12
1 ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA DISUSUN OLEH : NAMA : ERY EKA S. NO :13 KELAS : XII. IPS 1 SMA N MOJOGEDANG

Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

Embed Size (px)

DESCRIPTION

bahasa jawa

Citation preview

Page 1: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

1

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA

DISUSUN OLEH :

NAMA : ERY EKA S.NO : 13KELAS : XII. IPS 1

SMA N MOJOGEDANG

KABUPATEN KARANGANYAR

TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

Page 2: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

2

PURWAKA

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha

asih, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya.

Saengga kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah

bahasa jawa.

Makalah punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah

babagan pinika, kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.

Kita sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita

mangertos menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun

nywun kritik lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.

Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang

sampun kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal

ngantos ing pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha.

Amin.

Panganggit

Page 3: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

3

DAFTAR ISI

COVER ……………………..............……………………….....…...……..…….. 1

PURWAKA …………………….......……………………………………......….. 2

DAFTAR ISI …………………….......…………………………………….....….. 3

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA …………………....................…… 4

LAMARAN …………………….......………………….……………..….….. 4

SIRAMAN …………………….......…………………………………..….….. 4

MIDODARENI …………………….......…..………………………….....….. 5

SRAH-SRAHAN …………………….......…………………………......….... 5

UPACARA PANGGIH …………………………………………….….....….. 6

BALANGAN SURUH …………………….......………………………....….. 6

WIJI DADI …………………….......………………………………..........….. 6

PUPUK …………………….......………………………....….......................... 7

SINDURAN ……………………......………………………....….............….. 7

TIMBANG …………………….......……………………………....…......….. 7

KACAR KUCUR …………………….......………………........................….. 7

DAHAR KLIMAH …………………….......………………......................….. 8

MERTUI ……………………......……………………..…..…......................... 8

SUNGKEMAN …………………….......……..................………………..….. 8

KENDUREN …………………….......…............................................…...….. 8

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA

Page 4: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

4

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe

rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki

ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana

sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.

Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi

sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten

putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.

Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga

diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane :

LamaranUpacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri.

Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

Siraman

Acara siraman iku sejati upacara perlambang

kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.

Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung

ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-

masing calon manten, umume neng bagian

umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan

umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga

pemaes.

Midodaren

Page 5: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

5

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng

basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan

iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo

pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.

Neng acara iki penganten putri ora metu

saka kamar wiwit jam 6 sore nganti

tengah wengi lan dikancani dening

sedulur-sedulur putrine sing ngancani

sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara

neng wengi midodaren iki seje-seje neng

saben dhaerah, kadhang ana sing

barengake karo acara peningsetan lan

srah srahan.

 Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan

biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.

Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku

sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal

dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Ijab kabulUpacara panggih

Page 6: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

6

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah) dileksanakake acara Panggih, ing acara iki

kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah

sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih)

karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara : balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,

Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

 

Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minongko perlambang

sih katresnan lan kasetian ing antarane

penganten kakung lan putri.

Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti

pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki

sikil/ampeyane penganten kakung nganggo

banyu kembang. Upacara iki minongko

perlambang sawijining kepala keluarga sing

tanggung jawab mring keluarga.

Pupuk

Page 7: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

7

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu

kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane

kulawargo.

Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake

kain sindur, minongko tondho pinanganten

sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng

pangkonane Bapake penganten putri,

minongko perlambang sih katresnane wong

tuwo marang anak lan mantu soho besan.

Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan

uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane

penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

 

Dahar Klimah

Page 8: Adat Lan Tradisi Temanten Jawa 001

8

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan

minongko perlambang pinanganten sak kloron

arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong

tuwane penganten kakung neng ngarep omah

lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

 

Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu

marang wong tuwa.

 

Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak

acara pengantenan, uga kadang diarani

resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan

iki nduwe makna upacara selametan,

selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul

wis rampung diselenggaraake.

Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga

kabeh sing hadir neng acara iki.