106
SEPATU Prok prok prok Swarane sepatuku Sepatu anyar saka Ibu Ibu kang tresna aku Prok prok prok Sepatu anyarku Warnane biru Gawe bungah atiku Sepatuku saka ibu Kuwi sepatu anyarku Aku kudu sregep sinau Supaya ditumbasne sepatu. 1 Umrotun Nafi’ah 12020114001

Kumpulan Guritan 2012 A

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Tugas Akhir mata kuliah Pembelajaran Sastra Anak Prodi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah angkatan 2012 A membuat tembang macapat minimal 5 pada.

Citation preview

Umrotun Nafiah12020114001SEPATU Prok prok prokSwarane sepatukuSepatu anyar saka IbuIbu kang tresna aku

Prok prok prok Sepatu anyarkuWarnane biruGawe bungah atiku

Sepatuku saka ibu Kuwi sepatu anyarkuAku kudu sregep sinauSupaya ditumbasne sepatu.

SAWAHIjo royo-royo warnaneAdhem ayem hawaneGayeng swasananeAmba papane

Sawah kuwi ambaSawenehe tanduran uga anaPari, jagung, lan pala wijaGodhonge uga amba-amba

Sawah-sawahe Pak TaniSing banget ditresnaniKanggo urip mburiSupaya tetep asri

93BU GURUBu gurukuPanjenengan sumber ilmuKanggo aku lan kancakuSaben dina tanpa ragu

Bu gurukuMatur nuwun kanggo ilmumuTulus ikhlasmu mulang akuNganti aku bisa maca buku

Bu guruku Panjenengan inspirasikuKanggo sregep sinau Supaya mbesuk bisa dadi guru

PENGAMENGreng greng greng Obahe tangan kuwi

Sing bisa mbusak sepi

Sepi ing dalan-dalan iki

Greng greng grengLagu siji mbaka siji wis muniSwarane penak kaya penyanyiSwara kuwi gawe mareme ati

Greng greng greng Bocah cilik kuwi Mlaku-mlaku pinggir rattan ikiPadha ngamen njaluk diwelasiMula kanca ayo padha diwenehi Supaya bisa kanggo ngisi weteng kuwi.

RIYAYARiyaya kurang telung dinaKabeh padha tata-tataPadha ngepel latar ambaKanggo nampa tamu sing teka

Riyaya kurang rong dinaBapak kondur saka kuthaNggawa tas ireng tur amba

Kang isine suguhane wong sadesa

Riyaya kurang sedina Sesuk takbiran menyang kutha Mula kanca padha sregepa pasaSupaya bisa nyambut dina riyaya.

Jenitasari Santoso12020114002WAYAH ESUKWayah esukJagone klurukEsuk uthuk-uthukIng dhuwur gubug

Esuk iki hawane atisBareng karo cebloke grimisBanyune seger riwis-riwisDadi embun bubar grimis

IBUIbu tansah sabar saben wektuOra tau sambat kesel lan lesuSenajan saben dina ngrumat kulawargakuNanging ibu tansah mesem lan ngguyu

Kesabaranmu ora ana bandinganeOra kalong tresnaneMarang kulawarganeIbu pancen widadari kang katon wujude

PITKU ANYARBudhal menyang sekolahkuPakulinan saben esukKulinaku mlakuKrasa kesel awakku

Bapak pirsa keselkuAku dipundhutake pit werna unguAke seneng pitkuSaya sregep budhal golek ngelmu

NUMPAK SEPURJes ujug ujes ujug ujesSuarane sepur sing tekaSenajan ta udane netesSepurku mlaku liwat kertosono

Atiku seneng lan bungahNumpak sepur bareng kanca sekolahDhawuhe ibu numpak sepur kuwi murahJebul saiki regane tiket uwis munggah

Jes ujug ujes ujug ujes Mlakune sepur rendheg-rendhegMandheg ndadak merga kresAku ro kancaku padha dheleg-dheleg

BANYUBanyu beningParingane GustiKanggo manungsa ing bumiLiwat udan terus mili ing kali

Tanpa banyuNgombe ora bisaAdus ora bisaMaturnuwun dhuh Gusti

Yulinda Atika Sari12020114003PAK TANIWayah esuk saben dinanePak Tani menyang sawaheOra preduli panas hawaneSupaya bisa sae pikolehe

Pari sing ditandurDitata karo mundurPratandha desaku subur Bungahe atiku nyawang desaku sing makmur

Ayo kanca ndeleng Pak Tani Nyambut gawe rina wengiKanggo nguripiSupaya parine ora mati

OMAHKUOmahku werna biruDak tanduri kembang sepatuSaben dina daksirami banyuSupaya bisa lemu

Omahku,Ayem trentrem kahananeAna uga wit-witaneKayata wit pelem tuladhane

Katon resik omahkuSaben dina daksapuSupaya yen disawangkaton apik omahkuAdem,ayem lan tentreme atiku

MLAKU-MLAKUDina mingguAku mlaku-mlakuSupaya sehat awakuMlaku-mlaku mubengi desaku

Seger hawaneSilir-silirangineCuit-cuit emprit swarane Nambahi semangat wae

Ayo kanca mlaku-mlakuSupaya bisa sehat awakmuAmarga kerep mlaku-mlakuMubeng-mubeng ana desamu

GURUKUGuruku,Saben dina mulang akuKanthi sabar lan wigati marang akuGuruku sing ayu\

Guruku,Tumindake becik bisa digugu lan ditiruSaben dina ora tau nesuLan bisa nggawe ngguyu

Esuk nganti awan mulangeOra nduweni pegel anggoneLan sabar uga tumemen kanggo kapinterane murideGuruku pahlawan sing gedhe jasane

KLAMBIKUKlambiku werna unguDitumbasne ibukuNalika dina mingguDakgawe ing ulang taune kancaku

Senenge ndeleng klambiku Klambi ungu batik abu-abuKembange semu-semuKaton endah lan bungah atiku

Kanca-kanca padha ngguyuNyawang klambikuAmarga kembange batik abu-abuKaton lucu nggawe mareme atikuMatur nuwun ibuku

Rika Ratna Sari12020114004AKU KUDU SINAUAku kudu sinauSaben sinau aku ora lali ndonga marang gustikuSupaya sugih ilmuSaben bengi Aku sinau jam pitu

Sinau kanggo ulangan dina sesukAku sinau nulis lan maca bukuSupaya enggal oleh ilmuLan duweni paedah kanggo uripku

Yen krasa ngantuk mabnjur turuOra lali nata piranti sekolahkuSeragam buku lan sepatuTangi turu nata paturonku

Adus ngresiki badankuOra lali banjur wudhuSembahyang manut agamakuSupaya dadi bocah kang satuhu

IBUKU SAYANGIbuSapa kang bisa ngerteti aku kejaba ibukuSaben dina saben wektuIbu ora sambat kanggo ndhidhik akuSaben ibu duka marang akuIku tandhane ibu trisna marang awakku

IbuAku tansah nyuwun pangestu lan restu Supaya anggonku sinauBisa migunani kanggo masa depankuLan bermanfaat apa kabeh ilmuku

IbuTrisnaku marang sliramuTansah tak ugemi lan satuhuNganti mbesuk lan mbesuk kahanan ing uripku

JATIM PARK MALANGPrei sekolah dina mingguAku kanca-kanca ku lan ibu guruDolan rekreasi ing kota BatuNumpak bis werna biru

Atiku seneng lan ayemNyawang kabeh padha mesemKahanan krasa tentremNalika aku mangan brem

Mlayu-mlayu ing jero TamanNyawang banyu kang mili ing kolamPengen nyemplung banjur dolananKaro kancaku sirat-siratan

Preian mbesuk aku bakal baliBali dolan ing ngrikiNgajak kanca-kancaku lan Pak BeniGuru lan kanca-kanca sing dak senengi

MLAKU MLAKUWektu sore ikuAku ibu bapak lan adhikuLagi mlaku-mlaku ing taman sedhahduHawane sore seger kanggo mlaku mlaku

Sore kang tentremSore kang ayemNggarai ati kesengsemNyawang ibu bapak lan adhiku mesem

Gegojekan mesem lan ngguyuKeluargaku kang dak trisnaniKeluargaku kang dak sayangiBapak ibu lan adhiku tansah dak remeni

KUCINGKU LUCUKucingku pancen lucuJenenge jaluSaben dina senengane turuSaben wengi mlayu-mlayu

Kucingku tak pakani bandengSupaya rada antengLan ora nggreng-nggerengDadi atiku seneng

Aku lan ahiku sabendina donalan karo jaluJare ibu supaya aku ora dolan-metuNang ngomah gegojekan karo jalu lan dhikuSaya seneng lan saya tentrem atiku

Anik Fitriani12020114005PANTAI PRIGIPantai prigiNalika libur panjangPrigi nggawe senenge ning atiOmbak-ombak sing ngancani

Sinambi mangan roti lan es kopiAngin sumilir Godhong-godhong padha miberLemah-lemah padha munyer-munyer

Pantai prigiPancen endah gaweane GustiAyo padha disyukuriLan diapiki

SAPIKUSapi Saben dina dipakaniSupaya lemu-lemuSapi sapi sapi

Tapi nyapo kowe matiOra kurang-kurang anggonku makani lan ngombeniSaben dina uga tak dusiTak elus-elus

Pancen dudu rejekiKuwi ngono cobaan saka GustiSupaya luwih ngabekti Lan ora lali

NUNGGU SEPURDina minggu aku dolanDolan menyang kuthaKutha Surabaya sing dadi tujuwanNumpak ku numpak sepur

Sepur Pancen kudu sabar tenan ngenteni kowePanas-panas cuacaneTapi kowe akeh sing ngenteni

Mung tembung sijiYaiku sabar Sabar pancen subur Wong subur mesti makmuSuwi anggonku ngenteniSakjam aku ngadek

KANCAKUDina minggu Aku dolanan karo kancakuCacahe ana woluSing telu lemu-lemu

Minggu Rasane bungah atikuBisa seneng-seneng karo solmetkuKaro guyu-guyu

Kancaku pancen keluargakuBisa nggawe seneng saben mingguKancaku kancakuAja nganti padha satru

SINAUDina sabtu pancen kelabuAku diukum marang gurukuDiukum mlayu-mlayuNganti aku lesu

Nanging dina sabtu uga malem minggu Malem minggu mesthi gawe senenge atikuAmarga wancine ora sinau Pancen mesthi abot yen arep mbuka buku

Nanging sinau kuwi pentingSupaya dadi bocah sing pinterOra gampang diapusi Yen wis pinter bakal dadi dokter

Elis Novianti12020114006BALI SEKOLAHDina libur wis rampungDolan lan dolanan uga rampungSaiki bali menyang sekolahSekolah kanggo ibadah

Seragam, tas, lan bukuKabeh anyar kanggo golek elmuIlmu saka Bu GuruLan uga saka Pak Guru

Dina sekolah wis wiwitBangku sekolah ngawe-aweBali maneh dadi muritKudu tambah pintere

IWAK GORENGIwak sepat lan iwak waderAsile njala ing kaliDigoreng ing wajan bunderRasane enak lan gurih

Iwak sepat lan wader gorengDipangan karo bapak lan ibukDipangan bareng-barengOra disendhok nanging dipuluk

Iwak sepat lan wader gorengDipangan karo sega angetNeng ati marakne senengNeng weteng wareg banget

NGUNDHUH LOMBOKSrengenge wis mengulonSorene wis katonMlaku jlintrik-jlintrikBareng ibu lan adhik

Tekan sawah tansah mlongoLombok tuwek abang lan ijoWis wayahe diundhuhDiijolake lawuh

Lombok dipethikiDikumpulake dadi sijiDigawa mulih diindhitiDidol menyang tokone Pak Bisri

UDAN WAYAH ESUKEsuk umuk-umukHawane sumukLangite petengMendhunge ireng

Udane riwis-riwisBledhege ora wis-wisKilate nyamber-nyamberNggawe ati tansah geter

Wayah esuk udanDikongkon mantelanMilih payunganGolek elmu ing sekolahan

TULUNGAGUNGTulungagung,Kutha endah tanah lairkuTulungagung,Kutha endah tan kurang banyu

Ing kene, ana bapak-ibukuIng kene, ana sanak-kadangkuTulungagung, kutha ing atikuTulungagung, kutha kabagyanku

Shinta Putri Anggraeni12020114007SINAUSaben wengi jam pituAku nyandhak bukuOra tak gawe bantal turuNanging tak gawe sinau

Cukup sinaukuBanjur aku turuEsuk sawise subuhAku uga sinauSupaya manteb ing pikirku

Sinau iku perluSupaya tambah ilmuMengko yen wis cukupAku bakal dadi guru

SEPATU ANYARBapak tindak SurabayaBanjur tindak SurakartaBapak tindak amarga kerjaSupaya bisa tumbas sega

Yen liburBapak kondurAku seneng bisa ketemuTambah seneng ditumbasna sepatu

Sepatu anyar warna biruTak gawe dolan menyang kancakuApike sepatumu!Iya, oleh-oleh saka Bapakku.

KUCINGKUMlaku-mlaku menyng pasar MingguMubeng-mubeng golek kucing teluAku pengin warnane lucuBisa soklat, putih, utawa klawu

Eee aku wis nemuKucing soklat, putih, lan klawuKabehe ana teluKabeh lucu-lucu

Si klawu teka omah langsung turuKucingku memang lucuBakal tak openi kucingkuSupaya bisa lemu-lemu

DESAKUEndahe alamkuTentreme desakuhawane isih asliDurung kecampur polusi

Desaku ngisor gunungSaben esuk akeh mbunNyegerake wit lan tanduranUga pawongan

Bakal tak jagaEndahe desakuSupaya bisaLestari alamku

ALAMKUEndahe alamkuNggawe seger atikuTanduran ora layuKewan-kewan padha gumuyu

Iki alamkuUga alammuKudu dijagaSupaya ora diaku negara liya

Yen alame dijagaBanjur diopeniMakhluke bakal amanAlame bakal lestari

Ayu Sri Ambarwati12020114007DESAKUDesaku katon asriSaben minggu ana kerja baktiDalan lan omah diresikiOra lali sukete dibubuti

Ing desaku katon endahKaton gunung lan sawahGununge katon dhuwurGawah katon subur

Ayo kanca-kancaPadha sregep ngresiki desaSupaya endah disawang mataUga supaya sehat para warga desa

JAM BEKERKringkringkringJamku muniWayahe aku tangiOra lali ngresiki kamarkuUga nata paturonku

Banjur ngewangi ibuResik-resik ing omahkuAku adus, lan tata tata kanggo sekolahkuBanjur budhal pamit bapak lan ibuku

BAPAKPanase srengenge katon ngobong kulitRasa ngelak ora direkenRasa luwe tansaya diempetIki amarga tanggunganmu

Sikil dadi ndas,Ndas dadi sikilParibasan ing urip ikiDirewangi adus kringet rina wengi

Kanggo nguripi keluwargaSliramu kaya srengenge ing rinaMadhangi saisine jagadKaya wulan ing ratriMadhangi weninge wengi

IBUKatresnanmu pancen ora ana sing nandhingiSliramu pancen mulyaPawehmu tanpa rasa pamrihResik kaya banyu bening

Nanging raga wus tuwaRambutmu dadi rong warnaAnanging pangandikanmu Lan pangestumu Menehi dalan kanggo urip mulya

Sembah pangabektikuDhuh kanjeng ibuIsun nora bisa malesMung donga konjuk marang GustiMuga Gusti paring kuat nglampahi coba

KLAMBI ANYARDina Minggu aku mlaku-mlakuAku tumuju toko Sri RatuAku dijak tuku klambi karo ibuKlambine werna biru

Klambine ana rendane puih lan abu-abuAna kembange kuning, abang, lan unguAna gambar boneka senenganku

Aku seneng klambikuTambah bungahe atikuKlambi sing numbasake ibuBakal tak gawe ing taun baru

Eksa Hertin Probowati12020114009PENGALAMANKUIsih kelingan pengalaman sesasi kepungkurBapak lan ibu ngejak dolan menyang Candi BorobudurNumpak sepur dadi panglipur

Suwarane sepur tuuiit tuuiit gujes gujesRel sepur tempuk rodha sing nggilesSepur logawa esuk sing dak tunggagiBareng bapak lan ibu marem ing ati

Nalika tekan stasiun Lempuyangan Iki mono pegalaman sepisanan Kutha Jogjakarta ninggal kenangan Kahanan kutha rame riwa riwi kendaraan

Dina bacute Borobudur wis aneng ngarep netraOra amung ujare kanca kang dak rungu ing crita critaWewangunan gedhe, dhuwur lan ambaAna relief, patung lan stupa Endah tenan Candi BorobudurMuga bisa dadi panglipur

Surabaya, 23 April 2015 MLAKU-MLAKUNalika padhang rembulan Wujude bunder ser katon aneng netraWerna putih sembur klawu ing angkasaSesandhingan lintang lintang sing ngrengga

Nalika padhang rembulanAja padha turu sore Amarga rame isih ngawe aweIng sawijining lapangan pasar malem ing Blauran

akeh dolanan sing dipajangsadawane lapangan mlaku turut dalan karo gegojekan nonton endahe sesawanganmareme ati ora karuwan nanging ya amung bisa dadi sesawanganarep tuku katone larangsenadyan iku amung dolanan tradisional isih sumimpen ing awing-awang

Arum Dalu, 2 Mei 2015

KESENANGANKUnalika isih umur petang tahunSaben wengi arep turu ibu ndongeng kanggo akuDongenge lucu-lucu Saka majalah bobo langgananku

Kadhang uga ana crita jaman kunaJaman sejarah kang nduweni pitutur luhur lan cethaPiwelinge ibu iku dadi sangu tuwaMerga para pahlawan mbangun bangsa nganti kelara-lara

Amarga pakulinan ngrungokake dongeng ibuSaiki aku dadi seneng maca bukuSaba perpustakaan saben mingguMundhak dadi sangu sesuk kang dak tunggu

Ing perpustakaan akeh banget koleksi bukuSastra kuna, modheren, politik, ekonomi lan ilmu-ilmu Arep milih saka basa indonseia, jawa, manca kabheh anaKesenenganku maca saya amba

FBS 2015, Peprus Suripan Sadi Hutomo

DOLAN LAYANGANDolan layangan satengahe gangAwan awan ora peduli kepanasanKringet kang deleweran ora dadi alangan Aku sakanca mbacutake layangan

Layangane cacahe ana teluDuwekku duwekke Randu lan duwekke BayuWerna abang, biru lan unguAna taline sing bisa mumbulake layanganku

Layanganku dak tarikMundhak supaya ana sing nglirik Supaya bisa tansah ing angkasa Mumbul dhuwur kaya donga njero dhadha

Sanalika ucul dhuwur aku dadi ing tengah dalanUga tali kang mumbulake layanganKadhang layanganku kejiret kabelSenare mluntir ora bisa bali mumbul

Layangan satehngahe gang asring dadi alanganBanjur ora krasa mangiwa lan nengen Manut parane layanganAna sing kandha iku ora penerMerga bisa nuwuhake bebayaDalan kanggo liwate kendaraanDudu kanggo dolan, kepriye maneh nasib arek-arek gangOra duwe lapangan kanggo papan dolananLidah Wetan X, 2015

PIWELINGE IBUSaben mulih sekolahJam siji liwat setengahKaro kancaku numpak sepedahRasane ati dadi bungahSenadyan awak rada lungkrah

Saben mulih sekolahAku ngliwati dalan rame ikiNanging akeh kendaraan wira wiriSenadyan rasane dhadha rada wediNyawang dalan kaya mbebayani

Saben dina aku diilingake ibuNunggang sepedhah ora perlu kesusuSupaya slamet anggone meguruMundhak bisa wasis kaya bu guru

Choirunnisa12020114010 KUPUKupu yen daksawang rupamu pancen ayuMiber mrana mrene gawe atiku guyuMenclok ing kembang ngarep omahkuTak enthup nanging malah mlayu

Kupu.Maneka warna rupamuAna abang, ijo, lan unguMiber ngideri kembangku

Kupu Solahmu gawe atiku guyuLan nambahi endahe tamanku

SEGARA BIRUByak byuk byak byukNumpak prau ing dina mingguNggawe bungahe atiku

Dolan ing tengahing segaraNyawang banyu biruLan watu karang ing ngisore prau

Mbyar mbyur Swarane ombak pating njemblegurEndahe segara biruNambahi senenge atiku

DESAKU DesakuSawah lan gunung ana ing desakuPari ijo royo royo nambahi ayem atikuManuk emprit padha ngoceh jejogetanNambahi gayeng kahanan desaku

DesakuAku seneng manggon ing desakuSaben dina dolanan bareng kanca kancakuTurut galengan padha mlaku mlaku

Desaku.Muga tansah lestari alamku

IBUIbuMung sliramu wong tuwa kang satuhuKang ngrumat aku wiwit ing guwa garbamu

IbuAku ora bisa males apa apaKajaba mung nyuwun ngapura

IbuKeparenga aku ngabekti marang sliramuLan nyuwun tambahing pangestumuDimen gampang anggonku lumaku

WISATADina minggu dina kang daktungguAku dolan menyang kutha tahuBebarengan bapa lan ibu

Numpak dokar ngubengi kuthaTumuju papan pariwisataAwujud petilasan kang diarani guwaDumunung ing satengahing wanaPapan kang endah cocok kanggo pariwisataDadekake ati sansaya lega

Museum sejarah uga anaSinebut museum airlanggaPapan sinau lan pariwisataKanggo nguri nguri kabudayan bangsa

Nhurinta Ayu 12020114011BUMIBumiku endahKebak kembang werna-werniBumiku padhangKebak cahyane srengenge lan rembulanBumiku asriAkeh wit-witan lan tanduranBumiku segerBanyu ing samudra ora asatIki bumiku, nanging uga bumimuUga bumine kabeh manungsaAyo ayo kabeh melu njagaKabeh melu nglestarekake bumiBumiku, bumimu, bumine kabeh manungsa

Dening Nunuk R. H.01 Mei 2015

KLAMBI BATHIKAku duwe klambi bathik werna abangAku kesengsem, marem, lan demenKlambi bathik werna abangYen tak gawe pancen pantes tenan

Matur nuwun, matur nuwun,Matur nuwun nggih ibuKlambi bathik werna abang pepenginankuWus digawekake dening ibu

Klambi bathik werna abang kasenengankuBakal tak gawe ing mantenane mbakyukuBakal tak pamerake menyang kanca-kancakuTak critakake yen iki gaweyane ibuku

Dening Nunuk R. H.30 april 2015

MENYANG PASAREsuk-esuk mlaku menyang pasarNdherek ibu blanja jangananTolah-toleh nyang wong dodolanManeka warna panganan lan sandhangan

E, la kae, ana klambi apikKlambi terusan werna soklatAna gambar boneka ing dhadhane

Klambi soklat sing ana pitaneTak jaluk ditumbasake ibuDhawuhe aja saikiMbesuk wae yen duwe rejeki

Abot pancen abotUku uga gela tenanNanging aku percaya marang ibuMbesuk yen ana rejeki mesthi ditukokake tenan

Dening Nunuk R. H.30 april 2015

UDANMendhunge teka, ngaling-alinge srengengeNdadekake cahyane ora teka ing bumiAmung banyu sing tumetesNelesi sakabehe tanduran pak tani

He kanca-kancaAja padha maido yen udane tekaIki udan panyuwune pak taniAmrih tansurane seger lan asri

Iki uga panjaluke wong sing kepanasanKobong kena hawane ndonyaSing kena efek rumah kaca

Dening Nunuk R. H.02 Mei 2015

OMAHKUIki omahkuRupane ijo cat omahkuGedhi amba kanggo mlayu-mlayuPapan kang nentremake atiku

Omah iki kebak sejarahCrita wiwit aku lair nganti jaman saikiTansah kacarita ing papanSing nentremake ati iki

Ing omah iki aku urip bebarengan kulawargaRama ibu kakang adhi uga si mbahPandongaku muga kabeh seger warasUrip bakal tentrem raharja kebak bagya mulya

Dening Nunuk R. H.30 april 2015

Eka Nopiya U H12020114012AJA NANGIS BUK...Buk...Swargaku ana ing tlapak sikilmuWelas asihmu kang tansah ana ing uripkuEsemmu tansah dadi semangatkuAja nangis Buk, aja nangis mung merga akuAku ora bakal lila yen eluhmuNetes merga susahe ngrumat akuIbu... daksuwun aja nangis,

SAWAHIjo royo-royo sing daksawangHawa seger sing dakrasakeAku seneng,Aku bungah,Aku ayem ana keneRasa tentrem tansah nggugah atikuAja mulih dhisik Pak,Aku isih pengin neng keneNeng sawah sing daktresnani

BAPAK-IBU GURUKUBapak ibu gurukukayadene lintang ing wengikuTansah dadi pepadhang ing petengkuNalika aku kesasar, sing nunjokake dalankukayadene wong tuwa kapindhokuBapak Ibu guruku minangka pahlawan tanpa tandha jasakuMatur nuwunBapak guruku...Matur nuwun Ibu guruku...Ilmu sampeyan bakal dadi dalankuDalan tumuju kasuksesankuLan kabeh jasamu ora bakal muspra saka atikuMatur nuwun Bapak-Ibu guruku...

KUTHAKU, KUTHA TUBANKuthaku kutha tubanKutha kelairanku sing daktresnaniKutha endah diubengi pesisirKutha religi, kuthane para wali

Kuthaku kutha TubanSejarahe saka watu tibanKang ngugemi kabudayanLan tansah ngajeni kauripan

MUHAMMAD, NABIKU...Muhammadku...Nabi kang pungkasan, kang aweh pepadhang Marang wong Islam, ing saindenging jagad

Nabiku..Perjuwanganmu nyebarake IslamOra tanpa pepalang, kabeh sarwa pangurbanan

Wong kafir kang dadi musuhmuTansah ngideg-ngideg tanpa ngajeni sliramu,minangka manungsa piliyane GustikuKang diutus nunjokake dalan umatmu

Siddiq, amanah, tabligh, fathonahMinangka sipat becikmuKang prelu dituladha dening umatmuKalebu aku

Ya.. aku ora bakal slenca ing janjiLumantar syahadat kang dakucap ing kauniAku percaya Muhammad ya nabikuTulungana aku mbesuk minangka umatmu

Welly Dana Indiarta12020114013SEPEDHAHKUSepedhahkuHadhiah saka wong tuakuWerna ungu iku kesenengankuOra njaluk ora tukuNing merga oleh juara teluBungah rasae atikuSabendina takgawe menyang Si MbahkuDolan karo kancakuLan budhal menyang sekolahkuSepedhah iki duwekkuSaka bapak lan ibuku

KEMBANG MLATHIAmbune wangi nentremke atiKaton endah lan ediDitandur nang ngarep latare UtiDadi tandha senenge atiBakal takjaga kembang melathiSabendina taksiramiUga gelek takrabukiSupaya kembange ora matinganti mbesuk bakal takrumat

MALANGDina minggu aku mlaku-mlakuKaro bapak lan ibukuDulurku kabeh padha meluMalang iku daleme pakdhekuHawane adhem lan lemahe suburAna wit apel lan anggurBungah banget menyang daleme pakdhekuAku bakal bali maneh karo adhiku

KEBON BINATANGDina minggu aku nang surabayaMlaku-mlaku lan niliki si mbahKara tangga lan kluwargaBebarengan numpak montor avansaMapir kebun binatang surabayaAna kijang lan untaMonyet lan manuk daraSembarang kewan ana nang kanaBungah banget bisa mrana

PACETPacet iku desaneAna wit-witan gedhe-gedheBanyu panas iku terkenaleAna nang pucuk desaneAkeh wong sing dolan mreneKanggo adus lan kungkum waeBanyune ana sing panas lan angetMlaku-mlaku karo bapak ibuk mreneOra gampang dilalekakeAja lali alame ayo padha dilesterekake

Faridha Khatmayanti12020114014KAPANGKUJarak iki isih adohMripat sliyat-sliyutAwak rasa keselBanyu tumetes saya deresDakterjang dalan-dalan ikiNganti waspada ngati-ati

Kapan tekakuAku wis kapang karo ibu lan bapakuSanajan bledhek makantar-kantarNanging tetep dakterusake lakukuMugya aku ndang enggal teka menyang omahku

DONGA IBUIbu. . .Donga lan pangestumu ajeg dak suwuniKang kebak rasa asih tresna yektiDonga lan pangestumu cahyaning uripkuIbu. . .Donga lan pangestumuPangarep-arepkuRahina ratri ajeg dak antiKanggo nglakoni urip ing donya iki

KEMIS WAGEKemis wage iki dadi dina wetonkuDudu bab klenik pancen wis dadi bakuYen kemis neptu wolu wilangan kang bakuWage papat asipat nyemangati watakku

Nadyan neptu dina tan bisa dadi wewatonLuwih becik sesirik murih bisa kelakonGelem laku resik sinau barang kang katonTan mingkuh mring kewuh sregep sinau lan takon

KLAMBI UNGUDina iki aku dolan menyang pasar mingguKaro Bapak lan IbukuAku ditukokake klambi werna unguSing bakal tak pamerake kanca-kancakuTekan omahku klambi ungu dak duduhake marang mbakyukuDheweke seneng nyawang aku nyoba klambi ungu mauJare ibu, bapa lan mbakyukuAku katon unyu-unyu

PANGIMPENKUIng tawang ana lintangLintange padha sumebarPangangenku ana ing awing-awangKang dak ajab kanthi sabarImpenku isih padhaPangangenku ya isih padhaPangajabku ya uga isih padhaMuga mbesuk dadi bocah kang guna kanggo bangsa lan negara

Khoiril Umam12020114015KENTER PARKIRYen dak sawang, tansah reged wujudmuOra biru maneh, nanging coklat warnamuDudu merga obahe banyuNanging krana sampah kang kenter saka kuthamuHeh menungsa !!!Nang ngendi panggonmu mikirSampahmu nganti kenterApa rumangsamu laut iku panggon parkir?Iyo, parkire sampahmu sing kenter.

BOCAH NDESASuara manuk wis cecuitanNdadekake ayeme ati ing dina liburanMasiya umahku ana ing pedesanNanging ora bingung anggonku golek dolananDudu ing mal utawa ing tamanNanging cukup ana ing lapangan lan tegalanDudu video game utawa ps-anNanging cukup delikan lan betenganAku seneng masiya ora ps-anAku seneng masiya mung dolanan betenganAku seneng dadi bocah pedesan

CITA-CITAAku pengen dadi dokterMula saka iku aku kudu pinterAku pengen dadi guruSupaya bisa digugu lan ditiruAku pengen dadi polisiSupaya bisa nangkap wong korupsiAku pengen dadi insinyurSupaya bisa nggawe kapal maburAku pengen dadi kyaiSupaya bisa ngajari wong ngajiMula kanca ayo sregep sinauSupaya bisa ngranggeh cita-citamuLan nduweni guna kanggo negaramu

KHOIRIL UMAMKring...kring...kringHallo...hallo...halloO...jebul dudu hapeku sing muniIsin rasane nalika weruh yen kuwi telpone pak guruRame kaya pasar dadine kelaskuIsin rasane nalika diguyokake kanca-kancakuLho...jebul pak guru mateni telpon

Umam...umamMung ngono kang diucapake pak guruAja nglamun yen lagi diajarMengko bodo lan ora oleh ngilmu

PIWELING GURUKUWelinge pak guruDina minggu aku mlaku-mlakuDijak bapak guruMenyang pasar baru Numpak taksi biruAku kaget nalika turuAna wong padha mlayu-mlayuJebul maling sing diburuAku dituturi pak guruOra pareng jupuk barange wong apa maneh awu-awuMengko bisa gawe satru

Atika Nuraini12020114016BAPAKBapakOra ana kang tak aturakeKejaba mung atur panuwunKarna bapakAku bisa sekolah dhuwurLan nggayuh pepinginankuMatur nuwun bapak...

KUPU-KUPUNalika aku mlaku-mlakuAku nemu kupuMenclok ning klambikuWarnane ungu

Tak cekel tak gawa mlayuTak gawa ning omahkuTak omongne ibuBu, aku nemu kupu

MACA BUKUDina mingguaku mlaku-mlakuKaro kanca-kancaku golek bukuTemu, banjur tak tuku

Sing saben dina tak wacaIrah-rahane widya basaIsine ngenani basa jawaUnine ha na ca ra ka

Mula yen dadi siswaKudu sregepa macaSupaya bakal mulyaLan maremna wong tuwa

SAWAHIjo royo-royo yen sinawangTansah ndadekake ati iki ayemPating kemoceh swarane manukTansah nambahi edume swasana sawah wayah esuk

NGINGU KEWANAku seneng ngingu kewanSeneng pitikSeneng kucingKabeh mau dadi ingon-ingonku

Kukuruyuk Swarane pitikkuMeong-meongSwarane kucingku

Saben dina tak pakaniYa tak ombeniSupaya ndnag gelis gedhiLan ora mati

Nurma Fathiyatul I12020114018AKU NDUWE MANUKAku nduwe manuk loroManuk pentet karo manuk cucok ijoManuk pentet warnane ireng kelawuManuk cucak ijo warnane ijo

Cicit cuit cicit cuitUnine swara manukkuSaben dina tak pakani jambuSeneng atiku nyawang manukku

NUNGGANG ANDHONGAku wingi nunggang andong saka kuthaYen ning dalan aspalan andhonge banter playunePak kusir sigap karo nyekel kendhalineAku ngewasna ngalor ngidul ndang tekan nggoneThinthong thinthong cethar cetharUnine andhonge

UDAN WAYAH ISUKSaiki yen isuk mesti udan Udan ora dadi alasanSenajan udan wayah isukBapak isih budhal ning sawahSenajan udan wayah isukIbu tetep budhal ning pasarSenajan udan wayah isuk Aku isih tetep budhal sekolahAmarga udan iku rahmat saka gusti

SEPEDHAKUAku nduwe sepedha anyarDitukokna bapak ning pasarWarnane abang branangMarai ati wiring

Kring-kring unine sepedhakuRodae cacahe ana teluKring-kring unine sepedhakuHadiah saka bapak merga sregep sinau

PELANGIoh ... pelangi nyata endah wernamuAna abang, kuning, ijoAbang kaya kembang mawar sing ana ning ngarep omahkuKuning kaya kembang seningkir sing ana ning ngarepe omahkuIjo kaya godhong sing ana ning ngarepe omahku

Pelangi,Muncul ing wayah soreNalika sawise udanPelangi,Ciptaane tuhan sing maha kuasa

SREGEP SINAU

Ayu Tri Rahayu12020114019Ora krasa aku kok wis arep kelas limaWahhhh kelas limaAku kudu luwih sregep sinau Supaya ora kalah karo kanca-kancaku

Ing wayah esuk aku budhal nuntut ngilmuAwane aku les ana omahe Pak guruIng wayah bengi aku sinauSinau neng omah diwuruki ibuku

SEPATU ABANG ENOMDina iki aku rapotanRapot sing isine biji-biji asilku nuntut ngilmuIng dina iki bakal takweruhi

Dag dig dug rasane atikuTak enteni neng ngarep kelaskuAmarga ibu lagi ing njero nampa rapotku

Tansaya ndredeg Ibu metu saka kelasTaksawang ibu mesem bungah

Wahhhh jebul aku rangking sijiIbu langsung njanjeni numbasake sepatu abang enomBungahe atiku ora bisa takucapAku banjur loncat-loncat kebungahanYeeeeee yeeeeee..

RIYAYAKlambiku anyar cacahe teluSandalku anyar cacah sijiSepatu anyarku ya sijiIki sing taksenengi yen arep riyayaSakabehe mesthi anyar

Nanging ngendikane ibuRiyaya ora kudu kabeh sarwa anyarSing luwih utama atine sing anyarTumindhake udu luwih becik saka wingineKudu bisa sabar saka kabiyasaan ing wayah pasa

AKU PUTRI RAJARambutku irengKriting gantung sakpundhakKulitanku sawo matengNggawe iri sapa wae sing nyedhak

Mripatku bunderLambeku rada nyatemNanging irungku rada pesekYa persis kaya ibukku

Ing esuk iki aku kaya putri rajaNganggo klambi putih mekrokNganggo mahkota Ahhhh aku kaya tenan

DESAKU ENDAHDesaku Desa sing ayem tentremSwasanane adhemNdadekake sapa wae krasan ana desaku

Ing desakuAkeh sawah ing sadalan-dalanAna gunung sing endahAna kali lan banyu grojokanSaben sore aku lan kanca-kanca adus bareng ana konoSirat-siratan karo gegojekan