KIDUNG JAWA

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Dharma Kekidungan Hindu

Citation preview

KETAWANG PANJANG ILANG( Kidung Pamujan )

1. Sun miwiti sembahyangan Manembah padha Hyang Agung Ngudi mring luhuring Atma Luputa ing cakrabhawa Pikir wening (2x) Ing panduluNutupi hawa sasanga Pesuten hawa lan napsu 2. Gitaningtyas srumangrarasManembah padha Hyang Agung Pamberat sagung panandhang Pindha pepajaring surya Sruning Bratha (2x) Kasut kayun Mugi sihing Padukendra Paran margining katemu

3. Pan wus prapta padukendra Angayap Jawata Agung Sayuk Hapsara Hapsari Mring sagunging Pitri Pitra Angayap mring (2x) Kang Mahagung Hulun sampun ngaras padha Anyandhang cahya rahayu 4. Puspa dupa lawan tirtaKumelun angambar arumKatur Paduka NarendraKang lenggah ing PadmasanaMiring mala-miring malaAngrumuyutHulun sami ngaras padhaAparing cahya rahayu

5. Paduka Kang SiniwakaReratuning Sarwa AgungKang anyipta jagad rayaNgayomi sagung sujalmaPangleburing (2x)Sarwa sagungHulun sampun ngaras padhaParinga tentrem ing kalbu

6. Mring Paduka SrinarendraSagung Jawata sumuyutPaduka purba wasesaSakalir sagung dumadosAngganjarkang (2x)Wajib ngundhuh Dhuh Sang Adiling BhawanaParinga cahya rahayu

LELAGON OJO LAMISAyo pro kadang asung panuwusMring Hyang Maha Widhi Tansah peparing rahayu samiPro kadang sedaya

Kanti weninging pikir kang suci Sarta tingkah laku Pangucap suci ulat suminar Tansah gawe suka Hyang Maha Kwasa ananehamungParing PangaksamiAyo memuji supaya tansahTentrem lan basukiAkeh sing pada nindhakna DharmaUripe rahayu Dadi tuladha mring kita samiJroning do makarti

ASMARADHANA

Sun miwiti amemuji Anyebut asmaning Atma Wit iku yekti jatine Ingkang wajib den pepuja Lir luhuring asmanira Sunare kang Maha Agung Reratuning jagad raya

Paduka Hyang Maha Widhi Guru seksine bhuwana Maha weruh tansah angon Mangkya Hulun Ngaraspadha Bekti sumungkem Paduka Duh sepinten sisip hulun Mugi paringa aksama

Samangkya hamba udhani Mring Tattwa Jatining AtmaTan Beda Lan Sang Hyang ManonJro gesang sumampir ragaAnyandhang sarwa samsaraMung Paduka Kang Maha GungPangruwating papa nistha

Tatwa Jatine Sang UripYekti sorote Kang KwasaIng raga muhung samanggonRaga maujud ing ndonyaKanyatane punarbhawaWekasan rusak lan lampusParane bali sangkanya

KETAWANG IBU PERTIWI ( kidung pamujan )

1. Ibu PertiwiParing boga lan sandhang kang murokabiPeparing rejeki manungsa kang bektiBu pertiwi bu pertiwiSih sutresna mring sesamiBu pertiwi kang adil luhuring budhiAyo sungkem mring ibu pertiwi

2. Duh Sang Hyang WidhiPara putra ngaturaken sembah bektiPuspa denta sinucekna sembah mamiOm Ang Brahma dipa astraTansah ulun sembah- sembahMugi paring kasucian marambahiTangan kalih miwah waktra suci

3. Hyang Maha SuciDuh Hyang Atma suksmaning sedaya gesangSembah sujud hulun mugi sinuceknaPuspa denta trus sinembahTansah paring kasucianSembah hamba kunjuk ing Hyang Tuking PadangParamjiyote tumeja rekta

4. Hyang Maha Suci Hyang Baskara lenggah madyeng PadmasanaIngkang Padang Gumilang Maha SampurnaPeteng ribet kinasihanLebur sirna tanpa sisaMaha mirah paring sandang bukti muktiSatuhu Hyang sesembahan hamba

5. Hyang Maha SuciPuspa denta sinucekna sembah mamiSembah Bekti kunjuk dateng Maha SuciSiwa Eka anglimputiLenggah Padmasana suciSatuhu Hyang datan kakung datan putrisesembahan para sujanmi

6. Hyang Maha SuciOm Tri Murti Brahma Wisnu ugi SiwaIngkang murbawasesani Tri BhuwanaSarwa gesang tineguhnaSesakit sirna sedayaPeteng ribet susah goda ilang boroUgi reridune desa praja

7. Hyang Maha SuciPuspa denta sinucekna sembah hambaManembah Hyang Maha Asih Maha MirahDewa Paring KanugrahanSuka begja karaharjanMaha mirah tansah pinuji- pinujaHamba nembah Hyang Anugrahaken

8. Hyang Maha SuciDewa Dewi Pangeran Maha SampurnaSagung wonten jalaran yadnya PadukaBagya mulya panjang yuswaNir sambikala trus sukaMuhung saking Hyang Nugraha Asih MirahHyang Murbengrat sinembah pro titah

9. Hyang Maha SuciOm dipastra sinucekna tangan hambaTangan ingkang kiwa tengen sinuceknaSarta ugi ponang waktra, sinucekno Da BhataraSembah bekti mugi Dewa SuksmaHyang Datan Kenging Ginantha Gantha

KINANTI JURU DEMUNG

Risang maha yekti sawusing semediMunggwing pancrabaan dangu aningaliWijiling sasangka saking graning hardiKarenan tyasira alon angandiko

1. ( Om Swastyastu ) Dhuh Gusti Kang Maha AgungPangeraning jagad katri Acahya suci gumilang Dhahat ulun puji- puji Anglunturna sih nugraha 2X Sumunaring cahya wening

2. ( Brahma Wisnu Siwa ) Tumandhuking manah hulun Manther amadhangi budi Dadosa jalaran nira Rahayu mulya sayekti Gesang wonten mayapada 2X Dumugi delahan singgih

3. ( Dharma Artha Kama )Hyang Tunggal ugi sinebutNarayana dedasaringKang tumitah sabuwanaIngkang sampun ingkang wingkingTanpa purwa tan wasana 2XDatan wujud datan lahir

4. ( Brama Wisnu Siwa )Peteteng datan wanaputNetra tan wenang umeksiTuhu Dewa Suci EkaNarayana datan kalihDatan wonten nimbangana 2XIngkang wening saged tunggil

5. ( Om Swastyastu ) Paduka ugi senebut Hyang Siwa Mahadewadi Iswara Parameswara Brahma Wisnu Rudra nenggih Purusa parikirtitah 2x Asma yutan eka yekti

6. ( Om Swastyastu ) Kawula rumaos estu Tiyang dosa langkung nistip Karma dosa sarwa dosa Dosa wiwit duk dumadi Maha suci asih mirah 2x Nucekna jiwangga sami

7. ( Om Swasti astu )Maha Dewa hamba nyuwunSih nugraha sih pangaksamiSagung gesang kabegjaknaLuwar saking dosa sisipMugi Sang Hyang Sadasiwa 2xKarsa tansah angayomi8. ( Om Swastyastu )Dosa saking tindhak- tandhukPangucap mwang muna muniDosa salebeting manahSembrana mwang weya laliGusti ngleburna aksama 2xGolong turut shanti shanti

M I J I L

1. Wus wancine ayo padha bekti Bareng myang ing Pura Ing gegana trang abyor lintange Titi sunya puspita kasilir Maruta ris kingis Sumrik gandanyarum

2. Dhuh Pukulun Ida Sang Hyang Widhi Paduka kang yektos Paring nugraha lan kamulyane Manusa nira tan kendhat muji Mugi den ayomi Ngantos benjangipun 3. Wijil panembahing Pura suci Den angagem waton Kudu resik ing lahir batine Yen cuntaka datan kena manjing Pan Pura jinagi Ing kasucenipun

4. Manjing mandhalaning Pura katri Saking nistha miyos Kori candi bentar ing wastane Panca ndriya maksih angwasani Tinata tumuli Ngancik madyanipun 5. Aneng madya mandala wus wiwitNata lahir batos Kaudi tumuju ing GustineManjing utama mandhala nuli Pamikir nyawijiNembah Hyang Maha Gung

6. Lenggah majeng Padmasana suciSampun amirantosJangkep dalah sagung ubarampePhala puspa patra tirtha suciDupa anyrananiManunggaling Kayun

7. Pamangkune wus ngadep sesajiUbarampe kanggoSrana manggala upacaraneSaha mantra sabda gentha suci Kanthi ninging batin Nggenya nedya nungku

8. Ganda arum mijil king wewangiNgebaki angkasaSinarengan kang swara mantraneMiwah swara kidung-kidung suciMugya rawuh aglisPaduka Pukulun 9. Citrane kang Padmasana yekiDumadi tigang rosPethan penyu lambang ing bumineNaga lambang pangan sandang nuliKarang macan esthi Isining jagad bhur

10. Jagad bhuwah wujud karang peksiDening ing swah yektos Linambangken ing Padmasanane Mangka palinggihaning HyangWidhiSinembah cinandhiAneng Pura luhur

MASKUMAMBANG

1. Ana uga pituduh saking Hyang WidhiSinerat ing Weda Aran Catur Guru yekti Mara enggal kawruhana 2. Manembah mring Gusti siang klawan ratriGuru Swadiyaya Kawitan kang den pepuji Kanti srana Tri Sandiya 3. Wit Paduka ingkang nyipto jagad katriMurba pamisesaSagung isining dumadi Sinembah sadaya titah 4. Sinangguhing Guru Reka kaping duwiWong atuwo kitaTan dyaya lantaran lahir Dumadi neng alam ndonya 5. Pramilane bapa biyungKinarya jalaran Anane badanireki Kinawruhan padhang hawa 6. Pangeran katon pro winasis mastaniLabuh labetiraDumunung pakaryan neki Nuli padha wigatekna

7. Yen tan manut tuture wong tuwa ugiPan nemu cilakaIng ndonya tumekeng akir Tan wurung kasurang- surang

8. Martani mring anak putu duking wuriDen padha prayitna Ywa ana kang kumawaniMring biyung tanapi bapa

9. Kaping telu Guru Pengajian yektiPunika kang wenangMulang muruk ngelmu suciKinarya undhaking tama

10. Guru Wisesa kaping papat tumuliPamerentah ikaMangreh mranata nagariNgayomi sagung kawula

KUTUT MANGGUNG

Sore- Sore pepujian sakancane1. Dhuh Gusti Kang Maha Gung PadukaHyang Iswara KuwasaAngratoni saisining jagad rayaDhuh Gusti PamintambaMugi keparinga agungPangaksama mring kita sedoyoJro nuhoni Dharma anthukaMarga mulya lan tansahWinengkuha widada nir sambikala

2. Dhuh Gusti Kang Maha Gung PadukaMaha Brahma KuwasaAmangun rat sagung isining buwanaDhuh Gusti PamintambaMugi tinukulna sagungKarsa mulyo ing jroning JiwatmaJro nuhoni Dharma maujudJanma tama saranaJro makarya memayu hayuning bhawanaSEKAR MEGATRUH (Kagem kidung pamujan)

Om Swastyastu,

1. Sembahing wwang Ida Hyang Widhi SinuwunKang murbeng sarwa dumadiPinaka rip buwana gungNgawisesa jagad katriMaka dening manusa ngong

2. Antusaken tingkah mwang ulahing ulunMangarcana Sang Hyang WidhiMuga tan kena tulah letuhPinuju dewasa becikHanuwur dhuh Sang Hyang Manon

3. Icha Pwasang Hyang Cadhu Sakti TumurunTan yadnya manusa rekiMetu saking manah sadhuMarupawi dibebaliPhalam puspam toyam mwang ron

4. Umiring wwang Hya Dyatmika sembah hulunRijeng panembahan samiAsap dupa sarwa harum Nirmala astiti bakti Pinuju sih karahayon

5. Nuwur tirta amerta suci manulusIcha duh Hyang Pasupati Papa naraka kalebur Klawan sarwa dosa sami Panjang tuwuh duh ring awon 6. Tirta maring kamandalu muncrat mumbulSinirat pamangku saktiSaha mantra sidhi tuhuSarira mwang kertanjaliTuwuh waken Hyang Pangayom

7. Om dhirgayu subham astu tatstu astuSukham purnam sriyam swastiAwignam astu bhawantuTatstu astu sapta wredhiOm Shanti shanti shanti Om

WIRANGRONG(Kagem Kidung Dana Punia)

1. Mumpung anom sira kakiAngudiyo karahayon Aneng Weda panggonan pinemuTumindhak utami Dharma nira kinarya Karta raharjaning bwana

2. Raharja lahir lan batin Kabeh mau mawa lakonDipun ngarah-rah ywa kalimputManembah Hyang WidhiYekti manggih raharjaNgegungna dedananira

3. Dana bandha kaping sijiDana kawruh kaping loroKang katrinya jiwa lan ragamuJer iku sayektiLaku Dharma utamaIng donya prapteng delahan

AYAK PAMUNGKAS

1. Dhuh Gusti mugi- mugiPeparinga sih nugrahaDhuh Gusti keparengaIda Sang Hyang Widhi Wasa Sinembah mring titah sagung Kita wajib amemujiYekti tan ana kang madha Pangayomaning sujanmiMoksa artha jagadhitaDaya pangwasaning Gusti

2. Dhuh Gusti mugi-mugiKeparenga paring mulyaDhuh Gusti linanggengnaUmat Hindu sabhuwanaWusana wosing pangidungTan ana hamung memujiMugi sagung titah samyaSapuh anem jaler estriSami karsa manunggalGolong yurut santi-santi

SEKAR MEGATRUH (Kagem Pitra yadnya)

1. Datan pegat nembah Gusti anyenyuwunRentahing nugraha adiTumrap risang suksma luhurIngkang nilar ndonya nikiSowan marang ing Hyang Manon

2. Dhuh- dhuh Gusti Maha Mirah Maha AgungMugi paring padang margiAtma ingkang sampun wangsulLaju nggenira lumarisLegawa ing driyo yektos

3. Tumrap warga ingkang sami taksih kantunMugi pinaringan elingDarana ing manah teguhKapara anjurung pujiNjurungi Sang Suksma Jatos

4. Dhuh Sang Atma pra santhana sami ngumpulAmemuji mugi- mugiAndika tan rangu- ranguTeteg teguh tekad pasthiMboten wang- wang mboten mangro

5. Amemuji sunya nirwana satuhuMoksantu swargantu mugiMurchantu lawan samantuKsama sampurnaya ugiNggayuh shanti shanti ugi

Sekar PANGKUR (Kagem Kidung Pitutur)

1. Mingkar mingkuring ukaraAkarana karenan mardi siwiSinawung resmining kidungSinuba sinukartaMrih katarta pakartine ngelmu luhungKang tumrap neng tanah JawaAgama ageming aji2. Jinejer neng WedatamaMrih tan kemba kembenganing pambudiMangka nadyan tuwa pikunYen tan mikani rasaYekti sepi asepa lir sepah samunSamangsane pakumpulanGonyak- ganyak nglelingsemi

3. Nggugu karsane priyanggaNora nganggo peparah lamun anglingLumuh ingaran baliluUger ngguru alemanNanging janma ingkang wus waspadeng semuSinamuning samudanaSasadoning adu manis

4.Si pengung nora nglegewaSang sayarda denira cacariwisNgandhar- andhar angendhukurKandhane nora kaprahSaya elok alongka- longkanganipunSi wasis waskita ngalahNgalingi marang si pingging

5. Mangkana ngelmu kang nyataSanyatane mung weh reseping atiBungah ingaran baliluSukeng tyas yen den inaNora kaya si pengung anggung gumunggungUngungan sadina dinaAja mangkana wong urip

6. Uripe sepisan rusakNora mulur nalare ting saluwirKadita guwa kang sirungSinerang ing marutaGumarenggeng anggereng anggung gumrunggungPindha padhane si mudhaPrandene meksa kumaki

DHANDHANGGULA(Kagem Apalan Pawukon)1. Wasitane sinawung artati Wewilangan wuku tigang dasa Tinata urut lampahe Wuku Sinta rumuhun Landep wukir nuli Kurantil Tolu Gumbrek Kalawan Warigalitipun Warigagung lajengira Julungwangi Sungsang Galungan- tumuliWasta wuku Kuningan2. Wuku Langkir Mandhasiya yektiJulungpujut miwah wuku PahangKuruwelut nuli MrakehTambir salajengipunMedhangkungan Maktal tumuliWuye manahiliraLan Prangbakat ikuBala wuku nuli WayangLan Kulawu wuku Dhukut-den wastaniWatugunung pungkasan

Sekar DHANDHANGGULA (Kidung Manusa yadnya)

1. Ana kidung akadang prematiAmong tuwuh ing kawastaniraNganakaken saciptaneKakang kawah punikuKang rumeksa ing awak mamiAnekakaken sedyaPan kuwasanipunAdi ari-ari ikaKang mayungi ing laku kuwasanekiNganakaken pengarah

2. Ponang getih ing rahina wengi Angrowangi Kang Maha Kuwasa Andhadekaken Karsane Puser kwasanipun Nguyu- uyu sembawa mami Nuruti ing paneda Kuwasanireki Jangkep kadang ingsun papat Kalimane pancer wus dadi sawiji Nunggal sawujud ing wwang

3. Yeku kadhang ingsun kang umijilSaking margaina sareng samyaSadhino awor enggoneSekawan kadhang ingsunKang ora umijil sakingMargaina punikaKumpule lan ingsunDadya makdhum sarpin siraWewayangan ing dhat reka dadya kanthiSaparan datan pisah

S I N O M

1. Nuladha laku utamaTumrape wong tanah Jawa Wong agung ing ngeksi ganda Panembahan Senopati Kepati amarsudi Sudane hawa lan napsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siang ratri Amemangun karyanakNgeksi ganda

2. Samangsane pasamuan Mamangun marta martaniSinambi ing saben mangsaKala- kalaning asepiLelana teki- tekiNggayuh geyonganing kayunkayungyun heninging tyassanityasa pinrihatinpuguh panggah cegah guling lawan dhahar3. Saben mendra saking wismaLelana leladah sepiNgisep sepuhing supenoMrih pana pranaweng gatiTis-tising tyas marsudiMardawaning budya tulusMesu reh kasudharmanNeng tepining jalanidhiSruning brata kataman wahyu jatmika

4. Wikan wengkoning samudraKaideras wus den ideriKinemot kamoting ndriyoRinegem sagegem dadiDumadya angratoniNenggih Kanjeng Ratu KidulDedel gayuh gegana Humara marak maripihSor prabowo lan wong Agung Tyasing sesami

KIDUNG WARGASARI

P a m b u k a :Purwakaning angriptarumNing wana wukirKahadang labuh kartikoPanedenging sariAngayom tangguli keturAngring-ngring jangga mure

1. Ida Ratu saking luhur Kawula nunas tugrane Mangda sampun titiang tandruh Mangayap Bhatara sami Titiang ngaturang pejati Canang suci lan daksina Sami sampun puput Pratekaning saji 2x 2. Asep menyan majegau Cendanane nuhur Dewane Mangda Ida gelis rawuh Mijil saking luhring langit Sampun mandab daban sami Maring giri meru reko Ancangan sadulurSami pada ngiring 2x 3. Bhetaraning saking luhurNgegana diambaranePengageme obro murupParekan sami mangiringWidodara WidodariPada padudon dudonanPrabawa kumutug Angliwering Langit 2x

SEKAR GAMBUH

1. Den gambuh ing pitutur Marang kanca rukun sih satuhuAja sira ngendelke lamun kinasihEngeta ing kalanipunDuk prapta saking dhukuh

2. Lan sembah sungkemipunMring Hyang Suksma elinga slirakuApan titah sadaya among sadremiTan wenang sira andhakuKabeh kgungan Hyang Manon

3. Murwane sira sagungAneng ndonya ywa kongsi kaugungDipun becik mring sesami dumadiSupaya nora kaduwungMrih rahayune lelakon

4. Urip praptane lampusSayekti tan kuciwa winuwusLahir batin sayekti tan medal sumbi Iku sujanma pinunjulTan kewran tumekaning ndon

5. Bayata wus ginambuh Para umat denira tumuwuhDe samangkya pan wus ana den araniSirna petenging praja gungSaking Parmane Hyang Manon

6. Amung kari nyeyuwunWidadanya ngungkuli kang sampunAyem tentrem acanthi suka basukiMakaten pamintanipunPra sujanma jroning batos

LUMBUNG DESA

1. Panca Sradha iku kapercayaan lima, prakancaKawruhana minangka dasar satuhu, yaikuSapisan pracaya anane Hyang Widhi, Kang SuciAngka laro pracaya anane Atma

2. Karma phala Sradha ingkang angka tiga, prakancaPapat kang sinebut punarbhawa iku, satuhuDene moksa Sradha ingkang angka lima, wusanaJangkep kapercayan kita Panca Sradha

3. Dene terange kang Panca Sradha iki, sawijiPanembah kita tumuju Mring Hyang Widhi, amargiPanjenengane kang kudu kita pundhi, sayektiSangkang lan paranira sagung dumadi

4. Anane Atma pinangka badan suksma, ngertiaIku nyata pletiking Hyang Widhi Wasa, dinadyaManunggal lan badan wadag kita samya, pramilaGesang kita dadya titahing Hyang Suksma

5. Sateruse karma phala ping telune, werdineKita badhe ngundhuh wohing panggawe, kabeheWus mestine nadyan ala lan becike, balineIng tembene kang ngrasake kita dhewe

6. Punarbhawa tegese tumitising Atma, ing ndonyaIku marga lakune durung sampurna, nalikaUripira katrem ing angkara murka, tan nyiptaAneng ndonya dadya sangu benjangira

7. Lamun Atma laju manunggal Hyang Suksma, ingkanaIku nyata ingaranan nggayuh moksa, minulyaSalaminya datan wangsul aneng ndonya, sampurnaWinursita nunggale Gusti kawula

Lancaran SINGO NEBAK(Kagem kidung Tri Kaya Parisudha)

1. Umat HinduKang eling lawan waspada (Amarga)Gebyareng kahanan wekasan drawasiDharma den lakoniYekti tentrem lan basuki

2. Hindhu DharmaDasar urip kang sampurna (Wus nyata)Sradha Tri Kaya Parisudha ywa laliKayika wacikaManacika den ugemi

3. Kadang samyaParan werdine kayika (Kang mesthi)Tingkah polah solah bowo kang prayogiTresna mring sesamiUga tansah den upadi

4. WacikanePangucap becik prasojo (Werdine)Muna muni adhedhasar tatwamasiSarta tata kramiPaugeran kang sayekti

5. Pikir Wening Manacika parisudha ( Yaiku) Datan anggalih ala marang sesami Pramayoga becik Dhemen paring pangaksami 6. Telu mauAja nganti dilerwake (Mangkana)Marsudi kudune bisa kasembadanTindhak kang utomoManut wewarahing WedaLadrang CLONTHANG

1. Gumredheg saiyeg umat Hindu sagungTumuju papan manembah Hyang AgungResik agemane lan resik atineMlaku gliyak- gliyak Purnama wancineSaiyeg saeka kapti lan mantep sedyaneManembah GustineDhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga PadukaPeparinga pangaksama maring dasih agungMrabhawani akarya weninging pikirPepajar amimbuhi tyas tentremRaharja sadarum

2. Wus sirep tyas mantep umat Hindu sagungJroning sembahyang manembah Hyang AgungManunggal ciptane sumeleh atineEling jroning driya mring kodrat AtmaneSaiyeg tyas madep manteb ing karep sedyaneNyuwun mring GustineDhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga PadukaPeparinga pangaksama maring Dasih AgungMahanani amberat petenging pikirPepajar amimbuhi tyas tentremRaharjo sadarum

KIDUNG PARIPURNA

Hina saram hina pradham hina mantram tataewacaHina bhaktim hina wredhim Sada Siwa TatastuteMantram hinam, kriya hinam bakti hinam MaheswaraTat Pujitham Maha Dewa, paripurnam TatastumeOm Santhi Shanti Shanti Om

M E G A T R U H(Pangiring turun tirta)

1. Nuhur tirtha amerta suci manulusIca duh Hyang PasupatiPapo nara kala leburKlawan sarwa dosa samiPanjang tuwuh duh ring awon

2. Tirtha maring kamandalu muncrat mumbulSinirat Pemangku suciSaha mantra siddhi tuhuSariran wang kertanjaliTuwuhaken Hyang Pangayom

3. Om dhirghayu subham astu tatstu astuSukham purnam sriyam swastiAwghnam astu bhawantuTattstu astu sapta werdhiOm Santhi Santhi Santhi Om

SARASWATI

1. Wukunipun WatugunungWewara nira kang manis Wonten hari Saniscara Winastan hari Saraswati Wahyu wahyuning Batara 2x Wus tumurun Sang Hyang Aji

2. Ing sanepan wanut yuga Inggih makaten kang ngelmi Ingkanh handulu kasmarn Ing manah sengsem sayekti Inggih saktinya Hyang Brahma 2x Inggih Dewi Saraswati

3. Darbe hambeg suci tuhuDarbe hambeg suci tuhuDeneng lambang trate jatiDene banyak sung lampitaDen uninga bener sisipDi Dewa hambeg angkara 2xDemem titis ing pangesti

4. Yen rinaras lir swara rumYekti sungkem jroning atiYo gitar dadya pralambangGayah kidung ing hapsariYen loggya homa Wedha 2xYekti mranani ing kapti

5. Apan mangkono kang ngelmuAntuk lambange genitriAngaji salwire sastraAwit lahir prapting lalisAngal alus wis pinang yo 2xAntuk yotan bisa tapis

6. Sinawung krapyak kang semuSayekti langgeng kang ngelSinipen jroning wardoyosayo wuwuhing pangestiSadarum tan kasamaran 2xSumunar wahyuning Widhi

PAGERWESI

1. Nuju hari Pagerwesi Nyuwun pangwatan jiwa Ing raga muhung samanggon Gesang wonten maya pada Murih rahayu widodo2X Duh Gusti kang Maha Agung 2. Hyang Brahma Maha AciptaYekti sumbere kang anaJagad raya sak isineAmung Paduka kang bisaDuh Gusti Kang Maha EsaMung Paduka Kang Maha Agung 2XTan kena wujud ana

3. Tumitus sak jroning kalbuTumanduk lawan pakertiTewer tumindhak ing ygyaTandang tatas lan titisTanda yen wus katarima 2xTinaping ngarsa hyang Widhi

4. Unggyaning titah sadarumUdinen jiwa kang silaliUnduk narasa panembahUndurna pakarti sisipUkuren pribadi nira 2xUlah hayu kang patitis

5. Tememen demen tinemuTambah manembah Hyang WidhiTumungkul ngande ing SukmaTan lirwa trisna sesamiTumuju mring sastra Weda 2xtuhu kinasti Hyang Widhi

SESAJI UPACARA

1. Upacara Tingkepan : Nasi golong, suruh ayu, gedang ayu, jajan pasar2. Upacara Kelahiran : Empon-empon untuk menanam ari- ari, lampu senter, tumpeng catur warna, daging ayam, bawang, jahe, saren, garam, suruh, bunga panca warna, lilin, dupa, kinang rokok.3. Tetesan / Sunatan : Sesaji kelahiran, jajan pasar, semua jenis makanan yang dimasak, empon-empon, bunga panca warna.4. Upacara Wiwaha : Sesaji kelahiran, jajan pasar, semua makanan yang dimasak, beras, bumbu dapur, penyeneng.

5. Upacara Kematian Untuk bedah bumi : Jajan pasar serba mentah, bubur warna 4, bunga wangi, dupa.Untuk di rumah : canang burat wangi, beras warna 4, bubur warna 4, lilin, dupa, kinang udud.Upacara kematian sampai 1000 hari : Apem, ketan, kolak, rujak degan, minuman the dan kopi, canang burat wangi, kinang udud, jajan pasar.

Mantra Pencaruan :Om Pukulun Hyang Bathara Kali, Bathara Kala Sakti, sira Sang Kala Putih, Sang Kala Abang, Sang Kala Jenar, Sang Kala Ireng, Sang Kala Manca Warna, Sang Kala anggapatu, Sang Kala Karogan-rogan, Sang Kala sepetan, Sang Kala Gering, Sang Kala Pati sira sadenah Kala kinabehana, ojo sira anyengkala, anyangkali, manusa nira ngastiti, Dewa ring Kahyangan Sakti beh Ingsun sampun ngaturaken tadah saji reng padha Bathara Kala, punika ta bukti denira kabeh, pilih kabelanira Om Kala byo namah, Om Ksama sampurna ya namah, Om Am Sarwa kala ksamasvamam ya namah sawaha.

MANTRA MANTRA :1. Mantra mendengar orang meninggal :Om Sunya hati sunya param nirbhawa ya namah.

2. Puja Tarpana :a. Bhuktyantu Pitaro Dewa, Bhuktyantu Pitaro Ganam, Bhuktyantu pitara sarwe Pitara sarwe Bhyo namah swaha. (3X)b. Treptyantu Pitaro Dewa, Treptyantu Pitaro Ganam, Treptyantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)c. Ksamantu Pitaro Dewa, Ksamantu Pitaro Ganam, Ksamantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)3. Mantra menanam ari-ari :Om Sang Hyang Ibu Perthiwi, rumogo bayu, rumogo amerta Sanjiwani amertaning kang tumuwuh pun mugo dhirga yuswa poma,poma, poma

4. Mantra Mohon Ketenangan Rumah Tangga :Om wiso wiso wo atithaimWajayantah purupriyamAgnim wo duryam wocahStuse susasya manmbhih

Mantra Purnama :Om Candra mandala sampunamCandra yante pranam yanteCandra dipa praman jyotenamas Candra namostute

Om Sidhi raga namostuteDara Gapati padanamWiswat sapta karang witaNamas Candra namostute

Om Kumuda pala hastaraSarwati dipa manggalamBarma darna sayam pasyamNamas Candra namostute

Om Loka yante parkas ynteLoka puja saman witamSiwa loka Candra namostuteNamas Candra namostute

Om Asta desa kame nityamAsta dipa wasi kretamAsta kala ya sampurnamNamas Candra namostute

Om Hrang hring sah Parama Siwa Candra amerta ya namahOm Hung Candra Dewa Maha Gangga amerta ya namah swahOm Shanti Shanti Shanti Om

24