Click here to load reader
Author
wwtfproduction
View
3.292
Download
289
Embed Size (px)
DESCRIPTION
Gamelan jawa
GAMELAN JAWA
PangertosanGamelan ‘tetabuhan kang akeh
banget’
• Piranti alat musik jawa kang urip ing tlatah Jawa tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur.
Gamelan Jawa
Kaperinci dados 2:
• Gamelan laras Slendro (5)
• Gamelan laras Pelog (7)
Laras "swara kang ajeg cendhek dhuwure, ora owah, kasebut uga sistem nada"
Nilai filosis Gamelan
Saka unine : Nang “menang”Ning “wening, berfikir”Nung “ndunung, ndonga”Neng “Meneng, diam”Nong “Nong, Tuhan”
Saka Jenenge :G ‘Gusti’A ‘Allah’
M ‘Maringi’E ‘Emut, Eling’L ‘Lakonana’
A ‘AjaranN ‘Nabi’
Jinising gamelan kaperang dadi :
BONANG•Bonang iku salah sijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon (perangkat game-lan kang awangun brunjungan, utawa kang mencu)•Bonang kaperang dadi 3: (1) Bonang panem-bung, (2) Bonang barung, (3) bonang penerus.
Celempung Lan siter•Gamelan kang cara nabuhe dipethik. Cacahe watara 11 lan 13 pasang. Celempung lan siter dadi piranti utama ing gamelan.•Celempung nduweni ukuran 90 cm lan 4 penyangga. Dawane celempung kira-kira ping telune siter
Gambang• Wujud gambang padha karo saron, ning luwih gedhe
tur dawa. Ukuran wilahan gambang udakara 29-58 cm. wilangan kan luwih gedhe swarane lewih cend-hek.
• Cacahe gambang 19-20 wilah. Tabuh gambang iku luwih dawa dibanding ukuran gamelan liyane, 35 cm.
Gender•Perangkat gamelan kang kasusuun ing papan kayu kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung (silinder) kang pigunane kanggo ngatur gema swara.•Tabung (silinder) umume digawe saka pring lan wesi tipis.
Kempul•Piranti gamean kang biasane digantung kaya perangkat gong umume.•Wujude kaya gong, nanging luwih cilik lan diame-tere udakara 45 cm.
Gong•Gong iku piranti gamelan kang digawe saka tosan (wesi).
Kendhang •Piranti gamelan kang carane ngunekake ditabuh nganggo kombinasi antarane tla-pakan karo driji tangan (dikebuk).•Kendhang digawe saka wacucal ‘walulang’
Kenong•Perangkat gamelan awujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan. Dadi natane kaya bonang, kempyang lan kethuk.
Kethuk lan kempyang• Yaiku perangkat gamelan awujud
pencon.
Saron• Yaiku perangan gamelan awujud wilahan logam kang kasusun ing sandhuwure rancakan kayu
Rebab•Awujud piranti gamelan kang cara nabuhe dikosok (digesek).•Rebab iku gunane kanggo murba lagu, lan mbukani gendhing
Slenthem•Awujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujude slenthem meh padha karo gender.
Suling•Piranti gamelan kang carane ngunekake disebul. Pigunane suling kanggo variasi melodi. Suling kagawe saka pring.
Kemanak•Yaiku perangkat gamelan kang awujud memper gedhang. Carane nabuh dipukul.•Biasane ditabuh kaanggo ngiringi tari.
Kecer •Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi tembang dolanan.
Nuwun