Upload
others
View
4
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
Nama : Fitri Anifatul Wachidah
Kelas : PBD K 2019
NIM : 19205241058
Mata Kuliah : Media Pembelajaran & TI Bahasa Jawa
Tugas
1. Lakukan analisis kebutuhan pembuatan media berdasarkan pencermatan kebutuhan
dilapangan dan analisis kebutuhan berdasarkan kesesuaian kurikulum.
2. Tentukan media yang akan dikelmbangkan
3. Tentukan KD yang mendasari pengembangan media dan kembangkan indikator
sesuai dengan KD tersebut.
4. Rancanglah media yang akan dibuat dalam bentuk story board atau naskah media
pembelajaran
Jawaban
1. Analisis:
a. Analisis kebutuhan pembuatan media berdasarkan pencermatan kebutuhan
dilapangan: media pembelajaran mengenai materi sesorah di SMA N 1 Bantul
mempunyai beberapa kendala, antara lain seperti banyak siswa yang kurang
tertarik dengan materi yang diajarkan karena media pembelajaran yang kurang
menarik. Guru hanya menerangkan materi dengan power point, buku paket, dan
LKS, sehingga kurang menarik perhatian siswa. Dengan kendala yang ada, media
pembelajaran yang inofatif sangat dibutuhkan untuk memudahkan komunikasi
antara penyampaian pesan dan penerima pesan. Dengan media pembelajaran yang
tepat, motivasi siswa dalam belajar dapat meningkat sehingga pemahaman siswa
terkait materi lebih mudah dan prestasi siswa diharapkan akan meningkat. Dengan
media siswa juga dapat melaksanakan proses belajar secara fleksibel (dapat
dilakukan dimana saja dan dalam waktu kapan saja), dan dengan media proses
pembelajaran dapat mengefisiensi waktu dan tenaga seorang guru untuk
ketercapaian kurikulum yang akan dijalankan.
b. Analisis kebutuhan berdasarkan kesesuaian kurikulum: kurikulum yang digunakan
di SMA N 1 Bantul yaitu kurikulum 2013. Kompetensi Dasar yang sesuai dengan
materi yaitu; 3.7 Memahami sesorah dalam berbagai kegiatan sekolah. Dengan
kurikulum ini, media pembelajaran yang akan dibuat adalah e-modul sesorah
dengan model flip book. Flip book dirasa cocok menjadi media pembelajaran yang
tepat, dikarenakan tampilannya yang menarik dan sangat mudah digunakan.
2. Media yang akan dikembangkan:
Pengembangan media yang akan dilakukan yaitu menggunakan e-modul sesorah
dengan model flip book, sesuai dengan KD 3.7 Memahami sesorah dalam berbagai
kegiatan sekolah pada kelas X SMA semester 2.
3. KD yang mendasari pengembangan media dan indikator sesuai dengan KD
a. KD yang mendasari pengembangan media: KD yang mendasari dibutuhkannya
pengembangan media pembelajaran salah satunya KD 3.7 Memahami sesorah
dalam berbagai kegiatan sekolah pada kelas X SMA semester 2. KD tersebut
melatar belakangi pengembangan media dikarenakan sesorah merupakan materi
berupa teori dan praktek, dengan adanya media pembelajaran yang tepat siswa
dapat menangkap teori yang diajarkan dengan lebih menyenangkan. Disamping
itu, dengan adanya media pembelajaran e-modul sesorah dengan model flip book
diharapkan minat dan motivasi siswa meningkat, dan dapat memudahkan siswa
memahami teori maupun mempraktekkan sesorah sesuai KD yang dimaksud.
b. Indikator sesuai dengan KD: Indikator yang akan dikembangkan sesuai KD adalah
(1) menjelaskan pengertian sesorah, (2) menginterpretasi unsur/ cak-cakipun
sesorah, (3) menginterpretasi tujuan sesorah, (4) menginterpretasi syarat jika akan
melakukan sesorah, dan (5) mengamati contoh sesorah.
4. Naskah media pembelajaran
Layer Visual Keterangan
Halaman
Cover
1. Judul
2. Penyusun
3. Kompetensi
Dasar
4. Kelas/ semester
Halaman 1
Penjelasan: materi
pertama yang akan
dibahas.
Menampilkan topik
pertama (Pangertosan
Sesorah)
Halaman 2
Penjelasan: penjelasan
“Pangertosan sesorah”.
Teks:
Sesorah utawa tanggap
wacana inggih menika
ngandharaken gagasan
utawi penggalihan
kanthi tetembungan
ingkang dipunucapaken
dhateng tiyang kathah.
Bab-bab ingkang saged
nuwuhaken saé saha
remenipun tiyang
ingkang midhangetaken
punapa ingkang nembé
kaandharaken nalika
sesorah kedah
kagatosaken kanthi
saèstu.
Halaman 3
Penjelasan: penjelasan
materi kedua yang akan
dibahas.
Menampilkan topik
kedua (Cak-cakipun
sesorah)
Halaman 4
dan 5
Penjelasan: penjelasan
materi “Cak-cakipun
sesorah”.
Teks :
1. Wicara/basa
Basa kedah dipunpilih
ingkang cocog kaliyan
tiyang ingkang
dipunadhepi, jinising
acara, sarta suwasana.
Basa ingkang
dipunpilih ingkang
saged utawi gampil
dipuntampi tiyang
sanès. Prayogi
ngginakaken tembung-
tembung saha ukara
ingkang prasaja. Basa
ingkang boten dakik-
dakik, nanging tetep
nuhoni paugeran,
satemah mujudaken
basa ingkang laras sarta
leres. Wicaranipun
utawi pangucapipun
kedah cetha.
Umpaminipun
anggènipun ngucap a, i,
u, è, ê, é, o saha saged
mbédakaken pangucap
antawisipun ta saha
tha, da saha dha.
2. Wirasa
Wirasa tegesipun kedah
saged nyurasa sarta
mangertosi kanthi
saèstu punapa ingkang
dipunngendikakaken
utawi dipunandharaken
nalika sesorah. Boten
ngemungaken apalan
tanpa mangertosi
tegesipun. Kanthi
mangertosi saèstu
punapa ingkang
dipunandharaken badhé
mahanani wedaling
wicara saged lancar
saha kapireng prasaja.
3. Wirama
Wirama tegesipun
kedah saged ngatur
wiramaning swanten,
inggih menika lirih
soranipun, alon
cepetipun, andhap
inggilipun
utawi intonasi-nipun
swanten. Nalika sesorah
kedah mbudidaya
sampun ngantos kados
tiyang maos utawi
apalan.
4. Wiraga
Wiraga tegesipun kedah
saged nyocogaken
ébahipun sarira kaliyan
punapa ingkang nembé
dipunwedharaken.
Nalika sesorah
prayoginipun mantep,
teteg, mirsani dhateng
sedaya tamu, asta
ngapurancang, nanging
tetep luwes saha boten
kaku.
5. Busana
Busana tegesipun
ageman ingkang
dipunagem kedah
jumbuh kaliyan suasana
sarta acara ingkang
nembé lumampah.
Halaman 6
Penjelasan: penjelasan
materi ketiga yang akan
dibahas.
Menampilkan topik
ketiga (Sangunipun
tiyang ingkang badhe
sesorah).
Halaman 7
dan 8
Penjelasan: penjelasan
materi “Sangunipun
tiyang ingkang badhe
sesorah”
Teks:
1. Magatra
Nggladhi dhateng
bleger; wewujudan,
anggènipun ngadi
busana saha ngadi
sarira trep, pantes saha
jangkep.
2. Malaksana
Nggladhi cara-
caranipun anggènipun
tindak. Tindakipun
saben sapecak
sajangkah kedaha tinata
runtut, luwes, mrabawa,
boten ingah-ingih.
3. Mawastha
Nggladhi anggènipun
jumeneng. Anggènipun
jumeneng kedah jejeg,
boten pareng dhoyong
mangiwa punapa déné
manengen. Antawisipun
suku kanan saha kéring
boten pareng keciyuten
utawi kewiyaren.
4. Maraga
Anteng, boten gumeter.
Ébah éwahing pasemon
saha sarira kedah
jumbuh kaliyan isining
sesorah.
5. Malagawa
Trampil saha
trengginas. Boten
ngleler ugi boten
kesesa-sesa.
6. Matanggap
Tanggap dhateng
sadaya swasana.
7. Mawwat
Tatag tangguh tanggon
tanggung jawab
praptèng ngendhon.
Tanggel jawab dhateng
sadaya ingkang sampun
kangendikakaken.
Halaman 9
Penjelasan: penjelasan
materi “Tiyang ingkang
badhe sesorah prayogi
sanget menawi
ngginakaken
cecepengan ingkang
kacekak TOP”
Teks:
Titèn
(saben wonten
adicara/upacara, purun
nggatosaken). Boten
remen tampikan, lajeng
purun mbiji punika
saé sasa botenipun)
Opèn
menawi ningali sesorah
lajeng dipuncathet,
menawi manggihaken
tembung-tembung
ingkang karaosaken
menjila (rada aneh).
Panèn
dipuntata dados ukara
saha cecawis ingkang
prasaja nanging tetep
murakabi.
Halaman 10
Penjelasan: penjelasan
materi “Ingkang kedah
dipunsingkiri sampun
ngantos nggadhahi
raos:”
Teks:
1. Rikuh, manawi
dipundhawuhi lajeng
plenthot-plenthot,
pawadan boten gadhah
klambi, dedegipun
kirang pas, malah
nawakaken tiyang
sanès.
2. Kéguh, gampil
kénging godha, lajeng
grogi, amargi wonten
sedhèrèkipun,
wonten pangingggilipu
n, ajrih manawi
dipungegujeng, lsp.
3. Jiguh, tiyang
ingkang gampil
gugupan, usag-useg,
kados tiyang ingkang
boten siyaga ing gati,
mlampah mrika-mriki
ngantos umpetan.
Halaman 11
Penjelasan: penjelasan
materi keempat yang
akan dibahas.
Menampilkan topik
keempat (Ancasipun
sesorah).
Halaman 12
dan 13
Penjelasan: penjelasan
materi “Ancasipun
sesorah”.
Teks:
1. Wursitawara,
ular – ular, wasita
wara,
tetembungan kanggé
mastani sesorah
ingkang ancas saha
isinipun ngandharaken
bab kautaman, pitutur,
saha sapiturutipun.
2. Sesorah saha
medhar sabda,
tetembungan punika
kanggé mastani ingkang
sipatipun umum
tumraping olah
pangandikan
sangarsaning tiyang
kathah.
3. Atur
pambagyaharja,
tetembungan kanggé
mastani sesorah
ingkang ancas saha
isinipun nampi
rawuhipun para tamu.
4. Tanggap
Wacana,
tetembungan kanggé
mastani sesorah
ingkang ancas saha
isinipun nanggapi
aturing pambagyaharja.
5. Atur pawartos,
umpaminipun sesorah
ing rapat-rapat, promosi
barang, lsp.
6. Atur panglipur,
umpamanipun ing
adicara sripah, atur
saking pambéla
sungkawa, sesorah ing
ngajengipun tiyang
ingkang nembé nampi
musibah bebendu alam,
lsp.
7. Pangajak, umpa
minipun sesorah ing
panyuluhan-
panyuluhan. Sesorah
punika kanggé
nuwuhaken kapitadosan
pamiarsa dhumateng
punapa ingkang
dipunandharaken saha
kanthi iklas nindakaken
punapa ingkang sampun
dipunmangertosi.
8. Saged ugi pinten-
pinten ancas ing
nginggil punika
dipuncakup wonten ing
satunggaling sesorah.
Halaman 14
Penjelasan: penjelasan
materi kelima yang
akan dibahas.
Menampilkan topik
kelima (Tata
caraning/Metode
sesorah).
Halaman 15
dan 16
Penjelasan: penjelasan
materi “Tata
caraning/Metode
sesorah”.
Teks:
1. Kanthi maos
naskah,
Sesorah ingkang kanthi
maos naskah punika
nggadhahi kekirangan
utawi cacad, inggih
punika badhé ketingal
kaku, boten
luwes. Awit ingkang
sesorah namung tansah
ningali
dhateng naskah ingkang
kawaos.
2. Kanthi cara
apalan,
Cara punika asring
katindakaken déning
tiyang ingkang nembé
sinau/ gladhèn sesorah,
inggih punika kanthi
nyawisaken naskah
(teks) rumiyin lajeng
dipunapalaken.
3. Kanthi
cara Impromptu
Cara punika asring
katindakaken déning
tiyang ingkang sampun
kulina sesorah saha
sampun baud
anggènipun sesorah.
Cara punika boten
nyawisaken materi ingk
ang
badhé kaandharaken,
awit wekdalipun
ingkang cumpen.
Kanthi kawasisanipun,
kawruh saha
pengalamanipun
sesorah saged
lumampah kanthi saé.
4. Kanthi
cara ekstemporan,
Cara punika tiyang
ingkang badhé sesorah
damel cengkorongan
materi ingkang badhé
dipunandharaken, utawi
damel cathetan alit.
Salajengipun
cengkorongan wau
lajeng
dipunngrembakakaken
kanthi ukaranipun
piyambak.
Samadyaning bebrayan
ageng wonten
kalanipun kula saha
panjenengan kasuwun
paring atur pangandikan
wonten ngarsanipun
tiyang kathah, saged
punika wonten adicara
arisan RT, pèngetan
dinten kamardhikan,
upacara pawiwahan.
Lsp.
Halaman 17
Penjelasan: penjelasan
materi keenam yang
akan dibahas.
Menampilkan topik
keenam (Sarat manawi
badhe paring
pangandikan lumantar
sesorah).
Halaman 18
dan 19
Penjelasan: penjelasan
materi “Sarat manawi
badhe paring
pangandikan lumantar
sesorah”.
Teks:
1. Pirsa babagan
undha – usuk basa,
tegesipun sintena
ingkang badhé paring
pangandikan wonten
ngarsaning tiyang
kathah wajib mangertos
saha pirsa undha – usuk
basa, satemah saged
ngginakaken basa
ingkang trep saha
jumbuh kaliyan
kawontenan ingkang
lumampah.
2. Pirsa babagan
ayahaning adicara,
tegesipun sintena
ingkang badhé paring
pangandikan wonten
ngarsaning tiyang
kathah kedah mangertos
saha pirsa ayahaning
adicara, tegesipun
mangertos adicara
punapa ingkang saweg
lumampah.
3. Pirsa babagan
ulah kridaning swara,
tegesipun anggènipun
ngendikan membat
mentuling swara
dipunwigatisaken.
4. Pirsa babagan
swasana, tegesipun
rikala utawi nalika
ngendikan sageda
tansah tumuju wonten
ngarsanipun para
lenggah saha sageda
tanggap ing sasmitha
lantip ing panggraita
kanthi mirsani sasmitha
samadyaning para
lenggah.
5. Pirsa babagan
ngadi salira, ngédi
busana, tegesipun
magertos saha saged
njumbuhaken
tumraping
pangageming busana,
satemah saged jumbuh
kaliyan kawontenan
ingkang lumampah.
Halaman 20
Penjelasan: penjelasan
materi “Sakpérangan
bab ingkang dipunawisi
tumraping sintena
ingkang nedya
nglampahi maraga
Sesorah”.
Teks:
1. Menawi
anggènipun maraga
sesorah mawi catetan
utawi seratan, soroting
nétra boten namung
tumuju dhumateng
catetan kémawon,
nanging sageda warata
dhumateng para
ingkang sami lenggah.
2. Menawi
anggènipun maraga
sesorah boten mawi
catetan utawi seratan,
dipunsingkiri utawi
dipunawisi
tetembungan “eeee”
salebeting ngendika.
3. Menawi micropho
ne utawi mic wonten st
and mic –ipun,
prayoginipun asta
kekalih ngapurancang.
4. Menawi mic dipun
asta, asta tengen
ingkang nyepeng mic,
wondéné asta ingkang
kiwa kaparingaken
sakngajengipun
padharan, boten
dipunlebetaken
salebeting sak celana.
Halaman 21
Penjelasan: penjelasan
materi ketujuh yang
akan dibahas.
Menampilkan topik
ketujuh (Basa Kawi
ingkang asring wonten
ing sesorah).
Halaman 22
dan 23
Penjelasan: penjelasan
materi “Basa Kawi
ingkang asring wonten
ing sesorah”.
Teks:
Surya, tegesipun
srengèngè. Nanging
tembung surya ing
ngriki kaginakaken
kagem nyuraos teges
tanggalan salebeting
taun Masèhi ; Surya
kaping 12 Juli 2010
Candra, tegesipun
rembulan, nanging
tembung candra ing
ngriki kaginakaken
kagem nyuraos teges
tanggalan salebeting
taun Jawi ; Candra
kaping 4 Sapar 1943
Dal windu Kuntara.
Pracima, tegesipun
kilèn ; Wanci
Nuswantara imbang
pracima.
Purwa, tegesipun
kawitan utawi kéblat
wétan.
Uttara, utawi utara
tegesipun lèr.
Daksina, tegesipun
kidul.
Madya, tegesipun
tengah.
Wasana. Tegesipun
pungkasan.
Lebda, tegesipun
mumpuni ing sabarang
kawruh.
Pana, tegesipun
mangertos ing saliring
perkawis.
Poyan, tegesipun
maringi pitutur.
Mangastuti, tegesipun
tansah maringi
panjurung donga.
Ri, tegesipun ing.
Halaman 24
Penjelasan:
menampilkan contoh
vidio sesorah. Vidio
dapat diputar (play)
pada flip book.
Halaman 25
Penjelasan:
menampilkan latihan
soal terkait materi yang
sudah ada. Latihan soal
berupa kuis dengan
model whole word.
Siswa dapat langsung
mengklik link pada flip
book dan langsung
diarahkan menuju
halaman pengerjaan
kuis.
Halaman 26
Penjelasan:
menampilkan teks
motivasi untuk siswa
agar semangat dalam
menuntut ilmu.
Pada bagian tulisan
“Semangat Nggih” saat
siswa mengklik tulisan
akan menampilkan
mode pop up.
Teks:
“Sukses lan gagal iku
bagian tekan urip. Aja
leren lan dilakoni