Parikan Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

  • 8/18/2019 Parikan Jawa

    1/2

    PARIKAN

    Tegese Parikan

    Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo

    narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.

    Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi

    guru swara.

    Paugeran utawa pathokane parikan

    Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.

    Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.

    Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.

    Tuladha parikan

    Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2

    a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi

     b. Wajik klithik, gula Jawa. uwih becik, sing prasaja.

    c. !yangking ember, kiwa tengen. ungguh jejer, tamba kangen.d. Plesir sore, dina ahad. !aksir kowe, kakeyan ragat.

    e. Plesir sore, dina minggu. !aksir kowe ora kewetu.

    Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2

    "isa nggender, ora bisa ndemung. "isa jejer, ora bisa nembung.

    "isa nggambang, ora bisa nyuling. "isa nyawang, ora bisa nyandhing.

    #anuk emprit, menclok godhong tebu. $adi murid, sing sregep sinau.

    Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2

    "ayeme, wis kuning – kuning. %yeme, yen wis nyandhing.

    Timune, diiris – iris. &umune, ora uwis – uwis.

    'irahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk.

  • 8/18/2019 Parikan Jawa

    2/2

    Parikan (4 wanda + wanda) x 2

    (lapa sawit, wite dhuwur wohe alit. )sih murid aja seneng keceh dhuwit.

    (embang menur, sinebar den awur – awur. *en wis makmur, aja lali mring sedulur.

    +ujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. *en wis condhong, tindakena gotong

    royong.Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. %ja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

    Parikan ( wanda + wanda) x 2

    .&awe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. %ja awatak gumampang, den

    sengkud nggregut sinau.

    Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja

    wedi ing rekasa.

    kayu urip ora ngepang, ijoijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padhangatiati

    Parikan padinan

    (ece, ora enak. #elu kowe ora kepenak 

     !getan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.

    Peyek diremet – remet. !genyek, aja banget – banget.

    Pitik walik, jambu wulung. $ilirik, wadul mring kakung

    Pitik walik saba kebon. (etoke cilik jebul babon.

    #anuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.

    Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa

    paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton

    gunggungin wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta

    tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang Basa Indonesia diarani

    pantun. mpamane !

    ".  #a$ahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.

    %.  kara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose)

    &.  Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

    '.  Parikan biasane kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra

    .  Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka

    wolung wanda saben sagatra.

    pendekarjawa.wordpress.com