Cerita Rakyat dalam Bahasa Jawa.rtf

Embed Size (px)

DESCRIPTION

cerita rakyat

Citation preview

Cerita Rakyat Bahasa Jawa - Jaka Tarub - Terimakasih Atas Kunjungannya :-)Thanks For Visit My BlogJAKA TARUBWonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan. Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.Keong masKira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ? banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.Cerita Rakyat Bahasa Jawa - Iwit Bajing lan Tikus Cilik - + Amanat Terimakasih Atas Kunjungannya :-)Thanks For Visit My BlogIwit Bajing lan Tikus CilikIwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambut gawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko. kandhane Iwit marang Kiki Tikus.Iya, aja kuwatir, wangsulane Kiki.Carane, wiwit saiki kudu nyambutgawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. Apa? Aku kudu nyambut gawe? Huhh wegahwegah..! Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglepus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya prenjak lan dara, padha ibut nyambut gawe.Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.Geneya kowe kok nangis? pitakone Iwit.Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng, wusana kewetu sambate.Aku ya sumpeg. wis meh rendheng durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati kaliren mengko, Iwit genti sambat.Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau, kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.Ing endi? pitakone tikus cilik ora ngerti.Ing buntutku.Tenan? Kowe ora kabotan?Heem.Matur suwun Wit, matur suwun, kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.Tikus cilik iku banjur sengkud nyambutgawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku.Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambutgawe mempeng.Iwit mesem isin. Heem, pancen kudune aku nyambutgawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca liyane. Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku.AMANAT :Dadi wong aja males, kudu nyambut gawe lan sregep.Kita kudu nulungi wong liya supaya awake dhewe ditulung menawa kena musibah utawa kesusahan.Cerita Rakyat dalam Bahasa Jawa Kucing sing Pinter Ngalembana Terimakasih Atas Kunjungannya :-)Thanks For Visiting My BlogKucing sing Pinter NgalembanaSuwijining ndina Kucing sing endah banget wulune mlaku-mlaku ning ngomah. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Dadi dheweke dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing apik lan rupane sing menawan, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing kurang pengalaman. Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin. Kucing ora kurang akal, banjur takon menehHai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.Hai Thekek, suaramu kuwi tak akonipancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)AJISAKAKacarita ing jaman mbiyn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jeneng Aji Saka. Dhwk putran ratu, nanging kepngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengan mulang kawruh rupa-rupa. Dhwk banjur pngin lunga mencarak nglmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdin loro sing jeneng Dora lan Sambada. Bareng teka ing Pulo Majethi padha lrn. Aji Saka banjur nilar abdin loro; Dora lan Sambada ing pulo iku. Dn Aji Saka karo Sembada arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora diweling ora olh lunga saka kono. Saliyan iku Dora wau dipasrahi keris pusakan, didhawuhi ngreksa, ora olh dielungak marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdin, Sembada menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dwata Cengkar. Sang prabu iku senengan dhahar daging wong. Kawulan akh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patih diarani Kyai Tengger.Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswan. Para siswan padha tresna marang Aji Saka amarga dhwk seneng tetulung.Nalika semana Aji Saka mondhok nng omah nyai randha Sengkeran dipk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswan Aji Saka. Anuju sawijining dina sang prabu Dwata Cengkar duka banget ora wong manh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosak sang nata dadi dhaharan. Sang nyai randha lan patih dadi kagt banget. Nanging Aji Saka celathu yn wong loro iku ora usah kuwatir yn dhwk ora bakal mati. Banjur Aji Saka diaterak ngadhep prabu Dwata Cengkar.Prabu Dwata Cengkar ya rumangsa man lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwun, yaiku nyuwun lemah saiket jembar. Sing ngukur kudu sang prabu dhw. Sang Prabu Dwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhw. Iket Aji Saka dijrng. Iket tansah mulur ba, dadi amba serta dawa. Iya dituti wa dning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mpd ing pinggir segara, iket dikebutak. Dwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul. Sakbubare kuwi, Ajisaka diangkat dadi Raja Medang Komulan. Ajisaka eling marang Dora lan meling Sembada supaya marani lan ngajak Dora urip bareng ing Medang Komulan. Sembada banjur mangkat marani Dora. Saktekane ing panggonane Dora, Sembada njaluk kerise Ajisaka lan ngabari yen Ajisaka wis dadi Raja Medang Komulan lan ngajak urip bareng ing kono. Nanging , Dora eling marang dawuhe Ajisaka supaya kerise ora oleh dielungke marang sapa-sapa. Sidane, antarane wong loro kuwi dumadi salah paham lan pada padu. Amarga pada sektine, wong loro mau mati bareng. Pirang-pirang minggu urung entuk kabar, Ajisaka sidane mapak loro abdine mau. Nanging, saktekane ing panggonane Dora, Ajisaka kaget amarga reti loro abdine uwis dadi bangkai. Susah lan nyesel amarga tumindake kang kurang ati-ati, Ajisaka banjur nulis tulisan ing godhong lontar. Kang teka saiki dikenal kanthi Aksara Jawa.Unsur Instrinsik -Tema : -Tokoh lan watak :1. Ajisaka : Satriya, kendel, pinter, kurang ngati-ati.2. Dora : Manut marang dawuh, setia.3. Sembada : Manut marang dawuh, setia.4. Dewatacengkar : Angkara murka.-Alur : alur maju-Amanat : Tumindak-tumindak kang ala bakal kalah saka tumindak kang becik. Kudu jelas lan ngati-ati ing tumindak lan menehi dawuh marang wong liya supaya ora gawe nyesel.