5
Atur pasrah lamaran. Nuwun, kulanuwun!Assalamu’alikum wr. Wbr. Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih. Jalaran ngatos dumugi titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki tentrem rahayu nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan agung wonten negari Nuswantara. Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan kula kajawi silaturomi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten Dhusun Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra jumbuh kaliyan ingkang putra kakungipun nakmas Susanto inggih menika ngembun-embun enjing ajejawah sonten, mugi keparenga nampi panglamaripun nak mas Susanto utawi kathi atur satraju, inggih menika Bapak Susilo sekaliyan sowan hanglamaraken ingkang putra jaler nakmas Susanto tumuju dhateng nakajeng Susanti. Awit golong gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng Susanti minangka garwa amangun bale wisma. Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra ngaturaken uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan abon-abon menika reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi sageda katampi kanthi suka – rena penggalih, kanthi panyuwunan ugi sageda anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir ing sambekala. Amin. Pungaksaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci saha titi ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal pahargyan sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula sakulawarga sumadya caos pambiyantu sasaged-sagedipun. Ing wasana kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih anggen kula matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum wr.wbr. Nuwun. Nampi pasrah lamaran. Nuwun! Assalamu’alaikum wr. wb. Sumandhing suka-rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan kulawarga ageng brayat Bapak Susilo saking Dhusun, Puri, Pati. Pramila sumangga ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad. Kula ingkang tinanggenah minangka traju wacana maturnuwun atur salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi salam wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo sakulawara. Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapak ...............(isi jenenge siswa sing bar omong) minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika. Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten rubeda menapa-menapa.

BAHASA JAWA

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: BAHASA JAWA

Atur pasrah lamaran.

Nuwun, kulanuwun!Assalamu’alikum wr. Wbr.Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken puji syukur wonten

ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih. Jalaran ngatos dumugi titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki tentrem rahayu nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan agung wonten negari Nuswantara.

Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan kula kajawi silaturomi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten Dhusun Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra jumbuh kaliyan ingkang putra kakungipun nakmas Susanto inggih menika ngembun-embun enjing ajejawah sonten, mugi keparenga nampi panglamaripun nak mas Susanto utawi kathi atur satraju, inggih menika Bapak Susilo sekaliyan sowan hanglamaraken ingkang putra jaler nakmas Susanto tumuju dhateng nakajeng Susanti. Awit golong gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng Susanti minangka garwa amangun bale wisma.

Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra ngaturaken uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan abon-abon menika reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi sageda katampi kanthi suka – rena penggalih, kanthi panyuwunan ugi sageda anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir ing sambekala. Amin.

Pungaksaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci saha titi ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal pahargyan sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula sakulawarga sumadya caos pambiyantu sasaged-sagedipun.

Ing wasana kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih anggen kula matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum wr.wbr. Nuwun.

Nampi pasrah lamaran.

Nuwun! Assalamu’alaikum wr. wb.Sumandhing suka-rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan kulawarga ageng brayat Bapak Susilo saking Dhusun, Puri, Pati. Pramila sumangga ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.

Kula ingkang tinanggenah minangka traju wacana maturnuwun atur salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi salam wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo sakulawara.

Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapak ...............(isi jenenge siswa sing bar omong) minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.

Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten rubeda menapa-menapa.

Kados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun Bapak Sunetra, ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.

Mangga dipunsekecakaken anggenipun wawan rembag sinambi angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing wasana cekap semanten maturnuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Page 2: BAHASA JAWA

Tuladha Atur Pambagyaharjo Pasrah Lamaran

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe / calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya karana kula piniji panjenenganipun Bp. ___________ sekalihan, kinen ngaturaken pambagyaharjo, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.

Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalam Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika maksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan punika Bp ___________ sekalihan lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung - langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.

Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika.

Nun inggih ing nguni Panjenenganipun Bp ___________ sekalihan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganganipun Bp ___________ sekalihan, karana ing pangajab sami - sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bp ___________ sekalihan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg ___________ panjenenganipun Bp_____________ sekalihan anggadhahi siwi putri taruni kanthi sesilih Rr _________ manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat.

Inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanakaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran saha wallimahan.Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bp ___________ sekalihan mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah sadaya hanggenyaBp ________ sekalihan, badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring reh.

Hambok bilih Bp. _________ sekalihan sumarambah para kulawangsa anggenipun nampi karawuhan panjenengan sadaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp _________ekalihan namung tansah tumadhah lubering pangaksama.

Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bp __________lihan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya, wekdal kula aturaken kadang panatacara.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Page 3: BAHASA JAWA

Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Assalamu‘alaikum Wr.Wb.

Dhumateng ___________ (Sesebutan kajumbuhaken kawontenan miturut andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh).

Ngembani wuwus karsanipun Bp ___________ sekalihan, ing hari kalenggahan punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bp ___________ minangka cundhaka badhe / calon kadang besan sutresna, minangka purwakaning atur kula ugi ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang panjenengan sadaya dalasan kula.

Nun inggih panjenenganipun Bp ___________ ingkang pantes sinudarsana (ingkang pasrah) sadaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa pepindhan Bp ___________ sekalihan lumantar kula. Nun inggih atur salam taklim saking badhe / calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami – sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka renaning manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp ___________ sekalihari (mengku gati).

Atur panyuwunipun saking badhe / calon kadang besan menggah ijab panggihipun badhe / calon temanten mangke badhe kateksanakaken, ijab wanci tabuh ___________ panggih wanci tabuh ___________ mboten kekilapan panjenenganipun Bp ___________ sekalihan amung ngaturaken panuwun menggah sadaya peparingipun badhe / calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bp ___________ sekalihan (mengku gati) mugi dadosa sarana raketing kekadangan sami - sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Amung semanten panampi saking Bp ___________ sekalihan lumantar kula, ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun panjenenganipun Bp ___________ sekalihan garwa wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hanuju prana anggen kula nampi labet kula hangglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) sumrambah para lenggah sadaya mugi keparenga hangandhapna agunging pangaksama.

Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb. Nuwun.

Page 4: BAHASA JAWA

GEGURITAN

NALIKA SEPI ....

pasuryanmu sing beningtumiba ing banyu mili turut pletheking suryasaya suwe tansaya adohninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alangaku mung bisa nyawangpasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kalinganti datan katon kasaput pedut

Lintang-lintang

lintang-lintang abyor ing tawangcumlorot sliweran nalika alihankumleyang mencok ing socamu asihkucahyane gumebyar sunare gilar-gilaring telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihancumlorot telu ana pundhakkukawitan lintang abang lintang perangkapindho lintang mirunggan lintang kamanungsanpungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Piye.....

Ora ngerti dak pindha pindha atikuora ngerti dak rasa rasa atikudek biyen nganti seprenedak antu antu tumurun kabegjan sejatikanggo sliramu yo sisihankutetep tak kanthisemedi,laku mangendi baeawit wis kasurat jenengmu kanggo akunganti tekan angslupe jagatku ora ana liya, ngayuh urip sampurna