1
Carita Rakyat Jawa Tengah Ki Lurah Semar lan Gunung Slamet (Terjemahan bebas dening Yohanes Hendy Wijaya) Gunung Slamet, gunung kang gagah pideksa ing tlatah Jawa Tengah. Dhuwuring gunung nganti sundhul awang – awang Kedhaton Atasangin, khayangan para dewa. Masyarakat ing pereng pracaya yen lintang – lintang bisa kaundhuh kanthi cara munggah sadhuwure gunung. Ananging, masyarakat pereng gunung padha wedi lan sungkan marang para dewa yen ta lintang – lintange diundhuhi tanpa nyuwun idi palilah saka pamimpining para dewa kahyangan, Sang Hyang Bathara Guru. Sawijining dina, ana sagrombolan kethek alas gung nyoba munggah Gunung Slamet, kang kapimpin manggalayudha Kedhaton Wanasari. Saka kaca paesan, Bathara Guru nyumurupi kethek alas Wanasari kang bakal nyolong jupuk lintang – lintang awang – awang Kahyangan Atasangin. Bathara Guru banjur nganakake pasowanan ing kedhaton bareng para pangagenge para dewa. Bathara Guru nuli ndangu Bathara Narada, supaya tedhak ing padhepokan Karangkabuyutan, mertamu ing daleme Ki Lurah Semar. Panjenengane didhawuhi Bathara Narada, supaya numpes kethek – kethek sing bakal munggah gunung. Ki lurah Semar nuli nimbali putrane, Petruk lan Gareng, supaya ngleksanakake dhawuhe Bathara Narada. Gareng banjur ngirid para kethek supaya mudhun gunung. Ing satengahing dalan, para kethek diadang naga kang baureksa pereng Gunung Slamet. Para kethek lan manggalayudhane tiwas, katumpes dening sang naga. Ing ngisor pereng, Petruk gawe jugangan kang banjur di isi banyu panas, kareben yen kethek liwat bakal ambyur lan sanalika tiwas ing kono. Ananging, Gareng lan Semar ora paring pawarta yen kethek samanggalayudhane wus tiwas. Petruk banjur bali mulih ninggalake jugangan isi banyu panas mau. Nganti saiki banyune ora tahu, mula dening masyarakat kono didadekake papan pariwisata aran Guci. Pitutur saka ing wacan : 1. Kita kedah tanggel jawab dhumateng jejibahan / dhawuh ingkang sampun dipunpitadosaken dhumateng kita, ugi kedha tansah greget / semangat anggen nindakaken jejibahan. 2. Menawi badhe nyenyuwun kagunganipun tiyang sanes, kita kedah nyuwun idi palilah dhumateng ingkang kagungan.

Carita rakyat jawa tengah

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Carita rakyat jawa tengah

Carita Rakyat Jawa TengahKi Lurah Semar lan Gunung Slamet

(Terjemahan bebas dening Yohanes Hendy Wijaya)

Gunung Slamet, gunung kang gagah pideksa ing tlatah Jawa Tengah. Dhuwuring gunung nganti sundhul awang – awang Kedhaton Atasangin, khayangan para dewa. Masyarakat ing pereng pracaya yen lintang – lintang bisa kaundhuh kanthi cara munggah sadhuwure gunung. Ananging, masyarakat pereng gunung padha wedi lan sungkan marang para dewa yen ta lintang – lintange diundhuhi tanpa nyuwun idi palilah saka pamimpining para dewa kahyangan, Sang Hyang Bathara Guru.

Sawijining dina, ana sagrombolan kethek alas gung nyoba munggah Gunung Slamet, kang kapimpin manggalayudha Kedhaton Wanasari. Saka kaca paesan, Bathara Guru nyumurupi kethek alas Wanasari kang bakal nyolong jupuk lintang – lintang awang – awang Kahyangan Atasangin. Bathara Guru banjur nganakake pasowanan ing kedhaton bareng para pangagenge para dewa. Bathara Guru nuli ndangu Bathara Narada, supaya tedhak ing padhepokan Karangkabuyutan, mertamu ing daleme Ki Lurah Semar. Panjenengane didhawuhi Bathara Narada, supaya numpes kethek – kethek sing bakal munggah gunung.

Ki lurah Semar nuli nimbali putrane, Petruk lan Gareng, supaya ngleksanakake dhawuhe Bathara Narada. Gareng banjur ngirid para kethek supaya mudhun gunung. Ing satengahing dalan, para kethek diadang naga kang baureksa pereng Gunung Slamet. Para kethek lan manggalayudhane tiwas, katumpes dening sang naga. Ing ngisor pereng, Petruk gawe jugangan kang banjur di isi banyu panas, kareben yen kethek liwat bakal ambyur lan sanalika tiwas ing kono. Ananging, Gareng lan Semar ora paring pawarta yen kethek samanggalayudhane wus tiwas. Petruk banjur bali mulih ninggalake jugangan isi banyu panas mau. Nganti saiki banyune ora tahu, mula dening masyarakat kono didadekake papan pariwisata aran Guci.

Pitutur saka ing wacan :

1. Kita kedah tanggel jawab dhumateng jejibahan / dhawuh ingkang sampun dipunpitadosaken dhumateng kita, ugi kedha tansah greget / semangat anggen nindakaken jejibahan.

2. Menawi badhe nyenyuwun kagunganipun tiyang sanes, kita kedah nyuwun idi palilah dhumateng ingkang kagungan.