92
BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATISKRIPSI Dening TAUFAN SETYAWAN 052114015 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2010

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

  • Upload
    others

  • View
    10

  • Download
    0

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR

ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”

SKRIPSI

Dening

TAUFAN SETYAWAN

052114015

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

2010

Page 2: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR

ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”

SKRIPSI

Karacik minangka sarana lan syarat antuk gelar

Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Universitas Negeri Surabaya

Dening

TAUFAN SETYAWAN

052114015

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

2010

Page 3: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

KACA PASARUJUKAN

Usulan panaliten dening : Taufan Setyawan

NRM : 052114015

Irah-irahan : “Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara

Campursari Tambane Ati”

Surabaya, 7 Januari 2010

Pembimbing,

Drs. Surana. S.S, M. Hum _____________________

NIP. 19681005 199403 1 001

Page 4: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

KACA PANGESAHAN

Panaliten dening : Taufan Setyawan

NRM : 052114015

Irah-irahan : “Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara

Campursari Tambane Ati”

Skripsi iki wis kauji dening dewan panguji nalika tanggal 14 Januari 2010

Dewan Panguji,

1. Dr. Udjang Pairin. M. Basir, M. Pd. __________________

NIP. 19570610 198403 1 003

2. Drs. Murdiyanto, M. Hum. __________________

NIP. 19550210 198503 1 002

3. Drs. Surana. S.S, M. Hum. __________________

NIP. 19681005 199403 1 001

Pangesahan, Ngawruhi,

Dekan FBS Unesa Ketua Jurusan PBSD

Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A. Drs. Sukarman, M.Si.

NIP. 19561222 198403 1 001 NIP. 19641231 199002 1 003

Page 5: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Alamat : Gedung TI Kampus Lidah Wetan, Telp. 031-7522876 pswt.21

SURAT PERNYATAAN

PERTANGGUNGJAWABAN PENULISAN SKRIPSI

Yang bertanda tangan dibawah ini

Nama : Taufan Setyawan

Tempat, tanggal lahir : Trenggalek, 10 September 1985

NRM : 052114015

Program studi/angkatan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah/2005

Alamat : RT 01 RW 01, Ds. Dongko, Kec. Dongko, Kab.

Trenggalek, Jawa Timur (66363)

Menyatakan dengan sesungguhnya bahwa

(1) Skripsi yang diujikan ini benar-benar hasil kerja sendiri (bukan hasil jiplakan

baik sebagian maupun seluruhnya).

(2) Apabila dikemudian hari terbukti skripsi ini hasil jiplakan, saya akan

menanggung resiko diperkarakan oleh jurusan Bahasa dan Sastra Daerah,

Fakultas Bahasa dan Seni, Unesa.

Demikian surat pernyataan yang saya buat dengan sebenar-benarnya.

Surabaya, 7 Januari 2010

Dosen Pembimbing Yang menyatakan,

Drs. Surana. S.S, M. Hum Taufan Setyawan

NIP. 19681005 199403 1 001 NRM. 052114015

Mengetahui

Ketua Jurusan

Drs. Sukarman, M.Si

NIP. 19641231 199002 1 003

Page 6: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

PURWAKA

Puji syukur kunjuk ing ngarsaning Gusti Kang Maha Agung, dene kanthi

rahmat lan hidayahe aku bisa ngrampungake skripsi kanthi irah-irahan “Basa

Penyiar TVRI Jawa Timur ing Adicara Campursari Tambane Ati”.

Skripsi iki bisa karampungake amarga ana donga pangestu lan

panyengkuyung saka:

1. Prof. Dr. Haris Supratno minangka Rektor UNESA.

2. Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A minangka Dekan FBS UNESA.

3. Drs. Sukarman M. Si minangka Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan

Sastra Daerah UNESA, uga minangka Dosen Pembimbing Akademik.

4. Drs. Surana, S.S, M. Hum minangka dosen Jurusan Pendidikan Bahasa

dan Sastra Daerah UNESA, uga minangka dosen pembimbing sajroning

aku nggarap skripsi.

5. Bapak lan Emak kang tansah paring donga pangestu anggonku ngudi

ngelmu.

6. Drs. Sugeng Adipitoyo, M. Pd ingkang tansah nyengkuyung anggonku

nulis skripsi, uga paring ampilan buku.

7. Dr. Udjang Pairin M. Basir, M. Pd lan Drs. Murdiyanto M. Hum minangka

dosen panguji.

8. Redaksi adicara Campursari Tambane Ati TVRI Jawa Timur.

9. Kanca-kanca 2005 kang tansah ngrewangi lan menehi panyengkuyung

anggonku nulis skripsi.

Page 7: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Skripsi iki durung sampurna, mula saran lan kritik kang asipat konstruktif,

daktampa kanthi bungah kanggo nyampurnakake skripsi iki. Muga-muga skripsi

iki bisa migunani kanggo aku pribadi lan para pamaos kabeh. Wusananing atur

panulis nyuwun agunging samudra pangaksami, mbok menawa ana cacat luputing

racikaning tetembungan (ukara) kang kurang tata. Nuwun.

Surabaya, 7 Januari 2010

Panulis

Page 8: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

viii

ATUR PISUNGSUNG

Skripsi iki dak aturake kanggo:

Sang Hyang Widhi Wase kang tansah paring pituduh ngenani

sangkan paraning dumadi.

Wong tuwaku kang tansah paring donga pangestu lan sangu.

Sedulurku kandhung mbak Yetik lan mas Riris, uga mas Bakti lan

ndhuk Syifa kang tansah nyengkuyung anggonku ngrampungake

kuliah.

Mitra kinasih Dhik Ngatini “F Rahma M” kang tansah agawe

reroncening uripku lan dadi inspirasi anggonku golek pangupa jiwa.

Pak Mul (mantan TU Jawa) kang tansah paring pambiyantu nalika

aku kuliah.

Kanca-kanca angkatan 2005: Zuni, Yanti, Rina, Kristin, Difi, Putri,

Mia, Ana, Serli, Sonya, Novita, Reni, Ita, Dwi, Aiz, Nana, Vina K,

Vina SP, Anggra, Septi, Riska, Widya, Ria, Suntik, Anis, Itis, Icha,

Nuning, Ikhfadul (Alm.) uga Bala Kurawa 2005: Hendrik, Tarto,

Gilang, Fatkur, Hengki, Buyung, Deka, Kalyubi, Patrit, Vijay, lan Adi.

Kangmas lan mbakyuku kang tansah nguri-uri kabudhayan lan njaga

kondhange Bharada, mas Yohan (angkatan 1998), mas Kunto (1999),

mas Didik, mas Yusuf, mbak Ulfa (2001), mbak Vita, mbak Novi

(2002), mas Josan, mas Romi, mas Topa (2003), mas Andika, mas

Kholili, mas Agung, mas Andi, mas Ma’ruf, mas Arik, mbak Riski

Sembodro, mas Amri, mas Widhi (2004), uga adhik-adhikku, Puguh

Black, Latif, Nadhif, Jadmiko, Vivin, Leni (2006), Bambang, Ikhwan,

Daraka, Fuad, Cimpli, Bim-bim, Bom-bom, Andhun, Ginanjar, Hapsari,

Yunita, Wawan (2007), Efendi, Dendang, Yusmia, Mevi, Hanung,

Deni, Agus, Yusuf, Piun, Rini, Nanang, Ani, Saithil, Eras, Intika,

Imam, Gaguk (2008), Jimbon, Anita, Nino (2009), lan kabeh wae

kang ora bisa dak sebutake siji-siji.

Page 9: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

SESANTI

SENI

Page 10: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR

ING ADICARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”

Taufan Setyawan

ABSTRAK

Basa yaiku piranti kanggo guneman antarane pawongan siji klawan

pawongan liyane. Basa minangka piranti kanggo srawung, kahanane tansah owah.

Ana ing sajroning guneman, panutur kudu ngandharake kang dikarepake kanthi

nggunakake ukara kang cetha lan gampang dingerteni, panutur ana kalane

ngandharake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya supaya kang

arep diandharake bisa luwih gampang dimangerteni. Adhedhasar alasan mau mula

alih kode lan campur kode digunakake kaya kang dumadi ing giyaran Campursari

Tambane Ati TVRI Jawa Timur. Bab iku kang pungkasane narik kawigatene

panliti kanggo ndadekake werna basa penyiar CTA dadi panaliten ing skripsi.

Perkara ing panaliten iki cacahe ana telu, yaiku (1) Werna basa apa wae

kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? (2) Kepriye

wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? (3) Kepriye

wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA? Panaliten iki

kanthi umum nduweni ancas yaiku ngandharake wujude ragam basa, lan

ngandharake menawa ana wujud alih kode lan campur kode kang dumadi.

Panaliten iki nggunakake objek giyaran campursari ing TVRI Jawa Timur.

Panaliten iki uga nggunakake ancangan lan wewatesan. Ancangan kang ana ing

panaliten iki yaiku deskriptif kualitatif, dene wewatesane yaiku ragam basa lan

panganggone basa sing digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur.

Panaliten iki nganggo metode simak, cathet, lan rekam. Adhedhasar cara

iku mau, mula ing panaliten iki ditemokake wujude werna basa ana lima, yaiku

(1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4)

werna basa ngoko-Arab, (5) werna basa ngoko-Indonesia. Alih kode kang

digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku (1) alih

kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa Jawa

menyang basa Jawa dialek Surabayan, lan (3) alih kode saka basa Jawa ngoko

menyang basa Jawa Krama. Campur kode kang digunakake penyiar CTA TVRI

Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku: (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, lan (3)

Jawa-Inggris. Ana ing panaliten iki uga ditemokake wujud alih kode intern lan

alih kode ekstern, sarta wujud campur kode negatif, lan campur kode positif.

Page 11: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

TVRI

TVRI

Page 12: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

TVRI

TVRI

TVRI

TVRI

TVRI

Page 13: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

TVRI

TVRI

intern

ekstern

Page 14: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

xiv

BAHASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR

DALAM ACARA “CAMPURSARI TAMBANE ATI”

Taufan Setyawan

ABSTRAK

Bahasa merupakan sarana yang digunakan untuk berinteraksi dengan

orang lain. Bahasa senantiasa mengalami perubahan. Penutur harus menjelaskan

maksud tuturannya dengan menggunakan kalimat yang jelas dan mudah

dimengerti, kadang kala penutur juga harus menggunakan unsur dari bahasa lain

agar maksud dari tuturannya mudah dimengerti. Berdasarkan alasan tadi maka

alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari

tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

peneliti untuk menjadikan ragam bahasa penyiar CTA menjadi penelitian dalam

skripsi.

Masalah dalam penelitian ada tiga, yaitu (1) ragam bahasa apa saja yang

digunakan oleh penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? (2) bagaimana

bentuk alih kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? (3) bagaimana

bentuk campur kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara CTA? Penelitian ini

secara umum memiliki tujuan yaitu menjelaskan bentuk ragam bahasa, dan

menjelaskan adanya bentuk alih kode dan campur kode.

Penelitian ini menggunakan objek siaran campursari di TVRI Jawa Timur.

Penelitian ini juga menggunakan pendekatan dan batasan. Pendekatan yang

digunakan dalam penelitian ini yaitu deskriptif kualitatif, sedangkan batasannya

yaitu ragam bahasa dan penggunaan bahasa yang digunakan penyiar CTA TVRI

Jawa Timur.

Penelitian ini menggunakan metode simak, catat, dan rekam. Berdasarkan

cara tersebut maka dalam penelitian ini ditemukan lima bentuk ragam bahasa,

yaitu (1) ragam bahasa ngoko, (2) ragam bahasa dialek Surabayan, (3) ragam

bahasa krama, (4) ragam bahasa ngoko-Arab, (5) ragam bahasa ngoko-Indonesia.

Alih koe yang digunakan penyiar CTA TVRI Jawa Timur dibedakan menjadi tiga,

yaitu (1) alih kode Jawa-Indonesia, (2) alih kode Jawa-dialek Surabayan, dan (3)

alih kode Jawa ngoko-krama. Camur kode yang digunakan penyiar CTA TVRI

Jawa Timur dibedakan menjadi tiga, yaitu (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, dan

(3) Jawa_Inggris. Dalam penelitian ini juga ditemukan bentuk alih kode intern dan

alih kode ekstern, serta bentuk campur kode negatif dan campur kode positif.

Page 15: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

DAPTAR ISI

Kaca Sampul ................................................................................................... i

Kaca Irah-irahan .............................................................................................. ii

Daptar Pasarujukan ......................................................................................... iii

Kaca Pangesahan ............................................................................................. iv

Surat Pernyataan Pertanggungjawaban Penulisan Skripsi .............................. v

Purwaka ........................................................................................................... vi

Atur Pisungsung .............................................................................................. viii

Sesanti ............................................................................................................. ix

Abstrak ............................................................................................................ x

Daptar Isi ......................................................................................................... xv

Daptar Singkatan ............................................................................................. xvii

BAB I BEBUKA ................................................................................... 1

1.1 Alasan Panaliten ......................................................................... 1

1.2 Punjering Panaliten .................................................................... 4

1.3 Tujuan Panaliten ........................................................................ 5

1.4 Paedahing Panaliten ................................................................... 5

1.5 Wewatesing Panaliten ................................................................ 6

BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN ............................................... 7

2.1 Masyarakat Basa ........................................................................ 7

2.2 Wernane Basa ............................................................................ 9

2.3 Undha-usuk Basa ....................................................................... 12

2.4 Dwibasa ...................................................................................... 15

2.5 Alih Kode ................................................................................... 16

2.6 Campur Kode ............................................................................. 19

2.7 Landhesan Teori ......................................................................... 21

BAB III TATA CARA PANALITEN ................................................... 23

3.1 Sipating Panaliten ...................................................................... 23

Page 16: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

3.2 Objek lan Subyek Panaliten ....................................................... 24

3.3 Sumbering Data ......................................................................... 25

3.4 Piranti Panaliten ......................................................................... 25

3.5 Metode lan Teknik Panaliten ..................................................... 26

3.5.1 Tata Cara Panglumpuke Data .................................................... 26

3.5.2 Tata Cara Olah Data ................................................................... 28

3.5.3 Penyajian Analisis Data ............................................................. 30

BAB IV PRATELAN ASILING PANALITEN ................................... 31

4.1 Wernane Basa ............................................................................ 31

4.1.1 Werna Basa Ngoko .................................................................... 31

4.1.2 Werna Basa Dialek Surabayan ................................................... 33

4.1.3 Werna Basa Krama .................................................................... 35

4.1.4 Werna Basa Jawa - Arab ............................................................ 36

4.1.5 Werna Basa Jawa - Indonesia .................................................... 37

4.2 Alih Kode ................................................................................... 39

4.2.1 Alih Kode Jawa - Indonesia ....................................................... 39

4.2.2 Alih Kode Jawa - Dialek Surabayan .......................................... 41

4.2.3 Alih Kode Ngoko - Krama ......................................................... 43

4.3 Campur Kode ............................................................................. 44

4.3.1 Campur Kode Jawa - Arab ........................................................ 45

4.3.2 Campur Kode Jawa - Indonesia ................................................. 46

4.3.3 Campur Kode Jawa - Inggris ..................................................... 47

4.4 Asiling Panaliten Bab Wernane Basa Penyiar CTA .................. 48

BAB V DUDUTAN LAN SARAN ....................................................... 55

5.1 Dudutan ...................................................................................... 55

5.2 Saran .......................................................................................... 56

KAPUSTAKAN ............................................................................................. 57

Lampiran I ..................................................................................................... 59

Lampiran II ..................................................................................................... 73

Page 17: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

DAPTAR SINGKATAN

A. Singkatan Tembung

CTA : Campursari Tambane Ati

TVRI : Televisi Republik Indonesia

PT : Peristiwa Tutur (Prastawa Tutur)

DL : Data Lampiran

H : Halaman (Kaca)

B. Singkatan Jeneng

CP : Cak Pendhik

CT : Cak Trubus

MI : Mbak Idha

PC : Pamirsa Campursari

SW : Swarawati (Penyanyi)

TW : Tukang Warung

Page 18: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BAB I

BEBUKA

1.1 Alasan Panaliten

Sajroning pasrawungan, manungsa ora bisa uwal saka guneman klawan

wong liya. Sanadyan manungsa iku ora bisa ngucap utawa bisu, manungsa isih

tetep bisa guneman nggunakake basa awak utawa basa isarat. Basa yaiku piranti

kanggo srawung utawa guneman tumrap pawongan siji klawan pawongan liyane.

Wong kang kawegan ing babagan Linguistik njlentrehake ngenani tegese basa

yaiku tetenger sing wujud swara kang sipate manasuka, sabanjure ditambahake

klawan perlambang swara kang digunakake dening masyarakat liyane kanggo

srawung lan nepungake awake dhewe (Kridalaksana ing Chaer, 2007:32). Basa

uga bisa diarani sawijining sistem, padha karo sistem-sistem liyane kang sifate

sistematis lan sistematik. Dadi basa dudu sawijining sistem tunggal ananging

disusun dening subsistem kang arupa fonologi, sintaksis lan leksikon.

Basa uga nduweni paedah kang kaperang dadi telulas, yaiku: (1) Basa

kanggo mbiasakake manungsa karo tata aturan sosial, (2) Basa kanggo

ngandharake kaendahan, kabecikan, luhuring bebuden, lan liya-liyane, (3) Basa

kanggo ngatur kontak sosial, (4) Basa kanggo ngatur tindak tanduk, (5) Basa

kanggo ngatur tindak tanduk marang wong liya (6) Basa kanggo ngandhakake

rasaning batin, (7) Basa kanggo menehi tandha ngenani hubungan sosial, (8) Basa

kanggo ngandharake kawruh ing sajabane basa, (9) Basa kanggo menehi piwulang

ngenani kewasisan lan ketrampilan, (10) Basa kanggo medharake basa, (11) Basa

Page 19: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

kanggo nakokake babagan apa wae marang wong liya, (12) Basa kanggo

ngadohake saka beban lan alasan, (13) Basa kanggo ngandharake tindak tanduk

performatif (Dell Hymes ing Soeparno 2003:7-8).

Basa minangka piranti kanggo srawung ora bisa uwal saka anane owah-

owahan. Semono uga basa Jawa kang umure wis dawa. Kanthi dhasar bab

kasebut, basa Jawa nduweni werna adhedhasar wektu panguripane, kayata: Jawa

kuna, Jawa pertengahan, Jawa enggal, lan Jawa gagrag anyar. Kejaba iku, basa

Jawa digunakake ing tlatah kang jembar banget, ora mung ing Jawi wetan lan

Jawi tengah, nanging uga ing njabane pulo Jawa nganti mancanegara. Kaya

andharane Moeliono (1982:10) yen basa kang sumebar jembar panganggone bakal

nduweni cengkok utawa logat dhewe-dhewe. Ing kono mau basa Jawa nduweni

logat kang aran dialek.

Wernane basa klebu sajroning ilmu Sosiolinguistik. Sosiolinguistik yaiku

salah sawijining ilmu linguistik kang ngrembug sesambungane basa karo sosial

masyarakat (Chaer lan Agustina, 1995:5). Dene Basir (2001:146) ngandharake

menawa sosiolinguistik yaiku ilmu kang ngrembug babagan basa, budhaya, lan

paedahe kanggo srawung jroning masyarakat. Saliyane andharan para pakar ing

dhuwur isih akeh andharan-andharan ngenani sosiolinguistik kang isine ora beda

adoh karo andharan ing dhuwur.

Miturut panganggone, wernane basa bisa kaperang dadi loro, yaiku werna

basa lisan lan werna basa tulis. Werna basa lisan yaiku werna basa kang

digunakake kanthi cara guneman utawa pitutur, dene werna basa tulis yaiku werna

basa kang digunakake kanthi cara nulis. Miturut gunane, werna basa uga kaperang

Page 20: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

maneh dadi lima, yaiku (1) Ragam baku, (2) Ragam resmi, (3) Ragam usaha, (4)

Ragam santai, lan (5) Ragam akrab (Nababan, 1993:22).

Basir (2002:3) ngandharake yen basa iku minangka piranti kanggo

ngomongake apa sing dadi kekarepane, mula umume padha nganggo basa daerah.

Basa sing ana ing Indonesia pancen akeh banget jinise. Salah sawijining yaiku

basa Jawa. Basa Jawa akeh digawe dening masyarakat Jawa, mligine masyarakat

Jawa Timur lan Jawa Tengah. Saben wong iku nduweni ciri khas dhewe-dhewe

nalika ngomong, bab iku dibedakake miturut daerah asale. Mula pambedaning

wilayah utawa daerah, bisa mbedakake basane wong.

Miturut unggah-ungguhing basa Jawa sing dianggo ing masyarakat ana

telung ragam yaiku ngoko, madya, lan krama. Ragam ngoko yaiku basa sing

dianggo kanca marang kanca kang saumuran kanthi tujuwan supaya luwih akrab.

Basa madya yaiku basa sing kanggo ngurmati wong siji marang wong liyane

sanajan umure padha. Basa krama yaiku basa sing dianggo marang wong sing

umure luwih tuwa utawa drajate luwih dhuwur saka saka awake dhewe.

Panaliten kang ngrembug ngenani babagan basa kanthi kajiyan

sosiolinguistik iki wis tau dikaji karo Mahasiswa Jurusan Basa Jawa, ing antarane

yaiku: Ragam Bahasa Pedagang Sayur Di Pasar Bangun Sari Caruban (Ikhwan,

2004), Ragam Bahasa Berita Pojok Kampung Di JTV Surabaya (Iriana, 2005),

Ragam Bahasa Berita Pojok Kulonan Di JTV Surabaya (Dwiani, 2006), Alih

Kode lan Campur Kode Para Dosen Jurusan Pendidikan Basa Jawa ing Rapat

Formal (Amri, 2008), lan Ragam Basa Lan Panganggone Bocah Balita umur 3

nganti 5 Ing Surabaya (Sutarto, 2009). Lan panaliten iki banget anggone narik

kawigatene panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang ngrembug

Page 21: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

basane penyiar campursari ing acara tipi, mligine CTA ing TVRI Jawa Timur.

Panaliten iki beda karo panaliten-panaliten kang wis tau ditliti kayata ing dhuwur

amarga lumrahe panaliten ing dhuwur iku datane arupa swara, dene panaliten iki

datane arupa audio lan visual. Pancen saperangan ana kang datane arupa audio lan

visual kayata panaliten wernane basa ing “Pojok Kampung” lan “Pojok Kulonan”

ing JTV, ananging ing panaliten iki nduweni pamilihan tembung kang luwih narik

kawigatene panaliti.

Amarga panaliten iki njlentrehake wernane basa kang digunakake penyiar

Campursari Tambane Ati (CTA) ing TVRI Jawa Timur, mula data panaliten iki

dijupuk saka siaran adicara CTA ing TVRI Jawa Timur nalika tanggal 12 Juli

2008 lan 21 Pebruari 2009. Penyiar Campursari mau anggone njlentrehake apa

kang kepengin diandharake asring nggunakake werna basa uga wujud alih kode

lan campur kode, babagan iku mau kang dadi sumbering data ing sajroning

panaliten iki.

Kaya kang wis diandharake ing dhuwur, panaliten iki narik kawigatene

panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang sumbere jupuk saka

giyaran adicara campursari, mligine ing adicara Campursari Tambane Ati ing

TVRI Jawa Timur. Amarga saka iku, panaliten iki diwenehi judul “Basa Penyiar

TVRI Jawa Timur ing Adicara Campursari Tambane Ati”. Kanggo

nggampangake tulisan, mula ing sakbanjure irah-irahane “Campursari Tambane

Ati” bakal ditulis CTA.

Page 22: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

1.2 Punjering Panaliten

Kanthi landhesan alasan panaliten kang wus kasebut ing dhuwur, mula

perkara kang bakal dirembug ing panaliten iki diperang kaya ing ngisor iki:

(1) Warna basa apa wae kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur

ing adicara CTA?

(2) Kepriye wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA?

(3) Kepriye wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara

CTA?

1.3 Tujuan Panaliten

Kanthi lelandhesan alasan panaliten lan punjering panaliten kaya ing

dhuwur, mula panaliten iki nduweni tujuan:

(1) Ngandharake wernane basa kang digunaake dening penyiar TVRI Jawa

Timur ing adicara Campursari Tambane Ati.

(2) Ngandharake wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara

CTA.

(3) Ngandharake wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara

CTA.

1.4 Paedahing Panaliten

Asiling panaliten iki arupa andharan babagan wernane basa penyiar CTA

ing TVRI Jawa Timur minangka panyengkuyung ilmu Linguistik. saliyane iku,

mbok menawa panaliten iki bisa migunani kanggo mahasiswa ing Jurusan Basa

Jawa, uga piwulang Basa Jawi ing sekolah-sekolah mligine babagan basa.

Page 23: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Panaliten iki nduweni rong asipat, yaiku asipat teoritis lan praktis. Asipat

teoritis ing panaliten iki bisa menehi ilmu kang ana gegayutane karo ilmu

sosiolinguistik ing antarane ngenani wernane basa. Yenta asipat praktis yaiku

kaperangan dadi patang perangan yaiku (1) Kanggo studi sosiolinguistik,

minangka ilmu lan kajian ing wernane basa, (2) Kanggo dosen, asiling panaliten

iki bisa menehi saran kritik supaya luwih sampurna, (3) Kanggo mahasiswa,

panaliten iki bisa agawe wawasan marang mahasiswa supaya ningkatake mutu

basa, (4) Kanggo lembaga, panaliten iki bisaa menehi kritik kanggo

pengembangan lan pembinaan basa Jawa.

1.5 Wewatesing Panaliten

Sajroning panaliten iki, ana wates-watesing perkara kang ditliti. Anane

watesan iku amarga saka kurang rowane kawruh kang diduweni panaliti.

Wewatesan iku mau kaya kang kasebut ngisor iki:

a. Kang bakal dirembug ing panaliten iki babagan wernane basa penyiar TVRI

Jawa Timur ing adicara CTA.

b. Panaliten iki nyoba ngandharake wujude wernane basa, alih kode, lan campur

kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA.

c. Data (objek) ing panaliten iki arupa basa Jawa ngoko kang digunakake

pacaturan utawa guneman sabendinane.

Page 24: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BAB II

TINTINGAN KAPUSTAKAN

Panaliten iki klebu kajian Sosiolinguistik kang ngrembug ngenani wernane

basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Panaliten ngenani wernane basa pancen

wis akeh dikaji dening mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa),

ananging sanadyan ana bab kang padha uga akeh kang mbedakake panaliten iki

karo panaliten kang wis tau ditliti. Lumrahe panaliten ngenani wernane basa

datane arupa swara, dene panaliten iki sakliyane ana data swara uga ana data

visual. Pancen saperangan panaliten uga nduweni data arupa data visual, kayata

panaliten ngenani wernane basa “Pojok Kampung” lan “Pojok Kulonan” ing JTV,

ananging ing kene bedane uga akeh. Sakliyane ditemokake wujude werna basa,

ing panaliten iki pamilihan tembung kang digunakake uga banget narik

kawigatene panaliti, amarga ing kene sakliyane guneman karo pamirsane, panyiar

CTA uga gojekan karo sapadha penyiare, dadi basa kang digunakake luwih

maneka warna.

2.1 Masyarakat Basa

Ing sajrone urip, saben manungsa ora bisa uwal saka wong liya. Saben

pawongan nduweni sesambungan kang diarani interaksi. Bocah-bocah cilik kang

lagi dolanan, bocah sekolah kang lagi sinau, bocah nom-noman kang lagi

gegojegan, wong tuwa kang lagi rembugan, para kyai lan ulama kang lagi

Page 25: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

khutbah, kabeh ora bisa uwal saka basa. Mula saka iku basa dadi salah sawijining

babagan kang wigati ing sajroning masyarakat.

Apa ta kang diarani masyarakat? Masyarakat yaiku pawongan cacah akeh

kang nduweni rasa sabangsa, saketurunan, sapanggonan, utawa duweni kawigaten

kang padha. Dene kang diarani masyarakat basa yaiku sakumpulan pawongan

kang nggunakake basa padha (Chaer, 2007:59-60). Nanging ing kene isih akeh

pitakonan-pitakonan ngenani babagan kasebut, mligine babagan masyarakat basa

kang nganti saprene durung ana wangsulan kang bisa dadi pathokan.

Pateda (1987:4), ngandharake yen basa iku minangka piranti kang

digunakake kanggo guneman ing sajroning masyarakat. Perkara iki disebabake

amarga basa minangka salah sawijining piranti komunikasi. Dadi bisa dijupuk

dudutan yen basa iku minangka cara kang cocog kanggo guneman karo wong liya,

sanadyan basa iku ana kang awujud solah bawa.

Panemu liyane ana uga kang ngandharake yenta basa minangka piranti ing

masyarakat kang arupa tandha swara lan kasil saka lambe (Keraf, 1994:1).

Amarga masyarakat minangka wong kang nggunakake basa, mula basa saben dina

mesti ana owah-owahane. Perkara iki mratandhani yen basa nduweni ciri kang

manteb lan dinamis (Chaer, 1995:254).

Ana maneh panemune Basir (2002:19), kang ngandharake yen basa iku

piranti kang baku kanggo guneman ing masyarakat. Tegese yen basa iku wigati

banget kanggo guneman marang wong liya.

Basa ngrembaka bebarengan karo lakune alam pikir masyarakate. Ing awal

peradabane manungsa, bentuk komunikasi isih sederhana, nanging saiki

pasrawungan lan pergaulan bangsa siji karo bangsa liyane wis dadi tuntutan

Page 26: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

jaman. Aruh-aruh ora bisa owal saka interaksi sosial, wong kang luwih aktip ing

sajroning pasrawungan bakal nguwasani interaksi mau. Mula ora mokal yen basa

kang asring digawe bakal bisa ngrembaka lan basa kang arang digawe bakal ilang

ketindhes basa kang luwih asring keprungu. Lan mbok menawa babagan kasebut

terus kedadeyan, ilange utawa punahe salah sawijining basa wis bisa diramalake

(Pateda, 1987: 12).

2.2 Wernane Basa

Wernane basa dadi babagan kang baku ing sosiolinguistik. Kridalaksana

ing Chaer lan Agustina (1995:80) nyebutake menawa sosiolinguistik iku

minangka salah sawijining ilmu linguistik kang ngandharake tandha-tandha

wernane basa, lan netepake gegayutan tandha-tandha wernane basa iku karo

tandha-tandha sosial masyarakat.

Wernane basa ana rong pandhangan, (1) werna basa kasebabake amarga

anane keragaman sosial penutur lan keragaman fungsi basa iku dhewe, yenta

penutur basa kuwi kelompok sing beda-beda, merga etnis, status sosial lan

penggawean. (2) werna basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat,

Chaer (2004:81).

Wernane basa nduweni corak kang werna-werna amarga saben basa

nduweni paugeran dhewe-dhewe. Basa sing siji nduweni paugeran kang

mbedakake karo basa liyane amarga corak lan jinise pancen beda, mula saben

pawongan kang nggunakake basa kudu mangerteni paugeran basa siji lan sijine

supaya apa kang dikandhakake bisa dimangerteni wong kang dijak guneman

kanthi cetha.

Page 27: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Hartman lan Stork (1972) mbedhakake werna basa adedhasar (1) masalah

panggonan lan sosial penutur, (2) medium sing digawe, (3) bakune guneman.

Beda karo panemune Halliday (1970,1990) ing chaer (2004:81) kang mbedakake

ragam basa adedhasar (1) basa kang dianggo kasebut dialek, (2) basa kang

dianggo kasebut register. Semono uga panemune (Soepomo 1981) lan (Pateda

1987) ing Basir (2002:40) kang ngandharake yenta dialek munculake ragam basa

ana patang perangan, yaiku (1) merga umur sing padha, (2) pengalaman kanggo

ngadepi masalah, (3) status sosial, (4) merga ana tujuan kang bedha.

Miturut panemu ing dhuwur bisa dijupuk dudutan yenta werna basa saka

panggonan iku kasebut dialek regional, yenta saka wektu bisa ngasilake ragam

basa kang kasebut temporal, yenta di deleng saka penganggone bisa kasebut

idiolek.

Chaer (2004:82) uga ngandharake werna basa yen disawang saka penuture

bisa kaperang dadi papat yaiku: (1) idiolek, (2) dialek, (3) kronolek, lan (4)

sosiolek.

Idiolek yaiku ragam basa kang nduweni sipat perseorangan. Miturut

konsep idiolek, salah sawijining wong nduweni ragam basa utawa idiolek dhewe-

dhewe. Ragam iki ana gegayutane karo werna swara, pilihan tembung, gaya

bahasa, tata-tataning ukara, lsp. Nanging sing paling dominan yaiku warna swara,

dadi yen awake dhewe luwih akrab kanthi cekap ngrungokake swara tanpa

nyawang wonge, kabeh mau bisa dingerteni.

Dialek yaiku ragam basa saka cacah penuture relatif kang manggon ing

panggonan utawa daerah tartamtu. Dialek iki bisa diarani dialek areal, dialek

regional utawa dialek geografi merga adedhasar wilayah. Masyarakat penutur,

Page 28: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

sanajan nduweni idioleke dhewe-dhewe, nduweni ciri kang padha mratandhani

yen wong iku ana ing dialeke dhewe. Ing dialek iki padha ngertine antarane dialek

siji lan sijine kang nduweni sipat relatif, bisa saka gedhe, bisa cilik lan uga bisa

luwih cilik banget.

Kronolek utawa dialek temporal yaiku ragam basa sing dianggo saka

kelompok sosial ing wektu tartamtu. Tuladhane yaiku ragam basa Indonesia ing

taun telung puluhan, ragam sing dianggo taun seketan, lan ragam sing dianggo

masa kini sing mesti wae beda. Sing gawe pambedane yaiku saka segi lafal,

ejaan, morfologi lan uga sintaksis.

Sosiolek utawa dialek sosial yaiku ragam basa sing gegayutan karo status,

golongan, lan kelas sosial penutur. Ing sosiolinguistik biasane ragam sing paling

akeh anggone nganggo wektu, amarga ragam iki ana gegayutane karo babagan

pribadi penutur kayata umur, pendidikan, seks, penggawean, tingkat

kebangsawanan, lan kahanan ekonomi.

Umume werna basa pancen mung kaperang dadi rong werna, yaiku

adhedhasar daerah utawa tlatah, yaiku sing nuwuhake perangan kang aran dialek,

lan adhedhasar aspek sosial utawa sing nuwuhake perangan kang aran sosiolek

(Padmasusastra ing Adipitoyo, 1996:31). Dene werna sosial-e basa umume uga

kaperang dadi rong werna, yaiku basane sawijining kelompok utawa kang diarani

register, lan werna basa ing saben-saben pawongan kang aran idiolek utawa style.

Nanging Adipitoyo (1996:34) ngandharake menawa werna sosial-e basa Jawa

sabenere ora cukup yen mung kaperang kayadene ing ndhuwur mau. Anane

undha-usuk basa ing basa Jawa, kang weneh gegambaran krIdaning wong Jawa

Page 29: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

ngolah basa utawa kerep diarani unggah-ungguhe basa uga bisa klebu ing babagan

werna sosial.

2.3 Undha-usuk Basa

Miturut tata basa tradisional, jinising ukara kaperang dadi telu, nanging

uga ana kang njlentrehake yen jinising ukara kaperang dadi papat. Chaer

(1995:65-66) ngandharake menawa jinising ukara kaperang dadi telu, yaiku (1)

Ukara deklaratif, (2) Ukara interogatif, lan (3) Ukara imperatif. Nanging uga ana

kang nambahake siji maneh, yaiku ukara interjektif. Ukara deklaratif yaiku ukara

kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman nggatekake apa kang

diujarake, wong kang diajak guneman ora perlu nglakoni apa-apa amarga panutur

mung pengin apa sing dadi ujare digatekake. Ukara interogatif yaiku ukara kang

isine njaluk supaya wong kang diajak guneman menehi wangsulan kanthi cara

lesan, dadi wong kang diajak guneman ora mung cukup nggatekake nanging uga

kudu menehi wangsulan. Ukara inperatif yaiku ukara kang isine njaluk supaya

wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake panutur.

Ana kalane ukara deklaratif utawa ukara interogatif ora mung arupa

andharan utawa pitakon, ananging bisa uga dadi ukara kanggo ngongkon supaya

wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake. Tuladhane, si A lan si

B ana ing sajroning ruang kelas, si A ngrasakake hawa panas banjur kandha,

“Kelas iki saya suwe saya panas”, utawa kandha, “Awakmu ning kelas iki apa ora

ngrasakake panas?” Disawang saka wujud dhasare, ukara kang sepisan arupa

ukara deklaratif, nanging sabenere ukara iku mau dudu mung andharan kang kudu

digatekake, ananging uga ngemu teges supaya wong diajak guneman gelem

Page 30: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

nindakake apa kang dikarepake panutur (mbukak cendhela utawa nguripi kipas

angin). Ukara kapindho yen disawang saka wujud dhasare pancen arupa ukara

interogatif, ananging sabenere ora mung mbutuhake wangsulan “ya” utawa “ora”

saka wong kang diajak guneman, nanging ngemu teges supaya wong iku mau

mbukakake cendhela utawa nguripi kipas angin. Si A pancen bisa wae

nggunakake ukara imperatif, tuladhane, “B, bukaken cendhelane” utawa, “B,

uripana kipas angine”, nanging yen dideleng saka etika tutur, ukara deklaratif

utawa ukara interogatif iku mau luwih becik lan luwih trapsila tinimbang

nggunakake ukara imperatif.

Undha-usuk basa minangka gegambarane unggah-ungguh basa klebu

werna sosiale basa Jawa. Babagan iku dilandhesi anane kasunyatan, bab kang

paling nemtokake ing unggah-ungguh basa yaiku sambung rapete lan status

sosiale subjek (pawongan kang ngajak guneman, pawongan kang diajak guneman,

utawa pawongan kang dadi punjere guneman). Rakete utawa ora rakete pawongan

kang guneman nemtokake trapsilane basa kang digawe, semono uga status sosial

pawongan kang lagi guneman.

Sugeng Adipitoyo (1996:35) ngandharake menawa unggah-ungguh basa

Jawa kang isih lumaku nganti seprene asale saka warisane jaman jaya-jayane

kraton Mataram. Minangka werna sosiale basa Jawa, undha-usuke bisa dicathet

adhedhasar krIda olahe basa (unggah-ungguhe basa) kang dumadi ing masyarakat

saben-saben wektu.

Undha-usuk kang digunakake dening sawijining masyarakat nggambarake

budhaya lan pamikire masyarakat iku dhewe. Undha-usuk basa iku tetep

digunakake amarga pirang-pirang perkara, yaiku anane pepenginan ngajeni

Page 31: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

marang wong liya, anane kesenian tradisional, pers basa Jawa, lan adicara utawa

upacara tradisional (Murdiyanto, 2000:216).

Gegayutan karo undha-usuk, basa Jawa diperang dadi loro, yaiku krama

katujokake para ngaluhur, lan ngoko katujokake marang wong asor. Nanging

sabenere, ing tengah-tengahe kekarone mau isih ana maneh yaiku tingkatan

madya. Uhlenbeck ing Chaer (1995:52-53) salah sawijining pakar basa Jawa,

milah wernane basa Jawa dadi telu, yaiku krama, madya, lan ngoko. Sabanjure

saben-saben perangan iku isih diperang maneh dadi mudakrama, kramantara, lan

wreda krama, madyangoko, madyantara, lan madyakrama, ngoko sopan lan ngoko

andhap.

Basa krama lumrahe digunakake dening wong enom marang wong tuwa,

lan basa ngoko digunakake dening wong tuwa marang wong enom, sanadyan

kasunyatane akeh wong tuwa kang basa marang wong enom lan suwalike. Dene

basa madya lumrahe digunakake dening pawongan kang guneman karo wong

kang saumurane. Dene Murdiyanto (2000:216) milah undha usuke basa dadi

patang perangan, yaiku:

a. Ngoko

Tembung-tembung ngoko minangka dhasar saka sakabehe wernane basa

Jawa. Tembung saka basa ngoko luwih akeh tinimbang tingkat basa liyane, dadi

tembung-tembung saka basa ngoko iku tetep digunakake menawa tembung iku

mau ora ana padhanane ing tingkat krama, madya lan krama inggil. Tembung-

tembung kasar uga klebu ing tembung ngoko.

Page 32: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

b. Krama

Tembung-tembung ing basa krama kaperang dadi loro, yaiku tembung

krama kang beda karo ngokone utawa wis owah (tuladha: omah dadi griya, aku

dadi kula, turu dadi tilem), lan tembung krama kang kanthi fonemis isih ana

gegayutane karo ngoko-ne (tuladha: ganti dadi gantos, dina dadi dinten, kayu dadi

kajeng).

c. Madya

Tembung-tembung madya cacahe ora sepira akeh, tembung madya mapan

ing antarane tembung ngoko lan tembung krama.

d. Krama Inggil

Tembung-tembung krama inggil digunakake kanggo nuduhake rasa

ngajeni marang wong kang diajak guneman. Krama inggil bisa diperang dadi loro,

yaiku tembung-tembung kang digunakake kanggo nduwurake ajine wong kang

dikarepake (krama inggil), lan tembung-tembung kang digunakake kanggo

ngajeni wong kang dikarepake kanthi ngasorake awake dhewe (krama andhap).

2.4 Dwibasa

Dwibasa bisa ditegesi perkara kang ana gegayutane karo penganggone

rong basa utawa rong kode basa (Chaer 2004:84). Kanthi cara sosiolinguistik,

bilingualisme penutur bisa nganggo rong basa utawa luwih kanthi cara gantian

(Mackey 1962:12, Fisman 1975:73) ing Chaer (2004:84). Beda maneh karo

panemune Nababan (1993:27), kang ngandharake bilingualisme minangka

kabiasaan wong kang nggunakake rong basa nalika interaksi karo wong liya.

Page 33: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Dadi, yen ana wong guneman nganggo rong basa, negesake yen wong iku wis

nganggo dwibasa (bilingualisme).

Dwibasa uga kaperang dadi lima yaiku (1) tingkat dwibasa, (2) fungsi

dwibasa, (3) proses alih dwibasa, (4) model interferensi, (5) sipat dwibasa

(Mackey, 1967) ing Basir (2002:23).

Ana ing masyarakat bilingual mesti ana kontak basa antarane basa siji ing

basa liya. Kahanan kang kaya mangkene iki nyebabake gegayutan kang kuwat.

Tegese, wong ora bakal mung nganggo basa siji ing pasrawungan amarga ing

masyarakat iku akeh wong kang saka daerah liya. Perkara iki bisa nyebabake

tandha-tandha ing studi sosiolinguistik kang kasebut tandhaning alih kode lan

campur kode.

Chaer (2004:114) ngandharake yenta alih kode lan campur kode iku

nduweni bab sing padha yaiku basa siji lan sijine sing dianggo bisa kacampur basa

liyane ing sajroning masyarakat tutur. Dadi bisa kadudut yenta ana wong omong-

omongan nganggo basa Jawa dicampur basa liya, kedadean iku bisa diarani alih

kode lan campur kode

2.5 Alih Kode

Kode yaiku kedadeyan antarane penutur lan mitra tutur. Kedadeyan kode

iki kudu padha-padha ngertine antarane panutur (wong kang kapisan) lan mitra

tutur (wong kapindho), dadi antarane siji lan sijine supaya bisa nindakake apa

kang samestine ditindakake. Kode iku dhewe nduweni gegayutane karo ragam,

tegese wong menehi kode marang wong liyane ana gegayutane karo cepete swara,

swara kang banter, Pateda (1987:83).

Page 34: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Owah-owahan saka basa siji menyang basa liyane diarani alih kode.

Dhasare, alih kode iku kedaden amarga anane sawijining kepentingan utawa

kahanan batine panutur kang owah (Kartomiharjo, 1988:33). Bab kasebut dijalari

merga anane tuntutan kahanan. Tuladhane, wektu guneman karo kanca padha

suku Jawa, sawijining pawongan micara nggunakake basa Jawa, amarga katekan

kanca liya kang ora wasis guneman nganggo basa Jawa, pawongan mau ngowahi

gunemane nganggo basa Indonesia supaya kancane mau bisa ngerti kang

dikarepake.

Panemu liyane (Apple, 1976:99) ing Basir (2002:61) diandharake yen alih

kode minangka kedadeyan pindhahing kode siji ing kode liyane. Penutur basa ing

masyarakat iki ora mungkin nganggo siji basa kanthi bener. Penutur ing

masyarakat iki mesti uga akeh kang ngebokake basa liyane. Apple (1976:79) ing

Chaer (1995:141) uga ngandharake alih kode kanthi “tandha-tandha pindhahing

basa amarga owahing kahanan”. Upamane, pindhahe basa Jawa ing basa

Indonesia, yen ana penutur lan mitra tuture lagi guneman nganggo basa Jawa,

dumadakan katekan wong liya kang ora ngerti basa Jawa. Mula kanthi rasa sosial,

wong iku kudu ngganti basane saka Jawa ing Indonesia. Tekane wong liya mau

kang diarani owahing kahanan utawa situasi. Amarga saka iku, alih kode iki

nduweni fungsi kang karan fungsi sosial.

Saka panemu-panemu ahli sosiolinguistik kang wus kasebut ing dhuwur,

mula alih kode yaiku kedadeyan ing guneman kang ngandharake ngenani

pindhahing basa saka basa siji ing basa liyane.

Soewito ing Chaer (2004:114) merang alih kode dadi loro, yaiku alih kode

intern lan alih kode ektern. Tegese alih kode intern yaiku alih kode kang kadaden

Page 35: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

ing basane dhewe, kayata basa Indonesia ing Jawa utawa suwalike. banjur alih

kode ektern kadaden ing basane dhewe ing basa asing. Beda karo panemune

Rahardi (2001:76) kang merang alih kode dadi limang werna, yaiku: (1) kode

basa Jawa, (2) Kode basa Indonesia, (3) Kode basa asing, (4) kode tingkat tutur,

(5) kode wujud ragam. Kode-kode kang kaya mangkono iku kang pungkasane

dadi punjering analis ing alih kode.

Menawa digoleki jalarane alih kode, akeh panulis kang ngandharake

kanthi cara kang beda-beda. Chaer lan Agustina (1995:143) ngandharake jalarane

alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman, (2) pamiyarsa utawa

pawongan kang diajak guneman, (3) owahe kahanan amarga tekane pawongan

katelu, (4) owahe guneman saka bab resmi menyang babagan kang ora resmi

utawa sakwalike, (5) owahe topik guneman.

Pakar liyane, Suwito (1985:73) ngandharake babagan kang njalari alih

kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman (O1), (2) pawongan kang diajak

guneman (O2), (3) tekane pawongan katelu (O3), (4) bakune guneman (topik), (5)

kanggo gawe lelucon, (6) kanggo gengsi.

Poedjasoedarmo lan Sobarna ngandharake, yenta alih kode uga nduweni

rong ciri yaiku (1) sakabehing basa iku nduweni paedahi yaiku piranti kanggo

guneman miturut tujuwane. (2) fungsi basa padhakna karo kahanan sing relevan.

Ing perangan liya, Basir njlentrehake yen alih kode uga nduweni 2 sipat, yaiku (1)

alih kode permanen, (2) alih kode sawetara. Alih kode permanen yaiku wujud alih

kode sing nduweni sipat kang tetep, yaiku wong guneman kanthi ora ngowahi apa

sing digunemake marang wong liyan. Yenta alih kode sawetara yaiku awujud alih

kode sing nduweni sipat kang ora tetep (ing Basir, 2002:61).

Page 36: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Ana maneh kaya kang diandharake Poedjasoedarma (1979:38-58) ngenani

babagan kang njalari anane alih kode ana 15, yaiku: (1) kanggo mbenerake ukara

liya, (2) guneman ora langsung, (3) owahe status, (4) amarga ora mumpuni

marang sawijining basa (kode), (5) amarga ukara kang luwih dhisik, (6) kahanan

nalikane guneman, (7) ora bisa nguwasani awake dhewe, (8) anane pengaruh saka

babagan kang dadi punjere guneman, (9) anane pawongan katelu, (10) pepenginan

golek panggonan kanggo awake dhewe, (11) nduweni karep menehi wewarah

marang pawongan kang diajak guneman, (12) ing sajroning pawiyatan utawa

pasinaon, (13) nalika nganakake sandiwara, (14) pengaruh subasita, lan (15)

pengaruh saka karep kang beda-beda.

2.6 Campur Kode

Jroning guneman, kanggo njlentrehake apa kang dikarepake kudu nggawe

ukara kang cetha lan gampang dingerteni. Mulane, ana kalane kanggo

njlentrehake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya utawa variasi-

ne supaya karepe bisa dingerteni. Kang kaya mangkono iku diarani campur kode.

Kachru lan Thelander ngandharake menawa campur kode yaiku panganggone

rong basa utawa luwih kang digunakake kanthi cara nglebokake unsur basa siji

ing basa liyane ing sajrone klausa sing padha (ing Basir, 2002:64).

Ing masyarakat, campur kode iki wis biasa digunakake dening masyarakat.

Nalika salah sawijining pawongan lagi omong-omongan nganggo basa Indonesia,

kanthi ora sadar ana tembung basa jawa sing digunakake utawa dilebokake.

Semono uga suwalike, dadi bisa kadudut yenta campur kode iku nganggo basa siji

Page 37: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

lan basa liyane kang nduweni ancas yaiku gawe kahanan supaya dadi santai lan

lumaku tanpa beban.

Nalika guneman karo wong liya, ana kalane bakune guneman ngambrak

teka ngendi-endi. Supaya omongan dadi bener, ana kalane kudu njupuk unsur

basa saka basa liya. Kadadeyan iki diarani campur kode (Basir, 2002:60). Saka

panemu iki, bisa kadudut yen campur kode minangka kedadean rong basa kang

dianggo dadi siji supaya bisa luwih gampang dimangerteni apa kang pengin

diandharake.

Para ahli sosiolinguistik nduweni panemu sing beda-beda, mula saka iku

Chaer (1995:151) menehi wewatesan marang campur kode, yaiku panganggone

rong basa kang ing njerone ana rong kode dhasar kang digawe ing guneman.

Titikan kang katon ing campur kode yaiku kesantaian utawa kahanan informal,

nanging ing situasi formal uga ana panggonan kanggo campur kode sanajan mung

sethithik. Campur kode ing situasi kaya mangkono iku disebabake ora anane

tetembungan utawa ukara kang katon ing basa sing digawe iku, mula kudu

nganggo ukara saka basa liya utawa basa asing (Nababan, 1993:32)

Kedadean campur kode iku disebabake merga ana patang perangan, yaiku

(1) cekaking tembung, (2) merga ana gegayutane saka wong keloro, (3) kurang

ngerteni kodene basa kang digawe, (4) merga ana gegayutane karo prestis (Basir,

2002:65).

Campur kode basa iku bisa nyebabake guneman dadi komunikatif. Tegese,

apa wae kang diucapake penutur bisa katampa dening mitrane. Campur kode, ora

mung kena daya (pengaruh) saka basa-basa kang wus umum, nanging uga

pengaruh saka dialek. Minangka tuladhane, menawa penutur nganggo basa

Page 38: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Indonesia akeh sing dicampur karo basa daerahe, mula bisa diarani yen wong iku

wus nindakake campur kode.

Dene campur kode uga nduweni karep utawa tujuwan. Basir (2002:64)

ngandharake yen campur kode iku nduweni tujuwan ing antarane, (1) Pengin

nduduhake unsur prestise utawa nduduhake minangka wong kang kawruhe

dhuwur, (2) nduduhake yen panutur iku pinter ing babagan basa.

Campur kode bisa nduweni asipat negatif lan bisa uga asipat positif. Ing

kene campur kode negatif lan lan campur kode positif mau padha-padha

kedadeyan saka ketemune rong basa utawa luwih kang digunakake dadi siji,

tegese kalorone mau dumadi amarga panganggone basa siji ing basa liyane.

Ananging kalorone mau uga isih bisa dibedakake. Kaya ing panaliten iki kang

bakal mbedakake antarane campur kode negatif lan lan campur kode positif.

2.7 Landhesan Teori

Akehe panemu ing dhuwur ora bakal digunakake kabeh ing panaliten iki.

Kanggo nganalisis ragam basa, panaliten iki nganggo teorine Chaer (2004) kang

ngandharake yen wernane basa utawa ragam basa ana rong pandhangan, (1) werna

basa utawa ragam basa kang disebabake amarga ana keragaman sosial penutur lan

keragaman paedah basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing beda-

beda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa utawa ragam basa

kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat.

Page 39: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Kanggo nganalisis alih kode, panaliten iki nganggo teorine Basir

(2002:61) kang ngandharake yen alih kode iku ora mung owahing basa siji ing

basa liyane, nanging uga amarga saka varian antar ragam, antar dialek, lan uga

antar basa.

Dene campur kode ing panaliten iki uga gawe teorine Basir (2002:64)

kang ngandharake yenta campur kode yen disawang saka nilai aspek (kontribusi),

kaperang dadi 2 yaiku (1) campur kode positif, (2) campur kode negatif.

Page 40: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BAB III

METODE PANALITEN

Metode panaliten mujudake perangan sing wigati ing sajrone panaliten.

Mula saka iku, kasil orane panaliten gumantung saka trep lan orane tata cara

utawa metode kang digunakake. Diarani wigati amarga tata cara panaliten iku

minangka piranti kang wus dipilih panulis kanggo panaliten supaya asiling

panaliten mau bisa ditanggung jawabake.

Paedah nggunakake tata cara panaliten yaiku supaya bisa ngendhani anane

tumindak sing rada nyimpang, dadi data-data sing diolehi objektif lan bisa

dipertanggung jawabake.

3.1 Sipating Panaliten

Panaliten iki kagolong panaliten linguistik asipat deskriptif. Titikane

nggunakake teori dhasar, konsep dhasar, modhel uga ancangan panaliten bab basa

kaya umume (Kridalaksana, 1984:118). Kanggo ngandharake data sing diolehi,

panaliti nggunakake tata cara deskriptif kualitatif kanggo nggambarake wernane

basa ing CTA. Tata cara deskriptif digunakake kanggo nggambarake ngenani

sawijining kahanan ing sawijining wektu.

Metode deskriptif kualitatif yaiku panaliten kang mung adhedhasar

kasunyatan-kasunyatan kang kanthi empiris tuwuh lan kedadeyan saka sumbering

omongan utawa penutur (Sudaryanto, 1993:62). Metode iki nduweni telung

paedah, antarane (1) metode iki gampang yen adhep-adhepan karo kasunyatan

Page 41: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

ganda, (2) metode iki ngandharke kanthi langsung antarane peneliti karo

responden, (3) metode bisa cepet adaptasi karo pangaruh sing kuwat lan pola-

pola nilai kang diadhepi.

Panaliten iki ora munjerake marang angka-angka. Ana ing panaliten iki

cukup nggunakake tata cara (metode) kualitatif utawa prosedur penaliten kang

ngasilake data deskriptif arupa tembung-tembung kang katulis utawa unen-unen

saka sumber. Nida (1949) ing Alwasilah (1985:116) ngandharake yen panaliten

deskriptif uga asipat (1) basa kang dienggo data yaiku basa kang diucapake dening

wong kang guneman, (2) ngutamakake wujud basa kang dienggo ing panaliten,

banjur sapa sing nggunakake dianggep nomer loro, (3) perangane basa ora bisa

diandharake kanthi trep tanpa ndulu ing perangan liyane, (4) basa tansah owah

gingsir. Panaliten iki uga asipat tus, ateges mung winates ing aspek basa kang

ditliti tanpa nggatekake faktor njabane basa, kaya dene kejiwaan, sosial, daerah,

uga liya-liyane (tandingna Alwasilah, 1985:116).

3.2 Data lan Objek Panaliten

Saben-saben panaliten mesthi nduweni objek lan subjek panaliten. Semono

uga ing panaliten werna basa, alih kode lan campur kode iki. Sing dadi subjek

utama panaliten yaiku panaliti. Panaliti ing panaliten iki diarani minangka subjek

panaliten, merga panaliti sing nindakake urut-urutane panaliten, wiwit

nglumpukake data, milah-milah, nganti merang data miturut punjering panaliten.

Sabubare data sing dikarepake kasil dikumpulake, panaliti banjur ngandharake

data sing sak banjure dijlentrehake minangka lapuran utawa asil akhir (skripsi).

Page 42: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

3.3 Sumbering Data

Ing saben-saben panaliten, sumber data dadi salah sawijining perangan

kang baku. Antarane panaliten lan sumber data nduweni gegayutan kang kuwat.

Tegese, saben panaliten iku mesthi mbutuhake sumber data, panaliten iku ora

bakal kalaksanan yen ora ana sumber datane. Sabanjure sumber data ora bakal ana

yen panaliti ora golek infomasi utawa katerangan.

Saka andharan ing ndhuwur, sing diarani sumber data yaiku subjek saka

ngendi data diolehi. Yen panaliti nganggo kuesioner utawa wawancara nalika

nglumpukake data, mula sumber datane diarani responden utawa wong kang

njawab pitakonan utawa menehi data, becik ing tulis uga pangucapan (Arikunto,

2002:107). Semono uga yen panaliti nggunakake teknik observasi utawa

pangematan. Panaliti kudu gelem mudhun ing lapangan kanggo golek data.

Menawa panaliti milih teknik dokumentasi, panaliti wis samesthine nduweni

dokumen-dokumen sing gegayutan karo panaliten sing dianakake.

Saka panemu ing ndhuwur, mula sumber data ing panaliten iki kajupuk

saka materi sing arupa tembung, ukara lan istilah. Sumber-sumber data sing wus

kasebut iku kajupuk saka dokumentasi rekaman siaran CTA ing TVRI Jawa

Timur tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009.

3.4 Piranti Panaliten

Sadurunge nindakake panaliten, bab sing kudu digatekake yaiku ngenani

instrumen utawa piranti sing dibutuhake ing sajrone panaliten. Instrumen ing

panaliten iki uga nduweni paedah sing wigati banget. Instrumen iku minangka

alat utawa piranti kanggo njupuk data panaliten. Miturut Arikunto (2002:126),

Page 43: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

instrumen minangka pirantining panaliten supaya tata cara sing digunakake cocog

lan gathuk. Instrumen ing kene bisa kanggo nggampangake panaliti anggone

nglumpukake data-data sing diprelokake ing panaliten.

Instrumen utawa piranti sing digunakake ing panaliten iki yaiku: Panaliti

minangka instrument utama, CD rekaman CTA, laptop utawa VCD player,

cathetan, lan buku-buku ngenani linguistik, mligine sosiolinguistik lan buku-buku

liyane sing bisa kanggo nyengkuyung panaliten.

3.5 Metode lan Teknik Panaliten

Panaliten iki nggunakake telung cara panaliten, yaiku (1) carane

ngumpulake data, (2) carane ngolah data, (3) carane nyajekake olahan data. Saben

cara iku nduweni metode lan teknik dhewe-dhewe. Babagan metode lan teknik

panaliten bakal diandharake kaya mangkene.

3.5.1 Tata Cara Panglumpuke Data

Tata Cara kang dienggo kanggo ngumpulake data kanggo panaliten yaiku

nggunakake metode simak lan metode cakap (Sudaryanto, 1986:62 lan 1988:9).

Metode simak yaiku nyemak sakabehing basa kang digunakake dening wong kang

guneman. Metode cakap yaiku wawancara antarane panaliti karo nara sumber.

Metode simak dilaksanakake kanthi teknik sadap, simak libat cakap,

simak bebas libat cakap, sarta catat.

a. Teknik Sadap

Teknik sadap yaiku nyemak kang diwujudake nampa sakabehing tuturan.

Teknik sadap minangka teknik kanggo ngolehake data kanthi cara nyadap

Page 44: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

gunemane wong-wong kang dadi sumbering panaliten (Sudaryanto, 1993:133).

Teknik iki nduweni gegayutan karo teknik simak. Nalika panaliti lagi nyemak,

teknik sadap nduweni peran penting yaiku sadap gunemane wong. Sadap data

kang arupa lisan biasane kanggo njupuk data panaliten wong sing lagi omong-

omongan utawa cecaturan. Dene sadap kang rupa tulis biasane kanggo njupuk

data panaliten basa tulis, upamane nasakah lawas utawa kuna. Saka sadapan lisan

lan tulis iki, mula panaliten iki nganggo cara sadap kanthi lisan.

Mahsun (2005:94) ngandharake yen ing panaliten basa, becik ing bidang

linguistik teoretis utawa interdisipliner, metode simak nduweni fungsi kang

penting kanggo ngecek maneh basane wong kang dadi data panaliten. Wus akeh

ing panaliten basa, upamane bidang dialektologi, amarga alasan tartamtu upamane

isin amarga basane ora standar utawa baku banjur informan mau ngomong

nganggo basa kang standar. Kanggo ngatasi perkara iki, mula panaliti bisa nyadap

basa iku tanpa ana kang weruh.

b. Teknik Simak Libat Cakap

Teknik simak libat cakap yaiku nyemak lan melu marang cecaturan.

Teknik simak yaiku peneliti minangka instrumen kunci kudu nyimak kanthi

langsung lan tliti saka data kang arep ditliti. Mahsun (2005:92) ngandharake yenta

diarani metode simak amarga cara kang digunakake kanggo ngolehake data,

kalakon kanthi nyemak basa kang wus diomongke. Sabanjure data kang diolehi

kanthi cara teknik simak libat cakap yaiku data lisan kang dituturake informan.

c. Teknik Simak Bebas Libat Cakap

Teknik simak bebas libat cakap yaiku nyemak tanpa melu ing cecaturan.

Metode iki nduweni teknik dasar sadap, kang tegese kanggo ngolehke data,

Page 45: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

panaliti kudu nyadap basane wong iku utawa wong-wong kang dadi informan.

Dadi ing kene bisa kadudut yenta basa kang kasadap iku bisa basa lisan uga bisa

basa tulis.

d. Teknik Cathet

Teknik catat yaiku nyathet sakabehing tuturan nganggo alat tulis banjur

ditulis nggunakake lambang basa utawa aksara. Mahsun (2005:93) ngandharake

yen teknik cathet yaiku teknik nyathet data-data kang penting. Teknik cathet ing

panaliten iki ditulis ing kartu data sabanjure kabentuk klasifikasi. Yen panaliti ora

bisa nyathet, panaliti bisa nganggo teknik rekam. Teknik rekam minangka alat

kanggo nglumpukake data kanthi cara ngrekam. Ing proses rekam iki, tape

recorder, handphone, MP4, CD, lan alat-alat perekam liyane nduweni peran kang

penting kanggo nyimpen data panaliten. Mula, teknik iki bisa kadaden yen basa

kang ditliti minangka basa lisan kang dituturke dening informan.

Saka teknik-teknik kang wis diandharake ing dhuwur, teknik kang

digunakake ing panaliten iki yaiku teknik simak bebas libat cakap lan teknik

cathet. Teknik simak bebas libat cakap digunakake amarga ing kene panaliti mung

nyimak apa kang dadi gunemane penyiar CTA tanpa melu rerembugan. Apa kang

dikandhakake penyiar CTA mau wis karekam ing bentuk VCD kang sabanjure

panaliti nulisake sakabehe apa kang dadi gunemane penyiar CTA mau

nggunakake teknik cathet.

3.5.2 Tata Cara Olah Data

Panaliten iki ngliwati proses kanthi cara kang beda-beda saben tingkatane

utawa tahape. Tahap-tahape yaiku:

Page 46: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

a. Tahap kang sepisanan

Ing tahap sepisanan iki kang kudu dilakoni yaiku, (1) konsultasi, minangka

pengajuan lan penetapan irah-irahane panaliten marang dosen pembimbing, (2)

gawe proposal kanggo menehi gegambaran ngenani obyek kang bakal ditliti,

klebu bab I, bab II, lan bab III kang sabanjure di ajukake marang dosen

pembimbing kanggo panduan panaliten sateruse.

b. Tahap pelaksanaan

Ing tahap pelaksanaan iki kang dilakoni yaiku, (1) nglumpukake data,

kanthi cara golek data saka maneka werna sumber kang didadekake dhasar

panaliten, (2) analisis data, yaiku ngolah lan nganalisis data kang wis

dikumpulake lan disusun miturut permasalahan kang bakal dirembug, (3)

penafsiran asiling analisis, babagan iki dilakoni kanggo nggoleki wangsulan

tumrap masalah panaliten kang trep karo tujuwan kang dikarepake.

Kanggo nggampangake nalikane panaliten, mula panaliti mbage tahapan-

tahapane panaliten dadi pirang-pirang perangan, ing antarane:

1. Nglumpukke data sing dibutuhake, paneliti ing tahap iki nglumpukke data

saka rekaman CTA ing TVRI Jawa Timur.

2. Nyeleksi sakabehe data, ing kene panaliti nyeleksi sakabehe data ngenani

tembung lan ukara sing digunakake dening penyiar CTA.

3. Klasifikasi data, tujuwane kanggo merang-merang data. Data kang wus

nglumpuk dilumpukake kanthi dhasar masalah-masalah panaliten, yaiku

werna basa, alih kode, campur kode lan pamilihe tembung.

Page 47: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

4. Ngandharake data, sakwuse diklasifikasi lan diperang-perang adhedhasar

masalah sing cocog, tahap sabanjure yaiku ngandharake data.

Ngandharake data nduweni paedah kanggo mangsuli masalah ing

panaliten iki.

c. Tahap kang pungkasan

Tahap kang pungkasan saka panaliten iki yaiku mungkasi panaliten, kanthi

cara, (1) nyusun asiling analisis kang wis direvisi dening dosen pembimbing, (2)

Nggandhakake skipsi kanggo ujian, (3) Skripsi siap diuji dening dosen kang

nduweni wewenang.

3.5.3 Penyajian Analisis Data

Sudaryanto (1993:145) ngandharake yen asiling analisis data informal

yaiku analisis data kang nganggo tembung-tembung biasa minangka asiling

wedharan saka metode penyajian informal. Dadi, asil analisis kang bakal

disajekake nganggo klasifikasi kanthi cara menehi kode-kode data kang dianggep

alih kode lan campur kode.

Page 48: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BAB IV

PRATELAN ASILING PANALITEN

Ana ing bab iki, bakal diandharake asiling panaliten ngenani wernane basa

penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Andharan ing panaliten iki ngenani wernane

basa, alih kode lan campur kode.

Wernane basa nduweni jinis lan corak kang werna-werna. Saben-saben

werna nduweni titikan dhewe-dhewe. Werna basa sing siji nduweni titikan

tartamtu kang mbedakake karo werna basa liyane. Basa kang digunakake dening

penyiar CTA TVRI Jawa Timur mujudake werna basa, amarga nduweni titikan

tartamtu.

4.1 Wernane Basa

Saka data kang kajupuk saka giyaran adicara CTA TVRI Jawa Timur ing

tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009 ditemokake anane ragam basa kang

maneka warna, ing antarane (1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek

Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna basa Jawa - Arab, lan (5) werna

basa Jawa - Indonesia.

4.1.1 Werna Basa Ngoko

Werna basa ngoko yaiku werna basa kang umum digunakake kanggo

omong-omongan ing lingkungan masyarakat Jawa mligine masyarakat Jawa

Page 49: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Tengah lan Jawa Timur. Werna basa ngoko digawe merga dianggep pantes

kanggo guneman ing antarane wong sapantaran.

Werna basa ngoko iku digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa

Timur, bab iku kabukten kaya ing tuladha ngisor iki.

(1) CP : Iku wong gendheng, cepet minggira, minggira!

„Itu orang gila, cepat pergi, pergi!‟

CT : He! Surat gadhen!

„He! Surat gaden!‟

CP : E… Surat gaden. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora!

„E… Surat gaden. He! Berani apa tidak sama aku, berani apa

tidak!‟

CT : Engko ndang kok sunduk temen

„Nanti kamu tusuk beneran‟

(DL 1, PT 2, H 60)

(2) CP : Lha, wis apik ngono wis!

„Lha, sudah bagus begitu!‟

CT : Kaya nyokot tikus!

„Seperti menggigit tikus!‟

CP : Sik ndeloke, ndeloke sik!

„Sebentar tak lihate, tak lihate sebentar!‟

(DL 1, PT 2, H 60)

(3) CP : Ya wis kono Bus sakarepmu!

„Ya sudah terserah Bus, terserah kamu!‟

CT : Aku mau

„Saya tadi‟

CP : Renea tak thuthuk watu

„Kesini kuhantam batu‟

CT : Watu kenek gawe tambane untu

„Batu bisa buat obat sakit gigi‟

MI : Untune metu

„Giginya keluar‟

(DT 1, PT 13, H 71)

Page 50: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Data (1) ngati (3) ing dhuwur mbuktekake anane werna basa ngoko kang

digunakake dening penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Werna basa ngoko iki

klebu werna basa kang paling asring digunakake kanggo guneman karo sapadha

penyiare, yaiku antarane cak Pendik, cak Trubus, lan mbak Ida.

4.1.2 Werna Basa Dialek Surabayan

Basa ngoko kang digunakake ing kene sebenere isih bisa kaperang maneh

amarga anane dialek. Dialek kang digunakake ing kene yaiku dialek Surabayan.

Bab iku bisa disawang saka tuladha ing ngisor iki.

(4) CT : Encene, mungguh anakku ya, anakku mungguh gak mlebu

sekolah temen tak kongkon rabi ae

„Memang, seandainya anakku, seandainya anakku tidak masuk

sekolah tak suruh kawin saja‟

CP : Ya aja ta, areke durung cukup umur, Bus!

„Ya jangan lah, anaknya belum cukup umur, Bus!‟

CT : Wis karuan!

„Sudah jelas!‟

CP : Koen kate rabekna karo sapa?

„Mau kamu kawinkan sama siapa?‟

CT : Lha iku, sing lemu iku! Karuan

„Lha itu, yang gendut itu! Jelas‟

(DL 1, PT 4, H 61)

(5) CT : Ya nggone lemah iku nang njero desa. Lemah, gelem dinggoni

omah

„Ya tempatnya tanah itu di dalam desa. Tanah, Mau ditempati

rumah‟

CP : Ooo....

CT : Iku lemah

„Itu tanah‟

CP : Lemah

„Tanah‟

CT : Iya

„Iya‟

Page 51: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Onok sing ngarani bumi

„Ada yang menyebutnya bumi‟

CT : Lha bumi

„Lha bumi‟

CP : Nggone nok endi?

„Tempatnya dimana?‟

CT : Tegalan

„Kebun‟

CP : Lho kok isa

„Lho kok bisa‟

CT : Diencepi tebu mesthi semi

„Ditanami tebu pasti tumbuh‟

(DL 1, PT 7, H 63)

(6) CT : Gak ngono kari awakmu, gak ngono kari gelem ngijini ta gak

ngono ae wis

„tidak seperti itu sekarang tinggal kamu, tidak begitu tinggal

member ijin apa tidak gitu aja.‟

MI : Apane iku?

„Apanya?‟

CT : Ya masalah watu

„Ya masalah batu‟

MI : Aku iku sing eman mik siji

„Saya ini yang khawatir cuma satu‟

CP : Apa? Koen iku kate lapo sih? Kate lapo sih?

„Apa? Kamu mau apa sih? Mau apa sih?

CT : Iki lho tak uber-uber!

„Ini lho tak kejar-kejar!‟

CP : Apaa? Bojomu koen goleki lapo?

„Kenapa? Istrimu kamu cari kenapa?

CT : Anakku kan oleh rejeki gedhe!

„Anakku baru saja dapat rejeki besar‟

CP : O… Critane ya apa critane?

„O… Ceritanya bagaimana?

(DL 1, PT 10, H 65)

Saka data (4) nganti (6) ing dhuwur bisa disawang anane werna basa Jawa

dialek Surabayan kang digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur. Ing

kene werna basa Jawa dialek Surabayan mau bisa disawang saka anane tembung

“onok”, “nok”, “koen”, “lapo”, “ya apa”, “gak”, lan “kate”. Bab iku kedadeyan

Page 52: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

amarga penyiar CTA ing saben dinane uga nggunakake basa Jawa dialek

Surabayan, dadi dialek iku mau isih kerep digunakake nalika giyaran nganggo

basa Jawa umume, ananging dialek Surabayan kang digunakake penyiar CTA iku

mau sabenere uga isih klebu ing werna basa ngoko.

4.1.3 Werna Basa Krama

Werna basa krama digunakake kanggo ngajeni marang wong kang diajak

guneman. Werna basa iki uga digunakake dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur.

Bab iku bisa disawang saka data kang wis ana ing lampiran.

(7) CP : Sami sehat sedaya?

„Sehat semua?‟

PC : Nggiih…!!

„Iya…!!‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(8) CP : Dos pundi dulur-dulur sehat nggih?

„Bagaimana saudara-saudara sehat ya?‟

PC : Nggih…

„Ya…‟

(DL 1, PT 9, H 64)

(9) CP : Kula cak Pendik

„Saya cak Pendik‟

CT : Kula Trubus karya

„Saya Trubus Karya‟

MI : Kula Ida Saputri

„Saya Ida Saputri‟

CP : Ngaturaken Sugeng dalu, pepisahan sawetawis, pinanggih sabtu

ngajeng.

„Mengucapkan selamat malam, berpisah sementara, bertemu

lagi sabtu depan.‟

(DL 1, PT 13, H 72)

Page 53: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Saka data (7), (8), lan (9) ing dhuwur bisa ditemokake wujud werna basa

krama saka gunemane cak Pendik karo pemirsa campursari (data 7, 8) lan

guneman antarane cak Pendik, cak Trubus lan mbak Ida (data 9). Ing data (7) lan

data (8) basa krama digunakake cak Pendik kanggo guneman karo pamirsa

campursari kanthi tujuwan ngurmati pawongan kang diajak guneman. Dene ing

data (9) werna basa krama digunakake kanggo nepungake awake dhewe marang

kabeh pamirsa CTA ing TVRI Jawa Timur.

4.1.4 Werna Basa Jawa - Arab

Werna basa Jawa - Arab uga digunakake dening penyiar CTA ing TVRI

Jawa Timur. Bab iku bisa disawang saka data ing ngisor iki.

(10) CP : Alhamdulillah, dos pundi dulur-dulur sehat nggih?

„Alhamdulillah, bagaimana kabar saudara-saudara sehat ya?‟

PC : Nggiih

„Ya‟

CP : Sehat wal „afiat alhamdulillah

„Sehat wal „afiat alhamdulillah‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(11) CP : Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula

wonten studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu

mirsani CTA saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula

dongakne mugi-mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah

rejeki sedaya, amin!

„Iya penonton yang berada dirumah dan saudara-saudara yang

berada di studio, terima kasih banyak karena masih setia

menonton CTA dari TVRI Jawa Timur. Anda selalu saya doakan

semoga sehat semua, diberi murah rejeki semua, amin!‟

CT : Amin-amin

„amin-amin‟

CP : Panjang umur sedaya

„panjang umur semuanya‟

Page 54: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Amin

„amin‟

(DL 1, PT 5, H 62)

(12) CP : Cak Trubus, kula cak Pendik ding tak tong!

„Cak Trubus, saya cak Pendik ding tak tong‟

CT : Kula Trubus Karya!

„Saya Trubus Karya!‟

CP : Ugi kanca-kanca saking Bharada Unesa ngaturaken sugeng dalu,

pepisahan sawetawis pinanggih sabtu ngajeng….

Assalamu „alaikum warohmatullahi wabarokatuh

„Juga teman-teman dari Bharada Unesa mengucapkan selamat

malam, sampai jumpa sabtu depan….

Assalamu‟alaikum warohmatullahi wabarokatuh‟

(DL 1, PT 8, H 63)

Data (10) ing dhuwur mbuktekake anane werna basa Jawa - Arab. Bab iku

kabukten saka anane tembung “Alhamdulillah” lan “wal‟afiat” kang digunakake

dening penyiar CTA. Semono uga ing data (11) lan (12), ing kana uga ditemokake

saperangan tembung saka basa Arab, ing antarane “amiin” lan “Assalamu‟alaikum

warohmatullahi wabarokatuh”.

4.1.5 Werna Basa Jawa – Indonesia

Wujud wernane basa Jawa – Indonesia uga ditemokake ing data kang wis

dilumpukake paneliti, kayata:

(13) CP : Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa,

mulane sik cilik-cilik, tapi salut ya?

„Terima kasih, Yunita dan Latif Nur! Dhuh asli mahsiswa,

makanya masih terlihat kecil-kecil, tapi salut ya?‟

CT : Salut!

„Salut!‟

Page 55: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari

seperti ini, iya ta? Terus penyanyine ya asli teka perguruan

tinggi, ya wis alhamdulillah isa lancer

„Kalau di semua perguruan tinggi terus mempunyai grup

campursari seperti ini, iya kan? Dan penyanyinya juga asli dari

perguruan tinggi, ya sudah Alhamdulillah bisa lancer.‟

(DL 1, PT 3, H 61)

(14) CP : Iki sing penyanyi iki istimewa cak trubus! Ya kena godha iki

Desita Ayu, Juara satu lomba campursari putri teka SMA 1

Ponorogo!

„Penyanyi yang satu ini istimewa cak Trubus! Ya terkena godaan

dari ini Desita Ayu, Juara satu lomba campursari putri dari

SMA 1 Ponorogo‟

MI : SMA 1 Ponorogo

„SMA 1 Ponorogo‟

CP : Waktu Unesa ngenekna lomba campursari. Terus sing wuyung,

sing wuyung ki Andra Dwi Putra siswa SMA 1 kabupaten Blitar,

iki uga juara satu putra. Tepuk tangan! Unesa, mangga

„Ketika Unesa mengadakan lomba campursari. Lalu yang

“wuyung”, yng wuyung ini Andra Dwi Putra siswa SMA 1

Kabupaten Blitar, ini juga merupakan juara satu putra. Tepuk

tangan! Unesa, silakan ‟

(DL 1, PT 11, H 68)

(15) CP : Yo iki kan kanca mahasiswa Cak Trubus... awake dhewe salut ya

bahwa mahasiswa sik enom-enom, nggantheng-nggantheng

ngene, kabeh penyanyine maeng kabeh ya mahasiswi kabeh iku

maeng

„Ya ini kab teman mahasiswa Cak Trubus…kita salut ya bahwa

mahasiswa yang masih muda-muda, tampan-taman seperti ini,

semua penyanyi tadi ya mahasiswi semua itu‟

CT : Mahasiswi kabeh

„Mahasiswi semua‟

CP : Ternyata juga bisa menyanyi campur sari dengan baik!

„Ternyata juga bisa menyanyi campursari dengan baik! ‟

MI : Luar biasa

„Luar biasa‟

(DL 1, PT 13, H 71)

Page 56: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Saka data (13) nganti (15) ing dhuwur bisa dibuktekake anane werna basa

Jawa - Indonesia. Bab kasebut bisa disawang saka gunemane penyiar CTA TVRI

Jawa Timur kang nganggo basa Jawa lan basa Indonesia.

4.2 Alih Kode

Alih kode ing data panaliten iki dijupuk saka guneman ing antarane

pranatacara CTA TVRI Jatim, lan alih kode kang digunakake iku bisa nduweni

tujuwan (1) supaya narik perhatiane para pamirsa, (2) supaya luwih gampang

dimangerteni sakabehe kalangan pamirsa campursari, (3) supaya tetep bisa

nglestarekake basa Jawa.

Saka data panaliten campursari ing TVRI Jawa Timur kang wis

kalaksanaan ing tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009, panaliten iki

nemokake wujud alih kode telung werna, yaiku alih kode basa Jawa - basa

Indonesia, basa Jawa - basa Jawa dialek Surabayan, lan basa Jawa ngoko - basa

Jawa krama.

4.2.1 Alih Kode Jawa - Indonesia

Saka data CTA TVRI Jawa Timur kang wis di temokake dening panaliti,

ana pirang-pirang wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia,

kayata ing ngisor iki:

(16) CP : Mosok ana wong perang karo nggawa bulldozer?

„Masa ada orang berperang membawa bulldozer?‟

CT : Tapi gak papa, hebat! hebat! hebat!

„Tapi tidak apa-apa, hebat! Hebat! hebat!‟

CP : Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya

„Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya‟

Page 57: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Tepuk tangan

„Tepuk tangan‟

(DL 1, PT 2, H 61)

(17) CP : Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa,

mulane sik cilik-cilik, tapi salut ya?

„Terima kasih, Yunita dan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, jadi

masih kecil-kecil, tapi salut ya?‟

CT : Salut!

„Salut!‟

CP : Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari

seperti ini…

„Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup

campursari seperti ini…‟

(DL 1, PT 3, H 61)

(18) CP : Ya wis buwaken ae sing adoh ya?

„Ya sudah buang saja yang jauh ya?‟

CT : Ya tak buwake seng adoh!

„Iya saya buang jauh-jauh!‟

CP : He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari

Bharada Unesa

„He eh, yang penting sekarang hiburn, tepuk tangan campursari

Bharada Unesa‟

(DL 1, PT 10, H 67)

Saka data (16), (17) lan (18) bisa kajlentrehake yen ta ana wujud alih kode

saka basa Jawa menyang basa Indonesia. Sakdurunge panutur (ana ing kene yaiku

cak Pendik) micara nggunakake basa Jawa, ananging sawise oleh wangsulan saka

wong kaloro (ana ing kene yaiku cak Trubus) banjur panutur micara nggunakake

basa Indonesia.

Ing data (13) lan (15) cak Pendik guneman karo cak Trubus nggunakake

basa Jawa banjur ditanggapi cak Trubus uga nggunakake basa Jawa kang

dicampur karo basa Indonesia, nalika cak Pendik ngalihake omongan marang

penonton campursari kang ana ing studio, banjur cak Pendik nglakoni alih kode

Page 58: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

saka basa Jawa menyang basa Indonesia supaya apa kang disampekake bisa

ditampa kanthi cetha dening kabeh pamirsa campursari, kalebu pamirsa kang ora

sepira nguwasai basa Jawa. Ing kene cak Pendik mangerteni yen pamirsa

campursari iku dudu mung wong kang wasis basa Jawa, nanging kabeh kalangan,

klebu wong kang ora sepira ngerti marang basa Jawa.

Ana ing data (14) cak Pendik nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang

basa Indonesia kanggo nyuntak uneg-uneg utawa kekarepane supaya bisa luwih

gampang dimangerteni sakabehe pamirsa campursari.

4.2.2 Alih Kode Jawa - Dialek Surabayan

Saka data CTA TVRI Jawa Timur iku mau, uga ditemokake anane pirang-

pirang wujud alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan,

kayata ing ngisor iki:

(19) CP : Sami sehat sedaya?

„Semua sehat kan?‟

PC : Nggiih…!!

„Iya…!!‟

CP : Lha, nek ngene kait muni

„Lha, kalau begini baru bunyi‟

CT : Mungguh iwak digebyur dhisik, byur! byur! byur!

„Seumpama ikan harus disiram dulu, byur! Byur! Byur!‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(20) CP : E… Surat gaden. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora!

„E… surat gadai. He! Berani atau tidak sama saya, berani atau

tidak!‟

CT : Engko ndang kok sunduk temen

„Nanti kamu tusuk benar‟

Page 59: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Koen iku nggawe brengos kok isa nyoncong kaya sungut iku

yaapa koen iku?

„Kamu itu memakai kumis kok bisa kedepan seperti antenna itu

bagaimana kamu itu? ‟

(DL 1, PT 2, H 60)

(21) CP : Ayu-ayu

„Cantik-cantik‟

CT : Wis! Kapaan ngene iki

„Sudah! Kapaan bagini ini‟

MI : Agi, nglirika! macem-macema!

„Cepat, meliriklah! Macam-macamlah!‟

CP : Gak sumbut nek musuh arek mahasiswa, ngene ki gak sumbut

„Tidak pantas jika melawan mahasiswa, begini ini tidak pantas‟

(DL 1, PT 11, H 68)

Saka data (19), (20), lan (21) ing nduwur mbuktekake anane wujud alih

kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan kang ditindakake

dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur.

Ing data (19) cak Pendik guneman nggunakake basa Jawa, sawise apa

kang dikandhake diwangsuli cak Trubus banjur cak Pendik nglakoni alih kode

saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan. Ing kene cak Pendik

nggunakake dialek Surabayan amarga cak Trubus luwih kerep nggunakake dialek

Surabayan tinimbang basa Jawa kaya umume. Cak Pendik nggunakake dialek

Surabayan “kait” kanggo ngganteni tembung “wiwit”. Semono uga cak Trubus

uga nglakoni alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan

kanthi kandha “mungguh iwak digebyur dhisik”.

Ana ing data (20) cak Pendik uga nglakoni alih kode saka basa Jawa

menyang basa Jawa dialek Surabayan. Ing kene, sabenere cak Pendik guneman

karo cak Trubus nggunakake basa Jawa, ananging amarga cak Trubus mangsuli

Page 60: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

karo dialek Surabayan, pungkasane cak Pendik uga melu-melu guneman

ngganggo dialek Surabayan.

Data (21) uga ora beda adoh karo data (20), ananging ing data (21) ana

guneman saka mbak Ida kang uga nggunakake basa Jawa dialek Surabayan, dadi

cak Pendik ngimbangi kanthi cara melu guneman nggunakake basa Jawa dialek

Surabayan.

4.2.3 Alih Kode Ngoko - Krama

Wujud alih kode sabanjure yaiku alih kode saka basa Jawa ngoko

menyang basa Jawa krama, kayata ing ngisor iki:

(22) CP : Aja mbalik rana maneh! kudu mbalik nang mburi ae

„Jangan kembai kesana lagi1 harus kembali ke beakang saja‟

CT : Kadhung tuman

„Sudah terlanjur kebiasaan‟

CP : Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula

wonten studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu

mirsani CTA saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula

dongakne mugi-mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah

rejeki sedaya, amin!

„Baik pemirsa yang ada di rumah maupun saura-sauraku yang

ada di studio, terimakasih banyak anda masih setia melihat CTA

darii TVRI Jawa Timur. Anda sekalian senantiasa saya do‟akan

semoga sehat dan segar semua, diberi rizki yang berlimpah

semua, amin!‟

(DL 1, PT 5, H 62)

(23) CP : Ya wis ayo njaluk pamit

„Ya sudah, ayo kita pamit‟

CT : Wis entek ta?

„Apa sudah selesai?‟

CP : kula Cak Pendik

„Saya Cak Pendik‟

Page 61: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Kula Trubus karya

„Saya Trubus Karya‟

(DL 1, PT 13, H 72)

Saka data (22) lan (23) bisa dibuktekake yen penyiar CTA TVRI Jatim iku

uga nggunakake alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama.

Data (22) cak Pendik guneman karo cak Trubus nggunakake basa Jawa

ngoko. Sabanjure cak Pendik ngalihake omongan marang pamirsa campursari

kanthi ngowahi gunemane nganggo basa Jawa krama, ing kene cak Pendik

nduweni tujuwan ngajeni pamirsa campursari.

Ing data (23) ora beda adoh karo data (22). Ing kene cak Pendik lan cak

Trubus padha-padha nglakoni alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa

Jawa Krama kanggo guneman karo pamirsa campursari kanggo tujuwan ngajeni

pamirsa CTA TVRI Jatim.

4.3 Campur Kode

Campur kode iku bisa ndadekake guneman gampang dimangerteni,

biasane campur kode digunaake kanggo njlentrehake babagan kang dadi bakune

omongan supaya ukarane ora mbingungake sing diajak guneman, apamaneh yen

sing diajak guneman mau durung sepira mangerteni basa kang digawe guneman

wong kang ujar. Tuladhane wong Jawa ngomong marang wong Madura,

kamangka wong Madura mau olehe ngerti basa Jawa durung sepira cetha, dadi

yen kira-kira wong mau ora ngerti kudu dikandhakake karo basa Indonesia.

Page 62: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Tuladhane campur kode yaiku, basa Jawa dicampur basa Indonesia, basa

Jawa dicampur basa Arab, basa Jawa dicampur basa Inggris, basa Jawa dicampur

basa Madura, lan liya-liyane.

Ing ngisor iki tuladha wujude campur kode kang dilakoni dening penyiar

CTA ing TVRI Jawa Timur.

4.3.1 Campur Kode Jawa – Arab

Campur kode saka basa Jawa menyang basa Arab uga digunakake dening

penyiar CTA TVRI Jawa Timur, bab iku bisa disawang saka tuladha ing ngisor

iki.

(24) CP : Assalamu„alaikum dulur-dulur

„Assalamu‟alaikum saudara-saudara‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(25) CP : Alhamdulillah... Woh, pak Harno wisan, ning ngarep dhewe karo

bu Harno

„Alhamdulillah… woh, pak Harno dan bu Harni sudah di tempat

yang paling depan‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(26) CP : Panjenengan tansah kula dongakne mugi-mugi seger waras

sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin!

„Anda semua saya doakan semoga sehat dan segarsemua, debri

rizki yang berlimpah semua, amin!‟

(DL 1, PT 5, H 62)

(27) CT : Hle... Masya Allah arek iki! cik kuwalat! cik kuwalat!

„Hle… Masya Allah anak ini! Biar berdosa! Biar berdosa!‟

(DL 1, PT 10, H 66)

Page 63: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Saka kutipan ing dhuwur bisa dibuktekake yen basa penyiar CTA TVRI

Jawa Timur iku nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa Arab.

Bab iku kabukten saka anane tembung: Assalamu‟alaikum, Alhamdulillah, Amin,

Wassalamu‟alaikum warohmatullahi wabarokatuh, wal „afiat Alhamdulillah, lan

Masya Allah.

Basa Arab kang digawe iku salah sawijining wujud basa kang umum lan

lumrah digunakake dening masyarakat Jawa, mligine kang nganut agama Islam.

Tembung-tembung mau sanadyan sabenere bisa dikandhakake nganggo basa Jawa

lan ditegesi nganggo basa Jawa nanging ing nyatane tetep luwih pas yen

dikandhakake nganggo basa Arab.

4.3.2 Campur kode Jawa – Indonesia

Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia akeh digunakake

dening penyiar CTA. Bab iki dumadi amarga reflek penyiar kang wis biasa

gunemana nganggo basa Indonesia, dadi nalika siaran nganggo basa Jawa, isih

kerep kecampurn karo basa Indonesia.

(28) CP : Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi

gecol abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak

banter, heran. Apaa Bus ya?

„Tidak, saya ini heran. Setiap saya Tanya sehat atu tidak, pasti

berat sebelah. Yang sebelah sini ini keras, sebelah sana itu tidak

keras, heran. Kenapa ya Bus ya?‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(29) CT : Mahasiswi, masiya wedok gak gelem ketinggalan, bagian nuthuk

ngene

„Mahasiswi, meskipun perempuan tidak mau ketinggalan, bagian

memukul seperti ini‟

(DL 1, PT 1, H 60)

Page 64: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

(30) CP : Yang jelas kanca-kanca Bharada mangke badhe ngaturaken lagu-

lagu kagem panjenengan ngantos jam sanga dalu mangke

„Yang jelas temanteman Bharada nanti akan menyampaikan lagu-

lagu untuk anda sampai pukul Sembilan malam nanti‟

(DL 1, PT 1, H 60)

(31) CT : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono

bagian manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC

„Tidak masalah bisa atu tidaknya menghadapi! Tetapi dalam

rumah tangga kan bisa situ bagian manjak, saya yang melucu,

anak saya yang menjadi MC‟

(DL 1, PT 4, H 61)

Saka data (28) nganti (31) ing ndhuwur mbuktekake yen ing CTA TVRI

Jawa Timur iku nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa

Indonesia. Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia iku mau cacahe

paling akeh yen dibandingake karo campur kode saka basa Jawa menyang basa

liyane. Campur kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia iki asring

digunakake amarga saka kebiasaan penyiar CTA guneman gawe basa Indonesia,

saliyane iku uga supaya apa kang diandharake luwih gampang dimangerteni

pamirsa CTA TVRI Jawa Timur.

4.3.3 Campur Kode Jawa – Inggris

Wujud campur kode saka basa Jawa menyang basa Inggris uga digunakake

dening penyiar CTA TVRI Jawa Timur, bab iku bisa disawang saka pethikan data

ing ngisor iki:

Page 65: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

(32) CT : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono

bagian manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC

„Bukan masalah bisa atu tidak mengatasi! Tetapi dalam rumah

tangga kan bisa situ yang bagian memainkan music, saya yang

melucu, anak saya yang MC‟

(DL 1, PT 4, H 61)

(33) CT : Oke, tak susule!

„Oke, saya jemput‟

(DL 1, PT 6, H 62)

Saka data (32) lan (33) ing dhuwur bisa kadudut yen penyiar ing CTA

TVRI Jawa Timur uga nggunakake campur kode saka basa Jawa menyang basa

Inggris. Ing kene tembung “MC” kang sabenere dijupuk saka basa Inggris wis

lumrah digunakake ing basa Jawa, yen tembung MC iku mau dikandhakake karo

tembung “pranatacara” durung karuan sakabehe pamirsa CTA ngerti karepe,

luwih-luwih kanggo pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa.

Semono uga tembung “oke” ing data (33) kaya-kaya wis dadi tembung

kang lumrah digawe dening masyarakat Jawa. Pancen tembung “oke” mau bisa

diganti nggunakake tembung “ya” utawa “nggih”, nanging campur kode iku

dhewe nduweni tujuwan kaya kang wis diterangake ing dhuwur mau. Kayadene

supaya katon kapinterane ing babagan basa, utawa katon yen pendhidhikane

dhuwur.

4.4 Asiling Panaliten Bab Wernane Basa Penyiar CTA

Andharan babagan wernane basa penyiar CTA ing nduwur iku ngrujuk

marang buku-buku Linguistik mligine Sosiolinguistik lan panaliten-panaliten bab

wernane basa sakdurunge. Akehe wujud werna basa sarta campur kode lan alih

Page 66: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

kode kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara CTA dadi

salah sawijining bab kang narik kawigatene panaliti kanggo ndadekake masalah

iki dadi sawijining panaliten ing skripsi.

Ana pirang-pirang alasan kang nyebabake penyiar CTA mau nggunakake

wujud werna basa, ing antarane (1) werna basa kasebabake amarga anane

keragaman sosial penutur lan keragaman fungsi basa iku dhewe, yenta penutur

basa kuwi kelompok sing beda-beda, merga etnis, status sosial lan penggawean.

(2) werna basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat. Lan saka panaliten

iki nemokake wujud wernane basa kang digunakake dening penyiar CTA ana

papat, yaiku (1) werna basa ngoko, (2) werna basa karma, (3) werna basa Jawa –

Arab, lan (4) werna basa Jawa - Indonesia.

Wernane basa nduweni corak kang werna-werna amarga saben basa

nduweni paugeran dhewe-dhewe. Basa sing siji nduweni paugeran kang

mbedakake karo basa liyane amarga corak lan jinise pancen beda, ing ngisor iki

bisa dibedakake antarane (101) werna basa ngoko lan (102) werna basa krama.

(34) CP : Lha, wis apik ngono wis!

„Lha, sudah bagus itu!‟

CT : Kaya nyokot tikus!

„Seperti memakan tikus!‟

CP : Sik ndeloke, ndeloke sik!

„Sebentar saya lihat, lihat sebentar!‟

(DL 1, PT 2, H 60)

(35) CP : Sami sehat sedaya?

„Semua sehat kan?‟

PC : Nggiih…!!

„Iya…!‟

(DL 1, PT 1, H 59)

Page 67: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Saka petikan ing dhuwur bisa disawang panganggone basa iku mau

kanggo sapa. Data (34) wujude guneman antarane CP lan CT kang padha-padha

penyiar ing CTA, supaya ketara luwih akrab kalorone guneman nggunakake

werna basa ngoko, beda karo ing data (35) nalika CP kandha nggunakake werna

basa krama amarga ing kene kang diajak guneman yaiku pamirsa campursari,

tujuwane CP kandha nggunakake werna basa krama yaiku kanggo ngajeni

pamirsa CTA.

Owah-owahan saka basa siji menyang basa liyane diarani alih kode. Alih

kode kaperang dadi loro, yaiku alih kode intern lan alih kode ektern. Tegese alih

kode intern yaiku alih kode kang kadaden ing basane dhewe, kayata basa Jawa

ngoko ing Jawa krama utawa suwalike. banjur alih kode ektern kadaden saka

basane dhewe ing basa liya. Dene kang njalari alih kode yaiku: (1) pawongan

kang ngajak guneman, (2) pamiyarsa utawa pawongan kang diajak guneman, (3)

owahe kahanan amarga tekane pawongan katelu, (4) owahe guneman saka bab

resmi menyang babagan kang ora resmi utawa sakwalike, (5) owahe topik

guneman.

(36) CP : Ya wis ayo njaluk pamit

„Ya sudah mari kita pamit‟

CT : Wis entek ta?

„Apa sudah selesai?‟

CP : kula Cak Pendik

„Saya Cak Pendik‟

CT : Kula Trubus karya

„Saya Trubus Karya‟

(DL 1, PT 13, H 72)

Page 68: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

(37) CP : Ya wis buwaken ae sing adoh ya?

„Ya sudah buanglah yang jauh ya‟

CT : Ya tak buwake seng adoh!

„Iya saya buang jauh-jauh!‟

CP : He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari

Bharada Unesa

„Iya, yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari

Bharada Unesa‟

(DL 1, PT 10, H 67)

Saka pethikan ing dhuwur bisa disawang wujude alih kode intern (36) lan

alih kode ekstern (37). Ing kene alih kode intern (36) dumadi saka basa Jawa

ngoko menyang basa Jawa krama, alih kode iki maujud amarga owahe pawongan

kang diajak guneman. Nalika isih guneman karo CT, CP nggunakake basa Jawa

ngoko, ananging nalika ngalihake omongan marang PC, CP nglakoni alih kode

nggunakake basa Jawa krama. Ora beda karo data (37), nalika CP guneman karo

CT, dheweke nggunakake basa Jawa ngoko, ananging nalika ngalihake guneman

marang PC, CP nggunakake basa Indonesia. Bedane ing data (37) kang dumadi

yaiku alih kode ekstern amarga kedadeyan saka basa Jawa menyang basa

Indonesia.

Jroning guneman, kanggo njlentrehake apa kang dikarepake kudu nggawe

ukara kang cetha lan gampang dingerteni. Mulane, ana kalane kanggo

njlentrehake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya utawa variasi-

ne supaya karepe bisa dimangerteni. Mula saka iku, jroning guneman asring

digunakake campur kode, semono uga penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Dene

campur kode kang digunakake ing giyaran CTA iku ana telu, yaiku (1) Jawa –

Arab, (2) Jawa – Indonesia, lan (3) Jawa – Inggris. Dene miturut sipate campur

Page 69: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

kode mau kaperang dadi loro, yaiku (1) campur kode positif lan (2) campur kode

negatif.

(38) CP : Inggih, alhamdulillah pamirsa ingkang wonten dalem lan

kadang-kadang ingkang wonten studio, dalu menika kepanggih

malih kalian campursari tambane ati saking TVRI Jawa Timur.

„Iya, Alhamdulillah pemirsa yang ada di rumah dan yang ada di

studio, mala mini bertemu lagi dengan campursari tambane ati

dari TVRI Jawa Timur.‟

(DL 1, PT 1, H 59)

(39) CP : Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi

gecol abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak

banter, heran. Apaa Bus ya?

„Tidak, saya ini heran. Setiap saya bertanya sehat tidaknya, pasti

tidak berimbang berat yang samping. Yang sebelah sini ini lho

yang keras, sebelah sana into tidak keras, heran. Kenapa Bus

ya?

(DL 1, PT 1, H 59)

Saka pethikan data (38) ing dhuwur bisa disawang anane wujud campur

kode positif saka basa Jawa ing basa Indonesia. Diarani campur kode positif

amarga pancen tembung kang dijupuk saka basa Indonesia mau ing basa Jawa

durung ana kang tegese padha. Beda karo pethikan data (39), data iku diarani

campur kode negatif amarga tembung kang dikandhakake iku sabenere ing basa

Jawa uga ana kang padha tegese, dadi sabenere penyiar ora prelu njupuk unsur

saka basa liya.

Saka data-data lan sakabehe pethikan ing dhuwur bisa disawang akehe

kedadeyan ragam basa, alih kode lan campur kode kang digunakake dening

penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Lan kabeh mau dianggep prelu supaya

giyaran CTA iku bisa luwih nyenengake lan dimangerteni ora mung wong Jawa

Page 70: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

wae, ananging uga pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa, amarga

tujuwane acara CTA ing TVRI Jawa Timur iku saliyane kanggo ngleluri budaya

Jawa (campursari) uga kanggo menehi hiburan (tontonan) marang sakabehe

pamirsa CTA.

Saka data-data lan sakabehe pethikan ing dhuwur bisa disawang akehe

kedadeyan ragam basa, alih kode lan campur kode kang digunakake dening

penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur. Lan kabeh mau dianggep prelu supaya

giyaran CTA iku bisa luwih nyenengake lan dimangerteni ora mung wong Jawa

wae, ananging uga pamirsa kang durung sepira nguwasai basa Jawa, amarga

tujuwane acara CTA ing TVRI Jawa Timur iku saliyane kanggo ngleluri budaya

Jawa (campursari) uga kanggo menehi hiburan (tontonan) marang sakabehe

pamirsa CTA.

Panaliten ngenani basa Penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur ing dhuwur

bisa digambarake wujud bagan kaya ing ngisor iki.

Page 71: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

1. Werna Basa 3. Campur Kode 2. Alih Kode

1.1 Ngoko

1.2 Dialek

Surabayan

1.3 Krama

1.4 Jawa -

Arab

1.5 Jawa -

Indonesia

2.1 Jawa -

Indonesia

2.2 Jawa -

Dialek

Surabayan

2.3 Ngoko -

Krama

Intern

Kode

Ekstern

Kode Positif Negatif

Kode

3.1 Jawa -

Arab

3.2 Jawa -

Indonesia

3.3 Jawa -

Inggris

Page 72: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

BAB V

DUDUTAN LAN SARAN

5.1 Dudutan

Adedhasar saka masalah ing bab-bab kang wis kaandharake sadurunge,

mula panaliten bisa nduweni dudutan ing antarane.

Werna basa kang wis kaandharake kaperang dadi lima, yaiku (1) werna

basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna

basa Jawa - Arab, lan (5) werna basa Jawa - Indonesia. Dene alih kode kang

digunakake penyiar CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telung warna, yaiku

(1) alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa

Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan, lan (3) alih kode saka basa Jawa

ngoko menyang basa Jawa Krama. Banjur campur kode kang digunakake penyiar

CTA TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku: (1) Campur kode Jawa - Arab,

(2) Campur kode Jawa - Indonesia, lan (3) Campur kode Jawa - Inggris.

Sakliyane iki ing babagan alih kode uga ditemokake wujude alih kode

intern lan alih kode ekstern. Dene ing babagan campur kode ditemokake wujude

campur kode positif lan campur kode negatif.

Page 73: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

5.2 Saran

Ing panaliten ngenani wernane basa penyiar CTA ing TVRI Jawa Timur

iki ngrembug ngenani anane wujud alih kode lan campur kode kang dumadi saka

gunemane penyiar CTA. Panaliten iki isih adoh saka kasampurnan, bab iku bisa

disawang saka tata basa lan panulisan, mula saka iku panulis nduweni pangarep-

arep supaya ana panaliten-panaliten sing anyar lan luwih apik kanthi objek saka

basa penyiar campursari. Muga-muga panaliten migunani kanggo sakabehe.

Nuwun.

Page 74: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

KAPUSTAKAN

Adipitoyo, Sugeng. 1996. “Wernane Basa Jawa lan Krida Olahe Basa ing

Masyarakat Surabaya” ing Majalah Prasasti No. 22 hal 31-57. Surabaya:

Fakultas Bahasa dan Seni Unesa

Alwasilah, Chaedar. 1985. Beberapa Madhap dan Dikotomi Teori Linguistik.

Bandung: Angkasa

Arikunto, Suharsimi. 2002. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktek.

Jakarta: PT. Rineka Cipta

Basir, Ujang Pairin. 2001. “Sekilas Tentang Sosiolinguistik” ing Majalah Verba

Vol. 2 No. 2 hal 146-160. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni Unesa

Basir, Udjang Pr. M. 2002. Sosiolinguistik Pengantar Kajian Tindak Berbahasa.

Surabaya: University Press Unesa

Chaer, Abdul. 2007. Linguistik Umum. Jakarta: PT. Rineka Cipta

Chaer, Abdul dan Leonie Agustina. 2004. Sosiolinguistik: Perkenalan awal.

Jakarta: PT. Rineka Cipta

Chaer, Leoni Agustina. 1995. Sosiolinguistik Suatu Pengantar. Jakarta: PT.

Rineka Cipta

Kartomihardjo, Soeseno. 1988. Bahasa Cermin Kehidupan Masyarakat. Jakarta:

Depdikbud Direktorat Jenderal Pendidikan Tinggi P2LPTK

Keraf, Gorys. 1994. Komposisi Sebuah Pengantar Kemahiran Bahasa. Flores:

Nusa Indah

Kridalaksana, Harimurti. 1984. Kamus Linguistik (Edisi Kedua). Jakarta:

Gramedia

Mahsun, Dr. 2005. Metode Penelitian Kata Dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: PT.

Raja Grafindo Persada

Moeliono, Anton M. 1982. “Bahasa Indonesia dan Ragam-ragamnya” ing

Majalah Pembinaan Bahasa Indonesia Jilid I No. 1 hal. 15-34, Jakarta:

Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa

Page 75: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Murdiyanto dan F.X. Sawardi. 2000. “Tingkat Tutur Bahasa Jawa: Kerumitan dan

Tantangannya” ing Majalah Verba Vol. I No. 3 hal. 216-238. Surabaya:

Fakultas Bahasa dan Seni Unesa

Nababan, P. W. J. 1993. Sosiolinguistik: Sebuah Pengantar. Jakarta: PT.

Gramedia Pustaka Utama

Pateda, Mansoer. 1987. Sosiolinguistik. Bandung: Angkasa

Poedjasoedarma, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat

Pembinaan dan Pengenbangan Bahasa Depdikbud

Rahardi, R. Kunjana. 2001. Sosiolinguistik Kode dan Alih Kode. Yogyakarta:

Pustaka Pelajar Offset

Soeparno. 2003. Dasar-Dasar Linguistik. Yogyakarta: Mitra Gama Widya

Sudaryanto. 1986. Metode Linguistik, Bagian Kedua: Metode dan Teknik

Pengumpulan Data. Yogyakarta: Gajahmada University Press

Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa: Pengantar

Penelitian Wahana Kebudayaan secara Linguistik. Yogyakarta: Duta

Wacana

Surana. 2009. Fonetik-Fonologi. Surabaya: Bintang

Suwito. 1985. Sosiolinguistik Pengantar Awal. Surakarta: Henary Offset

Page 76: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Lampiran I

DATA KANG DITLITI

CP : Cak Pendik

CT : Cak Trubus

CTA : Campursari Tambane Ati

MI : Mbak Ida

PC : Pamirsa Campursari

PT : Peristiwa Tutur (Prastawa Tutur)

SW : Swarawati (Penyanyi)

TW : Tukang Warung

12 Juli 2008

Peristiwa Tutur 1

CP : Assalamu„alaikum dulur-dulur!

PC : Wa‟alaikumsalam warohmatullahi wabarokatuh

CP : Alhamdulillah... Woh, pak Harno wisan, ning ngarep dhewe karo bu

Harno.

Dos pundi bapak ibu? Sami sehat sedaya nggih?

PC : Sehaat

CP : Mboten, kula niki heran. Saben kula takon sehat gak‟e, mesthi gecol

abot sing sisih. Sing kene iki lho sing banter, kana iku gak banter, heran.

Apaa Bus ya?

CT : Seje, soale banyu kan miringe mesthi ngene, srengenge kan teka wetan,

srengenge teka wetan terus nang kulon, lha nek kene tambah abot

sehaaattt, lha kene kari-kari sehaaattt

CP : Sami sehat sedaya?

PC : Nggiih…!!

CP : Lha, nek ngene kait muni

CT : Mungguh iwak digebyur dhisik, byur! byur! byur!

CP : Inggih, alhamdulillah pamirsa ingkang wonten dalem lan kadang-kadang

ingkang wonten studio, dalu menika kepanggih malih kaliyan

campursari tambane ati saking TVRI Jawa Timur

CT : Oke

CP : Lan dalu menika njenengan sedaya mangke suka-parisuka sesarengan

kaliyan kadang-kadang campursari Bharada Unesa Surabaya. Arek

mahasiswa sik enom-enom

CT : Woo temenan

CP : Sik nggantheng-nggantheng

CT : Nggantheng-nggantheng

CP : Sik cilik-cilik

Page 77: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Giat-giate

CP : Onok sing mari yasinan melok kae mau

CT : Ya ojok ngono

CP : Mari yasinan jam pira cak Pendik? Setengah wolu, woo nggih. Mari

yasinan ya rene dhek‟e

CT : Mahasiswi, masiya wedok gak gelem ketinggalan, bagian nuthuk ngene

CP : Sing situk iku tabuhe gedhe

CT : Tapi milihe gak gelem nabuh gong, tak tekoki napaa kok gak gelem

nabuh gong? Mboten, nabuh gong tabuhe gedhe

CP : Gak wani dhek‟e

CT : Nabuh pisan kerasa, he‟eh

CP : Inggih menika kanthi pembinanipun Drs. Sukarman, M.Si ketua jurusan

Pendidikan Bahasa Daerah, program study Bahasa Jawa, tepuk tangan!

Dadi kabeh-kabeh ki pinter basa Jawa kabeh

CT : Woo, temenan

CP : Yang jelas kanca-kanca Bharada mangke badhe ngaturaken lagu-lagu

kagem panjenengan ngantos jam sanga dalu mangke

Cak Trubus, sakdurunge campursari dimulai, ayo ndelok ketoprak

CT : Woo ketoprak?

CP : Eruh lakone?

Sri Huning

Peristiwa Tutur 2

CT : Sri Huning! Kowe aja melu maju perang Sri Huning!

SW : Ora papa kangmas!

CP : Iku wong gendheng, cepet minggira, minggira!

CT : He! Surat gadhen!

CP : E… Surat gadhen. He! Wani apa ora karo aku, wani apa ora!

CT : Engko ndang kok sunduk temen

CP : Koen iku nggawe brengos kok isa nyoncong kaya sungut iku yaapa koen

iku? Kuwalik! Lha iya, sing apik ngono!

CT : Kaya brengose ika maeng

CP : Lha, wis apik ngono wis!

CT : Kaya nyokot tikus!

CP : Sik ndeloke, ndeloke sik!

CT : Eh!

CP : Who, serem! Serem! Sri Huning semaput nok kene mau tak kira nek

semaput temen iku mau

CT : Ya iku mau kudu tak tampani ae

CP : Onok ae koen iku

CT : Oh! Aku kecanthol paku, ga oleh

CP : Tapi salut ya, iki mahasiswa, sik yunior-yunior, sik arek-arek, tapi pinter

drama, ya pinter ketoprakan, ya pinter campursari

CT : Unesa ki gak sembrana

CP : Lhah, kandhani

CT : Masiya milih peran ki gak sembrana, iki maeng rencanane lak dudu iki

mau sing dadi

Page 78: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Sing endi?

CT : Iku!

CP : He! Nek Sri Huninge iku? Sing ngangkat iku lho semaput!

CT : Ya carane

CP : Yaapa?

CT : Carane nyewa doser rek!

CP : Mosok ana wong perang karo nggawa bulldozer?

CT : Tapi gak papa, hebat! hebat! hebat!

CP : Yak! Sekali lagi tepuk tangan untuk Bharada Surabaya

CT : Tepuk tangan

CP : Nggih, pun kuwatir, pun teng pundi-pundi, tetep teng nggene campursari

kemawon

Peristiwa Tutur 3

CP : Matur nuwun, Yunita kaliyan Latif Nur! Duh asli mahasiswa, mulane sik

cilik-cilik, tapi salut ya?

CT : Salut!

CP : Kalau di semua perguruan tinggi terus memiliki grup campursari seperti

ini, iya ta? Terus penyanyine ya asli teka perguruan tinggi, ya wis

alhamdulillah isa lancar

CT : Alhamdulillah lancar-lancar kabeh…

CP : He‟ eh, inggih lagune wonten gemes sesarengan kaliyan ning Windhi

Anggraeni, tak celuke dhisik! Mangga

CT : Anggraeni

Peristiwa Tutur 4

CP : Mbak Windhi Anggraeni nggih, nembe ngaturaken lagunipun gemes

kalawau

CT : Ee....

CP : Gemes aku! Gemes aku ndelok wong wedok sing lemu

CT : Ha?

CP : Coba nek awakmu yaapa

CT : O… gemes aku, masi lemu timbangane iku kuru

CP : Lemu kuru iku padha ae

CT : Padha ae sing penting onok nyawane

CP : Lha iya, lemu iku tambah enak soale apa, masiya gak dipakani pirang-

pirang dina ya lemu ae

CT : Encene, mungguh anakku ya, anakku mungguh gak mlebu sekolah

temen tak kongkon rabi ae

CP : Ya aja ta, areke durung cukup umur, Bus!

CT : Wis karuan!

CP : Koen kate rabekna karo sapa?

CT : Lha iku, sing lemu iku! karuan

CP : Ngatasi ta anakmu?

CT : Gak perkara ngatasi gak! Tapi dalam rumah tangga kan isa kono bagian

manjak, aku sing ndagel, anakku sing MC

Page 79: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : O… Lengkap ya?

CT : Melumpuk dadi sitok

CP : Malih koen bujuki ae… Nggih, lagune tahan godha wonten ning Tatik

kaliyan Erik Irwansyah

Peristiwa Tutur 5

CT : Mriki mas-mase, medal mriki kemawon, he aja athik melu metu maneh

CP : Aja mbalik rana maneh! kudu mbalik nang mburi ae

CT : Kadhung tuman

CP : Inggih pamirsa ingkang wonten dalem ugi kadang-kadang kula wonten

studio, matur nuwun sanget njenengan taksih setya tuhu mirsani CTA

saking TVRI Jawa Timur. Panjenengan tansah kula dongakne mugi-

mugi seger waras sedaya, dipun paringi murah rejeki sedaya, amin!

CT : Amin-amin

CP : Panjang umur sedaya

CT : Amin

CP : Nek sehat, panjang umur, murah rejeki, sering teka nang studio, iku

merupakan suatu kebahagiaan bagi kami, kanca-kanca saking campursari

TVRI Jawa Timur. Nggih, nek pancene sehat kula kepengin takon,

jempolane sik wutuh?

PC : Nggih

CP : Lha, berarti sik sehat! Nek jempolane puret ya gak sehat! Lha nggih,

matur suwun sanget nggih! Teng griya, teng dalem, napa teng studio, ugi

bapak-bapak saking Unesa, bapak ibu nggih, matur nuwun rawuhipun,

lan kadang-kadang sing nggawe sragam kuning menika komunitas

pecinta campursari teka paguyuban campursari… Alhamdulillah matur

suwun dukunganipun nggih… Komunitas sutresna budhaya Jawi inggih

matur nuwun, lagunipun wonten gandrung!

Peristiwa Tutur 6

CP : Inggih mangga, matur nuwun nggih… mbak Tatik kalawau lagunipun

gandrung dipun Bantu kaliyan kadang-kadang penari saking sanggar tari

sastra Jawa Unesa Surabaya… matur nuwun!

CT : Tarine jaan

CP : Koen iku nari ta kate dicokot semut! Ayo, diaturne lagune esemmu

wonten mas Erik Irwansyah

CT : Oke, tak susule!

CP : Inggih mangga

Peristiwa Tutur 7

CP : Inggih, matursuwun… Bus, koen kenal basa Jawa gak?

CT : Woo… kenal kabeh, basa Jawa awak dhewe ngenal

CP : Basa Jawa iku biasae cara menyampaikan iku dengan sanepan

CT : Sanepan

CP : Saiki misale kaya lemah basa Jawane apa?

Page 80: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Siti

CP : Siti, siti iku nggone nok endi?

CT : Biasae siti iku manggone nggone jabane desa

CP : Lho kok isok?

CT : Lha kuburan!

CP : Lha apa hubungane karo siti?

CT : Lha siti isi wong mati

CP : O… siti isine wong mati!

CT : Isi wong mati, njabane desa

CP : Nok kuburan

CT : Iya!

CP : Siti iku basane lemah!

CT : Lemah

CP : Cara ngokone lemah

CT : Lha lemah iku ya onok artine

CP : Nggone nok endi?

CT : Ya nggone lemah iku nang njero desa. Lemah, gelem dinggoni omah

CP : Ooo....

CT : Iku lemah

CP : Lemah

CT : Iya

CP : Onok sing ngarani bumi

CT : Lha bumi

CP : Nggone nok endi?

CT : Tegalan

CP : Lho kok isa

CT : Diencepi tebu mesthi semi

CP : O… adhuh! Onok sing ngarani bantala!

CT : Bantala iku manggone nok jalan raya

CP : Lho kok isa ngono?

CT : Masi diliwati ban gak ngarah nela!

CP : O… Bantala! Pinter!

CT : Trubus kok!

Peristiwa Tutur 8

CP : Matur nuwun ning Yunita… Inggih, pamirsa ingkang wonten dalem

matur suwun sanget njenengan taksih sesarengan kaliyan CTA saking

TVRI Jawa Timur, ingkang dalu menika sareng kaliyan kanca-kanca

campursari Bharada Unesa Surabaya, tepuk tangan sekali lagi

CT : Tepuk tangan yang meriah

CP : Cak Trubus, kula cak Pendik ding tak tong!

CT : Kula Trubus Karya!

CP : Ugi kanca-kanca saking Bharada Unesa ngaturaken sugeng dalu,

pepisahan sawetawis pinanggih sabtu ngajeng

Assalamu „alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Wonten lagu lela ledhung, ning Windhi!

Page 81: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

21 Februari 2009

Peristiwa Tutur 9

CP : Alhamdulillah, dos pundi dulur-dulur sehat nggih?

PC : Nggiih

CP : Sehat wal „afiat alhamdulillah

Jare Trubus kon noleh mrana, kaya gak semaur belas. Sebelah kiri sehat?

PC : Sehat

CP : Alhamdulillah... Nggih, kepanggih biasae nek malem minggu jam wolu

ngetenika kalih CTA TVRI Jawa timur. Dalu menika sing nggantheng-

nggantheng, ayu-ayu ten mburi nika campursari Sanggar Bharada Unesa

Surabaya. Niki arek mahasiswa thok nika nggih, nika saking jurusan

Pendidikan Bahasa Daerah ingkang dipun pimpin kaliyan Drs.

Sukarman, M.Si, nika wonten koordinasine cak Yohan Susilo, S.Pd, ugi

wonten mangke dipun meriahaken kadang-kadang saking sanggar tari

Bharada Unesa Surabaya…

Iki maeng kok dingaren, iki dodol apa iki cak?

TW : Lonthong kupang!

CP : Heh, lonthong kupang? Wadhuh tepak rek!

Dulur, purun lonthong kupang mboten?

PC : Nggih

CP : Lonthong kupang kuabeh nggih?

PC : Nggih

CP : Rong piring edhang?

PC : Nggih

CP : Wis, masiya gak mbayar gak papa. Langsung gawekna cak! Gawekna

cak! Hayo tak enteni nak kono ya, gawekna hayo mangga lonthong

kupang cak…

Peristiwa Tutur 10

CT : Sariiip…!

MI : Jiangkrik!

CP : Kuwalik, nyekel bedhil kok kuwalik iki lho!

MI : Bedhile iku lho kuwalik, ya apa sih?

Kok isa mbokne Sarip!

CP : Kok isa mbokne Sarip

MI : Jiangkrik! Aku iki dudu mbokne Sarip!

CP : Sapa?

CT : Lha mbokne sapa?

MI : Lho, mbokmu ngono kok!

CT : Lho mbokmu mok! Encene tak walik tunggale ika mau lho…

CP : Apa?

CT : Cak Sariiip… cak Sarip, pena digoleki!

CP : Paidi, kuwalik!

CT : Kliru!

CP : Pancene tak walik cik gak gosong

Page 82: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Wis, wis kari awakmu!

CP : Wis, Sarip-saripan wis mari critane kok!

CT : Gak ngono kari awakmu, gak ngono kari gelem ngijini ta gak ngono ae

wis

MI : Apane iku?

CT : Ya masalah watu

MI : Aku iku sing eman mik siji

CP : Apa? Koen iku kate lapo sih? Kate lapo sih?

CT : Iki lho tak uber-uber!

CP : Apaa? Bojomu koen goleki lapo?

CT : Anakku kan oleh rejeki gedhe!

CP : O… Critane ya apa critane?

CT : Adus ning nggone tlaga

CP : Tlaga?

CT : Mulih oleh watu

CP : Hah! Oleh watu?

CT : Oleh watu

CP : Lha terus gawe apa watu iku?

CT : Gawe nambani

CP : Isa gawe nambani?

CT : Lho lo lo… Pas iku wetengku senep, mules-mules!

CP : Weteng mules-mules

CT : Coba tak kongkon

CP : Watu diapakna iku?

CT : Watu dikum

CP : Dikum banyu

CT : Langsung tak ombe

CP : Banyune diombe

CT : Langsung oleh rong jam

CP : Waras?

CT : Murus!

CP : Yaapa kok malah murus?

MI : Ojok macem-macem, wong aku iku lho gak seneng. Arek sakmono iku

aja dieksplorasi, iku aja dipeksa, wayahe wektune belajar, wayahe sinau,

wayahe dolanan, wayahe kumpul mbek kancane!

CP : Seneng-seneng mbek kancane!

MI : Ngono lho sampeyan ki senengane meksa arek, iya ta? Arek urung

wayahe, kuwi wayahe sik menthil! Ngemi jatahe cah kuwi! Sampeyan

iku jok!

CT : Dor! Duor!

Nambani wong waras

CP : O… Nambani wong waras ya?

MI : Waras apane?

CP : Halah… Iku ngono mung sugesti ae iku!

CT : Temenan

MI : Halah! Waras apane?

CP : Sugesti thok iku!

Page 83: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CT : Barang ngono cak Pendik! Bareng aku rumangsa lara, gawaen watune,

bareng aku gak waras

CP : Heh, Iku diguwak! Iku diguwak iku lho!

MI : Watu kaya ngene ae kok!

CT : Hle... Masya Allah arek iki! cik kuwalat! cik kuwalat!

MI : Iki? O… watu iki ta? O… Njaluk dilangkahi ngene ta?

CP : Ndha… Ndha… Ndha… Koen engko anyang-anyangen lho Ndha!

Nglangkahi anyang-anyangen lho Ndha!

CT : Muga-muga... Koen ya nglangkahi, koen anyang-anyangen rong dina

koen!

Bareng gak isa waras, cak Ndhik

CP : He „eh

CT : Aku mbalik nang tlaga maneh, nyemedi aku

MI : Nyemedi? Semedi kok nyemedi!

CT : Semedi oleh pangsit!

CP : Halah… halah… halah….

MI : Wangsit-wangsit! Kok pangsit ki lho!

CP : Wangsit-wangsit

CT : Lha iya, wangsit!

CP : Kliru!

CT : Kliru oleh, oleh

CP : Oleh apa terusan?

CT : Oleh wisik!

Anakku Trubus… nek koen kepengin waras, iki tak wenehi tamba aja

kaya watu, aku dikek‟i dhewe

MI : Apa iku?

CT : Hla….

CP : Owalah… oleh ngono‟an iku ta, Bus?

Iki oleh-olehmu teka semedi mau ta?

CT : Oleh semedi

CP : Heh, lha iku carane njaluk yaapa iku?

CT : Njaluk, pena karek njaluk ae

CP : Upamane?

CT : Saupamane njaluk!

CP : Jenenge sapa? Jenenge sapa iku?

CT : Anu… jenenge mbah Pandhansari

CP : Hah! Jenenge….

CT : Huh! Aja sik! Pandhansari danyang temen rek!

CP : Hihihi… wedi dhek‟e!

CT : O… kaget! Aku kesurupan temen! O… gak! Gak Pandhansari!

CP : Mbah Koming… Mbah Koming….

CT : Ya wis mbah Koming!

CP : Ya aku tak njaluk sih, swarane ana ta ngene ki?

CT : Ana!

CP : Mbah Koming!

CT : Apa?

CP : Swara prewangan

CT : Swara prewangan… Iki sapa iki?

Page 84: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Aku cak Pendik, mbah Koming!

CT : Hya! Pendik?

CP : He „eh! Aku njaluk oleh bojo ayu, mbah!

CT : O… Bojo ayu? Gampang… nek ngko tak turuti iki ngko isa

CP : O… lambemu dhewe!

CT : E… Aku iki danyange. Koen kate….

MI : Wis entek danyange!

CP : Ngene-ngene ya… aja menyekutukan benda, aja menyekutukan Allah.

Aja mendewakan benda, gak apik, iku sirik namanya

MI : Gak oleh! Lha sakniki lo wujude lo mas Pendik nggih? Tak kon

nambani, wetengku lho gedhe tak kon nambani, tak kon ngempesna ki

gak isa…

CP : Gak isa kempes? Gak kempes lho, Bus!

MI : Lha inggih!

CT : Sing gak nurut ki awakmu!

CP : Kok isa?

CT : Aku lak diomongi mbah biyen. Nak Trubus, nek bojomu iku keadaan

mbobot, mbobot tuwo, nek dina wage ambek pahing kongkon ngombe

lenga klentik…

CP : He eh

CT : Perlune nek lair cek brosat-brosot

CP : He eh… Lha terus?

CT : Iki gak gelem. Iki wingenane tak kongkon ngombe solar! Kapok!

Durung wayahe lair ya gak mbrodhol

CP : Bus! Bus tak elingna sepisan maneh, terutama anakmu, ya ta? Anakmu

iku butuh sekolah, butuh pendidikan, butuh dolanan karo kancane. Aja

dikongkon ngono-ngono iku, watune kongkon namban-nambani

CT : Nek ngono sepurane ae, sepurane.

MI : Aku ya gak setuju

CP : Saiki nek kepingin berobat ning Puskesmas ya murah, obat akeh sing

gratis, pemerintah ya wis nyumbang pengobatan kanggo rakyate. Lha

kok koen sik seneng watu-watuan kaya ngono iku lho?

CT : Ya wis sepurane nek ngono iku. Watu iki mene tak lumpukne, tak dole

CP : Arep golek sing sak praoto ta yaapa?

MI : Gak seneng aku, gak setuju tenan

CT : Yo wis gak apa-apa

CP : Ya wis aja menuhankan benda, nyembah-nyembah benda iku gak apik.

Ya?

CT : He eh

CP : Ya wis buwaken ae sing adoh ya?

CT : Ya tak buwake sing adoh!

CP : He eh, Yang penting sekarang hiburan, tepuk tangan campursari Bharada

Unesa

CT : Bharada Unesa!

CP : Saiki ayo dilanjut sak lagu maneh, iki ana lagu Pambuka!

CT : Sak lagu maneh!

CP : Pambuka dudu Pambuka SMKI dudu, ki dibacuti karo gambang suling.

Tepuk tangan Bharada Unesa!

Page 85: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Peristiwa Tutur 11

CP : Nggih tepuk tangan sekali lagi Bharada Unesa… Mahasiswa-mahasiswa

pinter-pintere kaya ngonoe

CT : Ya mau dudu Mahasiswa… Mahasiswi!

CP : Mahasiswa, ya iki mahasiswa

MI : Mahashiwa

CP : Maha Bharada

Dos pundi penonton tetep semangat nggih?

CT : Semangat!

CP : Ya tetep semangat!

CT : Semangat kabeh, pemukule sing lanang ya ngganteng-ngganteng, sing

wedok ya ayu-ayu!

CP : Ayu-ayu

CT : Wis! Kapaan ngene iki

MI : Agi, nglirika! macem-macema!

CP : Gak sumbut nek musuh arek mahasiswa, ngene ki gak sumbut

MI : Siji ae kurang kok! Blanjane kurang kok, arep telu ngono? Macem-

macem?

CP : Jok macem-macem koen!

CT : Maksudku iki dhiluk engkas kan lak anu

MI : Medhun mesin…

CP : Iki sing penyanyi iki istimewa cak trubus! Ya kena godha iki Desita

Ayu, Juara satu lomba campursari putri teka SMA 1 Ponorogo!

MI : SMA 1 Ponorogo

CP : Waktu Unesa ngenekna lomba campursari. Terus sing wuyung, sing

wuyung ki Andra Dwi Putra siswa SMA 1 kabupaten Blitar, iki uga

juara satu putra. Tepuk tangan! Unesa, mangga

Peristiwa Tutur 12

CP : Pokoke nek mahasiswa sing maen, wah semangate penonton luar biasa!

CT : Wo… temenan!

CP : Lha yaapa ketok sik kencling-kencling sing maen, biasane kan, biasane

sing maen kan ana sing setengah tuwa

MI : Nek iki jan mak nyus! apadene tukang keyboarde mas

CP : Trubus ki gak nglirik rana blas! nglirik mrana ae

MI : Aku tak mrana ae, pean mranaa ndang! aku tak mrana

CT : Aku nglirik mrana ki kok jan pintere pak Johan iku, kok nggolek sing

wedok gumer-gumer

CP : Kok gumer! Ya apa sih koen iku?

CT : Lha nek gong! Guurr! Mergo saking gumer

CP : Halah, koen paling nglirik sing tengah iku paling

MI : Sing tengah iku penak cak diglundhungne… rana! rana nduk! rana!

CP : Arek kok isa wungkul ngono

CT : Aja ngono, soale ngene cak Pendik, soale kan remaja

CP : Remaja

CT : Iki biyen ya ngono, kurang nemen sak mono

Page 86: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Iki biyen lemu ta?

CT : Hlo… lo lo….

CP : Kok isa kuru koen apakna iki?

CT : Gak tau tak ingoni ngono lo, kuru ngono

CP : Tapi kan modot, iya kan? Asale kan pendhek lemu, malih gak tau

diingoni dadi kuru, modot

MI : Ngenes kula ngrasakaken bojo kula niki

CT : Ngenes apa

TP : Tapi semenjak tak rawat, wajahe berseri-seri, bersinar terus!

CT : He? Apa, dirawat apa?

CP : Ben dina tak kek‟i sinlik ta? Rutin ta?

MI : Rutin sekali mas

CP : Deloken ketipane koyok wong kelilipen

MI : Kaya barongsai

CP : Kaya barongsai matane

CT : Lha kedhip ngonoe

CP : Deloken maneh nek ketip-ketip, apa iku

CT : Ketip kok mrereret, ndang di culek!

MI : Ya gak ngono, saiki wes gak seneng kok mesti ana

CP : Wong gaya kok kaya wong kesurupan!

CT : Jamane sir-siran karo aku biyen ya ngono

CP : Yo ngono ta....?

MI : He eh... sir-siran apane? Wong awake dhewe ketangkep ngono kok!

CP : Hayo ngaku! iku jujur lo ki!

MI : Ketangkep ngono kok sir-siran, kesuen!

CP : O... biyen ketangkep hansip ta ki biyen?

MI : O... ketangkep niki biyen, ten gerdu!

CT : Aja di omongno po‟o?

MI : Lha iya sih?

CT : Ya iya tapi aja banter-banter

CP : Koen lak biasa se?

CT : Ya iya ketangkep, ketangkep! Lha aku ya kepeksan biyen, athuka gak

ambek aku, saking aku mendem!

MI : Heh!

CP : Pokoke mbak Ida

MI : Inggih mas

CP : Sing tak sarane ngono sampean secara rutin iku sampean gunakna terus!

MI : O... inggih!

CP : Macem-macem ada untuk remaja, pokoke kaum wanita bisa

menggunakan pil sinlik seng kepengin wajahnya berseri-seri, bersinar

CT : Bersinar

CP : Kepengin awet muda

MI : Inggih

CP : Sing kepengen bojone mbulet

MI : Bojone mbulet, gak tau nyambut gawe mas iki

CT : Lha ya apa? ancene wis kadhung di PHK. Gak nyambut gawe tapi

nyembadani. Enak rabi mono iki pena masiya gak nyambut gawe tapi

sindhen. Ben mari tanggapan jajan kabeh digowo

Page 87: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

CP : Teka tanggapan oleh sembarang kalir!

CT : O... winginane aku digawakna rukuk-rukuk, ndok omah tak bukak

mambu kabeh!

MI : Sinden mendhing mas pendik

CP : Sampean lek kepengin rasa sakit saat haid, keputihan, pokoke tentang

wanita, gunakan pil sinlik... tepuk tangan untuk pil sinlik... ya wis ayo di

bacutna saiki

MI : Mangga... nderekaken!

CP : Yaapa kowe maeng sido ta gak?

CT : Engko aja dha kesusu mulih, nang omahe cak pendik kabeh!

MI : Awas! tak tekek sampeyan

CP : Bayaranmu lho pira? Wong amplop wis koen gawe nyaur aku ngono...

CT : Lha iya, tak kongkon nang peno

CP : Ya wis ayo bacutna lagune ya?

MI : Inggih!

CP : Iki lagune gethuk

CT : Sapa sing nyanyi?

CP : Dendang Arisando... Bharada Unesa Surabaya....

Peristiwa Tutur 13

CP : Wah... kenek guethuk ki rasane kaya....

Dos pundi penonton semangat terus nggih? Semangat... dike‟i dendang

genthuk...

Iki cak Trubus biasane minggu ngarep, sabtu ngarep ngajeng mangke

njenengan saged kepanggih kalih kanca-kanca campursari Guyub Rukun

Ngimbang Lamongan!

CT : Lamongan

CP : Adoh teka Lamongan kana

CT : Adoh, lagune kuwi mau lagu gethuk, sing nyanyi Dendang

CP : Dendanng Arisando... Biasae Koprol

CT : Ngglundhang-ngglundhung... athik koprol? Mboten cak!

MI : Gak ana musuhe

CT : Lagu Den... Apa lagune Dendang?

CP : Lagu gethuk

CT : Lagu gethuk eling jaman nom-nomanku ambek iki biyen

CP : O... tau dhuwet mbek iki barang?

CT : Hlo... lo... lo... mara tuwaku iku kan ya termasuk panjak, dadi sak

kluwarga wong seni thok, nek teka omah gak athik thothok-thothok

lawang thok... thok... thok... Gak thik, nyanyi... ya aku teka ngarep

lawang “gethuk, asale saka tela”, nom-nomane iki nyemauri aku

“pumpung pethuk cak Bus, cepetan mlebua”, mara tuwa lanang wong

bekase panjak apal teka njero, “ya wis ngono Bus sakarepmu, Aku

maeng wis mari karo Mbokmu”

CP : Mari nyanyi

CT : Mari nyanyi... ambe shalat bengi iku lho!

MI : Ooo....

CT : Mari nyanyi

Page 88: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

MI : Rahasiane maratuwa kok

CT : Athik mlakune karo

CP : Ya wis kono Bus sakarepmu!

CT : Aku mau

CP : Renea tak thuthuk watu

CT : Watu kenek gawe tambane untu

MI : Untune metu

CP : Ya wis, gak krasa Cak Trubus

CT : Ancene awake dhewe ya apa sih, kabeh iku nek jiwa seni, sembarang

kalir marem ning pikir... Deloken po‟o

MI : Sing dilirik sing iku ae

CT : Gak ngono, tingkate wedok ae olehe nabuh byuh, tuitis

CP : Tuitis, iku mene nduwe bojo athik kakean macem ngono, aa....

MI : Thuthuk... eee....

CP : Thuthuki terus

CT : Kabeh gairah-gairah! prasaku

MI : He! kok gairah iku loh... semangat ngono loh kok gairah

CP : Semangat

CT : Disamping semangat kan gairah wajahe sumeh-sumeh

CP : Sumringah

CT : Sumringah... ana situk tak delok kait maeng meneng wae

CP : Sing endi ?

MI : Sing endi ?

CT : Panjak kendhang

CP : Areke pancene menengan, arek gak kakean omong

CT : Gak kakean omong apa?

CP : Dhidhikake Johan kan ngono, koen jok kakean omong lho ya, koen nek

ngendhang, gak oleh... meneng wae

MI : Titenana kowe ngko

CP : Ngono iku masiya onok sajen gak wani njupuk dhe‟e

CT : Gak wani njupuk, nek mari nok omah nggremeng wae

CP : Yo iki kan kanca mahasiswa Cak Trubus... awake dhewe salut ya bahwa

mahasiswa sik enom-enom, nggantheng-nggantheng ngene, kabeh

penyanyine maeng kabeh ya mahasiswi kabeh iku maeng

CT : Mahasiswi kabeh

CP : Ternyata juga bisa menyanyi campur sari dengan baik!

MI : Luar biasa

CP : He eh...

CT : Masiya sing iku mau cak pendik, sing menyanyi pertama

CP : Pertama

CT : Lonthong iku maeng... mahasiswi?

MI : He ?

CP : Dudu, iku mau Mahameru! O... sing nyanyi akeh perut ayame iku mau

ta?

CT : Kok perut ayam, sanggul!

CP : Lha kok bunder-bunder?

CT : Sanggul modhel anyar nggono iku, gak kaya iki... tak tukokna bolak-

balik gak tau cocok

Page 89: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

MI : Gak cocok ae

CP : Senengane tukokna, senengane

MI : Lha wong pancen ditukokna sing sak onde-onde ngene lak ya kaya uler

keciput!

CT : Dhek ingenane gedhe ya muring-muring! Kurang enak

CP : Apa?

CT : Ganti tak tukokna sepet... Tak tukokna sepet iku... wis templekna plek

dadi

CP : Ya wis ayo njaluk pamit

CT : Wis entek ta?

CP : kula Cak Pendik

CT : Kula Trubus karya

MI : Kula Ida Saputri

CP : Ngaturaken Sugeng dalu, pepisahan sawetawis, pinanggih sabtu ngajeng.

Wassalamu„alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Sehidup semati, Vita dan latif!

Page 90: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Lampiran II

POTRET GIYARAN CAMPURSARI TAMBANE ATI (CTA)

TVRI JAWA TIMUR

Giyaran tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009

Pengisi acara saka campursari Bharada Unesa Surabaya

Page 91: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Pimpinan campursari Bharada kang lagi mirsani adicara CTA ing TVRI Jawa

Timur

MC nalikane nggiyarake adicara CTA ing TVRI

Page 92: BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR...alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian

Para penabuh gamelan campursari kang lagi ngrungokake penyiar CTA

Para Pamirsa ing studio TVRI Jawa Timur