4
Nama : Riana Dewi Nim : A510120135 Semester/Kelas : IV/D TEMBANG SEKAR MACAPAT Sekar macapat yaiku salah sawijine wujud puisi Jawa ingkang ngginakaken bahasa Jawa anyar, ingkang keraket persajakan kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ingkang penyajianipun kanthi cara di lagukaken kanthi ngginakaken laras utawi nada slendro utawi pelog. Persajakan kaperang dados 3 werna yaiku : 1. Guru gatra yaiku kathahipun gatra utawi baris ingkang wonten sekar macapat, tuladha nipun Dhangdhanggula awujud 10 gatra, Kinanthi awujud 6 gatra, lan sapanunggaliun. 2. Guru wilangan nggih menika kathahipun suku kata (wanda) ingkang wonten sagtra ing sekar maca pat, tuladha Kinanthi : gatra 1 : 8 wanda, gatra 2 : 8 wanda, gatra 3 : 8 wanda lan sapanunggalipun 3. Guru lagu nggih menika tibanipun huruf vokal (huruf urip) ingkang akhiripun gatra ing sekar macapat. Tibaning huruf vocal wonten sekar macapat benten-benten. Tuladhanipun tibaning huruf vocal sekar macapat mijil benten kaliyan sinom, lan sapanunggalane. Konsep penyajianipun kasebat lagu winengku satra ingkang artinipun di batasi sanget dhateng sastra utawi kajelasanipun BAHASA JAWA | TEMBANG SEKAR MACAPAT

Bahasa Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Bahasa Jawa

Nama : Riana Dewi

Nim : A510120135

Semester/Kelas : IV/D

TEMBANG SEKAR MACAPAT

Sekar macapat yaiku salah sawijine wujud puisi Jawa ingkang ngginakaken bahasa Jawa

anyar, ingkang keraket persajakan kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ingkang

penyajianipun kanthi cara di lagukaken kanthi ngginakaken laras utawi nada slendro utawi pelog.

Persajakan kaperang dados 3 werna yaiku :

1. Guru gatra yaiku kathahipun gatra utawi baris ingkang wonten sekar macapat, tuladha nipun

Dhangdhanggula awujud 10 gatra, Kinanthi awujud 6 gatra, lan sapanunggaliun.

2. Guru wilangan nggih menika kathahipun suku kata (wanda) ingkang wonten sagtra ing sekar

maca pat, tuladha Kinanthi : gatra 1 : 8 wanda, gatra 2 : 8 wanda, gatra 3 : 8 wanda lan

sapanunggalipun

3. Guru lagu nggih menika tibanipun huruf vokal (huruf urip) ingkang akhiripun gatra ing

sekar macapat. Tibaning huruf vocal wonten sekar macapat benten-benten. Tuladhanipun

tibaning huruf vocal sekar macapat mijil benten kaliyan sinom, lan sapanunggalane.

Konsep penyajianipun kasebat lagu winengku satra ingkang artinipun di batasi sanget

dhateng sastra utawi kajelasanipun sastra utawi cakepan diutamaake katimbang kahendahan. Sisi

cakepanipun kathah amanat utawi pesan ingkang kasemat lan nasehat sae. Ingkang digali saking

nilai-nilai luhur agama lan adat istiadat ingkang sae, tasih urip, lan sesuai kaliyan rombakipun

masyarakat.

Sekar Macapat awujudipun 15 werna inggih menika :

a) 6 werno wujud ingkang asalipun sekar tengahan : Jurudemung, Wirangrong, Balabak,

Megatruh, lan Girisa

b) 9 werno wujud asli macapat yaiku : Dhangdhanggula, Sinom, Asmaradana, Durma,

Pangkur, Mijil, Kinanthi, Maskumambang, lan Pocung.

Tuladha :

|

Page 2: Bahasa Jawa

a) Sekar Tengahan :

Megatruh

Aywa pegat ngudia ronging budyayu

Margane suka basuki

Dimen luwar kang kinayun

Kalis ing panggawe sisip

Ingkang taberi prihatos

Guru gatra : 5 gatra

Guru wilangan : gatra 1 : 12 wanda, gatra 2 : 8 wanda, gatra 3 : 8 wanda, gatra 4 : 8 wanda,

gatra 5 : 8 wanda.

Guru lagu : gatra 1 : U, gatra 2 : I, gatra 3 : U, gatra 4 : I, gatra 5 : O

Girisa

Anak putu denes tokna

Warah wuruke si bapa

Aja na ing kang sembrana

Marang wuruke wong tuwa

Ing lahir batin den bisa

Anganggo wuruk ing bapa

Ing tyasden padha santosa

Teguhe na jroning nala

Guru gatra : 8 gatra

Guru wilangan : gatra 1 : 8 wanda, gatra 2 : 8 wanda, gatra 3 : 8 wanda, gatra 4 : 8 wanda,

gatra 5 : 8 wanda, gatra 6 : 8 wanda, gatra 7 : 9 wanda, gatra 8 : 8 wanda.

Guru lagu : gatra 1 : A, gatra 2 : A, gatra 3 : A, gatra 4 : A, gatra 5 : A, gatra 6 : A, gatra 7 :

A, gatra 8 : A.

b) Sekar Asli

Pocung

Lali lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

|

Page 3: Bahasa Jawa

Sesarik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Guru gatra : 4 gatra

Guru wilangan : gatra 1 : 12 wanda, gatra 2 : 6 wanda, gatra 3 : 8 wanda, gatra 4 : 12 wanda.

Guru lagu : gatra 1 : U, gatra 2 : A, gatra 3 : I, gatra 4 : A.

Maskumambang

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi

Anemu duraka

Ing donga tumekeng akhir

Tan wurung kasurang-surang

Guru gatra : 4 gatra

Guru wilangan : gatra 1 : 12 wanda, gatra 2 : 6 wanda, gatra 3 : 8 wanda, gatra 4 : 8 wanda.

Guru lagu : gatra 1 : I, gatra 2 : A, gatra 3 : I, gatra 4 : A.

Mijil

Poma kaki padha dipuneling

Mring pitutur ingong

Sira uga satriya arane

Kudu anteng jatmika ing budi

Ruruh sarta wasis

Sumbarangipun

Guru gatra : gatra

Guru wilangan : gatra 1 : 10 wanda, gatra 2 : 6 wanda, gatra 3 : 10 wanda, gatra 4 : 10

wanda, gatra 5 : 6 wanda, gatra 6 : 6 wanda

Guru lagu : gatra 1 : I, gatra 2 : O, gatra 3 : E, gatra 4 : I, gatra 5 : I, gatra 6 : U.

|