6
Cerita Cekak Basa Jawa Dening : Arzaliya El Haq (03) Awwalu Nur Rizqi (04) Diajeng Elsa Pameilia (06) Nadiah Mumtaz D. (13) Widya Wahyuning P. (18)

Cerita Cekak Basa Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Cerita Cekak Basa Jawa

Cerita Cekak Basa Jawa

Dening : Arzaliya El Haq (03)Awwalu Nur Rizqi (04)Diajeng Elsa Pameilia (06)Nadiah Mumtaz D. (13)Widya Wahyuning P. (18)

Page 2: Cerita Cekak Basa Jawa

GARA GARA WEDI KIAMAT

Page 3: Cerita Cekak Basa Jawa

Teri bakar, sega jagung lan gudhangan, ikut panganan kesenengane Sutini. Sutini yaiku bocah 29 taun sing rada nggong nanging sregep. Dheweke durung duwe bojo. Manggone neng omahe mbahe.

Sawijining dina, Sutini bingung banget. Kabeh barange diringkes lan diwadahi tas, plastik, lan kerdus. Wiwit isuk nganti bengi Sutini mung ngurusi iku mau, kabeh sembarang kaler kudu bisa diwadahi.

Nonton tingkahe Sutini sing saya ndadi, simbahe mikir yen putune wes edan. Simbahe langsung lunga menyang omahe mas Darma. Simbah ngongkon mas Darma supaya nggoleake tamba kanggo Sutini.

Page 4: Cerita Cekak Basa Jawa

Esuke mas Darma lunga menyang Solo nggolek tamba marang kancane, Parman. Pranyata Parman ya ora ngerti. Nanging bojone sing ngerti. Jebule pakdene bojone Parman iku dhukun sing bisa ngobati lara stres. Uwonge katon serem, klambine sarwa ireng, akike akeh tur gede-gede lan kalungan tasbih.

Omahe Sutini disebare kembang ing kabeh pojokane. Suwe-suwe Sutini malah bingung dewe, nanging ora nggagas. Paling mung wong edan kesasar. Ora let suwe, simbahe nyeluk Sutini. Banjur Sutini lungguh ning ngarepe wong aneh iku. Wong sing aneh iku kemu banyu putih lan disemprotake ning raine Sutini. Sutini marang wong aneh iku.

Ndelok kelakuane Sutini, simbahe saya bingung. Mas Darma ngusulke yen Sutini digawa menyang RSJ wae. Wiwitane Sutini emoh diajak lunga saka ngomah, nanging krana dirimuk simbahe yen arep diajak ning pasar tuku gerih teri, lagi Sutini gelem.

Page 5: Cerita Cekak Basa Jawa

Ning RSJ, Sutini oleh antrian nomor 56. Sutini saya bingung. Sutini iku ya ora bisa maca, mulane deweke ya meneng wae. Ora let sue, Sutini disebut. Banjur, Sutini digawa mlebu ing kamar. Dheweke ditakoni sing aneh-aneh.

Sawise Sutini metu, mas Darma dikongkon mlebu. Doktere ngendika yen Sutini ora edan.

Sawise tekan omah, Sutini cerita sing sak benere. Sakjane Sutini mung pengin supaya dheweke lan simbahe bisa selamat saka kiamat, sing dikabaraake ning TV. Simbah lan mas Darma mung bisa ngguyu wae, ora bisa ngomong.

Trus mas Darma njelaske menawa berita kiamat ing TV mau mung film sing digawe wong manca. Banjur iku, Sutini bingung dewe, amarga kabeh barange wis diwadhahi kerdus.

Page 6: Cerita Cekak Basa Jawa

• Irah-irahan cerkak: Gara-gara Wedi Kiamat• Watak tokoh :– Sutini : rada nggong nanging sregep lan teges. – Mbah : khawatiran lan gampang gupuh.– Mas Darma : pinter lan seneng nulung. – Mbah Dukun : kemeroh.

• Latar :– Panggonan : omahe simbah, omahe mas Darma, RSJ.– Wektu : awan, bengi. – Swasana : menegangkan lan lucu.