Upload
ermaseptiana21
View
1.481
Download
1
Embed Size (px)
Citation preview
ERMA SEPTIANA
A510120155/IV D
BASA NGOKO
a. Ngoko Lugu, Basa ngoko lugu inggih menika basa kang paling asor ing undha usuk
Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko sedaya, ora ana tembung krama utawa krama
inggil tumrap wong sing diajak guneman.
tembung : aku, kowe.
Ater-ater Tripurusa : (dak/tak, kok, ko, di)
Panambang : ku, mu, e, ake boten ewah, tetep utawi panggah
kemawon.
Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kagem gineman :
1. Tiyang sepuh dhumateng anak, wayah, utawi tiyang enem sanesipun.
Tuladha :
Ibu : ndok, jare sesok ujian gak ndang sinau ki piye ta?
Anak : injih bu, iki kula arep bidal sinau.
2. Sesamining tiyang, boten kaiket drajat lan pangkat kados bocah kaliyan
kancanipun, utawi bocah padha bocah seng seumuran.
Tuladha :
Lin, kowe uwes ngarap PR basa jawa seng di ngo sesok durung?
Yen urung ayo ngarap bareng karo aku bubar sekolah.
Tasmu kuwi apek tenan yo, tukumu nang ndi ra?mbok yo aku
diterke tuku mrono.
3. Panggedhe (pimpinan, pangarsa)dhumateng andhahanipun
Tuladha : Pimpinan : latare reget banget sampun disapu rung mbok ?
Abdi : Sampun ndara, kala enjing sampun kula sapu sak estu.
4. Ngudaraos piyambakan
Tuladha :
Dino iki hawane panas banget, aku pengen ngombe es
cendol.
1 | B A H A S A J A W A
Omah kae apek tenan, kapan aku iso gawe omah koyo
ngono.
5. Kanggo sesorah, menehi andharan lsp marang wong akeh (audiensi) sing
tangkepe (interaksine) wis akrab, lan dirasakake luwih kepenak menawa nganggo
basa ngoko.
6. Kanggo nulis ing kalawarti, bulletin, buku, lsp sing asipat umum, kayata: wara-
wara, plang (papan nama), tawa dagangan (iklan) lsp. Kejaba sing kudu
mbutuhake basa krama.
b. Ngoko Andhap yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang
diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap
wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama
sawetara. Basa ngoko andhap saget kaperang dados kalih, inggih menika antya basa,
kalian basa antya.
Ginanipun basa ngoko andhap inggih menika kagem gineman :
1. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
2. Bojone priyayi marang sing lanang
3. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket
1) Antya Basa, wujudipun: tembung ngoko kecampuran tembung karma inggil tumrap
tiyang ingkang dipunajak gineman, ingkang ngendika mawi krama
andhap mratelaken dipunajeni.
a. Aku : tetep, boten ewah
b. Kowe :1. Ingkang kaprenah sepuh kagantos : panjenengan, kiraka,
kangmas
2. ingkang kaprenah enem kagantos : sliramu, kengslira, adhi,
dhimas
c. Ater-ater : dak/tak, kok/ko, di tetep kemawon
d. Panambang: ku, mu, e/ake, tetp kemawon
2 | B A H A S A J A W A
e. Ginanipun : Kangge sedoyo kemawon ingkang sampun rumaket utawi akrab
sanget, sampun sami nggko nanging tasih sami ngaosi.
Tuladha :
Mbak sri, tukune rasukan iki nang ngendi?
Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
Ibu duwe binggel anyar lagi tuku ndek wingi
Mbak siti kuwi garwane mas edi.
2) Basa Antya
Basa Antya inggih menika wujudipun ngoko kecampuran tembung-tembung
karma lan karma inggil.
a. Aku : tetep, boten ewah
b. Kowe : sami kaliyan Antya Basa, dipun gantos : panjenengan,
Kiraka,kangmas, sliramu, kangslira, adhi, adhimas.
c. Ater-ater : dak/tak, kok/ko, di, tetep kemawon
d. Panambang : ku, mu, e, ake, tetep kemawon
e. Tuladha :
ibu arep tindak peken ta, pak?
Bapak badhe budal menyang Jakarta wau dalu.
Bapak ngendiko dadi bocah seng sregep sinau.
Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba
mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged
remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan
bangsa.
3 | B A H A S A J A W A