara: Jangka, Kaca-kaca Bening (antologi), Semar, Kagubet Kalimat

Angga-angga

3. Wujud Geguritan

Krishna Miharja : Langit, Pasar, Kori, Urip Iki, Nalika Tangi, lsp

Turiyo Ragil Putra : Badhar, Aku Kangen, Tembang Grimis, Tembangan, lsp.

Tuladha Roman

Kumpule Balung Pisah………………………………………………………………………………………

…………..

Page 43: Modul Bahasa Jawa

Dumadakan keprungu swara dhokar mandheg ing ngarepan. Let sedhela Darti mlayu-mlayu mlebu ngomah matur ibune, Bu………, ana tamu.”

Tamu sapa…. Apa karo Bapakmu?” pitakone Darminah.“Ora, wong nitih dhokarkok, karo Bulik Sun….., tamune putrid wis sepuh.”“Lho, sapa?”Darmanto kang ngerti banjur mapagake tamu-tamu iku, yaiku : Sundari,

Sumantri, lan piyayi wadon tuwa, ayake ibune.“Elo, apa kuwi ibune dhik Sun….? Blahi, kedhidikan iki…” pangunandikane

Darminah. Nuli matur marang bapake, “Pak, nika lho, bakal besan Panjenengan tindak mriki….”

Mas Sastro isih during pati maelu, diarani anake mung guyonan wae, isih nersake nggone wiridan. Tamu-tamune padha mlebu ngomah, Darminah mapagake…..

“Kula nuwun ……….., “ celathune priyayi putrid iku, banjur mandheg greg, kaya kamitenggengen…..

“Mangga…..,” wangsulane Darminah, uga nuli cep… Mripate mandeng tamune akedhep tesmak……, dumadakan nuli mlayu nggapyuk tamune karo nggembor banter banget, “Ibu……..! o, Ibu…..! Bu, teka panjenengan …. Bu, kula …. kula…. Putra Panjenengan pun Darminah.” Darminah ngrangkul kenceng karo nangis nguguk.

Tamune melumbengok nangis, “O…., anakku Ngger….! Kok kowe ….ana Ya Allah, gusti….., Pangeran kula….”

Tamu mau, jebul ibune dhewe kang wis pirang-pirang taun pisah. Darmanto, Sundari, lan Sumantri mung padha ndomblong ora ngerti nalar-nalare.

“Darmanto…, apa kowe pangling, iki rak ibumu dhewe….,” celathune Darminah marang Darmanto. Darminah dhewe isih ngrangkulibune. “Bu, menika rak Manto rumiyin, nalika panjengan tilar tasih alit.”

Manto banjur melu nangis sisan. Semono uga Sundari, calon garwane Darmanto.

“O Allah…. Ngger, saka pokale ibumu…… nganti…… kelakon…….. kaya ngene. Lha Bapakmu….. saiki …..ana …….ngendi?

Kocapa Mas Sastrosudiro isih ana kamar , bareng krungu rame-rame ing njaba, nuli brabat metu kepingin weruh kedadean apa. “Em ….. kowe ta Bune…?”

“Iya,…… Pak…… sepira luputku….. nyuwun pangapura.” Bu Sastro banjur ngekep lan ngmbungi putu-putune.

Darminah, mbakyune Darmanto nuli marani Sundari, “O, Allah jebul kowe ki adhiku dhewe…. To, Manto,…… kaya bener rasane atiku, gek anu, gek anu, jebule Sundari calonmu iki adhiku dhewe, ya tegese adhimu dhewe, mung seje bapak. O, Allah tujune during kebacut.”

“Iya , Ndhuk…, kabeh iki kadang-kadangmu dhewe.” Sambunge Bu Sastro karo ngusapi eluhe. “Sundari iki anakku nomer loro karo bojo…… dene Sundara wis ora ana, jalaran mursal ora karuwan niru Bapake kang uga lunga ora karuwan juntrunge. Jebule, anggone ngepek aku iki mung arep ngrontogi bandhaku.”

Bu, sing wis ya wis.” Ngendikane Pak Sastro marang tilas garwane kang ditinggal garwane. Bu Sastro biyene kepencut karo wong liya, banjur pegatan karo Pak Sastro. Saiiki bali meneh.

Page 44: Modul Bahasa Jawa

Wosing Budi Pekerti :2. Kedah setya dhateng garwanipun3. Tumindak kedah dipunpenggalih langkung rumiyin, supados boten

kuciwa tembe wingkingipun, kados Bu Sastra ingkang dipuncidra kaliyaningkang dipunajak sedheng.

4. Nglampahi gesang bebrayan adhedhasar paugeran agami, sampun ngntos kados Bu Sastra ingkang nilar kulawarga kangge nggayuh kekajenganipun piyambak.

5. Saged tanggel jawab dhateng kulawarganipun.6. Putra kedah mangabekti lan ngestokaken dhawuhipun tiyang sepuh.7. Menawi badhe jejodhohan kedah dipunmangertosi garis katurunanipun.

Kados Sumanto ingkang badhe pepacangan kaliyan Sundari pranyata kaprenah kakang adhi seje bapak.

Gladhen:1. Menapa bentenipun cerkak,Novel,Roman..?2. Katulisna unsure intrinsic saking Roman lan jelasna..!3. Katulisna tahapan alur saking Roman…!