17
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library 1 SERAT JANGKA SECH SUBAKIR PUPUH I ASMARANDANA -- 01 -- Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik ngleluri leluhur, caritane jaman kuna. -- 02 -- Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing ila-ila. -- 03 -- Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine, wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya lamine gumelar. -- 04 -- Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone, Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun, winastan jaman Sengara. -- 05 -- Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane, namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan atus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh, lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur, namung kalih ewu warsa. -- 07 --

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

1

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR

PUPUH I

ASMARANDANA

-- 01 --

Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang

wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik

ngleluri leluhur, caritane jaman kuna.

-- 02 --

Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi

paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing

ila-ila.

-- 03 --

Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine,

wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya

lamine gumelar.

-- 04 --

Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone,

Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun,

winastan jaman Sengara.

-- 05 --

Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane,

namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan

atus, langkung sangangdasa warsa.

-- 06 --

Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh,

lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur,

namung kalih ewu warsa.

-- 07 --

Page 2: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

2

Lalanjon titahing Widi, laminipun kalih leksa, sangang ewu ing taune,

kalanira Nabiyullah, taksih munggwing suwarga, Malekat bangsanipun,

sagung para Malekat.

-- 08 --

Sami wonten ing Rochani, datan wonten kenging pejah, luput duraka

sakehe, datan wonten nadah nendra, lan sagung titahing Hyang, wignya

ngucap lir jalmeku, tumut langgeng lir manungsa.

-- 09 --

Lembu ingkang nyangga bumi, isih sekawan sukunya, pramana ati enggone,

Nabi ADAM munggwing swarga, lamine satus warsa, wohing kuldi kang

tinunggu, Babu Kawa rowangira.

-- 10 --

Kadukan marang Hyang Widi, tinurunaken mring donya, tanpa sandang

sarirane, anuju wulan Mucharam, ing tahun Alip ika, tanah Arab kang jinujug,

amanggih kayu satunggal.

-- 11 --

Den wastani kayu tanjir, dadya sandang salaminya, nulya panggih lan

garwane, cinarita salin jaman, ingaran jaman Karta, nenggih wolung ewu

tahun, dahar sapisan sawulan.

-- 12 --

Samana kalane wiwit, manungsa kena durhaka, kena pati saturute,

sagunging wong darbe manah, duwure randuwara, ora kurang depa satus,

lembu sukune mung tiga.

-- 13 --

Marmanira ana daging, lumrah manungsa kuwasa, nuli salin jaman maneh,

gumanti aran Dupara, alam Nabi samana, lumrah manungsa punika,

mangan ping kalih sawulan.

-- 14 --

Page 3: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

3

Gegaman mung tigang warni, panah pedang lawan gada, isih kuwasa

punang wong, kono mari ararasan, wong donya lan wong kerat, randuwana

duwuripun, amung kari satus depa.

-- 15 --

Lembu ingkang nyangga bumi, atinggal kalih sukunya, marmane getih

enggone, limang ewu warsa gantya, anulya salin alam, jaman wali kang

sumuyut, alame wali sadaya.

-- 16 --

Jaman wali kaping kalih, Mukmin Ngamya wastanira, sadasa dina dahare,

de Wali ingkang taksih kas, dahar pindo sawulan, Wali ingkang apes iku,

dahar ping kalih sadina.

-- 17 --

Lembu ingkang nyangga bumi, sukune kantung satunggal, premana neng

kulit gone, duwure kang randuwana, kari salawe depa, keneng duraka wong

iku, paes katemenanira.

-- 18 --

Gagaman mawarni-warni, keris towok lawan tumbak, tigang ewu warsa

maneh, asalin jaman Sengara, alame Mukmin ika, Mukmin Ngam ing

lampahipun, rina wengi amemangan.

-- 19 --

Datan wonten tuwukneki, lumrah wong akekadangan, premanane suket

rondon, duwure kayu wus suda, mung kalih dasa depa, ingkang nyangga

bumi rubuh, sukune sirna sadaya.

-- 20 --

Apan taksih nyangga bumi, gara-gara agung prapta, bumi wus sirna brekate,

suda wiranging pandita, kapundut mring Hyang Sukma, ilang adile Sang

Prabu, wanita keh laden priya.

-- 21 --

Page 4: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

4

Kawula lali maring Dusti, Gusti lali mring awula, fakir lali agamane, wong

agung katah kahinan, wong cilik keh dursila, lali bapa lawan guru, ilang sihe

wong kekadang.

-- 22 --

Gegamane amepegi, barang cipta dadi gaman, patine lawan gamane,

wewah kestul lan senjata, mariyem lan kala kunta, lumrah keh wong ambeg

rusuh, akeh wong wedi melarat.

-- 23 --

Sinung ayat sewu warsi, nenggih alame Sengara, nuli sinalin alame, bali

marang Tirta, ratune Waliyullah, satus tahun laminipun, anumpak ari

kiyamat.

-- 24 --

Sasampunira kapanggih, lawase neng alam donya, marang Kang

MurbengUripe, anenggih mung tigang leksa, tri ewu satus warsa, punika

langkung ta ingkang kantun, wus parek ari kiyamat.

-- 25 --

Yen wus prapta satus warsi, mati wiji kang tumitah, warata ing jagad kabeh,

tan wonten tiyang anak-anak, tan wonten jawah niba, wus ginaib mring

Hyang Agung, tan wikan ari kiyamat.

-- 26 --

Wonten crita kang tinulis, tumrap tanah Jawa, aking Arab pinangkane,

gancare ing pulo Jawa, duk taksih dadya wana, peteng alas gung asamun,

ambelasah roning kamal.

PUPUH II

S I N O M

-- 01 --

Purwane kang ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana langkung

pringga, isina amung dedemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging

lelembut, kalawan brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan

lawan kemamang.

Page 5: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

5

-- 02 --

Anenggih kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni, angsal

sasmitaning Sukma, dinawuhan angiseni, manungsa pilo Jawi, anenggih

Sultan ing Ngerum, nimbali patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu

alon denira ngandika.

-- 03 --

Heh Patih Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane ing Pulo Jawa,

apa sira wus udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku, pan isih dadi

wana, Kyana Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang manungsa.

-- 04 --

Rembage para nangkoda, Gusti kang sampu udani, ingkang layar tanah

Jawa, tan wonten ingkang nglangkungi, wartanipun anenggih, ageng-ageng

hardinipun, pilo mujur mangetan, sakilene pulo Bali, Sri Nalendra alon

wijiling wacna.

-- 05 --

Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo

Jawa, dimen pada gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah lumengser

gupuh, samekta lajeng bidal, wong rong leksa somah prapti ing muwana

kamot ingemot baita.

-- 06 --

ing marga datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang rong leksa

somah, pinrenahken pulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta nagari

Ngerum, matur rehning dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra

kalangkung sukeng wardaya.

-- 07 --

Wus kalayan karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma kang samya

tinilar, aneng jroning pulo Jawi, binadog ing dedemit, meh telas pan amung

kantun, sakawan dasa somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk

mring Ngerum Negara.

-- 08 --

Page 6: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

6

Wus prapta Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya konjuk Sri

Narendra, yen janma rong leksa nguni, somah pan namung kari, kawandasa

somahipun, dene prikancanira, binadog para dedemit, duk miyarsa jeng

Sultan ngungun ing driya.

-- 09 --

Puwara renge ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara prapteng

ngarsa, ngandika Sri Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo

Jaweku, sira masanga tumbal kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo

Jawa.

-- 10 --

Wong keling sira angkatna, prenahno ing pulo Jawi, semektowa gagawanya,

nuli angkatna den aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih aja kantun, Sech

Bakir aturira, sandika pamit wot sari, wusnya beber layar dateng tanah Arab.

-- 11 --

Wus prapta ing Keling praja, dawuhaken amundut janmi, rong leksa somah

katahnya, laju layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga datan

wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi

sadaya.

-- 12 --

Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora prahara, teja

lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging lelembut, jin

setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan

kemamang.

-- 13 --

Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa gandarwa mlayu

sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan kawawa

panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih punika

tetuwane brekasakan.

-- 14 --

Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih, dedukuh

wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi,

Page 7: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

7

samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang

Semar kagyat denira miyarsa.

-- 15 --

Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung demit

kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung

riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang

punang harga.

-- 16 --

Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta ika, Danyang

Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta ing pulo

Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.

-- 17 --

Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi, utusana Sri

Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana

karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang

Semar sumaur ya bener sira.

-- 18 --

Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi kalayatan,

kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang Wiku,

ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa

sangkan.

-- 19 --

Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira nembe tumingal,

dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta ngarsaningsun, Sang

Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa ing

karsanira.

-- 20 --

Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung ana manungsa

sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan Ngerum, ing

mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami kinen

asesawah.

Page 8: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

8

-- 21 --

Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji, sajatine gih

kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak daplak

inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen

Marbabu pucak haldaka.

-- 22 --

Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki, dedukuh ing hardi

Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech Bakir gawok

angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene ta

kaliwat-liwat.

-- 23 --

Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang Semar

saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa

ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang

Hyang Maya inggih kula.

-- 24 --

Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami, Durgulowya

inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko

Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih

kula ingkang paparab Sang Hyang Semar.

-- 25 --

Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken rasa mulya,

tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan kamanipun, anulya

dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare badab kawula.

-- 26 --

Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para danyang sedaya,

tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging lelembut,

inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak manira.

-- 27 --

Page 9: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

9

Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang ngong tuwa,

dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau

nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak

Praja.

-- 28 --

Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging tenung

taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para

lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan

Ngerum negara.

-- 29 --

Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene tangkar-tumangkar,

reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling nagaranipun,

cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen dika

amalangana.

-- 30 --

Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen karsane Sri

Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo

Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula

tumuta ngadani Jawa.

-- 31 --

Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang Maha Mulya,

lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus taun,

pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.

-- 32 --

Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen wus jangkep

satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing Gilingwesi

Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja

Selaprawata.

-- 33 --

Page 10: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

10

Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira Sang Nata,

ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi sirnanipun,

wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa Batara.

-- 34 --

Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih Nerendra, titise

Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun sirnanipun, Hyang

Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta lan wanara.

-- 35 --

Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing Pancawati sajuga, titise

Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta ratunipun, Kyahi Togog

sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu Ngalengkadiraja.

-- 36 --

Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung pitung puluh

warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara agung,

ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli sirna.

-- 37 --

Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing, Ngamarta pudak

sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma Kyai iku

besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane karaton

benjang.

-- 38 --

Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada aprang lawan

kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng ratu

besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati

kalawan Bojonegara.

-- 39 --

Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging ta wekas

ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong besuk,

andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya

Nata.

Page 11: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

11

-- 40 --

Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane Gakuh nagara

Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun besuk,

nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada

manungsa.

-- 41 --

Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab pinangkanya,

Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk, angaggit sastra

Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing sapungkurira.

PUPUH III

PA N G K U R

-- 01--

Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu malih, sang Prabu

Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning hardi Lawu,

karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.

-- 02 --

Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih, Kauripan

nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli

karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 03 --

Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri, Ngurawan lan

Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk, andika

siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.

-- 04 --

Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik, titising Batara Wisnu,

poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala prajanipun, wasta Panji

Rawisrengga, digdaya prawireng jurit.

-- 05 --

Page 12: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

12

Satus taun nuli sirna, karsaning Hyang nitahaken ratu malih, Pajajaran

kutanipun, pindah saking Jenggala, satus taun sirnane karatonipun, pan

kongsi turun ping tiga, rusake lawan kang siwi.

-- 06 --

Yaiku wekas manira, pan ing kono awora demit malih, mariya amomong

ratu, iku karsaning Sukma, dika kinen awor lawan anak putu, andika dukuha

benjang, sukunira hardi kendil.

-- 07 --

Andika ngaliha aran, Ki Rumadi iku luwih prayogi, Ki Togog dika ing besuk,

Lodaya dukuhana, dika angaliha aran Ki Barjamos, sirnanira Pajajaran,

anulya karsaning Widi.

-- 08 --

Ratu Agung adiningprang, akekuta ing nagri Majapahit, satus taun

sirnanipun, kongsi turun ping lima, rusakira nagri Majapahit besuk, aprang

lawan putranira, nulya karsaning Hyang Widi.

-- 09 --

Nitahaken ratu Demak, akeh sagung para Wali nge Jawi, saking tanah Arab

iku, pra sami amemulang, nglampahaken sarengatting Kanjeng Rasul, wus

sirna jamaning Buda, pra sami agama Suci.

-- 10 --

Angrasuk Aagama Islam, manjing marang agama Kanjeng Nabi, Kraton

Demak sirnanipun, namung sawidak warsa, punjul papat tetepe

etanganipun, nuli karsane Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 11 --

Ing Giring kalawan Pajang, Kalajangga jejuluking Narpati, umure salapan

taun, sirnane kutanira, apan nuli ana karsane Hayang Agung, nitahaken ratu

Mataram, jejuluk Sang Kalasekti.

-- 12 --

Page 13: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

13

Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit, ratu sekti sudibya

nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung, Senapati

jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.

-- 13 --

Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu limang atus

taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu,

wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.

-- 14 --

Rusake nagri Mataram, pan binedah wong Makasar lan Bugis, Madura

rewang sekutu, lawan putra priyangga, wus alami janji watesaning umur,

nulya karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 15 --

Kekuta ing Wanakarta, sakulone kuta Pajang winarni, sugih rowang

ratunipun, sirna kratone, laminipun satus tigang dasa taun, tan antara

laminira, ana nangkoda datengi.

-- 16 --

Rusake ing Kartasura, pan binedah dening wong Cina benjing, nulya

karsane Hyang Agung, nitahaken Narendra, angadaton kuloning Mataram

iku, siji sawetaning Pajang, wus jamang Sengara benjing.

-- 17 --

Wong Jawa akeh pitenah, marang pawong mitranira ing benjing, keh

kiyamat mring sadulur, dora-carane katah, lawan suda pemetune bumi

besuk, ilang wirange wanita, keh priya etung pawestri.

-- 18 --

Setan wus awor manungsa, datan kena kinawruhaken becik, ing jaman

Sengara iku, keh anak lali bapa, bapa lali marang anake satuhu, wong mati

tukaran katah, akeh wong kanjingan eblis.

-- 19 --

Page 14: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

14

Lan akeh musibat prapta, bebendune Hyang Sukma andatengi, gunung

muni gumaludug, obah bumi prakempa, lir ginonjing bumi molah gunung

jugrug, sol gempal ladu geng prapta, udan awu lawan pasir.

-- 20 --

Cleret taun angragancang, oban-abir kilat tatit datengi, akeh wong tukar

prang pupuh, akeh mati kobongan, saya lami wuwuh bebendu geng rawuh,

musibate tanah Jawa, arang manungsa kang eling.

-- 21 --

Akeh wong murka angkara, bocah cilik wis pada etung picis, wong agama

saya sengkud, nanging tanpa tatanya, akeh janma pada tinebusan besuk,

wong dagang akeh kang tuna, malah pawitane enting.

-- 22 --

Keh anjamah pada priya, datan marem jamah marang pawestri, akeh wong

kang pada riwut, dursila saya dadra, apa wite kalane wong pada riwut, wong

niyat harja katriwal, wong dursila akeh sugih.

-- 23 --

Akeh wong maido Kitab, keh wong dora gegampang gawe becik, keh lali

marang Hyang Agung, akeh nembah brahala, ana ingkang mangeran

marang lelembut, saweneh mangeran arta, ana mangeran Serani.

-- 24 --

Kang ngadani tanah Jawa, apa maksih Walanda nguwasani, satus taun

laminipun, musibat saya katah, tindak juti dursila saya andarung, nuli

marmaning Hyang Sukma, aparing pitulung yrkti.

-- 25 --

Anitahaken Narendra, duk timure babaran hardi Srandil, maksih tedak

Kanjeng Rasul, ibu darah Mataram, paselongan iya iku wijinipun, angadani

tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil.

-- 26 --

Page 15: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

15

Ratu iku luwih mlarat, datan mawi sangu amung sadremi, mung semende

mring Hyang Agung, tan ana janma wikan, pan kasandang kasampar-

sandung tan weruh, pudak sinumpet punika, timbule kang tunjung putih.

-- 27 --

Mungsuh ngarep ekeh sirna, ingkang pada wani samya mati, tumpes tapis

sirna larut, balane mung sir’olah, mung kalabang kalajengking gamanipun,

Kyai niku waspadakna, dika ladenana benjing.

-- 28 --

Bala sagunging lelembat, anjurungi marang Sang Ratu Adil, ana dene

kutanipun, alas bumi Ketangga, pan rineka kedatonira Sang Prabu, Juluk

Sultan Herucokro, enak atine wong cilik.

-- 29 --

Ilang wong kang dora cara, wong dursila ilang pan sirna enting, botoh keh

pada kabutuh, awit adil Sang Nata, akeh ngungsi mring masjid pada asujud,

eling marang kabecikan, pada dadi santri mursid.

-- 30 --

Pajege wong cilik suda, sawah sajung sadinar pajeg neki, winatesan amung

sewu, dadya dahar Narendra, datan mundut langkungane saking sewu, ratu

iku lumuh arta, blaba asih marang dasih.

-- 31 --

Murah sandang murah pangan, keh wong cilik pada suka singgih, iya amung

satus taun, jumeneng adil Nata, sasirnane kuta Katangga puniku, nulya ana

ratu kembar, iya ana kuta benjing.

-- 32 --

Salere hardi Barata, inkang siji kutane iku benjing, ana ing Madura iku,

lamine seket warsa, sasirnane Hyang Sukma nitahaken ratu, kekuta

Waringin rebah, iya amung sekt warsi.

-- 33 --

Page 16: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

16

Waringin rubuh wus sirna, nulya ana ratu gumanti malih, kang sinedya

kutanipun, ana ing Baleberan, mung sawidak taun watesane iku, anulya

wong Prenggi prapta, angratoni tanah Jawi.

-- 34 --

Manungsa Jawa pan katah, den usungi marang nagara Prenggi, sewu sewu

saben taun, mung tigang dasa warsa, nulya Kanjeng Sultan ing Ngerum

atutulung, patih maju sabalnya, anumpes wong nuswa Prenggi.

-- 35 --

Wadya ing Rum yutan wendran, tan petungan layar mring pulo Jawi, ing riku

rame prang pupuh, wong Prenggi lebur lebur sirna, tedakira Sang Nata

Waringin Rubuh, gya jinunjung dadya raja, kekuta nang Majapahit.

-- 36 --

Telung puluh sanga warsa, sampun jangkep watese tanah Jawi, gunung

Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira

gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.

-- 37 --

Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum nagari, reksanen

sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing piweling ulun,

aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.

-- 38 --

Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring jaladri,

Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong

rong leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.

-- 39 --

Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya sor-soraneki, wus

awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut

parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.

-- 40 --

Page 17: SERAT JANGKA SECH SUBAKIR - Javanese Manuscripts · PDF fileatus, langkung sangangdasa warsa. -- 06 -- ... Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

17

Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing Kitab mulanipun,

Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu, lalakone pra

Narendra, wates umuring nagari.

------------------------------------------------------------------------------------------------------

------

Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.

By alang alang kumitir

80D$kyeQle(^