2
Gamelan Jawa Gamelan Jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling. Gamelan Jawa iku nduwe nada-nada pentatonis. Sak prangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras yaiku: Gamelan Sléndro Gamelan Pélog Aturan Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan. Saben piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku penayagan utawa niyaga , sing nembang, arané pesinden . Piranti Gamelan Jawa Piranti gamelan Jawa iku meh kabeh / lumrahe digawe saka tosan (logam). Yen grobogane umume saka kayu. Bahan tambahan liya antarane pring, kulit (kanggo kendhang), lan liyane. Piranti gamelan b isa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku: Gongan yaiku: kempyang, kethuk, kempul, kenong lan gong

Gamelan Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Gamelan Jawa

Gamelan Jawa Gamelan Jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah lan sebageyan Jawa Wetan.

Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.

Gamelan Jawa iku nduwe nada-nada pentatonis. Sak prangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras yaiku:

Gamelan Sléndro

Gamelan Pélog

Aturan

Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan.

Saben piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku penayagan utawa niyaga, sing nembang, arané pesinden.

Piranti Gamelan Jawa

Piranti gamelan Jawa iku meh kabeh / lumrahe digawe saka tosan (logam). Yen grobogane umume saka kayu. Bahan tambahan liya antarane pring, kulit (kanggo kendhang), lan liyane.

Piranti gamelan bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku:

Gongan yaiku: kempyang, kethuk, kempul, kenong lan gong

Balungan yaiku: saron panerus / peking, saron barung, demung, slenthem lan slentho

Panerusan yaiku: bonang, bonang penerus, gendér, gambang, siter, celempung, suling lan rebab

Page 2: Gamelan Jawa

Kendhang yaiku: kendhang lan bedhug.

Saben 4 kelompok ing dhuwur iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.