131
SKRIPSI TEMBANG LAN PARIKAN ING “SRANDHUL” SAHA PANGETRAPING METODHE SERVICE LEARNING ING PIWUCALAN SISWA SMA Dipunajengaken dhumateng IKIP PGRI Semarang kangge njangkepi salah satunggaling syarat kangge mungkasi Program Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa SUMIYEM NPM 07430369 \ PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2011

SKRIPSI - · PDF fileProgram Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas ... xi kesenian ini berupa ... wajib jumbuh kaliyan kurikulum muatan lokal

Embed Size (px)

Citation preview

SKRIPSI

TEMBANG LAN PARIKAN ING “SRANDHUL”

SAHA PANGETRAPING METODHE SERVICE LEARNING

ING PIWUCALAN SISWA SMA

Dipunajengaken dhumateng IKIP PGRI Semarangkangge njangkepi salah satunggaling syarat kangge mungkasi

Program Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa

SUMIYEM

NPM 07430369

\

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

ii

TEMBANG LAN PARIKAN ING “SRANDHUL”

SAHA PANGETRAPING METODHE SERVICE LEARNING

ING PIWUCALAN SISWA SMA

SKRIPSI

Dipunajengaken dhumateng IKIP PGRI Semarang

kangge njangkepi salah satunggaling syarat kangge mungkasi

Program Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa

SUMIYEM

NPM 07430369

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

iii

SKRIPSI

TEMBANG LAN PARIKAN ING “SRANDHUL”

SAHA PANGETRAPING METODHE SERVICE LEARNING

ING PIWUCALAN SISWA SMA

Ingkang dipunanggit lan dipunajengaken dening

Sumiyem

NPM 07430369

Sampun dipunsarujuki dening pambimbing

kangge dipunujekaken wonten ing ngajengipun Dewan Penguji.

Semarang, Juli 2011

Pambimbing I Pambimbing II

Dr. Bengat, M.Pd. Totok Yasmiran, S.S.NIP 084301217 NPP 097002243

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

IKIP PGRI SEMARANG

iv

PANGESAHAN

SKRIPSI

TEMBANG LAN PARIKAN ING “SRANDHUL”

SAHA PANGETRAPING METODHE SERVICE LEARNING

ING PIWUCALAN SISWA SMA

ingkang dipunserat lan dipunajukaken dening:

Sumiyem

NPM 07430369

sampun dipunkukuhaken ing ngajeng Dewan Penguji

Dinten Jum’at Surya kaping 22 Juli 2011

Lan dipunpratelakaken njangkepi syarat

Panitya Ujian

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M.Hum Dra. HR. Utami, M.Hum.NIP 196503161990032002 NPP 906301071

Anggota Penguji:

1. Dr. Bengat, M.Pd. (.............................................)NIP 084301217

2. Totok Yasmiran, S.S. (.............................................)NPP 097002243

3. Drs. Suyitno YP, M.Pd (.............................................)NPP 106501308

v

SESANTI LAN PISUNGSUNG

1. Sesanti

Kawula mung saderma, mobah-mosik kersaning Allah Hyang

Sukma

Sabegja-begjane tiyang lena, langkung begja kang tansah

eling klawan waspada

Sampun kesupen dhateng panggawe becik, jalaran panggawe

becik iku minangka dalane mulya nira

2. Pisungsung

Pisungsung dipunaturaken dumateng:

Bapa Biyung, Jumat lan Trimah ingkang datan kendhat paring

pangestu, saha ingkang tansah nyekapi prabeya kangge

nglancaraken skripsi punika

Sisihan kula, kangmas Sopi’i ingkang kinasih lan tansah kula

tresnani

Paguyuban kesenian Srandhul ingkang sampun sumadya paring

pambiyantu proses panaliten

Adhi-adhi kula ingkang tansah paring motivasi

Kanca-kanca kost ingkang tansah paring motivasi

Kanca-kanca kelas H is the best

vi

ATUR CECELA

Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Akarya Jagad ingkang

sampun pinaringan rahmat lan hidayah-Ipun satemah panalitian skripsi kanthi

irah-irahan “Tembang lan Parikan ing Srandhul saha Pangetraping Metodhe

Service Learning ing Piwucalan Siswa SMA” saged purna kanthi boten wonten

pambengan punapa kemawon.

Panaliten skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping

mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,

Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang.

Sadangunipun panaliten skripsi punika, panaliti pikantuk pambiyantu

saking sadaya pihak. Pramila kanthi andhaping manah, panaliti ngaturaken

agunging panuwun dhumateng:

1. Muhdi, S.H., M.Hum., Rektor IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun

paring idin lan kalodhangan panaliti kangge nyerat skripsi punika.

2. Dra. Sri Suciati, M.Hum., Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP

PGRI Semarang, ingkang sampun paring kalodhangan panaliti kangge

nyerat skripsi punika.

3. Dra. H.R. Utami, M.Hum., minangka Kaprogdi Pendidikan Bahasa dan

Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun paring pasarujukan.

4. Dr. Bengat, M.Pd., minangka Pambimbing I, ingkang sampun paring

pitedah anggenipun nyerat skripsi.

vii

5. Totok Yasmiran, S.S., Pambimbing II ingkang sampun suka bimbingan lan

pamawas anggenipun nyerat skripsi.

6. Bapak lan Ibu ingkang tanpa kendat paring donga pangestu saha tansah

paring pambiyantu arupi prabeya kagem nglancaraken panalitian skripsi

punika wiwit purwa dumugi wusana punika.

7. Sisihan kula ingkang kinasih lan banget kula tresnani, kanthi bingah tansah

nyengkuyung lan paring motivasi.

8. Paguyuban Kesenian Srandhul Desa Candigaron, Kecamatan Sumowono,

Kabupaten Semarang, ingkang sampun ngalodhangaken wekdalipun kangge

dokumentasi kesenian Srandhul, saha sampun paring wawan rembag

babagan kesenian Srandhul punika.

9. Kadang-kadang kula kelas H ingkang panaliti tresnani.

10. Sadaya pihak ingkang boten saged panaliti sebataken satunggal baka

satunggal, ingkang sampun paring pambiyantu panalitian skripsi.

Sadaya nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun nyerat

skripsi punika kirang sampurna. Mugi-mugi skripsi punika saged suka kawruh

tumraping pamaos sadaya. Amin.

Semarang, Juli 2011

Panaliti

viii

SARI PATHI

Sumiyem. NPM 07430369. Skripsi kanthi irah-irahan Tembang lan Parikan ing

”Srandhul” saha Pangetraping Metodhe Service Learning ing Piwucalan

SMA. Skripsi. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas

Pendidikan Bahasa dan Seni. Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI

Semarang. 2011. Pembimbing I: Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing II: Totok

Yasmiran, S.S.

Tembung wos: tembang, parikan, Srandhul, lan metodhe piwucalan.

Panaliten punika ngrembag babagan wujudipun tembang lan parikan ing

salebetipun Srandhul, saha ngrembag pangetraping metodhe service learning ing

piwucalan siswa SMA. Momotan panalitenipun, kadospundi wujudipun tembang

lan parikan ing Srandhul? Kadospundi caranipun dwija mucalaken tembang lan

parikan ingkang trep dhateng siswa SMA? Ancasipun panaliten ngandharaken

wujudipun tembang lan parikan ingkang kaginakaken ing Srandhul lan

ngandharaken cak-cakanipun mucalaken tembang lan parikan ingkang trep

dhateng siswa SMA.

Teori ingkang dipunginakaken kangge nyengkuyung panaliten inggih

punika teori babagan folklor Indonesia, kasusastraan, parikan, tembang macapat,

Srandhul, saha pangetraping metodhe servise learning ing piwucalan siswa SMA.

Tembang lan parikan kalebet folklor lisan lan kalebet kasusastraan Jawi. Kesenian

Srandhul kalebet folklor setengah lisan ingkang mlebet ing kesenian rakyat.

Metodhe ingkang dipunginakaken deskriptif kualitatif amargi objek

ingkang dipuntliti arupi ukara ingkang wujudipun tembang lan parikan.

Anggenipun ngempalaken dhata ing panaliten punika migunakaken metodhe

rekam, semak, lan metodhe serat. Metodhe rekam punika dipuntindakaken

ngginakaken piranti rekam elektronik arupi video shotting, rekaman kalawau

salajengipun dipunsemak ngginakaken metodhe semak. Sadaya pocapan ingkang

arupi tembang lan parikan lajeng dipunserat ing kartu dhata lan dipunanalisis

miturut paugeranipun. Jlentrehanipun analisis asil dhata, panaliti ngginakaken

metodhe padan, inggih punika metodhe ingkang piranti panentunipun mapan ing

njawi, misah lan boten dados peranganipun saking basa.

Ing panaliten punika tembang lan parikan ingkang dipuntaliti namung

parikan ingkang wonten ing salebeting adegan Lenggeran Nyurupake, Badhut

Mendhung, Lenggeran Laler Wilis, Badhut Mikat, lan Badhut Sunthi. Adhedhasar

analisis panaliten punika, tembang lan parikan ingkang dipunginakaken ing

Srandhul kathahipun boten jumbuh kaliyan paugeran ingkang wonten. Tembang

ix

ingkang dipunginakaken arupi tembang Asmarandana, Dhandhanggula, lan

Sinom. Kajawi saking punika, parikanipun langkung kathah ingkang kadhapuk

saking kalih gatra. Umumipun namung nengenaken tibaning swanten ing

pungkasaning gatra.

Caranipun dwija mucalaken materi tembang lan parikan dhateng siswa

SMA, dwija saged ngginakaken metodhe service learning. Prinsip saking

metodhe punika siswa saged ndandosi tembang lan parikan ingkang lepat dados

tembang lan parikan ingkang trep kaliyan paugeran.

x

ABSTRAK

Sumiyem. NPM 07430369. Skripsi dengan judul Tembang dan Parikan dalam

Srandhul serta Implementasinya Metodhe Service Learning dalam

Pembelajaran Siswa SMA. Skripsi. Program Studi Pendidikan Bahasa dan

Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Institut Keguruan dan

Ilmu Pendidikan PGRI Semarang. 2011. Pembimbing I: Dr. Bengat, M.Pd.

Pembimbing II: Totok Yasmiran, S.S.

Kata kunci: parikan, tembang, Srandhul, metode pembelajaran.

Penelitian ini membahas tentang bentuk tembang dan parikan yang

digunakan dalam Srandhul, serta membahas tentang metode pengajaran di sekolah

SMA. Masalah yang dibahas dalam penelitian ini adalah bagaimana bentuk

tembang dan parikan yang digunakan dalam Srandhul? Bagaimana cara guru

mengajarkan tembang dan parikan yang sesuai pada siswa SMA? Tujuan

penelitian ini menjelaskan bentuk tembang dan parikan yang digunakan dalam

Srandhul, serta menjelaskan cara guru mengajarkan tembang dan parikan yang

sesuai pada siswa SMA.

Teori yang digunakan untuk mendukung penelitian ini adalah folklor

Indonesia, kasusastraan, parikan, tembang macapat, Srandhul, dan metodhe

pengajaran di sekolah SMA. Dengan alasan tembang dan parikan merupakan

bagian folklor lisan serta merupakan kasusastraan Jawa. Sedangkan kesenian

Srandhul merupakan bagian folklor setengah lisan yang berwujud kesenian rakyat.

Metode yang digunakan deskriptif kualitatif sebab objek yang diteliti

berupa kalimat khususnya berupa parikan. Cara mengumpulkan data dalam

penelitian ini dengan menggunakan metode rekam, nyimak, dan metode tulis.

Metode rekam ini dilaksanakan dengan menggunakan alat rekam elektronik

berupa video Shotting dan kaset untuk merekam dialog dari tokoh Srandhul,

rekaman tersebut selanjutnya disimak dengan menggunakan metode simak.

Semua ucapan yang berupa parikan ditulis dalam kartu data dan dianalisis

berdasarkan aturan yang ada. Penjelasan analisis hasil data, penulis menggunakan

metode padan, yaitu metode yang alat penentunya berada diluar, secara terpisah

dan tidak merupakan bagian dari bahasa yang terkait.

Dalam penelitian ini, parikan yang diteliti hanya tembang dan parikan

yang berada dalam adegan Lengeran Nyurupake, Badhut Mendhung, Lenggeran

laler Wilis, Badhut Mikat, lan Badhut Sunthi. Berdasarkan analisis penelitian ini,

tembang dan parikan yang digunakan dalam kesenian tradhisional Srandhul

banyak yang tidak sesuai dengan aturan yang ada. Tembang yang digunakan pada

xi

kesenian ini berupa tembang macapat Asmarandana, Sinom, dan Dhandhanggula.

Selain itu, parikan lebih banyak yang terbentuk dari 2 baris biasa dari pada yang

terbentuk dari 4 baris. Pada umumnya parikan yang digunakan dalam kesenian ini

hanya mengutamakan rima yang berada diakhir kalimat.

Guru dalam mengajarkan materi tembang dan parikan pada siswa, dapat

menggunakan metode service-learning. Prinsip dari metode ini adalah siswa dapat

memperbaiki tembang dan parikan yang salah menjadi tembang dan parikan yang

benar sesuai dengan aturan yang ada.

xii

DHAPTAR ISI

IRAH-IRAHAN ............................................................................................... i

KACA PASARUJUKAN ................................................................................ iii

PANGESAHAN............................................................................................... iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG...................................................................... v

ATUR CECALA.............................................................................................. vi

SARI PATHI.................................................................................................... viii

ABSTRAK ....................................................................................................... x

DHAPTAR ISI................................................................................................. xii

DHAPTAR LAMPIRAN................................................................................. xiv

DHAPTAR TABEL......................................................................................... xv

BAB I PURWAKA ................................................................................. 1

A. Pawadaning Prekawis............................................................ 1

B. Momotaning Prekawis .......................................................... 5

C. Ancasing Panaliten................................................................ 5

D. Mupangating Panaliten.......................................................... 5

E. Panandhesing Tembung ........................................................ 6

F. Metodhe Panaliten................................................................. 8

G. Tata Rakiting Panyeratan Skripsi.......................................... 12

BAB II LANDHESAN TEORI .............................................................. 13

A. Folklor Indonesia .................................................................. 13

B. Kasusastraan.......................................................................... 17

xiii

C. Parikan................................................................................... 18

D. Tembang Macapat................................................................. 24

E. Kesenian Srandhul ................................................................ 28

F. Teknik Piwulangan ing Pawiyatan........................................ 31

G. Panaliten ingkang Sampun Dipuntaliti Tiyang Sanes........... 35

BAB III ANALISIS PANALITEN ........................................................... 38

A. Dheskripsi Dhata................................................................... 38

B. Asiling Analisis Dhata .......................................................... 84

C. Pangrembag Asiling Analisis Dhata ..................................... 86

BAB IV PANUTUP .................................................................................. 89

A. Dudutan ................................................................................. 89

B. Pamrayogi ............................................................................. 90

Kapustakan....................................................................................................... 92

Lampiran .......................................................................................................... 94

xiv

DHAPTAR LAMPIRAN

Kartu Dhata Tembang...................................................................................... 94

Kartu Dhata Parikan......................................................................................... 104

Rencana Pelaksanaan Pembelajaran ................................................................ 110

Gambar Kesenian Srandhul ............................................................................. 115

xv

DHAPTAR TABEL

2.1 Titikanipun tembang macapat .................................................................... 25

2.2 Watakipun tembang macapat lan ginanipun .............................................. 25

3.1 Wujudipun tembang................................................................................... 83

3.2 Kaendahaning sastra ing tembang.............................................................. 84

3.3 Wujudipun parikan miturut cacahipun gatra ............................................. 84

3.4 Cacahipun parikan kalih gatra miturut purwakanthinipun......................... 84

3.5 Cacahipun parikan sekawan gatra miturut purwakanthinipun ................... 85

3.6 Jinis lan wujud parikan ing Srandhul ......................................................... 85

3.7 Sipatipun parikan ing Srandhul.................................................................. 86

1

BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis

Tembang inggih punika minangka satunggaling kabudayan

ingkang ndadosaken tentreming manah saha mewahi endahing swasana

ingkang sapunika tansah gingsir ing ewahing jaman. Parikan minangka

satunggaling kasusastran ingkang langkung kathah dipunremeni dening

masyarakat. Wujud kabudayan Jawi boten namung arupi kesenian Jawi

ananging ugi arupi kasusastran, lan folklor. Wujud kabudayan ingkang

maneka warni nedahaken bilih kabudayan Jawi nggadhahi kaendahan

ingkang ageng.

Miturut andharanipun Sedyawati (salebeting Pusat Bahasa 2001:

131), kasusastran Jawi ingkang sampun wonten kathaipun dipuracik mawi

pinten-pinten basa. Wonten ingkang dipunracik mawi basa gancar ugi

wonten ingkang mawi basa ingkang nggadhahi paugeran. Kasusastran

ingkang dipunanggit mawi basa paugeran nggadhahi paugeran ing warna-

warni. Kasusastran ingkang dipunrakit ngangge basa paugeran wonten 9

warni, inggih punika: kakawin, kidung, tembang gedhe, suluk, tembang

tengahan, tembang macapat, parikan, wangsalan, lan geguritan. Sadaya

warni kesusastraan kalawau boten sadaya dipuntepangi dening masyarakat

ing sapunika. Langkung-langkung lare alit, umumipun ingkang asring

2

dipuntepangaken ing pawiyatan inggih punika namung tembang macapat,

parikan, wangsalan, lan geguritan.

Basa, sastra, budaya, lan aksara Jawi minangka satunggaling

piranti (media) kangge pasinaon budi pekerti ing tlatah Jawa Tengah lan

DIY. Mata pelajaran basa Jawi ing sapunika dados mata pelajaran ingkang

wajib jumbuh kaliyan kurikulum muatan lokal. Mata pelajaran basa Jawi

dados pirantinipun sarana pendhidhikan budi pakarti saged dipuntingali

saking substansi basa Jawi piyambak. Kanyatanipun basa Jawi ngewrat

nilai-nilai pendhidhikan budi pakarti.

Ingkang dados prihatosipun para budayawan lan sutresna budaya

daerah inggih punika boten kathah tiyang ingkang purun ngrembakaken

kabudayan Jawi. Kathah kesenian-kesenian Jawi ingkang boten wonten

generasinipun, saengga kesenian-kesenian punika kathah ingkang sampun

ewah gingsir. Satunggaling cara kangge nepangaken kabudayan Jawi

inggih punika lumantar piwucalan ing pawiyatan. Ing pawiyatan punika

siswa dipuntepangaken kabudayan wonten ing Indonesia umumipun lan

ing Jawi mliginipun.

Umumipun basa Jawi namung dipunwucalaken ing pawiyatan.

Ananging dwija ingkang mucalakenken basa Jawi kathahipun boten asli

saking jurusan basa Jawi. Anggenipun maringi piwucalan sakedhik sanget

ingkang njlentrehaken babagan kabudayan Jawi kapara anggenipun

mucalaken ngginakaken basa Indonesia. Saking prekawis punika

kabudayan Jawi boten dipunremeni dening para siswa. Ingkang dados

3

pepalang nalika piwucalan basa Jawi inggih punika wontenipun kurikulum

muatan lokal ingkang sampun mathok.

KTSP (Depdiknas, 2006) njlentrehaken bilih muatan lokal

minangka kagiyatan kurikuler saprelu kangge ngrembakakaken potensi

ingkang jumbuh kaliyan ciri khas lan potensi daerah, kalebet kaunggulan

daerah, ingkang materinipun boten saged dipunperangaken ing salebeting

mata pelajaran ingkang wonten. Wibowo (makalah ing salebeting Mulyana

buku Bahasa dan Sastra Daerah, 2008) ngandharaken substansi mata

pelajaran muatan lokal katamtokaken dening satuan pendidikan. Muatan

lokal minangka satunggaling perangan saking struktur lan muatan

kurikulum ingkang wonten ing salebeting Standar Isi ing Kurikulum

Tingkat Satuan Pendidikan.

Materi ingkang dipunwucalaken sampun wonten aturanipun,

saengga kathah kabudayan Jawi ingkang boten saged kagayuh

dipunwucalaken ing pepanggihan. Wekdal piwucalan basa Jawi ing

pawiyatan namung sakedhik amargi basa Jawi kalebet muatan lokal.

Jalaran sanes ingkang njalari kabudayan Jawi tansaya ical inggih punika

dwija-dwija ingkang mulang basa Jawi kathah-kathaipun boten saking

jurusan basa Jawi asli. Prekawis kalawau ingkang ndadosaken piwucalan

basa Jawi boten maksimal.

Siswa nggadhahi pamanggih bilih basa Jawi boten wigati

tinimbang basa Inggris. Pamanggih punika ingkang njalari siswa kirang

remen nyinau basa Jawi lan kirang ngremeni kabudayan-kabudayan Jawi.

4

Tuladhanipun kesenian tradhisional “Srandhul” ingkang wonten ing desa

Candigaron, Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang. Wonten ing

kesenian punika kathah pitutur ingkang mlebet lan pinten-pinten

kasusastran ingkang kaginakaken wonten ing pocapanipun. Kesusastraan

ingkang kaginakaken ing kesenian punika tuladhanipun parikan. Parikan

punika kaginakaken ing pocapan-pocapanipun. Miturut pangarsanipun

paguyuban kesenian “Srandhul” parikan dipunginakaken ancasipun damel

selingan supados boten bosen anggenipun nyemak tetingalan punika.

Sanadjan makaten kathah tiyang ingkang kirang ngremeni kesenian

punika. Ing kasunyatan nalika tetingalan “Srandhul” pentas, tiyang

ingkang purun ningali sakedhik sanget.

Kathah prekawis ingkang ndadosaken kabudayan Jawi tansaya ical.

Saking andharan kalawau nedahaken bilih kabudayan Jawi kirang

kawigatosan saking pinten-pinten pihak. Pihak-pihak punika ing

antawisipun saking pamarentah, dwija (pendidik) punapa malih tiyang

sepuh ingkang langkung nggadhahi pengaruh tumrap kemajengan

kabudayan Jawi. Pramila saking punika panaliti ngawontenaken panaliten

ngengingi tembang lan parikan ingkang kaginakaken ing “Srandhul”, saha

pangetraping metodhe service learning ing piwucalan siswa SMA.

B. Momotaning Prekawis

Adhedhasar identifikasi prekawis ingkang sampun kaandharaken ing

nginggil saged kapendhet momotaning prekawis inggih punika:

5

1. Kadospundi wujudipun parikan ing Srandhul?

2. Kadospundi caranipun dwija mucalaken parikan ingkang trep dhateng

siswa?

C. Ancasing Panaliten

Saking andharan momotaning prekawis ing nginggil saged

dipunmangertosi ancasing panaliten ing antawisipun:

1. Manggihaken wujudipun parikan ingkang kaginakaken ing Srandhul.

2. Saged ngecakaken cara mucalaken parikan ingkang trep dhateng siswa.

D. Mupangating Panaliten

Panaliten punika nggadhahi kalih mupangat inggih punika mupangat

teoretis lan mupangat praktis.

1. Mupangat Teoretis

Panaliten punika pangajabipun saged paring sumbangan tumrap panaliten

ing salajengipun, saha tumrap kemajengan kesenian tradhisional.

2. Sacara Praktis

a. Tumrap Bebrayan

Panaliten punika saged paring wawasan tumrap masyarakat babagan

kesenian tradhisional Srandhul ingkang wonten ing desa Candigaron,

Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang.

6

b. Tumrap pawiyatan

Panaliten punika kaajab saged kaginakaken minangka model pasinaon

dening dwija.

E. Panandhesing Tembung

1. Tembang

Tembang miturut Poerwadarminta (1939: 600) inggih punika

sekar utawa iketan karangan awewaton guru lagu, sarta guru wilangan

punapadenten kanthi lelagon. Miturut Mangunsuwito (2002:545)

tembang inggih punika lagu. Saengga ingkang dipukajengaken

tembang ing ngriki inggih punika satunggaling karangan ingkang

awewaton guru lagu lan guru wilangan, saha anggenipun ngucapaken

kanthi lelagon.

2. Parikan

Parikan utawi pantun inggih punika ungel-ungel ingkang

kadadosan saking kalih ukara (Sudarmanto 2009: 229). Miturut Kamus

Basa Jawa wedalan Balai Bahasa Yogyakarta (2001: 575) parikan

dipuntegesi dados kalih pangertosan. Pangertosan kapisan parikan

inggih punika tetembangan utawi sesindhenan namung kalih ukara

ngangge purwakanthi swara. Pangertosan kalih tegesipun parikan

inggih punika ukara ingkang ngangge tetembungan wangsalan. Saking

andharan ing nginggil ingkang dipunkajengan parikan ing panaliten

inggih punika ungel-ungel ingkang kadhapuk saking kalih ukara.

7

Ukara kapisan kangge pancadan utawi kangge pencokaning swanten.

Ukara kaping kalih mawi teges ingkang dipunkajengaken.

3. Srandhul

Miturut Kamus Lengkap Basa Jawa anggitanipun Sudarmanto

(2009: 318) Srandhul inggih punika satunggaling nama tetingalan

saemper wayang uwong. Wonten ing Baoesastra Djawa anggitanipun

Poerwadarminta (1939: 581) ugi ngandharaken bilih Srandhul punika

aran tetingalan barangan saemper wayang uwong. Srandhul ingkang

wonten Desa Candigaron, Kecamatan Sumowono, Kabupaten

Semarang punika satunggaling kesenian ingkang awujud drama tari

ingkang nyariosaken kawontenan padintenan lan dipunparagakaken

dening para Badhut. Cariyos “Srandhul” nggambaraken kawontenan

tiyang wiwit dereng kagungan ilmu punapa-punapa dumugi pejahipun

tiyang. Anggenipun mentasaken dipunperang dados pinten-pinten

babak. Antawisipun babak satunggal kaliyan babak sanesipun wonten

gegayutanipun saengga anggenipun mentasaken kedah runtut.

4. Teknik Piwucalan

Teknik inggih punika margi, piranti, utawi medhia ingkang

kaginakaken dening dwija kangge ngarahaken kagiyatan siswa dhateng

ancasipun ingkang badhe dipungayuh (Hamzah, 2008: 2). Teknik

8

piwucalan inggih punika cara ingkang dipunginakaken dening dwija

kangge mucalaken satunggaling materi dhateng para siswa.

5. Pawiyatan

Miturut Baoesastra Djawa (1939: 479) Pawiyatan inggih punika

pamulangan, sekolahan. Sekolahan inggih punika satunggaling papan

ingkang kaginakaken kangge pasinaon.

F. Metodhe Panaliten

1. Pendekatan lan Jenis Panaliten

Panaliten nggadhahi sipat deskriptif ingkang ancasipun kangge

nggambaraken kanthi sistematis lan trep tumrap babagan dhata, fakta-

fakta, sipat-sipat, sarta gegayutan kaliyan fenomena ingkang dipuntaliti

kanthi empiris saking panuturipun. Wiwit saking punika saged

dipunasilaken basa ingkang limrah dipunginakaken. Panaliten punika

ancasipun kangge ndheskripsikaken kanthi metodhe kualitatif ingkang

ngasilaken dheskripsi dhata kanthi awujud tembung-tembung saking para

paraga ingkang dipunanalisis.

Jinis panaliten punika ngginakaken panaliten kualitatif. Panaliten

kualitatif nggadhahi karakteristik panaliten ingkang prekawisipun wonten

deskripsi. Dhata ingkang kakempalaken awujud tembung-tembung utawi

gegambaran ingkang tegesipun langkung saking awujud angka utawi

cacahipun. Tumrap madosi dhata punika kanthi pados informasi saking

9

pinten-pinten referensi kadosta maos buku, saha karangan ilmiah

tuladhanipun skripsi, makalah, naskah-naskah, dokumen lan sanes-

sanesipun.

Panaliten punika ngginakaken pendekatan kualitatif ingkang asipat

deskriptif. Inggih punika pendekatan ingkang ngasilaken dhata deskriptif

arupi tembung-tembung ingkang ndhapuk dados parikan saking

tuturanipun paraga Srandhul, sanes dhata ingkang awujud angka. Ing

panaliten punika panyerat ndeskripsikaken wujud tuturan ing tuturanipun

paraga Srandhul.

2. Sumber Dhata lan Dhata

Kados ingkang dipunandharaken dening Lofland lan Lofland (ing

salebeting Lexy J. Moleong) Sumber dhata ingkang pokok kangge

panaliten inggih punika arupi ukara-ukara lan tindakan. Ukara lan tindakan

punika mligi ingkang wonten ing kesenian Srandhul wonten ing desa

Candigaron, Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang. Dene dhata

ingkang badhe dipuntaliti arupi dhata lisan. Dhata lisan punika awujud

ukara-ukara ingkang ndhapuk dados parikan ing tuturanipun paraga

Srandhul. Kajawi punika sumber pokok ugi ngginakaken sumber

tambahan inggih punika sumber tertulis. Sumber tertulis kapundhut

saking arsip panaliten babagan tarian rakyat.

Sumber ingkang sanes inggih punika kanthi wawancara.

Wawancara punika katindakaken kanthi langsung lan terbuka.

10

Anggenipun nindakaken wawancara langsung dhateng paraga kesenian

Srandhul. Tiyang ingkang badhe dipunwawancarai mangertosi bilih

piyambakipun nembe dipunwawancarai saha mangertosi ancasipun

wawancara punika.

3. Teknik Pangempalan Dhata

Ing panaliten punika, panaliti ngempalaken dhata ngginakaken

metodhe rekam, semak, lan serat. Panyerat ngginakaken piranti rekam

elektronik arupi video shotting saha kaset kangge ngrekam tuturanipun

paraga Srandhul wiwit buka dumugi purna. Rekaman wau lajeng

dipunsemak, sadaya tuturan ingkang arupi parikan salajengipun kaserat

sadaya. Tuturan ingkang sampun arupi parikan salajengipun dipunanalisis

jumbuh kaliyan ancas saking panaliten, inggih punika Manggihaken

wujud-wujudipun parikan.

Dhata ingkang sampun kempal lajeng kaperangaken lan kaserat ing

kartu dhata. Komponen-komponen ingkang ngisi kartu dhata inggih

punika angka dhata, parikan, lan analisis dhata. Kartu dhata lan isinipun

kalawau saged kajlentrehaken kados ing ngandhap:

a. Kaping sepisan dipunisi angka dhata. Dhata punika dipunparingi

angka jumbuh saking urutan seratan ing kartu dhata supados

langkung gampil anggenipun nganalisis.

b. Kaping kalih dipunisi tuturan paraga ingkang arupi parikan.

11

c. Kaping tiga dipunisi analisis ingkang njlentrehaken parikan lan

wujud-wujudipun parikan miturut paugeran ingkang wonten.

Kartu Dhata

No. Parikan Analisis

…… ……………………………. ………………………………

4. Teknik Analisis Dhata

Dhata ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunanalisis

ngginakaken metodhe padan, inggih punika metodhe ingkang piranti

panentunipun mapan ing njawi, misah lan boten dados peranganipun

saking bahasa ingkang kagayut (Sudaryanto, 1993: 13). Analisis

katindakaken kanthi ngidentifikasi wujud parikan miturut paugeranipun.

G. Tata Rakiting Panyeratan Skripsi

Tata rakiting panyeratan skripsi punika kaperang dados tigang

perangan inggih punika perangan purwaka, perangan isi, saha perangan

pungkasan. Saben-saben perangan badhe kaandharaken kados mekaten:

Perangan purwaka ngandharaken babagan kaca irah-irahan, kaca

pasarujukan, kaca pangesahan, sesanti lan pisungsung, atur cecela, abstrak,

sari pathi, pratelan isi, lan dhaptar lampiran.

Perangan isi badhe kaandharaken BAB I dumugi BAB IV. BAB I

mratelakaken punapa ingkang dados pawadan pamilihing irah-irahan,

momotaning prekawis, ancasing panaliten, mupangating panaliten,

12

panandhesing tembung, metodhe panaliten lan tata rakiting panyeratan

skripsi. BAB II mligi mratelakaken landhesaning teori, babagan punika

ngandharaken Folklor Indonesia, Kesusastraan, Parikan, Kesenian

Srandhul, Teknik Piwulagan ing Pawiyatan, lan Panaliten ingkang sampun

dipuntaliti dening panaliti sanes. BAB III Analisis parikan ing salebeting

kesenian srandhul ngandharaken babagan deskripsi dhata, analisis dhata,

pirembagan, lan teknik piwucalanipun. BAB IV Panutup ngandharaken

dudutan lan pamrayogi.

Perangan panutup, ing perangan punika ngandharaken babagan

kapustakan lan lampiran.

13

BAB II

LANDHESANING TEORI

A. Folklor Indonesia

1. Hakekat Folklor

Tembung folklor asalipun saking tembung majemuk basa Inggris

folklore, ingkang dumados saking tembung folk lan lore. Tembung folk

tegesipun kolektif utawi kebersamaan. Sakempalan tiyang ingkang

nggadhahi titikan pengenal fisik, sosial, lan kabudayan, saengga saged

dipunbentenaken kaliyan kelompok-kelompok sanes. Tembung lore

ingkang dipunkajengaken inggih punika tradhisi folk, tegesipun tradhisi

ingkang dipunwarisaken kanthi turun-tumurun sacara lisan utawi lumantar

satunggaling tuladha ingkang dipunkantheni gerak isyarat utawi piranti

ingkang mbiyantu ngemotaken (mnemonic device). Pangertosan folkllor

ingkang sajangkepipun inggih punika saperangan kabudayan satunggaling

kolektif, ingkang kasebar lan dipunwarisaken kanthi turun-tumurun ing

antawisipun kolektif punapa kemawon, kanthi tradhisional lan versi

ingkang benten, saged awujud lisan utawi tuladha ingkang dipunkantheni

gerak isyarat utawi piranti ingkang mbiyantu ngemotaken (mnemonic

device) (Danandjaja, 1984:2).

Folklor nggadhahi titikan kangge nbentenaken kaliyan kabudayan

ingkang sanes. Titikanipun folklor sacara umum miturut Danandjaja

inggih punika:

14

a. Anggenipun nyebaraken lan mawarisaken umumipun katindakaken

sacara lisan, tegesipun dipunsebaraken lumantar tuturan.

b. Folklor sipatipun tradhisional, dipunsebaraken kanthi wujud ingkang

standar utawi tetep.

c. Folklor wonten kanthi wujud utawi versi ingkang benten-benten,

ananging ingkang benten ingkang njawi kemawon, dados ingkang

wujud dasaripun tetep sami.

d. Folklor sipatipun anonym, tegesipun ingkang ngripta wiwitan boten

dipunmangertosi.

e. Folklor umumipun nggadhahi rumus utawi pola.

f. Folklor nggadhahi mupangat ing bebrayan.

g. Folklor sipatipun pralogis, tegesipun nggadhahi logika piyambak

ingkang benten kaliyan logika umumipun.

h. Folklor dados milik bersama, amargi ingkang ngripta wiwitan boten

dipunmangertosi.

i. Folklor nggadhahi sipat lugu lan polos.

2. Wujudipun Folklor

Folklor ingkang wonten ing bebrayan wujudipun maneka warni.

Miturut ahli folklor saking AS Jan Harold Brunvand (ing salebeting James

Danandjaja) merangaken folklor dados tigang perangan adhedhasar

tipenipun, inggih punika: folklor lisan (verbal folklore), folklor sebagian

lisan (partly verbal folklore), lan folklor bukan lisan (non verbal folklore).

15

a. Folklor lisan (verbal folklore)

Folklor lisan inggih punika folklor ingkang wujudipun murni

lisan. Ingkang kalebet folklor lisan antawisipun:

1) Bahasa rakyat, tuladhanipun: logat, julukan, pangkat tradhisional,

lan titel kebangsawanan.

2) Ungkapan tradhisional, tuladhanipun: paribasan, bebasan,

pepindhan, sanepa, isbat, saloka.

3) Pertanyaan tradhisional, tuladhanipun: teka-teki, cangkriman,

wangsalan.

4) Puisi rakyat, tuladhanipun: parikan, gurindam, syair.

5) Cerita prosa rakyat, tuladhanipun: mite, legenda, dongeng.

6) Nyanyian rakyat, sipatipun maneka warni antawisipun: maringi

pitutur, sipatipun kerohanian/keagamaan, sipatipun liris, sipatipun

lelucon, sipatipun alus mligi kangge bayi lan lare-lare alit.

b. Folklor sebagian lisan (partly verbal folklore)

Folklor sebagian lisan inggih punika folklor ingkang wujudipun

minangka campuran saking lisan lan boten lisan. Ingkang kalebet

folklor sebagian lisan inggih punika:

1) Kepercayaan rakyat; asring dipunsebat takayul: takhyul ingkang

gegayutan kaliyan bebrayan, takhyul ngenani alam goib, takhyul

ngenani kedadosanipun alam semesta lan dunia.

16

2) Permainan rakyat, tuladhanipun: pasaran, dakon, jamuran, ancak-

ancak alis, setinan, gobag sodor, bekel, engkling lan

sapanunggalanipun.

3) Teater rakyat, tuladhanipun: kethoprak, wayang uwong, lan

sapanunggalanipun.

4) Tari rakyat, tuladhanipun: Angguk-angguk, Srandhul, Ndolalak,

Rodat, Reyog, Barongan, lan sapanunggalanipun.

5) Adat-istiadat, tuladhanipun: sambatan, punjungan, ngirim bubur

sura, lan sapanunggalanipun.

6) Upacara, tuladhanipun: nyadran, suronan, dugderan, lan

sapunanggalanipun.

7) Pesta rakyat

c. Folklor bukan lisan (non verbal folklore)

Folklor bukan lisan inggih punika folklor ingkang wujudipun

boten lisan, sanadyan anggenipun mulangaken pendamelanipun

lumantar tuturan. Ingkang kalebet folklor bukan lisan wujudipun

wonten kalih inggih punika wujud material lan wujud non material.

Ingkang wujud material tuladhanipun arsitektur, kerajinan rakyat,

pakaian tradhisional, dhaharan lan unjukan, perhiasan rakyat, obat-

obatan tradhisional. Wondene ingkang wujud non material

tuladhanipun gerak isyarat (gesture), mungelipun isyarat kangge

komunikasi rakyat, lan musik rakyat.

17

B. Kasusastraan

Kasusastraan (kasusastran) asalipun saking tembung lingga sastra

pikantuk ater-ater ka- lan panambang -an. Tembung “susastra” saking

tembung “sastra” kawuwuhan wanda su. Wondene su tegesipun becik,

luwih, endah. Tembung sastra kadhapuk saking basa Sansekerta inggih

punika “Çâs” ingkang tegesipun mulang, ngajar, ngukum. Wanda “tra”

ingkang tegesipun piranti. Saking andharan ing nginggil sastra saged

dipuntegesi minangka piranti (alat) kangge mulang. Tuladhanipun alat

kangge mulang inggih punika: buku, potelot, tulisan. Tembung susastra

tegesipun piranti mulang ingkang becik. Wondene kasusastraan

(kasusastran) tegesipun:

1. Piranti (alat) kangge mulangaken ilmu

2. Buah karya ingkang kasusun kanthi basa ingkang sae

Ingkang dipunkajengaken sastra ingkang becik inggih punika becik

basanipun, pangrakitipun, lan wosipun (Subalidinata, 1968: 7)

Wujudipun kasusastraan wonten kalih, inggih punika:

1. Kasusastraan lisan, ingkang wujudipun dongeng, syair, puisi,

paribasan, bebasan, isbat, mite, lan sapanunggalanipun.

2. Kasusastraan tulis, ingkang wujudipun novel, naskah, babad,

geguritan, syair, puisi, lan sapanunggalanipun ingkang sampun kaserat.

Miturut owah gingsiripun jaman, kasusastraan tulis saged

dipunperangaken dados kalih, inggih punika:

18

1. Gancaran (prosa)

Prosa inggih punika karya sastra ingkang kasusun kanthi

ngginakaken basa tutur limrah. Ukara-ukara ingkang kaginakaken

kados basa padintenan. Ingkang kalebet prosa inggih punika: dongeng,

babad, wiracarita, novel, essei, lan sandiwara.

2. Geguritan (puisi)

Kasusastraan ingkang cekak, aos, lan dipunolah kanthi basa

ingkang endah dipunsebat geguritan utawi puisi. Kaendahan puisi jawa

katingal saking tigang prekawis inggih punika: wilet, wirama, lan

purwakanthi. Wilet inggih punika enggak-enggoking swanten supados

ajeg, runtun lan nggadhahi teges ingkang inggil. Wirama inggih punika

dawa cendhakipun, lan endhek dhuwuripun tibaning swanten.

Wondene purwakanthi inggih punika dhong-dhinging swanten.

Purwakanthi wonten tigang werni, antawisipun: purwakanthi guru

swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi lumaksita. Ingkang

kalebet ing puisi ing antawisipun: kakawin, kidung, tembang, parikan,

wangsalan, lan geguritan.

C. Parikan

1. Pangertosan Parikan

Parikan minangka satunggaling karya sastra ingkang awujud puisi

Jawa. Dipuntingali saking folklor parikan kalebet folklor Jawa, inggih

punika folklor lisan ingkang mliginipun kalebet ing perangan puisi rakyat.

19

Dados parikan punika satunggaling karya sastra ingkang ugi kalebet ing

folklor Jawa. Miturut Sindhunata parikan nggadhahi prekawis ingkang

sami kaliyan pantun, ingkang mbentenaken inggih punika parikan

ngginakaken basa Jawi. Wondene pantun kalebet satunggaling puisi lama.

Saben tiyang ingkang nganggit pantun, asilipun boten nggadhahi benten

ingkang kathah.

Sacara etimologi, tembung parikan nggadhahi kalih (2)

kemungkinan. Kemungkinan ingkang sepisan, tenbung parikan asalipun

saking akar tembung rik lajeng owah dados parik utawa larik “baris”.

Adhedhasar etimologi kalawau parikan tegesipun wacana ingkang

wujudipun larik-larik utawi lelarikan “baris-baris” tembung lan ungel.

Kemungkinan ingkang kaping kalih, tembung parikan asalipun saking

tembung pari “padi” ing ragam basa krama dados pantun (Karsono, 2001:

72). Ing basa Melayu wonten rumpakan ingkang aranipun pantun.

Salebeting pantun wonten perangan ingkang kawastanan sampiran, inggih

punika kapisan lan gatra kaping kalih.

Pangertosan parikan miturut Sosrokusumo (ing salebetipun Suripan

Sadi Hutomo, 1993: xxii) inggih punika:

“Parikan iku unen-unen saben sagatra utawa saukara, kecapewekasan, swarane sarta sigege padha. Nanging kang araning parikan ikusangareping ukarane mau ana pangarepe tembung. Tembung kang dadipangarep iku lumrahe araning kembang utawa araning rujakan, utawaliyane kang kecape ing mburi swarane sarta sigege bakal katurut ingswarane sarta sigeging kecap wekasaning gatra utawa wekasaning ukaramau”.

20

Parikan minangka satunggaling kasusastran ingkang kadhapuk

mawi paugeran tartamtu. Limrahipun dipunengge medharaken raosing

manah tumuju dhateng tiyang sanes. Nanging anggenipun medharaken

raosing manah, inggih punika ukara ingkang wosipun kanthi

dipunpurwakani ukara sanes. Ukara ingkang murwakani kawastanan ukara

purwaka. Ginanipun ukara purwaka kangge narik kawigatosanipun tiyang

ingkang dipuntuju. Saderengipun ukara isi wosipun dipunwedharaken,

tiyang punika sampun saged ketarik manahipun. Satemah lajeng

nggatosaken dhateng ukara isi wosipun ingkang badhe dipunwedharaken.

Pusat Bahasa ngandharaken bilih parikan punika minangka sastra

lisan jawa awujud puisi ingkang dipunremeni dening masyarakat Jawa,

mliginipun para pewaris aktif lan pasif seni pertunjukan, kadosta ludruk,

kentrung, kethoprak lan seni karawitan. Parikan punika kadhapuk saking 2

utawi 4 larik, ingkang nggadhahi rima aa utawi abab (2001: 365).

Kadosdene pantun, parikan ugi nggadhahi sampiran lan isi.

Saking pinten-pinten katrangan saged kapendhet pangertosan

parikan inggih punika lelagon ingkang kadadosan saking kalih ukara,

saben saukara wonten ingkang wolung wanda ugi wonten ingkang kalih

welas wanda. Saben saukara kadadosan saking kalih gatra. Gatra sapisan

ajeg sekawan wanda, gatra kalih isinipun sekawan wanda utawi wolung

wanda. Ukara sapisan (2 gatra wiwitan) minangka purwaka utawa bebuka,

lan limrahipun boten nggadhahi teges punapa-punapa. Ukara kaping kalih

(2 gatra pungkasan) mengku isi utawi wosipun. Ing wekasaning gatra

21

ngginakaken purwakanthi guru swara. Dong-dinging swanten ing gatra

kapisan runtut kaliyan gatra tiga, gatra kalih runtut kaliyan gatra sekawan.

Parikan ingkang kaprah saben dinten lan kapanggihaken ing tembang

dolanan ugi wonten ingkang nyimpang saking paugeran-paugeran kasebut.

Dipuntingali saking isinipun, parikan saged dados sarana

komunikasi ingkang narik kawigatosan. Saged narik kawigatosan amargi

parikan punika saged nggadhahi pinten-pinten nuansa. Isinipun parikan

saged nggadhahi sipat ngenyek, nggodha, guyon, genit, ndhidhik, ngritik,

nyindhir, pangudaraos, saged ugi asipat lekoh.

2. Wujudipun Parikan

Wujudipun parikan punika maneka warni, ananging ingkang

katemokaken dening panaliti saking pinten-pinten sumber kaperang dados

kalih inggih punika miturut cacahing wanda lan miturut cacahing gatra.

Miturut cacahing wanda, wujudipun dhapukan parikan punika

wonten enem (6) warni, inggih punika:

a. Parikan ingkang kadadosan saking 4 wanda + 4 wanda x 2

Tuladhanipun:

Pitik blorok, manak sijiJare kapok, malah ndadi

Nyangking ember, kiwa tengenLungguh jejer, tamba kangen

Wajik klethik, gula jawaLuwih becik, sing prasaja

b. Parikan ingkang kadadosan saking 4 wanda + 6 wanda x 2

22

Tuladhanipun:

Bisa nggender, ora bisa ndemungBisa jejer, ora bisa nembung

Bisa nggambang, ora bisa nyulingBisa nyawang, ra bisa nyandhing

c. Parikan ingkang kadadosan saking 3 wanda + 5 wanda x 2

Tuladhanipun:

Bayeme, wis kuning-kuningAyeme, yen wis sinandhing

Timune, diiris-irisGumune, ora uwis-uwis

d. Parikan ingkang kadadosan saking 4 wanda + 8 wanda x 2

Tuladhanipun:

Kembang menur, sinebar den awur-awurYen wis makmur, aja lali mring sedulur

Kembang mlathi, warni peni ngganda wangiWatak putri, kudu gemi lan nastiti

e. Parikan ingkang kadadosan saking 8 wanda + 8 wanda x 2

Tuladhanipun:

Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyuAja awatak gumampang, den sengkut nggregut sinau

Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gulaPiwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa

f. Parikan ingkang ukara kapisan lan kaping kalih boten sami

wandanipun

Tuladhanipun:

23

Kece, ora enak (2 wanda + 4 wanda)Milu kowe, ora kepenak (4 wanda + 5 wanda)

Peyek, diremet-remet (2 wanda + 5 wanda)Ngenyek, aja banget-banget (2 wanda + 6 wanda)

Ngetan, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)Tiwas edan, ora klakon (4 wanda + 4 wanda)

Pitik walik, jambul wulung (4 wanda + 4 wanda)Dilirik, wadul mring kakung (3 wanda + 5 wanda)

Miturut cacahing gatra parikan wonten tigang warni, inggih punika:

a. Parikan ingkang cacahipun gatra namung kalih (2) gatra cekak

Tuladhanipun:

Lawang, taleni kawat,Kari nyawang, kok ora kuwat

Abang-abang, ora legiTiwas magang, ora dadi

b. Parikan ingkang cacahipun gatra namung kalih (2) gatra limrah

Tuladhanipun:

Kembang waru, asri megare tan danguAyo ngguyu, ujar piwulanganipun guru

Yen kembang, kembange kara dudu kembang wora-wariMumpung sira isih mudha, sing taberi ngati-ati

Kembang dilem ganda amrik jroning dalemAja marem karana antuk pangalem

c. Parikan ingkang cacahipun sekawan (4) gatra

Tuladhanipun:

Koki tuwa saka SemarangTuku apem disuwir-suwirAku iya kowe kok gemangNyata gelem ayo dipikir

24

Kutha Sala dalane rameSriwedari tengah prenaheAku gela amarga koweAngger janji arang nyatane

Esuk nakir sore nakirSing nggo nakir godhong klasaEsuk mikir sore mikirSing dipikir ora rumangsa

D. Tembang Macapat

Macapat inggih punika tembang utawi puisi tradhisional Jawi.

Sacara etimologi tembung macapat asalipun saking tembung ma + cepat.

Adhedhasar punika wonten tiyang ingkang ngandharaken bilih menawi

maos utawi nyekaraken kanthi cepet boten ngangge elak-elaking swanten

ingkang ndadosaken dangu anggenipun maos. Wonten malih ingkang

njlentrehaken bilih anggenipun maos utawi nyekaraken kepedhot sekawan

wanda wiwitan lajeng tirahanipun katerasaken. Miturut katrangan ing

http://id.wikipedia.org/wiki/macapat bilih macapat dipuntegesi maca

papat-papat, tegesipun cara maosipun saben sekawan wanda (suku kata).

Tembang macapat wonten sangang warni, inggih punika Pucung,

Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Durma, Asmarandana, Pangkur, Sinom

lan Dhandhanggula. Sadaya tembang kalawau nggadhahi titikan lan watak

ingkang benten. Titikan lan watakipun tembang dipunandharaken mawi

tabel ing ngandhap punika.

25

Tabel 2.1 Titikanipun tembang macapat

Metrum Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

Pucung 4 12i 6u 8i 12a

Maskumambang 4 12i 6a 81 8a

Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u

Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i

Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

Asmarandana 7 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a

Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

Tabel 2.2 Watakipun tembang macapat lan ginanipun

No. Metrum Watak

1. Pucung Nggadhahi suraos sakarepe, sembrana parikena

Ginanipun: sembranan, cankriman, crita lucu, lan

sapanunggalanipun

2. Maskumambang Susah, nelangsa, prihatin

Ginanipun: kangge medharaken raos susah

3. Mijil Gandrung utawi prihatin

Ginanipun: kangge medhar raos prihatin lan medhar

pitutur kangge tiyang nembe prihatin

4. Kinanthi Ngemu suraos pangajeng-ajeng, gandrung, piwulang

Ginanipun: kangge medharaken piwulang

5. Durma Nepsu, sereng, muntab

Ginanipun: kangge sesorah kang sereng

6. Asmarandana Sengsem, susah amargi ketaman asmara

Ginanipun: kangge medharaken raos sisah

7. Pangkur Gandrung sereng

Ginanipun: kangge medharaken pitutur ingkang sereng

8. Sinom Prasadja, kalem, susah kang limrah

Ginanipun: kangge sesorah, medharaken raos sisah

9. Dhandhanggula Luwes, sarwa mathuk

Ginanipun: bebuka, sesorah, panutuping criyos

26

Ing salebetipun ngrembag babagan tembang macapat, prekawis

ingkang prelu dipunrembag inggih punika:

1. Babagan gatra, guru lagu, lan guru wilangan

Ingkang dipunwastani “gatra” inggih punika ukara sapada lingsa

ingkang dipunpanggihaken ing salebetipun tembang sapada. “Guru

lagu” inggih punika tibaning swanten utawi dong-dinging swanten ing

pungkasaning gatra. “Guru wilangan” inggih punika cacahipun wanda

saben sagatra.

2. Babagan sasmitanipun tembang

Layang ingkang dipunserat ing tembang, naminipun tembang satunggal

kaliyan satunggalipun boten tartamtu dipunserat, kadangkala

dipunsasmitakaken ngangge tembung utawi kempalipun tembung

ingkang nedahaken name. saben tembang nggadhahi sasmita piyambak-

piyambak. Ingkang migunakaken sasmita limrahipun tembang macapat

lan tembang tengahan. Mapanipun sasmita boten tartamtu, wonten

ingkang mapan ing gatra wiwitan. Wonten ugi ingkang mapan ing

tembang ingkang kalebet ing pupuh ngajengipun, wonten ingkang

mapan ing gatra pungkasan lan sapanunggalanipun.

3. Babagan watak lan ginanipun tembang

Menawi anggenipun ngraras tembang ingkang maosipun

dipunsekaraken, ing salebetipun manah saged tuwuh raos warna-warni.

Tuwuhipun raos tumrap tembang satunggal lan satunggalipun boten

27

sami. Wonten ingkang nuwuhaken raos sedih, bingah, trenyuh, lan

sapanunggalanipun

4. Babagan sandiasma

Tembung “sandiasma” dipundhapuk saking tembung “sandi” lan

“asma”. “Sandi” tegesipun sambung, gandheng, sapunika ateges samar

utawi wadi. “Asma” tegesipun jeneng. Dadosipun “sandiasma”

dipuntegesaken asma utawi jeneng ingkang sinandi utawi sinamar.

Pamasangipun sandiasma boten tartamtu, inggih punika:

a. Mapan saben angkataning pada lingsa utawi gatra

b. Mapan ing pungkasaning pedhotan

c. Mapan ing angkataning pedhotan

d. Mapan ing salebeting gatra

e. Mapan ing wiwitaning pupuh

f. Mapan ing wiwitaning pada

g. Mapan ing wekasaning pedhotan lan gatra, lan sapanunggalanipun.

5. Babagan pangrakiting ukara

Tembang sapada kedah dipunangkah mujudaken ukara ingkang wetah,

isi pangertosan ingkang ganep. Tembang ingkang becik saben sagatra

kedah ngemu suraos ingkang wetah, lan rakitanipun gatra satunggal

kaliyan gatra sanesipun ing salabetipun tembang sapada ngemu isi

ingkang wetah. Kangge ngoyak guru lagu kedah nggatosaken

dasanamanipun tembung-tembung, kenging ngowahi susunanipun

ukara, ingkang limrahipun dipunsebat baliswara. Kenging ugi ngowahi

28

swanten kadasta “prapta” dados “prapti”, “marang” dados “maring” lan

sapanunggalanipun. Kenging ngulur utawi ngrungket wanda,

tuladhanipun “tan” dados “datan”. Kenging mancah tembung,

tuladhanipun “ingkang” dados “kang”. Kenging ugi nggarba tembung

kalih utawi langkung, kadasta “ana+ing” dados “aneng”.

E. Kesenian Srandhul

Kesenian Srandhul kagolong seni drama tari, ingkang minangka

satunggaling perangan tarian rakyat. Ing folklor, kesenian Srandhul

kalebet folklor sebagian lisan. Katiti saking cariyos ingkang limrahipun

katontonaken, wonten bentenipun antawisipun tlatah satunggal kaliyan

tlatah sanesipun. Ing tlatah tartamtu cariyos ingkang limrah katontonaken

kesenian Srandhul inggih punika cariyos rakyat ingkang boten winates

saking cariyos paraga-paraga tartamtu. Ananging ing tlatah sanesipun

kesenian Srandhul punika namung ningalaken cariyos rakyat winates

“Dhadhung Awuk” kemawon, pramila saged kawastanan kesenian

“Dhadhung Awuk”. Sanajan makaten piranti tetabuhan ingkang

kaginakaken lan cara panganggennipun sami kemawon.

Asalipun kesenian Srandhul punika saking tlatah Kotagedhe

Yogyakarta ing awal abad XX. Sajarahipun kesenian Srandhul punika

warni-warni. Wonten ingkang nyariosaken bilih kesenian Srandhul punika

kapundhut saking cariyos Menak ingkang sumberipun saking Serat Menak

utawi Babad Menak. Ananging wonten ugi ingkang nyebataken bilih

29

kesenian Srandhul punika asalipun saking Sunan Kalijaga. Kala semanten

nalika masjid saweg dipunbangun, para muridipun boten ngrewangi

ananging sami solawatan kalih klothekan boten karuan. Sunan Kalijaga

duka amargi swantenipun dados pating srandul, saengga dados kesenian

Srandhul. Pangarsa paguyuban kesenian Srandhul ing Desa Candigaron,

Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang ngandharaken bilih kesenian

Srandhul ing desa kalawau kathah bentenipun kaliyan Srandhul ingkang

sanesipun. Aranipun kesenian Srandhul punika “Srandhul Margo Sejati”.

Kangge mentasaken tetingalan Srandhul, biasanipun merlokaken

paraga kathahipun tiyang 15. Tiyang 6 ingkang dados panabuh lan tiyang 9

dados paraga lakon (http://ki-demang.php.htm, dipunakses 7 Mei 2011).

Ananging wonten ing kesenian Srandhul “Margo Sejati” sapunika sampun

ewah. Ing wiwitan Srandhul punika namung nggadhahi anggota tiyang 15,

ananging sapunika anggotanipun wonten tiyang 22. Tiyang 7 ingkang

dados panabuh, tiyang 1 ingkang dados dhalang/paman, tiyang 3 ingkang

dados wira swara, tiyang 1 ingkang mbiyantu ngrias, lan tiyang 10 ingkang

dados paraga lakon. Paraga lakon Srandhul wonten ingkang kadhapuk

saking priya lan wanita, ananging wonten ugi ingkang kadhapuk saking

priya kemawon dados paraga lakon wanita kaparagakaken dening paraga

priya.

Sandhangan ingkang dipunagem ing tetingalan kesenian Srandhul,

inggih punika sandhangan ingkang limrah dipunagem dening tiyang-tiyang

padesan ing saben dintenipun. Sakedhik dipuntambahi paesan ingkang

30

sipatipun realis kados punapa ingkang dipunlakonaken. Ingkang

ndadosaken titikan kesenian punika benten kaliyan kesenian ingkang sanes

inggih punika para paraganipun sadaya ngginakaken kacu (sapu tangan)

kangge lambeyan nalika mbeksa utawi maragakaken lakon. Kacu punika

dados pratanda bilih kesenian Srandhul ingkang inti sampun kawiwitan.

Caturanipun ngginakaken caturan ingkang limrah kaginakaken ing

pagesangan saben dinten, lan katambahan parikan lan tembang kangge

nambahi endahing swasana. Solah paraga kawujudaken ngangge beksan.

Piranti tetabuhan ingkang kaginakaken awujud angklung, terbang,

kendhang, kenthong, lan gong bumbung. Sadaya pirantinipun tasih asipat

tradhisional, ananging sapunika wonten tambahan piranti ingkang sampun

modern, inggih punika bendhe. Bendhe boten dipunginakaken ing saben

pementasan ananging namung dipunginakekan ing wekdal-wekdal

tartamtu.

Tetingalan Srandhul katontonaken ing wanci dalu. Adatipun

tetingalan Srandhul dipunpentasaken nalika wonten syukuran sunatan,

wilujengan desa, Agustusan, sadranan, saged ugi syukuran mantu. Wekdal

saha dangunipun anggenipun pentas boten mathok, gumantung kaliyan

panyuwunanipun ingkang kagungan damel. Kala rumiyin tetingala

Srandhul dipunpentasaken dangunipun sedinten sedalu. Ananging

sapunika sampun njumbuhaken kaliyan kawontenan. Kangge pambuka,

tetingalanipun namung awujud tetabuhan. Papan kangge tetingalan

Srandhul saged wonten ing pendhapa, saged ugi ing lapangan.

31

F. Teknik Piwulangan Parikan ing Pawiyatan

Mata pelajaran Basa Jawa punika satunggaling mata pelajaran

ingkang kalebet angel dipunpahami dening para siswa. Buku pegangan

umumipun boten kontekstual. Saengga ndadosaken piwulangan Basa Jawa

boten saged kalaksanan kanthi maksimal. Mila saking punika dwija

anggenipun mulangaken kedah saged narik kawigatosan lan ngremenaken.

Saged ngginakaken metodhe-metodhe ingkang wonten lan ingkang

benten-benten supados para siswa boten bosen. Sanesipun ngginakaken

metodhe dwija ugi ngginakaken media ingkang wonten ing sakiwa

tengenipun.

Metodhe piwulangan inggih punika satunggaling cara ingkang

kaginakaken ing sawijining piwulangan. Wonten pinten-pinten metodhe

ingkang saged kaginakaken nalika mucal basa Jawi ingkang inovatif,

kreatif, lan produktif. Karya sastra ingkang wujudipun pantun Jawa

(parikan) langkung cocog dipunwulangaken kanthi ngginakaken metodhe

Service-Learning (Suwardi Endraswara, 2009: 113). Prinsip Servise-

Learning inggih punika ndandosi lan nyempurnakaken karya dados karya

ingkang nggadhahi mutu tartamtu. Kunci pokok metodhe punika

katingalaken saking keaktifan siswa anggenipun ndandosi punapa ingkang

sampun wonten.

Tarigan (1993: 191) njlentrehaken bilih ketrampilan basa

nggadhahi sekawan aspek, inggih punika nyemak, wicara, maos, lan

nyerat. Sekawan aspek sadayanipun nggadhahi gegayutan ingkang raket.

32

Materi babagan parikan mlebetipun ing ketrampilan nyerat, sanajan ing

piwulangan sadaya aspek kaginakaken. Strategi piwulangan nyerat miturut

Henry Guntur Tarigan wonten sekawan inggih punika:

a. Penyumberan

b. Terjemahan

c. Penggantian

d. Perangkuman

Ing piwulangan anggenipun mulangaken parikan ngginakaken

langkah-langkah ingkang wonten ing Servis-Learning. Ngginakaken

langkah punika amargi medhia ingkang kaginakaken inggih punika video

kesenian Srandhul. Ing samangkih siswa nyemak parikan ingkang wonten

ing video kalawau.

Langkah-langkah mulangaken parikan kanthi ngginakaken metodhe

Service-Learning miturut Suwardi Endraswara inggih punika:

1. Dwija ngapresiasi parikan kanthi miwiti saking prekawis-prekawis ing

limrah kadadosan. Tuladhanipun saking minat, pepinginan, cita-cita,

kekarepan, pangangkah, hiburan, saged ugi saking siswa piyambak.

Kanthi cara punika saben siswa nggadhahi kalonggaran kangge

nemtokaken panjurung lan minatipun ing dalem ngapresiasi parikan.

2. Sasampunipun maringi pengarahan lan gegambaran, dwija lajeng

manggihaken underan lan setrategi pembibingan apresiasi parikan

kanthi adhedhasar data-data ingkang saking siswa. Kagiyatan punika

langkung nuju pembinaan praktis. Dwija saged ningalaken pinten-

33

pinten tuladha parikan, lajeng siswa kaajak ngapresiasi parikan

punika. Siswa kedah dipunjurung sikap ingkang kreatif, aktif,

responsif, tergugah, energik, lan rekreatif (KARTER). Ingkang

dipunkajengaken kreatif inggih punika siswa saged ndamel parikan

piyambak ingkang enggal kanthi wujud ingkang maneka warni.

Pikajenganipun aktif inggih punika siswa saged nyengkuyung

lampahipun pasinaon kanthi sregep. Pikajenganipun responsif inggih

punika siswa saged nampi saha nanggepi piwulangan ingkang

dipunwulangaken dening dwija. Salajengipun ingkang

dipunkajengaken tergugah inggih punika siswa nggadhahi krengket

ndamel parikan sasampunipun dipunwucalaken dening dwija.

Sasampunipun nggadhahi krengket, pramila anggenipun ndamel

parikan manahipun saged nuwuhaken (tergugah) raos badhe

ngrembakaken parikan minangka salah satunggalipun kasusastraan

Jawi. Wondene ingkang dipunkajengaken rekreatif inggih punika

anggenipun nyinau parikan siswa saged nggadhai raos remen saha

saged karaos dados lelipur tumrap manahipun.

3. Ingkang wiwitan dwija ningalaken tuladha parikan wonten ing

tembang campursari ingkang sampun dipuntepangi para siswa.

4. Ngapresiasi saged kataweken dhateng siswa supados kawaos rumiyin

parikan ingkang sampun kasemak. Siswa saged maos kanthi

ngginakaken lelagon ingkang lucu. Lajeng dwija maringi tambahan-

tambahan saking siswa ingkang sampun mraktikaken.

34

5. Saged kalajengaken dolanan parikan. Dolanan punika saged

kelompok, ugi saged pasang-pasangan. Anggenipun dolanan parikan

saged wales-winales. Sasampunipun punika kanthi sesarengan milih

parikan ingkang langkung sae. Salajengipun dwija ngajak siswa

supados ngrembag parikan ingkang sampun kapilih ing kelas.

6. Saking kasil ngapresiasi parikan dening para siswa ingkang wonten

ing tembang campursari kalawau saged kapendhet dudutan babagan

panggertosan parikan.

7. Dwija nedahaken parikan lumantar audio visual, inggih punika

nyetelaken parikan lumantar video kesenian Srandhul ingkang sampun

kacawisaken. Cara punika supados siswa boten bosen anggenipun

nyinau basa Jawa. Kajawi saking punika ugi nepangaken kesenian-

kesenian Jawi ingkang wonten ing bebrayan. Siswa kaarahaken

supados nyemak parikan-parikanipun.

8. Siswa ngapresiasi parikan ingkang wonten ing video kesenian

Srandhul.

Menawi siswa sampun gamblang babagan parikan, siswa

dipunparingi tugas damel parikan ingkang humor. Ing samangkih parikan

punika saged kapentasaken kanthi sederhana. Saboten-botenipun

kapentasaken kanthi wales-winales parikan utawi lumantar lelagon

campursari.

35

G. Panaliten ingkang Sampun Dipuntaliti Dening Panaliti Sanes

Panaliti ngempalaken pinten-pinten panaliten babagan kesenian

Srandhul saha panaliten babagan parikan ingkang sampun dipuntaliti

tiyang sanes. Panaliten babagan kesenian Srandhul ingkang sampun

dipuntaliti tiyang sanes inggih punika panaliten ingkang mligi naliti

tembang ingkang kaginakaken ing kesenian Srandhul. Irah-rahan

panalitenipun “Tembang Wonten Salebeting Tradisi Srandhul Minangka

Sarana Dakwah ing Kecamatan Bulu, Kabupaten Temanggung” ingkang

dipuntaliti dening Rika Nuryati ing warsa 2010, Fakultas Pendidikan

Bahasa dan Seni, IKIP PGRI Semarang. Isi wosipun panaliten punika

ngandharaken bilih kesenian Srandhul minangka salah satunggaling

kesenian tradhisional ingkang fungsinipun minangka sarana dakwah

saprelu ngaturaken pitutur dakwah. Kesenian Srandhul ngemu pitutur

dakwah ingkang ancasipun nuju ing kabecikan. Pitutur punika

dipunwedharaken lumantar tembang-tembang. Ing salebetipun tembang

ngemu nilai mistis wontenipun kapitadosan masyarakat Jawi tumrap

kekiyatan Allah SWT lan kekiyatan saking makhluk goib. Tembang

ingkang dipunginakaken inggih punika tembang Kinanthi. Tembang

Kinanthi ingkang dipunginakakaken ing kesenian Srandhul punika

nggadhahi sipat kesabaran, waspada, damel tentreming manah lan pikiran,

pangayoman saking sadaya panggoda setan, tolak balak, lan pasrah

dhumateng Allah SWT.

36

Panaliten ingkang sampun kalaksanan babagan parikan inggih

punika parikan ingkang wonten ing salebeting tembang campursari

anggitanipun Manthous. Irah-irahan panalitenipun “Parikan lan

Purwakanthi Sajroning Tembang Campursari Anggitanipun Manthous”

dipuntaliti dening Anik Puspitasari ing warsa 2010, Fakultas Pendidikan

Bahasa dan Seni, IKIP PGRI Semarang. Isi wosipun saking panaliten

punika ngandharaken bilih wujud parikan ingkang saged dipunpanggihi

sajroning tembang campursari anggitanipun Manthous inggih punika

wonten ing tembang Randha Kempling, Aja Digondheli, Balen, Aja Gawe-

gawe, Tahu Apa Tempe, lan Getun. Parikan ingkang dipunginakaken

kathahipun boten ngginakaken paugeran. Lajeng ingkang wujud

purwakanthi ingkang saged dipunpanggihi sajroning tembang campursari

anggitanipun Manthous inggih punika tembang Randha Kempling, Aja

Digondheli, Balen, Aja Gawe-Gawe, Tahu Apa Tempe, Getun, lan Mbah

Dhukun. Purwakanthi ingkang dipunginakaken wonten sadaya tembang

inggih punika purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan

purwakanthi guru basa utawi lumaksita.

Panaliten parikan ingkang sanes inggih punika panaliten Skripsi

Sarjana Fakultas Sastra, Universitas Negeri Semarang. Irah-irahanipun

skripsi inggih punika “Parikan Dalam Gendhing Tayub Blora” dipuntaliti

dening Diana Eka Jayanti warsa 2010. Asil panalitenipun inggih punika

parikan ing salebeting gendhing Tayub Blora kaperang dados kalih warni

inggih punika (1) parikan lamba cacahipun wonten sekawan parikan lan

37

(2) parikan rangkep utawi parikan camboran cacahipun wonten kalih dasa

parikan. Sadaya parikan dipunanalisis adhedhasar aspek bunyi, aspek

spasial, aspek kebahasaan, aspek pengujaran lan dipunserat ngangge

seratan fonetis. Parikan ing salebeting gendhing Tayub Blora nggadhahi

fungsi kangge ngece, pitutur, ndhagel, nyindhir, ngritik, nglipur, lan

dhidhik. Makna ingkang wonten ing gendhing Tayub Blora inggih punika

ngenani kasetyan, teguhing manah, lan katresnan.

Kesenian Srandhul sampun dipuntaliti dening panaliti sanes

ananging mligi tembang ingkang dipunginakaken ing kesenian punika.

Parikan ugi sampun dipuntaliti dening tiyang sanes, ananging parikan

ingkang wonten ing tembang campursari anggitanipun Manthous. Parikan

ugi sampun dipuntaliti dening panaliti sanes ananging parikan ingkang

wonten ing Gendhing Tayub Blora. Adhedhasar panaliten ingkang sampun

kalaksanan mliginipun panaliten babagan parikan lan panaliten kesenian

Srandhul, panaliti badhe naliti parikan ingkang dereng dipuntaliti dening

panaliti sanes inggih punika parikan ing salebeting kesenian Srandhul.

38

BAB III

ASILING PANALITEN

A. Dheskripsi Dhata

Tetingalan Srandhul nyariosaken kawontenan pagesangan saben

dinten. Cariyosipun Srandhul dipunparagakaken dening para Badhut,

ingkang dipunwiwiti saking Badhut Mendhung dumugi Badhut Sunthi.

Miturut katrangan Paman Panjak tugasipun Badhut ing kesenian Srandhul

wonten tiga inggih punika “nembung”, “nembang”, lan “joged”.

“Nembung” ing Srandhul tegesipun Badhut nyekaraken tembung-tembung

ingkang isinipun pitutur saking saben babak. Tembung punika

dipunwedharaken lumantar tembang macapat.

Ingkang dipunkajengaken “nembang” inggih punika Badhut

nyekaraken tembang-tembang ingkang wujudipun ura-ura tanpa tuladha

ananging wonten padanipun. Tuladhanipun ura-ura tanpa tuladha ananging

nggadhahi pada inggih punika parikan. Ancasipun tembang punika

namung kangge selingan lan panglipur supados boten enggal bosen.

Adhegan ingkang dipunpentasaken kesenian Srandhul “Marga

Sejati” inggih punika “pambuka”, “Lenggeran Nyurupake”, “Badhut

Mendhung”, “Lenggeran Laler Wilis”, “Badhut Mikat” lan “Badhut

Sunthi”. Ing panaliten punika ingkang dipuntaliti arupi tembang lan

parikan ingkang wonten ing salebeting kesenian Srandhul Marga sejati

punika.

39

Runtutaning pementasan kesenian Srandhul “Marga Sejati” ingkang

dipuntaliti inggih punika:

1. Pambuka

Pementasanipun Srandhul dipunwiwiti kanthi ndonga lan ngobong

menyan, mratandhani bilih Srandhul sampun siaga pentas. Anggenipun

ndonga dipunpandhegani dening panjakipun. Sasampunipun ndonga

dipunlajengaken nembang ingkang minangka pambukaning

pementasan kesenian Srandhul. Nembangipun kados makaten: alaihi

wabismillah yarohman yarohim

a. Ayo ayo padha amiwiti, seni Srandhul Marga Sejati, tinggalaneRama Kyai, aku kabeh kang nyinaoni, muga-muga kajurung parapangarsi, sokur bisa resepke ati.

b. Ayo ayo padha suka nguri-uri budaya kita, gawe seneng ning alamdonya, anom tuwa ben padha suka, senine ben bisa tumata, kabehmau mung sadrema, kanthi nyuwun Kang Maha Mulya.

Tembung yarobi yabismillah yarohman nedahaken bilih kesenian

punika wonten taksih ngemu agami Islam. Ngobong menyan

nedahaken bilih kesenian punika taksih ngemu kajawen, sinaosa

kajawen ingkang mlebet boten kathah ing kesenian punika. Tembang

punika minangka salam pambuka.

2. Lenggeran Nyurupake

Lenggeran inggih punika pambuka saderengipun lakon Srandhul

dipunwiwiti. Ing kesenian wayang utawi kesenian sanesipun lenggeran

asring dipunsebat uyon-uyon. Lenggeran ing kesenian Srandhul

dipunperang dados 3, inggih punika: “Nyurupake”, “Laler Wilis”, lan

“Rende-Rende”. Wujudipun lenggeran arupi jogedan limrah lan

40

dipuniringi tetembangan. Anggenipun mentasaken Lenggeran punika

boten kedah runtut, ananging saged dipunginakaken damel selingan.

Ing pementasan punika pambuka dipunwiwiti kanthi “Nyurupake”.

Tembung “nyurupake” asalipun saking tembung “surup” tegesipun

mlebu, tuduh. Dados nyurupake tegesipun nedahaken. Nedahaken

cariyos wiwit pambuka dumugi paripurna ingkang badhe kalampahan

ing samangke.

3. Badhut Mendhung

Badhut Mendhung nggambaraken tiyang ingkang sampun ngancik

dewasa. Badhut punika wiwit madosi jati dhirinipun, ngaji ing Bapa

Guru. Isi tetembunganipun asipat religi tegesipun gegayutan kaliyan

Hyang Widi. Wondene tembang-tembang ingkang dipunginakaken

inggih punika parikan ingkang nggambaraken dolananipun tiyang

nem-neman. Dipunwastani Badhut amargi Badhut minangka tiyang

ingkang dados lelucon ing kesenian punika. Rasukan ingkang

dipunagem dening badhut Mendhung sami kaliyan Badhut ingkang

sanes.

4. Lenggeran Laler Wilis

Laler Wilis inggih punika satunggaling laler ingkang warna ijem.

Lenggeran laler Wilis punika boten gadhah titikan ingkang mligi. Laler

Wilis kaliyan badhut ingkang sanes boten wonten bentenipun, rasukan

ingkang dipunagem sami. Lenggeran punika minangka satunggaling

perangan pambukaning pementasan. Ananging lenggeran punika

41

dipunginakaken kangge selingan antawisipun Badhut Mendhung lan

Badhut Mikat. Lenggeran punika arupi jogedan ingkang limrah kanthi

dipuniringi tembang. Tembangipun wonten ingkang arupi ura-ura

ingkang tanpa tuladha ananging nggadhahi pada. Kajawi saking punika

wonten ugi ingkang arupi parikan.

5. Badhut Mikat

Cariyos Badhut Mikat nggambaraken tiyang dewasa ingkang sampun

milai gandrung kaliyan wanita. Dipunwastani badhut Mikat amargi

Badhutipun pikantuk wangsit supados mikat peksi. Ing Srandhul

punika dipungambaraken mikat peksi ingkang warnanipun wonten 4,

inggih punika: peksi Kontul warnanipun pethak, peksi Wulung

warnanipun cemeng semu biru, peksi Podhang warnanipun kuning, lan

peksi Gagak ingkang warnanipun cemeng. Sadaya warna kalawau

nggambaraken susunan ingkang wonten ing badanipun manungsa.

6. Badhut Sunthi

Ing adhegan nyariosaken lelampahanipun gesang sasampunipun

pikantuk ngelmu saking bapa guru nalika ing Badhut Mendhung lan

Badhuut Mikat. Pramila, tembang lan parikan ingkang dipunginakaken

sami kaliyan ingkang wonten ing Badhut Mendhung lan Badhut Mikat.

Sandhangan ingkang dipunagem ugi sami kaliyan Badhut-badhut

saderengipun. Umumipun ing Badhut Sunthi punika nggadhahi sipat

seneng-seneng.

42

Adhedhasar katrangan ing nginggil anggenipun nganalisis dhata

dipunperang miturut babak pementasan, mliginipun babak ingkang wonten

tembang lan parikan. Dhata ingkang badhe dipunanalisis dipunpilah-pilah

ingkang mligi awujud tembang lan parikan. Dhata ingkang dipunanalisis

ing panaliten punika arupi tembang lan parikan. Ginanipun tembang ing

pementasan punika ndadosaken kawontenan supados gayeng. Parikan ing

kesenian Srandhul ginanipun kangge panglipur para pamirsa lan kangge

selingan nalika Badhut nembung dhumateng Paman Panjakipun.

Anggenipun nganalisis dipunrembag saking struktur luar lan struktur

batin. Struktur luar ngrembag babagan paugeran ingkang wonten ing

parikan lan tembang macapat. Paugeranipun parikan inggih punika guru

lagu, guru wilangan, guru gatra, lan tata serat. Kajawi saking punika ugi

dipunpadosi kasusastraan sanes ingkang mlebet ing salebetipun tembang

lan parikan. Tuladhanipun kasusastran ingkang sanes inggih punika

purwakanthi, saloka, tembung garba, lan sanes-sanesipun. Struktur batin

ngrembag babagan tema lan amanat ingkang kakandhut ing parikan.

Miturut asil wawancara kaliyan Bapak Mujo minangka pangarsa

paguyuban kesenian Srandhul “Marga Sejati” ing surya kaping 9 Mei 2011

ngandharaken bilih parikan-parikan ing kesenian Srandhul namung kangge

selingan antawisipun tetembungan ingkang dipuntembungaken dening

Badhut dhumateng Paman Panjak. Ananging kadangkala ngepasaken

kaliyan kawontenan ing sakiwa tengenipun.

43

Babak pementasan Srandhul ingkang mligi wonten tembang lan

parikanipun, inggih punika:

1. Pambuka

Ayo ayo padha amiwiti 10iSeni Srandhul Marga Sejati 9iTinggalane Rama Kyai 8iAku kabeh kang nyinaoni 9iMuga muga kajurung para pangarsi 12iSokur bisa ngresepke ati 9i

Ayo ayo padha suka suka 10aNguri-uri budaya kita 7aGawe seneng ning alam donya 9aAnom tuwa ben padha suka 9aSenine bisa tumata 8aKabeh mau mung sadrema 8aKanthi nyuwun kang maha Mulya 9a

Tembang pambuka wonten kalih pada, ananging cacahipun gatra saben

pada lan guru wilanganipun boten sami. Tembang punika namung

nengenaken guru lagu. Saking titikanipin tembang ing nginggil saged

dipunmangertosi tembang pambuka punika boten kalebet tembang

macapat. Isinipun tembang punika ajak-ajak marang dhumateng

sadaya tiyang supados nderek nguri-uri kabudayan Jawi ingkang

sampun wonten.

2. Lenggeran Nyurupake

Ing salebetipun lenggeran punika isinipun namung nembang kaliyan

njoged. Nembangipun kados makaten:

Sawise sumurup sing kalangane, widodariSumurup marang badhute

44

Sawise sumurup marang badhute, widodariSumurup marang suntine

Sawise sumurup marang jongose, widodariSumurup marang cinane

Sawise sumurup marang cinane, widodariSumurup marang burohe

Sawise sumurup marang burohe, widodariSumurup marang kajine

Sawise sumurup marang kajine, widodariSumurup marang putune

Sawise sumurup marang putune, widodariSumurup marang cepuke

Sawise sumurup marang sabete, widodariSumurup marang panjake

Sawise sumurup marang panjake, widodariSumurup marang sing ngendhang

Sawise sumurup marang sing ngendhang, widodariSumurup marang sing mbendhe

Sawise sumurup marang sing mbendhe, widodariSumurup marang sing ngangklung

Sawise sumurup marang sing nerbang, widodariSumurup marang sing ngegong

Sawise sumurup marang sing ngegong, widodariSumurup bali maring kayangane

“Sumurup” asalipun saking tembung “surup” ingkang tegesipun

mlebet. Tembang ing lenggeran punika wonten repetisinipun, inggih

punika tembung “sawise sumurup marang” lan tembung “sumurup

marang”. Pikajengipun widodadri punika ingkang sepisanan mlebet ing

kalanganipun, kaping kalih mlebet ing badhut, kaping tiga mlebet ing

45

badhut. Ingkang kaping sakawan mlebet ing Sunthi, kaping gangsal mlebet

ing jongosipun, kaping enem mlebet ing cinanipun. Sasampunipun mlebet

ing cinanipun lajeng mlebet ing kajinipun, kaping wolu mlebet ing

wayahipun. Kaping sanga mlebet ing cepukipun.

Anggenipun sumurup/mlebet dhumateng ingkang mbeksa

salajengipun mlebet ing niyaganipun. Ingkang sepisan mlebet ing

panjakipun, kaping kalih mlebet ingkang ngendhang, kaping tiga mlebet

ingkang mbendhe. Ingkang kaping sakawan mlebet dhateng ingkang

ngangklung, kaping gangsal mlebet dhateng ingkang nerbang, lan kaping

enem mlebet dhateng ingkang ngegong. Sadaya niyaganipun sampun

dipunsumurupi, lenggeran punika lajeng wangsul ing kayanganipun.

Nalika lenggeran “nyurupake” kadangkala wonten ingkang nyurupi.

Miturut katranganipun pangarsa nyurupi dipunsebabaken kesurupan

widodarinipun Srandhul. Pocapanipun ing lenggeran punika nyariosaken

runtutanipun cariyos ing kesenian Srandhul. Tembang ingkang

dipunginakaken saking wiwitan dumugi pungkasan titikanipun sami.

3. Badhut Mendhung

Badhut Mendhung minangka Badhut ingkang wiwitan. Cariyos

ingkang dipuncariyosaken dipunwiwiti saking Badhut punika. Tembang

lan parikan ingkang dipunginakaken ing Badhut Mendhung maneka warni

wujudipun. Tembang ingkang dipunginakaken ing Badhut Mendhung

inggih punika:

46

Ingsun miwiti amuji I 8i (t1)Kang murah ing donya mangke II 8eAnebut namaning sukma III 8aIngkang asih ing akherat IV 8eMila sun puji datan pegat V 9aAngganjar kawelas ayu VI 8uNgapura wong kang dosa VII 7a

Tembang punika kalebet tembang Asmarandanana, isinipun memuji

dhumateng gusti, kanthi nyebat namaning sukma, ingkang paring

kinasihan benjang ing akherat, pramila sampun dipuntebihi, ing samangke

badhe dipunganjar kawelasan kabecikan lan dipungapura dosanipun. Ing

gatra IV guru wilanganipun boten trep ing tembang cacahipun 9a ingkang

leres 7a. Pramila kedahipun dipunewahi “mila sun datan pegat”

dipunewahi dados “sun puji datan pegat”. Ing gatra VI guru wilanganipun

ugi boten sami kaliyan paugeran. Ing tembang cacahipun 7a ananging

ingkang leres cacahipun 8a, pramila gatra VI ugi dipunewahi ingkang

wiwitanipun “ngapura wong kang dosa” dados “angapura wong kang

dosa”. Babagan pangrakiting ukara wonten satunggal ukara ingkang

wancah inggih punika tembung “ingkang” dados “kang” lan satunggal

tembung ingkang ewah inggih punika “mengko” dados “mangke”.

Sakempune muji Hyang Widhi I 9i (t2)Amuji nabi Muhammad II 8aKelawan kulawargane III 8eSekabat sekawanipun IV 8uAbu bakar umar usman V 8aAli kaping sekawanipun VI 8uMiwah putra lawan garwa VII8a

Isinipun tembang (2) nyariosaken bilih saksampunipun muji

dhumateng Gusti lajeng muji dhumateng nabi Muhammad lan

47

kulawarganipun, sakhabat-sakhabatipun ingkang wonten sekawan inggih

punika Abu Bakar, Umar, Usman, lan Ali. Dipuntingali saking cacahipun

gatra tembang punika kalebet tembang asmarandana ananging guru lagu

lan guru wilanganipun kathah ingkang boten trep kaliyan paugeran. Ing

gatra I cacahipun guru wilangan wonten 9i kedahipun 8i. Gatra IV guru

lagunipun kedahipun 8a ananging ing tembang 8u. Guru wilanganipun

gatra V ing tembang 8a kedahipun 7a. Gatra VI cacahipun guru wilangan

ing tembang 9u kedahipun 8u. pramila tembang (2) kedah dipunewahi

supados sami kaliyan paugeran. Ewahipun dados makaten:

Sampune muji Hyang Widhi 8iAmuji nabi Muhammad 8aKelawan kulawargane 8eSakhabatipun sekawan 8aBu bakar umar usman 7aAli ping sekawanipun 8uMiwah putra lawan garwa 8a

Parikan ingkang wonten ing babak Badhut Mendhung inggih

punika:

Ayo mendhung, mendhung wetan 8a (p1)Telethik, udan sepisan 8a

Menawi dipuntingali saking dhapukaning parikan, parikan (1)

kadadosan saking kalih gatra. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 8,

ingkang kadhapuk saking 4u + 4a. Gatra kalih cacahipun wanda wonten 8

kadhapuk saking 3i + 5a. Tembung ayo punika boten nggadhahi teges

ingkang mligi, ginanipun namung kangge miwiti lan njangkepi tembung

ing parikan. Panyeratan tembung telethik ingkang leres inggih punika

tlethik, anggenipun ngucapaken [têlêţI’] amargi kangge ngepasaken

48

kaliyan guru wilanganipun. Ing parikan punika ugi wonten repetisi utawi

pengulangan kata, inggih punika tembung mendhung. Pramila,

parikanipun ngemu purwakanthi lumaksita. Tembung telethik udan

sepisan nyariosaken bilih nalika pentas kesenian Srandhul kala wingi

jawah rumiyen.

Ayo mendhung, mendhung kulon 8o (p2)Telethik, udane balon 8o

Parikan (2) kadadosan saking kalih gatra cacahipun wanda saben

gatra sami. Gatra satunggal cacahipun 8 wanda lan kadhapuk saking 4u +

4o. Gatra kalih cacahipun wanda sami lan kadhapuk saking 3i + 5o.

Tembung ayo punika ginanipun namung kangge miwiti lan njangkepi

tembung ing parikan. Ing parikan punika ugi wonten repetisi utawi

pengulangan kata, inggih punika tembung mendhung. Pramila,

parikanipun ngemu purwakanthi lumaksita. Panyeratan tembung telethik

ingkang leres inggih punika tlethik, anggenipun ngucapaken [têlêţI’]

amargi kangge ngepasaken kaliyan guru wilanganipun. Tembung telethik

udane balon nggambaraken swasana ing wanci dalu.

Ayo mendhung, mendhung kidul 8u (p3)Telethik, udane Srandhul 8u

Parikan punika kadadosan saking kalih gatra cekak. Gatra satunggal

cacahipun wanda wonten 8 kadhapuk saking 4u + 4u. Gatra kalih

cacahipun wanda wonten 8 kadhapuk saking 3i + 5u. Tembung ayo punika

ginanipun namung kangge miwiti lan njangkepi tembung ing parikan. Ing

parikan punika ugi wonten repetisi utawi pengulangan kata, inggih punika

49

tembung mendhung. Pramila, parikan punika ngemu purwakanthi

lumaksita. Panyeratan tembung telethik ingkang leres inggih punika

tlethik, anggenipun ngucapaken [têlêţI’] amargi kangge ngepasaken

kaliyan guru wilanganipun. Tembung telethik udane Srandhul

nedahaken bilih dalu punika dados rejekinipun Srandhul amargi saged

pentas.

Ayo mendhung, mendhung elor 8o (p4)Telethik, udane pelor 8o

Parikan (4) nedahaken bilih rumiyin sampun nate kedadosan perang

ingkang dipunserang ngangge peluru. Menawi dipuntingali saking

dhapukanipun parikan punika kadadosan saking kalih gatra lan cacahipun

saben gatra sami. Gatra satunggal kadhapuk saking 4u + 4o lan gatra kalih

kadhapuk saking 3i + 5o. Ing parikan punika ugi wonten repetisi utawi

pengulangan kata, inggih punika tembung mendhung. Parikan punika

ngemu purwakanthi lumaksita. Tembung ayo punika ginanipun namung

kangge miwiti lan njangkepi tembung ing parikan. Panyeratan tembung

telethik ingkang leres inggih punika tlethik, anggenipun ngucapaken

[têlêţI’] amargi kangge ngepasaken kaliyan guru wilanganipun.

Salajengipun tembung telethik udane pelor nyariosaken bilih kesenian

Srandhul punika sampun wonten wiwit jaman perang. Saking tembung-

tembung kalawau saged dipunpendhet dudutan bilih kesenian Srandhul

sampun wonten wiwit jaman perang ingkang pentasipun ing wanci dalu.

Tema parikan ingkang dipunpendhet ing wiwitan inggih punika swasana

nalika kesenian Srandhul pentas.

50

Sasampunipun nembang ing nginggil dipunlajengaken nembung

malih dhumateng Paman Panjak. Tembungipun kados makaten:

Kagem para bapak ibu I 8u (t3)Sadaya kang kula puji II 8iPuji kula tanpa upama III 9aRawuh jengandika sami IV 8iSedaya paringana nugraha V 10aDhateng kang Maha Mulya VI 7aSarta kadang seni sedaya VII 9aKang samiya amargsudi VIII 8iKula suwun samiya sugeng sakondhuripun IX 14u

Tembang (3) menawi dipuntingali saking cacahipun gatra kalebet

tembang Sinom. Ananging menawi dipuntingali saking guru lagu lan guru

wilangan tembang punika taksih dereng jumbuh kaliyan paugeran.

Ingkang sampun jumbuh namung gatra kalih kaliyan gatra sekawan. Isi

tembang punika memuji dhumateng pamirsa ingkang nderek ningali

pementasan kesenian Srandhul punika. Babagan pangrakiting ukara

wonten kalih tembung ingkang wancah inggih punika tembung “ingkang”

dados “kang”. Amargi dereng trep kaliyan paugeran, pramila tembang

punika kedah dipunewahi supados trep kaliyan paugeran. Ewahipun dados

makaten:

Kagem para ibu bapak I 8aSadaya kang kula puji II 8iPuji kula tanpa pama III 8aRawuh jengandika sami IV 8iSamya nugraha paring V 7iDhateng ingkang Maha Agung VI 8uSarta kadang sadaya VII 7aKang samiya amarsudi VIII 8iKula suwun samya sugenging sasama IX 12a

Tembang salajengipun inggih punika:

51

Lamun sakanca kirang tata I 9a (t4)Nyuwun gunging pangaksama II 8aPara punden sarta remaja III 9aKula suwun pangandika IV 8aSarta satunggaling paweling V 9iMugi dadosa pepeling VI 8iKawula tansah cumadhong VII 8oSarta jejimating budhaya VIII 9aSeni Srandhul Marga Sejati kang kula tresnani IX 15i

Isi tembang punika nyuwunaken pangapura kagem kirangipun

sakanca dhumateng sadaya pamirsa, amargi taksih merlokaken pitedah

babagan budaya. Menawi dipuntingali saking cacahipun gatra tembang

punika cacahipun gatra wonten sanga, saengga kalebet tembang Sinom.

Ananging menawi dipuntingali saking guru lagu lan guru wilangan sadaya

guru gatra lan guru wilanganipun boten jumbuh kaliyan paugeran ingkang

wonten. Tembang punika taksih trep kaliyan paugeranipun tembang

Sinom. Tembang punika kedah dipunewahi supados trep kaliyan paugeran.

Ewahipun dados makaten:

Lamun sakanca tan tata I 8aNyuwun gunging pangaksami II 8iPara punden lan remaja III 8aPangandika kula tampi IV 8iSatunggaling paweling V 7iDadosa pepelingipun VI 8uKula tansah gegadhang VII 7aSrana jejimating seni VIII 8iSrandhul Marga Sejati kang kula tresna IX 12a

Salajengipun dipunselingi nembang malih, tembangipun kados

mekaten:

Malang malang, pring selonjor 8o (p5)Gelung malang, sisa mandhor 8o

52

Menawi dipuntingali saking wujud dhapukanipun, parikan (5)

kadadosan saking kalih gatra lan cacahipun wanda saben sagatra sami

wolung wanda. Gatra satunggal kadhapuk saking 4a + 4o lan gatra kalih

kadhapuk saking 4a + 4o. Pramila, parikan punika ngemu purwakanthi

guru swara. Dipuntingali saking ukara isi parikan punika kalebet parikan

ingkang sipatipun pangudaraos.

Malang malang, pring saunting 8i (p6)Gelung malang, sisa tamping 8i

Parikan (6) kalebet parikan ingkang 2 gatra limrah amargi kadhapuk

saking 2 gatra. Gatra satunggal kaliyan gatra kalih nggadhahi titikan

ingkang sami. Kekalihipun kadhapuk saking 4a + 4i. Parikan punika

ngemu purwakanthi guru swara. Tegesipun gelung malang sisa tamping

inggih punika tatanan ingkang sampun tumata diorak arik kangge aling-

aling panguwasa. Pramila, parikan punika kalebet parikan ingkang

minangka pangudaraos.

Parikan (5) lan (6) titikanipun sami ngginakaken tembung malang,

pring, gelung, lan sisa. Ing parikan punika wonten repitisi-nipun inggih

punika tembung malang. Tembung selonjor ingkang leres inggih punika

slonjor, amargi kangge njumbuhaken kaliyan guru wilangan ing nginggil

pramila anggenipun ngucapaken boten slonjor ananging selonjor.

Sasampunipun nembang ing nginggil, Badhut Mendhung

nglajengaken nembung dhumateng Paman Panjak. Tembangipun kados

makaten:

53

Yen aku kudu ngerti I 7i (t5)Iki ilmu kang sampurna II 8aAna gunung arsa muka III 8aTuturing guru kang tak tampa IV 9aAna kayu gung susuhing angin V 10iKumaraning jagad VI 6aBebasan adoh tanpa wangenan VII 10aYen cedhak tanpa senggolan VIII 8aTak pikir bingung jebul kuwi mung sanepane IX 9e

Tembang (5) menawi dipuntingali saking cacahipun gatra wonten 9,

saengga tembang punika kalebet tembang sinom. Ananging tembang

punika kirang trep guru lagu lan guru wilanganipun. Miturut pangrakiting

ukara tembang punika wonten tembung wancahipun inggih punika

tembung “ingkang” dados “kang”. Isinipun ngandharaken bilih tiyang

punika kedah nggadhahi ilmu ingkang sampurna kanthi dipungambaraken

kayu gung susuhing angin. Tembang punika kirang trep kaliyan paugeran

pramila kedah dipunewahi. Ewahipun dados makaten:

Aweh ilmu kang sampurna I 8a (t5)Iki aku kudu ngerti II 8iAna gunung arsa muka III 8aTuturing guru tak tampi IV 8iKayu gung susuh angin V 7iKumaraning jagadipun VI 8uAdoh tanpa wangenan VII 7aCedhak tanpa disenggoli VIII 8iTak pikir bingung jebul kuwi sanepa IX 12a

Tembang salajengipun, inggih punika:

Lamun wis dadi pisepuh I 8u (t6)Aja tingkah sapenake II 8eSokur bisa ngetrepake III 8eMarang sekabehane IV 7eBisa kena nggo tuladha V 8aMulang wuruk lawan tutur VI 8uDhasar wasis tetembunge VII 8eSarwa penak dirasake VIII 8e

54

Jeneng sepuh ora marga uwis putih rambute IX 14e

Tembang kaping enem punika isinipun ngandharaken bilih tiyang

ingkang sampun pisepuh boten pikantuk tumindak ingkang sapenake.

Kedahipun saged dados patuladhan dhumateng putra wayahipun. Tembang

punika menawi dipuntingali saking cacahipun gatra kalebet tembang

sinom. Menawi dipuntingali saking cacahipun guru lagu lan guru wilangan

tembang punika boten trep kaliyan paugeranipun tembang sinom.

Dipuntingali saking pangrakiting ukara tembang punika wonten tembung

wancahipun, inggih punika tembung “uwis’ dados “wis”, lan tembung

kanggo” dados “nggo”. Tembang punika tebih sanget kaliyan

paugeranipun. Pramila tembang punika kedah dipunewahi. Ewahipun

saged dados makaten:

Lamun wis dadi pituwa I 8aAja tingkang karep ati II8iSokur bisa ngetrapna III8aMarang sadaya puniki IV 8iBisa kena tuladhani V 7iMulang wuruk lawan tutur VI 8uDhasar wasis tinembung VII 8iSarwa penak dirasani VIII 7aJeneng sepuh ora marga putih rikma IX 12a

Menawi sampun pikantuk pinten-pinten wewarah, salajengipun

dipunselingi nembang malih ingkang suraosipun benten. Ing adegan

punika nggambaraken damelanipun tiyang nem-neman ingkang nembe adu

kewan. Tembangipun kados mekaten:

Ayo surak, surak iyo 8o (p7)Surake, wong adu jago 8o

55

Ing parikan (7) kadadosan saking kalih gatra ingkang cacahipun

wanda lan guru lagunipun sami. Gatra satunggal kadhapuk saking 4a + 4o,

wondene gatra kalih kadhapuk saking 3é + 5o. Parikan punika ngemu

purwakanthi lumaksita, inggih punika ing ukara satunggal tembungipun

ayo surak, surak iyo

Ayo surak, surak iyan 8a (p8)Surake, wong adu jaran 8a

Parikan (8) titikanipun meh sami kaliyan parikan (7) ananging

ingkang benten tibaning swanten ing pungkasanipun gatra. Ing parikan (8)

kadhapuk saking kalih gatra. Gatra satunggal kadhapuk saking 4a + 4a lan

gatra kalih kadhapuk saking 3é + 5a. Dipuntingali saking tembung ing

pambuka parikan punika ngemu purwakanthi lumaksita.

Ayo surak surak engkrik 8i (p9)Surake wong adu jangkrik 8i

Semanten ugi parikan (9) kadhapuk saking kalih gatra. Gatra

satunggal kadhapuk saking 4a + 4i. Gatra kalih kadhapuk saking 3é + 5i.

titikanipun parikan (9) sami kaliyan parikan (7) lan (8), pramila saged

dipunmangertosi bilih parikan (9) ngemu purwakanthi lumaksita. Parikan

(7), (8), lan (9) nggambaraken kawontenan ingkang rame amargi wonten

adu kewan. Ing parikan punika ugi wonten repetisi-nipun inggih punika

tembung surak.

Sasampunipun nembang surak-surak badhut lajeng nembung malih

dhumateng paman panjak. Isinipun nyariosaken pedamelanipun Badhut

dolan-dolan. Tembangipun kados makaten:

56

Lontang lanting ora kanggo gawe I 10e (t7)Bebed lurik momohan klambine II 10eGandhol tambalan nyengkelang keris III 10iPruthul rega rong nggobang IV 7aOra lali adol bagus V 8uMenyang pasar ngenyang jaran VI 8aKeliru sisik rontokan VII 8a

Isi saking tembang punika nyariosaken tiyang ingkang adol bagus

ananging kanthi sandhangan ingkang awon. Tiyang punika nggadhahi

pepinginginan ingkang ageng ananging boten kangungan punapa-punapa.

Menawi dipuntingali skaing cacahipun gatra, tembang punika wonten 7

gatra saengga tembang punika kalebet tembang Asmarandana. Ananging

menawi dipun tingali saking guru lagu lan guru wilangan, tembang punika

kirang njangkepi kaliyan paugeran ingkang wonten. Miturut pangrakiting

ukara tembang punika nggadhahi baliswara, inggih punika ukara

“momohan klambine” sejatosipun “klambine momohan”, ukara

“nyengkelang keris” sejatosipun “keris nyengkelang”, lan ukara “ sisik

rontokan” sejatosipun “rontokan sisik”. Amargi guru lagu lan guru

wilanganipun dereng jumbuh kaliyan paugeran tembang Asmarandana,

pramila tembang punika saged dipunewahi. Ewahipun dados makaten:

Ra nggo gawe lontang lanting I 8iBebed lurik klambi momohan II 9aGandhol tambalan nyengkelang keris III 10iPruthul regane rong nggobang IV 8aRa lali adol rupa V 7aMenyang pasar ngenyang jaran VI 8aKeliru sisik rontokan VII 8a

Tembang salajengipun inggih punika:

Kentang kentang awak mami I 8i (t8)Dudu kentang beborongan II 8a

57

Jare kentang sandongane III 8eSikentang kulak bakul semarang IV 10aKenthang jaga aturan V 8aAturane sang prabu VI 7uDhahare sang prabu rara VII 8a

Tembang wolu isinipun ngemu cangkriman. Kentang punika

nggambaraken tiyang jaler ingkang tumut juraganipun lan patuh

dhumateng dhawuhipun juragan. Dipuntingali saking cacahipun gatra

tembang punika kalebet tembang Asmarandana. Ananging menawi

dipuntingali saking guru lagu lan guru wilanganipun tembang punika

kirang jumbuh kaliyan paugeran tembang Asmarandana ingkang wonten.

Supados tembang punika saged jumbuh kaliyan paugeran, tembang punika

saged dipunewahi kanthi boten ngewahi maknanipun. Ewahipun tembang

saged dados makaten:

Kentang kentang awak mami I 8iDudu kentang beborongan II 8aJare kentang sadongane III 8iSikentang bakul semarang IV 8aKentang jaga aturan V 7aAturane sang prabunya VI 8aDhahare sang prabu rara VII 8a

Sasampunipun nembung dhumateng paman panjak, Badhut

Mendhung lajeng nembang malih. Tembangipun kados makaten:

Ayo mendhung, ayo mendhung 8u (p10)Gebyok malang, tuku kalung 8u

Parikan-parikan punika namung kangge nglipur para pamirsa,

pramila suraosipun nggambaraken lelucon. Parikan (10) menawi

dipuntingali saking dhapukipun cacahing wanda gatra satunggal lan gatra

kalih cacahipun wonten 8. Gatra satunggal kadhapuk saking 4u + 4u. Gatra

58

kalih kadhapuk saking 4a + 4u. Purwakanthi ingkang wonten ing parikan

(10) inggih punika guru swara. Parikan punika ugi wonten repetisi-nipun

mliginipun ing tembung ayo mendhung. Tema ingkang kakandhut ing

parikan punika nggambaraken bilih tiyang punika nggadhahi pepinginan.

Ayo mendhung, meme jarit 8i (p11)Tuku kalung, ora duwe dhuwit 10i

Parikan (11) cacahing wanda ing gatra satunggal lan gatra kalih

boten sami. Cacahipun wanda ing gatra satunggal wonten 8 ingkang

kadhapuk saking 4u + 4i. Wondene gatra kalih cacahipun wanda wonten

10 ingkang kadhapuk saking 4u + 6i. Parikan punika kadadosan saking 2

gatra limrah. Parikan (11) ngginakaken purwakanthi guru swara. Gatra

satunggal kaliyan gatra kalih cacahipun gatra dereng sami, pramila salah

satunggaling gatra kedah dipunewahi supados sami. Parikan (11)

sageddipunewahi kados makaten:

Wayah mendhung, malah meme jarit 10i (p11)Tuku kalung, ora duwe dhuwit 10i

Parikan (12), (13), (14), lan (15) temanipun namung seneng-seneng,

saengga sipatipun nggodha lan guyon. Pramila parikan punika nggadhahi

suraos kangge nglipur para pamirsa supados boten bosen.

Sasampunipun nembang ing nginggil badhut Mendhung nembung

malih dhumateng paman panjakipun. Nembungipun kados makaten:

Le macak langkung jlegedhag I 8a (t10)Iket modhang mori meslim II 8iRasukan bludru besekab III 8aRangkepane mejan putih IV 8iSabuk renda telung nyari V 8iCundhuk kembang bentukipun VI 8u

59

Nyengkelang keris rangka VII 10aLadrangan ukirane unggal semi VIII 8iMung nyampinge palang rusak cara sala IX 12a

Tembang sadasa punika nyariosaken macakipun tiyang ingkang

katon gagah, rasukanipun bregas sarwa endah. Miturut cacahipun gatra

ingkang wonten sanga tembang punika kalebet tembang Sinom. Ananging

miturut guru lagu lan guru wilangan tembang punika dereng jumbuh

kaliyan paugeranipun tembang sinom. Miturut pangrakiting ukara wonten

tembung ingkang dipunulur, inggih punika tembung “beskab” dados

“besekab”. Wonten ugi tembung ingkang dipunwalik utawi baliswara

inggih punika tembung “cundhuk kembang bentukipun” sejatosipun

“bentukipun cundhuk kembang”. Kajawi saking punika wonten tembung

ingkang wancah inggih punika tembung “namung” dados “mung”.

Supados sami jumbuh kaliyan paugeranipun tembang sinom, tembang

punika saged dipunewahi dados makaten:

Le macak langkung jlegedhag I 8aIket modhang mori meslim II 8iRasukan bludru besekab III 8aRangkepane mejan putih IV 8iSabuk renda tlung nyari V 7iCundhuk kembang bentukipun VI 8uNyengkelang keris rangka VII 7aLadrangan ukirane unggal semi VIII 8iMung nyampinge palang rusak cara sala IX 12a

Sasampunipun nembung dhumateng paman panjak kanthi jangkep

Badhut Mendhung lajeng nembang malih kangge sangu wangsul.

Tembangipun kados makaten:

Godhong gandhul, dicampur teri 9i (p12)Mbengi nyrandhul, nanggon mbakyu Yemi 10i

60

Parikan (12) menawi dipuntingali saking cacahipun wanda,

antawisipun sampiran lan isi boten sami. Gatra sepisan wonten 9 wanda

ingkang kadhapuk saking 4u + 5i. Gatra kalih (gatra isi) cacahipun wanda

wonten 10 ingkang kadhapuk saking 4u + 6i. Purwakanthi ingkang mlebet

ing parikan kasebat inggih punika purwakanthi guru swara. Salah

satunggalipun gatra kedah wonten ingkang dipunewahi, supados cacahipun

gatra sami. Ewahipun parikan dados makaten;

Godhong gandhul, dicampuri teri 10i (p12)Mbengi nyrandhul, nanggon mbakyu Yemi 10i

Parikan (13) menawi dipuntingali saking cacahipun wanda sami

kaliyan parikan (12). Gatra sepisan wonten 9 wanda lan gatra kalih

cacahipun wonten 10. Ananging parikan (13) gatra satunggal kadhapuk

saking 4o + 5e, Wondene gatra kalih kadhapuk saking 5o + 5e.

Ijo ijo, loyang godhonge 9é (p13)taaku bojo, goyang bokonge 10é

Sipatipun isi parikan (13) benten kaliyan parikan ingkang sanes,

inggih punika lekoh. Parikan punika ugi wonten repetisi-nipun ing

tembung ijo. Gatra satunggal dipunewahi supados cacahipun gatra

satunggal kaliyan gatra kalih dados sami. Ewahipun parikan (13) dados

makaten:

Ijo ijo, e loyang godhonge 10é (p13)taaku bojo, goyang bokonge 10é

Parikan (14) ing ngandhap benten kaliyan parikan ing ngajeng. Ing

parikan punika isinipun nyariosaken pangudaraosipun tiyang. Parikanipun

kados mekaten:

61

Ireng ireng, dudu tunggak 8a (p14)Kayu jati, tak pakonana 9a

Wong seneng, ra kena dipenggak 9aLiwat mburi, tak lakonana 9a

Tema ingkang wonten ing parikan punika ngenani katresnan.

Parikan punika sipatipun nyindir. Menawi dipuntingali saking paugeran

parikan ingkang sampun karembag ing landhesan teori, parikan (14)

kadhapuk saking 4 gatra. Gatra satunggal kaliyan kalih minangka

sampiranipun, wondene gatra tiga lan sekawan minangka isinipun. Gatra

satunggal kadhapuk saking 4ê + 4a. Gatra kalih kadhapuk saking 4i + 5a.

Gatra tiga kadhapuk saking 3ê + 6a. Wondene gatra sekawan kadhapuk

saking 4i + 5a. Sanadjan guru lagunipun ingkang pungkasan sampun trep,

ananging parikan punika boten nyekapi saking paugeranipun. Pramila,

salah satunggalipun gatra kedah dipunewahi supados cacahipun gatra

dados sami. Ewahipun parikan dados mekaten:

Ireng ireng, e dudu tunggak 9a (p14)Kayu jati, takpakonana 9aWong seneng, ra kena dipenggak 9aLiwat mburi, tak lakonana 9a

Nyangking ember kiwa tengen 8ê (p15)Lungguh jejer gawe tamba kangen 10ê

Ing parikan (15) meh sami kaliyan parikan (11). Cacahipun wanda

gatra sepisan kaliyan gatra kalih boten sami. Ingkang sepisan cacahipun 8,

lan gatra kalih cacahipun wanda 10. Gatra satunggal kadhapuk saking 4è +

4ê, ananging gatra kalih kadhapuk saking 4è + 6ê. Purwakanthi ingkang

dipunginakaken inggih punika purwakanthi guru swara. Tema ingkang

62

kakandhut ing parikan (15) sami kaliyan parikan (14) ngenani katresnan

lan isinipun minangka pangudaraos lan sipatipun genit. Gatra satunggal

kaliyan gatra kalih cacahipun gatra boten sami pramila salah

satunggallipun gatra dipunewahi. Ewahipun parikan dados makaten:

Nyangking ember kiwa tengen 8ê (p15)Lungguh jejer tamba kangen 8ê

4. Lenggeran Laler Wilis

Ing babak Lenggeran Laler Wilis sadaya tembangipun arupi parikan.

Anggenipun nembangaken sesarengan Laler Wilis kaliyan piyaganipun.

Parikan (16) dumugi parikan (19) temanipun ngenani laler wilis. Titikan

ingkang dipunginakaken ing parikan punika ngginakaken tembung laler.

Parikan ingkang wonten ing babak Lenggeran Laler Wilis, kados makaten:

Laler, laler wilis 6i (p16)Pencokane, dhuwur alis 8i

Ing parikan (16) wonten repetisi-nipun inggih punika ing tembung

laler. Menawi dipuntingali saking dhapukanipun, parikan punika kalebet

parikan ingkang limrah. Gatra satunggal kadhapuk saking 6 wanda,

ingkang kaperang 4ê + 2i. Gatra kalih kadhapuk saking 8 wanda, inggih

punika 4é + 4i. Purwakanthi ingkang kalebet ing parikan punika

purwakanthi lumaksita. Ananging cacahipun gatra satunggal kaliyan gatra

kalih boten sami, pramila salah satunggalipun gatra dipunewahi supados

cacahipun gatra dados sami. Ewahipun parikan dados makaten:

Ana laler, laler wilis 8i (p16)Pencokane dhuwur alis 8i

63

Laler, laler kuning 6i (p17)Pencokane, godhong epring 8i

Ing parikan (17) dhapukanipun sami kaliyan parikan (16). Gatra

satunggal cacahipun wanda wonten 6, ingkang kadhapuk saking 4ê + 2i.

Gatra kalih kadhapuk saking 4é + 4i, dados cacahipun wanda wonten 8.

Purwakanthi ingkang kalebet ing parikan (17) inggih punika purwakanthi

guru swara. Ananging cacahipun gatra satunggal kaliyan gatra kalih boten

sami. Pramila salah satunggalipun gatra dipunewahi supados sami.

Ewahipun parikan (17) dados makaten:

Ana laler, laler kuning 8i (p17)Pencokane, godhong epring 8i

Semanten ugi parikan (18) lan parikan (19) dhapukanipun parikan

sami kaliyan parikan (16) lan (17), ananging bentenipun wonten ing guru

lagu pungkasan. Ing parikan (18) gatra satunggal kadhapuk saking 4ê + 2ê,

wondene gatra kalih kadhapuk saking 4é + 4ê.

Laler laler ireng 6ê (p18)Pencokane godhong lateng 8ê

Purwakanthi ingkang kalebet ing parikan (18) inggih punika

purwakanthi lumaksita. Ananging cacahipun gatra satunggal kaliyan gatra

kalih boten sami. Pramila, gatra satunggal dipunewahi supados sami.

Ewahipun parikan dados makaten:

Ana laler, laler ireng 8ê (p18)Pencokane, godhong lateng 8ê

Laler laler wolu 6u (p19)Pencokane dhuwur gulu 8u

64

Parikan (19) cacahipun wanda ingkang dhapuk parikan wonten ing

gatra 6 wanda lan gatra kalih 8 wanda. Gatra satunggal kadhapuk saking

4ê + 2u, gatra kalih kadhapuk saking 4é + 4u. Purwakanthi ingkang

kalebet ing parikan (19) inggih punika purwakanthi lumaksita. Kados ing

parikan (18), parikanipun dereng sami cacahipun guru wilangan saben

gatra. Pramila, gatra satunggal dipunewahi supados trep kaliyan gatra

kalih. Ewahipun parikan dados makaten:

Ana laler, laler wolu 8u (p19)Pencokane, dhuwur gulu 8u

Parikan (20) dumugi parikan (24) benten kaliyan parikan ing

lenggeran saderengipun. Temanipun ngenani ngumada rasa babagan

katresnan.

Gedhang, gedhang raja 6o (p20)Kemepet, kumada rasa 8o

Parikan (20) ukaranipun boten nggadhahi isi ingkang gamblang.

Titikanipun meh sami kaliyan parikan ing nginggil, ingkang benten ing

gatra kalih lan tibaning swanten ing pungkasan. Gatra satunggal cacahipun

wanda wonten 6 ingkang kadhapuk saking 4a + 2a. Gatra kalih cacahipun

wanda wonten 8 kadhapuk saking 3è + 5a. Purwakanthi ingkang wonten

ing parikan (20) inggih punika purwakanthi lumaksita. Cacahipun guru

wilangan gatra satunggal klaiyan gatra kalih boten sami, prsmila gatra

satunggal dipunewahi supados sami kaliyan gatra kalih. Ewahipun parikan

(20) dados makaten:

Mangan gedhang, gedhang raja 8o (p20)Kemepet, kumada rasa 8o

65

Ireng ireng, dudu tunggak 8a (p21)Tunggak duren, tak pakoni 8iSeneng, ra iso dipenggak 8aLiwat mburi, tak lakoni 8i

Parikan (21) benten kaliyan parikan ingkang sanes. Cacahipun larik

wonten 4, ingkang gatra satunggal kaliyan gatra kalih minangka gatra

sampiran wondene gatra tiga lan sekawan minangka isinipun. Gatra

satunggal kadhapuk saking 4ê + 4a. Gatra kalih kadhapuk saking 4è + 4i.

Gatra tiga kadhapuk saking 2ê + 6a. Wondene gatra sekawan kadhapuk

saking 4i + 4i. Parikan punika ngginakaken purwakanthi lumaksita,

dipuntedahaken kanthi tembung tunggak ingkang wonten ing pungkasan

ing gatra satunggal lan tembung wiwitan ing gatra kalih. Parikan (21)

isinipun nggodha dhateng tiyang ingkang nembe kasmaran.

Rujak, rujak uni 6i (p22)Rujake, wong wetan kali 8i

Parikan (22) cacahipun wanda sami kaliyan parikan (18) lan (19),

ananging sipatipun parikan (22) guyonan. Gatra satunggal cacahipun

wanda wonten 6 ingkang kadhapuk saking 4a + 2i. Wondene gatra kalih

cacahipun wanda wonten 8 ingkang kadhapuk saking 3é + 5i. Parikan

punika ngemu purwakanthi lumaksita ingkang dipuntedahaken kanthi

tembung rujak ing gatra satunggal. Ananging parikan punika cacahipun

wanda ing gatra satunggal kaliyan gatra kalih boten sami, pramila salah

satunggalipun gatra wonten ingkang kedah dipunewahi. Ewahipun dados

makaten:

Gawe rujak, rujak uni 8i (p22)Rujake, wong wetan kali 8i

66

Nyangking ember kiwa tengen 8ê (p23)Lungguh jejer gawe tamba kangen 10ê

Parikan (23) isi kaliyan wandanipun sami kaliyan parikan (15)

ingkang wonten ing Badhut Mendhung. Isi parikan punika sipatipun

nggodha. Parikan punika wonten satunggal gatra ingkang dipunewahi

supados cacahipun guru wilangan sami. Ewahipun parikan dados makaten:

Nyangking ember kiwa tengen 8ê (p23)Lungguh jejer tamba kangen 8ê

Kembang, kembang duren 6è (p24)Wis sayah, tak njaluk leren 8è

Parikan pungkasan ingkang wonten ing Lenggeran Laler Wilis

punika minangka pratanda bilih Lenggeranipun sampun rampung.

Cacahipun wanda gatra satunggal wonten 6 ingkang kadhapuk saking 4a +

2è. Gatra kalih cacahipun wanda wonten 8 kadhapuk saking 3a + 5è.

Purwakanthi ingkang wonten ing parikan (24) inggih punika purwakanthi

lumaksita ingkang dipuntedahaken kanthi tembung kembang ing gatra

satunggal. Ananging parikan punika kirang trep kaliyan paugeran ingkang

wonten, pramila kedah dipunewahi. Ewahipun parikan (24) dados

makaten:

Ana kembang, kembang duren 8è (p24)Wis sayah, tak njaluk leren 8è

Saking pinten-pinten analisis parikan ing Lenggeran Laler Wilis,

nedahaken bilih parikan ingkang dipunginakaken ing Lenggeran Laler

Wilis boten ngutamakaken paugeran ingkang baken. Parikanipun namung

ngutamakaken tibaning swanten ing pungkasan (guru lagu) parikan.

67

5. Badhut Mikat

Badhut Mikat inggih punika adegan Badhut ingkang nomer kalih.

Wonten ing babak punika boten namung nembang kemawon, ananging ugi

wonten nembungipun. Tetembungan ingkang dipunginakaken dening

Badhut dipunwastani rerepan. Pramila tembangipun dados selingan nalika

Badhut nembung dhumateng Paman Panjak. Tembang ingkang

dipunginakaken ing Badhut Mikat kathah ingkang sami kaliyan tembang

ingkang wonten Badhut mendhung. Ingkang boten sami kaliyan badhut

Mendhung inggih punika parikanipun. Parikan ingkang dipunginakaken

ing Badhut Mikat temanipun babagan kawontenan katresnan ing bebrayan.

Tembang ing badhut Mikat ingkang sampun sami kaliyan Badhut

Mendhung boten dipunrembag malih. Saderengipun nembang dipunwiwiti

kanthi larasan. Ananging larasan punika arupi ura-ura limrah kangge

pambuka, boten arupi tembang macapat kados ingkang sanes. larasanipun

kados makaten:

Rina wengi aja laliAnggone memuji marang kang Maha SuciPamrihe seneng ing ati (dipuntembangaken dening badhut)

Dipunlajengaken piyaganipun

Yo ayo ayo ayoBebarengan karo kancaneRame rame gotong royong sasenengeGolekana sing apik dimanpaatke

Larasan ing nginggil minangka gegambaran satunggalipun tiyang

ingkang sampun dewasa. Tiyang punika ngangsu kawruh dhumateng Bapa

Guru. Sasampunipun nembang larasan Badhut nglajengaken ngangsu

68

kawruh dhumateng paman panjak. Ingkang isinipun ngandharaken

babagan gamelan ingkang wonten ing kesenian punika. Dipunlajengakken

larasan ingkang kaping kalih. Larasanipun kados makaten:

Do elinga aja kesenengen olehe nggotaElinga marang kang Maha KuasaKareben urip sampurna

Larasan sampun rampung lajeng nembang rerepan ingkang maksut

isinipun ngaturi salam pambuka para pamirsa. Rerepanipun kados

makaten:

Pamiyarsa kakung putri I 8i (t12)Ingkang sampun rawuh ing pagelaran II 11aMenika atur sugeng ucap kula III 10aMarga Sejati tansah memuji IV10iMugi antuk nugrah ing Gusti V 9iSumangga kula aturi nikmati VI 11iKirang langkung nyuwun pangaksami VII 10iIngkang awon datan kula jarak VIII 10aIngkang sae mugi tansah jinangkah IX 11aAmrih sae salaminya X 8a

Tembang punika isinipun minangka salam kangge pamirsa.

Cacahipun gatra wonten sadasa, pramila miturut cacahipun gatrra tembang

punika kalebet tembang Dhandhanggula. Miturut pangrakiting ukara

tembang punika wonten tembung ingkang dipunungkret inggih punika

tembung “pikantuk” dados tembung “antuk” lan tembung “nugraha” dados

tembung “nugrah”. Kajawi saking punika ugi wonten tembung ingkang

dipunwalik utawi baliswara inggih punika “menika atur sugeng ucap kula”

ingkang leres “menika ucap kula ngaturi sugeng”. Ananging guru lagu lan

guru wilanganipun boten jumbuh kaliyan paugeranipun tembang

69

dhandhanggula. Supados tembang punika jumbuh kaliyan paugeran,

pramila tembang punika dipunewahi. Ewahipun saged dados makaten:

Pamiyarsa kakung miwah putri I 10iKang sampun rawuh ing pagelaran II 10aUcap sugeng ngaturake III 8eMarga Sejati nyuwun IV 7uMugi antuk nugrah ing Gusti V 9iKula aturi mirsa VI 7aPangaksami nyuwun VII 6uAwon datan kula jarak VIII 8aKang sae mugi tansah jinangkah sami IX 12iMrih sae salaminya X 7a

Dipunlajengken tembang ing ngandhap punika:

Matur nuwun dhateng bapak ibu I 10u (t13)Ingkang sampun kersa rawuh II 8uMugi rahayu ingkang samiya pinanggih III 13iSadaya kadang seni IV 7iSaged bombong raosing ati V 9iSumangga kita sami VI 7iAmpun kendhat genta memuji VII 9iSumrambah kadang seni VIII 7iMugi kajurung para pangarsi IX 10iSeni Srandhul amrih lestari X 9i

Isi saking tembang punika taksih paring salam dhumateng para

pamirsa. Miturut cacahipun gatra tembang punika kalebet tembang

Dhandhanggula. Ananging kados ing tembang (12) guru lagu lan guru

wilanganipun tembang punika dereng jumbuh kaliyan paugeranipun

tembang dhandhanggula. Sasampunipun nembang rerepan, Badhut punika

lajeng nembang ingkang arupi parikan ancasipun para pamirsa boten bosen

anggenipun nyemak. Parikan ingkang wonten ing babak Badhut Mikat,

inggih punika:

Kembang, alang alang 6a (p25)Putihe, kaya deluwang 8a

70

Menawi dipuntingali saking pandhapukaning gatra, parikan (25)

kadhapuk saking 6 wanda lan 8 wanda. Gatra satunggal cacahipun 6

wanda ingkang kadhapuk saking 2a + 4a. Gatra kalih cacahipun 8 wanda

kadhapuk saking 3é + 5a. Parikan (25) ngemu purwakanthi guru swara.

Suraosipun saking parikan punika minangka guyonipun Badhut.

Cacahipun guru wilangan gatra satunggal kaliyan gatra kalih boten sami,

pramila salah satunggalipun gatra dipunewahi supados sami. Ewahipun

parikan dados mekaten:

Ana kembang, alang alang 8a (p25)Putihe, kaya deluwang 8a

Sasampunipun nembang parikan punika lajeng Badhutipun nyuwun

ngretos bilih piyambakipun tilaran wujud genter, kurungan, samanuke.

Adhutipun meragakaken mikat ngantos pikantuk sekawan lajeng dipakani

ngange lagu rerepan Dhandhanggula. Tembangipun kados makaten:

Lawan ngasu pikulan banyu I 9u (t14)Sarta amek geni wis dedamaran II 11aAna kodhok ngemul lenge III 8eRangka manjing duwung IV 6uLawan prahu ngemut jladri V 8iKuda ngerap ing pandengan VI 8aTigan bisa kluruk VII 6uSapa bisa nitik tapak VIII 8aIng kontul nglayang kakang mbarep adhimu ragil IX 14iPancuran tanpa tlaga X 7a

Miturut cacahipun gatra ingkang wonten sadasa, tembang rerepan

punika kalebet tembang dhandhanggula. Miturut cacahipun guru lagu lan

guru wilangan tembang punika boten jumbuh kaliyan paugeranipun

tembang dhandhanggula. Ukaranipun ing tembang punika menawi

71

dipunraosaken boten nalar. Isinipun tembang ing nginggil ngemu isbat.

Isbat inggih punika saemper kaliyan saloka ananging isinipun ngelmu

kasampurnan. “Ngangsu pikulan banyu” tegesipun tiyang ingkang maguru

utawi ngudi kawruh kedah sampun nggadhahi pawitan kawruh ingkang

badhe dipunsinaoni. “Amek geni wis dedamaran” tegesipun tegesipun

sami kaliyan ngangsu pikulan banyu. “Kodhok ngemul lenge” tegesipun

jiwa sageda ngereh marang badanipun. “Sapa bisa nitik tapak” tegesipun

sinten ingkang saged mangertosi marang keplasipun sukma ingkang

sumimpen ing raga. Amargi guru lagu lan guru wilanganipun dereng

jumbuh pramila tembang punika saged dipunewahi dados makaten:

Kalawan ngasu pikulan warih I 9u (t14)Amek geni uwis dedamaran II 11aAna kodhok ngemul lenge III 8eRangka manjing ing duwung IV 6uKelawan prahu ngemut jladri V 8iKuda ngerap pandengan VI 8aTigan bisa kluruk VII 6uSapa bisa nitik tapak VIII 8aKontul nglayang kakang mbarep adhi ragil IX 14iPancuran tanpa tlaga X 7a

Tembang salajengipun inggih punika:

Ngawruhana dosane kang aweh urip I 12i (t15)Iku lamun seda kaperlaya II 10aWong mati nyang endi parane III 9eSinepakna peksi mabur IV 8uMlesat saking kurunganipun V 9uAwasta nggenira luru pencokan VI 11aAja sampe kliru pencokane VII 10eSapa bisa duduh kawruh VIII 8uSanak mami kadang mami IX 8iMbesuk bali nyang sudan kamulyan X 10a

72

Tembang (15) punika kalebet tembang Dhandhanggula, ananging

guru lagu lan guru wilanganipun boten trep kaliyan paugeran. Ing tembang

punika wonten tembung ingkang wancah inggih punika tembung

“menyang” dados “nyang”. Supados tembangipun trep kaliyan paugeran

tembang punika saged dipunewahi dados makaten:

Ngawruha dosa kang aweh urip I 10i (t15)Iku lamun seda kaperlaya II 10aWong mati nyang ndi parane III 8eSinepak peksi mabur IV 7uMlesat saking kurungan niki V 9iWasta luru pencokan VI 7aAja sampe kliru VII 6uBisa duduh kawruhira VIII 8aPencokane sanak mami kadang mami IX 12iMbesuk bali kamulyan X 7a

Sasampunipun nembang ing nginggil lajeng dipunselingi tembang

ingkang arupi parikan. Parikanipun kados makaten:

Endhek endhek, thukulan kopi 9i (p26)Ora kena, gawe janganan 9aElek elek, bocah saiki 9iOra kena, gawe dolanan 9a

Parikan (26) kadadosan saking sekawan gatra. Menawi dipuntingali

saking cacahipun wanda kaliyan tibaning swanten ing pungkasaning gatra,

parikan punika sampun trep kaliyan paugeran. Parikan punika kadhapuk

saking sekawan gatra. Gatra satunggal kaliyan gatra kalih minangka

sampiran, wondene gatra tiga kaliyan gatra sekawan minangka isinipun

parikan. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 9, kadhapuk saking 4è

+ 5i. Gatra kalih cacahipun wanda wonten 9, kadhapuk saking 4a + 5a.

Gatra tiga wonten 9 wanda ingkang kadhapuk saking 4è + 5i. Gatra

73

pungkasan cacahipun ugi wonten 9 wanda, ingkang kadhapuk saking 4a +

5a. Isi saking parikan punika minangka pitutur kangge sadaya tiyang, bilih

lare alit boten kenging kangge dolanan. Ing parikan punika ngemu repetisi

inggih punika ing tembung “endhek” lan “elek”.

Esuk mendhung, sore mendhung 8u (p27)Awan awan, udan grimis 8iEsuk nundhung, sore nundhung 8uTuru njaban, malah nangis 8i

Parikan (27) meh sami kaliyan parikan (26), bentenipun ing parikan

(26) cacahipun 9 sadaya wondene parikan (27) cacahipun wanda 8 sadaya.

Kajawi saking punika tibaning swanten ing pungkasan ugi benten. Gatra

satunggal ing parikan (27) kadhapuk saking 4u + 4u. Gatra kalih cacahipun

wanda wonten 8 ingkang kadhapuk saking 4a + 4i. Gatra tiga cacahipun

wonten 8 wanda ingkang kadhapuk saking 4u + 4u. Gatra pungkasan

cacahipun ugi 8 wanda ingkang kadhapuk saking 4a + 4i. Parikan (27)

temanipun ngenani kulawarga, ananging isinipun minangka sindiran.

Parikan punika wonten repetisinipun inggih punika ing tembung

mendhung, awan, lan nundhung.

Trengguling, amba sisike 8é (p28)Kelingan, biyen becike 8é

Parikan (28) kalebet parikan ingkang 2 gatra cekak. Parikan punika

kadadosan saking kalih gatra. Gatra satunggal kadhapuk saking 3i + 5é.

Gatra kalih kadhapuk saking 3a + 5é. Parikan punika wonten gayutanipun

kaliyan parikan (27). Ing parikan saderengipun nyariosaken sampun

dipuntundhung, ananging ing parikan (28) nyariosaken taksih kemutan

74

kabecikanipun. Pramila isinipun parikan punika minangka satunggaling

sindiran. Purwakanthi ingkang mlebet inggih punika purwakanthi guru

swara.

Gangsir ngenthir ning tritikan 8a (p29)Sing tak sir wis kedhisikan 8a

Parikan (29) kalebet parikan ingkang 2 gatra limrah. Parikan punika

kadadosan saking kalih gatra. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 8

ingkang kadhapuk saking 4i + 4a. Gatra kalih cacahipun wonten 8 wanda

ingkang kadhapuk saking 3i + 5a. Purwakanthi ingkang mlebet inggih

punika purwakanthi guru swara. Isinipun parikan ing nginggil

nggambaraken pangudaraos.

Godhong waru, bolong tengah 8a (p30)Rabi ayu, ra dinikah 8a

Ing parikan (30) kadadosan saking kalih gatra. Gatra satunggal

cacahipun wanda wonten 8 ingkang kadhapuk saking 4u + 4a. Cacahipun

wanda gatra kalih wonten 8 ingkang kadhapuk saking 4u + 4a. Parikan

punika kalebet parikan ingkang 2 gatra limrah, ananging parikan punika

ngginakaken purwakanthi guru swara. Isinipun nyindhir ingkang mligi

katujokaken dhateng para wanita, supados ngatos-atos anggenipun njagi

badanipun.

Ning gunung, akeh tinggine 8é (p31)Yen nundhung, akeh rugine 8é

Parikan (31) kadadosan saking kalih gatra limrah. Gatra satunggal

kaliyan gatra kalih cacahipun wanda wonten 8. Gatra satunggal kadhapuk

saking 3u + 5é lan gatra kalih ugi kadhapuk saking 3u + 5é. Dipuntingali

75

saking titikanipun gatra satunggal kaliyan kalih sami sadaya, pramila

saking punika parikan (31) sampun jumbuh kaliyan paugeran ingkang

wonten. Ananging parikan punika ngginakaken purwakanthi guru swara.

Isinipun nyindhir tiyang ingkang nundhung kaluwarganipun.

Manuk beri, mencok ning gethek 9è (p32)Mangkat brai, untune wis entek 10è

Salajengipun parikan (32) ingkang kadadosan saking kalih gatra

ingkang limrah. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 9 wanda lan

kadhapuk saking 4i + 5è. Gatra kalih cacahipun wanda wonten 10 wanda,

ingkang kadhapuk saking 4i + 6è. Isinipun nyindhir dhateng tiyang sepuh

ingkang nggadhahi napsu taksih ageng. Purwakanthi ingkang mlebet

inggih punika purwakanthi guru swara. Saking analisis punika saged

ketingal bilih parikan punika boten trep kaliyan paugeran ingkang wonten.

Pramila salah satunggalipun gatra kedahipun dipunewahi supados

cacahipun gatra saged sami. Ewahipun parikan dados makaten:

Manuk beri, mencoke ning gethek 10è (p32)Mangkat brai, untune wis entek 10è

Gedhang kluthuk, temulung kali 9i (p33)Nyangking ember, kiwa tengen 8êDirangkul empuk, diambu wangi 10iLungguh jejer gawe, tamba kangen 10ê

Wondene parikan (33) benten kaliyan parikan (32). Parikan (33)

kadadosan saking sekawan gatra, Pramila parikan punika kalebet parikan

ingkang sekawan gatra. Cacahipun wanda gatra satunggal wonten 9,

ingkang kadhapuk saking 4u + 5i. Gatra kalih cacahipun wanda wonten 8,

ingkang kadhapuk saking 4è + 4ê. Cacahipun wanda gatra tiga wonten 10

76

ingkang kadhapuk saking 5u + 5i. Wondene gatra pungkasan cacahipun

wanda wonten 10 ingkang kadhapuk saking 4è + 6ê. Isinipun parikan

punika radi lekoh lan genit. Purwakanthi ingkang mlebet ing parikan (33)

inggih punika purwakanthi guru swara. Saking katrangan punika

nedahaken bilih parikan (33) boten trep kaliyan paugeran ingkang wonten.

Pramila wonten gatra ingkang kedah dipunewahi supados cacahipun gatra

saged sami. Ewahipun parikan punika dados makaten:

Gedhang kluthuk, temulunge kali 10i (p33)Nyangkingi ember, ning kiwa tengen 10êDirangkul empuk, diambu wangi 10iLungguh jejer gawe, tamba kangen 10ê

Sasampunipun nembangaken parikan teplek Badhut nembang

rerepan malih kangge sangu wangsul. Tembangipun kados makaten:

Aja ngina senadjan mung sepele I 11e (16)Tumrap rupa kurang cahya II 8aTanpa aji bebasane III 8eDhasar mung priksa gebyare IV 8eDurung ngerti sabenere V 8ePirengna nganggo rasa VI 7aSing bener lan sing cetha VII 7aMarga sejati mawa makna VIII 9aSarta maksud kang utama IX 8aSewu tan ana sadasa X 8a

Tembang ing nginggil minangkang kangge sangu wangsul ing

kayangan. Isinipun nyariosaken kawontenan Srandhul. Miturut cacahipun

gatra tembang punika kalebet tembang Dhandhanggula. Menawi

dipuntingali saking guru lagu lan guru wilanganipun tembang punika

boten trep kaliyan tembang dhandhanggula. Ing tembang punika wonten

satunggal baliswara anggenipun ndapuk ukara inggih punika ukara “tanpa

77

aji bebsasane” sejatosipun “bebasane tanpa aji”. Tembang punika supados

jumbuh kaliyan paugeran, pramila saged dipunewahi dados makaten:

Aja ngina senadjan mung gampil I 10iTumrap rupa lawan kurang cahya II 10aTanpa aji bebasane III 8eMung priksa gebyaripun IV 7uSabenere durung ngerteni V 9iPirengna nganggo rasa VI 7aBener cethanipun VII 6uMarga sejati amakna VIII 8aSarta maksut kang sejati lan utami IX 12iSewu tan ana dasa X 7a

Tembang salajengipun inggih punika:

Aja dumeh lamun wis kebandhan I 10aNing elinga utawa rumangsa II 10aKabeh mau saka ngendi asale III 11eSebab ana paribasan IV 8aGampang ilang kaya kokote V 9eIlinga marang dedana VI 8aAja medhit saupama VII 8aKarben dadi dalan kang amba VIII 9aDadi tata carane manungsa IX 10aKarben urip sampurna X 7a

Kados tembang ing nginggil tembang punika kirang trep kaliyan

paugeranipun tembang Dhandhanggula. Isi saking tembang punika

ngemutaken supados boten dados tiyang medhit amargi bandha namung

titipanipun Gusti. Menawi dipunewahi supados jumbuh kaliyan paugeran,

ewahipun dados makaten:

Aja dumeh lamun wis sumugih I 10iNing elinga utawa rumangsa II 10aKabeh saka ngendi asale III 8eAna bebasan iku IV 7uGampang ilang kaya kokoti V 9iIlinga mrang dedana VI 7aAja medhit tuhu VII 6uKarben dadi dalan amba VII 8a

78

Dadi tata carane manungsa mukti IX 12iKarben urip sampurna X 7a

Sasampunipun nembang lajeng dipunselingi malih mawi tembang

ingkang arupi parikan. Parikanipun kados makaten:

Wit pring ketok pucuke 7é (p34)Turu miring ketok bathuke 9é

Ingkang pungkasan ing Badhut Mikat inggih punika parikan (34).

Parikan punika kadadosan saking kalih gatra ingkang cacahipun wanda

boten sami. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 7 ingkang kadhapuk

saking 3i + 5é. Wondene cacahipun wanda gatra kalih wonten 9, ingkang

kadhapuk saking 4i + 5é. Purwakanthi ingkang dipunginakaken ing

parikan (34) inggih punika purwakanthi guru swara. Parikan ingkang

pungkasan ing Badhut Mikat punika asipat lekoh kajawi saking punika

cacahipun wanda saben gatra boten sami. Pramila, salah satunggaling gatra

kedah dipunewahi supados cacahipun wanda saged sami. Ewahipun

parikan dados makaten:

Uwit epring ketok pucuke 9é (p34)Turu miring ketok bathuke 9é

Saking katrangan analisis parikan ing Badhut Mikat, nedahaken

bilih parikan ingkang dipunginakaken ing Badhut Mikat taksih kathah

ingkang boten jumbuh kaliyan paugeranipun. Kathahipun parikan-parikan

punika namung ngutamakaken tibaning swanten ing pungkasanipun gatra.

79

6. Badhut Sunthi

Ing panaliten punika, Badhut Sunthi inggih punika babak

pementasan ingkang pungkasan. Ananging Badhut Sunthi minangka

pangetrapanipun Badhut mendhung lan Badhut Sunthi. Sadaya ngelmu

ingkang sampun dipunpikantuki nalika maguru ing Badhut Mendhung Lan

Badhut Mikat sadayanipun dipunginakaken ing Badhut Sunthi. Tembang

lan parikan ingkang dipunginakaken ing badhut Sunthi sami kaliyan

tembang ingkang dipunginakaken ing Badhut Mendhung lan Badhut

Mikat. Ing babak punika Badhut Sunthi langkung kathah gineman limrah

kaliyan Paman Panjak tinimbang nembangipun. Tembang ingkang

dipunginakaken ing Badhut Sunthi inggih punika:

Ngawruhana dosane kang aweh urip I 12i (t15)Iku lamun seda kaperlaya II 10aWong mati nyang endi parane III 9eSinepakna peksi mabur IV 8uMlesat saking kurunganipun V 9uAwasta nggenira luru pencokan VI 11aAja sampe kliru pencokane VII 10eSapa bisa duduh kawruh VIII 8uSanak mami kadang mami IX 8iMbesuk bali nyang sudan kamulyan X 10a

Ingkang dereng sami kaliyan ing nginggil inggih punika:

Mundur saking permainan I 8a (t16)Sarta ngayem ayemi pikir II 9iWedang bubuk sinaringan III 8aPacitane rolas ajang IV8aKang raka pinarak kursi V 8iDimas ayo ngerek perkutut VI 9uLambehane cithing cithing VII 8iCundhuk jungkat ngore rikma VIII 8aSowan kang rama IX 5aNgebon roti lawan mertega X 9a

80

Katranganipun tembang (15) sami kaliyan ing Badhut Mendhung.

Tembang punika kathah sanget kirangipun pramila boten saged

dipunewahi. Saking guru lagu lan guru wilangannipun tebih sanget kaliyan

paugeran. Tembang ingkang sanes sami kaliyan tembang ingkang wonten

ing badhut mendhung lan Badhut sunthi.

Parikan ingkang wonten ing babak Badhut Sunthi:

Klambi ireng disampirake 9é (p35)Mlaku bareng disurtekake 9é

Parikan (35) kadadosan saking kalih gatra limrah. Cacahipun wanda

ing gatra satunggal wonten 9 ingkang kadhapuk saking 4ê + 5é. Wondene

gatra kalih cacahipun wonten 9 wanda ingkang kadhapuk saking 4ê + 5é.

Dipuntingali saking cacahipun wanda lan tibaning swanten ing pungkasan

gatra, parikan punika sampun trep kaliyan paugeran ingkang wonten.

Ananging purwakanthi ingkang dipunginakaken inggih punika

purwakanthi guru swara. Parikan punnika sipatipun nyindhir.

Mangan jangan moh petene 8é (p36)Badhute elek rupane 8é

Parikan (36) kadadosan saking kalih gatra cekak, cacahipun wanda

ing gatra satunggal kaliyan gatra kalih sami inggih punika wonten wolung

wanda. Gatra satunggal kadhapuk saking 4a + 4é. Gatra kalih kadhapuk

saking 3é + 5é. Isi saking parikan punika sipatipun guyon.

Lung gadhung pecah siji 7i (p37)Wis tumanja cah saiki 8i

Parikan ingkang nomer (37) punika kalebet parikan ingkang

kadadosan saking kalih gatra cekak. Cacahipun wanda gatra satunggal

81

kaliyan gatra kalih boten sami. Gatra satunggal cacahipun wanda wonten 7

ingkang kadhapuk saking 3u + 4i. Wondene cacahipun wanda ing gatra

kalih wonten 8 ingkang kadhapuk saking 4a + 4i. Isinipun ngemu pitutur

dhumateng sadaya tiyang ngenani bocah sapunika. Saking analisis punika

nedahaken bilih parikan (37) boten jumbuh kaliyan paugeran, amargi gatra

satunggal kaliyan gatra kalih boten wonten ingkang sami. Ing parikan

punika namung ngutamakaken tibaning swanten ing pungkasaning gatra.

pramila salah satunggaling gatra wonten ingkang dipunewahi. Ewahipun

parikan dados makaten:

Elung gadhung pecah siji 8i (p37)Wis tumanja cah saiki 8i

Lung gadhung pecah rolas 7a (p38)Rabi tanggung turu alas 8a

Salajengipun parikan (38), parikan punika kadadosan saking kalih

gatra limrah. Cacahipun wanda saben gatra boten sami. Gatra satunggal

cacahipun wanda wonten 7 wanda ingkang kadhapuk saking 3u + 4a.

Gatra kalih cacahipun wonten wolung wanda ingkang kadhapuk saking 4u

+ 4a. Purwakanthi ingkang mlebet inggih punika purwakanthi guru swara.

Isinipun parikan punika arupi pitutur ingkang katujokaken dhateng tiyang

nem-neman. Titikanipun sami kaliyan parikan (37), pramila gatra ingkang

dipunewahi inggih punika gatra satunggal. Ewahipun parikan dados

makaten:

Elung gadhung pecah rolas 8a (p38)Rabi tanggung turu alas 8a

Klambi ijo bolong tengah 8a (p39)

82

Pingin bojo njaluk nikah 8a

Parikan (39) inggih punika parikan ingkang pungkasan ing Badhut

Sunthi punika. Ing Badhut sunthi parikanipun namung sakedhik amargi

Badhutipun kathah ginemanipun kaliyan Paman Panjak. Parikan punika

kadadosan saking kalih gatra limrah, lan cacahipun wanda saben gatra

sami. Gatra satunggal lan gatra kalih cacahipun wanda wonten 8. Gatra

satunggal kadhapuk saking 4o + 4a, wondene gatra kalih kadhapuk saking

4o + 4a. Purwakanthi ingkang dipunginakaken ing parikan inggih punika

purwakanthi guru swara. Isinipun parikan nggadhahi sipat nggodha.

Saking katrangan punika cacahipun wanda saben gatra sami lan nggadhahi

titikan ingkang sami, pramila parikan ingkang pungkasan punika kalebet

parikan ingkang jumbuh kaliyan paugeranipun babagan parikan.

B. Asiling Analisis Dhata

Asiling dhata saking kasenian tradhisional Srandhul punika

ngrembag wujudipun tembang lan parikan ingkang dipunginakaken

kesenian Srandhul. Anggenipun nganalisis tembang lan parikan

dipunrembag saking struktur luar lan struktur batin. Anggenipun

nganalisis tembang macapat Struktur luar ngrembag babagan guru gatra,

guru lagu, guru wilangan, pangrakiting ukara, lan saloka. Babagan

pangrakiting ukara kaperang dados ewahipun tembung, tembung ingkang

dipunwalik, lan tembung wancah. Struktur batin ngrembag babagan isi

saking tembang punika. Struktur luar ingkang ngrembag babagan guru

83

lagu, guru wilangan, guru gatra, lan tata serat. Kajawi saking punika ugi

dipunrembag ingkang ing salebetipun parikan punika wonten kaendahan

ingkang sanes. Tuladhanipun kaendahan ingkang sanes inggih punika

purwakanthi, lan pengulangan kata. Struktur batin ngrembag babagan

tema lan amanat ingkang kakandhut ing parikan.

Tembang ingkang wonten ing kesenian Srandhul cacahipun wonten

16, inggih punika:

Tabel 3.1 Wujudipun Tembang

No. Tembang Cacahipun1. Asmarandana 42. Sinom 63. Dhandhanggula 6

Ing salebetipun tembang ingkang dipuntaliti ugi wonten tembung

wancahipun, panngrakiting ukara ingkang arupi ewahipun swanten lan

baliswara. Kajawi saking punika wonten tembang ingkang lebetipun

ngemu isbat.

Tabel 3.2 Kaendahaning sastra ing tembang

Tembang Tembungwancah

Ewahipunswara

Baliswara Isbat

Asmarandana 2 1 3 1Sinom 3 - 2 -Dhandhanggula 4 - 1 1

Miturut cacahipun gatra, parikan ing kesenian Srandhul wujudipun

wonten tigang warni, inggih punika:

84

Tabel 3.3 Wujudipun parikan miturut cacahipun gatra

Wujudipun parikan Cacahipun parikanParikan 2 gatra limrah 4Parikan 2 gatra cekak 30Parikan 4 gatra 5

Miturut cacahipun guru wilangan lan guru swara, guru wilangan lan

guru swara ingkang wonten ing parikan kesenian srandhul inggih punika:

1. Parikan ingkang kalih gatra

Tabel 3.4 Cacahipun parikan kalih gatra miturut

purwakanthinipun

Guru LaguGuru wilngan

u,u o,o i,i a,a e,e Jumlah

6,8 1 3 2 2 87,8 1 1 27,9 1 18,8 2 4 2 5 3 168,10 1 2 39,9 1 19,10 1 2 3

Jumlah 3 4 8 8 11 39

2. Parikan ingkang sekawan gatra

Tabel 3.5 Cacahipun parikan sekawan gatra miturut

purwakanthinipun

Guru LaguGuru wilngn

o,o a,a i,a,i,a u,i,u,i i,e,i,e Jumlah

8,9,9,9 1 18,8,8,8 1 1 29,9,9,9 1 1

9,8,10,10 1 1Jumlah 1 1 1 1 1 5

85

Sadaya parikan punika nggadhahi purwakanthi, ananging

purwakanthi ingkang mlebet ing parikan boten sami. Purwakanthi ingkang

mlebet ing parikan kesenian Srandhul warna kalih, inggih punika:

Tabel 3.6 Jinis lan wujud parikan ing Srandhul

Jinis parikanWujud parikan

Lumaksita Guru Swara

Parikan 2 gatra 14 21Parikan 4 gatra 1 3

Kajawi saking punika ing salebetipun parikan ing nginggil ugi

wonten ingkang ngemu repetisi (tembung ingkang dipunwongsal-

wangsuli) cacahipun wonten 22. Saking analisis punika saged

dipunmangertosi bilih parikan ing kesenian Srandhul boten ngutamakaken

purwakanthi ingkang endah.

Sipat parikan ingkang dipunginakaken ing kesenian Srandhul ugi

warna-warni, ing antawisipun:

Tabel 3.7 Sipatipun parikan ing Srandhul

No. Sipat parikan Cacahipun parikan1. Nggodha 62. Guyon 73. Genit 34. Pangudaraos 45. Nyindhir 66. Lekoh 27. Ngemu larangan 18. Ngemu pitutur 19. Nggambaraken swasana Srandhul 410. Nyariosaken damelanipun tiyang 311. Nggambaraken laler wilis 4

86

Parikan ingkang minangka tetembangan ingkang dipunginakaken

ing kesenian Srandhul kathahipun ingkang asipat guyon, nggodha, lan

minangka pangudaraos ingkang dipunsulihaken dening para Badhut.

Wujudipun parikan langkung kathah ngginakaken ingkang kalih gatra

cekak.

C. Pangrembag Asiling Analisis Dhata

Adhedhasar asiling analis dhata saged dipunpanggihaken titikanipun

tembang lan parikan ingkang dipunginakaken ing kesenian Srandhul

punika. Tembang ingkang wonten ing kesenian punika sadayanipun boten

jumbuh kaliyan paugeran tembang ingkang wonten. Pramila tembang

punika kirang sae menawi dipundadosaken tuladha tembang macapat. Para

paraganipun kedhah dipunparingi pangertosan utawi kasusatran ingkang

trep.

Ingkang njalari kawontenan kados makaten inggih punika

pendhihikanipun para anggota paguyuban kesenian Srandhul. Kathahipun

boten nggadhahi wawasan ingkang wiyar babagan kasusastran, saengga

tembang punika boten jumbuh kaliyan paugeran. Prekawis sanes ingkang

njalari tembang ing kesenian punika kirang sae inggih punika tiyang

ingkang dipunparingi tetilaran kesenian punika namung tiyang satunggal

saengga menawi salah boten wonten ingkang ngemutaken. Anggenipun

nilaraken mawi lisan saengga ukaranipun kathah ingkang nylewang.

87

Kajawi naliti babagan tembang lan parikan ingkang dipunginakaken

ing kesenian punika. Ancasipun panaliti damel dokumentasi kesenian

punika supados kesenian punika saged kagungan dokumentasi. Njagi

menawi mbenjingipun kesenian punika ical, amargi boten wonten generasi

penerusipun.

Kanthi njumbuhaken asiling analisis dhata kaliyan teori ingkang

sampun wonten, wujudipun parikan ing kesenian Srandhul saperangan

ageng arupi parikan kalih gatra cekak. Ananging, boten sadaya parikan

sampun jumbuh kaliyan paugeran ing teori. Parikan ingkang jumbuh

kaliyan teori cacahipun parikan wonten sangalas (19). Ateges taksih

wonten 20 parikan ingkang dereng jumbuh kaliyan paugeran ingkang

wonten.

Parikan punika medal saking paugeran amargi tumut ewahipun

jaman. Menawi dipuntingali saking asil kasusastraan ingkang sanes ing

jaman rumiyin sadaya kasusastraan nggadhahi paugeran ingkang baken lan

jumbuh kaliyan teori ingkang wonten. Dipuntawekaken kaliyan asil

kasusastraan ing jaman modern punika, sadaya asil kasusastraan boten

nggadhahi paugeran ingkang baken. Ing sapunika sastrawan sampun

nggadhahi kamardikan anggenipun nganggit karyanipun.

Ing kesenian Srandhul punika kathahipun ngginakaken parikan

ingkang sipatipun guyon, nyindhir, lan nggodha. Ancasipun parikan

punika namung kangge sarana guyonan lan nglipur pamirsa supados boten

88

bosen. Amargi pitutur-pitutur ingkang wonten ing kesenian Srandhul

sampun dipunwedharaken lumantar “nembung”.

Kesenian Srandhul ingkang wonten ing Desa Candigaron,

Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang punika boten nggadhahi

pathokan ingkang baken kados ing jaman Sastra Tengahan. Miturut

katrangan pangarsanipun kesenian Srandhul, tembung ingkang dados

pocapanipun Srandhul punika ngenut ewahing jaman. Ancasipun supados

lare sapunika saged tumut ndemeni lan saged mahami babagan kesenian

Srandhul.

Saking katrangan ing nginggil kesenian Srandhul saged

dipunginakaken kangge medhia piwulangan. Ing salebetipun kurikulum

basa Jawa wonten Kompetensi Dasar nyerat parikan lan wangsalan inggih

punika kelas XI. Anggenipun mucal ing pawiyatan mliginipun SMA kelas

XI, dwija saged ngginakaken metodhe ingkang cocog lan dipunremeni

dening siswa. Wonten pinten-pinten metodhe ingkang saged

dipunginakaken nalika mucal basa Jawi ingkang inovatif, kreatif, lan

produktif. Ananging anggenipun mucalaken parikan punika langkung

cocog dipunwulangaken kanthi ngginakaken metodhe Service-Learning

(Endraswara, 2009: 113). Piyambakipun ngandharaken bilih prinsip

Service-Learning punika ndandosi lan nyempurnakaken karya dados karya

ingkang nggadhahi mutu tartamtu. Kunci pokok metodhe punika

katingalaken saking keaktifan siswa anggenipun ndandosi punapa ingkang

sampun wonten.

89

BAB IV

PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar analisis panaliten bab III saged dipunpendhet dudutan

ing antawisipun:

1. Wujudipun tembang ingkang dipunginakaken ing Srandhul inggih

punika ura-ura tanpa tuladha ananging wonten padanipun. Tembang

ingkang dipunginakaken awujud tembang macapat lan parikan.

Ananging tembang lan parikan ingkang dipunginakaken ing kesenian

Srandhul boten jumbuh kaliyan paugeran ingkang wonten. Kesenian

punika kathahipun ngginakaken tembang Asmarandana, Sinom, lan

Dandhanggula. Parikan ingkang dipunginakaken kadhapuk saking

kalih gatra limrah lan kalih gatra cekak. Isinipun parikan ingkang

dipunginakaken ing kesenian tradhisional Srandhul kathahipun

namung lelucon, nggodha, lan nyindhir kangge selingan nalika

nembung dhumateng Paman Panjak.

2. Materi ingkang wonten kompetensi dasar nyerat tembang macapat

saha materi nyerat parikan lan wangsalan inggih punika materi kelas

XI. Semanten ugi materi babagan tembang macapat ugi mlebet ing

kelas XI. Pramila dwija saged ngginakaken video Srandhul punika ing

proses piwucalan kanthi metodhe service-learning. Video punika

minangka media ingkang dipunginakaken ing piwucalan, supados

90

piwucalanipun langkung narik kawigatosan tumrap para siswa. Ing

proses piwucalan punika siswa dipundhawuhi ndandosi parikan

ingkang dereng trep kaliyan paugeran ingkang wonten. Tembang

ingkang wonten ing kesenian punika boten sae menawi

dipunginakaken kangge medhia piwucalan, amargi tembangipun boten

jumbuh kaliyan paugeran tembang macapat.

B. Pamrayogi

Pamrayogi saking panyerat gegayutan kaliyan panaliten inggih

punika:

1. Piwucalan Basa Jawi

Mugi para pamaos lan dwija saged ngetrepaken anggenipun damel

tembang lan parikan ingkang sae lan jumbuh kaliyan paugeran nalika

mucalaken tumrap siswa, saengga siswa saged damel lan ngginakaken

tembang lan parikan ingkang trep.

2. Panaliten Salajengipun

Prayoginipun panyerat ing salajengipun nglajengaken panaliten

kesenian tradhisional Srandhul ingkang lebet malih. Kajawi saking

punika, panaliti ugi saged nglajengaken panaliten babagan tembang lan

parikan ingkang dipunginakaken ing kesenian ingkang sanesipun

saprelu kangge mbandhingaken tembang parikan ingkang

dipunginakaken ing kesenian-kesenian Jawi. Saderengipun

91

ngleksanakaken panaliten, panaliti kedah nyiapaken piranti ingkang

jangkep supados saged ngasilaken asil ingkang sae lan gamblang.

3. Paguyuban Kesenian Srandhul lan Masyarakatipun

Dhumateng anggota paguyuban kesenian Srandhul kedahipun

wiwit madosi generasi mudha kangge nglajengaken kesenian punika.

Masyarakat ing Desa Candigaron, Kecamatan Sumowono, Kabupaten

Semarang kedahipun langkung nggatosaken kawontenanipun kesenian

tradhisional Srandhul ingkang sampun wonten, supados kesenian

punika boten pejah. Tembang-tembang ingkang dipunginakaken ing

Srandhul supados langkung dipungatosaken malih babagan guru lagu

lan guru wilanganipun.

92

KAPUSTAKAN

Danandjaja, James. 1984. Folklor Indonesia. Jakarta: Grafiti Pers.

Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1982. Sejarah dan Budaya Seri 4:Folklore. Yogyakarta: Balai Penelitian Sejarah dan Budaya.

Endraswara, Suwardi. 2009. 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan SastraJawa. Yogyakarta: Lumbung Ilmu.

Hutomo, Suripan Sadi. 1993. Pantun Kentrung. Jakarta: Yayasan OborIndonesia.

Jayanti, Diana Eka. 2010. Parikan Dalam Gendhing Tayub Blora. SkripsiSarjana Fakultas Sastra. Universitas Negeri Semarang.

Kidemang. 2010. Kesenian Tradhisional (online).Error! Hyperlink reference not valid.. Dipununduh 12 April 2011.

Lexy, Moleong. 2008. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: RemajaRosdakarya.

Mangunsuwito, S.A. 2009. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Bandung: CV.Yrama Widya.

Mulyana (edt.). 2008. Pembelajaran Bahasa dan Sastra Daerah DalamKerangka Budaya. Yogyakarta: Tiara Wacana.

Nurhayati, Rika. 2010. Tembang Wonten Saklebeting Tradisi SrandhulMinangka Sarana Dakwah ing Kecamatan Bulu, KabupatenTemanggung. Skripsi Sarjana Fakultas Pendidikan Bahasa dan Sastra.IKIP PGRI Semarang.

Padmosoekatjo, S. 1982. Memetri Basa Jawi Jilid III. Surabaya: CV. CitraJaya.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B.Wolters’ Uitgevers Maatschappij. N.V.

93

Pusat Bahasa. 2001. Sastra Jawa Suatu Tinjauan Umum. Jakarta: BalaiPustaka.

Puspitasari, Anik. 2010. Parikan lan Purwakanthi Sajroning TembangCampursari Anggitanipun Manthous. Skripsi Sarjana FakultasPendidikan Bahasa dan Sastra. IKIP PGRI Semarang.

Saputra, Karsono H. 2001. Puisi Jawa: Struktur dan Estetika. Jakarta:Wedatama Widyasastra.

Sindhunata. 2006. Gendhakan Visualisasi Parikan Ludruk. Yogyakarta:Bentara Budaya.

Subalidinata. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Yogyakarta: PT. Jaker.

Sudarmanto. 2009. Kamus Lengkap Bahasa Jawa (Jawa-Indonesia,Indonesia-Jawa). Semarang: Widya Karya.

Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta:Duta Wacana University Press.

Sugiyono. 2008. Memahami Penelitian kualitatif. Bandung: CV. Alfabeta.

Tarigan, Henry Guntur. 1993. Strategi Pengajaran dan Pembelajaran Bahasa.Bandung: Angkasa.

Uno, Hamzah B. 2008. Modhel Pembelajaran Menciptakan Proses BelajarMengajar Yang Kreatif dan Efektif. Jakarta: Bumi Aksara.

Wikipedia. 2011. Macapat (online). http://id.wikipedia.org/wiki/macapat.Dipununduh 13 juni 2011.

Zatna, Nyoman Kutha. 2004. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra.Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

94

Kartu Dhata Tembang

No. Tembang Arane

tembang

Guru

gatra

Guru lagu&

guru wlngn

T. wancah Ewahipun

swara

Baliswara Isinipun

tembang

1. Ayo ayo padha amiwitiSeni Srandhul Marga SejatiTinggalane Rama KyaiAku kabeh kang nyinaoniMuga muga kajurung parapangarsiSukur bisa ngresepke ati

- 6 10i, 9i, 8i, 9i,

12i, 9i

- Pangarsa=

pangarsi

- Pambuka lan

ngajak miwiti

main

2. Ayo ayo padha suka sukaNguri-uri budaya kitaGawe seneng ning alamdonyaAnom tuwa ben padha sukaSenine bisa tumataKabeh mau mung sadremaKanthi nyuwun kang MahaMulya

- 7 10a, 7a, 9a,

9a, 8a, 8a, 9a

Ingkang=

kang

- - Ngajak suka-

suka kanthi

nguri-uri

budaya Jawa

3. Sawise sumurup ningkalangane, widodariSumurup marang badhute

- 2 - - - - sumurup

4. Sawise sumurup marangbadhute, widodari

- 2 - - - - sumurup

95

Sumurup marang sunthine

5. Sawise sumurup marangjongose, widodariSumurup marang cinane

- 2 - - - - Sumurup

6. Sawise sumurup marangcinane, widodariSumurup marang burohe

- 2 - - - - Sumurup

7. Sawise sumurup marangburohe, widodariSumurup marang kajine

- 2 - - - - Sumurup

8. Sawise sumurup marangkajine, widodariSumurup marang putune

- 2 - - - - Sumurup

9. Sawise sumurup marangputune, widodariSumurup marang cepuke

- 2 - - - - Sumurup

10. Sawise sumurup marangsabete, widodariSumurup marang panjake

- 2 - - - - Sumurup

11. Sawise sumurup marangpanjake, widodariSumurup marang singngendhang

- 2 - - - - Sumurup

96

12. Sawise sumurup marangsing ngendhang, widodariSumurup marang singmbendhe

- 2 - - - - Sumurup

13. Sawise sumurup marangsing mbendhe, widodariSumurup marang singngangklung

- 2 - - - - Sumurup

14. Sawise sumurup marangsing nerbang, widodariSumurup marang singngegong

- 2 - - - - Sumurup

15 Sawise sumurup marangsing ngegong, widodariSumurup bali maringkayangan

- 2 - - - - Sumurup

16. Ingsun miwiti amujiKang murah ing donyamangkeAnebut namaning sukmaIngkang asih ing akheratMila sun puji datan pegatAngganjar kawelas ayuNgapura wong kang dosa

Asmaran-dana

7 8i, 8e, 8a, 8e,

9a, 8u, 7a

kang=

Ingkang

- - MemujidhumatengGusti

17. Sakempune muji HyangWidhi

Asmaran-dana

7 9i, 8a, 8e, 8u,8a, 8u, 8a

Lawan=kalawan

Sakempune=sasampune

1. Sokabatsekawanipun=

Memujidhumateng

97

Amuji nabi MuhammadKelawan kulawarganeSokabat sekawanipunAbu bakar umar usmanAli kaping sekawanipunMiwah putra lawan garwa

sokabatipunsekawan2. Ali kapingsekawanipun=kapingsekawanipunali

Nabi lankulawarganesartasokabatipun

18. Kagem para bapak ibuSadaya kang kula pujiPuji kula tanpa upamaRawuh jengandika samiSedaya paringana nugrahaDhateng kang Maha MulyaSarta kadang seni sedayaKang samiya amarsudiKula suwun samiya sugengsakondhuripun

Sinom 9 8u, 8i, 9a, 8i,

10a, 7a, 9a,

8i, 14u

kang=

ingkang

Rawuh

jengandika

sami=

jengandika

sami rawuh

Salam

pambuka

dhumateng

pamiyarsa

19. Lamun sakanca kirang tataNyuwun gungingpangaksamaPara punden sarta remajaKula suwun pangandikaSarta satunggalingpawelingMugi dadosa pepelingKawula tansah cumadhongSarta jejimating budhayaSeni Srandhul Marga Sejati

Sinom 9 9a, 8a, 9a, 8a,

9i, 8i, 8o, 9a,

15i

Gunging=

agunging

Kang=

ingkang

Salam

pambuka lan

nyuwun

pangapura

98

kang kula tresnani

20. Yen aku kudu ngertiIki ilmu kang sampurnaAna gunung arsa mukaTuturing guru kang taktampaAna kayu gung susuhinganginKumaraning jagadBebasan adoh tanpawangenanYen cedhak tanpasenggolanTak pikir bingung jebulkuwi mung sanepane

Sinom 9 7i, 8a, 8a, 9a,

10i, 6a, 10a,

8a, 9e

Kang=

ingkang

- - Ngaji marang

bapa guru

21. Lamun wis dadi pisepuhAja tingkah sapenakeSukur bisa ngetrepakeMarang sekabehaneBisa kena nggo tuladhaMulang wuruk lawan tuturDhasar wasis tetembungeSarwa penak dirasakeJeneng sepuh ora margauwis putih rambute

Sinom 9 8u, 8e, 8e, 7e,

8a, 8u, 8e, 8e,

14e

Nggo=

kanggo

- - Pitutur

dhumateng

tiyang sepuh

supados boten

tingkang

sakepenake

22. Lontang lanting ora kanggogawe

Asmaran-dana

7 10e, 10e, 10i,7a, 8u, 8a, 8a

Momohanklambine=

Nyariosakentiyang ingkang

99

Bebed lurik momohanklambineGandhol tambalannyengkelang kerisPruthul rega rong nggobangOra lali adol bagusMenyang pasar ngenyangjaranKeliru sisik rontokan

klambinemomohan

damelanipunnamungkluyuran botennyambut damel

23. Kentang kentang awakmamiDudu kentang beboronganJare kentang sandonganeSikentang kulak bakulsemarangKenthang jaga aturanAturane sang prabuDhahare sang prabu rara

Asmaran-

dana

7 8i, 8a, 8e,

10a, 8a, 7u,

8a

- - - Kentang

nggambaraken

tiyang jaler

ingkang ngabdi

dhumateng

bendaranipun

24. Le macak langkungjlegedhagIket modhang mori meslimRasukan bludru besekabRangkepane mejan putihSabuk renda telung nyariCundhuk kembangbentukipunNyengkelang keris rangka

Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i,

8i, 8u, 10a,

8i, 12a

- - Rasukanbludrubesekap=rasukanbesekapbludruChundhukkembangbentukipun=

Nyariosaken

dadananipun

tiyang ingkang

katon gagah,

rasukanipun

bregas sarwa

endah

100

Ladrangan ukirane unggalsemiMung nyampinge palangrusak cara sala

bentukipuncundhukkembang

25. Pamiyarsa kakung putriIngkang sampun rawuh ingpagelaranMenika atur sugeng ucapkulaMarga Sejati tansah memujiMugi antuk nugrah ingGustiSumangga kula aturinikmatiKirang langkung nyuwunpangaksamiIngkang awon datan kulajaraIngkang sae mugi tansahjinangkahAmrih sae salaminya

Dandhang-

gula

10 8i, 11a, 10a,

10i, 9i, 11i,

10i, 10a, 11a,

8a

Nugrah=

anugrah

- - Salam

pambuka

dhumateng

pamiyarsa

26. Matur nuwun dhatengbapak ibuIngkang sampun kersarawuhMugi rahayu ingkangsamiya pinanggih

Dandhang-

gula

10 10u, 8u, 13i,

7i, 9i, 7i, 9i,

7i, 10i, 9i

- - Ngucapaken

salam panuwun

dhumateng

pamiyarsa

ingkang

101

Sadaya kadang seniSaged bombong raosing atiSumangga kita samiAmpun kendhat gentamemujiSumrambah kadangseniMugi kajurung parapangarsiSeni Srandhul amrih lestari

sampun rawuh

ningali

tetingalan

Srandhul

27. Lawan ngasu pikulanbanyuSarta amek geni wisdedamaranAna kodhok ngemul lengeRangka manjing duwungLawan prahu ngemut jladriKuda ngerap ing pandenganTigan bisa klurukSapa bisa nitik tapakIng kontul nglayang kakangmbarep adhimu ragilPancuran tanpa tlaga

Dandhang-

gula

10 9u, 11a, 8e,

6u, 8i, 8a, 6u,

8a, 14i, 7a

Lawan=

kalawan

- - Nggambaraken

bilih ilmu

punika

dumunungipun

wonten ing

badanipun

piyambak.

28. Ngawruhana dosane kangaweh uripIku lamun seda kaperlayaWong mati nyang endiparane

Dandhang-

gula

10 12i, 10a, 9e,

8u, 9u, 11a,

10e, 8u, 8i,

10a

Kang=

ingkang

Nyang=

- - Isinipun pitutur

bilih tiyang

mati kados

peksi mabur,

102

Sinepakna peksi maburMlesat sakingkurunganipunAwasta nggenira lurupencokanAja sampe kliru pencokaneSapa bisa duduh kawruhSanak mami kadang mamiMbesuk bali nyang sudankamulyan

menyang pramila

dosanipuun

kedah enggal

nyuwun

pangapunten

dhumateng

Gusti

29. Aja ngina senadjan mungsepeleTumrap rupa kurang cahyaTanpa aji bebasaneDhasar mung priksagebyareDurung ngerti sabenerePirengna nganggo rasaSing bener lan sing cethaMarga sejati mawa maknaSarta maksud kang utamaSewu tan ana sadasa

Sinom 9 11e, 8a, 8e,

8e, 7a, 7a, 9a,

8a, 8a,

Mung=

namung

- Tanpa aji

bebasane=

bebasane

tanpa aji

Boten pareng

ngira marang

sapada-pada,

sanadjan elek

ing rupa

ananging

dereng ngertos

ing lebetipun

30. Aja dumeh lamun wiskebandhanNing elinga utawarumangsaKabeh mau saka ngendi

10a, 10a, 11e,

8a, 9e, 8a, 8a,

9a, 10a, 7a

Ning=

nanging

Kang =

- - Menawi

sampun sugih

boten

kaparengaken

103

asaleSebab ana paribasanGampang ilang kaya kokoteIlinga marang dedanaAja medhit saupamaKarben dadi dalan kangambaDadi tata carane manungsaKarben urip sampurna

ingkang medit, kedah

paring

pambiyantu

dhumateng

tiyang ingkang

taksih

merlokaken

104

Kartu Dhata Parikan

No. Parikan

Analisis

Ewahipun ParikanCacahipunWanda lanGuru Lagu

Purwakan-thi

Tembungingkang boten

bakuRepetisi Sipatipun Isi

1. Halah mendhung,mendhung wetanTelethik, udan sepisan

8u,8u Lumaksita

Telethik = tlethik

Mendhung

Nggambarakenswasana nalikaSrandhulpentas

-

2. Halah mendhung,mendhung kulonTelethik, udane balon

8o,8o Lumaksita

Telethik = tlethik

Mendhung

Nggambarakenswasana nalikaSrandhulpentas

-

3. Halah mendhung,mendhung kidulTelethik, udane Srandhul

8u,8uLumaksita

Telethik = tlethik

Mendhung

Nggambarakenswasana nalikaSrandhulpentas

-

4. Halah mendhung,mendhung elorTelethik, udane pelor

8o,8oLumaksita

Telethik = tlethik

Mendhung

Nggambarakenswasana nalikaSrandhulpentas

-

5. Malang malang, pringselonjorGelung malang, sisamandhor

8o,8oGuru swara

Selonjor = slonjor

Malang

Pangudaraos

-

6. Malang malang, pring 8i,8i Guru swara - Malang Pangudaraos -

105

sauntingGelung malang, sisatamping

7. Hayo surak, surak iyoSurake, wong adu jago 8o,8o Lumaksita - Surak

Nyariosakendamelanipuntiyang nem

-

8. Hayo surak, surak iyanSurake, wong adu jaran 8a,8a Lumaksita - Surak

Nyariosakendamelanipuntiyang nem

-

9. Hayo surak, surakengkrikSurake, wong adujangkrik

8i,8i Lumaksita - Surak

Nyariosakendamelanipuntiyang nem -

10. Hayo mendhung, hayomendhungGebyok malang, tukukalung

8u,8u Guru swara - Mendhung

Guyon

-

11. Hayo mendhung, memejaritTuku kalung, ora duwedhuwit

8i,10i Guru swara - -

Guyon Hayo mendhung, malahmeme jaritTuku kalung, ora duwedhuwit

12. Godhong gandhul,dicampur teriMbengi nyrandhul,nanggon mbakyu Yemi

9i,10i Guru swara - -

Guyon Godhong gandhul, dicampuriteriMbengi nyrandhul, nanggonmbakyu Yemi

13. Ijo ijo, loyang godhonge 9e,10e Guru swara - Ijo Nggodha Ijo ijo, e loyang godhonge

106

taaku bojo, goyangbokonge

taaku bojo, goyang bokonge

14. Ireng ireng, dudutunggakKayu jati, tak pakonanaSeneng, ra isa dipenggakLiwat mburi, taklakonana

8a, 9a, 9a,9a

Guru swara Ra = ora Ireng

Nggodha Ireng ireng, e dudu tunggakKayu jati, tak pakonanaSeneng, ra isa dipenggakLiwat mburi, tak lakonana

15. Nyangking ember, kiwatengenLungguh jejer, gawetamba kangen

8e, 10e Guru swara - -

Genit Nyangking ember, kiwatengenLungguh jejer, tamba kangen

16. Laler, laler wilisPencokane, dhuwur alis 6i, 8i Lumaksita - Laler

Nyariosakenkawontenanlaler wilis

Ana laler, laler wilisPencokane, dhuwur alis

17. Laler, laler kuningPencokane, godhongepring

6i, 8i Lumaksita Epring = pring Laler

Nyariosakenkawontenanlaler wilis

Ana laler, laler kuningPencokane, godhong epring

18. Laler, laler irengPencokane, godhonglateng

6e, 8e Lumaksita - Laler

Nyariosakenkawontenanlaler wilis

Ana laler, laler irengPencokane, godhong lateng

19. Laler, laler woluPencokane, dhuwur gulu 6u,8u Lumaksita - Laler

Nyariosakenkawontenanlaler wilis

Ana laler, laler woluPencokane, dhuwur gulu

20. Gedhang, gedhang rajaKemepet, kumada rasa 6a, 8a Lumaksita - Gedhang

Pangudaraos Mangan gedhang, gedhangraja

107

Kemepet, kumada rasa21. Ireng ireng, dudu

tunggakTunggak duren, takpakoniSeneng, ra iso dipenggakLiwat mburi, tak lakoni

8a, 8i, 8a, 8i Lumaksita Ra = ora Ireng

Genit

-

22. Rujak, rujak uniRujake, wong wetan kali 6i, 8i Lumaksita - Rujak

Guyon Gawe rujak, rujak uniRujake, wong wetan kali

23. Nyangking ember, kiwatengenLungguh jejer, gawetamba kangen

8e, 10e Guru swara - -

Nggodha Nyangking ember, kiwatengenLungguh jejer, tamba kangen

24. Kembang, kembangdurenWis sayah, tak njalukleren

6e, 8e Lumaksita - Kembang

Guyon Ana kembang, kembangdurenWis sayah, tak njaluk leren

25. Kembang, alang alangPutihe kaya deluwang 6a, 8a Guru swara

Deluwang =dluwang

AlangGuyon Ana kembang, alang alang

Putihe kaya deluwang

26. Endhek endhek, thukulankopiOra kena, gawe jangananElek elek, bocah saikiOra kena, gawe dolanan

9i, 9a, 9i, 9a Guru swara -Endhek,

elek

Larangan

-

27. Esuk mendhung, sore 8u, 8i, 8u, Guru swara - Mendhung, Nyindhir -

108

mendhungAwan awan, udan grimisEsuk nundhung, sorenundhungTuru njaban, malahnangis

8i awan,nundhung

28. Trengguling, amba sisikeKelingan, biyen becike 8e, 8e Guru swara - -

Nyindhir-

29. Gangsir ngenthir, ningtritikanSing tak sir, wiskedhisikan

8a, 8a Guru swara - -

Pangudaraos

-

30. Godhong waru, bolongtengahRabi ayu ra dinikah

8a, 8a Guru swara Ra = ora -

Nyindhir

-

31. Ning gunung akehtinggineYen nundhung akehrugine

8e, 8e Guru swara - -

Nyindhir

-

32. Manuk beri, mencokning gethekMangkat brai, untune wisentek

9e, 10e Guru swara - -

Nyindhir Manuk beri, mencoke ninggethekMangkat brai, untune wisentek

33. Gedhang kluthuk,temulung kali

9i, 8e, 10i,10e

Guru swara - -Lekoh lan genit Gedhang kluthuk, temulung

ing kali

109

Nyangking ember, kiwatengenDirangkul empuk,diambu wangiLungguh jejer, gawetamba kangen

Nyangkingi ember, ing kiwatengenDirangkul empuk, diambuwangiLungguh jejer, gawe tambakangen

34. Wit pring ketok pucukeTuru miring ketokbathuke

7e, 9e Guru swara - -

Lekoh Uwit epring ketok pucukeTuru miring ketok bathuke

35. Klambi ireng,disampirakeMlaku bareng,disurtekake

9e, 9e Guru swara - -

Nyindhir

-

36. Mangan jangan, mohpeteneBadhute, elek rupane

8e, 8e Guru swara - -

Guyon

-

37. Lung gadhung, pecah sijiWis tumanja, cah saiki 7i, 8i Guru swara - -

Pitutur Elung gadhung, pecah sijiWis tumanja, cah saiki

38. Lung gadhung pecahrolasRabi tanggung turu alas

7a, 8a Guru swara - -

Pitutur Elung gadhung pecah rolasRabi tanggung turu alas

39. Klambi ijo, bolongtengahPingin bojo, njaluk nikah

8a, 8a Guru swara - - Nggodha -

115

Gambar Kesenian Srandhul

Gambar 1. Pambuka

Gambar 2. Lenggeran Nyurupake

116

Gambar 3. Badhut Mendhung

Gambar 4. Lenggeran Laler Wilis

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

(RPP)

I. Identitas

Nama sekolah : SMA Muhammadyah Sumowono

Mata Pelajaran : Bahasa jawa

Kelas/Semester : XI/semester 2

Alokasi waktu : 2x40 menit

Standar Kompetensi : Saged nyerat tembang macapat, parikan, lan

wangsalan

Kompetensi Dasar : Nyerat parikan lan wangsalan

Indikator : Nyerat kedadosan saben dinten ing salebeting

wujud parikan lan wangsalan

II. Ancasipun Piwulangan

Siswa saged nyerat parikan

III.Materi Piwulangan

Nyerat parikan

IV. Model dan Metodhe

1. Model Piwulangan

Service Learning

2. Metodhe Piwulangan

Ceramah

Tanya jawab

Demostrasi

Penugasan

V. Langkah-Langkah Kagiyatan Piwulangan

Pepanggihan 1

1. Kagiyatan pambuka (wiwitan)

a. Dwija mriksa presensi siswa

b. Dwija maringi apersepsi ingkang gegayutan kaliyan materi ingkang

badhe dipunwucalaken

2. Kagiyatan inti

a. Eksplorasi

1) Siswa nyemak tembang campursari ingkang ngemu parikan,

ingkang sampun dipuncawisaken dening dwija

2) Adhedhasar parikan ing campursari kalawau siswa nyemak

andharan saking dwija babagan parikan

3) Siswa ndamel kelompok, saben kelompok isinipun tiyang 2

b. Elaborasi

1) Kanthi kelompok siswa ndamel parikan ingkang isinipun wales-

winales kaliyan kancanipun.

2) Saben kelompok maosaken asilipun

3) Kelompok ingkang sanes maringi tanggepan dhumateng

kelompok ingkang majeng

c. Konfirmasi

1) Dwija maringi evaluasi kanthi adhedhasar asil ingkang

dipunwaosaken dening para siswa

2) Dwija paring motivasi tumrap siswa

3. Kagiyatan panutup

a. Siswa ndamel dudutan saking materi

b. Siswa nggatosaken momotan kangge nglajengaken materi parikan

minggu ngajeng lan tugas ndamel parikan sacara individu kanthi

tema ingkang bebas

Pepanggihan 2

1. Kagiyatan pambuka (wiwitan)

a. Dwija mriksa presensi siswa

b. Siswa dipunparingi free test babagan materi minggu kapengker

2. Kagiyatan inti

a. Eksplorasi

1) Siswa ngempalaken tugas ingkang sampun dipunparingaken ing

minggu kapengker

2) Saperangan siswa majeng maos parikan kanthi lelagon

3) Siswa ndamel kelompok ingkang benten, saben kelompok

isinipun tiyang 4

b. Elaborasi

1) Siswa nyemak video kesenian Srandhul

2) Kanthi kelompok siswa ngapresiasi parikan ingkang wonten ing

kesenian Srandhul kalawau miturut andharan saking dwija

3) Taksih sacara kelompok, siswa ndandosi parikan ingkang

dereng trep ing salebetipun kesenian Srandhul miturut paugeran

ingkang wonten

4) Saben kelompok maosaken asilipun

5) Siswa ingkang sanes maringi tanggepan saking asilipun

kelompok ingkang majeng

c. Konfirmasi

1) Dwija maringi evaluasi ngenani parikan ingkang wonten ing

kesenian Srandhul

2) Siswa dipunparingi post test ngenani piwulangan ingkang

sampun dipunandharaken

3. Kagiyatan Panutup

a. Siswa sesarengan kaliyan dwija ndamel dudutan ngenani parikan

ingkang wonten ing kesenian Srandhul

b. Siswa nyemak momotan lan tugas kangge ngrancang materi

minggu ngajeng.

VI. Sumber Pasinaon

Memetri Basa Jawa Kelas XI. Pemkot. Kaca: 109-110

CD video kesenian Srandhul

VII. Penilaian

1. Teknik : tes unjuk kerja

2. Bentuk uji petik kerja produk

3. Instrument

Pepanggihan 1

Damela parikan ingkang gegayutan kaliyan kawontenan saben

dinten lan temanipun bebas!

Pepanggihan 2

Parikan ing kesenian Srandhul taksih kathah ingkang lepat,

pramila parikan punika leresna kanthi adhedhasar paugeran

ingkang wonten!

Pedoman penilaian

Aspek ingkang dipunbiji Skor

1. Tata aturan parikan

2. Basa ingkang dipunginakaken

10-50

10-50

Jumlah skor 100

Semarang, Juli 2011

Kepala Sekolah, Guru Mapel,

……………….. ………………….

NIP…………. .. NIP……………..