32
34567 MARET 2016 APA SEBAB ´ EY ´ ESUS SENGSARA LAN S ´ EDA? P ` ENGETAN S ´ EDAN ´ EY ´ ESUS REBO, 23 MARET 2016

MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

34567MARET 2016

APA SEBAB´E Y

´ESUS

SENGSARA LAN S´EDA?

P`ENGETAN S

´EDAN

´E Y

´ESUS � REBO, 23 MARET 2016

Page 2: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

The Watchtower (ISSN 0043-1087) Issue 5 March 2016 is published monthly with an addi-tional issue published in January, March, May, July, September, and November by Watch-tower Bible and Tract Society of New York, Inc.; L. Weaver, Jr., President; G. F. Simonis,Secretary-Treasurer; 1000 Red Mills Road, Wallkill, NY 12589-3299, and in Indonesia by Saksi-Saksi Yehuwa Indonesia, PO Box 2105, Jakarta 10001. Periodicals Postage Paid at Brooklyn,NY, and at additional mailing offices. POSTMASTER: Send address changes to Watchtower,1000 Red Mills Road, Wallkill, NY 12589-3299. � 2016 Watch Tower Bible and Tract Society ofPennsylvania. Printed in Japan.

WULANGAN SING DISINAONI2-8 MEI ˇ KACA 11

Cah-Cah Enom—Apa Kowe Wis Siap Dibaptis?

9-15 MEI ˇ KACA 16

Cah-Cah Enom—Piye Carane Ben Siap Dibaptis?

16-22 MEI ˇ KACA 21

Cara Nguwatke Paseduluran Kristen

23-29 MEI ˇ KACA 26

Yehuwah Nuntun Uripe Umate

Apa Sebabe YesusSengsara lan Seda?Apa Kedadean Kuwi Ana Tenan? 3Apa Sebabe Yesus Sengsara lan Seda? 5

Apa Wong Kristen Perlu Ngibadah ingPanggonan Suci? 8

Apa Panjenengan Ngerti? 31

Apa Kandhane Alkitab? 32

PIY´E NURUT PANJENENGAN?

Apa pancen panjenengan entuk paedah saka ayat iki:

”Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake KangPutra ontang-anting.”—Yokanan 3:16.

Warta Penting iki nerangke paedahe sedane Yesus kanggo panjenengan.

34567 March 2016Vol. 137, No. 5 JAVANESE

Buku iki ora didol,nanging dicetak kanggopendhidhikan Alkitabsak donya sing diragadiwong-wong sing gelemnyumbang.

Nek arep nyumbang,deloken www.jw.org/jv.

Kabeh ayat asale sakaKitab Suci mawi BasaJawi Resmi, kejaba nekdisebutke liya.

Apa pengin entuk katrangan luwih akeh,utawa sinau Alkitab ing omah ora mbayar?Bukaken www.jw.org/jv.Kanggo alamat ing negara liyane, delokenwww.jw.org/id/hubungi-kami.

sWACANENLIYAN

´E ING

INTERN`ET

JAWABAN ALKITAB LIYAN´E

Apakah Yesus Matidi Kayu Salib?

(Deloken AJARAN ALKITAB ˛

PERTANYAAN ALKITAB DIJAWAB)

r

Page 3: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Kedadean sing penting iki isa diwaca ing kitab Injilsing cacahe papat ing Kitab Yunani Kristen, utawaPerjanjian Anyar. Apa kedadean kuwi ana tenan?Pitakonan kuwi cocog lan penting. Nek ora anatenan, imane wong Kristen ora ana gunane, lanpengarep-arep kanggo urip ing Pirdus ora bakalkelakon. (1 Korinta 15:14) Ning, nek ana tenan,kuwi bakal ngekeki urip sing nyenengke kanggomanungsa mbesuk, lan kuwi isa diwartakke. Dadi,kedadean ing Injil kuwi ana tenan apa ora?

BUKTIN´E

Ora kaya dongeng, kedadean ing kitab Injildicritakke kanthi cetha lan tliti. Contone,nyebutke jeneng panggonan sing ana tenan,sing saiki isih isa diparani. Wong sing disebutkepancen ana lan disebutke para ahli sejarah.—Lukas 3:1, 2, 23.

SING UTAMA DIREMBUG

APA KEDAD´EAN KUWI ANATENAN?

Sasi Maret-April 33 M,Yesus, wong Nasaret, dipateni.Yesus difitnah, digebuki, landipaku ing cagak. Yesusngalami sengsara sakdurungeseda. Ning, Yesus diuripkemaneh karo Gusti Allah,banjur 40 dina sakwisemunggah swarga.

MARET 2016 3

Page 4: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Para penulis sejarah ing abad kapisan lankapindho, uga nulis bab Yesus.� Ing kitab

� Contone, Tacitus, sing lair kira-kira taun 55 M. Dheweke nulis nek”Kristus, asale jeneng [Kristen], diukummati karo Gubernur PontiusPilatus, wektu pamrentahane Tiberius”. Yesus uga disebutke karoSuetonius (abad kapisan); ahli sejarah Yahudi Yosefus (abad kapi-san); lan Pliny Enom, gubernur Bitinia (wiwitane abad kapindho).

Injil, carane Yesus seda padha karo caranewong Rum ngukum penjahat ing jaman kuwi.Kedadean-kedadean sing ditulis pancen nya-ta lan ora ngapusi, klebu nyritakke kesalah-ane para muride Yesus. (Mateus 26:56; Lukas22:24-26; Yokanan 18:10, 11) Kabeh bukti maunduduhke nek para penulis Injil kuwi jujur lantliti, wektu nulis bab Yesus.

PIY´E BAB Y

´ESUS SING DIURIPK

´E MAN

`EH?

Senajan umume wong-wong gelem nampanek Yesus urip banjur seda, ning ana sing orapercaya nek dheweke diuripke maneh. Malah,wektu ana lapuran bab kuwi, para rasule oralangsung percaya. (Lukas 24:11) Ning, akhirepara rasul lan murid liyane percaya merga we-ruh Yesus sing wis diuripke maneh ing wek-tu sing beda-beda. Malah, tau ana luwih sakawong 500 sing bareng-bareng weruh Yesus.—1 Korinta 15:6.Para muride wani martakke nek Yesus wis

diuripke maneh, marang kabeh wong, klebusingmelu mateni Yesus. Padhahal kuwi bahaya,merga isa dicekel lan dipateni. (Lelakone ParaRasul 4:1-3, 10, 19, 20; 5:27-32) Apa mung-kin para muride wani martakke, nek ora yakintenan Yesus diuripke maneh? Sakjane, beritabab Yesus sing diuripke maneh kuwi, malah isangekeki kekuwatan kanggo nyemangati wongKristen saka wektu kuwi nganti saiki.Sing ditulis ing Injil bab Yesus sing mati lan

diuripke maneh, isa dibuktekke ing sejarah do-nya sing diakoni wong akeh. Nek tenanan macakitab-kitab Injil kuwi, panjenengan isa ngra-sakke nek kabeh kedadean mau pancen anatenan. Iman panjenengan bakal saya kuwat,nek ngerti alesane ana kedadean kuwi. Kuwi ba-kal dirembug ing kaca sakbanjure.

Merga Yesus wis ngekeki pengaruh gedhe ing donyaiki, apa perlu nggolek bukti maneh sing dudu sakaAlkitab? Ora. Injil ditulis kira-kira meh 2.000 taunkepungkur. Buku-buku liyane sing ditulis ing jamankuwi isih ana nganti saiki. (1 Petrus 1:24, 25) Wong-wong sing ora seneng karoYesus uga nulis apa wae,kanggo ngalang-alangi wong ben ora percaya karocrita babYesus.

Rasule Yesus sing jenenge Petrus, nerangke babYesus sing diuripke maneh, ”Ing tigang dintenipunGusti Yesus punika dipun wungokaken dening GustiAllah saha sampun dados keparenging Allah, bilihPanjenenganipun lajeng ngatingal, boten dhatengtiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng paraseksi, ingkang saderengipun sampun tinudingdening Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sa-daya ingkang sampun ndherek nedha lan ngombekaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panje-nenganipun wungu saking antawisipun tiyangpejah.” (Lelakone Para Rasul 10:40, 41) Kok orakaro kabeh bangsa? Injil Mateus kandha, wektungerti nek Yesus diuripke maneh, para pemimpinagama sing mungsuhi Yesus ora ngentukke wong-wong crita bab kuwi.—Mateus 28:11-15.

Apa Yesus pengin berita kuwi dadi rahasia?Ora. Petrus kandha, ”Punapadene Panjenenganipunsampun paring bebahan dhateng kula sadaya,martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dadospaseksi, bilih inggih Panjenenganipun punikaingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakimtumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.”Kuwi sing wis lan lagi ditindakke wong Kristen sejati.—Lelakone Para Rasul 10:42.

Apa Sebabe Ora Ana LuwihAkeh Bukti Sejarah?

Page 5: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Apa jawaban panjenengan nek ditakoni, ”Apa pengin uripsaklawase?” Akeh-akehe wong njawab pengin, ning mesthimikir kuwi ora mungkin. Umume wong kandha nek kabehwong mesthi mati.Nek pitakonan kuwi diganti, ”Apa panjenengan wis siap

mati?” Umume wong njawab ora. Lha ngapa? Merga lumrahewong pengin urip senajan ngadhepi masalah. Alkitab kan-dha nek wektu nggawe manungsa, Gusti Allah ngekeki rasapengin urip. Gusti Allah ngekeki ”kalanggengan” ing ”atine”.—Kohelet 3:11.Ning, nyatane manungsa ora isa urip saklawase. Dadi, apa

masalahe? Apa Gusti Allah bakal ngowahi kahanane? Jawab-ane Alkitab pancen nentremke, lan ana hubungane karo ales-ane Yesus sengsara lan seda.

MASALAH´E

Bab siji tekan telu buku Purwaning Dumadi, ngandhaninek Gusti Allah nduwe rencana kanggo Adam lan Kawa. GustiAllah ngekeki pengarep-arep kanggo urip saklawase, lan kuwikudu diupaya. Ning, nyatane Adam lan Kawa ora manut,banjur mati. Pancen critane mung cekak, malah ana singngarani mung dongeng. Ning, kaya buku-buku Injil, bukuPurwaning Dumadi cocog karo sejarah.�Apa akibate merga Adam ora manut? Alkitab kandha,

”Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad jalaran saka wongsiji, sarta tekane pati marga saka dosa mau, mangkono sipati iya wus nyrambahi marang wong kabeh, jalaran wongkabeh mau wus padha gawe dosa.” (Rum 5:12) Adam dosamerga ora manut. Dheweke ora isa urip saklawase. Mergaketurunane Adam, awake dhewe ya melu dosa, lara, tuwa, lanmati. Kuwi kaya penyakit turunan. Ning, apa Gusti Allah ba-kal ngowahi kahanane?

SINGWIS DITINDAKK´E GUSTI ALLAH

Gusti Allah nebus utawa nuku maneh sing wis diilangkeAdam, yaiku pengarep-arep urip saklawase kanggo keturun-ane. Piye carane?

� Deloken ”Kejadian sebagai Buku Sejarah” ing buku Pemahaman Alkitab jilid 1kaca 1203, sing dicetak Seksi-Seksi Yehuwah.

APA SEBAB´E Y

´ESUS SENGSARA LAN S

´EDA?

”Kaya tekane dosa ingjagad jalaran sakawongsiji [Adam], sarta tekanepati merga saka dosamau.”—Rum 5:12

MARET 2016 5

Page 6: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Rum 6:23 kandha, ”Awit pituwase [upahe] dosaiku pati.” Kuwi maksude, wong akhire mati mergadosa. Adam mati merga dosa. Wektu lair, awakedhewe wis dosa, senajan kuwi dudu salahe awakedhewe. Mula, awake dhewe uga mati merga dosa.Gusti Allah sing nresnani manungsa, ngutus pu-trane, Yesus, kanggo nanggung ”pituwase dosa”sing kudune ditanggung manungsa. Piye carane?Merga Adam sing sampurna kuwi ora setya,

akhire keturunane dosa lan mati. Mula, sing kudumati kanggo mbebaske manungsa saka dosa yakudu sampurna lan setya. Alkitab kandha, ”Dadipadha kaya pambangkange wong siji mau njalariwong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga mar-ga saka pambangun-turute wong siji kabeh wongbanjur padha dadi wong kang bener.” (Rum 5:19)”Wong siji” sing setya kuwi Yesus. Dheweke ning-galke swarga, lair dadi manungsa sampurna�, lan

� Gusti Allah mindhah uripe putrane saka swarga ing wetengeMaryam, banjur Maryam meteng. Lan, roh sucine Gusti Allahngayomi ben Yesus ora entuk warisan dosa saka Maryam.—Lukas 1:31, 35.

seda kanggo manungsa. Hasile, manungsa isanduwe hubungan sing akrab karo Gusti Allah lanurip saklawase.

ALESAN´E Y

´ESUS SENGSARA LAN S

´EDA

Sakjane apa perlu Yesus seda kanggo manung-sa? Apa Gusti Allah sing mahakwasa ora isanggawe keputusan ben keturunane Adam uripsaklawase? Gusti Allah nduwe kwasa kanggonindakke kuwi. Ning, kuwi bakal ora cocogkaro hukume Gusti Allah nek upahe dosa kuwimati. Hukum kuwi dudu bab sepele sing isa dio-wahi ben padha-padha kepenak. Hukum kuwipenting banget kanggo keadilane Gusti Allah.—Jabur 37:28.

Nek Gusti Allah ora tumindak adil ing babkuwi, isa wae wong-wong mikir, apa Gusti Allahbakal tumindak adil ing bab liyane. Contone, apaGusti Allah bakal adil wektu milih wong-wongsing isa urip saklawase ing antarane keturunaneAdam? Apa Gusti Allah isa dipercaya bakal terusnetepi janjine? Tumindake Gusti Allah sing adil

Sedane Yesus nggawe manungsatentrem lan urip saklawase

6 WARTA PENTING

Page 7: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Mbengi sakdurunge seda, Yesus kumpulkaro para rasule lan netepke Pengetansedane. Yesus kandha, ”Iki tindaknaminangka pangeling-eling marang Aku.”(Lukas 22:19) Manut karo prentah iki, Seksi-Seksi Yehuwah sak donya ngumpul barengkanggo ngeling-eling sedane Yesus sabentaun. Taun wingi ana 19.862.783 sing teka.

Taun iki, Pengetan Sedane Yesus dianakkedina Rebo, 23 Maret, wayah surup. Panje-nengan, keluarga, lan kanca diundang tekaing acara iki kanggo ngrungokke ceramahAlkitab, sing bakal nerangke alesane Yesusseda lan gunane kanggo panjenengan. Aca-ra iki ora mbayar lan ora ana kolekte. Nja-luka katrangan bab wektu lan panggonane,karo Seksi-Seksi Yehuwah ing dhaerahpanjenengan. Panjenengan uga isa mbukakwww.jw.org/jv.

”Iki Tindakna”

wektu nylametke manungsa, kuwi jaminan nekkabeh sing ditindakke Gusti Allah mesthi bener.

Merga Yesus seda, Gusti Allah isa menehipengarep-arep urip saklawase ing Pirdus ing bu-mi. Yesus kandha ing Yokanan 3:16, ”Gusti Allahanggone ngasihi marang jagad iku nganti ma-srahake Kang Putra ontang-anting, supaya sa-ben wong kang pracaya marang Panjenenganeaja nganti nemu karusakan, nanging nduwena-na urip langgeng.” Sedane Yesus ora mung ndu-duhke nek kabeh tumindake Gusti Allah kuwiadil, ning sing paling penting, nduduhke tres-nane sing gedhe marang manungsa.

Ning, apa sebabe Yesus kudu ngalami sengsa-ra ndhisik sakdurunge seda kaya sing ditulis ingInjil? Yesus gelem nglakoni kuwi lan tetep setya,kanggo mbuktekke nek Iblis ngapusi, merga Ibliskandha nek manungsa ora bakal setya nek uripsengsara. Bukti kuwi sepisan kanggo saklawase.(Ayub 2:4, 5) Omongane Iblis kuwi kayane be-ner, merga Adam gelem dipengaruhi ben dosa.

Ning, Yesus sing sampurna kaya Adam, tetep se-tya senajan sengsara. (1 Korinta 15:45) Yesusuga mbuktekke nek sakjane Adam isa milih setyakaro Gusti Allah. Rasa setyane Yesus kuwi dadiconto kanggo manungsa. (1 Petrus 2:21) Mula,Gusti Allah ngekeki Yesus sing setya, urip sakla-wase tanpa isa mati ing swarga.

GUNAN´E KANGGO PANJENENGAN

Sedane Yesus kuwi pancen nyata. Manungsaisa nduwe kesempatan urip saklawase. Apa pan-jenengan pengin urip saklawase? Yesus ngan-dhani syarate wektu kandha, ”Wondene meng-gah gesang langgeng punika manawi tiyang samiwanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati pi-yambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Pa-duka.”—Yokanan 17:3.

Penerbit majalah iki ngajak panjenengan sinauluwih akeh bab Yehuwah lan putrane, Yesus Kris-tus. Seksi-Seksi Yehuwah ing dhaerah panjeneng-an seneng mbantu. Lan, panjenengan uga isaentuk katrangan luwih akeh ing www.jw.org/jv. ˇ

MARET 2016 7

Page 8: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

SABEN taun, luwih saka wong nem yuta ma-rani alas ing Semenanjung Shima, ing Jepang.

Ing kono ana Panggonan Suci Ise kanggo nyem-bah dewi agama Shinto, yaiku Amaterasu Omi-kami. Dewi kuwi wis disembah ing kono kira-kira2.000 taun. Sing teka kudu kemu lan wisuh ta-ngane.Wektu ngadeg ing haiden (panggonan kang-go ngibadah), wong-wong kuwi kudu mbungkuk,keplok, lan ndonga marang dewi kuwi.� AgamaShinto ngentukke jemaate sembahyang nganggocara agama liya. Ana wong sing agamane Budha,Kristen, lan liyane, rumangsa ora masalah nekmelu ibadahe agama Shinto ing panggonan kuwi.Akeh-akehe agama ing donya iki nduwe pang-

gonan suci� sing kerep diparani wong akeh. Ing ne-gara sing ngaku Kristen, akeh gereja lan panggon-an suci kanggo ngibadah marang Yesus, Maryam,lan para wong suci (santo). Ana panggonan singdianggep suci, merga ing kono wis tau ana kedade-an utawa ”mukjijat” sing disebutke ing Alkitab uta-wa ana barang keramat. Wong-wong percaya nekndonga ing kono, dongane mesthi dijawab. Liyane

� Ing saben panggonan ibadahe Shinto, acara ibadahe ora mesthipadha.� Deloken kothak ”Panggonan Suci Kuwi Apa?”

mara mrono merga pengin jiarah, lan nduduhkenek dheweke mempeng ibadahe.Apa nek ndonga ing panggonan suci mesthi

dijawab? Apa Gusti Allah seneng karo ibadahewong-wong sing jiarah ing kono? Lan sing pa-ling penting, apa wong Kristen perlu ngibadah ingkono? Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwiora mung ngandhani piye kudune tanggepaneawake dhewe bab ngibadah ing panggonan suci,ning uga ngandhani ibadah kaya apa sing dika-repke Gusti Allah.

NGIBADAH DITUNTUN ROH SUCI LAN ALKITABWektu omong-omongan karo wong wedok saka

Samaria, Yesus ngandhani tanggepane Gusti Allahbab ngibadah ing panggonan suci. Yesus ngli-wati Samaria lan ngaso ing sumur cedhak kuthaSikhar. Dheweke ngejak omong wong wedok singlagi nimba. Wong wedok kuwi crita nek cara iba-dahe wong Yahudi lan Samaria beda, ”Para le-luhur kawula anggenipun sujud wonten ing redipunika, mangka bangsa Paduka criyos bilih pang-genanipun tiyang nglampahi sujud punika ingYerusalem.”—Yokanan 4:5-9, 20.

Apa Wong Kristen Perlu Ngibadah ingPanggonan Suci?

8 WARTA PENTING

Page 9: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Redi, utawa gunung, sing dimaksud wong wedokmau yaiku Gunung Gerizim, 50 km lor Yerusalem.Ing kono, wong Samaria nduwe panggonan iba-dah kanggo ngrayakke Paskah. Yesus ora ngrem-bug bab ibadah sing beda kuwi.Yesus kandha, ”He,wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumekaing wektune anggonmu padha sujud marang GustiAllah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ingkutha Yerusalem.” (Yokanan 4:21) Wong wedokmau ora nyangka nek Yesus bakal ngomong ngono,apamaneh Yesus wong Yahudi. Apa sebabe wong-wong ora bakal ngibadah maneh ing omahe GustiAllah ing Yerusalem?Yesus kandha, ”Nanging bakal tumeka ing

wektune, malah saiki wus tumeka ing wektunepara wong sujud kang sajati iku anggone padhasujud marang Sang Rama sajroning Roh lan ka-yekten, awit wong sujud kang kaya mangkonoiku kang dikarsakake dening Sang Rama.” (Yo-kanan 4:23) Pirang-pirang abad suwene, wong Ya-hudi nganggep nek panggonan ibadah ing Yeru-salem kuwi pusat kanggo ngibadah. Wong-wongkuwi lunga mrono setaun ping telu kanggo ngi-badah marang Yehuwah. (Pangentasan 23:14-17)Ning,Yesus kandha nek kuwi kabeh bakal diowahi.Para ”wong sujud kang sajati” bakal ngibadah ”ingsajroning Roh lan kayekten [sing bener]”.Panggonan ibadahe wong Yahudi ana wujude

lan ditemtokke dhaerahe. Ning, roh lan kayektenkuwi ora ana wujude lan ora ditemtokke dhae-rahe. Yesus nerangke nek wong Kristen sejati oramasalah ngibadah ing endi. Ora kudu ing Gu-nung Gerizim, omahe Gusti Allah ing Yerusalem,utawa panggonan suci.Wektu ngomong karo wong wedok Samaria,

Yesus nyebutke nek bakal ”tumeka ing wektune”cara ibadahe wong Yahudi bakal diganti. Kapan?Sakwise Yesus seda, cara ibadahe wong Yahu-di sing dhasare Hukum Musa ora dinggo maneh.(Rum 10:4) Yesus uga kandha, ”Saiki . . . wek-tune.” Apa sebabe? Sakwise dadi Sang Mesih,

Yesus nduwe murid-murid sing bakal manut karoprentahe, ”Gusti Allah iku Roh, mulane kangpadha sujud marang Gusti Allah, anggone su-jud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”(Yokanan 4:24) Apa maksude?Wektu ngomong nek ngibadah ing sajroning

roh, maksude Yesus dudu mung ibadah sing mem-peng lan semangat. Ning, maksude yaiku ibadah

Apa maksude Yesuswektu kandha nek kudu ngibadah”ing sajroning roh lan kayekten”?

� JTB Photo/UIG/age fotostock� Jose Fuste Raga/age fotostock

& Sing teka ing Panggonan Suci Ise,Jepang, lan Grotto of Massabielle,Lourdes, Prancis

MARET 2016 9

Page 10: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

sing dituntun roh sucine Gusti Allah, ben isangerti wulangane Alkitab. (1 Korinta 2:9-12) Ka-yekten sing dimaksud, yaiku ngerti tenan babwulangane Alkitab. Dadi, ibadahe awake dheweditampa Gusti Allah nek cocog karo wulanganeAlkitab lan dituntun roh suci, ora gumantungpanggonane.

TANGGEPAN´E WONG KRISTEN

BAB PANGGONAN SUCIApa wong Kristen kudu jiarah lan ngibadah ing

panggonan suci? Nek nggatekke prentahe Yesusmau, cetha nek ngibadah ing panggonan suci oraana gunane kanggo Gusti Allah, merga ibadah singbener kuwi ibadah ing sajroning roh lan kayekten.Apamaneh, Alkitab ngandhani tanggepane GustiAllah bab brahala. Alkitab kandha, ”Padha nying-kirana panyembahing brahala” lan ”sing padhawaspada marang sakehe brahala.” (1 Korinta10:14; 1 Yokanan 5:21) Merga ngerti asal-usulepanggonan kuwi, wong Kristen sejati ora bakalngibadah ing panggonan sing dianggep suci, utawasing marahi nyembah brahala.Ning, kuwi dudu tegese Gusti Allah ora

ngentukke ndonga lan sinau ing panggonan kusus.Awake dhewe isa sinau lan ngrembug Alkitab ingpanggonan sing penak lan pantes. Pancen, ora sa-lah nek arep masang kijing ing kuburan, mergapengin ngeling-eling wong mati sing ditresnani.Ning, nek panggonan, wonge, lan barang-barangekuwi dianggep suci utawa keramat, ora cocog karokandhane Yesus.Ora perlu lunga ing panggonan suci ben donga-

ne awake dhewe dijawab. Gusti Allah ya ora bakalngekeki berkah kusus merga jiarah ing kono. Alki-tab kandha nek Yehuwah kuwi ”Gusti Allahe langitlan bumi. Gusti Allah iki ora manggon nang omahgaweane manungsa”. Senajan ngono, Gusti Allahora adoh sakamanungsa. Awake dhewe isa ndongalan donga iku bakal dijawab, merga ”sakjane GustiAllah kuwi ora adoh karo awake dewe”.—LelakonePara Rasul 17:24-27, Basa Jawa Suriname. ˇ

Tembung ”panggonan suci” maksudepanggonan sing dianggep suci, panggon-an ibadah, utawa liyane. Panggonan iba-dah kuwi dinggo nyembah dewa utawawong ”suci”. Panggonan suci saiki bentukecandi, gereja, utawa guwa kanggo sem-bahyang. Kadhang kala, wong nggunakkeomah lan barang-barang sing dikera-matke, sing dipercaya isa nyambungkekaro alam roh. Ana sing nggawe panggon-an suci ing omahe. Ing akeh negara, kuwiwujude meja kanggo ndonga, sembah-yang, lan ndeleh sajen.

Ora kabeh panggonan suci dinggo ngiba-dah. Contone, ing akeh negara, ana singnggawe ’panggonan suci ing pinggir da-lan’ kanggo ngeling-eling wong sing ta-brakan ing kono. Liyane, nggawe pang-gonan kanggo ngeling-eling perang,kurban perang, utawa musibah. Senajaning panggonan-panggonan kuwi ana ke-sempatan kanggo ngeling-eling, ningmesthi ana hubungane karo agamanewong sing nggawe panggonan kuwi.

Panggonan Suci Kuwi Apa?

Page 11: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

”AKU kenal kowe ket lair, aku seneng wektu krungu kowearep dibaptis. Aku pengin takon, ’Apa sebabe kowe gelemdibaptis?’” kandhane pinituwa marang Christopher singumure 12 taun. Pinituwa mau nduwe alesan takon babkuwi. Awake dhewe seneng ndelok cah-cah enom sing ca-cahe ewon dibaptis saben taun. (Ko. 12:1) Ning, parawongtuwa Kristen lan pinituwa ing jemaat pengin masthekkeapa cah-cah enommau dibaptis merga keputusane dhewe,lan apa cah-cah kuwi ngerti maksude dibaptis.

2 Ing Alkitab, awake dhewe sinau nek janji ngabdi lan

1, 2. (a) Apa sing saiki nggawe seneng umate Gusti Allah? (b) Piyecarane wong tuwa Kristen lan pinituwa mbantu cah-cah enom ngertimaksude dibaptis?

Cah-Cah EnomApa Kowe Wis Siap Dibaptis?”Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisikngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.”—LK. 14:28.

LAGU: 6, 34

APA SING WISDISINAONI?��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa maksude diwasa, lanpiye Dhaniel nduduhke kuwi?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa buktine nek dibaptis kuwikeputusanmu dhewe?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa maksude janji ngabdi,lan apa hubungane karodibaptis?

Rong wulangan iki kanggo cah-cah enom singpengin dibaptis

11

Page 12: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

dibaptis kuwi tandha mulaine dadiSeksi Yehuwah. Uripe awake dhewewis ora kaya mbiyen. Yehuwah bakalmberkahi, senajan Iblis ora seneng.(WB. 10:22; 1 Pt. 5:8) Iki alesane wongtuwa Kristen kudu nggunakke wektu,kanggo mulang anake maksude dadimuride Yesus. Nek ora nduwe wongtuwa Seksi Yehuwah, para pinituwa ingjemaat bakal mbantu ben ngerti mak-sude janji ngabdi lan dibaptis. (Wa-canen Lukas 14:27-30.) Padha kayambangun omah, cah-cah enom kudupersiapan dhisik sakdurunge dibaptis,ben isa setya ngabdi marang Yehuwah”tekan ing wekasan”. (Mt. 24:13) Apasing mbantu cah-cah enom isa mu-tuske ngabdi marang Yehuwah sakla-wase? Ayo dirembug.

3 Apa kowe cah enom sing pengin di-

3. (a) Piye kandhane Yesus lan Petrus isambantu awake dhewe ngerti pentinge dibap-tis? (Mt. 28:19, 20; 1 Pt. 3:21) (b) Pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug, lan apasebabe?

baptis? Nek ngono, kuwi tujuan singapik banget. Kaurmatan gedhe dibap-tis dadi Seksi-Seksi Yehuwah. Kuwiuga sing kudu ditindakke wong Kris-ten, lan penting banget ben isa slametngliwati sengsara gedhe. (Mt. 28:19,20; 1 Pt. 3:21) Wektu dibaptis, kowenduduhke nek wis janji bakal ngabdimarang Yehuwah saklawase. Ben isaterus netepi janji kuwi, gatekna pi-takonan-pitakonan iki kanggo mriksaapa kowe wis siap dibaptis: (1) Apa akuwis diwasa kanggo nggawe keputusandibaptis? (2) Apa dibaptis kuwi kepu-tusanku dhewe? (3) Apa aku ngertimaksude janji ngabdi marang Yehu-wah? Ayo dirembug siji-siji.

N`EK WIS DIWASA

4 Alkitab ora nemtokke umur piraisa dibaptis. Wulang Bebasan 20:11

4, 5. (a) Apa sebabe dibaptis kuwi ora mungkanggo wong sing diwasa umure? (b) Apamaksude diwasa?

Wong sing diwasa ora bakal tumindakkaya abdine Yehuwah ing Bale Ibadah, ning ora kaya Seksi Yehuwah ing sekolahan

(Deloken paragraf 8)

12 WARTA PENTING

Page 13: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

kandha, ”Sanadyan isih bocah iya bisadititeni kapirid saka ing panggawene,apa resik lan apa jujur kelakuane.”Cah cilik wae isa ngerti maksude nin-dakke sing bener lan janji ngabdi ma-rang Yehuwah. Dadi, dibaptis kuwipenting banget kanggo mbuktekkenek dheweke wis diwasa lan wis janjingabdi marang Yehuwah.—WB. 20:7.

5 Apa maksude diwasa? Wong singdiwasa kuwi ora ditemtokke karoumur utawa gedhene awak. Alki-tab kandha, wong sing diwasa kulinanggunakke ”daya pangerten” kanggombedakke sing bener lan sing sa-lah. (Ib. 5:14, New World Translation)Wong sing diwasa ngerti bab sing be-ner, lan isa mutuske saka atine kang-go nindakke sing bener. Dheweke oragampang dipengaruhi karo sing ala.Uga, ora terus-terusan njaluk wongliya ngandhani ben isa nindakke singbener. Cah enom sing dibaptis kudunindakke sing bener, senajan wongtuwa lan wong diwasa liyane ora anaing kono.—Bandhingna Filipi 2:12.

6 Apa kowe klebu cah enom singdiwasa? Gatekna contone Dhaniel.Mbokmenawa dheweke isih cilikwektu dipisahke karo wong tuwane,lan digawa menyang Babil. Akhire,Dhaniel manggon karo wong singdudu abdine Yehuwah. Ning, cobadigatekke luwih tenanan kahananeDhaniel. Dheweke salah sijine cahenom sing dipilih lan dilatih, bendadi abdine raja. (Dn. 1:3-5, 13)Mbokmenawa, nek Dhaniel isih ing

6, 7. (a) Terangna sing diadhepi Dhaniel ingBabil. (b) Apa buktine nek Dhaniel diwasa?

Israel, dheweke ora bakal dadi abdineraja.

7 Piye tanggepane Dhaniel? Apadheweke gelem dipengaruhi wongBabil ben ilang imane? Ora. Alki-tab kandha, wektu ing Babil, Dhanielmutuske saka atine ”ora bakal najisakeawak”. Dhaniel ngedohi kabeh per-kara sing ana hubungane karo iba-dah palsu. (Dn. 1:8) Kuwi bukti nekDhaniel pancen diwasa.

8 Apa sing isa ditiru saka Dhaniel?Cah enom sing diwasa bakal tetepsetya, senajan ngadhepi masalah.Dheweke ora kaya bunglon singisa malih warna kulite, manut singdiencoki. Dheweke ora bakal tumin-dak kaya abdineYehuwah ing Bale Iba-dah, ning ora kaya Seksi Yehuwah ingsekolahan. Dheweke bakal tetep se-tya senajan akeh masalah.—WacanenEfesus 4:14, 15.

9 Pancen, ora ana wong sing sam-purna. Wong enom lan tuwa kadhangkala nggawe salah. (Ko. 7:20) Ning,nek pengin dibaptis, coba dipriksadhisik tekadmu kanggo manut karoprentah-prentahe Yehuwah. Coba di-pikir, ’Saksuwene iki, apa aku wis ku-lina manut karo Yehuwah?’ Uga pi-kiren, wektu ana masalah akhir-akhiriki, piye tanggepanmu? Apa koweisa mutuske arep nindakke sing be-ner? Kaya Dhaniel, apa ana wongsing ngojok-ojoki nggunakke bakatlan kapinteranmu kanggo donya iki?

8. Apa sing isa ditiru saka Dhaniel?9, 10. (a) Apa paedahe nek kowe mikirkedhisik tanggepanmu wektu ana masalah?(b) Baptisan nduduhke apa?

MARET 2016 13

Page 14: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Nek ngadhepi kahanan kaya ngono,apa kowe wis mikirke dhisik kersaneYehuwah bab kuwi?—Ef. 5:17.

10 Apa paedahe nek kowe mikir-ke dhisik jawaban saka pitakonan-pitakonan mau? Kuwi bakal mban-tu kowe ngerti nek dibaptis kuwipenting banget. Baptisan nduduhkemarang wong liya nek kowe wisnggawe janji sing penting marangYehuwah, yaiku janji bakal nresnanilan ngabdi marang Yehuwah sakla-wase, lan sak gumolonging ati. (Mk.12:30) Kabeh sing dibaptis kudu ne-tepi janjine marang Yehuwah.—Waca-nen Kohelet 5:4, 5.

APA KUWIKEPUTUSANMU DH

´EW

´E?

11 Alkitab kandha nek kabeh umateYehuwah, klebu cah-cah enom, ba-kal ngabdi kanthi ”legawa [lila]”. (Ms.110:3) Dadi, sing arep dibaptis kuduyakin nek kuwi keputusane dhewe.Nek wong tuwamu Seksi Yehuwah, ke-putusanmu dibaptis kuwi kudu diprik-sa tenanan.

12 Wektu tambah umur, mbokmena-wa kowe ndelok akeh sing wis di-baptis, klebu kanca lan sedulur kan-dhungmu. Ning, ati-ati, aja ngantikowe rumangsa kudu dibaptis mungmerga umurmu, utawa merga liyanewis padha dibaptis. Apa pangertenmubab dibaptis padha kaya sing di-karepke Yehuwah? Gunakna wektukanggo mikirke tenanan alesane nek

11, 12. (a) Wong sing arep dibaptis kudu ya-kin apa? (b) Piye carane ben pangertenmu babdibaptis padha kaya karepe Yehuwah?

dibaptis kuwi penting. Kowe bakalngerti alesane ing wulangan saiki lanminggu ngarep.

13 Salah sijine cara ben ngerti nek di-baptis kuwi keputusanmu dhewe, ya-iku mriksa dongamu. Apa kowe kerepndonga marang Yehuwah? Apa anasing kusus kok dongakke? Jawabansaka pitakonan kuwi isa nduduhke se-pira akrabe kowe karo Yehuwah. (Ms.25:4) Yehuwah kerep njawab donganeawake dhewe liwat Alkitab. Mula, caraliyane yaiku mriksa jadwal sinau Alki-tabmu. (Ys. 1:8) Coba pikiren, ’Apaaku ajeg sinau Alkitab? Apa aku se-neng utawa kepeksa wektu melu iba-dah sak keluarga?’ Jawaban saka pita-konan kuwi mbantu kowe ngerti nekdibaptis kuwi keputusanmu dhewe.

MAKSUD´E JANJI NGABDI

14 Ana cah-cah enom sing mbokme-nawa durung tenanan ngerti bedanejanji ngabdi lan dibaptis. Ana sing mi-kir nek dheweke wis janji ngabdi ma-rang Yehuwah, ning durung siap di-baptis. Sakjane aja mikir ngono.Apa sebabe? Janji ngabdi kuwi mak-sude ndonga marang Yehuwah, ngan-dhakke nek arep ngabdi saklawase.Wektu dibaptis, kowe nduduhke ma-rang wong liya nek wis janji ngabdimarang Yehuwah. Mula, sakdurungedibaptis kowe kudu ngerti maksudejanji ngabdi.

15 Janji ngabdi marang Yehuwahkuwi maksude, kowe janji nek ge-

13. Apa buktine nek dibaptis kuwi keputusan-mu dhewe?14. Terangna bedane janji ngabdi lan dibaptis.15. Apa maksude janji ngabdi?

14 WARTA PENTING

Page 15: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

lem dadi abdine Yehuwah. Uga, janjinek ngabdi marang Yehuwah kuwi,dadi bab sing paling utama ing urip-mu. (WacanenMateus 16:24.)Dadi,janji ngabdi kuwi penting banget.(Mt. 5:33) Apa buktine nek saikiuripmu mung kanggo ngabdi marangYehuwah, ora mung kanggo awakmudhewe?—Rm. 14:8.

16 Gatekna conto iki. Bayangna anakanca ngekeki kowe hadiah mobil.Dheweke ngekeki surat-surate teruskandha, ”Mobil iki duwekmu.” Ning,dheweke banjur kandha, ”Kuncine takgawa lan aku thok sing entuk nye-tir. Kowe ora entuk.” Piye perasaan-mu bab hadiah kuwi? Piye perasaan-mu marang kanca sing ngekeki hadiahkuwi?

17 Wektu janji ngabdi marang Yehu-wah, dheweke kandha marang GustiAllah, ”Uripku tak pasrahke Pan-jenengan. Aku abdi-Mu.” Yehuwahmesthine pengin wong kuwi netepijanjine. Ning, piye nek wong kuwi mu-lai ora manut karo Yehuwah, wektupacaran karo sing dudu Seksi Yehu-wah? Utawa, nek wong kuwi nampagawean sing marahi ora isa nginjillan ajeg teka ing pakumpulan iba-dah? Akhire, wong kuwi ora netepijanjine marang Yehuwah. Kuwi kayadheweke nggawa kunci mobil mau.Wektu janji ngabdi, awake dhewe kan-dha marang Yehuwah, ”Uripku mungkanggo Panjenengan, dudu kanggo akudhewe.” Mula, awake dhewe bakal

16, 17. (a) Conto apa sing mbantu ngerti te-gese ora manut karepe dhewe? (b) Wong singjanji ngabdi kandha apa marang Yehuwah?

nindakke kersane Yehuwah, senajandudu karepe awake dhewe. Tirunentuladhane Yesus wektu kandha, ”Sa-bab anggonKu tumurun saka ing swar-ga iku ora supaya nglakoni karepKudhewe, nanging karsane kang ngutusAku.”—Yo. 6:38.

18 Pancen, dibaptis kuwi keputus-an sing penting banget. Kaurmatangedhe isa janji ngabdi lan dibaptis.Cah-cah enom sing nresnani Yehu-wah lan sing ngerti maksude janjingabdi, ora perlu ragu-ragu kanggojanji ngabdi lan dibaptis. Nek nggawekeputusan kuwi, dheweke ora bakalgela. Rose, cah enom sing wis dibaptiskandha, ”Aku nresnani Yehuwah, lanora ana sing luwih nyenengke timbangngabdi marang Yehuwah. Keputusan-ku dibaptis kuwi sing paling mantep,ing antarane keputusan liyane.”

19 Piye perasaane Christopher singdicritakke ing paragraf siji, babkeputusane dibaptis wektu umur12 taun? Dheweke kandha nek senengbanget nggawe keputusan kuwi.Dheweke mulai dadi perintis biasaumur 17, banjur dadi abdine jema-at umur 18. Saiki, dheweke kerja ingBetel. Christopher kandha, ”Dibap-tis kuwi keputusan sing bener. Urip-ku tak gunakke kanggo ngabdi ma-rang Yehuwah lan pakumpulane. Kuwigawean sing nyenengke banget.” Nekkowe pengin dibaptis, persiapan apawae sing perlu ditindakke? Kuwi bakaldirembug minggu ngarep.

18, 19. (a) Apa sing isa disinaoni saka peng-alamane Rose lan Christopher? (b) Piye pera-saanmu bab dibaptis?

MARET 2016 15

Page 16: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

APA kowe cah enom sing pengin dibaptis? Nek ngono, kuwikaurmatan sing gedhe banget. Kaya sing dirembug ing wu-langan wingi, dibaptis kuwi keputusan sing penting banget.Kuwi nduduhke karo wong liya nek kowe wis janji arep ngab-di marang Yehuwah saklawase, lan kuwi sing paling pentinging uripmu. Mula, sakdurunge dibaptis kowe kudu diwasa, di-baptis merga keputusanmu dhewe, lan ngerti maksude janjingabdi marang Gusti Allah. Apa sebabe? Merga janji ngabdimarang Yehuwah kuwi penting banget.

2 Piye nek kowe durung siap dibaptis? Utawa wis siap, ningwong tuwamu nganggep kowe durung cukup umur lan isih bu-tuh akeh pengalaman? Apa sing kudu kok tindakke? Aja cilikati. Gunakna wektumu kanggo ngupaya ben isa cocog karopersyaratane dibaptis. Kowe isa nduwe tujuan-tujuan singkudu ditindakke ing telung bab iki: (1) iman utawa agamamu,(2) tumindakmu, lan (3) rasa sokurmu.

1, 2. (a) Apa sebabe dibaptis kuwi keputusan sing penting banget?(b) Apa sing kudu diupayakke sakdurunge dibaptis, lan apa sebabe?

Cah-Cah EnomPiye Carane Ben SiapDibaptis?”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahikarsa Paduka.”—MS. 40:9.

LAGU: 51, 48

APA JAWABAN´E?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa maksude ”digawe yakinben percaya”?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa maksude ”tumindakkudus lan nindakke bab-babsing ana hubungane karongupaya dadi abdi singsaleh”?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Nek mikirke tenanan babtebusan, piye kuwi isambantu ngajeni Yehuwah?

16

Page 17: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

IMANMU3 Pikiren jawabane pitakonan iki: Apa

sebabe aku percaya nek Gusti Allah ana?Apa sebabe aku percaya nek Alkitabsaka Gusti Allah? Apa sebabe aku manutkaro prentahe Gusti Allah timbangmelu-melu pathokane donya iki? Pitakonan-pitakonan kuwi isa mbantu kowe manutkaro kandhane Rasul Paulus, ”Satemahkowe bisa niteni apa kang dadi karsaneGusti Allah, apa kang becik, kang nda-dekake keparenge Gusti Allah.” (Rm.12:2) Apa sebabe kuwi kudu ditindakke?

4 Tuladhane Timoteus isa mbantukowe. Timoteus isa ngerti tenan babAlkitab, merga diajari ibu lan mbahewedok. Paulus kandha marang Timo-teus, ”Kowe kudu nurut piwulang singwis mbok tampa lan wis mbok akonibener [digawe yakin ben percaya, NW].”(2 Tm. 3:14, 15, Basa Jawa Suriname.)Dadi, Timoteus wis digawe yakin neksing disinaoni saka Alkitab kuwi bener.Dheweke gelem nampa, ora mung mergaibune lan mbahe sing ngandhani, ningmergawis ngerti tenan sing disinaoni lanwis digawe yakin bab kuwi.—WacanenRum 12:1.

5 Nek kowe piye? Mbokmenawa kowewis suwe sinau Alkitab. Nek ngono, tu-juanmu saiki yaiku ngerti apa sebabekowe percaya nek kuwi pancen bener.Kuwi bakal mbantu nguwatke imanmulanmbantu aja nganti nggawe keputusansing salah, merga diojok-ojoki kanca-kanca, cara mikir donya iki, utawa pera-saanmu dhewe.

6 Nek kowe isa nggunakke nalarmu

3, 4. Apa sing ditiru cah-cah enom saka tu-ladhane Timoteus?5, 6. Apa sebabe penting nggunakke nalarwektu isih enom?

wektu isih enom, kowe bakal isa njawabpitakonan-pitakonan saka kanca-kanca-mu, contone: ”Kok kowe percaya nekGusti Allah ana? Nek Gusti Allah nres-nani manungsa, apa sebabe kasengsarandurung disingkirke? Kok isa ana GustiAllah?” Nek kowe wis persiapan, pita-konan kaya ngono ora marahi kowe dadiragu-ragu, ning malahmbantu ben isa si-nau Alkitab luwih tenanan.

7 Sinau Alkitab sing tenanan, isambantu kowe njawab pitakonan, ngi-langi rasa ragu-ragumu, lan nguwatkeimanmu. (PR. 17:11) Akehwacan sing isambantu kowe sinau. Contone, buku AsalMula Kehidupan—Lima Pertanyaan yangPatut Direnungkan lan buku Apakah AdaPencipta yang Mempedulikan Anda? Uga,ana cah enom sing seneng lan entuk pae-dah saka ”Apa yang Sebenarnya AlkitabAjarkan” sing ana ing jw.org/id. Kowe isandelok ing bagean AJARAN ALKITAB.Sabenwulangan ing bagean kuwi, digaweben isa mbantu kowe nguwatke rasa per-cayamu bab wulangane Alkitab.

8 Merga kowe siswa Alkitab, mbokme-nawa kowe isa njawab pitakonan-pitakonan sing ana ing kono. Ning, apakowe yakin karo jawabanmu? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal mbantu kowemikirke ayat-ayate, lan isa nulis ales-anmu percaya. Kuwi uga mbantu koweben isa nerangke bab agamamu marangwong liya. Nek kowe isa mbukak bagean”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan”ing jw.org/id, kuwi isa dinggo sinau benimanmu saya kuwat.

9 Kowe kudu mbuktekke kanggo awak-mu dhewe nek sing kok sinaoni kuwi be-ner. Kuwi sing mbantu kowe ben isa

7-9. Bab-bab ing ”Apa yang Sebenarnya Al-kitab Ajarkan” ing jw.org/id isa mbantu ngu-watke imanmu. Terangna!

MARET 2016 17

Page 18: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

dibaptis. Sedulur wedok enom kandha,”Sakdurunge mutuske dibaptis, aku si-nau Alkitab lan mbuktekke apa kuwipancen agama sing bener. Saben dina,imanku tambah kuwat.”

TUMINDAKMU10 Alkitab kandha, ”Manawa pracaya

iku ora dikantheni panggawe, iku saja-tine mati.” (Yb. 2:17) Nek imanmu ku-wat, kuwi ketok saka tumindakmu. Kowebakal isa ”tumindak kudus lan nindakkebab-bab sing ana hubungane karo ngu-paya dadi abdi sing saleh”.—2 Petrus 3:11, NW.

11 Apa maksude ”tumindak kudus”?Nek tumindak-tumindakmu kudus, mo-ralmu ya mesthi apik. Contone, pikirentumindakmu nem sasi kepungkur.Wektunggawe keputusan pas digodha nindakkesing salah, apa kowe mikirke tenanansing bener lan sing salah? (Ib. 5:14) Apakowe kelingan kapan kowe ora gelem di-pengaruhi nindakke sing salah, senajandipeksa kanca-kancamu? Ing sekolahan,apa kelakuanmu dadi tuladha sing apikkanggo liyane? Apa kowe tetep setya ma-rang Yehuwah, utawa pengin padha kayakanca-kancamu ben ora diece? (1 Pt. 4:3, 4) Pancen, ora ana wong sing sampur-na. Kadhang kala, ana abdine Yehuwahsing wis suwe ngabdi isih isin lan kra-sa abot wektu nginjil. Ning, wong singngabdi marang Gusti Allah bakal senengdadi Seksi-Seksi Yehuwah, lan kuwi di-buktekke saka kelakuane sing bener.

12 Apa maksude ”nindakke bab-bab

10. Apa sebabe wong sing wis dibaptis kudumbuktekke imane liwat tumindake?11. Terangna apa maksude ”tumindak kudus”.12. Apa maksude ”nindakke bab-bab singana hubungane karo ngupaya dadi abdi singsaleh”, lan piye kudune tanggepanmu babkuwi?

sing ana hubungane karo ngupaya dadiabdi sing saleh”? Kuwi klebu nindakkekagiyatan ing jemaat. Contone, teka ingpakumpulan ibadah lan nginjil. Kuwiuga klebu nindakke sing ora ketok,yaiku ndonga marang Yehuwah lan si-nau Alkitab dhewe. Wong sing ngabdimarang Yehuwah ora bakal nganggepnek kabeh kagiyatan mau abot. Ma-lah, dheweke bakal ngrasakke sing padhakaya Raja Dawud sing kandha, ”DhuhAllah kawula, kawula remen nglampahikarsa Paduka; sarta angger-angger Padu-ka wonten ing batos kawula.”—Ms. 40:9.

13 Kanggo mbantu tujuanmu kuwi, anapitakonan-pitakonan ing buku Perta-nyaan Kaum Muda—Jawaban yang Prak-tis, Jilid 2, kaca 308 lan 309. Koweisa nulis jawabanmu saka pitakonan-pi-takonan iki: ”Seberapa spesifikkah doamu,dan apa yang doamu singkapkan tentangkasihmu kepada Yehuwa?” ”Apa saja bahanpelajaran pribadimu?” ”Apakah kamu ber-dinas bahkan jika orang tuamu tidak?” Isauga nulis tujuan liyane sing arep ditin-dakke, contone ndonga, sinau dhewe,lan nginjil.

14 Akeh cah-cah enom sing arep di-baptis, nganggep pitakonan-pitakonanmau akeh gunane. Tilda, sedulurwedok enom, kandha, ”Aku nggunakkepitakonan-pitakonan kuwi kanggo nulistujuanku. Saya suwe tujuan-tujuankukelakon, lan aku wis siap dibaptis setaunsakwise.” Patrick, sedulur lanang enomuga nduwe pengalaman sing padha.Dheweke kandha, ”Aku ngerti apa tu-juanku, ning nek kuwi ditulis, mbantu

13, 14. Sarana apa sing mbantu kowe ”nin-dakke bab-bab sing ana hubungane karo ngu-paya dadi abdi sing saleh,” lan piye pengalam-ane cah-cah enom sing wis entuk paedah sakasarana kuwi?

18 WARTA PENTING

Page 19: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

aku ngupaya tenanan ben tujuankukelakon.”

15 Salah siji pitakonan ing kono ya-iku: ”Apakah kamu akan melayani Yehu-wa sekalipun orang tua dan teman-teman-mu berhenti melayani-Nya?” Wektu janjingabdi marang Yehuwah lan dibaptis,kowe bakal nduwe hubungan sing akrabkaro Yehuwah. Dadi, apa sing kok tin-dakke kanggo Yehuwah kuwi ora mergawong tuwamu utawa wong liya. Tumin-dak kudus lan nindakke bab-bab singana hubungane karo ngupaya dadi abdising saleh, nduduhke nek kowe yakinkaro sing bener lan pengin manut karopathokane Gusti Allah. Mengko kowe isadibaptis.

RASA SOKURMU16 Ana ahli Toret sing wis tau ta-

kon karo Yesus, ”Angger-angger ing sa-lebeting Toret punika ingkang agengpiyambak ingkang pundi?” Yesus kan-dha, ”Sira tresnaa marang Pangeran

15. Apa sebabe janji ngabdi kuwi kudu kepu-tusanmu dhewe?16, 17. (a) Apa sing kudune dadi alesan uta-ma dibaptis dadi Seksi Yehuwah? (b) Rasa so-kurmu marang tebusan isa diumpamakke kayaapa?

Allahira kalawan gumolonging atini-ra, lan gumolonging nyawanira, sar-ta gumolonging budinira.” (Mt. 22:35-37) Yesus nerangke nek tresna marangYehuwah kuwi sing kudu dadi alesanutama dibaptis dadi Seksi-Seksi Yehu-wah. Cara paling apik kanggo nguwatkerasa tresna marang Yehuwah yaiku mi-kirke tenanan tebusan, hadiah sing pa-ling aji saka Gusti Allah. (Wacanen2 Korinta 5:14, 15; 1 Yokanan 4:9, 19.)Nek kuwi ditindakke, tegese kowe ndu-duhke rasa sokurmu marang tebusankuwi.

17 Rasa sokurmu marang tebusan isadiumpamakke kaya ngene: Bayangnanek kowe kleleb ing banyu lan anasing nulungi. Apa kowe banjur mulihomah, andhukan, lan lali karo wong singnulungi mau? Mesthine ora, ta? Kowemesthi bakal maturnuwun banget karowong mau. Semono uga, awake dhewekudumaturnuwun banget karoYehuwahlan Yesus merga anane tebusan. Awakedhewe utang nyawa karo Yehuwah lanYesusmergawis nylametke saka dosa lanpati. Merga tresnane Yehuwah lan Yesuskuwi, awake dhewe nduwe pengarep-arep urip saklawase ing Pirdus ing bumi.

Apa kowe bakal terusngabdi marang Yehuwah,

senajan wong tuwamu ora?(Deloken paragraf 15)

MARET 2016 19

Page 20: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

SING MBANTU B`EN LUWIH MANTEP

Bab ”Kaum Muda Bertanya”ing Sedarlah!�ˇ ”Bagaimana Aku Bisa Meningkatkan

Mutu Doaku?”—November 2008

ˇ ”Bagaimana Aku Bisa MenikmatiPembacaan Alkitab?”—April 2009

ˇ ”Siapa Diriku?”—Oktober 2011

ˇ ”Bagaimana Supaya Aku Bisa SenangBelajarAlkitab?”—Februari 2012

ˇ ”Mengapa Harus Berhimpun?”—April 2012

Saka buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis?”JILID 1

ˇ ”Bagaimana Beribadat kepadaAllah Bisa Menyenangkan?”—bab 38

ˇ ”Kenapa AkuTakut CeritaSoal Agamaku?”—bab 17

JILID 2

ˇ ”Mengapa Hidup menurutStandarAlkitab?”—bab 34

ˇ ”Bagaimana Aku BisaMenjadi Sahabat Allah?”—bab 35

ˇ ”Apakah Aku MestiDibaptis?”—bab 37

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

˙˙

� Saiki disebut Sadarlah!

18 Apa kowe ngajeni sing wis ditin-dakke Yehuwah kanggo kowe? Nek ngo-no, janji ngabdi lan baptisan kuwi co-cog ditindakke. Janji ngabdi marangYehuwah kuwi, janji marang Gusti Allahnek kowe bakal nindakke kersane sakla-wase. Apa kowe wedi nggawe janji kuwi?Ora perlu wedi. Yehuwah pengin urip-mu seneng, lan kowe bakal diberkahinek nindakke kersane. (Ib. 11:6) Wektukowe janji ngabdi marang Gusti Allahlan dibaptis, uripmu ora bakal susah,ning malah dadi luwih penak. Sedulurlanang sing umure 24 taun, sing di-baptis wektu isih cilik kandha, ”Sayatuwa umurku mbokmenawa panger-tenku saya tambah, ning nggawe kepu-tusan kanggo ngabdi marang Yehuwahkuwi, isa ngayomi aku saka kebiasaandonya sing ala.”

18, 19. (a) Apa sebabe kowe ora perlu wedijanji ngabdi marang Yehuwah? (b) Apa buktinenek ngabdi marang Yehuwah isa nggawe uripayem tentrem?

19 Yehuwah pengin uripmu ayem ten-trem, ning Iblis ora perduli karo kowelan mentingke awake dhewe. Iblis oraisa ngekeki apa sing apik nek kowemelu dheweke. Nek sing apik wae oranduwe, apa sing arep dikekke kowe?Iblis ora nduwe kabar apik, lanora nduwe pengarep-arep. Merga oranduwe pengarep-arep, dheweke ora ba-kal isa nggawe kowe urip ayem tentrem.—Wy. 20:10.

20 Nggunakke urip kanggo ngabdi ma-rang Yehuwah kuwi keputusan sing pa-ling bener. Apa kowe wis siap? Aja wedinggawe janji kuwi. Ning, nek kowe krasadurung siap, gunakna cara-cara ing wu-langan iki ben tambah mantep. Pau-lus kandha karo sedulur-sedulur ing Fi-lipi ben terus ngupaya. (Fp. 3:16) Nekmanut karo wulangan iki, kowe bakalsiap janji ngabdi marang Yehuwah landibaptis.

20. Apa sing isa ditindakke cah enom ben siapjanji ngabdi lan dibaptis? (Deloken uga kothak”Sing Mbantu Ben Luwih Mantep.”)

Page 21: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Y´EHUWAH lanYesus wis urip bareng sakdurunge kabeh di-

gawe. Yehuwah nggawe Yesus sakdurunge nggawe liyane.Banjur, Yesus ”nyarengi” Yehuwah wektu nggawe jagat sakisine. (WB. 8:30) Para abdine Yehuwah uga nyambut gawebebarengan kanggo nindakke tugase. Contone, Nuh lan ke-luargane nggawe bahtera utawa prau gedhe bareng-bareng.Wong Israel bareng-bareng masang lan mbongkar KemahSuci, lan digawa saka panggonan siji menyang panggonanliyane. Ing omahe Gusti Allah, wong-wong padhamaenmu-sik lan nyanyi kanggo muji Yehuwah. Umate Yehuwah isanindakke kuwi kabeh merga nyambut gawe bebarengan.—Pd. 6:14-16, 22; Wi. 4:4-32; 1 Bb. 25:1-8.

2 Wong Kristen ing abad kapisan uga nyambut gawe beba-rengan. Rasul Paulus nerangke nek senajan kabeh nduweketrampilan lan tugas sing beda-beda, ning tetep rukun.

1. Apa sing dititeni saka cara nyambut gawene Yehuwah wiwit jamanmbiyen?2. (a) Apa sing isa dititeni saka wong Kristen ing abad kapisan?(b) Pitakonan-pitakonan apa sing arep dirembug?

Cara NguwatkePaseduluran Kristen”Kaya badan kae, senajan sikil-tangane nggone dewe-dewe, nanging dadisiji lan nyambutgawe bebarengan.”— ´

EF. 4:16, Basa Jawa Suriname (BJS).

LAGU: 53, 16

APA JAWABAN´E?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa sebabe gawean nginjilkuwi bukti nek awake dhewerukun?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa wae sing perlu ditindakkeben jemaat isa rukun?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Piye carane wong bebojoanisa rukun?

21

Page 22: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Kabeh manut karo Yesus Kristus, singMimpin Jemaat. Paulus mbandhingkewong-wong Kristen kuwi kaya bageanawak sing beda-beda, ning kabeh butuhsiji lan sijine. (Wacanen 1 Korinta 12:4-6, 12.) Ning, jaman saiki piye? Piyecarane awake dhewe isa nyambut gawebebarengan wektu nginjil, ing jemaat,lan ing keluarga?

WEKTU NGINJIL3 Ing abad kapisan, rasul Yokanan

weruh ana malaekat pitu lagi ngunekketrompet. Wektu malaekat kelimangunekke trompet, Yokanan weruh”ana lintang kang tiba ing bumi sakaing langit”. ”Lintang” mau dikeki kuncikanggo mbukak jurang sing jero ba-nget. Pisanan, ana kebul metu saka ju-rang mau, banjur walang-walang padhametu. Walang-walang kuwi ora ngru-sak wit-witan, ning malah nyerang”manungsa kang ing bathuke ora anacape Gusti Allah”. (Wy. 9:1-4) Yoka-nan ngerti nek walang-walang mau isangrusak apa wae, kaya sing kedadeaning Mesir wektu jamane Musa. (Pa.10:12-15) Walang-walang sing didelokYokanan kuwi nggambarke wong-wongKristen sing dipilih munggah swarga,sing martakke kabar paukuman kanggoagama palsu. Yutan wong sing nduwepengarep-arep urip ing bumi uga ngga-bung, bareng-bareng nginjil. Gaweannginjil iki isa mbantu wong-wong metusaka agama palsu lan ora dipengaruhiIblis maneh.

4 Tugase awake dhewe yaiku mar-takke ”Injiling Kraton” ing saklumah-

3. Rasul Yokanan weruh apa?4. Apa tugase umate Yehuwah saiki, lan piyekuwi isa ditindakke?

ing bumi sakdurunge Armagedhonteka. Dadi, akeh tugas sing kudu ditin-dakke. (Mt. 24:14; 28:19, 20) Awakedhewe perlu ngundang wong-wong sing”ngelak” kanggo ngombe ”banyu pa-nguripan”. Kuwi tegese perlu mulangwong-wong bab Alkitab. (Wy. 22:17)Ning, kuwi isa ditindakke nek awakedhewe ”nyambut gawe bebarengan” ingjemaat.—

´Ef. 4:16, BJS.

5 Ben isa nginjil marang saakeh-akehe wong, kuwi kudu diatur lan dita-ta. Tuntunan kanggo nginjil sing di-tampa ing jemaat, isa mbantu awakedhewe. Bar pakumpulan sakdurungenginjil, awake dhewe isa langsung ngin-jil marang wong-wong bab KratoneGusti Allah, lan nawakke wacan-wacanAlkitab. Wis yutan wacan ditawakkeing saklumahing bumi. Kadhang kala,awake dhewe uga melu gawean ngin-jil kusus. Wektu kuwi ditindakke, sak-jane awake dhewe nyambut gawe beba-rengan karo para sedulur sak donya,lan para malaekat sing mbantu umateGusti Allah nginjil.—Wy. 14:6.

6 Nek maca buku Tahunan, awakedhewe isa ngerti nek hasile gaweannginjil sak donya kuwi nggumunke ba-nget. Pikiren carane Seksi-Seksi Yehu-wah sak donya ngundang wong-wongben teka ing kebaktian. Ing kono awakedhewe entuk katrangan sing padha. Ce-ramah, sandiwara, lan wulangan singdilakonke, isa nggedhekke ati kanggoluwih tenanan ngabdi marang Yehu-wah. Awake dhewe uga bareng-barengngundang wong ben teka ing acaraPengetan saben taun. (1 Kr. 11:23-26)Kabeh teka bareng wayah surup ing

5, 6. Apa sebabe gawean nginjil kuwi buktinek awake dhewe rukun?

22 WARTA PENTING

Page 23: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

tanggal sing padha, 14 Nisan, kanggongajeni tebusan lan manut prentaheYesus. Ing minggu-minggu sakdurungeacara Pengetan, awake dhewe beba-rengan ngundang wong-wong ben teka.

7 Nek walange mung siji, ora akehsing isa dilakoni. Semono uga, nekdhewekan, awake dhewe ora isa ngin-jil marang kabeh wong. Ning, mer-ga nyambut gawe bebarengan, awakedhewe isa nginjil marang yutan wongbab Yehuwah lan mbantu wong-wongngluhurke Yehuwah.

ING JEMAAT8 Paulus nerangke marang wong-

wong´Efesus carane jemaat ditata lan

diatur. Dheweke kandha nek kabehsing ana ing jemaat kuwi perlu ”mun-dhak-mundhak ing samubarang”. (Wa-canen Efesus 4:15, 16.) Wektu ne-rangke nek saben wong Kristen isamelu ngrukunke jemaat lanmanut karoYesus, sing Mimpin Jemaat, kuwi di-umpamakke Paulus kaya awakmanung-sa. Dheweke kandha nek kabeh bageanawak nyambung siji lan sijine lan nyam-but gawe bebarengan. Mula, ora masa-lah isih enom utawawis tuwa, sehat apaora, apa sing kudu ditindakke awakedhewe?

9 Yesus milih para pinituwa kang-go nuntun jemaat, lan Yesus penginkabeh sedulur ngajeni lan manut tun-tunane pinituwa. (Ib. 13:7, 17) Kuwi oragampang, ning awake dhewe isa nja-luk bantuane Yehuwah. Roh sucine ba-

7. Merga nyambut gawe bebarengan, awakedhewe isa nindakke apa?8, 9. (a) Wektu nerangke pentinge rukun ingjemaat, kuwi diumpamakke Paulus kaya apa?(b) Piye carane nyambut gawe bebarengan ingjemaat?

kal mbantu ben manut karo tuntun-ane para pinituwa. Pikiren uga paedahekanggo jemaat, nek awake dhewe an-dhap asor lan nyambut gawe bebareng-an karo para pinituwa. Jemaat bakalrukun lan rasa tresna marang para se-dulur bakal saya gedhe.

10 Para abdine jemaat uga mbantuben jemaat tetep rukun. Wong-wongmau nyambut gawe tenanan kanggombantu para pinituwa. Awake dheweisa terus ngajeni gaweane para abdinejemaat. Conto tugase abdine jemaatyaiku, masthekke ben ana cukupwacankanggo nginjil, dadi among tamu ingpakumpulan ibadah, lan ndandani ugangresiki Bale Ibadah. Nek nyambutgawe bebarengan karo para abdine je-maat, awake dhewe isa rukun. Uga, isaditata lan diatur kanggo ngabdi marangYehuwah.—Bandhingna PR. 6:3-6.

11 Ana sing wis pirang-pirang taundadi pinituwa, ning mbokmenawa saikiwis ora isa maneh nindakke tugasekaya mbiyen merga wis tuwa. Sedu-lur sing isih enom isa mbantu. Nekdilatih, sedulur enom kuwi isa nin-dakke tugas ing jemaat. Nek para ab-dine jemaat tenanan nindakke tugase,mbokmenawa mbesuk isa dadi pini-tuwa. (1 Tm. 3:1, 10) Ana pinituwaenom sing ngupaya nduwe pengalamansing akeh, sing saiki dadi pinituwa wila-yah lan mbantu para sedulur ing jema-at-jemaat. Awake dhewe isa maturnu-wun karo para sedulur enom sing lilambantu para sedulur liya.—WacanenJabur 110:3; Kohelet 12:1.

10. Piye carane abdine jemaat isa mbantu benjemaat rukun? (Deloken gambar ing kaca 21.)11. Apa sing isa ditindakke para sedulur enomben jemaat rukun?

MARET 2016 23

Page 24: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

ING KELUARGA12 Piye carane mbantu anggota ke-

luarga ben isa nyambut gawe bebareng-an? Carane yaiku nindakke ibadah sakkeluarga saben minggu. Wektu wongtuwa lan anak nggunakke wektu barengkanggo sinau babYehuwah, rasa tresnamarang siji lan sijine bakal saya gedhe.Ing ibadah sak keluarga, isa latihannginjil ben apik nginjile. Uga, isa ngru-ngokke tanggepan siji lan sijine babwu-langane Alkitab, lan ndelok kabeh ang-gota keluarga nresnani sarta penginnyenengke Yehuwah. Hasile, keluargaisa luwih rukun.

13 Piye carane wong bebojoan isanyambut gawe bebarengan? (Mt. 19:6)Nek tresna lan bebarengan ngabdi ma-rang Yehuwah, urip bebojoan isa dadiseneng lan rukun. Wong bebojoan ugakudu nduduhke rasa sayang siji lan si-jine, kaya Abraham karo Sara, Iskakkaro Ribkah, sarta

`Elkana karo Hana.

(Pd. 26:8; 1 Sa. 1:5, 8; 1 Pt. 3:5, 6) Nekkuwi ditindakke, wong bebojoan bakalrukun lan saya cedhak karo Yehuwah.—Wacanen Kohelet 4:12.

14 Alkitab kandha nek awake dheweora entuk nduwe bojo sing dudu SeksiYehuwah. (2 Kr. 6:14) Ning, ana parasedulur sing bojone dudu Seksi Yehu-wah. Ana sing sinau Alkitab bar nduwebojo, ning bojone ora gelem dadi SeksiYehuwah. Liyane nduwe bojo SeksiYehuwah, ning bojone malah ning-galke jemaat. Ing kahanan kaya ngene,

12, 13. Apa sing nggawe kabeh anggota ke-luarga isa nyambut gawe bebarengan?14. Apa sing isa ditindakke ben urip bebojo-an tetep rukun, senajan bojone dudu SeksiYehuwah?

wong Kristen isa nggunakke tuntun-ane Alkitab, ben urip bebojoane teteprukun. Kuwi ora gampang. Contone,Mary lan David bebarengan ngabdi ma-rang Yehuwah. Banjur, David ora tekamaneh ing pakumpulan ibadah. Ning,Mary tetep ngupaya dadi bojo sing apiklan nduduhke sipat-sipat sing cocogkaro Alkitab. Dheweke uga mulang babYehuwah marang anak-anake sing ca-cahe nem, lan ajeg teka ing pakumpul-an ibadah lan kebaktian. Pirang-pirangtaun sakbanjure, wektu anak-anakepadha gedhe lan ora manggon ing konomaneh, Mary terus ngabdi marangYehuwah senajan kuwi ora gampang.Ning, David mulai maca wacan Alki-tab saka Mary. Dheweke teka manehing pakumpulan ibadah. Wektu Davidora teka ing pakumpulan ibadah, pu-tune lanang sing umure nem taun, singmesthi nggolekke nggon kanggo Davidkandha, ”Kok simbah ora teka?”AkhireDavid dadi Seksi Yehuwah maneh sak-wise 25 taun. David lan Mary senengisa bebarengan ngabdi marang Yehu-wah maneh.

15 Saiki, keluarga-keluarga padha di-serang Iblis. Kuwi alesane wong bebo-joan sing ngabdimarangYehuwah kudundhukung siji lan sijine. Ora masalahsepira suwene bebojoan, pikiren apawae sing isa diomongke lan ditindakkeben urip bebojoanmu isa terus rukun.Nek wis suwe urip bebojoan, isa dadituladha kanggo wong sing durung suwebebojoan. Mbokmenawa, wong kuwiisa diundang melu ibadah sak keluarga.

15. Piye carane wong sing wis suwe bebojoanmbantu sing durung suwe bebojoan?

24 WARTA PENTING

Page 25: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Tujuane yaiku, ben isa ndelok nekwongbebojoan kudu terus nduduhke rasatresna lan rukun siji lan sijine, oramasalah sepira suwene urip bebojoan.—Tt. 2:3-7.

”AYO, KITA PADHA MUNGGAHING GUNUNG

´E Y

´EHUWAH”

16 Wektu bangsa Israel lunga me-nyang Yerusalem kanggo ngibadah,kabeh ditindakke bebarengan. Wong-wong nyepakke kebutuhane dhewe-dhewe. Banjur, padha mangkat ba-reng lan mbantu siji lan sijine. Ingomahe Gusti Allah, wong-wong kuwindonga lan ngibadah marang Yehuwahbebarengan. (Lk. 2:41-44) Saiki, wek-tune awake dhewe siap-siap urip ing

16, 17. Apa sing diarep-arep umate GustiAllah sing rukun?

donya anyar. Mula, kudu rukun lannyambut gawe bebarengan. Apa panje-nengan wis ngupayakke luwih apik babkuwi?

17 Wong-wong donya iki ora rukunlan seneng padu. Ning, maturnuwunbanget merga Yehuwah wis mban-tu awake dhewe isa rukun lan ngertiAlkitab. Umate Yehuwah sak donya,ngibadah bareng manut kersane. Ku-suse ing pungkasane donya iki, umateYehuwah kudu luwih rukun maneh.Kaya ramalane Yesaya lan Mikha,awake dhewe padha munggah ana ”inggununge Sang Yehuwah” bebarengan.(Ye. 2:2-4; wacanen Mikha 4:2-4.)Awake dhewe mbesuk mesthi senengbanget, wektu kabeh manungsa ingbumi ”dadi siji” lan ngibadah marangYehuwah bebarengan.

Ibadah sak keluargambantu wong tuwalan enom luwih akrabsiji lan sijine(Deloken paragraf 12, 15)

MARET 2016 25

Page 26: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

”MANDHEG, DELOK, RUNGOKNA.” Tulisan kuwi dipa-sang ing palang sepur ing Amerika Utara luwih saka100 taun kepungkur. Apa sebabe? Benmobil-mobil sing li-wat ril sepur ora ketabrak sepur. Nek manut tulisan kuwi,mesthi slamet.

2 Yehuwah oramung ngelingke nek ana bahaya, ning ugangekeki umate tuntunan ben isa urip saklawase lan ora ci-laka.Yehuwah kayawong angonwedhus sing ngarahke lannjagawedhus-wedhuse ben ora cilaka.—WacanenYesaya30:20, 21.

Y´EHUWAH TERUS NUNTUN UMAT

´E

3 Ket jamane Adam lan Kawa, Yehuwah mesthi ngekekiprentah lan tuntunan sing cetha. Contone, ing tamanEden, Yehuwah ngekeki prentah sing isa nggawe manung-sa urip seneng saklawase. (Pd. 2:15-17) Ning, Adam lan

1, 2. (a) Akeh sing slamet merga tulisan apa? (Deloken gambar ndhu-wur.) (b) Umate Yehuwah dikeki tuntunan apa?3. Apa sebabe kabeh manungsa dosa banjur mati?

Yehuwah NuntunUripe Umate”Iki dalane, lumakua ing kene.”—Y

´E. 30:21.

LAGU: 32, 48

APA JAWABAN´E?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Yehuwah ngekeki tuntunanapa ing jamane Nuh lanMusa?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Yehuwah ngekeki tuntunananyar apa kanggo wongKristen?

��������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Apa buktine nek awakedhewe njaluk tuntunaneYehuwah?

26

Page 27: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Kawa ora gelem manut. Kawa ngru-ngokke omongane ula, banjur Adamgelem dipengaruhi bojone. Apaakibate? Wong loro kuwi sengsarabanjur mati, lan ora bakal diuripkemaneh. Merga wong loro mau ora se-tya, kabeh manungsa melu dosa lanakhire mati.

4 Yehuwah ngekeki Nuh prentahsing nylametke nyawa. Bar banjirgedhe, Yehuwah ora ngentukke umatemangan utawa ngombe getih. Apasebabe? Wektu kuwi, Yehuwah wisngentukke manungsa mangan dagingkewan. Merga kahanane beda, ma-nungsa perlu prentah sing anyar,”Mung daging kang isih ana nyawane,iya iku getihe, iku aja sira pangan.”(Pd. 9:1-4) Saka prentah kuwi, awakedhewe isa ngerti tanggepane GustiAllah bab nyawa. Yehuwah kuwi singnggawe urip, lan nyawa kuwi duwekeGusti Allah. Mula, Yehuwah nduwehak nggawe aturan bab urip. Contone,Yehuwah ngekeki prentah ora entukmateni wong liya. Kanggone Yehu-wah, urip lan getih kuwi suci. Wongsing nggunakke getih kanggo tuju-an sing ora bener, bakal disingkirke.—Pd. 9:5, 6.

5 Wulangan iki bakal ngrembug con-to-conto nek Yehuwah terus nuntunumate bar jamane Nuh. Kuwi bakalnguwatke tekade awake dhewe benisa terus manut tuntunane Yehuwah,nganti tekan donya anyar.

4. (a) Apa sebabe perlu prentah anyar babgetih? (b) Saka prentah kuwi, awake dhewe isangerti apa? Terangna.5. Wulangan iki bakal ngrembug apa? Apa se-babe perlu dirembug?

BANGSA ANYAR, TUNTUNAN ANYAR6 Ing jamane Musa, Yehuwah nge-

keki hukum liwat Musa bab carane tu-mindak lan ngibadah. Apa sebabe?Kahanane bangsa Israel wis ora kayambiyen. Luwih saka 200 taun, bang-sa Israel dadi budhak ing Mesir singwong-wonge nyembah wong mati lanbrahala, sarta tumindak liyane singora ngajeni Gusti Allah. Wektu metusaka Mesir, bangsa kuwi perlu tuntun-an anyar. Bangsa Israel bakal dadibangsa sing kudu manut mung karoHukumeYehuwah. Ana buku sing kan-dha nek tembung Ibrani ”hukum”maksude ”tuntunan, prentah, arah-an”. Hukum kuwi njaga bangsa Israelben ora melu tumindake bangsa-bang-sa sakiwa-tengene, sing laku jina lanngibadah palsu. Nek manut Yehuwah,bakal diberkahi. Ning, nek ora, bakalcilaka.—Wacanen PangandharingToret 28:1, 2, 15.

7 Ana alesan liya bangsa Israel perluhukum anyar. Hukum Musa nyepakkebangsa Israel ngenteni tekane SangMesih, yaiku Yesus Kristus, kaya ker-saneYehuwah. Hukum kuwi ngelingkenek bangsa Israel ora sampurna lanbutuh tebusan. Tebusan kuwi kudusampurna, ben isa ngilangke dosa se-pisan kanggo saklawase. (Gl. 3:19;Ib. 10:1-10) Hukum uga njaga benSang Mesih lair saka bangsa Israel,lan mbantu wong Israel isa niteni

6. Apa sebabe bangsa Israel perlu hukumeYehuwah liwat Musa? Bangsa Israel kudu tu-mindak apa?7. (a) Apa alesan liyane bangsa Israel perluhukum anyar? Terangna. (b) Piye hukum kuwiisa njaga bangsa Israel?

MARET 2016 27

Page 28: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

sapa Sang Mesih kuwi. Dadi, HukumMusa mau mung dinggo nganti tekaneYesus.—Gl. 3:23, 24.

8 Awake dhewe uga isa entuk pae-dah saka Hukum Musa. Piye ca-rane? Awake dhewe isa nggoleki lannggatekke pathokan-pathokan singdadi dhasare hukum mau. Hukum-hukum saka Gusti Allah kuwi ana ingAlkitab, ben awake dhewe isa sinausaka kono. Senajan ora dikon nin-dakke hukum-hukum kuwi, pathokan-pathokane isa ditrapke ing ibadah lanurip saben dina, lanYesus mulang nekpathokan kuwi luwih unggul timbangHukumMusa. ContoneYesus kandha,”Sira aja laku jina! Nanging Aku pitu-tur marang kowe: Sing sapa mandengwong wadon kalawan nduweni kren-teg marang dheweke, iku wus laku jinasajroning atine.” Dadi, ora mung tu-mindak jina sing salah, ning mikirkelan pengin nindakke wae wis salah.—Mt. 5:27, 28.

9 Sakwise Yesus dadi Sang Mesih,Yehuwah ngekeki prentah lan katrang-an anyar bab kersane. Apa sebabe?Ing taun 33 M, Yehuwah ora gelemnampa maneh bangsa Israel, lan ma-lah milih jemaat Kristen dadi umate.Dadi, kahanane umate Gusti Allah wisbeda maneh.

TUNTUNAN KANGGO ISRA`EL ROHANI

10 Mbiyen,Yehuwah ngekeki Hukum

8. Apa sebabe awake dhewe kudu ngetrapkepathokan-pathokan sing dadi dhasare HukumMusa?9. Apa sebabe Gusti Allah ngekeki prentahanyar maneh?10. Apa sebabe jemaat Kristen dikeki hukum-hukum anyar? Apa bedane karo Hukum Musa?

Musa, ben bangsa Israel ngerti ca-rane tumindak lan ngibadah. Mulaiabad kapisan, umate Gusti Allah oramung saka sak bangsa, ning malahsaka bangsa werna-werna, sing anaing jemaat Kristen lan manut karoperjanjian anyar. Umat kuwi disebutIsrael rohani. Yehuwah ngekeki hu-kum anyar utawa hukum tambahanbab carane tumindak lan ngibadah.Pancen, ”Gusti Allah ora mbedak-mbedakke manungsa. Dekne nam-pa saben wong sing pretyaya marangDekne lan sing nuruti kekarepaneDekne, ora perduli bangsa apa”. (PR.10:34, 35, Basa Jawa Suriname.) Umatkuwi manut ”angger-anggering SangKristus,” utawa hukume Kristus singditulis ing ati, dudu watu. Hukumkuwi nuntun lan ana paedahe kanggowong Kristen ing endi wae.—Gl. 6:2.

11 Israel rohani entuk paedah sakatuntunane Yehuwah liwat Yesus. Sak-durunge ngandhani bab perjanjiananyar, Yesus ngekeki prentah pen-ting loro. Siji, bab nginjil. Loro, babtumindake wong Kristen marang sijilan sijine. Prentah kuwi kanggo kabehwong Kristen nganti saiki, sing bakalurip ing swarga lan ing bumi.

12 Mbiyen, wong saka bangsa wer-na-werna kudu teka ing Israel kang-go ngibadah marang Yehuwah.(1 Ra. 8:41-43) Ning, Yesus ngekekiprentah ing Mateus 28:19, 20. (Wa-canen.) Yesus ngongkon muride ’lu-nga’ marang sakabehing bangsa. Ing

11. Yesus ngekeki prentah penting loro babapa wae?12. Ana prentah anyar apa bab nginjil?

28 WARTA PENTING

Page 29: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

MARET 2016 29

dina Pentakosta taun 33 M, Yehuwahpengin kabar apik diwartakke saklu-mahing bumi. Wektu kuwi kira-kirawong 120 ing jemaat sing anyar dikekiroh suci, lan isa ngomong nganggobasawerna-werna marang wongYahu-di lan sing dudu. (PR. 2:4-11) Barkuwi, dhaerah nginjile saya amba te-kan Samaria. Malah, ing taun 36 M,dhaerahe klebu sing dienggoni wongdudu Yahudi. Kuwi tegese, wong Kris-ten kudu nginjil marang kabeh wongsaklumahing bumi.

13 Yesus uga ngekeki ”pepakon[prentah] anyar” bab tumindak ma-rang sedulur liyane. (Wacanen Yo-kanan 13:34, 35.) Awake dhewe oramung nduduhke rasa tresna sabendina, ning uga gelem ngurbanke nya-wa kanggo para sedulur kuwi. Kuwising ora ana ing Hukum Musa.—Mt.22:39; 1 Yo. 3:16.

14 Yesus tuladha sing paling apikanggone nduduhke katresnan mau.Dheweke nresnani para muride ngantingurbanke nyawa, lan pengin paramuride nindakke sing padha. Mula,awake dhewe kudu gelem sengsaralan mati kanggo para sedulur liyane.—1 Ts. 2:8.

TUNTUNAN KANGGO SAIKILAN MB

´ESUK

15 Yesus milih ”abdi kang setya lanpinter” kanggo ”nyadhongi pangan. . . ing wektu kang katamtokake”.

13, 14. (a) ”Pepakon anyar” saka Yesus kuwiapa? (b) Piye carane niru Yesus?15, 16. Saiki, awake dhewe ngadhepi kahananapa? Piye carane Gusti Allah nuntun awakedhewe?

(Mt. 24:45-47) Pangan kuwi klebutuntunan sing penting kanggo umateGusti Allah, wektu kahanane ora kayambiyen maneh. Kok isa kahanane orakaya mbiyen maneh?

16 Awake dhewe urip ”ing dina-dinawekasan,” lan ora suwe maneh bakalngadhepi sengsara gedhe sing durungtau ana. (2 Tm. 3:1; Mk. 13:19) Uga,ana Iblis lan para dhemite sing wisdiuncalke saka swarga menyang bu-mi, sing nggawe manungsa sengsara.(Wy. 12:9, 12) Lan maneh, saiki awakedhewe nindakke prentahe Yesusnginjil ing saklumahing bumi, marangluwih akeh wong lan nganggo luwihakeh basa timbang sakdurunge.

17 Pakumpulane Gusti Allah ngekekiakeh sarana kanggo mbantu awakedhewe nginjil. Apa kuwi kabeh wisdigunakke? Ing pakumpulan ibadah,awake dhewe dikandhani ben isanggunakke sarana kuwi nganggocara sing bener. Apa panjenenganrumangsa tuntunan mau saka GustiAllah?

18 Ben diberkahi Gusti Allah, awakedhewe kudu nggatekke kabeh tuntun-ane sing ana ing jemaat. Nek saikimanut, sesuk wektu sengsara gedhelan Iblis disingkirke, awake dhewe lu-wih gampang dituntun Gusti Allah.(Mt. 24:21) Bar kuwi, awake dhewebakal dikeki tuntunan anyar kanggourip ing Pirdus ing bumi sing wis oraana pengaruhe Iblis.

19 Ing jamane Musa, bangsa Israel

17, 18. Piye kudune tanggepane awake dhewenek entuk tuntunan ing jemaat?19, 20. Kitab-kitab apa sing bakal dibukak?Apa hasile?

Page 30: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

butuh tuntunan anyar, mula GustiAllah ngekeki Hukum Musa. Ban-jur, jemaat Kristen manut karo hu-kume Kristus. Semono uga, Alki-tab kandha nek ing Pirdus mengko,awake dhewe bakal entuk kitab-kitabsing isine tuntunan anyar. (WacanenWahyu 20:12.) Kitab-kitab kuwi ba-kal nerangke apa wae kersane Yehu-wah sing kudu ditindakke manungsa.Nek kabeh wong klebu sing diuripkemaneh gelem sinau kitab-kitab kuwi,wong-wong mau bakal ngerti pikiranlan kersane Gusti Allah. Awake dheweuga isa ngerti Alkitab luwih akeh, dadiing Pirdus awake dhewe bakal nres-nani lan ngajeni siji lan sijine. (Ye.26:9) Bayangna, mesthi akeh banget

sing isa disinaoni lan diwulangke ma-nut tuntunane Raja Yesus Kristus.

20 Nek manut kabeh tuntunan sing”katulis ing kitab-kitab,” lan tetep se-tya wektu Iblis diculke maneh sakwisedipenjara, jenenge awake dhewe bakalditulis ing ”kitabing kauripan”. Kuwitegese awake dhewe isa urip sakla-wase. Kaya kandhane Alkitab, awakedhewe kudu MANDHEG utawa mi-kirke Alkitab, NDELOK ben ngertimaksude, lan NGRUNGOKKE ngang-go cara manut karo tuntunane GustiAllah saiki. Nek kuwi kabeh ditin-dakke, awake dhewe bakal slamet wek-tu sengsara gedhe lan isa terus sinaubab Yehuwah saklawase.—Ko. 3:11;Rm. 11:33.

Ing Pirdus, awake dhewebakal entuk kitab-kitab

sing isine tuntunan anyarkanggo urip ing kono(Deloken paragraf 19, 20)

30 WARTA PENTING

Page 31: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

Injil Lukas kandha nek Yesus mbukak, maca, lan nggu-lung maneh gulungan Yesaya. Ing bagean akhir Injil Yo-kanan, Yokanan uga kandha bab gulungan. Dhewekekandha nek ora isa nulis kabeh mukjijate Yesus ing gu-lungan kuwi.—Lukas 4:16-20; Yokanan 20:30; 21:25.

Piye carane nggawe gulungan Alkitab? Bahan-bahane saka kulit lan papirus, sing dilem ben mbentukgulungan. Bar kuwi, digulung ing gagang lan tulisaneing njero. Tulisane digawe per kolom sak ambane gu-lungan kuwi. Nek gulungane dawa, gagange ana loro.Wektu maca, tangan sing siji nggulung mlebu, lan si-jine mbukak gulungan, nganti ketemu bagean sing arepdiwaca.

The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Ana gunane Al-kitab digawe gulungan. Senajan dawane kira-kira 10 m,ning merga digulung, dadi luwih ringkes.” Contone, InjilLukas kira-kira dawane 9,5 m. Kadhang kala, pinggiranegulungan bagean ndhuwur lan ngisor dihias, digosoknganggo watu apung nganti alus, lan diwernani. ˇ

APA PANJENENGAN NGERTI?

Ing jamane Alkitab, piye carane nggawe lannggunakke gulungan Alkitab?

GULUNGAN BUKU`ESTER

SAKA KULIT, ABAD 18 M� The Trustees of the Chester Beatty Library, Dublin

Ing jamane Israel, mung ana siji sing dipilih dadi imamagung. Kuwi jabatan nganti dheweke mati. (Wilangan35:25) Harun sing pisanan dadi imam agung. Jabatanimam agung kuwi mung kanggo anak lanang mbarep.(Pangentasan 29:9) Akeh keturunane Harun sing dadiimam, ning mung sithik sing dadi imam agung.

Wektu Israel dijajah negara liya, pamrentah sing ngu-wasani Israel milih lan ngganti imam Yahudi sakpenakedhewe. Senajan ngono, kayane imam sing dipilih mesthisaka keluarga sing diurmati, lan akeh-akehe keturunaneHarun. Tembung ”para pangareping imam” maksudeanggota utama golongan imam. Mbokmenawa kuwi kle-bu para pemimpin 24 bagean golongan imam, anggotasing dikenal saka keluarga para imam agung, lan imamagung sing wis dipecat, kaya Hanas.—1 Babad 24:1-19;Mateus 2:4; Markus 8:31; Lelakone Para Rasul 4:6. ˇ

Sapa sing dimaksud ”para pangareping imam”ing KitabYunani Kristen?

MARET 2016 31

Page 32: MARET 2016 34567 - download.jw.orgdownload.jw.org/files/media_magazines/be/w_e-Pub_JA_201603.pdfnengan, keluarga, lan kanca diundang teka ing acara iki kanggo ngrungokk ... anggone

w1

6.0

3-J

A P

ub

15

12

02

APA YANG

Sebenarnya

ALKITAB AJARKAN?

sMajalah-majalahkaya ngene isadiundhuh orambayar

Alkitab isa diwacaing Internetnganggo kira-kira130 basa

Delokenwww.jw.org/jv,utawa nganggokode iki

no

p

Iblis kuwi apa utawa sapa?NURUT PANJENENGAN Iblis kuwi . . .˙ Malaekat?˙ Sipat jahate manungsa?˙ Mung ana ing pikirane manungsa?ALKITAB KANDHAIblis isa omong-omongan lan ’nggodha’ Yesus.(Mateus 4:1-4) Dadi, dheweke ora mung sipatjahat, utawa mung ana ing pikirane manungsa.Iblis kuwi malaekat sing jahat.APA MAN

`EH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

˙ Sakdurunge dadi jahat, Iblis kuwi malaekat. Ning,dheweke ora tetep ”ngandhemi ing kayekten[nglakoni sing bener]”. (Yokanan 8:44) Dhewekedadi tukang ngapusi, lan mbrontak nglawanGusti Allah.

˙ Malaekat-malaekat liyane melu Iblis mbrontak.—Wahyu 12:9.

˙ Iblis nggawe wong ora ngerti nek dheweke pancennyata.—2 Korinta 4:4.

Apa isa Iblis nguwasaniwong-wong?ANA SING KANDHA nek ora mungkin Iblisnguwasani wong-wong. Ning liyane, ana singwedi dikuwasani. Piye nurut panjenengan?ALKITAB KANDHA”Sajagad kabeh kawengku ing pangawakdursila.” (1 Yokanan 5:19) Senajan pengaruheIblis gedhe, ning ora tegese saben manungsaisa dikuwasani.APA MAN

`EH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

˙ Iblis ngapusi manungsa ben manut dheweke.—2 Korinta 11:14.

˙ Para dhemit kadhang kala isa nguwasanimanungsa.—Mateus 12:22.

˙ Awake dhewe isa menang nglawan Iblis nek njalukbantuane Gusti Allah.—Yakobus 4:7.

APA KANDHAN´E ALKITAB?

Tulung kirimi aku bukuApa yang Sebenarnya AlkitabAjarkan?Kanggo katrangan luwih akeh,deloken bab 10 buku iki,sing dicetak Seksi-Seksi YehuwahUga ana ing www.jw.org/id

BASA ��������������������������������������������������������������������������������������������������������

JENENG ����������������������������������������������������������������������������������������������������

ALAMAT ���������������������������������������������������������������������������������������������������

�����������������������������������������������������������������������������������������������������������������

�����������������������������������������������������������������������������������������������������������������

Alamat surat ing kaca 2