12
1 Let’s go to Smart Learning with Fokus! WELCOME TO SMART LEARNING Diterbitkan oleh CV Sindunata Jl. Diponegoro No. 123 Kartasura, Sukoharjo 57166 Telp. (0271) 781797, 781853 Email: [email protected] Penulis : Tim Catha Edukatif Editor : Reni Wahyu Hapsari Setter : Isnani Muthoharoh Ilustrator : Andika, Margo Art Design : Teguh Pribadi Mengacu SK Gubernur Jateng No: 423.5/5/2010

Basa Jawa 6 PROTA Upload

Embed Size (px)

DESCRIPTION

FOKUS SEMESTER 1 2014/2015

Citation preview

  • 1Lets go to Smart Learning with Fokus!

    WELCOME TO SMART LEARNING

    Diterbitkan oleh CV SindunataJl. Diponegoro No. 123 Kartasura, Sukoharjo 57166

    Telp. (0271) 781797, 781853Email: [email protected]

    Penulis : Tim Catha EdukatifEditor : Reni Wahyu HapsariSetter : Isnani MuthoharohIlustrator : Andika, MargoArt Design : Teguh Pribadi

    Mengacu SK Gubernur Jateng No: 423.5/5/2010

  • 2Bahan PiwulanganPembelajaran berangkat dari kajian teori yang telah tersurat, dan realisasi dari proses pengalaman hidup. Materi mengemban fungsi sebagai pendulum pembelajaran menuju proses yang sistematis, efektif, efisien, dan berbudaya. Materi Fokus sarat dengan nilai-nilai edukatif, etika, dan kecakapan hidup.

    1Piranti lan Sarana PasinaonMedia dan metode pembelajaran merupakan bagian dari rencana pembelajaran. Validitas dan akurasi keduanya, menjadi salah satu syarat menuju keberhasilan pembelajaran. Pembelajaran dengan metode Aktif, Inovatif, Efektif, dan Menyenangkan (PAIKEM) merupakan pendekatan yang digunakan Buku Fokus agar pembelajaran lebih bermakna.

    2

    Gladhen, Gladhi, lan Ajang GladhenPembelajaran berorientasi pada proses dan hasil. Keduanya terintegrasi dan terelaborasi melalui pengukuran kompetensi dan pengembangan perilaku. Standardisasi keberhasilan tidak hanya berupa skor, tetapi juga terciptanya kebiasaan. Kebiasaan harus dikreasi. Kebiasaan harus dilatih. Dari situlah keahlian bermula. Keahlian hanya dimiliki oleh mereka yang sering berlatih. Penilaian pembelajaran dalam Buku Fokus mencakup penilaian afektif, kognitif, dan psikomotorik.

    3

    Angkah Pandaya KapribadenPembelajaran menjadi media untuk menggali keutamaan. Teori yang tersurat dan peristiwa yang terlihat, menjadi kaca benggala untuk menumbuhkan kebiasaan berbudaya luhur dalam interaksi, baik dengan sang Pencipta, sesama manusia, maupun jagat raya. Puncak perjalanan keutamaan manusia adalah kemampuan mempersonifikasikan diri menjadi pengemban dan pelaksana CITRA MULIA SANG MAHA. Pembelajaran dalam Buku Fokus sarat dengan nilai-nilai Karakter dan Budaya Bangsa Indonesia.

    4

    Kawruh JawaBerisi tentang teori dan informasi-informasi penting yang berhubungan dengan mata pelajaran dan budaya lokal. Bermanfaat untuk menambah pengetahuan dan merangsang keingintahuan peserta didik pada informasi yang telah disajikan. Dengan demikian peserta didik dapat mengetahui tentang informasi yang belum pernah diketahui sebelumnya.

    5

    Lets go to Smart Learning with Fokus! Buku Fokus menyajikan keunggulan materi dan strategi belajar baru yang akan mengantarkan peserta didik memasuki Pembelajaran Aktif, Inovatif, Efektif, dan Menyenangkan!

    The Power of Book

  • 3Table of ContentWelcome to Smart Learning ....................................................................................... 1The Power of Book ...................................................................................................... 2Table of Content .......................................................................................................... 3

    WULANGAN 1: OLAHRAGA ....................................................................................... 5

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ...... 6A. Crita Bocah ...................................................... 6B. Nglapurake Asil Panaliten ................................ 8

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 10A. Maca Wacan .................................................... 10B. Nulis Karangan ................................................. 11

    WULANGAN 2: LINGKUNGAN .................................................................................... 21

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 22A. Crita Wayang Raden Permadi .......................... 22B. Nanggapi Asil Panaliten .................................... 23

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 25A. Maca Aksara Jawa Nganggo Pasangan .......... 25B. Nulis Ukara kanthi Aksara Jawa ...................... 25

    ULANGAN TENGAH SEMESTER 1 ............................................................................. 36

    WULANGAN 3: BUDI PEKERTI .................................................................................... 42

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 43A. Nyemak Crita Bocah ........................................ 43B. Nglapurake Asil Panaliten ................................ 44

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 46A. Nembangake Tembang Pangkur ...................... 46B. Nulis Karangan ................................................. 47

    WULANGAN 4: TETANEN ........................................................................................... 56

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 57A. Nyemak Crita Wayang Raden Permadi ........... 57B. Micara Asiling Panaliten ................................... 58

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 61A. Maca Wacan Nonsastra ................................... 61B. Nulis Aksara Jawa ............................................ 62

    ULANGAN SEMESTER 1 ............................................................................................. 71

  • 4WULANGAN 5: KEPAHLAWANAN ............................................................................. 77

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 78A. Nyemak Pidhato ............................................... 78B. Isi Pidhato ........................................................ 79

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 82A. Pidhato ............................................................. 82B. Pacelathon ....................................................... 83

    WULANGAN 6: PENDHIDHIKAN ................................................................................ 93

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 94A. Crita Wayang .................................................... 94B. Pidhato ............................................................. 97

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 99A. Maca Aksara Jawa ........................................... 99B. Nulis Aksara Jawa ............................................ 101

    ULANGAN TENGAH SEMESTER 2 ............................................................................. 110

    WULANGAN 7: KERAJINAN ....................................................................................... 114

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 115A. Ngrungokake Sesorah (Pidhato) ...................... 115B. Pidhato ............................................................. 116

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 118A. Maca Pidhato ................................................... 118B. Nulis Karangan ................................................. 118

    WULANGAN 8: PARIWISATA ...................................................................................... 127

    Kagiyatan Piwulangan 1: Nyemak lan Micara ..... 128A. Nyemak Crita Wayang ..................................... 128B. Tembang Kinanthi ............................................ 129

    Kagiyatan Piwulangan 2: Maca lan Nulis ............. 131A. Maca Aksara Jawa ........................................... 131B. Nulis Aksara Jawa ............................................ 131

    UJIAN AKHIR SEMESTER ........................................................................................... 140

    DAFTAR PUSTAKA ...................................................................................................... 144

  • 5Sumber: sdn5bumirejo.wordpress.com

    Pambuka

    Olahraga iku becik ditindakake supaya awak waras. Manawa awak waras nindakake kagiyatan apa wae bakalane kepenak. Kamangka wong urip iku ora bisa nglakoni urip kepenak manawa raga lagi lara. Kanggo ngupaya supaya jiwa lan raga tansah bagas waras, para manungsa kudu gelem njaga kasarasan. Mula olahraga iku sawijining kagiyatan kang gedhe paedahe. Akeh werna lan jinising o lahraga, kayata badmin ton, mlaku-mlaku, bal-balan, senam, sakpanunggalane. Ayo saiki padha olahraga supaya duweni awak kang waras ora gampang lara.

    Komponen Silabus

    OLAHRAGAWulangan 1

    Standar Kompetensi1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam

    wacana lisan melalui pembacaan teks cerita anak dan cerita wayang.

    2. Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang hasil pengamatan dengan ragam bahasa tertentu.

    3. Mampu membaca dan memahami teks nonsastra, membaca huruf Jawa, dan mengapresiasikan tembang macapat.

    4. Mampu menulis karangan dalam ragam bahasa tertentu dan menulis huruf Jawa.

    Kompetensi Dasar1.1 Mendengarkan cerita anak.2.1 Melaporkan hasil pengamatan.3.1 Membaca pemahaman teks nonsastra.4.1 Menulis karangan.

    Alokasi Waktu.... x 1 jam pelajaran (diisi oleh guru)

    Metode Pembelajaran- Ceramah- Listening Teams

    Media dan Sumber Belajar- Buku Teks Basa Jawa kelas 6.- Kamus Basa Jawa.- Slide PowerPoint, dan lain-lain.

  • 6A Crita BocahCrita bocah yaiku crita kang ditujokake kanggo bocah. Saka critane bocah

    bisa dimangerteni pengalaman urip lan bab kang magepokan karo bocah, lan uga bisa njupuk mupangate.

    Crita iku kena kanggo nyenengake bocah, kayata crita dongeng. Manawa maca dongeng padatane bocah-bocah padha seneng atine. Ngrembug babagan dongeng, pranyata jenis dongeng iku maneka warna, kayata:1. Legenda, yaiku dongeng kang isine nyritakake dumadine papan utawa

    panggonan.2. Fabel, yaiku dongeng kang nyritakake panguripane kewan-kewan. Dadi

    kewan-kewan mau dianggep kaya manungsa bisa omong-omongan.3. Mite, yaiku dongeng kang nyritakake alam lelembut.4. Sage, yaiku dongeng kang nyritakake babagan kepahlawanan.

    Wondene unsur-unsur intrinsik crita ing antarane: 1. Tema, minangka pokoke rembug kang dilantarake ing crita.2. Amanat, minangka piweling utawa pesen kang ana ing crita.3. Alur, minangka rerangkening crita kang rinakit kanthi nalar.4. Watak, minangka gambaraning sipat paraga ana ing sawijining crita.5. Latar, minangka panggonan dumadining prastawa utawa kedadeyan ana ing

    crita. Latar iki bisa arupa papan, ruwangan, lan wektu dumadining crita.6. Sudut pandang, minangka carane pengarang nggambarake paraga (tokoh)

    ana ing crita.Gatekna crita kang diwacakake kancamu ing ngisor iki kanthi permati!

    Kodhok lan BekicotDening: Impian Nopitasari

    Bekicot karo Kodhok mono kanca raket sing sedina-dina tansah bebarengan ing ngendi wae. Senajan cara mlakune beda, sing siji cepet, sing siji nggremet, nanging kekarone wis kaya sedulur si-narawedi.

    Senajan ngono, kadhangkala Bekicot sok ngrasa Gusti Mahakuwasa ora adil, geneya Kodhok bisa sakepenake mencolot mrana-mrene dene dheweke mlaku wae rekasa kathik isih kudu nggawa omah sisan.

    Penak ya Dhok dadi kowe ki, ujare si Kicot marang Kodhok.Penak piye ta sing kok maksud? Kodhok ganti takon.Ya awakmu ki lakune cepet, nyang ngendi-endi bisa, ora nggremet Ian

    kudu nggawa omah kaya aku.Hush, aja ngomong ngono. Awake dhewe kudu tansah sukur marang

    Sing Nggawe Urip. Apa-apa sing kok arani ala, durung karuan ala kanggo kowe.

    Kagiyatan Piwulangan

    Dhisiplin Mandiri

    1 Nyemak lan Micara

  • 77

    Sumber: news.liputan6.com

    Pambuka

    Pahlawan, yaiku wong kang duweni jasa kanggo negara. Wong sing wis duwe lelabuhan becik bisa diarani pahlawan.Kang sinebut pahlawan racake diarani wong sing mbelani nusa bangsa dhewe. Ana werna-werna pahlawan antarane pahlawan nasional, kamardikan, revolusi, pembangunan, lan sapanunggalane. Pahlawan iku uga migunani tumrap ing manungsa liya, duwe ati kang jembar, pikiran maju, seneng makarya kanthi gregetan sapanunggalane. Ayo dadia manungsa kang uga migunani kanthi tumindak sing becik kanggo gawe mulyaning negara lan sinau sing sregep iku salah sawijining pakarti sing mulya.

    Komponen Silabus

    KEPAHLAWANANWulangan 5

    Standar Kompetensi1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam

    wacana melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.

    2. Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.

    3. Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa.

    4. Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.

    Kompetensi Dasar1.1 Mendengarkan teks pidato. 2.1 Menceritakan isi pidato sesuai unggah-ungguh.3.1 Membaca teks pidato.4.1 Menulis karangan (parafrasa, dialog, narasi,

    dan sebagainya).

    Alokasi Waktu.... x 1 jam pelajaran (diisi oleh guru)

    Metode Pembelajaran- Ceramah Variatif- Learning Starts With a Questions

    Media dan Sumber Belajar- Buku Teks Basa Jawa kelas 6.- Kamus Basa Jawa.- Slide PowerPoint, dan lain-lain.

  • 78

    A Nyemak PidhatoPidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong

    akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah, yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh. Kagiyatan micara ing sangarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku:1. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang

    pamiyarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.

    2. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan. Tuladhane kayata diskusi lan rapat.Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing

    ngisor iki.1. Naliti prakara kanthi:a. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.b. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata

    piro, lan sapanunggalane.c. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa

    apa.d. Milih lan mbatesi topik.2. Nata pidhato kanthi:a. Nglumpukake bahan.b. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).c. Ngandarake kanthi cetha.3. Gladhen kanthi migatekake:a. Intonasi utawa lagu swarab. Sikapc. Gaya basad. Wirama

    Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan pambuka, yaiku:1. Nata pokok-pokok pikiran.2. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok.3. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).4. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

    Kagiyatan Piwulangan

    Mandiri Seneng maca

    1 Nyemak lan Micara

  • 79

    Gatekna tuladha pidhato ing ngisor kanthi permati!

    Mengeti 17 Agustusan Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak saha ibu ingkang satuhu kinurmatan. Sagunging para warga

    kampung Sukarena sumangga kula ndherekaken caos puja lan puji syukur datheng Gusti ingkang Mahakuwasa. Awit kula lan panjenengan sedaya pinaringan bagas waras rahayu saha wilujeng katitik ing dalu punika. Kita seged makempal sesarengan minangka mengeti dinten lahiripun Kamardhikan RI 17 Agustus.

    Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang genekut ing raos suka bagya. Kanthi dhatengipun 17 Agustus punika wasana ing kampung kita badhe ngawontenaken kagiyatan-kagiyatan kadosta reresik kampung, bakti sosial, lan sanes-sanesipun.

    Bapak-bapak lan ibu ingkang kinurmatan,Mila saking punika kula selaku Ketua Warga Sukarena ngajak dhumateng

    para warga supados nyengkuyung punapa ingkang badhe pun wontenaken sedaya kagiyatan ing 17 Agustus mangke supados saged lancar ugi sukses migunani tumrap para kulawarga lan masyarakat. Wasana cekap sumanten atur kula menawi wonten lepat anggen kula matur, (muna-muninipun) kula nyuwun pangapunten.

    Wassalamualaikum Wr. Wb.

    B Isi PidhatoSakjeroning pidhato paling wigati iku kudu apal apa sing arep diandharake.

    Pidhato iku bisa kasil kanthi becik mentale uga kudu kendel, suwarane kudu banter. Ancas utawa tujuane wong pidhato iku bisa kapilah:1. Atur Pambagya Atur pambagya, yaiku pidhato kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae.2. Atur Kabar, Pawarta, utawa Informasi Informasi ing kene arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamiarsa (pangrungu/pendengar).3. Atur Panglipur/Hiburan (Menghibur) Pidhato kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe.4. Pangajak Pidhato kang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu, katut ketarik atine lan gelem nindakake apa kang kawedharake ing pidhato. Umpamane pidhato ing papan ibadah, pidhato ing babagan agama, lan sapiturute.

  • 80

    Ana ing naskah pidhato iku ana wewaton lan paugerane, yaiku sing diarani cengkorongan utawa ngengrengan pidhato kang arane pambuka, isi, lan penutup. 1. Pambuka yaiku : Mangayubagya marang para rawuh kanthi ngaturake

    panuwun uga ngaturake wigatine pepanggihan. 2. Isi Pidhato yaiku : a. Ngaturake rasa syukur marang Gusti.b. Ngaturake rasa seneng merga acara ing pepanggihan bisa kaleksanan.c. Ngaturi para rawuh.d. Paring puji lan donga.3. Penutup yaiku : Nyuwun pangapura sakabehing solah bawa lan muna-

    muni nalika pidhato.Gatekna pidhato ing ngisor iki kanthi permati!

    Dina PahlawanAssalamualaikum Wr. WbIngkang kinurmatan, bapak/ibu guru saha para kanca ingkang kula

    tresnani. Puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Mahakuwasa ingkang sampun paring kesarasan saengga kitha saged kempal kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.

    Ing pengetan dina pahlawan iki, kitha penerus bangsa kudu ngeling-eling lan menghargai perjuangane para pahlawan. Salah sijining cara menghargai perjuangan para pahlawan, yaiku sinau sing sregep. Maksude sinau sregep, yaiku supaya kitha bisa dadi Pahlawan Pendidikan. Salah sijining pahlawan pendhidhikan, yaiku Ki Hajar Dewantara. Semboyane sing terkenal kanggo pendhidhikan, yaiku Tut Wuri Handayani. Artine semboyan iku sing mburi wenehi dukungan. Ki Hajar Dewantara uga ngedekake sekolah sing jenenge Taman Siswa. Siji maneh pahlawan pendhidhikan, yaiku Raden Ajeng Kartini. Dheweke sing njuangake pendhidhikan kanggo wong wadon. Salah sijining karya Raden Ajeng Kartini, yaiku Habis Gelap Terbitlah Terang.

    Syukur paling akeh menyang Gusti Mahakuwasa sing isa kitha lakukake saiki. Kitha isa ngrasakake sekolah apik tenan, budhale ya ora kangelan, lan gurune padha teladhan. Cara kitha syukur, yaiku ya sinau sing sregep. Ing pelosok, kanca-kanca kitha pada kangelan sekolah amarga gurune mung sethithik. Sekolahe ya ora apik-apik kaya sing kitha gawe saiki. Gurune biasane ya ana sing ora teka. Tiwas budhale nantang, dalane jeblok ora karuan, teka sekolah ora ana sing mulang. Aku ora isa ngrasakna sing dadi kaya ngunu kuwi.

    Pendhidhikan iku ora mandang tuwa-enom. Kitha kabeh wajib sinau, ing ngendi wae iku. Kitha kudu luwih bisa njuangake pendhidhikan luwih teka pahlawan-pahlawan mau.

    Kembange kembang cempaka, dudu kembang arum dalu. Mumpung sira isih mudha, kudu sregep ngudi ngelmu. Cukup sakmene dakaturake. Mbok bilih ana kalepatan sing disengaja lan ora disengaja kula nyuwun ngapura.

    Wassalamualaikum Wr. Wb

  • 81

    Gladhi Piwulang

    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis miturut teks pidhato Mengeti 17 Agustusan ing ngarep! Garapen bebarengan karo kanca sabangkumu!

    1. Apa tegese pidhato iku? Wangsulan: ............................................................................................... ...................................................................................................................

    2. Sapa sing nindhakake pidhato? Wangsulan: ............................................................................................... ...................................................................................................................

    3. Nindakake apa warga Sukarena saben 17 Agustus?Wangsulan: ............................................................................................... ...................................................................................................................

    4. Sapa sing digatekake ana ing pidhato kuwi? Wangsulan: ............................................................................................... ...................................................................................................................

    5. Apa pangajake bapak ketua warga kampung Sukarena marang kabeh wargane? Wangsulan: ............................................................................................... ...................................................................................................................

    Gladhen

    Kanthi bebarengan karo kanca sabangkumu, tulisen isi pidhato kang wis korungokake! Banjur andharna ana ing ngarep kelas kanthi banter!

    Angkah Pandaya KapribadenKitha penerus bangsa kudu ngeling-eling lan ngregani perjuangane para pahlawan. Salah sijining cara ngregani perjuangan para pahlawan, yaiku sinau sing sregep. Mula kita kudu tansah ngucapake syukur marang Gusti kang Mahakuwasa. Kepriye caramu ngugemi rasa syukur iku?1. Lingkungan Keluarga : ......................................................................... .............................................................................................................. ..............................................................................................................2. Lingkungan Sekolah : .......................................................................... .............................................................................................................. ..............................................................................................................

  • 82

    A PidhatoNgandharake ngenani sawijining bab ana ing ngarepe wong akeh bisa

    ditindakake kanthi pidhato. Pidhato kang becik ora kudu suwe, nanging sing wigati isine utawa bakuning rembugan cetha. Dadi wong kang ngrungokake iku bisa mudheng karo karepe pidhato kang diandharake.

    Dene rantaman pokok-pokok sesorah, yaiku:1. Salam Pambuka Salam pambuka, yaiku ngaturake salam sing sepisanan minangka wiwitane

    sesorah. Kang prelu dimangerteni, ora ana gunane ngucap salam sawise nyebut para rawuh.

    2. Purwakaning Atur Purwakaning atur, yaiku atur panuwun marang para tamu anggone rawuh

    ing papan kono lan puji syukur marang Gusti.3. Isi (Wigatine Atur) Isi, yaiku kabeh bab sing prelu diwedharake.4. Dudutan (Simpulan) Dudutan, yaiku pokok saka isi sing diwedharake.5. Pangajeng-ajeng Pangajeng-ajeng, yaiku panyuwunan (pangarep-arep) marang sing

    ngrungokake bab isine sesorah.6. Panutup Panutup, yaiku atur panuwun lan pangapura anggone sesorah.Teks pidhato ing ngisor iki wacanen kanthi becik ana ing ngarep kelas!

    Nuwun,Bapak kepala sekolah ingkang kula bekteni, para dewan juri saha

    sedaya tamu ingkang kinurmatan, tuwin kanca-kanca ingkang kula tresnani.

    Keparenga kula minangka sulihipun Panitia Lomba Geguritan se-Karesidenan Surakarta atur pambagya harja dhumateng para rawuh sedaya.

    Salajengipun keparenga kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya ingkang sampun kersa caos pambiyantu saengga adicara menika saged kalampahan kanthi rancag.

    Kagiyatan Piwulangan

    Seneng katentreman Rasa pengin mangerteni

    2 Maca lan Nulis