21
Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs Royal Institute for Southeast Asian and Caribbean Studies Reuvensplaats 2 2311 BE Leiden Netherlands tel: (+)31 71 - 527 2295; email: [email protected] Interview with Ngadimin Sarijo Transcriptic summary Jeneng lengkapku Ngadimin Sarijo, bapakku kualon Sarijo. Bapaku dewe Kartopawiro. Aku lahir neng Suriname, distrik Peperpot tapi nang pernansi, pernansi ki nggon kopi, perkebunan kopi. Bapakku isih bujang pas mangkat neng Suriname, emakku yo isih SD terus ketemu neng kapal. Maune ngene, arepe di gowo neng Deli, Medan. Ono kontrak nang medan, trus wong kui mau isih nggolek uwong, lebih bagus nang Suriname wae, okeh anune kono, terus di gowo neng Suriname. Neng Suriname di tekoki, bapakku. “saiki nek kowe manggon nang kono krasan, tekane 5 tahun krasan, terus nang kono entuk perkebunan prei, entuk perkebunan, entuk ternak, entuk sawah to, nek kowe muleh ora krasan entuk duit premi Rp 40”. (it was heavy rain so we continue next day) Serial number 02.17032010 (00:00) Lahir neng Peperpot masih kecil kan, rumah pernasi, jadi kecil panjang. Nggak rumah sendiri. Terus sesudah itu kita terus pulang, ke kebunan, tempat bapak kita sendiri. Itu kan pak kualon ,pak Sarijo, nah situ pak Kartopawiro, di jak tani, jadi bapakku sendirian, ke mereka, di jak tani, sampai besar. Punya anak perempuan satu itu pertama, tapi kita belum suka sama perempuan kok di nikahkan. Aku belum, aku masih umur, waktu dulu gak sama seperti anak-anak sekarang itu 18-19 bisa seneng sama perempuan. Dulu ndak. 19 aku belum suka perempuan. Dinikahkan sama bapak, lantaran kepengen duwe anak mantu, kon masakne ngono kae yo? Bapakku Kartopawiro, di Peperpot itu, sudah itu trus bapak kita pegatan, kita di, namanya Leiding nomor 5. Kita ikut bapak sendiri, pak Sarijo itu kan kesana-kesini,

Royal Institute for Southeast Asian and Caribbean Studies ... Sarijo.pdf · belum, aku masih umur, waktu dulu gak sama seperti anak-anak sekarang itu 18-19 bisa seneng sama perempuan

  • Upload
    habao

  • View
    213

  • Download
    0

Embed Size (px)

Citation preview

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

Royal Institute for Southeast Asian and Caribbean Studies

Reuvensplaats 2 2311 BE Leiden Netherlands tel: (+)31 71 - 527 2295; email: [email protected]

Interview with Ngadimin Sarijo Transcriptic summary Jeneng lengkapku Ngadimin Sarijo, bapakku kualon Sarijo. Bapaku dewe Kartopawiro. Aku

lahir neng Suriname, distrik Peperpot tapi nang pernansi, pernansi ki nggon kopi, perkebunan

kopi. Bapakku isih bujang pas mangkat neng Suriname, emakku yo isih SD terus ketemu neng

kapal. Maune ngene, arepe di gowo neng Deli, Medan. Ono kontrak nang medan, trus wong

kui mau isih nggolek uwong, lebih bagus nang Suriname wae, okeh anune kono, terus di

gowo neng Suriname. Neng Suriname di tekoki, bapakku. “saiki nek kowe manggon nang

kono krasan, tekane 5 tahun krasan, terus nang kono entuk perkebunan prei, entuk

perkebunan, entuk ternak, entuk sawah to, nek kowe muleh ora krasan entuk duit premi Rp

40”.

(it was heavy rain so we continue next day)

Serial number 02.17032010 (00:00)

Lahir neng Peperpot masih kecil kan, rumah pernasi, jadi kecil panjang. Nggak

rumah sendiri. Terus sesudah itu kita terus pulang, ke kebunan, tempat bapak kita

sendiri. Itu kan pak kualon ,pak Sarijo, nah situ pak Kartopawiro, di jak tani, jadi

bapakku sendirian, ke mereka, di jak tani, sampai besar. Punya anak perempuan

satu itu pertama, tapi kita belum suka sama perempuan kok di nikahkan. Aku

belum, aku masih umur, waktu dulu gak sama seperti anak-anak sekarang itu 18-19

bisa seneng sama perempuan. Dulu ndak. 19 aku belum suka perempuan.

Dinikahkan sama bapak, lantaran kepengen duwe anak mantu, kon masakne ngono

kae yo?

Bapakku Kartopawiro, di Peperpot itu, sudah itu trus bapak kita pegatan, kita di,

namanya Leiding nomor 5. Kita ikut bapak sendiri, pak Sarijo itu kan kesana-kesini,

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

tapi yang paling banyak ya pak Kartopawiro itu bapak kita sendiri, nah itu kan

kalau hari-raya pho 6 bulan sekali ke tempat pak Sarijo. Pak Sarijo itu bapak

kualon. Gak ada hubungan saudara, dia nikah sama ibu.

Waktu kecil sering main sepak bola. Ada lapangan, kita dulu ngasi pingsan kok,

aku dulu main bola agak lumayan lho, di muka itu sering aku masuken pertama,

dulu tapi, waktu masih lajang, masih kira-kira umur anulah 12, 18, 16. Sesudah itu

kesenian kita suka dengan main ludruk. Biasanya jadi Cumpling, kan dulu Jeblok-

Cumpling, anulah apa kuwi jenenge, banyolan. Dua itu pelawaknya, Jeblok karo

Cumpling iku pelawaknya. Cuma nyekeli anu ono, keris ngene, iki, iki nggowo

koyo Semar karo Petruk kae nganggo topi ngene, di anu ngono ngko nek ono wong,

kathik iki, wah wes pokoke jeleklah dulu.

mulai belajar diajari. Jadi cumpling itu ndak gampang itu, banyolan, hebat itu,

nyinden sama-sama orang nontoni sinden juga, dulu tapi, sekarang ndak, sekarang

kita sholat. Ndak ada itu-itu.

Main sepak bola waktu, kita pingsan, bapak kita, “tidak boleh main sepakbola lagi

kamu pingsan gak ingat apa-apa” di sepak konthole tibo aku, ora entuk. anu to,

podho dene nyepak to, kek-i muntah to, oo.. iku aku trus di urut, di ngeneke baru

mendeleke “kulo niki mati barang iku… main sepakbola rusuh, ehh..wong negro

rusuh maine, aku diangkat disaduk kene… tibo gek.. Dolanne campur, lha wong

campur aduk, yo negro, yo india…

(5:58)

Kalau latihan itu ya hari rabu sama hari sabtu, hari minggu pertandingan nanti,

dulu. Di desa kita nomor 5 terus ke Kasabaulo nggone morotuaku sing ninggal nang

kene. Iku nang nggone Pak Suwardi iku, aku dibawa situ. Liya desa gitu, bukan di

luar bukan, desa sama desa ngono lho, kecil-kecilan gitu, bukan yang besar. Sudah

itu trus kita ikut, aku bujang to sudah, ikut emak-e nang anu, nang pernasi kenal

karo iku, Bramsopo iku, londo iku mau bojone Rubinem nang Kopijompo, nang

Kopijompo kecanthol karo iku. Jami kui mau aku duwe anak siji nang kono,

riwayate iku mau.

Bapakku mbiyen neng kebun kopi, kopine gedi-gedi semene, gedi-gedi kopine,

semene gedene, kebun kopi, kebun pisang. pisange iki pisang koyo raja kae lho,

pisang raja serai ngerti? Raja serai? Pisang raja…, Bana, nek londo jenenge banana.

Neng Leiding 5 kui kebune dewe iku, ora kebune pernasi kebune dewe, 5 hektar

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

aku karo bapakku. Iya, kan 5 hektar, kalau panen paling ndak 500-400 goni. Padi,

nggak jaga ndak mupuk, penak nyekeli thok, garuk, tanduri. Aku gotong royong

karo konco-koncoku yo, sekali nandur mbeleh pitik 40, jago, anu kae, nang kono

trang opoi, neng kene sopi koyo arak kae lho 4 botol-5 botol arak.

Iku sing arepe kerja ngombe arak dhisik, men kuat wes ora kroso adem, ora kesel,

yoan, wes.. tandur, men udan pol. Le nandur sakmene-sakmene, yo sakmene ki

eneng. Ngko nek mulai panen, mene lho rumpunane. Nek sing arang. sak telung

cakupan baru diriti ngisor ngono, engko dirit ngisor di gepyok, gepyok-e ngko ki

piye le nggepyok sewengi tatas iku. Wong 40. Piro-piro gepyokan iku, paling-

paling 10 gepyokan eneng. Gotong-royong ora mbayar karoan, Rampung kene,

nggone wong, rampung kono nggone wong liyane. Gotong-royong, gentenanlah.

Sik ngewangi wong konco-konco biasa. Iki Gotong royong gentenan, bar nggonku

terus nggone kancaku. Trus pindah, pindah, pindah ngono. Wong Jawa kabeh. Jik

kuat-kuate isih umur 16 tahun, kuat-kuate 18, rung podho rabi, tunggale sing rabi

siji-loro thok wes podho rabi. Gotong royong, podho mbeleh pitik okeh.

(11:04)

Pitikke di gule jarang neng kono. Ora seneng gule, di semur lah, kei kecap kae, ooo

Le mangan wes, tapi mangane kurang mbek arak iku mau, ngombe arak ora kesel,

tapi ngombene ora okeh tithik, sak gelas, aku gelase isih nggowo biyen aku, sloki

kae. Saiki ora entuk ngombe arak iku, haram nek upomo islam iku. Nek nggolek ora

entuk, ngombe arak.

Jenenge sopi, sing teko seko barat 100 opo kae jenenge. Sing nomor 100, ngko

angger wes neng kebonan 90 iku di imbuhi banyu. Nek sing nang kono nang pabrik

100 nomor seratus. Nomor 100 kui mau sing tulenlah. Nomor 100 sing tulen, nek

wedang sing ngisor-ngisor iku wes di campuri banyu, pait. Rasane panas, koe tak

ombeni sethithik menowo ra kolu kae, tenan, iki wae nek di tempelke mak plug

bablas sisan rak ilang. Tenan iku. Nek dhisik kuat-kuate maune aku, tapi ra pernah

loro aku blas. sehat aku, neng kene ki loro-loro wae, neng kono gak pernah loro,

rematik, asam urat ki segala ndak ada sama sekali. aku maune neng kene yo nggraji

barang, saiki ora, wes tuek, saiki wes insaf neng ngomah wae. Mbiyen aku

merantau, neng padang barang lho, Bukittinggi Padang, Mbandar, merantau,

Mbandar jalan ngko nek ra nganu, nggowo rombongan sak metrike piro? 25 rupiah.

Nek karo ibu sing saiki wes ora mbandar aku, wes tuek kok, nek sing ninggal

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

maune, iku anakku sing jenenge Ngadimun, iku lahire teko Suriname, kena di

tekoki yo an, ning tapi mbuh kelingan mbuh ora, isih cilik kok, sik cilik.

Gaji neng kono (perkebunan di Suriname-red) seminggu sepisan, wong gaji cilik,

nang kono setengah, anem ece, ngko telung talen ki wes besar sekali, ora sing okeh

yo setengah. Anem ece, anem ece ora nggadek gaji ijik, tapi jaman semono. Lha

aku tuku kathok karo klambi wae regane wae isik, kathok karo klambi piro? 1500

rupiah. Timbangan kene upomo kene padang to, piro susuk, seringgit. Neng

kebunan, tapi yo ngko nek bar tandur yo, tapi iku maune kan, aku nang dalan meteri

wingi kae …, ngukur tanah nggawe jalan Groningen, Nickerie tekan Groiningen.

Aku ki ngukur dalan pirang bulan, gawe jalan besar, sakmene jerone.

Ngukur tanah niku dibelajari karo wong Jawa, jenenge Sayan, saiki wes ninggal.

Sayan iku mau, sing nggowo opo kae jenenge, meteran kae didegne, diukur, kon

kurang ngene-kurang ngene,ngko pirang jerone, tanah ngenene, pirang meter, tekan

kono tekan pirang kilo, ngerti kabeh.

(17:26)

Sekolahku ora tamat, sekolahane sesobo, kelas loro po piro. Pokoke wes ditulisi

sithik wes kon ngewangi bapakku, aku ngewangi bapakku kan mesakke, jik

ngewangi yo, ngewangi kerja, kan ku rumahtangga iki. Ngewangi kerja. Digoleki

guru tapi goleki yo mbantah, di goleki ngko yo sekolah ngko bar sekolah lha iki

suwe-suwe, suwe-suwe macul meneh, bujangan pula, di goleki aku sing mbantah.

Pas arep mulih N’Jowo dijak karo morotuaku sing giliki tak gowo mrene iki, iku

jenenge pak Suwardi, iku anu opo iku, morotuaku kan bestir partai, pak Suwardi.

Bapak pengurus, dadi aku arang-arang melu rapat, mbuh pisan mbuh piro aku le

rapat? Arang-arang melu rapat mergane pakku bestir, anu kimau, nang kono dadi

mandor, nang kene biyen yo mandor juga. Pak Suwardi nang kene yo mandor sing

mbukak alas iku, neng kono yo mandor, dadi wong duwe, wong sugih iku, ora

wong mlarat iku, lha wong sapine piro kae, 36 ekor, lha aku dewe neng nomor 5

wae akeh sapiku, 21 sapiku. Murah sapi iku, sapi wedok gede iku piro, 25, 20, pedet

iku sepiro, 15 rupiah, pedet gede pedete, nek sapi sing lanang guedi kae teko 35, 40,

guede sapine neng kene berkelandutan, guede, lemu-lemu, suket akeh kono suket.

Dijupuk daginge keneng susune keneng, aku neng Kasabaulo, nang Kasabaulo

nggone morotuaku iku, nek esok meres karo jenenge Basdur, aku jam 4 wes tangi,

meres sapi papat kui mau, ngko tekane jam 7 isih bar. Susune dawane semene lho,

Met opmaak: Engels (VerenigdeStaten)

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

penak merese, ngko nek di sondol anake, di sondolke trus tarik taleni, pertama tak

guwang kedua, ki angger srot,srot,srot… tarik dua-duanya, srot,srot….Koyo kowe

nek nyusuni anak mbesok, nyusuni ngene di guang dhisik, jane ora koyo cah saiki

ujuk-ujuk disusoke byek penyakiten, yo nggak boleh, iyo susune ngene iki di peres

ming anu di guang disik, kedua di ombekke anake. Bocah saiki ujuk-ujuk di loloni

ndak boleh sakjane, makku maune nggak, nyusoni pertama nyusoni di guang,

ngomongi karo aku, guang, mulane anake sehat-sehat ora duwe penyakit. Pertama

dibuang disik, kedua diombekke anake. Susu pertama kali dadi kentel, dadi opo

kae, kesehatane ngene lho, gurihe. Sapi siji susune sakmene gedene, sapi plonteng

kae sapi opo jenenge? Ooo sapi kae neng Indonesia kae kan akeh, ireng putih, ireng

putih susune sakmene guedene, kae sak anu, iso sak ember guede kebak. Sak sapi,

iyo no. Ngko nek arepe ngedol ora campuri banyu, ngko di kir karo ngko mentri

sing nge-kir susu teko, di leboni meteran, dileboni kal-kil lah brarti tulen, nek di

leboni lus, dendo kowe, ora tithik dendane. Dendane 6 bulane, nek anu piro kui

mau, 8 perak, 10ewu, oh.. 10 rupiah kok ewu, nang kono raono ewuan.

(23:03)

Aku duwe tanah 5 ha karo sapi 21, tapi ijik rung lungo neng Indonesia. Trus aku

melu morotuaku, trus pak-e embuh, pek pak-e dewe, lha aku terus melu morotuaku

to, lah kono wong sugih ra eneng karyawane ora eneng, dadi aku neng kono

mbantu, kono wong sugih duwe jaran, ngerit rong dino sepisan, makani jaran, tarik,

suket okeh kono nggok ku kono wong ndi-ndi rono, sing paragrasi kae, sing akeh

lugute kae sing nggo pakan sapi. Padet kono,asal engko wes garing, thukulane

separo omah iki wes rong grobak eneng. Padet. Iku neng Leiding 5, gowo neng

Kasabaulo, nek iku ora di bongkot, di jereng men muat akeh, aku ngejak bocah

cilik-cilik tak wehi seketip,anu setali, telung ketip cah siji sedino. Nggo sing

nggawani, karo nganggo grobak , aku sing noto kono sing nggawani, ora adoh kok

piro-piro 300-200 meter, kono ra eneng tanah kok ngene-ngene gak. Roto Datar.

aku getun melu rene, aku ngerti Indonesia. Aku di omongi bapake Yanti (Pak

Salikin Hardjo-red) to omonge nang kono, kowe ninggalke sak piring, neng kene

entuk limang piring.

Pajek, aku pajek kebon iso-iso keneng 15 rupiah, tapi omah nek disemen ngene ki

mbayar pajek. Nek kayu gedeo kae ra mbayar. Omahku kayu, gak mbayar aku,

kayu, ora semen, ngisore ning rung disemen, nek semen mbayar. Eneng sing omah

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

tingkat yo 15 rupiah dalam setaun, sing ora tingkat yo eneng sing 6perak 5perak

setaun. Aku nganu opo iku, wong lia-liane sing wegah mbayar yo upomo gedeo kae

iki ora di lantai di tuthuki ngono kae ora di semen. Wegah mbayar pajek, turno

murah to rung, kono ora eneng nek ora penyakit kacange, kadang sak jabutan sak

uwit sakmene ki lho, kacange dowo-dowo gede-gede. Murah kacang, segoni telung

ringgit, 5 perak 4 perak, segoni, ora cekekan ora, segoni. Pinter wonge asal

dijunjung ngene iki, gonine rodo enteng, murah, nek sing anteb padet. Neng kene

cokekan. Neng kono nandur kacang, nandur pari, galukane nandur pari ki welut,

ngko galengane banyu ne bablas mrono, welute semene gedene, nek bar udan kae

welute metu ta? Bacok ngono, goreng.

Pas diajak morotuo teng Jawa, ngomong mbantu wongtuo, pak-e lara. Wongtuo

lara, seminggu-rong minggu mbantu, pak-e wes tuo, tapi lara. Terus aku muni yo,

suwe-suwe gawekno omah arepe, lha iku aku mesakne ora entuk, arep gaekne

omah, piye iso entek? Iki njabut gae omah telane, iki dijabut ngencepne maneh

ditugel dincepne maneh, njabut kene ngencepne maneh, yo kene entek kon wes

njabut maneh, kene meneh netek kono njabut meneh, ngono ta? Ngko leren-leren,

ngopo leren-leren? Ngunduh kopi, kopine mateng-mateng, tandurane neng kono

kopi, jeruk, jeruk semene, jeruk uwe’ jeruke guede-guede jeruk uwe’, pinggirane

iki nongko, sak unduhan 2 montor trik karo nongko guede-guede, nongko digowo

neng kota, ono sing marani , aku sing ngunduh dituku wong. Jeruk uwe’ soklat aku

wegah nandur soklat.

(29:41)

Morotuane ora nandur padi, genahe nandur padi kepiye ora duwe sawah kok,

genengan kabeh. Sing eneng anu, setor tuek iku sing eneng, nek Lelydorp ra eneng.

Lelydorp nggone genengan kabeh. Genengan iku anu tanduran ora sawah tegese

lah, genengan iku mau nandur, ora, genengan iku tegese nandur singkong, palawijo,

ora nandur pari, pari ki rak sawah. Pas bali aku ngejak bapakku, bapakku pak

pupon, pak Martam, karo mas Mardi. Mardi ki sing neng mburi iki neng

panembahan. Mbayare mergone wes tuo ra iso mbayar, sing mbayari aku. Duite

seko kerja, yo ngewangi kerja, yo dodol. Dodol wit-witan yo bana, nandur bana,

nandur suket. Suket barang yo nandur kok.

Bali nggowo anak telu, siji Ngadimun, si Thukul, karo Rambat. Jenenge Mardi

Rukun, iki Mardi Santosa. Tapi wes ninggal kabeh tinggal siji. Mardi Rukun, Mardi

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

Santosa. Bapak kandung ora di jak. Isih neng Suriname. Dulurku ra eneng sing

melu blas ra eneng, kabeh ketinggalan, trus aku ngerti nek sing ninggal dulurku iki,

aku wes neng kene ngguwang layang, dulure ninggal iki,iki,iki,iki… dulurku okeh

tapi sing ninggal wes akeh, sing ninggal ki 6 mbuh 7 sing ninggal, aku nomor 2,

mbakyuku wes ninggal, adiku nomor 3 ninggal, nomor 4 ninggal, nomor 5 ijih,

nomor 6 ninggal.

Pas neng kapal iku mabuk aku lho nang kapal iku, sesasi sepuluh dino, 1 bulan 10

hari nang kapal, mandeg nang kapstat (Cape Town-red) sepisan ngisi minyak.

Ngene nggone, aku ngliwati, batasane dunia, laut merah kalo laut biru, iku banyu di

terak kapal yo ora gelem campur iku. Yo wes tetep rino-wengi udan iku. Tengah-

tengah donya, rino-wengi udan, bar iku terang wes ora udan maneh. Ora main-main

iku neng kono, kapale kurang kiro-kiro setengah jam wes ditutupi kabeh kapale.

Lha wong ilok, kapal sakmono duwure banyu iso munggah neng dhuwur kapal.

Kapale ngene lho, ngene kapale, ombake terlaluan. Batesane donya iku omonge, iku

omonge mantune si nek wong jawa iku mantune sopo suroboyo, iku batasane dunia

lho wong, jo kaget, kapal terus mlaku terus tapi alon ora kenceng, ngko nek wong-

wongane begitu krungu baru kenceng maneh, liyane. Mbulan karo srengenge ki,

nek mulane aku ngomong mbulan ki nek dong njedule neng kono, nek dong njedule

neng kono, nek dong neng kono, mergane puter kapale, nggo pandom to kapale?

Lha iki tujuane arepe ngetan iki nggone Indonesia ngetan, ngetan bener, ngetan tapi

iku ta, puter iku mau ta? Srengenge mau mutere. Dadi ngetan-ngulon, tujuane

ngetan, ngetan bener tapi menggok ngene tapi yo ngetan maneh. Koyo ngono. Aku

mandeg teko kono, nang kapstat iku wes mandeg nang iki, ngenteni banyu anu,

springi nang kene ya, nang niki nang padang, Teluk bayur, ngenteni banyu gede,

banyu gede masuk kapale, ora iso mendarat kapale, saking gedene kapal, kapal

langkuas.

(36:00)

Aku maune kapal Langkuas. Dadi neng kono ki mau rino-wengi mangan sego

rangsum, ngko nang kono di rangsum buah-buahan, dirangsum roti, susu, trus di

rangsum sego sego rames sego biasa. Ape jaluk sego goreng yo eneng, gari njaluk

wae kok. Enak no, tapi mbayar, lha bayarane kapal rak wes setiti ta aku, 350

golden, jaman maune golden aku renene, golden iku neng kene pirang ewu, neng

kono 350 golden. Lha anakku telu 750 anu, 1000 anu opo iku, 750 rupiah wong

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

siji, aku dadi wong 3 karo anakku yo punjul seko sak juta. nek anak 175 bocah siji,

dadi anakku rambat, thukul, iku anu 175. Rene ki mbayar, ora mbayar wes ono sing

mbayar. Neng kene koyo ngene, ngertio emoh aku rene, yeahh.. penak neng kono.

Omonge maune Aku ra ngerti nek neng kene, omonge neng lampung po ngendi

biyen ya? Lampung ya? Ninggalke Suriname. Wingi aku arep di gowo adiku aku

emoh aku mesakne mbahe wedok situ mesakne wes tuek, kasihan nek ijih enom tak

tinggal, tuo to yo, tuo trus kepiye nek ditinggal, dadi matine. Awake cilik saiki

lemu, maune cilik awake rene pertama yo. Cilik awake, kuru, kerjanane jam 5 esuk

kae wes budal kerja nggo kathok dowo karo nggowo berang babadan kae ta, ngko

jam 4 mulih gajie piro 9 perak-8 perak nang Pujorahayu, naik gunung.

Perasaane pas pertama neng Tongar yo ra krasan, neng kono sasate kota kok, yo ra

krasan wong yo kelulusen mati, okeh sing lungo, hurung sui okeh sing lungo to

seko kene, okeh sing neng pekanbaru, medan. Okeh sing lungo karo sing neng

Indonesia iki, eh, Tongar iki. Akeh sing lungo, ora krasan, aku dewe yo ra krasan,

arepe ngomong piye ra krasan, tapi sih ra iso lungo yo aku, Pak Suwardi matine

neng kene, tuo, mati tuo. Pak Martam ki matine, bapakku pupon iku matine neng

Pekanbaru. Aku duwe anak siji jenenge Sarini, karo bojo sing ninggal iku jenenge

tuek Sarinah.

Tekan Tongar, aku neng blok sing pinggir dewe, blok opo kae, kae blok nomer, ora

ngerti aku, sing pinggir dewe. Bareng bojone Basar, Wagiyem, iku tunggal sak

bedeng karo aku, tunggale lungo, iku sak bapakke, sak mboke, sak mbahe, nang

ono kabeh jejer aku urut ngono, sak bedeng, tapi okeh sing lali aku saiki, wes lalene

akeh kok yan, tuek, padahal isih umur 81 aku wes lalen. Iki tekoki ngene wes lali

aku. Ra kelingan eneh, ra kuat nyambut gae.

(41:48)

Neng bedeng sekamar aku karo bojoku, bapak Suwardi karo mak-e. Edi panaris iku

melu mak-e sing neng padang, aku karo anakku, anak-anakku melu ki mau karo

mak-e. Kan bedenge dowo. Aku karo bojo karo anak, morotuo pisah kamar. Kamar

sitoke, tuk-til ngono, tunggal gedeg kene karo kono. Bocah-bocah yo nangis, wong

bocah kui, yo nangis yo ora, maklum lah lemute okeh, jaman maune. Neng

Suriname, bocah-bocah biasa sarapan roti, roti murah kok. Roti sakmene iki sak sen

2, semene gedene iki, nek di wenehi butter 8 sen, sing gede semene gede kae 8 sen,

nek sing cilik 3 sen. Di wehi sarden, po diwenehi mertega. Mbau ternak londone.

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

Nek neng kene, telo, roti larang kok, yo telo iku, yo telo kaspo iku mau. Di godog,

wes ngono wae kene wes ra oman kok, tapi maune ra ono babi kok yo, nandur telo

di encep-encepne ngono ra ono sing ngganggu opo-opo, kethek yo ra eneng. Saiki

jagungku entek to, kenok onggrok iku.Mbiyen ora eneng kethek, babi, okeh macan,

tapi yo ra ngganggu wong yo, macan ra ngganggu wong. Nah nek macan seko

kerinci mrene iku nganggu wong. Mangan wong, jarene iku, ono wong kerinci, kan

aku isih merantau neng kono kae dongeng karo aku, kono eneng sing macan di

beleh nggon kartosonto, kelingan kartosonto kae. untune ki ono patike, iku wong

dadi-dadian. Macane iku dibeleh, di gowo neng nggone pak durat to, iwake dibage-

bageke wong sak Tongar, nggo obat. Tor dinane maneh, ono wong kerinci teko

nggoleki, neng ndi nggone le mendhem. Embuh ra ngerti kan kabeh kompak, neng

ndi nggone le mendhem. Embuh ra ngerti, ora diomongke, nek diomongke ketemu

daginge semene pulih maneh.

(46:02)

Pas pertama neng Tongar, yo tani, babad alas, maune ora anu tani, babad alas di

bayar karo yayasan bapake iku. Dibayar 8 perak sedino, harian.babad alas sui kui

mbuh pirang taun, takan yo bangsane 8 taunan, 7 taun 8 taun. Iku rampung trus

kerja neng pabrik, kerja ning pabrik papat, kene ono pabrik papat iku opo eneng

kertas. Yo yayasan. Mbuh saiki entek kabeh. Ak ra pengen pindah seko Tongar, ora

duwe ‘ikine’ (duite-red).

Aku neng Suriname ora seneng main kertu. Aku senengane ngombe, ngombe ngko

ora ngasi nggliyeng trus lungo, dansa ngene ki pernah, karo londo-londo wedok,

cantik-cantik. Biasane yon eng kota kono, paramaribo, kota paramaribo, iku nang

kotane. Aku wes duwe bojo jenate mak tuek iku iso njoget ludruk kok. Aku njoget

ludruk sing nduduhi pertama jeneng Kasminah iku wes mati wonge.

Ora neruske ludruk, wes males, aku merantau. Neng Tongar aku nandur iku kacang,

jagung hurung, nandur kacang, maune rak nandur kacang hurung ono gangguan

babi. Nansur kacang, kacang ono sing nandur 2 hektar 3hektar. Iki pak darman

besanku nandur 5 hektar kacang. Panene okeh, tapi nek di tunggu, maune, suwe-

suwe babi okeh ra kuat nandur. Nandur sak hektar wae, lha iki nandur iki pasang

jarring mubeng, jaringe di ungkel-ungkel. Nek babi masuk kecanthol jaring.

Nggok ku nimbo, wegah le mbayar listrik. Listrike iku aku kenang 8 perak, 80, kok

8 perak, 80 rupiah, saiki di duke meneh 60 saiki. Nggonaku tuku sanyo, koyo

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

wong-wong tuku sanyo, mesin cuci barang kae, ahh gak, keneng 60 wae wes

mblenger. Tapi ndilalah InsyaAllah ya, nek arepe pembayaran lampu yo iso

mbayar. Ketoke perjuangan. Durung-durung wong, ngko diwenehi anakku sak

panene satus, pendak panen satus karo klambine sing neng pekanbaru, Ora akeh nek

kur mbayar, satus. Padahal gajine gede, wong-wong podho ngumel kok, seje karo

wong tuane ngono, omonge alas an nggo naik haji. Saiki naik haji yo mbuh ki saiki

, putuku telu sing nang pekanbaru, sing kuliah siji, sing wedok loro wes rabi kabeh.

sing sitok wong batusangkar. Sitok wong pekanbaru. Sing sitok batusangkar wong

minang. Sing nang mburi kae wong jawa, ngunduri putu kari siji. Iku maune

dikuliahke kabeh nang padang, nguliahke, loro kabeh kuliah.

Mbiyen nate merantau neng Pasir selatan. Mbandar, mbandar dalan, melu mbandar,

25 rupiah sakmeter, aku wong loro. Dadi setengah hari aku wes 50 meter potong 75

meter, sedino, ngukur sedino yo ora, ora luweh seko 400 meter 300 meter wong

loro, karo pak Salam bandarku. Cepet aku, aku sing tukang, nggawe dikeruk karo

mesin, lemahe neng pasir, ngluruske ngono to, engko Salam sing ngguang. Mek ora

nganu, morok, nggowo garpu wesi.

(53:44)

Merantau sekali iku. Iku nang kono 2 sasi aku bali, iku merantau sing keri iki, wes

karo mak-e iki, bojo saiki, bojo sing dhisik wes niggal, bojo sing dhisik ninggal wes

ono 30 taunan punjul. Punjul 30 taun. Lara kanker. Kanker weteng, mulane aku

bola-bali ngomong, nek karo kucing ngono kae di dupak, dupak, bola-bali di dupak

gak boleh itu. Nek asu di dupak rapopo, nek kucing nyamari. Ngandel kowe, wong

montor bar nindes kucing yo, neng kono numbuk uwong. Aku dewe, aku mlaku

numpak. Aku maune kan dodol biyen neng Tongar, yo dodol bengkoang, nanas,

jeruk iku, jeruk uwe’ kae, yo bengkoang iku okeh bengkoange iku 2 goni. Numpak

sepeda jam 4 cul ngko teko kono sasak jam 9 awan, teko kono grubut-grubut entek

wisan saking larise. Sak unting 2,5 rupiah, 5 rupiah. Ngingak-nginguk ra ono

uwong, di naike ngono le ngedol, begitu banjir 2,5 rupiah, nek wong okeh ora

eneng dinaike 2,5 ngasi 5 rupiah, nyampe ngko 3 ringgit 7,5 rupiah. Yo entuk duit

akeh. Duit maune seringgit isih payu kae. Suwe-suwe ganti duit, di jolke, oalah

saithik. Lah seringgit di jolke gari piro? Gari seperak.

Tanah pembagian janjine maune 5 hektar, tapi di wehke wong kono, 2 hektar. Ak

entuk telu, telu aku entuk iki sak hektar, dadi kan telu kelong sak hektar, dadi ijik 2

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

to, 2 nang kono setengah hektar, dadi siji sepotong hilang mbuh, ora tepat.

Ngomonge aku adol, trus kon tandatangan, adol TR, kapan aku adol TR, aku ra iso

tandatangan apik, aku nek tandatangan yo urek-urek ngono uwes, iku apik

tandatangane mbuh sopo sing ngedol. Aku di celuk neng kepolisian barang.

(58:41)

Iyo ak tahu diceluk karo iku pak darman. Aku ora adol tanah yo emoh. Diceluk

polisi, pertanyaannya iku, dodol tanah-tanah, aku ra adol yo embuh kok sing ngedol

sopo.

Nek neng Suriname, neng kebon kerja nganggo baju biasa, baju kanggo tani yo

kathok sakmene, ra mbelet. Kono tanahe raono batu sithik raono batu. Tanahe tanah

lincat ra enek batu, di pacul iso sakmene di pacul, gak ada batu disana.

Nek dansa pakai jas pakai dasi, aku rambute kriting maune tapi saiki ora saiki, nek

ora nganggo topi pil, tapi aku seneng anu, dibelah ngene, tapi kriting maune aku,

ilang ni kritinge, tapi cilikanku kriting. Tapi dirumat lengane lengo wangi. Lengo

wangi wes. Dansa biasane di gedung gitu, engko upomo anu yo, kowe njagong

ngene iki , njoget dansa arep melu, ora iso ngomong ora isom di blajari sajake

ngono, ditarik wong wedok-wedok aku njagong ngono diparani langsung kon

ngene, dansa. Aku muni yes. Dansa. Aku muni ra iso ngene ki yo di ajari, sajak

butuh, di joke. Satu, dua, tiga, ngono ta nang anune, diblajari opo-opo dibelajari,

londo iku seneng karo wong jawa. Sing wong jawa wedok ditarik karo londo

lanang, wong wedok londo yo narik karo wong jawa. Aku maune arep dipek londo,

emoh aku. Lha iku purunanku barang neng Nederland kawin karo, Bram iku kawin

karo wong jawa. Purunanku jawa kawin karo bram, tapi gelem secara jawa, disunati

manut sunati, wes umur 40 sunati. Disunati deke manut, disadati jawa, kembar

mayang barang, ketoke aku duwe potrete. Di ketokne yo ketok neng kono. Iyo,

eneng kembar mayang, di dandani, manut baram iku. Mulane deke umur 40. Tepi

deke ngomong, londo ki sifate nek aku hurung sekolah hurung pindah hurung gawe

omah emoh rabi. Iku opo kae pangkate opo, tukang anu tanah kae opo jenenge.

Gede gajie iku, iki kadung wes pension dadi anu iku wes omahe dewe wisan kok,

tapi yo adoh omahe, aku biyen duwe fotone, fotone omahe di pelem neng kono

omonge tapi ngomonge ngomong belanda.

(1:04:05)

Ijih ono sedulur neng Holland, tapi mbuh saiki wes dho mati ngono kok. Pas tekan

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

Tongar crita karo sedulur neng Suriname yo crita tani, bangsane tani. Ngomong

koyo ngono genah getun aku, dadi kok kene, nang kene janjine ora tepat kok.

Kerjaku maune kerja yayasan, yo alesan entek duite yayasan. Kerja tani dewe to

malahan. Koyone maune, nah makane nek, menowo aku, wes sugih nang kono

maune aku yo duwe, paling mlarat nang kene. Yo nyuwun sewu iku yo mlenceng

seko, nggone morotuoku ra bakal, cedek karo kota, tapi campur aduk wonge,

campur negro, campur india. Seko Leiding 5 tekan Paramaribo biasane numpak

montor, montor bis. Yo arep adoh no. Nek Kasabaulo tekane anu setali tekane

Leiding 5, trus teko kono mrono 3 talen, 3 talen tekane Paramaribo kota. Aku

mubeng numpak sepeda. Brompit, India iku, ora Honda udu, brompit, ngko nek

wes di genjot, gas murup, muni tet…tet….tet….. nang ngisor ngene iki, mesine

cilik ngene iki, banter iku tapi nggo boncengan ra kuat, cilik iku

ethek….ethek…..ethek…. tapi enak, sepedaku ora ahli standar. Dinamone ngarep

mburi eneng, nek bengi rujine kae murup, lampune nduwur murup, ngisor murup,

mburi murup, dinamone 2 kok. Kui le arep muni tak dol piro. Aku rene nggowo

sepeda 2. Sing tak tinggal nggone saporo eneng. Sepedaku okeh, 4 mboh telu. Sing

dinggo obrokan duwe aku. Ora, sepeda murah kok, 100rupiah. Iku ora ahli standar

iku 100 rupiah, tapi nek montor entuk 100, opo iku 350-400, montor iku montor

sedan, montor bis iku 700. Lha nek Honda iki 400 entuk Honda, merk opo, milih

lah merk-e. Neng kene nggowo sepeda 2, tak dol sakjuta ra dinyang e, dibayar

langsung.

Neng Suriname sering nonton tapi ra eneng bioskop Indonesia, londo kabeh. Pake

bahasa belanda. Bahasane campur, ngomong jawa, ngomong negro, ngomong india,

campur aduk. Tapi yo sehari-harine ngomong negro.

(1:10:47)

Leiding 5 cuacane panas kono karo kene, podho panase, panas kono. Kono kan 6

bulan, udane ngko nek wes arepe anu, opo rendengan.

Mbiyen sedulur-sedulurku sekolah emboh ora kelingan aku tekan kelas piro, ono

sing tamat ono sing durung, tak tinggal, tak tinggal nek nomor 5, sing melu pak-e

sok-sok aku kok, sing ninggal barang iku melu mak-e kabeh. sing melu pak-e kur

aku dewe. Aku sunate nang nggone pak-e kok. Tapi aku coro nglaku, aku karo pak

sarijo, kota nang kantor, aku coro nglaku mulane jenenge sak donge ngadimin

kartoprawiro, iki ngadimin sarijo, dadi coro nglaku karo bapakku kualon. Nang

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

kantor, arepe bapakku dewe arepe ngengken aku, iki diengken anake, lha sopo sing

ngengken. Pak Sarijo. Yo wes salahe sopo. Dadi anake pak Sarijo, ora pak Karto.

Pas gede melu pak Karto lah, isik cilik maune aku melu pak Sarijo, rono-rene lah

sak krasane, tapi nek suratnya anake pak Sarijo. Tapi aku anake pak Kartopawiro

jane aku. Aku sing tunggal bopo. Yu Ponirah, Ngadimin, alek Tunggak, iku anake

pak karto kabeh 3 iki, lanange telu wedok siji, oo Sariman, papat.

Neng Leiding 5 kabeh wong Jawa, sak deso koyo Tongar iki mbek sak deso, wong

Jawa iku. India nang ngarepe eneh, ora entuk di campur kok. Nang kono ki di batas

2 kati setengah po 3 kati ambane, dawane sak geleme. Ngiwo-nengen, ngiwo-

nengen, kene dalan kono omah, kene omah. Ora entuk gawe pasar. Pasare yo

Paramaribu kono.

(1:15:48)

Kalau belanja harus ke Paramaribo. warung-warung biasa yo enek. Sing dodol

wong jawa iyo, buah-buah neng kene sing raono apel, anu apra. Kowe ngerti ora

apra? Apel sak meneki lho, ono sing item ono sing merah, eh putih, ngono dibukak

ohh legine. Apra, Landane apel. Ora apel sing anu kae, buah-buah sing cilik-cilik

kae udu, apra iku apel. Lha londo bana ki le njenengi yo banana.

Neng Leiding 5, kepala desane wong Jawa. Eneng kaum, lurah, kebayan, carik,

kamituo, eneng kabeh iku. Masyarakat lah sing milih. Dicari, dikumpulke sopo sing

pantes dadi carik, sing wonge di delok becik opo ora, sing anu yo ra dipilih. Lurah

iku mau entuk bengkok 2,5 hektar. Bengkok duwe iku. Opo iku gelem ngerjani kae

ki, masyarakate sing gotongke-royong. Upomo arep nandur pari, bergerake kan

masyarakat, “wo iki arep nandur pari pak lurah”, ngko ono sing ngluku, gruduk

sedino rampung sak nandure. Enak anu, tapi nek salah jangan main-main, di kroyok

karo wong ndeso, nganti korupsi. Engko nek musim penyakit, nang kono dileboni

dokter ora mbayar, prei. Tiap-tiap 3 bulan, leboni dokter, bidan. Dokter asli dokter,

seko pemerintah, wong Suriname, engko dipanggili, diperiksa loro opo, loro sing

jahat digowo nang kota ra mbayar, neng rumah sakit kota, ra mbayar. Kabeh gratis.

Nang kene opo-opo mbayar.

Pas awal-awal neng Tongar tani neng kebun, budale jam 7, setengah pitu budal bar

sarapan, neng kono yo babad, nandur jagung, nandur pari, nandur telo, nandur-

nandur telo.

Nandur buah-buah yo kimpul, tapi maune durung ono sawit, hurung Maune ijih

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

nandur pari karo nandur telo, tapi gangguan, dadi kurang, tapi saiki nandur bana

barang. Pari yo nandur, saiki wes ra eneng pari, pari saiki wes ditanduri liyan-

liyane. Le masang polder percuma.

(1:21:01)

Polder iku nggawe dandang, trus masuk ke kebunan, irigasi, percuma itu gak jadi,

wong podo tanduri sawit kabeh kok saiki, karang sawite payu. Padi gak jaga, Sawit

enggal-enggalwoh, dua minggu sepisan buah, dua minggu sepisan buah kan enak,

sayange aku ra duwe sesok. Iki sak hektar kono setengah hektar. Wes tanduri sawit

kabeh, tapi iku lho uwohe kurang, ono stengah hektar iku entuk 100 ribu. Nggo

nempur wae, 30 ewu wes okeh. 64. Mongko aku tuku 2 cokek, kae putuku 2 cokek,

4 cokek, 2 minggu dho entek. 2 cokek iku 60 ewu. Nek dong entuk, ngko telung

sasi, po 2 sasi sepisan po opo, entuk beras seko negara. Seko nggone maune segoni

kae, segoni cilik kae, iku pirang cokek, saiki iso 2 cokek setengah. Iku mbayar 20,

15 ewu. Raskin kuwi. BLT (Bantuan Langsung Tunai-red) maune entuk aku nang

bank, njupuke nang bank, maune entuk saiki ra entuk, kae ora kabeh, dipilih-pilih

ta. Sing ora mampulah, mbuh pirang taun aku aben entuk. Saiki ora entuk, saiki

entuke beras saiki. Neng jawa isih yo saiki. 100 ewu per sasine 100. 3 sasi 300 ewu.

Kepisah karo sedulur-sedulur rasane yo getun lah, perasaane yo getun, entuk koyo

ngene yo getun, tapi okeh sing ninggal kok wisan kok, okeh sing lungo okeh sing

ninggal, kepiye meneh ra getun ta? ninggalke sedulur, ninggalke wongtuo. Saiki

wongtuoku wes ninggal kabeh dadine, sedulurku ninggal. Aku rono mulih nang

sing ngomah kae yo ora pethuk kabeh, ninggal kabeh, ono sing mulih ko kene aku

dijak ra gelem, ninggal teko kono, kangen. Adiku sik nomer 4, mrene ngejak aku

mulih mrono aku emoh, arep diwehi kendaraan, aku duwe kendaraan 8, pilih sing

ndi, fotone diduduhne, milih sing wuss., sing muat 40 orang opo milih sedan opo

milih, untukmu iku aku tandatangan. Diwenehi kapal terbang yo emoh aku. Anakku

nang kono sitok, nang kene akeh banget. Mesakne ibu, nang kene ki ibune wes

tuek, tak tinggal mesakno, anak yo eneng neng kene. Aku durung tau neng

Suriname, lha diparani arep dijak aku emoh ngono kok. Aku gelem mrono tapi

balikne rene meneh ra entuk, harus nang kono. Ra entuk bali rene, delok weruh

keadaan kene. Koyo ngene. Sing nang kene ki, mbuh lah, sing korupsi, sing ngono-

sing ngene, sing nyekolahke mbayar. Nang kono ra mbayar. Ngko nek sekolah

ULO-MULO iku nang kene SMP-SMA iku mulai mbayar. Rak yat ki ora mbayar.

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

(1:27:08)

SD tekane kelas 6 iku ora mbayar. Mulai anu, prembule, nang kene opo, kelas satu

iku mau, sakdurunge kelas satu, TK ya, tekane kelas 3 ki mau. Roti entuk, buku

diwehi, potlot ora, pulpen, pulpen kelas 3 keatas, nang kene kabeh pulpen. Nggak

nang kono ora gampang, kadang nek salah le nulis, di urek-urek karo idu.

aku ra tau tekon yayasan soal janji-janji, aku, ra ketok aku, yo podo kumpul-kumpul

le ngomong ra tepat-ra tepat, tapi ra wani ngomonge. Ndak, wes dho anu kok. Iyo

rapat,tapi yo ora sing podho nagih janji-janji. Bagiane bapakku barang di dol-i karo

yayasan kantor, lha mebuh, ilang kabeh, angel kok. Rumah yang bangun kita

sendirilah. Aku bayar tukang iku. Tukangnya anak-anak sini, dari sini juga.

Kayunya beli sinilah, maune ikulah, iku wes entek kayu, kayu elek-elekan, maune

kayu kir, ke toko, ndak iku, iko wes dindinge wes gapuk kabeh wes tak ganti kok,

podho keropos, wes 35 taun kae omah kae, keropos. Tapi nak yang dulu yang punya

bapak ini dulu, ketoko ikir asli ikir tapi, sing besar-besar gini, sing jual mesin, saiki

gelem gapuk wae ora.

Pas neng Leiding 5, rumahnya bikin sendiri, tapi aku rung mbayar pajek, karena

gak di mesteri, gak disemen, omahe apik tapi ra disemen, suwe-suwe lantai lemah

ngono di tokok ngono. Rumahnya gak tingkat, biasa, seng ya, seng murahe kok,

seng. Cuma kalo disemen, mbayar pajak, 8 perak setengah, 6 perak, setaun. Ono

sing periksa, nambah kebon 15 rupiah. Nek omah ki paling 10 setaun. Nak kowe

arepe nandur pari ora duwe tampang, iku nang lambour. Lambour itu pemerintah,

perkebunan, ngko upomo siji yo mbaleke siji, pomo jupuk segoni yo mbaleke

segoni punjule embuh pirang kilo aku, nang kene nggak. Di utangi nang kono karo

pemerintah. Kan enak neng kono, pemerintah gampang kok. Loro di obati mbayar

pajek, kon 15 rupiah. Tapi nek aku 5 hektar ae sok-sok mbayar 15 rupiah ora diuber

karo anune, ambane kas Negara mburine adoh, mburi adoh memburi ora mbayar.

Ngko banyune njupuk seko polder pemerintah sing gawekne pendak 3 bulan sekali,

babad. Dadi polder iku saluran air ini tiap orang satu, satu punya. Ngko kowe

upomo kowe hurung nandur aku wes nandur, aku wes njupuk, kowe ora, ditutup

nggokmu, nggokku di buka. Nang nggokku kabeh, woohhh iwak okeh, iwak kuwik,

iwak gabus.

(1:34:02)

Iyo nang polder, nang nggokku nek muni bar tandur, iwak semene-mene ki dho

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

mlaku-mlaku, di senter. Kowe seneng nang kono, ayo rono ayo. Iwak-iwak

dipancingi. Bebas. Ra ono opo-opo. Dipancingi bebas. Kowe sekolah ora duwe

biaya, di biayai pemerintah nang kono, kowe arep kuliah ning ra duwe, kowe pinter

tapi pingin kuliah dibantu pemerintah, ngko nek wes bar kerja dipotong gajimu

nggo mbayar. Sing ora pinter yo ra mbayar, nek wonge pinter-pinter yo mbayar.

Enak neng kono, opo-opo ra mbayar. Luwih enak neng Suriname. Jane tesih

kepengen neng kono tapi wes tuo, kepiye maneh. Iku sing arepe tilik Suriname.

Nek selingkuh-selingkuh biasa boleh. Menungso. Aku mane jih enom yo selingkuh

biasa, saiki wes tuo, bojone dew e ae ra di demek saiki, tenan turu yo gletak wes

ayem, aku yo , aku turu biasa, pek, ra mikir ngene-ngene. Seje karo wong enom yo,

grayahan. aku mulane saiki wani ngurut wong wedok-wedok barang, wong yo

cantik-cantik. Di urut yo ra opo-opo mergane iki wes ra duwe, ra duwe pikiran opo-

opo lah. Ngurut yo ngurut. Kanggo sehari-harine yo ngurut, kerja ora kuat kerja.

Paling-paling wes ra kuat kerja saiki. Dadi nang ngomah, babad-babad kiwo

tengene omah. Sithik-sithik wes liren. Ngunduh soklat di dol. Jambe, anakku, ooo

putuku iki mau nggowo diwehi, nggone polisi, manen sawit mau diwehi jambe

dipek di gowo mulih, aku tak belahi, tak cukili, kae nyukili jambe.Di dol. Di dol

karo, 3 ewu sekilo, jambe. Soklat, seko nggone modo, Bangli ki yo duwe soklat

saiki entek soklate. Pirang taun ra pethuk. Ora pethuk meneh. Wes tuo iki mau, gari

neng umur. Panjang umur. Opo diwehi, sing anu yo panjang umur, sing murah

rejeki, golek sandang pangan sing gangsar. Arepe sugih, ora iso wes, maune duwe

saiki arep duwe meneh wes ora. Yo wes mlarat ki yo, koyo dene air ki grujug-

grujug. Nek dong yo ithir-ithir, nek dong yo ngurut yo ngono yo. Nek dong telung

dino patang dino ra ono wong ngurut. Nek dong 5-6 teko. Kuat dong, alon-alon.

Nek dong aku entuk 100 ngasian, nek dong 200, aku neng Pekanbaru yo pernah,

aku kon ngurut, di ngene wae wes 200, 100, aku entuk hampir sakjuta.

(1:40:22)

Bali Indonesia embuh umur piro yo? Nang kene 56 taun, wes suwi no yo? Aku

nang kene, le rene embuh taun piro, lali aku kok. Mungkin umur 25. Wis duwe anak

3, eneng sing sekolah yo eneng sing ora. Maklum ya bocah, sekolah yo sekolah

rakyat. Sing sekolah rodo tinggi yoiku franklin iku,sing SMA trus neng pekanbaru

iku. Gak kuliah gak, ra kuat duite.ra duwe bapake, ra duwe duit. Yo SMA. Terus

nglamar kaltek mlebu dek-e. Kerja caltek wes pirang t aun wes rangerti aku, maune

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

mlebune payah kaltek iku tes-tesane ping pindo iku.

Bapakkku ra tau crita, ora tau di critani pak ku aku teko njawa ngene-ngene. Le

ngomong ki yo, makku karo pakku yo podho-podo neng Deli, kontrak. Sih gadis

karo joko, nang kono terus di gowo rene karo londo iku. Kurangan uwong neng

Suriname. Dadi campur iku, eneng sing wong minang, eneng sing wong batak

barang iku gowo neng Suriname. Wong minang yo eneng. Perjanjianne, kowe yen

gelem neng kono terus tak wehi kebon. Kebon ora mbayar. Tapi nek kowe mulih,

duite premi diwehi nek nang kono. Tapi nek mulih nang njawa ora metu duite

premi, 40 rupiah. 40 rupiah, nggo premi. Jaman semono 40 rupiah, wooww..

Untu-ku entek, iki entek iki tibo aku, seko numpak sepeda, lha ndronjong, jempalik.

Tibo entek iki. Teko Air bangis numpak sepeda aku lho, kerja numpak sepeda.

Mulihe numpak sepeda. Neng kono mbandar. Ujung gading, mbakul. Aku wes tahu

mlaku teko ujung gading. Dalane krikil isihan. Taun piro kuwi, neng pucuk, hurung

gestapu kok. Seko Suriname nggowo opo-opo, yo nggowo, bakal lampu, beras, iku

kawat listrik. Nang kene rencana mbek lampu ta? Nggowo kawat listrik.

(1:47:40)

Iku rak mbandar iku yo nggowo, cangkol, sekop, pacul gawanane, tali seko

Suriname. porok iku yo cangkol iku, garpu.

Aku ra tau cerito pengalamnku karo anak-anak, malah pake koyo ngene-koyo ngene

wes jarang aku ngomong. Podho ngerti to ngadimun wong ngadimun cilikane

ngadimun ki ngerti nek aku nang kono. Anak liyane ra ngerti, lahire kene kabeh

kok, sing lahir kono yo ngadimun. Ngadimun umure wes 52 po 57. Wes meh

setahun setengah kliwat. Piro setahun setengah kae ngadimun rene kae, gur mlaku-

malku kok, pengen mlaku-mlaku. Koyo putuku kae lho. Kebirut keputu, mobile di

dol ra genah. 29 rakyate (putune-red). Iki eneng sing ora tak etung lho. Buyutku

okeh, lha iki anake sing iki omahe nang kono. Buyut, omahe sewanke, merantau.

Iki neng kene buyut. Okeh buyutku. Dilut meneh meh canggah aku lho. Iki nek iki

buyutku rabi, wes gede, gadis wes umur wes SMA. Nek nikah po ra wes. Lha iki

sing neng kene iki wes kerja neng padang. Nang kene, kui nek rabi duwe anak rak

canggah kui. Bojoku sing nang Suriname, wes canggah wisan, wes canggah sing

nang kono. Sing bojo sing tak tinggal iki. Wes sasat wes canggah kui. Aku ra tau

dilayangi kok (bojone neng Suriname-red). Deke arepe nglayangi rene yo ra ngerti

alamate. Bapakku ijik urip ora yo ra ngerti. Mulane aku ngomong karo Sarmuji nak

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

nang Suriname, tak kon mampir nang Kopijompo. Nak menowo ijik kae. Tak kon

gelem ngape. Blas ora ngerti kabare. Sakplok tak tinggal. Aku yo ra pamitan rono,

salahe.

(1:53:04)

Ora pamit, kesusu kok. Menowo ngiro aku wes mati iki. Wes ra, Suwi banget kok.

Sakplok cah hurung, nyampe bojo si sing tak jak rene iki kok. Dadi ki wes ninggal

trus kawin meneh iki. Bojoku 4, ping pat. Wes wareg, terakhir iki thok, tuek. Iki

wae sih sok konco rino-wengi ae kok. Nek karepku ora rabi. Trus saiki nek aku

mriang, sing masake sopo, sing ngumbahi gombalanku sopo, kan mikir iki yo,

mulakne, bojoku yo nrimo dilalahe, koyo jenate mak-e, aku ra nduwe duit deke

meneng, mangan sak-enenge, nek duwe yo blonjo. Ra duwe piye meneh? Ra duwe

opo nggo blonjo. Tapi yo rejeki ki dilalaheyo eneng, rejeki mbuh seko ndi, mbuh

dodol-dodol opo-opo. Mbuh ngko, ki diwehi anakku iku sak panenan 100 ribu.

Tetapi yo panen pindo 200. Karo nggo blonjo prasasat, cukup yo cukup, piye

meneh. dicukup-cukupke lah. Nggo bayar lampu, okeh aku, nggo bayar lampu.

Wis ora duwe crito, crito opo. Entek wesan, critane sok nek wes nang kono wes

suwe, pake ditiliki mrene.

Nek pakku anu Madiun, mbokku Madiun, Bapakku Tegal pekalongan. Tapi ora

ngapak ann. Ak ra tau mrono, ora ngerti nggone kok, maune arep mrene ra tekok

karo bapakku salahe, sakdonge maune rene tekok iso sakdonge goleki dulure.

Jami, bojoku sing nang Kopijompo.

Aku nek dong dolan rono, aku belajar main kertu yo neng nggone mbokke iki.Ya

diblajari, tapi aku gak main aku gak. Ra tau neng pajak, eman-eman duitku tak nggo

main. Hiburan aku yo nonton, ngko nek ono dansa melu dansa. Nek ono ludruk

melu ludruk, ngombe jarang aku ngombe nganti mabok ngene-ngene ndak mau,

ndak mau. Ludruk neng Peperpot yo eneng, latihanne tiap minggu, latihan neng

nggone lurahe.

(1:59:43)

Nggokku eneng carik kamituo, kebayan, lurah, eneng nang nggonku. Aku nang

kono karo wong tu ngajeni aku, celuk pak, celuk wo, celu lik, aku numpak sepeda

nek ono wong tuo mudhun. Nderek langkung, mbah nopo pak, kulo bade langkung

ajeng bade tindak mriko. Ngono, ngomong. Bocah saiki, wonge arek di tendang,

aku arep ditendang. Cah saiki, lha numpak Honda nang ngarepku kae, ngasi tak

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

palangi kayu kae. Di getne, weng-weng, kan yo ra bener ta? Nang ngarepe mbahe

mongko, putu-putu. Putu-putu, wes ra ngajeni, nang kono di gemplang nang

Suriname. Karo mbahe dewe wae, nek karo mbahe wong liyo wae ngajeni. Anu,

ngladeni, rewang ngene ngladeni, teko kene teko kono, aku wes mulai ndodok aku,

lha nang kene, njengking wae nyak. Kari njengking, ngladeni nang kene cah saiki.

Sih nom lah, ndak boleh, monggo kulo aturi dahar mbah po pak. Koyo wong Jogja

wae. Mosok koyo bocah kene. Gak. Kadang-kadang ra boso, mangan mbah. Ora

ngajeni babar pisan ora ngajeni karo wong tuo.

Nang Leiding 5, bahasa jawane campur aduk lah, campu aduk, yo halus yo campur

aduk, biasa boso biasa. Aku biyen macake, nek nang jawa mbuh, nak melekan

ngono udeng-udengan miring, nggo klambi, anu kaos putih sabuke songketan

sakmene kae, kathoke komprang. Nek nggo ndodok kan enak. Kostum-kostume

tukulah. Trus nek tayuban, nggo das, nggo klambi nggo das, nggo jas, nggo dasi.

upomo kathoke iki ireng iki sepatune putih. Nggo jam.

Aku bali yo nggowo, aku le nggowo, jase aku nggowo telu, nek dasine akeh aku le

nggowo tak wehke wong-wong. Ga pernah dipake disini. Suriname klambine iki

dasine iki, klambine iki dasine iki, lha po le pasang dasi kleru wae, weruh wong

londo. Ahhh sempitne, byak, ngomong kleru iki le masang, pasangke, iki le

dipernahne, yo uwes deke mlaku meneh. Nek wong gadis-gadis, nek weruh wong

kleru, anu, di tatakne, jase, lha iki baru apik. Mlaku wes, ora pacare ora apa-apane

tapi yo natake apik.

(2:04:19)

Nek bojo nganggo jarik lah, jarik kathok klambi dowo jarik, nggo iki nggo

gelungan nggo cucuk, mubeng cucuke. Anu, nggo anu opo iku, bojoku Kopijompo,

sanggulan, mubeng cucuk, jungkat emas, gelang. Kabeh didol neng kono. Aku wae

nang kono yo. Iki, jam iki rego 100 rupiah, iki emas lho, keno di gadeke emas iki.

Ali-aline 2, ali-ali nikah siji, ali-ali biasa siji, bolpene iki nang kene 2, emas iki.

Uwes ganteng kuwi, tapi nang kono ra ono carane wong nyopet gak.aman polisi

pirang-pirang kok, kene disebrot wong no. Cucukke mubeng iku, bojoku, ora eneng

wong nyebrot, nyebrot iki, aku nek lungo ngerti opo? Nggowo, peso, ro di kalung.

Nggowo iki, nek nyebrot hemm… lho tenan. Tapi aku ra tau geger, aman kok. Tapi

nek iku, wong negro, ake wes pernah di keroyok wong negro. Arep di jaluk duite.

Arep ngrampok, arep tak antem keno kene, nggeblak. Tak hindari wae. Itu malam,

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

siang ndak beranilah, nang ndalan lah. Aku kendel maune. Wong enom kae, mlaku.

Ngger kepethukan gadis, yo iso bareng, yo ora kepethukan gadis yo ayo bareng,

tapi nek ra kepethukan yo ijen mlaku. Uwis ono listrik tapi neng nggonku durung.

Kebonan durung isih dumar pompan, pertama-pertama,hurung eneng, dumar

pompane kui yo karo gantung ngene ki lho. Teplok, gantung, gantung kae larang

kae lho, dumar gantung di dhukne diunggahne keneng di kerek mudhun. Larang

kae, nek cino meh 100 rupiah, sakmene wadahe, nggo minyak, ngko nek pas disilih

wong diwehi jadah njero, iyo, men awet. Ngko teko ngomah, ngomong iki ono isine

jero pak. Teko kono jikuk lengane dibuang, le iki jadahe digoreng karo sing

duwe.diiseni nek ngulihke, yo ra nggondo minyak,ra nggondo minyak lampu. Ra

eneng minyake lampu, wes minyak caltek kabeh dadi gathuk. Uripe ki anteng

ngono lho, ora menceng-menceng, ora, menthore ora koyo minyak lampu, nek

lampu kan menthore lain, iki menthore anteng. Apik, rene aku biyen ora nggowo

aku. Nek neng kono seje.

(2:09:14)

Neng Leiding 5, langgar eneng mesjid eneng. Bangune gotong royong. Pertama

langgar, lha iki bar main sodor hari raya, mulai poso kae. Bar sodor, turu to jam siji

kae bar sodor. Kae ki turu, eneng manuk hur… ktekuk kuk kuk…. Ngono kae, ono

sing kenene suwek barang, kene, kene, mlebu nirokne to, awake dewe nirokno neng

njero mesjid karo turu. Iki nggawe iki lho, sigar iki maune daginge, lha iki nggo

tenger karo dulurku. Aku maune ra nduwe iki, mbak. Isih piro, umur 12 taun, turu

nang mesjid. Eneng sing perasaanku sigar neng kene, njumbul ngene iki,

matane cemlorot koyo senter. manuk hantu, burung hantu guedene. Pengajian ono,

kono ono sing special, di pal karo lurahe kok, ngajari ngaji, ngajari sembayang, tapi

gede-gede ndugal ra gelem sembahyang aku, trus saiki tuek sembahyang maneh.

Maune nang kopijompo rung sembahyang aku. Tak tinggal sembahyang, kadung

mulih rene, tuek, umur 70 keatas aku wes sembahyang. Iki anaku wes saiki

sembahyang ngadimun, maune rung gelem, di kongkon emoh, saiki sembahyang

dewe. Saiki deke duwe putu, wes duwe putu duwe anak, kon sembahyang manut

saiki, maune di kongkon pake emoh sembahyang, aku wae emoh sembahyang

maune. Maune opo-opo dipangan, iwak opo-opo di pangan, saiki gak. Iwak ulo

barang di pangan maune aku, saiki gak. Tapi neng cino dek durung sembahyang

aku yo, tapi kirike kirik opo iku ora sembarang kirik. Kirike di ingu kok. Cino

Template interview Javanese migrants 2010-02-15_fs

wuuhh le ngolah..dimasak semur kae, tapi uenak, tapi koe ngertine enak gur iwak

pitik. Ndak ngerti saya. Rasane uenak, rasane koyo iwak sapi wae, karo iwak sapi

enak kui gurihe. Nek iwak babi barang iku enake ngungkuli iwak pitik lho. Ijik

enom kan isih ndugal. Saiki insyaf. Iyolah wes insyaf, wes tuo. Mung aku nak nang

ngomah kesinggung perasaanku, naik darah, gampang jengkele aku. Tapi nek ra

disinggung, wes nendang. Kon ngungkuli nendang wae iso, ojo ngasi kesinggung

perasaanku. Iki soyo tuo ki, maune aku nek ndelok darahe aku 140/180. Normal

aku, anu barang ki yo ngomong normal aku, bidane barang ngono, doktere yo

ngomong aku normal. Tapi nek dong kok, ra popo kok yer,yer, wes tuo mbuh piye,

ra dong aku.