6
Sugeng Rawuh Media Pasinaon Bahasa Jawa Geguritan Dening Ana Sholihatun 122160002 FKIP PBSJ 5.A MLEBET

Puisi Jawa/Geguritan

Embed Size (px)

Citation preview

Sugeng RawuhMedia Pasinaon Bahasa Jawa

Geguritan

DeningAna Sholihatun

122160002FKIP PBSJ 5.A

MLEBET

HOME PANGERTEN UNSURGURIT

CARANENGANGGIT

TULADHA QUIS

PANGERTEN

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah.

Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen).

Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda.

HOME PANGERTEN UNSURGURIT

CARANENGANGGIT

TULADHA QUIS

UNSUR-UNSUR GEGURITAN : Tema

tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi, utawa gagasan pokok kang dikarepake penulis/ penyair.

Rasa-Pangrasa tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan

nduweni teges lan fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Nada/ lagutegese patrap/ sikap sing digunakake ana sajroning geguritan. Suasana tegese kahanane bathin/ jiwa pamaos sawise maca geguritan. Amanat kang dumunung ana geguritan.Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/ panulis marang

pamaos.

HOME PANGERTEN UNSURGURIT

CARANENGANGGIT

TULADHA QUIS

CARA NGANGGIT/ NULIS GEGURITAN

1. Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kang arep dirembug

2. Yen underan gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake (spesifikasi)

3. Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane (kerangka)

4. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik

5. Kanggo nambahi endahe, gunakna purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus

HOME PANGERTEN UNSURGURIT

CARANENGANGGIT

TULADHA QUIS

Bakat Aja Dadi KaratDening : Aning Asmara

Bakat mujudake kewasisanBakat mujudake kasenengan

Wasis… seneng…Kabeh mau pakulinan

Pakulinan kang kudu diupakaraBakat bisa dadi pakaryan

Bakat bisa kanggo ngoyak jagad…Drajat…lan pangkat…Sanadyan tanpa ragad

Olah raga bisa ngundang donyaBeksa ngleluri kabudayan Jawa

HOME PANGERTEN UNSURGURIT

CARANENGANGGIT

TULADHA QUIS

QUIS

Ayo padha gladhen supaya pinter…

Golekana tegese tembung ing ngisor iki :1. Wasis2. Pakulinan3. Diupakara4. Pakaryan5. Ragat6. Beksa7. Ngleluri

Golekana unsur-unsur geguritan mau, banjur wacanen ing ngarep kelas.