Upload
nurul-limsun
View
269
Download
9
Embed Size (px)
Citation preview
Nama Kelompok :
Andika Putra Bhakti (03) Ela Noviana (11) Fadila Prihandini (14) Nurul Lailatis Sa’adah (27)
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
SUGENG SIANG KONCO KONCO
ARTINIPUN BASABasa yaiku piranti utawa sarana kanggo pasrawungan marang sapepadha kang awujud pangucap, swara, tandha (lambang), utawa tulisan, saperlu kanggo nglairake/medharake isining ati lan kekarepan.
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
Unggah – Ungguhing basa yaiku tataraning basa lan carane migunakaken basa.
ARTINIPUN UNGGAH UNGGUHING BASA PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
Basa NgokoBasa Jawa Ngoko
Inggih punika pérangan Basa Jawi kanggé tutur-tinutur sesami kalih sesami. Basa Jawi tataran ngoko piyambak dipun pérang malih dados pinten-pinten tataran, inggih punika ing antawisipun:
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKANgoko lugu
Basa ngoko lugu punika minangka tataran basa ingkang paling asor ing undha usuk basa Jawa. Ginanipun kanggé wicara ing antawisipun:
Tiyang sepuh dhumateng laré enem Tiyang ingkang sadrajad utawi sampun raket
sesrawunganipun Tiyang pangkat inggil dhumateng pegawénipun Laré alit lan reréncanganipun Ngunandika (wicara piyambakan)Tuladha: B = Bapa A = AnakB: "Lho, kowé Di. Wayah apa tekamu? Rak ya
padha slamet ta?" (Basa Ngoko Lugu)A: "Pangèstunipun Bapak, wilujeng. Kalawau énjing
jam 9 anggèn kula dumugi ngriki". (Basa Krama)
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKANgoko andhap
Ngoko Andhap dipun pigunakaken déning sinten kémawon ingkang sampun raket, nanging taksih silih ngurmati. Ngoko Andhap dipunpérang dados kalih, inggih punika Antya Basa lan Basa Antya. Ngantos sapriki Ngoko Andhap Antya Basa taksih biasa dipunanggé lan prayoginipun dipunlestarèkaké. Déné Ngoko Andhap Basa Antya sampun awis-awis sanget kaanggé, malah sampun dipunanggep sirna.
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Antya BasaNgoko Andhap Antya Basa punika tembung-tembung ngoko dipuncampur nganggé tembung krama inggil kanggé nedahaken raos ngurmati. Ciri-cirinipun:Aku, tetep mboten éwahKowé, kanggé tiyang ingkang dipunkurmati dipunowahi dados panjenenganmu, ki raka, kangmas.Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -é, -aké mboten éwah. Tuladha:A "Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?"B; "Wah, adhimas ki rada ngécé. Genah wis pirsa baé kok mundhut pirsa. Prèèn-prèèn mesthi baé nanjakaké prèèné. Yaiku menyang Jakarta".
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Basa AntyaBasa Antya dipunwangun saking basa Ngoko dipuncampur nganggé tembung-tembung Basa Jawa Krama lan Krama Inggil. Ciri-cirinipun:Aku, tetep mboten éwahKowé, sami kaliyan Antya basa, dipunéwahi dados panjenenganmu, ki, raka, kangmas, sliramu, keng slira, adhi, adhimasAter-ater dak-, ko-, di- , mboten éwahTuladha: "Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté".
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Basa Jawa MadyaBasa Jawa Madya kuwi tataran jroning undha-usuk basa Jawa, sakdhuwuré tataran Basa Jawa Ngoko nanging sangisoré Basa Jawa Krama. Basa Jawa tataran Krama Madya iki dipérang dadi lima, yakuwi Madya Ngoko, Madyantara.
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Madya NgokoBasa Madya Ngoko punika tembung-tembungipun saking basa Madya nanging dipuncampuri sawetawis tembung saking basa Ngoko ingkang mboten wonten tembung madyanipun. Basa punika taksih biasa dipun anggé déning tiyang dhusun utawi tiyang-tiyang pagunungan.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
MadyantaraBasa Jawa Madyantara iki tembung tembungé diwangun saka basa Madya Krama, ananging tembung-tembung sing ditujokaké marang wong sing diajak wicara diowahi dadi krama inggil. Tataran basa Madyantara iki biyèn dianggo déning priyayi cilik marang garwané, nanging saiki wis arang banget dianggo.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Krama InggilBasa Krama Inggil kuwi tembungé nganggo krama dicampur tembung krama inggil tumrap sing diajak wicara. Basa Jawa Krama biasa dianggo wicara antarané priyayi cilik marang priyayi gedhé, wong anom marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciri utama:
Aku diowahi dadi kawula, abdidalem kawula utawa dalem waé
Kowé diowahi dadi panjenengan dalem utawa dicekak nandalem waé
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKABasa krama basa kanggo ing pasrawungan kanggo ngajeni wong kang diajak guneman.Miturut S Padmosukotjo basa krama diperang dadi 3 yaiku : 1. Mudha Krama 2. Kramantara 3. Wredha Krama.
1. Mudha Krama yaiku kramane wong enom marang wong tuwa.2. Kramantara yaiku kramane wong sing padha drajate.3. Wredha Krama yaiku kramane wong tuwa marang wong enom. Panganggone wredha krama, sanajan umure luwih tuwa rumangsa perlu ngajeni marang sing enom jalaran kalah pangkat utawa drajat.
Basa Krama
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Ing pasrawungan saiki wis arang utawa ora nate keprungu panganggone Kramantara lan Wredha krama. Luwih-luwih ing wilayah pesisiran lan minggiran. Wong-wong ing daerah mau ora bisa mbedakake antarane kramantara, mudha krama lan wredha krama. Ing jaman saiki, sanajan umure luwih tuwa, wis ora kabotan nganggo basa Mudha Krama. Mula luwih becik nyinau basa Mudha Krama iki lan sabanjure disebut Basa Krama bae.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Titikane mangkene :1. Tembung sesulih wong kapisan : aku dadi kula utawa kawula. Sing kaprah krungu yaiku dalem. Kamangka satemene dalem iku tegese mu utawa kowe.2. Tembung sesulih wong kapindho : kowe dadi panjenengan3. Tembung sesulih wong katelu : dheweke dadi panjenenganipun utawa piyambakipun. 4. Ater-ater di dadi dipun.5. Panambang ake dadi aken.6. Panambang e dadi ipun.7. Tembunge krama kabeh kacampuran tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan tembung krama andhap tumrape wong sing ngajak guneman.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
Mudha KramaBasa Mudha Krama iki basa sing luwes banget kanggo sok sapa waé. Wong sing diajak wicara dikurmati, déné sing ngajak wicara mapanaké dhiri pribadi ana ing tataran sangisoré. Biasané dianggo déning para mudha marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciriné antara liya:
Aku, diowahi dadi kulaKowé, diowahi dadi panjenengan, sampéyan, panjenenganipun kangmas, panjenenganipun ibu lsp.Ater-ater dak-, diowahi dadi kulaAter-ater ko-, diowahi dadi dipunPanambang -ku, diowahi dadi kulaPanambang -mu, diowahi dadi panjenengan, sampéyanPanambang -é, diowahi dadi -ipunPanambang -aké, diowahi dadi akenTuladha:A: "Bapak, punika wonten tamu. Sajakipun priyantun tebih".B: "Ana tamu. Aturana lenggah dhisik. Tak salin sedhéla".B: "É déné kowé, tak arani dhayoh saka ngendi".C: "Inggih, temtunipun damel kagèt panjenenganipun bapak sekaliyan. Tiyang kula, mboten ngaturi serat rumiyin".
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
Latihan Soal1
5
2
3
4
10
9
8
7
6
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
leres1
5
2
3
4
10
9
8
7
6
PAMBUKA
MATERI
LATIHAN
ENDING
salah1
5
2
3
4
10
9
8
7
6
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA1. Saben esuk, bapak lan ibuku wungu jam 04.30 dene aku jan 05.00 lagi tangi ngono wae ngenteni digugah ibu.Ukara ing nginggil ngginakaken basa…A. Ngoko luguB. Krama luguC. Ngoko alusD. Krama alus
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
2. Minggu esuk Soimah mlaku – mlaku menyang Gor karo kanca – kancane. Dheweke seneng banget weruh maneka warna kembang. Dheweke arep tuku. Ora suwe banjur nyedhaki bakule lan matur kanthi unggah – ungguh basa kang bener.Kepriye olehe matur ?
A.Pak, sekar punika reginipun pinten ?B. Pak, kembang iki regane pira ?C. Pak, sekar niki regine pinten ?
D. Pak, sekar niki reginipun pinten ?
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
3. Bu Nala : “Kowe mau bnegi apa ndeleng TV?”Tanaya : “………..”Bu Nala : “Iya aku uga ndeleng”Wangsulanipun Tanaya ingkang trep kaliyan unggah – ungguh……A. Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih ningali ?
B. Inggih kula mirsani panjenengan punapa inggih mirsani ?C. Inggih kula ningali panjenengan menapa inggih mersani ?D. Inggih kula ningali, panjenengan menapa inggih ningali ?
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
4. Sedhela engkas ibune Wulan arep tindak ing Semarang saperlu ngrawuhi acara wisudane mbakyune.Ukara ing ndhuwur iku migunakake basa…A. Ngoko luguB. Ngoko andhapC. Krama luguD. Krama alus
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
5. Panjenengan arep …… menyang ngendi mbak ?Ukara ingkang trep kangge ceceg – ceceg ing nginggil inggih punika..A. TindakB. Kesah
C. LungaD. Mangkat
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
6. Ukara ing ngandhap punika unggah – ungguhipun leres, kejawi…. A. Pak, menapa kepareng kula nyuwun priksa?
B. Bapak ngendika dhateng kula menawi badhe tindak
C. Kula matur bapak supados sare kemawonD. Simbah ngundang kula supados sowan ing dalemipun
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA7. Aku seneng banget ndelok kethoprak karo bapakku. Dipunkramakaken dados…….A. Kula remen sanget mirsani kethoprak kaliyan bapak kula B. Kula remen sanget mirsani kethoprak kaliyan bapak kulaC. Kula remen sanget ningali kethoprak kaliyan bapak kula D. Kula remen sanget ningali kethoprak kalih bapak kula
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA8. Njaluk ngapura anggonku ngomong akeh kaluputane.Basa krama alusipun….A. Nyuwun pangapunten anggen kulamatur kathah kalepatanipun B. Nyuwu n pangapunten anggen kula ngendika kathah kalepatanipunC. Nyuwun pangapunten anggen kula wicanten kathah kalepatanipunD. Nyuwun pangapunten anggonku matur kathah kalepatane
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA9. Ukara – ukara ing ngisor iki endi kang migunakake ngoko andhap sing trep ?A. Pak guru wau sampun dhateng, terus pinarak ing ngarep.B. Wali lelasmu sing nganggo rasukan werna apa ?C. Bapak boten sios tindak ngasta amargi gerah. D. Aku mau didhawuhi Bu Guru nimbali Arif.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA
10. Ing ngisor iki panganggone basa krama alus, kecuali…A. Wong enom marang wong tuwaB. Murid marang guruneC. Garwane priyayi marang sing kakungD. Andhahan marng pimpinane.
ENDING
LATIHAN
MATERI
PAMBUKA