Upload
yudiskeleng
View
605
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
5/7/2018 Sinopsis Cerita Rakyat Tradisional - slidepdf.com
http://slidepdf.com/reader/full/sinopsis-cerita-rakyat-tradisional 1/4
Sinopsis Cerita Rakyat Tradisional
Ing Bojonegoro, ana raja lan ratu sing lago nggoleki bojo kanggo putrine. Rajane
duwe jeneng Dewa Panganligor, yen putrine duwe jeneng Ratna Kumala. Sing ngelamar
Ratna Kumala akeh banget. Salah sijine yaiku saka Tuban lan Lamongan. Utusan sing diutus
saka Tuban yaiku Raden Sadara, keponakane Dewa Panganligor dhewe. Dheweke diutussupaya ngelamar Ratna Kumala kanggo kang mase sing jenenge Raden Wiratmaya. Yen
Lamongan, diutus panglima sing jenenge Gunjang lan Wijang. Dheweke diutus supaya
ngelamar Ratna Kumala kanggo putra kadipaten Lamongan, yaiku Indrakatung. Indrakatung
ngirimake rawala (serat panglamar) kanggo Dewan Panganligor. Nanging emane ditolak,
amarga kedhisikan karo utusan saka Tuban.
Amarga ditolak, Gunjang banjur mulih dhisiki Wijang. Ngerasa ditinggal banjur
ngejar Gunjang lan saktibane nang alas Wijang ngamuk-ngamuk nang Gunjang. Dheweke
uga ngamuk amarga panglamarane ditolak. Akhire loro-lorone tukaran.
Moro-moro ana Raden Sadara liwat. Sing sadurunge Gunjang lan Wijang tukaran,saiki dadi meneng. Loro-lorone banjur nyegat Raden Sadara. Dheweke ora trima amarga
panglamarane wis kedhisikan Tuban. Banjur Gunjang-Wijang karo Raden Sadara adu
cangkem. Gunjang lan Wijang ngomong yen Lamongan iku lemahe apik lan sugih apa bae,
beda karo Tuban sing ora ana apa-apane. Nanging Raden Sadara tetep sabar. Alon-alon
dheweke ngomong yen ing Tuban iku akeh iwak lan towak. Emane Gunjang lan Wijang ora
percaya. Banjur Gunjang-Wijang lan Raden Sadara padha tukaran. Sing menang akhire ya
Raden Sadara. Dheweke ngomong, yen kepengen menang makane aja seneng nyepeleake
uwong.
Sakmarine tarung, Raden Sadara banjur ninggalake Gunjang lan Wijang.
Sepeninggalan Raden Sadara, moro-moro ana asu ireng. Asu iku nekani Gunjang lan Wijang.
Loro karone kewedhen, amarga ora isa mlayu. Penyebabe yaiku loro-lorone kena mantra saka
Raden Sadara. Akhire dheweke ya mek isa meneng wae.
Ing sawijining dina, ing Tuban ana putri sing lagi nembang campursari sambil njoget
karo dayang-dayang ing pelataran istana. Putri iki jenenge Sri Huning. Sabanjure nembang
lan njoget, Sri Huning crita nang dayang-dayange yen dheweke seneng karo kangmase
dhewe, yaiku Raden Wiratmaya. Dheweke seneng amarga Raden Wiratmaya iku wong sing
apik lan lembut. Nanging dayang-dayange ora ana sing setuju.
Moro-moro Raden Wiratmaya teka. Dheweke arep ngajak Sri Huning ngomong-
ngomong wong loroan thok. Dayang-dayange pun diusiri. Sakmarine dayang-dayange ngalih,
banjur Raden Wiratmaya crita. Dheweke crita yen Sri Huning iku sakjane adhi angkate.
Niyen pas ana perang antara Tuban lan Majapahit, bapake Sri Huning maju perang, nanging
mati. Nah wektu iku sisan, ibuke lagi ngelairna Sri Huning. Amarga ora ana sing ngurus,
akhire Sri Huning diangkat dadi adhi angkate. Pas eruh kabeh, Sri Huning dadi nangis. Raden
Wiratmaya ya ngehibur Sri Huning. Dheweke uga ngomong yen dheweke seneng karo Sri
Huning. Iki sing nggawe Sri Huning dadi seneng, ora nangis maneh.
5/7/2018 Sinopsis Cerita Rakyat Tradisional - slidepdf.com
http://slidepdf.com/reader/full/sinopsis-cerita-rakyat-tradisional 2/4
Pas lagi seneng, moro-moro Adipati Tuban, bapake Raden Wiratmaya teka. Dheweke
ngomong yen Raden Wiratmaya wis dirabiake karo Ratna Kumala, putri kerajaan
Bojonegoro. Raden Wiratmaya sing ora eruh apa-apa banjur kaget. Dheweke banjur nolak.
Adipati Tuban ya ngamuk, kok isa anake dhewe nolak kekarepane. Amarga Raden
Wiratmaya ora gelem bapake ngamuk, akhire dheweke nerima asalkan bisa cerai sawise 5
dina.
Wis teka waktune, Raden Wiratmaya ya akhire nikah karo Ratna Kumala. Sri Huning
lan dayang-dayange dadi penari latare. Awale Sri Huning isih bisa nahan emosine, nanging
suwe-suwe ora kuat yen ndeloki Raden Wiratmaya sing nang mburine Sri Huning banjur
dheweke karo Raden Sadara.
Wektu wis dalan pirang-pirang dina, nanging Raden Wiratmaya isih durung bisa
nerima kabeh. Dheweke isih mikir kekarepane. Ratna Kumala sing ndelok tingkahe bojone
banjur takon, apa sing ndadikno Raden Wiratmaya iki. Raden Wiratmaya banjur crita yen
dheweke sakjane ora bisa nerima daupane, isih butuh wektu gawe mangerteni perasaane.
Ratna Kumala akhire ngerti lan dheweke sanggup nempani Raden Wiratmaya tresna marangwadon liyan.
Moro-moro Adipati Tuban Teka. Dheweke ngomong yen nang njaba ana perang karo
Lamongan. Banjur Raden Wiratmaya metu lan melu perang.
Ing alas, ndhadakno ana Gunjang lan Wijang. Ora ket suwe, Sri Huning uga nang
alas. Sri Huning dicegat lan akhire tarung karo Gunjang lan Wijang. Tarung sing iki
dimenangno karo Sri Huning. Nanging moro-moro ana Adipati Lamongan teka, yaiku
Indrakatung. Banjur Sri Huning tarung sisan karo Indrakatung, nanging emane dheweke
kalah lan sekarat. Wis tau mungsuhe kalah, Gunjang-Wijang lan Indrakatung banjur ngalih.
Wektu dheweke ngalih, wong-wong saka Tuban teka. Salah sijine yaiku Raden Wiratmaya.Pas eruh Sri Huning sekarat, dheweke banjur nulungi. Sadurunge mari Sri Huning banjur
mati. Raden Wiratmaya sedhih banget. Ndelok iki kabeh, Ratna Kumala sing ana sisan nang
kono dadi eruh yen wadon liyan sing ditresnani karo Raden Wiratmaya iku Sri Huning.
Sawise Sri Huning mati, Raden Wiratmaya ora gelem meneng wae. Dheweke tetep
melu perang kanggo bales dendam. Nganti akhire dheweke uga tarung karo Indrakatung,
adipati Lamongan sing wis mateni Sri Huning. Nanging emane, Raden Wiratmaya uga kalah.
Sakdurunge mati, dheweke uga ndelok bayangane Sri Huning lagi senyum nang angkasa. Lan
akhire dheweke uga nyusul Sri Huning ing alam baka.
5/7/2018 Sinopsis Cerita Rakyat Tradisional - slidepdf.com
http://slidepdf.com/reader/full/sinopsis-cerita-rakyat-tradisional 3/4
Unsur Intrinsik
Tema : Asmara
Sudut Pandang : Wong ke-3
Alur : Maju
Tokoh lan Watak
y Raden Wiratmaya : gagah, wicaksana
y Sri Huning : apik atine, pangertenan, sabar
y Ratna Kumala : apik atine, sabar, alus
y Raden Sadara : amanah
y Gunjang : licik, patuh marang rajane, ala atine, gampang nesuy Wijang : licik, patuh marang rajane, ala atine, gampang nesu
y Indrakatung : galak, kuwat, gampang nesu
y Dewa Panganligor : wicaksana
y Adipati Tuban : nuntut kekarepane
y Dayang-dayang : gelem dadi kanca curhat, dhemen menehi pitutur
Latar Panggonan
y Istana Bojonegoro : panggonane Ratna Kumala dilamar
y Alas : panggonane perang/tarung
y Istana Tuban : Panggonane Sri Huning nembang lan njoget karo dayang-
dayange Raden Wiratmaya crita, Adipati Tuban ngomong yen
Raden Wiratmaya wis dirabiake karo Ratna Kumala
y Panggonane nikahe Raden Wiratmaya lan Ratna Kumala
Latar Wektu
y Wektu Ratna Kumala dilamar
y Wektu Raden Sadara tarung karo Gunjang lan Wijang
y Wektu Sri Huning nembang lan njoget karo dayang-dayange
y Wektu Raden Wiratmaya crita nang Sri Huning
y Wektu Adipati Tuban ngomong yen Raden Wiratmaya wis dirabiake karo RatnaKumala
y Wektu nikahane Raden Wiratmaya lan Ratna Kumala
y Wektu Sri Huning tarung karo Gunjang, Wijang lan Indrakatung
y Wektu Raden Wiratmaya tarung karo Indrakatung
y Wektu Sri Huning lan Raden Wiratmaya mati
5/7/2018 Sinopsis Cerita Rakyat Tradisional - slidepdf.com
http://slidepdf.com/reader/full/sinopsis-cerita-rakyat-tradisional 4/4
Latar Swasana
y Seneng : Ratna Kumala dilamar wong akeh
y Tegang: Wektu perang/tarung, Sri Huning semaput
y Sedhih : Pas eruh Sri Huning iku sejatine adhi angkate Raden Wiratmaya, Sri Huning
ndhelok nikahane Raden Wiratmaya karo Ratna Kumala, pas Sri Huning lan Raden
Wiratmaya mati y Keciwa: Raden Wiratmaya sempet nolak kekarepane bapake
y Lega : Raden Wiratmaya akhire gelem melu kekarepane bapake, Ratna Kumala
ngolehna Raden Wiratmaya tresna marang wadon liyan.
Amanat
y Katresnan iku ora bisa dipeksa jalaran katresnan iku tekane saka lila (ati)