Upload
others
View
161
Download
12
Embed Size (px)
Citation preview
KHUTBAH IDUL FITRI
1440 H / 2019 M
“Muhasabah Amaliyah Ramadhan”
Kawedalaken dening :
KANTOR KEMENTERIAN AGAMA
KABUPATEN PACITAN
1 2
Ing dinten ingkang luar biasa puniko, monggo kita tansah
mensyukuri ni’mat Allah ingkang sampun dipun paringaken
dhumateng kulo panjenengan sami, kanthi ngathah ngathahaken
waosan takbir, tahlil, lan tahmid, hinggo manah meniko tansah
tumuju maring ridlonipun Allah SWT. Sholawat sarto salam
mugio tansah kalumeberaken dhumateng junjungan kulo
panjenengan sami, Nabiyulloh Muhammad SAW, ingkang
sampun paring pinten-pinten pitedah dhumateng kulo
panjenengan sami, amrih wilujeng dunyo lan akhirat kito.
Mugi-mugi kulo panjenengan sami estu-estu dipun akeni dining
Rosulullooh dados ummatipun, dipun akeni dining Alloh dados
hambanipun, lan bade kalebetaken ing dalem swarganipun
Allah SWT. Aamiin ya robbal ‘aalamin.
Wonten ing kesempatan puniko, kulo hangajak diri
pribadi kulo, lan umumipun jamaah sholat idul fitri
samudayanipun, sumonggo kito tingkataken raos taqwa kito
dumaten Allah SWT, kanthi sak estu-estunipun taqwa,
nindaaken dhawuh-dhawuhipun Allah kanthi ikhlas, lan
nilaraken awisan-awisanipun Allah kanthi ikhlas ugi, supados
kito dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang paling mulyo
ing ngarso Dalem Alloh SWT.
Dinten puniko ummat Islam sak indenging jagad,
merayakan hari kemenangan, sak sampunipun meper howo
nafsu setunggal wulan laminipun. Ndereaken dhawuh Allah
wonten ing Surat Al Baqoroh 183 :
“He wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro
kabeh iku poso, koyo dene wis den wajibake marang wong-
wong sak durungiro, supoyo siro kabeh iku dadi wong kang
taqwa “ (QS.Al-Baqoroh ; 83 )
Siyam mboten namung nahan dahar lan ngunjuk,
ananging nindakaken pinten-pinten lelampahan sunnah ingkang
saget nambahi agenging ganjaran lan manfaat tumprap pribadi
lan ummat. Ugi leres-leres nahan jiwo, saking cipto angen-
angen ingkang angajak dhumateng tindak kemaksiatan, ati
tansah dipun isi dzikir, emut dhumateng Alloh SWT, wonten
ing sak dengah panggenan, sak dengah wekdal, kalian
jumeneng, lenggah, utawi sesarean, tan kendat saking
dzikrulloh, sahinggo diri pribadi kaum muslim sak indenging
jagad puniko, saget terbebas saking tumindak-tumindak
angkoro murko, ingkang saget ngguguraken ganjaranipun
siyam.
Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.
3 4
Kesempatan Emas sampun dipun paringaken dining
Allah dhumateng kulo panjenengan sami sedoyo hambanipun
Allah. Wonten ing wulan Romadlon, kados dene dhawuhipun
Rosululloh Mohammad SAW, wonten ing hadits Abu Sa’id Al
Khudri radhiallahu’anhu ingkang kawios dining At Tirmidzi,
Rasulullah Shallallahu’alaihi Wasallam dhawuh :
“Ono ing awal dalunipun wulan Romadlon, setan-setan lan jin-
jin jahad dipun belenggu, lawangipun neroko dipun tutup,
mboten wonten setunggal kemawon ingkang kinarbuko,
Lawangipun swargo dipun bikak, mboten wonten setunggal
kemawon ingkang dipun tutup. Milo Gusti Alloh Dhawuh, “
He.. wong-wong kang podo seneng kabecikan, goleko
kabecikan sing sak akeh-akehe, He.. wong-wong kang seneng
kanisthan, tahanen awakmu soko kanisthan”. Lan Allah paring
pembebasan saking geni neroko kanggo hamba-hambane, lan
kui kedadian saben mbengi.” (HR. Tirmidzi 682, dipun
shohihaken dining Al Albani ing ndalem Shahih At Tirmidzi”
Dhawuhipun Rosululloh wonten hadists lintunipun :
“Sak temene ing saben-saben bengi wulan Romadlon iku, soko
Gusti Alloh ono pembebasan soko geni neroko, lan kanggo
saben-saben muslim ono dongo sing lamun wong muslim iku
ndongo bakal dikabulake” (HR. Ahmad 2/254, Al Bazzar 3142)
Menopo malih Allah taksih paring dhumateng kita
setunggal dalu luar biasa ageng nikmatipun, inggih puniko
malem lailatul Qodar, ingkang kesaenanipun dalu puniko,
langkung sae ketimbang 1000 wulan lintunipun. Kados dene
dhawuhipun Allah :
“Malem lailatul Qodar kui luwih becik katimbang sewu wulan
“ (QS. Al-Qodar ; 3 )
Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.
Kanthi kamulyan ingkang sampun dipun paringaken
dining Gusti Alloh dhumateng sedoyo hambanipun ing wulan
Romadlon puniko, monggo kulo panjenengan sami muhasabah,
kulo panjenengan sami ngitung-ngitung, sampun pikantuk
5 6
menopo kulo panjenengan sami wonten wulan Romadlon
puniko. Menawi Allah sampun mblenggu setan-setan lan jin-jin
jahat, nopo kulo panjenengan sami sampun saget meper nepsu
kulo panjenengan sami pribadi, kangge tumindak maksiat tanpo
dipun pengaruhi setan lan jin jahat, lajeng kita nindaaken siyam
kanti sae ???, Menawi Alah sampun nutup lawange neroko,
nopo kita sampun saget nebihaken pribadi kulo panjenengan
sami saking sedoyo tumindak ingkang nyelak dhumateng
neroko, lajeng tansah nindaaken pakaryan ingkang saget
nyelakaken dateng swargo...??? Menopo kulo panjenengan
sami sampun depe-depe dhumateng Gusti Allah kangge
nyuwun pangapunten sedoyo doso lan kesalahan kito selamine
gesang puniko...??? Menopo kulo panjenengan sami sampun
nindaaken kabecikan ingkang kathah kados dhawuhipun Alloh
wonten hadits kasebat..... ??
Padahal kesempatan ingkang sampun dipun paringaken
dining Allah puniko, berlaku saben dinten saben dalu ing wulan
Romadlon.
Muhasabah meniko penting sanget....
Sayyidina Umar bin Khotob RA, wonten ing
setunggalipun Atsar Shohabi nyebataken :
“Petanono awakmu dewe, sak durunge dipetani (dihisab)dining
Alloh “ ( atsar shohabi )
Ugi Allah sampun dhawuh wonten ing Al-Qur’an, surat
Al Hasyr ayat 18 :
“He wong-wong kang podo iman, taqwao siro kabeh marang
Alloh, lan becik saben-saben sliro metani opo kang wis
ditindaake kanggo keperluane dino sesuk (akhirat). Lan taqwao
siro kabeh marang Gusti Alloh. Sak temene Alloh iku Moho
Mangerteni opo kang sirp tindaake “ ( QS. Ah-Hasyr ; 18 )
Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.
Kanthi muhasabah kolowau, kulo panjenengan saget
milang-miling, kados pundi wonten dinten riyadin puniko. Kulo
panjenengan sami nopo sampun pantes suko pari suko,
ngrayaaken kemenangan, sak sampunipun nindaaken sedoyo
amalan-amalan ing wulan Romadlon puniko, nopo kosok
wangsulipun, kulo panjenengan sami termasuk tiyang ingkang
rugi karanten dereng nindakaaken sedoyo amalan-amalan
Romadlon kanthi maksimal, dereng nyuwun pangapunten
dhumateng Allah SWT, hinggo kulo panjenengan sami dereng
pikantuk pangapuntenipun. Sedoyo puniko namung kulo
7 8
panjenengan secara pribadi ingkang saget metani. Tiyang sanes
namung saget mirsani saking katebihan.
Sak sampunipun kulo panjenengan sami muhasabah
tumrap hubungan kulo panjenengan sami kaliyan Gusti Alloh,
ingkang awujud amalan-amalan Romadlon, mugi-mugi ing
dinten puniko kulo panjenengan sami kalebet ing dalem
golonganipun tiyang-tiyang ingkang leres-leres berbahagia,
ngrayaaken dinten ingkang agung puniko, dinten ingkah suci
puniko, kanthi ati bungah kanthi ridlo lan dipun ridloi dening
Gusti Allah.
Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.
Mboten katalompen, kabahagyan kulo panjenengan sami
dereng jangkep lamun to kulo panjenengan sami taksih
anggadahi ati nggrundel dhumateng sesamining ngagesang,
milanipun monggo kito sempurnaaken kebahagyan kito puniko
kanti silaturrohmi dhumateng sanak kadang kito sedoyo, kito
ngapuro angapuro, saling nyuwun pangapunten lan paring
poangapunten, sehinggo dosa-dosa kito dhumateng sesamining
ngagesang saget lebur ing dinten riyadin puniko.
Sinten to tiyang ingkang paling kathah doso lan
kesalahannipun, inggih puniko tiyang-tiyang ingkang saben
wekdal tansah rumaket kaliyan kito, milanipun ampun ngantos
kesupen kito nyuwun pangapunten dhumateng sanak kadang
sak kiwo tengen. Menopo malih ing wekdal-wekdal kepengker,
bongso kito nembe ngawontenaken pesta demokrasi, ingkang
kulo yakin mesti wonten gesekan-gesekan ingkang mboten
nyekecaaken manah, sinten kemawon pilihan kito, sanadyan
benten pilihan kito, moggo dinten puniko kito lebur sedoyo res-
res ingkang mboten sae. Ampun ngantos res-res, sifat iri,
dengki, dhumateng sesamining agesang ndadosaken
penghalang tumrap ridlanipun Alloh dhumateng kito. Kito
makmuraken bumi kito, kito wujudaken lingkungan ingkang
adem ayem, deso ingkang adem ayem, kecamatan ingkang
adem ayem, kabupeten ingkang adem ayem, tundanipun bongso
lan negoro ingkan tansa adem ayem, bersatu padu ing dalem
mujudaken baldatun toyyibatun warobbun ghofuur.
Sak sampunipun sedoyo kewajiban lan sunnah wulan
Romadlon kito tindaaken, mugi-mugi dinten riyadin puniko
leres-leres dados dinten ingkang suci, ingkang bahagia, kangge
ngawiti dinten-dinten ingkang bade dateng, kanthi ridlanipun
Alloh SWT.
Aamiin, aamiin, aamiin yaa Robbal ‘aalamin...
9 10
11 12