GEGURITANKELAS VII/VIII KURTILAS
Dening : SdwijosusastroWordpress : SUJARNO DWIJO SUSASTRO | Sinau Basa Jawa Klungsu ...
GEGURITANAyo Gotong Royong
Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gaweKembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane
Wus dadi kodrateManungsa mono tan bisa urip dheweSaka lahir prapteng patineTansah gumantung sapepadhane Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gaweIku semboyaneMempeng makarya kiwakna pepulihMurih salwiring gatiTiti tamat telas lulus basuki
Kabeh pakaryan linakwanKanthi seneng ulat padhang tan nggresulaUrun bau suku, penggalihan, apadene redanaKanthi dhasar karukunanMahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)
Geguritan?
• Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair• Syair Jawa gagrag anyar• Tembung geguritan asale saka tembung gurita ,
tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair.
• Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45)
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.
Geguritan Tradisional
1) Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:
Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda. Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo
purwakanthi guru swara (kaya syair ing Kasusastram Indinesia.
Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama
Tuladha Guritan Gagrag lawas
Sun GeguritKaanan jaman saikiSipat pemudha-pemudhiSrawunge saya ndadiRaket wewekane sepiTan kadi duk jaman nguniSrawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kunaPriya srawung lan wanitaGampang ketaman panggodhaNerak ing laku susilaTemah darbe jeneng alaWasanane tibeng papa
Guritan Gagrag Anyar• Wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas• luwih mardika• ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag
lawas• wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran
Indonesia• geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”• owah-owahan saka geguritan gagrag lawas
tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. • Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku
R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.
Titikane Guritan Anyar
• Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
• Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
• Sajak pungkasan mardika/bebas• Isine mentes.• Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya
bahasa
4-W Maca GeguritanWicara = Pocapan/lafal Nalika maca geguritan pocapan kudu cetha, ora groyok, blero utawa mangu-mangu. Kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener tuladhane mbedakake aksara a/o, t/th, d/dh, e taling (tempe)/ e pepet (seger) utawa e ing tembung krempeng, lsp.
Wirama = irama/laguIramaning wong maca geguritan bisa pinangka pandudut (daya tarik) wong kang ngrungokake. Sora utawa lirih iramane kalarasake karo isining geguritan. Geguritan kanthi tema perjuangan mesthi wae beda karo maca geguritan kang isi kasmaran utawa kasusahan.
Wirasa = penjiwaan
Tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
Wiraga =Ekspresi/mimik, pasemon, solah
Yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.
Matur Nuwun