View
28
Download
0
Category
Preview:
Citation preview
42
BAB 3
SUNTINGAN TEKS
Pupuh I (Pangkur)
//o// 1. //Yata kawarnaa enjang/ Seh Jangkung mangetan lampahneki(-1)/ ambekta
kitiran wau/ pan sarwi den plajengna/ sakarsaning dugi Blambangan wau(-1)/
gangsal wulan laminira/ ambekta kitiran nenggih//
2. //Awangsul kiduling Rembang/ wonten bathang mahesa dipunlebeti(+1)/
tigang wulan laminipun/ ing jro bathang mahesa/ dupi wonten lare angon
kathah wau/ abebathang mahesa(-1)/ wonten ingkang anjejegi//
3. //Kangge dolanan(-3)/ dene remen bathang tan bosok(i)(-2) / dalunipun Ki Seh
wau/ sigra denira medal/ linggih sela thenguk-thenguk denya manduk/ aran
dhusun Landhoh ika/ punika purwane nguni//
4. //Dadya yasa patilasan/ masjid alit damel salat ta nenggih/ wus sawarsa
laminipun/ Seh Jangkung duk kelingan/ yata sanget dhateng bok ayunipun(-1)/
yen dalu ngipi1 supena/ kadya sinendhal kang galih//
5. //Sak sajadhek bang lumampah/ datan towa […]//
6. //[…]gapyak irinya(-3)/ ting sasenggruk wau tiyang kekalih/ Nyai Banjur alon
muwus/ dhuh adhi aku nadyan/ lawas temen gonmu lunga sira iku/ dene nora
nana teka/ gonku muji saben bengi//
7. //Mung ariku bae arya/ anyandhungaken rasa apa iki/ sawaluh gedhene iku/
luputa sakara-kara(+1)/ saparane bisa amanggya rahayu/ saparane den sihana/
iya ing dhadhaning jalmi// 1 Bentuk baku dari kata ini adalah ‘ngimpi’ (bermimpi).
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
43
8. //Kang rayi alon turira/ kasinggihan dhawuh sampeyan ugi/ kula sampun
tigang taun/ lumajangaken kitiran(+1)/ inggih boten kauban griya puniku/ bilih
bakune dhukuhan/ dhusun Landhoh samaneki//
9. //[…] kula supena(-3)/ pan pinanggih kelayan gon sun kang nyalib(+1)/ tur alon
muwus(-3)/ apan pesthi kapanggih sabab(+2)/ saben ingsun muji iku(-4)/ sira
kaundang muliha/ isun cipta jro ning ati//
10. //Abanget kangen mara(-1)/ datan darbe sadulur maning-maning/ lan maninge
iya imanira(u)(+2)/ darbe nadir(-3)/ lamun sira nora sida nemu ukum/ utawa isih
uripa/ aku nadar kurmat Nabi//
11. //Karo ngirima donga pisan(+1)/ marang bapak ibu ingkang wus mulih/ maring
kramatolah iku/ luhur-luhur sadaya/ sun memulia nganti saka tekamu/ ing
mangke sira wus prapta/ iya nuli son takoni//
12. //Lan sira ja lunga-lunga/ ta muliha iya mring wismamu lami(+1)/ ahliwaris
samya lampus/ Dipati Pathi wus pati(a)(+1)/ ingkang rayi umatur anuwun
nyuwun/ inggih wus karsaning Allah/ tiyang gesang angemasi//
13. //Nyai Banjur langkung suka/ ingkang rayi dene kok sampun mulih/ genya
gadhah nadar wau/ dhikir Nabi punika/ linuwaran sarwi memulih mring
dhuwur/ arame tamiyan rowang/ motong mesa miwah kambing//
14. //Gancang kacarita(-2)/ iku kang Seh Jangkung pan lajeng dhukoh2 nenggih(+2)/
sampun kathah tiyangipun/ Seh Jangkung tinuwa tuwa/ dhukuhipun ingkang
aran Landhoh wau/ sampun karya patilasan/ pesalatan nami majid3// //o//
2 Silap tulis dari dhukuh. 3 Kata yang seharusnya adalah masjid.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
44
Pupuh II (Sinom)
//o// 1. //Yata sampun lama-lama/ sakwarsa ing laminika(i)/ Ki Seh Jangkung kesah
sowan/ jeng pangeran Kudus nenggih/ anggeguru sedyaki/ ing marga datan
winuwus/ wus prapteng pasiraman/ pangeran Kudus nujoni/ pan pinarak pra
santri nganther ing arsa//
2. //Seh Jangkung dhepok4 ing arsa/ jeng pangeran ngandika aris(+1)/ eh si iku
wong apa(-1)/ Seh Jangkung umatur aris/ kawula inggih gusti/ tiyang dhusun
Landhoh ngriku/ mila kawula sowan/ dhumateng arsa jeng gusti/ bilih karsa
kawula yen puruhita//
3. //Pangeran Kudus ngandika/ sun narima sira iki/ asal sira atemena/ sira
madhep manthep iki/ mara kumpula dhisik/ kelawan santri akeh iku(+1)/ melu
ngaji sira(-1)/ Ki Seh Jangkung matur aris/ gih sandika mung sakarsa panduka (-1)//
4. //Seh Jangkung pan sampun kempal/ kalih santri kathah nanging/ Seh
Jangkung punika datan/ karsa dherek ngaji(-2)/ karyanya saben ari/ ngiseni
padasan wau/ sakwarsa laminira/ Seh Jangkung neng Kudus nenggih/
karyanira namung ngiseni padasan//
5. //Bangun enjang wayahira/ Seh Jangkung sampun atangi/ lajeng atewa5
kalenan/ pangeran Kudus miharsi/ sarwi ngandika bengis/ eh santri Landhoh
sireku/ apa kurang karyan(-1)/ esuk-esuk nawu iki/ lan maninge apa ana
iwakira//
4 Silap tulis dari dheprok. 5 Silap tulis dari atawa.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
45
6. //Seh Jangkung alon turira/ saben toya inggih Kiyai(+1)6/ amasthi wonten
ulamnya/ Pangeran Kudus nulyaglis/ kinen ngalapa krambil/ rila kang kinon
sampun(-1)/ pikantuk sinaosaken ngarsa(+3)/ enggal dipunpecah nuli/ nglebet
krambil wonten badhere sajuga//
7. //Anulya mundhut lan katingal/ sekawan kathahe sami/ kinen angiseni toya/
wus cumaos aneng arsi/ pangeran Kudus mriksani(+1)/ salebeting kanthi wau/
wonten ulame sadaya(+1)/ sepat lantingan satunggil/ wader pari isinya inggih
punika//
8. //Genthong sanga kabehira/ sanget kinen amriksani/ wonten ulame sadaya/
nanging ulamipun bethik/ pangeran mundhut malih/ toya bokor saos ngayun/
anulyanipun priksa/ pan wonten kutuk satunggil/ amancolot kolet-kolet aneng
arsa(+1)//
9. //Pangeran Kudus saksana/ semu dangu ingkang galih/ anulya wau ngandika/
eh jebeng Landhoh sireki/ apa sira wus mangerti(+1)/ masalah sadat7 puniku/
Seh Jangkung riseksana/ enggal menek uwit krambil/ dugi pupus nginggil
krambil sigra dhawah//
10. //Punika sadat kawula/ Sunan Kudus ngandikaris/ dudu iku kang sun tanya/
sahadat kalimah kalih/ Asshaduanla Ilahaillallah(i)(+4)/ Seh Jangkung alon
umatur/ niku sahadat(-1) punapa/ kala kula taksih alit/ sampun saget sahadat
kadya punika//
11. //Pangeran Kudus usiking tyas(+1)/ wong iki wus angungkuli/ iya marang
jenengingwang/ barang ciptanira nadi/ arsa guru mring mami/ kelahiran bae
6 Kata ‘Kiyai’ terkadang ditulis ‘Kyai’ tergantung penggunaannya untuk memenuhi guru wilangan. 7 Silap tulis dari sahadat.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
46
iku/ apa kang den gurokena(+1)/ wong iki bakal ngungkuli/ marang ingwang ya
bengcik8 ingsun tundhunga//
12. //Pangeran Kudus ngandika/ jebeng Landhoh sira iki/ ingsun durung bisa
mejang/ iya sira mulih dhisik/ yen wus pinaringan osik(+1)/ sira baliya mring
Kudus/ Seh Jangkung umaturira(+1)/ inggih sandika Kiyai/ Ki Seh Jangkung
dyan wiwit lengser ingarsa(-1)//
13. //Seh Jangkung osiking nala/ boten mantuk wismaneki/ sareng dalu wayahira/
balik tapa sedyaneki/ Seh Jangkung malebeng aglis(+1)/ aneng jumbleng
puniku(-1)/ sawarsa laminira/ tan wonten janma udani/ bangun enjang
wayahnya jam pitu ika//
14. //Datan kocap naminira/ selirnya pangeran nenggih/ neng jumbleng arsa
tatoya/ jembutira den gambyongi/ sekar kenanga gadhing/ malathi tuwin
menur(-1)/ Seh Jangkung mesem mulat/ saking jero jumbleng nenggih/ kang
tetoya kaget lamun wonten janma//
15. //Sigra muncul sanalika/ umatur pangeran nenggih/ pangeran dhawuh saksana/
jumbleng kinen ngepung nuli/ nimbali para mantri/ pra santana punggawa
gung/ sampun pepak sadaya/ gegaman tumbak lan keris/ amiranti kados
nglurug neng barisannya(+1)//
16. //Jumbleng pan sampun kinepang/ Seh Jangkung medal tumuli/ den alokaken
wong kathah/ Seh Jangkung lumajeng gendring/ mangilen purugneki/ nenggel
pasar kliwon wau/ ramene pasar ika/ pasar kebek gubras tai/ miwah eset
agengnya sagagang-gagang//
8 Silap tulis dari becik.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
47
17. //Tiyang sapeked9 sadaya/ luntak-luntak samya mulih/ Seh Jangkung
sapurugira/ den bujung santana mantri/ Seh Jangkung dhelik nuli/ plingak-
plinguk kang ambujung/ katelah sapunika/ wonten dhusun Klitheh nenggih/
gih punika ing nguni purwanira(-1)//
18. //Kabujeng badhe binanda/ Seh Jangkung ngatinggal malih/ binuru ing tiyang
kathah/ tiyang satus kang nututi/ yen tebih den antosi/ den cepeng mlajeng
Seh Jangkung/ dumugi kilenira/ ing Dengmak10 ingkang nagari/ samya buyar
ingkang bujeng sami kasayahannya(+3)//
19. //Katelah ing sapunika/ wonten dhusun ingkang nami/ Buyaran duk kalanira/
Panembahan Landhoh uni/ binuru duk rumiyin/ mantri prajurit ing Kudus/
anulya buru-burunya(+1)/ tiyang Kudus sami mulih/ Ki Seh Jangkung dugi
lereh dhusun Gebang//
20. //Kapethuk tiyang lumampah/ bekta bumbung kalih iji/ pan isi legen ika(-1)/
Seh Jangkung angasih-asih/ bok inggih kula sungi/ manira ngorong lumayu/
legen liru ringgit tiga(+1)/ kang jaler gedheg ngesahi/ dhateng sabin karsaning
amanggihan(-1)//
21. //Seh Jangkung taksih alenggah/ tiyang bogor ngucap aris/ lah adhi dika
lereha/ dhateng wisma kula rumiyin(+1)/ Seh Jangkung anauri/ asanget
panrimaningsun/ dika ngampiraken kula(+1)/ nanging wektu dinten iki/ dereng
kenging kula kauban griya(-1)//
22. //Ing dinten wingking kewala/ dika nglarah wisma mami(-1)/ yen wonten
dhusun kang nama/ inggih Landhoh pondok mami/ niku dika tiliki(-1)/ Kyai
9 Silap tulis dari sapeken. 10 Silap tulis dari Demak.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
48
Praya asru muwus/ inggih mangsa sandaya11(-1)/ temtune kula tuweni/ tiyang
bogor naminira Prayaguna//
23. Seh Jangkung ing wuwusira/ yen dika inggih gadhahi/ krambil kalih ingkang
tuwa/ pikantuka sampun garing/ wonten damele ugi/ saksana Ki Praya wau/
gadhahi badhe cikal/ kathahipun kalih iji/ Prayaguna mantuk mendhet
krambilira//
24. //Krambil sampun tinampenan/ dhateng Ki Seh Jangkung singgih/ anulya
buru-burunya(+1)/ Seh Jangkung dhatengaken karsi(+1)/ ambyur saganten nuli/
ambekta krambilnya wau/ kang kinarya tatunggangannya(+2)/ kumambang
aneng ing warih/ Ki Seh Jangkung anut saparannya ombak//
25. //Yen sampun boten rumaos(a)/ yen wonten inggiling warih/ sampun pejah
raosira/ sumepak dya ngemasi(-1)/ sarta salamineki/ Seh Jangkung neng tengah
laut/ pan anut purugya12 ombak(+1)/ kalunta-lunta ing warih/ dugi gisiking
kramat siti Jepara// //o//
Pupuh III (Pangkur)
//o// 1. //Ki Seh Jangkung nulya mentas/ aningali bathang mahesa nenggih/ Seh
Jangkung sigra lumebu/ dhumateng bathang mahesa(+1)/ kawan dasa ari wau
laminipun/ bathang gogrok nulya medal/ ambyur sagara malih(-1)//
2. //Krambil kalih tunggangannya(+1)/ lamun wonten angin saking wetan
nenggih(+1)/ mangilen ing purugipun/ sumepa kadya sarah/ angin saking ing
eler surugnya13 ngidul/ sataun ing laminira/ dugi ing Palembang gisik//
11 Silap tulis dari sandaya. 12 Silap tulis dari purugnya. 13 Silap tulis dari purugnya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
49
3. //Ing dalu pan lajeng mentas/ ing dharat tansah Jangkung malebeng aglis(+1)/
daleme jeng sultan wau/ Palembang samana(-1)/ terus wingking malebet ing
jumblengipun/ tigang sasi laminira/ datan wonten kang udani//
4. //Sampun pejah raosira/ datan ngrasa yen mambet ganda bacin/ lir kadya
lenggah neng babut/ gandanya amrik ngambar/ yen upami mambet ganda tan
wrh14 wau/ sawengi bae tan tahan/ raose dipunpejahi//
5. //Warnanen nagri Palembang/ tinerajang prahara pagering(-1)/ nagara miwah
ing dhusun/ tan ana kaliwatannya(+1)/ tiyang sakit enjing sonten lajeng
lampus(-1)/ tiyang sakit sonten ika/ enjing lajeng angemasi//
6. //Sultan Palembang sungkawa/ dene kathah abdine kang ngemasi/ kalangkung
sejatosipun/ tan karsa dhahar nendra/ dyan warnanen enjang wanci pukul pitu/
cethinya sultan palembang/ dyan tetoya jumbleng nenggih//
7. //Seh Jangkung dupi tumingalan(+1)/ pan pinuju tumenga ningali inggil(+1)/
cethi kang tatoya wau/ jembutnya kinanthilan/ sekar adhi15 kenanga pituwin
menur/ Seh Jangkung mesem tumingal/ kadya lidhah kinaeksi//
8. //Cethi kagyat duk tumingal/ jroning jumbleng wonten tiyangnya nenggih/
cethi enggal nulya mantuk/ umatur kangjeng sultan/ inggih gusti kawula
matur saestu/ lebet jumbleng wonten janma(+1)/ hamba waspadeng pribadi//
9. //Jeng sultan Palembang ngandika(+1)/ dhawuhaken jumbleng kinen ngepung
aglis(+1)/ prajurit punggawa agung/ pan samya ngepung sadaya(+1)/ ingkang
banter prajurit lajeng malebu/ jumblengnya sigra priksa(-1)/ leres wonten
tiyangneki//
14 Silap tulis dari wruh. 15 Silap tulis dari adi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
50
10. //Parentah kinen medal(-1)/ Seh Jangkung anulya medal nuli(-1)/ sampun
binekta ing ngayun/ dhumateng ngarsa sultan/ Ki Seh Jangkung alenggah
ngarsa tumungkul/ jeng sultan Palembang ngandika(+1)/ sinten sing nambet
mawangi//
11. //Lah ing pundi wisma dika/ lawan malih punapa sedyaneki/ dhateng
jumbleng kang jinujug/ kelangkung sukerira/ napa dika badhe dhusta marang
gusti(u)/ Seh Jangkung alon turira/ kula tiyang Tanah Jawi//
12. //Seh Jangkung nami kawula/ wisma kula dhusun Miyana gusti/ jeng sultan
ngandikarum(-1)/ punapa ingkang sinedya(+1)/ dhateng jumbleng puniku
ingkang jinujug/ amasthi kenging hukuman/ dika kula ukum pati//
13. //Seh Jangkung alon turnya(-1)/ lah sumangga karsa paduka gusti/ wonten
mutangalim ngriku/ majeng turi16 panimbang/ saos unjuk dhateng kangjeng
sultan wau/ gih tiyang punika(-2)/ sampun dipunukum gusti//
14. //Sabab nagari Palembang/ waktu niki kathah kang penyakit(-1)/ luhung
katedhani tulung(+1)/ kinen namba kang lelara(+1)/ lamun saguh boten estu ulun
ukum/ jeng sultan dadya ngandika/ leres rembang dika kyai//
15. //Jeng sultan lajeng ngandika/ mring Seh Jangkung kinen majeng mariki/ Seh
Jangkung umareg gupuh/ sultan alon ngandika/ napa dika nyagahi dadi
dhukun(-1)/ nambani abdi kawula/ sadaya kang nandhang sakit//
16. //Yen saget mulyakaken(-1)/ boten estu dika kula ukumi/ Seh Jangkung alon
turipun/ sagah dereng kantenan/ bok manawi katrima ingih panuwun/ dhateng
Allah kang kwasa(-1)/ mangke dalu den lekasa(-1)//
16 Silap tulis dari ture.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
51
17. //Jeng sultan kondur jro pura/ angedhaton punggawa samya mulih/ warnanen
ing dalunipun/ Seh Jangkung andedonga/ anenuwun ing Gusti Kang Maha
Luhur/ asalat kalih rekangat/ katrima panuwuneki//
18. //Sadaya tiyang kang lara/ enjang waluya kados ing nguni(-1)/ nagari miwah
ing dhusun/ pan samya multha sadaya(+1)/ kangjeng sultan arena
penggalihipun(-1)/ enjang jeng sultan sineba/ mring punggawa para mantri//
19. //Ki Seh Jangkung munggeng ngarsa/ kangjeng sultan ngandika arum
amanis(+1)/ lajeng ngandika Seh Jangkung/ sun mesthi tampi ganjarannya(+2)/
lamun wonten saget nambani wau(-1)/ panyakit nagri Palembang/ mesthi kula
ganjar putri//
20. //Separo nagri Palembang/ ing sakniki mesthi dika tampani/ Seh Jangkung
umatur nuwun/ sumangga karsa sultan/ Ki Seh Jangkung pan sampun
katriman wau/ putrane jeng sultan Palembang(+1)/ Retnadiluwih kang nami//
21. //Tan cinandra warnanira/ inggih ayu tur sedhep mrak ati(-1)/ sapolahe gawe
wuyung/ kaduk raga ke raga/ sampun atut genya palakramaku(-1)/ Seh
Jangkung jumeneng sultan/ Palembang ingkang sapalih//
22. //Sasampunira pinrenah/ Ki Seh Jangkung aneng Palembang nagri/ sataun ing
laminipun/ boten sakeca manah/ sabab dene dereng dugi lampahipun/ lereh
jumenenga sultan/ pan dereng eca kang galih//
23. //Warnanen ing dalunira/ wayahipun kinten ing tengah wengi/ dyan lolos wau
Seh Jangkung/ datan pamit kang garwa/ atut wuri ing sedya ciptanipun(-1)/
dadya ambyur samodra(-1)/ nunggang krambilnya kekalih//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
52
24. //Tan kantenan purugira/ ombak ageng kombul pan kadya ardi/ asilem wau
Seh Jangkung/ cat katon cat katingal/ apan anut saparannya ombak wau/
sangang sasi laminira/ dugi gisik Cerbon nuli//
25. //Yen enjang dhedhe dharatan/ lamun dalu ambyur sagara malih/ krambil
kalih datan kantun/ byar enjang nulya mentas/ lamun wayah bedhug aneng
toya kungkum/ saben dina datan pegat/ Seh Jangkung amendha17 wisya(+1)//
26. //Seh Jangkung sapungkurira/ garwanira babar wawratan neki/ miyos estri
langkung ayu/ anenggih sultan Palembang(+1)/ amriksani ingkang putra darbe
sunu/ jeng sultan Palembang ngandika(+1)/ lakimu ana ing endi//
27. //Kang putra alon turira/ boten pamit kaliyan kula nenggih/ kesahnya dalu-
dalu(-1)/ kula tilem tinilar/ ingkang rama pangandikanira arum/ dene iku wayah
ingwang/ sun arani Rara Sunthi(-1)//
28. //Lairnya bapa tan ana/ dadi sisilih iku sunthi(+1)/ kang putra alon umatur/
sumangga karsa rama/ enengena sultan Palembang winuwus/ kocapa Seh
Jangkung ika/ inggih dhateng Cerbon gisik// //o//
Pupuh IV (Sinom)
//o// 1. //Setaun ing laminira/ dhateng gisik Cerbon nenggih/ lajeng wonten gara-gara/
tiyang Cerbon sami sakit/ sakit enjang sonten mati (+1)/ sonten sakit enjang
lampus/ jeng sultan Cerbon punika(+1)/ adat goning prihatin/ lamun dalu tan
dhahar kalawan nendra//
2. //Kados dugi pitung dina/ sultan Carebon18 neng tritis/ ing dalu ana suwara/
tan katingal wujudneki/ sultan Cerbon sireki/ aja banget sira angluh/ ing gisik
kene ana/ sujanma amendha druwis/ iya iku ingkang bisa nulak lara// 17 Silap tulis dari amindha.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
53
3. //Yaiku den timbalan(-1)/ kinon nambani wong sakit/ amesthi bisa waluya/
nanging yen wus bisa becik/ anakmu wadon iki/ tarimakna uwong iku/ sultan
Cerbon samana/ janggirat anulya tangi/ bangun enjang sultan Cerbon anulya
pinarak(+2)//
4. //Sineba para ulama/ apan andher aneng arsi/ kangjeng sultan angandika/ eh
gandhek sira sun tuding/ nimbali marang druwis/ aneng gisik gone iku/ ana
pinggir sagara/ abareng lakumu iki/ yen tina[…]19 ingsun bakal angersaya(-1)//
5. //Gandhek sakawan gya mentar/ tan kocap aneng ing margi/ wus prapta
pinggir sagara/ ngupados kang amindha druwis/ uluk salam tumuli/ ing ambal
kaping telu/ Seh Jangkung pan katingal/ gandhek matur awotsari/ sarwi
nembah kawula inggih dinuta//
6. //Inggih jeng gusti kawula/ sultan Cerbon kang anuding/ ngaturi dhateng
sampeyan/ supados sarenga mami/ Seh Jangkung ngandikaris/ nginsak Allahi
ya melu Seh Jangkung(+3)/ dyan lumampah(-3)/ gandhek sekawan angiring/ tan
kawarna sampun prapta ngarsa sultan//
7. //Alenggah jajar jeng sultan/ anulya salaman sami/ jeng sultan Cerbon
ngandika/ punapa sami basuki/ punapa sampun lami/ gennya dhateng gisik
ngriku/ lan sinten ingkang nama/ miwah ing pundi wismeki/ lan malihe
punapa ingkang sinedya//
8. //Seh Jangkung nauri sabda/ dhateng gisik sampun lami/ Seh Jangkung nami
kawula/ Miyana ing wisma mami/ bawah nagari Pathi/ dene
18 Kata ‘Cerbon’ dalam naskah ditulis berbeda-beda seperti ‘Cerbon’, ‘Carbon’, dan ‘Carebon’. Tetapi penulisan yang sering digunakan di dalam teks adalah ‘Cerbon’. 19 Tulisan pada bagian ini tidak dapat terbaca karena kertas berlubang. Namun diperkirakan kemungkinan kata lanjutan dari kata tersebut adalah ‘tinanya’.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
54
pikajenganingsun/ punapa saosikira(+1)/ dhumateng Hyang Suksmanadi/
inggih anut punapa kersaning dhalang//
9. //Sultan Cerbon angandika/ mila adhi kula aturi/ inggih wadher angrasanya/
abdi kula kathah sakit/ jeng ngandika jampeni/ ilapate wau dalu/ adhi kang
nambanana/ Seh Jangkung alon nauri/ gih prayogi yen Allah amarengna(-1)//
10. //Mugi wonten karsanira/ toya dhateng mengko nenggih/ kang den utus
sampun prapta/ toya mangkok munggeng ngarsi/ Seh Jangkung dyan tumuli/
toya kinen ngombe wau/ den tambakna saksana/ sekathahe tiyang sakit/
samya saras kang ngombe toya punika//
11. //Tiyang kang sakit punika/ inggih tan kena winilis/ ing dhusun miwah
nagara/ wus sami keratan jampi/ sapalih toyaneki/ ngratani sedayanipun/
sadaya pan sampun mulya(+1)/ kadi wingi-wingi nguni/ jaler estri kang sakit
sampun samya waluya//
12. //Jeng sultan Cerbon ngandika/ pangulu dipuntimbali/ sampun prapta ngarsa
nata/ seh pangulu sira iki/ sira ningkahna nak mami(+1)/ Raden Ajeng Pandhan
Arum/ Seh Jangkung lakinira/ mas kawin Kur’an puniki/ lan masdare rolas
katinya bratira//
13. //Wali ngatur ngurus medal/ kinepung ing ketib modin/ pituwin para sentana/
weradin lan magersari/ abubar kepungan sami(+1)/ berkatnya binekta mantuk/
panjang ambeng saptangan/ satunggil tiyang ngijeni/ pan wus bibar samya
mantuk sowang-sowang//
14. //Warnanen sampun alama/ Seh Jangkung neng Cerbon nenggih/ lulut denya
palakrama/ kang garwa sampun garbini/ wus dhateng masaneki/ sampun babar
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
55
putranipun/ amiyos dalu20 ika/ warnanya kelangkung pekik/ kangjeng sultan
saklangkung bingahira(-1)//
15. //Dene nadhah21 wayah lanang/ warnanya kelangkung pekik/ puput puser
winarna(+1)/ sultan Cerbon ngurmati Nabi(+1)/ nimbali para santri/ pangulu lan
ketibipun/ arame swaranira/ bandhulnya tiyang satunggil/ pan saringgit
kalayan saptangan sutra//
16. //Kang wayah pinaringan nama(+1)/ anenggih Rahaden Mukmin/ pangulu
kinen andonga/ ketib modin angamini/ anulya ambeng mijil/ kendhuren
sampun kinepung/ bakdanya akepungan/ anulya bibaran sami/ sampun
mantuk ketib modin santrenira//
17. //Warnanen Seh Jangkung ika/ krambil kalih kang winarni/ nalika kangge
tunggangan/ waktu ngambang neng jeladri/ krambil ingkang satunggil/ inggih
damel beruk wau/ ingkang satunggil punika(+1)/ kadamel bathok anenggih/
lamun bukti bathoknya kinarya ajang//
18. //Nengena Seh Jangkung ika/ agantya carita nenggih/ nagari Banten kocapa/
wonten kraman pacak bangris22/ kathah telukaneki/ badhe ngepung kitha wau/
jeng sultan Banten winarna(+1)/ asanget genya prihatin/ garwa putra wus sami
ngili sadaya//
19. //Sultan Banten enget ing tyas/ ingkang raka Cerbon singgih/ darbe mantu tur
dikdaya/ dadya nimbali kang abdi/ gandhek mantri kekalih/ ingutus ing
Cerbon gupuh/ sultan Banten winarna/ kalih sultan Cerbon nenggih pranah23
ipe kang sepuh sultan Cerbon ika//
20 Silap tulis dari jalu. 21 Silap tulis dari gadhah. 22 Silap tulis dari baris. 23 Silap tulis dari prenah.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
56
20. //Gegancangan lampahira/ gandhok24 sampun prapta nuli/ jeng sultan Cerbon
ngandika/ ana apa sira mantri/ gandhek umatur aris/ kawula inggih ingutus/
dhumateng rayi paduka(+1)/ sultan Banten kang palinggih/ putra tuwan Ki Seh
Jangkung tinimbalan//
21. //Kinen methukaken kraman/ tiyang Banten sami ngisis/ kithane sampun
kinepang/ rayi paduka adhi(-1)/ Ki Seh Jangkung nujoni/ sampun dhateng
ngarsanipun/ jeng sultan Cerbon ngandika(+1)/ dhateng Ki Seh Jangkung
nenggih/ rayi Jangkung prayogine lumampaha//
22. //Akeh […]nika(-4)/ Seh Jangkung ngandika aris/ inggih sumangga ing karsa/
anulya adan aglis(-1)/ sarta pamit kang rayi/ ingkang putra dipunambung/ Seh
Jangkung sigra budhal/ beruknya datanpa kari/ tan kawarna neng marga apan
wus prapta//
23. //Anjujug panggonanira/ kraman ingkang pacak baris/ pan lajeng mangsuh25
ngayun kraman(+1)/ bendrong ambedhili(-2)/ pan rame swaraneki/ ing tawang
pan kadya pedhut/ mimisnya pan kadya udan(+1)/ Seh Jangkung sigra nadhahi/
sekathahe mimis kebak berukira//
24. //Lamun mimis sampun kebak/ neng beruk wangsul nuli(-1)/ kenging dhateng
mungsuhira/ kang kenging lajeng ngemasi/ wangkenya sungsan26 tindhih/
kepala kraman puniku/ kathahnya sakawan(-1)/ sampun sami den kethoki/
ingkang kantun agiris teluk sadaya//
25. //Jeng pangran miyarsa warta/ yen kraman wus nungkul sami/ kepalane
kinethokan/ abungah sajroning ati/ anulya utusan nuli(+1)/ nimbali dhateng Seh
24 Silap tulis dari gandhek. 25 Silap tulis dari mangsah. 26 Silap tulis dari sungsun.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
57
Jangkung/ wus prapta aneng ngarsa/ pan pinarak aneng kursi/ Ki Seh
Jangkung ajajar lawan pangeran//
26. //Pangeran alon tetanya/ gih adhi Seh Jangkung singgih/ asanget panrima
kula/ saged nambak mungsuh mami/ manawi benjang ugi/ kula sanget angsul-
angsul/ mangkana aturira/ kang rayi nuwun aturing/ bilih karsa punapa den
kersaken(-1)//
27. //Seh Jangkung nauri sabda/ pan boten rumaos lami/ inggih sampeyan kang
begja/ kula dermi anglampahi/ warnanen sangang sasi/ Seh Jangkung neng
Banten wau/ saben ari binoja/ dhateng pangran Banten nenggih/ genya
mondhok inggih ing gedhong ngajengan//
28. //Kawarnaa injangira/ Seh Jangkung pan sami mulih/ apan nuli sesalaman/
rangkul-rinangkulan sami/ pangeran kurmat nuli/ ngantos dugi jawi pintu/
datan kawarnaa ing marga(+2)/ Seh Jangkung apan wus prapti/ dhateng Cerbon
dyan panggih kalayan sultan//
29. //Wus tinutur solahira/ miwiti dalah mekasi/ sultan Cerbon dadya rena/ Seh
Jangkung dipunlayoni/ apan lengser sing ngarsi/ pinanggih lan garwanipun/
kang putra gya cinandhak/ Raden Mukmin den arasi/ ingkang garwa nulya
saos dhaharan(-1)//
30. //Ajangnya bathok kelapa/ ponang beruk ngunjuk warih/ sampun bakda
adhedhaharan(+1)/ linorot rencangireki/ tan kawarnaa lamineki(+1)/ Seh
Jangkung neng Cerbon wau/ kalih taun laminya/ garwanya ingkang anami/
Nimas Ayu putranira sultan Cerbon//
31. //Yata wau kawarnaa/ Seh Jangkung ingkang garweki/ pan ginanjaran
nandhang gerah(+1)/ sampun wonten tigang ari/ asanget genira sakit(+1)/
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
58
tinambak kathahnya dhukunnya(u)(+2)/ tan ana marasna(-1)/ wus puput
yuswanira nenggih(+1)/ tengah dalu Raden Ayu genira seda(+1)//
32. //Enjang layon binersihan apan(+2)/ wus den kubur singgih(-2)/ warnanen Seh
Jangkung ika/ asanget genya prihatin/ putrane taksih alit/ tinilar ing ibunipun/
saweng27 pitulas wulan/ yuswanipun Raden Mukmin/ datan enget tinilar ibune
seda//
33. //Dadya ndherek eyangira/ pinaringan emban nenggih/ pan sakawan kathahira/
warnanen Seh Jangkung singgih/ angun jroning galih(-1)/ tan pegat istiyaripun/
yen sampun awali […](-1)/ manawi supe kang ati/ upamine taksih rinekseng
pangerannya(+1)//
34. //Ing dalu Ki Seh Jangkung kesah(+1)/ nuruti osiking ati/ mangetan ing
lampahira/ beruk bathok datan keri/ ginendhong aneng wuri/ kados santri
lampahipun/ ing marga datan winarna(+1)/ dumugi kendhal nagari/ trus
mangidul dumugi dhistrik Perbuwan//
35. //Seh Jangkung damel dhukuhan/ ing Landhoh namanya desi28/ setaun
sendhen kewala/ datan saret ana bukti/ enget ciptaning ati/ inggih amung
putranipun/ kalisa ing lelara/ enggala ageng tumuli/ umur panjang tumuten
saget lumampah//
36. //Dhumateng dhukuhanira/ Seh Jangkung ayasa masjit/ pan kinarya pasalatan/
akathah tiyang dhatengi/ wuwusen enjang neki/ Seh Jangkung ing ciptanipun/
dhatengaken ing karsa/ nulya kesah ngetan malih/ dugi kidul kilene nagri
Mataram//
27 Silap tulis dari saweg. 28 Kata ‘desi’ seharusnya adalah ‘desa’. Namun, untuk memenuhi ‘guru lagu’ kata ‘desi’ tersebut tetap dipertahankan dan tidak diubah ke bentuk bakunya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
59
37. //Dhukuh Landhoh naminira/ kalih tahun lamineki/ Seh Jangkung anulya
kesah/ dhateng blog gung krapyak nenggih/ kersanya amertapi/ inggih
dhateng rawa blog gung/ sarwi damel agethekan(+1)/ yen dalu ngambang ing
warih/ lamun siyang amunggah ing dharatan(-1)//
38. //Badannya bebel sadaya/ lintah ingkang angantupi/ Seh Jangkung alon
wacana/ apa durung wareg iki/ olehmu ingantupi/ dene sawengi amuput/
lintah regel sadaya/ Seh Jangkung anulya manggil/ buron wana pan samya
prapta sadaya//
39. //Sima bantheng lawan kidang/ menjangan kalawan kancilnya/ kethek lutung
lan garangan/ kebodanu rase prapti/ ingaben sami uthik29/ arame
suwaranipun/ Seh Jangkung langkung bingah/ ningali buron wanadri/ lamun
serap genipun sami bibaran//
40. //Yen enjang prapta sadaya/ buron wana sami beriknya(+1)/ kang sima sami
gelutan/ kidang manjangan kang berik/ sami rencang pribadi/ Seh Jangkung
kekel gumuyu/ mangkana selaminira(+1)/ Seh Jangkung neng blog gung rawi/
dugi gangsal welas sasi laminira//
41. //Wonten kepala tampingan/ ingkang minangka nglurahi/ ing dhusun krapyak
punika/ pan uning tiyang mertapi/ kesah dhateng nagari/ matur dhateng Sultan
Agung/ wus seba aneng ngarsa/ atur pranata ngabekti/ sigra nembah umatur
ngarsa narendra//
42. //Duh gusti unjuk pariksa/ siti krapyake blog gung rawi(+1)/ wonten sujanma
mertapa/ karyanya pan saben enjing/ sakeh buron wanadri/ aprapta sami den
adu/ kethek sami gelutan kidang(+2)/ menjangan lan kancil(-2)/ pan berikan
sami rencange pribadya// 29 Silap tulis dari suthik.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
60
43. //Sultan Agung angandika/ utusan gandhek lumaris/ animbali wong kang tapa/
sekawan gandhek lumaris/ mantri ingkang pinilih/ kawan dasa kathahipun/
dhawuhnya sri narendra/ yen bakang30 penaten nenggih/ banjur kethoke
sepanjer pisannya//
44. //Datan kawarnaa ing marga(+1)/ gandhek mantri sampun prapti/ aneng rawa
blog gung krapyak/ anulya dipunubengi/ tan wonten kedhang-kedhang awit (+2)/ enjing ngantos surup(-2)/ mantri gandhek Mataram/ tan kapanggya
angulari/ kantos sipeng gangsal dinten laminira(-1)//
45. //Wus enjang sami rembagan/ nedya mantuk ing nagari/ wus seba ngarsa
narendra/ umatur ngabyantaraji/ hamba matur ing gusti/ angemban dhawuh(-3)/
pukulan nimbali janma(+1)/ tapa dhateng blog gung krapyak nenggih(+3)/ amba
pados tiyangipun tan kepanggya//
46. //Gangsal dinten laminira/ hamba ugi anca geni/ hamba upados sadaya/
dhusun miwah kanan kering/ taksih datan kapanggih/ sumanggeng karsa
pukulannya31(+2)/ dadya jeng sultan ngandika(+1)/ wis mantri muliha dimin/
lamun ana timbalaningsun sebaa//
47. //Jeng sultan kondur ngedhatyan/ pra mantri bubaran mulih/ kuneng wau
winursita/ Seh Jangkung sapungkurneki/ gandhek kang sami mulih/ Seh
Jangkung sigra angadu/ sakehe buron wana/ berikan kadya ing nguni/ dyan
kapirsa mantri tampingan kang jaga//
48. //Sigra kesah ing nagara/ asaos ngarsa nerpati/ dyan wuwu atur pernata/ aduh
gusti sang nerpati/ hamba ngunjuk sang aji/ tiyang mertapi wau(-1)/ ing
30 Silap tulis dari mbangkang. 31 Silap tulis dari pukulunnya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
61
mangke katingalan/ ing panggenira malih(-1)/ kangjeng sultan animbali
patihira//
49. //Wus cumundhuk ngarsa narendra(+2)/ patih Danupaya nenggih/ jeng sultan
alon ngandika/ patih lungaa den aglis/ anggawa prajurit(-1)/ lan bupati gawa
telu/ sujanma ingkang mertapa(+1)/ kang aneng blog gung kang rawi/
timbalana yen bangga pateni pisan//
50. //Kyana patih tur sandika/ sigra budhalan tumuli/ kairing prajuritira/ gangsal
atus kathahneki/ bupati kang angiring/ sekawan sami gebedhuk32/ tan kocap
aneng marga/ wus prapteng ing bglog gung rawi(+1)/ dyan kinepang kang rawi
krapyak punika//
51. //Seh Jangkung osiking driya/ becik ngatingal wak mami/ pan arsa weruh jeng
sultan/ manawa ta awak mami/ dadi jalaran becik/ saksana Seh Jangkung wau/
anulya angatingal/ kya patih sigra nguluki/ assalamungalahi wasallam(-2)//
52. //Lajeng sami sesalaman/ kya patih ngandika aris/ manira niki dikuta33/ Sultan
Agung ing Mentawis/ ing jengandika kyai/ katimbalan ing Mentarum34/ Seh
Jangkung aturira/ dhumateng rekyana patih/ inggih sumangga punapa karsa
paduka(+1)// //o//
Pupuh V (Kinanthi)
//o// 1. //Sapraptanira Mentarum/ Seh Jangkung binojakrami/ siyang dalu akasukan/
tandhanya respati(-2)/ anggung gawe (dheh digna?)(-1)/ mring santri kaum
ningali//
32 Silap tulis dari gegedhuk. 33 Silap tulis dari dinuta. 34 Dalam teks terdapat variasi penulisan kata ‘Mataram’ yaitu ‘Mantaram’, ‘Mentaram’, ‘Mentarum’, ‘Metarum’, dan ‘Mentawis’. Penggunaan kata-kata ini disesuaikan dengan guru lagu yang seharusnya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
62
2. //Modin Ali nabuh bedhug/ kaji bukak serbaneki/ ngelus-elus gundhulira/
anebut astagpirolahi(+1)/ dene nora akayaha(-1)/ ayu temen wong puniki//
3. //Danureja gone nayub/ tigang dalu lamineki/ Seh Jangkung sinoba-soba35/
yen enjang dherek ki patih/ asaos ing dalem pura/ sumungken ngabyantaraji//
4. //Kuneng wau laminipun/ Seh Jangkung aneng Mentawis/ nenggih wonten
sangang wulan/ datan pegat saben ari/ gunem raos lan jeng sultan/ mungguh
wekasaning pati//
5. //Bupati ingkang rahayu/ rahayu tumekang36 mesthi/ pesthi amrih kautaman/
utamaning ruh ing lapis/ lapis nirbating tingal(-1)/ tingal ing waspadeng Widi//
6. //Jeng sultan ngandika arum/ eh kakang Seh Jangkung nenggih/ manawi
kakang akersa/ gih ugi kula pasrahi/ salere gunung punika/ kidulipun lepen
lusi//
7. //Pun kakang prentah sadarumnya(+1)/ mung saboronga puniki/ pun dados
langgeng (planingra?)/ pendhak mulud seba ngriki/ dugia salaminira/ tumurun
mring putra siwi//
8. //Seh Jangkung alon umatur/ pan sarwi amangan bukti/ asaweg pamopo kula/
anampik pasiyan gusti/ inggih adamel punapa/ anyar gih mengku nagari//
9. //Saben dinten pados mungsuh/ datan ngenakaken ati/ pinten agenging
padharan/ yen pun tuwuk genya bukti/ pan malihe kauripan/ boten umur sewu
warti37//
35 Silap tulis dari sinuba-suba. 36 Silap tulis dari tumekeng. 37 Silap tulis dari warsi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
63
10. //Mung Nabi Adam puniku/ ingkang umur sewu warsi/ upami ing badan kita/
iya adamel tai(-1)/ abrate dasa pakarya/ karya ingkang amrih sukci38//
11. //Punika atur sukulun39/ yen jeng sultan amarengi/ wonten panuwun kawula/
dhusun kang kula dhodhoki/ pan sela sekathahira/ kula suwun ing jeng gusti//
12. //Dhusun Landhoh ingkang catur/ kula suwun ing jeng gusti/ wonten malih
tunggilira/ Miyana keringan nenggih/ pitonipun40 Pajegotan/ wolu dhusun Siti
Abrit//
13. //Sanganipun dhusun Gadhu/ sedasa ing Bentos desi/ sawelasipun Sukalila(+1)/
kalih welas dhusun Kantil/ Sokasumber tiga welas/ kawan welasipun malih//
14. //Wanakusuma dhusun gangsal(+1)/ welas Mrambah nenggih(-2)/ nem belas
Jember kang desa/ pitulas ing dhusun Pering/ wolulas dhusun Dermaya/
sangalas Buwaran desi//
15. //Kalih dasa Watulunyu/ selikur ing Krapyak niki/ kalih likur Sedholika/ tiga
likur ing Wanuri/ kawan likur ing Panjunan/ Gebanganom jangkep neki//
16. //Jeng gusti ngandika rum(-1)/ sumangga ing kersaneki/ kakang Jangkung
boten kersa/ kula pasrahi nagari/ mung dhusun selawe nika/ sumangga kakang
puniki//
17. //Lawan malih kakang Jangkung/ inggih kula angkat linggih/ ajumeneng
panembahan/ dhateng Landhoh kang winarni/ dhusun selawe punika/ kakang
Jangkung kang darbeni//
38 Silap tulis dari suci 39 Silap tulis dari pukulun. 40 Silap tulis dari pitunipun.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
64
18. //Sampun dados dhaharipun/ tumurun mring putra siwi/ sampun kagungan
sampeyan/ Seh Jangkung umatur aris/ asanget panuwun kula/ pasiyanira
nerpati//
19. //Kalayan ta malihipun/ bilih pareng hyang nerpati/ amung ing turun kawula/
jeng sultan paringa idi/ sageta angidenana/ pan nami rahaden iki//
20. //Wonten malih donya agung/ sakadaripun pribadi/ tuwuka kang
dipuntedha(+1)/ sandhang sampun anyenyilih/ upami asugih dunnya/ nora
kenging bekta lali//
21. //Yen pejah teka angerut/ ewuh lebet lawan jisim/ raganya pinendhem lemah/
bosok ajur lawan siti/ kajawi kang wus waspada/ waspadeng enggoning pati//
22. //Ragane tan bosok wau/ pan nganggo kersa pribadi/ puniku janma utama/ pan
boten rumaos mati/ anggalih anggonira(-1)/ alamipun duk ing nguni//
23. //Jeng sultan mesen dikarum/ kawula inggih ngamini/ pan inggih karsa
sampeyan/ kawula anembadani/ kangjeng sultan dhawuh sigra/ sakehe para
bupati//
24. //Sakehe pra bupati iku(+1)/ mancanagara pasisir/ kabeh pada estokena/ yen ing
waktu dina iki/ kakang Jangkung ingsun angkat/ nama panembahan iki//
25. //Sarta ing saturunipun/ tumeka putunireki/ anama raden pra samya/ sakehe
para bupati/ nembah matur mring sang nata/ sandika dhawuh jeng gusti//
26. //Putra santana sadarum/ tuwin rangga demang mantri/ pra samya nembah
sadaya/ dhateng Ki Seh Jangkung nenggih/ margi dhawuh kangjeng sultan/
genipun wau ngurmati//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
65
27. //Dadya jeng sultan dikarum/ kakang Jangkung binjing-injing/ pan samya
kesah ing Mekah/ lajeng dhateng Ngerum nagri/ margi kula mireng yen
raja(+1)/ Ngerum nagari(-3)//
28. //Imam Sapingi kang tutur/ yen badhe nekani mriki/ sarta mawi bekta bala/
badhe bedhah ing Mentawis/ mila usiking tyas kula/ badhe kula rumiyini//
29. //Seh Jangkung umatur arum/ sultan sampun walang galih/ yen raja Ngerum
kewala/ kula sagah bantah ngelmi/ inggih pundi kang kasoran/ amesthi
kaukum mati//
30. //Yen ngaben dikjayanipun41/ kangjeng sultan piyambaki/ yen bantah ngelmi
kawula/ punapa saget nimbangi/ sampun dalu wayahira/ wernanen lajeng
lumaris//
31. //Kangjeng sultan Ki Seh Jangkung/ wus bidhal ing Mekah nuli/ datan kocap
aneng marga/ wus prapta Mekah nagri/ kapanggya imam sekawan/ Sapingi
Imam Maliki//
32. //Anulya salaman sampun/ Sultan Agung matur aris/ dhumateng imam
sakawan/ mila kula sowan mriki/ lajeng dhateng Ngerum pisan/ badhe
panggih rajaneki//
33. //Inggih punapa saestu/ badhe mecah tanah Jawi/ manah kula tan sakeca/
Imam Sapingi nauri/ punapa kersane sultan/ kula amung ingamini42//
41 Seharusnya dikdayanipun. 42 Silap tulis dari angamini.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
66
34. //Anulya bibaran sampun/ Sultan Agung kang winarni/ dhateng Ngerum
karsanira/ Ki Seh Jangkung atut wuri/ tan kocapa aneng ing marga(+1)/
sakedhap Ngerum wus prapti//
35. //Sami jujug ngalun-alun/ Ki Seh Jangkung bekta telik/ Sultan Agung nyekel
walang/ Seh Jangkung ingkang bektani/ anuju raja pinarak/ Ngerum pepekan
sami(-1)//
36. //Punggawa gelar supenuh/ jeng raja Ngerum mriksani/ waspada kekalih
tiyang/ mansak43 walang karyaneki/ sanes tiyang Ngerum ika/ dyan raja
dhawuhaken patih(+1)// //o//
Pupuh VI (Dhandhanggula)
//o// 1. //Kyana patih utusan aglis(-1)/ animbali wong loro ika(-1)/ katingalen44 ing kene (-1)/ kang padha dhingkal-dhingkul/ kaya-kaya dudu wong mriki(-2)/ patih gawa
utusan(+1)/ mantri saos ngayun/ sakedhap sampun kapanggya/ kang dipunutus
mantri alon wacana ris(+1)/ lah dika tinimbalan//
2. //Inggih dhateng raja rum nerpati/ Sultan Agung umiring saksana/ Seh
Jangkung tansah wingkinge/ sakedhap prapteng ngayun/ Sultan Agung
sampun alinggih/ aneng ngarsa narendra/ Seh Jangkung tan ayun/ boten purun
ndherek lenggah/ taksih ngadek patih nyandhak astaneki/ sigra den ajak
lenggah//
3. //Raja Ngerum angandika aris/ uwong ngendi lan paparanira/ kaya dudu wong
ing kene(-1)/ Sultan Agung umatur/ kula tiyang ing tanah Jawi/ nagari ing
Mentaram/ abdi Sultan Agung/ inggih masak mendhet walang/ ngupadosi
walang kang ageng niki(-1)/ adamel loloh gemak//
43 Silap tulis dari masak. 44 Silap tulis dari katingalan.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
67
4. //Sampun ludhes walang tanah Jawi/ damel loloh puyuhe Jeng Sultan/ Agung
Mentaram daleme(-1)/ mila kawula nglurug/ kantos dugi nagari ngriki/
ngupados walangira/ ingkang ageng ngasua(a)(+1)/ raja Ngerum wuwusira/
gonmu mlaku teka kana pirang sasi/ tumekaa ing Ngerum sira(+2)//
5. //Sultan Agung pan umatur aris/ wau enjang gen kula lumampah/ wayah
mekaten dhatenge/ kados wanci jam sapuluh/ raja Ngerum ngandika malih/
Sultan Agung Mentaram teka(+2)/ amisuwur(-2)/ sapira ing dedegira/ apa
dhuwur apa gedhe apa cilik/ dene gok45 akuwasa//
6. //Iya bakal manira lurugi/ patihingsun ingkang isun46 duta/ bedhah sasi ngarep
kiye/ patih bakal lumaku/ gawa bala bana prajurit/ kongkon nuli sadiya/
beteng ingkang dhuwur/ sarta maning gawa rata/ prajurite aja kongsi
nguciwani/ mungsuh prajuritingwang//
7. //Sultan Agung dadya matur aris/ gih prayogi saos dara kula/ binjang yen kula
mantuke/ wateknya Sultan Agung/ kados boten kaget anggalih/ nadyan
dipunkeriga/ prajurit ing Ngerum/ ngebakana tanah Jawa/ dara kula Sultan
Agung boten ngungsi/ malah matur abingah//
8. //Kang pinuji siyang klawan ratri/ Sultan Agung sageta mungsuhan/ raja
ingkang geng nagarine(+1)/ yen makaten kantuk mungsuh(+1)/ raja Ngerum
babone nagri/ mendah genira bingah/ kathah saguhipun/ sampun lama datan
perang/ pra bupati sakathahe tanah Jawi/ suyut ajrih mring sultan//
9. //Sampun mungsuh kalih gusti mami/ dawek bantah kelawan kawula/ sampun
raja age-age/ nungkulken Mentarum(-1)/ inggih kula lamun kajopi47/ angaben
45 Silap tulis dari sok. 46 Kata yang seharusnya adalah ingsun. 47 Silap tulis dari kacobi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
68
kadigdayan/ kalayan raja Ngerum(+1)/ leres kula niki rencang/ Sultan Agung
sampun percaya ing mami/ ruwet renteng nagara//
10. //Agengipun sultan Mentawis(-1)/ inggih sami kalayan kawula/ tan wonten wau
kaceke/ tan pendhek datan dhuwur/ boten ageng pituwin alit/ baplang sami
kawula/ tan geseh serambut/ sultan aken saudara(-1)/ lamun wonten mungsuh
kang nekani(-2)/ kula kang magut yuda//
11. //Lamun kula kawon ing ajurit/ Sultan Agung prasasat akalah/ inggih punika
estune/ raja Ngerum arengu/ netra andhik wuwusnya bengis/ idep mangada-
ada/ jaja bang wuwuh mung/ kadya sinipi dukanya(-1)/ alah patih sira cekelen
tumuli/ wong loro iki pisan//
12. //Patih sigra angadeg tumuli/ Ki Seh Jangkung karsa ingayat(-1)/ tan sarenge
ngawe astane(+1)/ Seh Jangkung kethunipun/ dipunputer kopyahipun ngering/
patih dhawah kalumah/ raja Ngerum wau/ badhe nyepeng dhateng sultan/
Agung kethunya pinuter nuli(-2)/ raja Ngerum pan dhawah// //o//
Pupuh VII (Pocung)
//o// 1. //Niba tangi raja Ngerum gluntung-gluntung/ sarwi jempalikan/ patihe
semanten ugi/ molak-malik amubeng kadya gangsingan//
2. //Mungsuhipun patih lawan Ki Seh Jangkung/ raja lawan sultan/ kethu seser
ubengneki/ raja patih dherek seser ubengira//
3. //Balanira kang ngadhep ing ngayun(-2)/ bupati satriya/ tumenggung demang
lan mantri/ arya raga senthana prajuritira//
4. //Datan wonten kang samya dherek tutulung/ domblong tiningalan/ sima
bekes sami amrih/ malah madar gumeter sariranira//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
69
5. //Sami pucet boten wonten darbe bayu/ lir tinebak macan/ sima ngiyas
ulatneki/ pangrasane kados datan darbe nyawa//
6. //Mangu-mangu patih lawan raja Ngerum/ sami nuwn tobat/ sabab sayah
molak-malik/ bapak bunyak sariranira sadaya//
7. //Patihira bathuknya mumbul sabluluk/ dhawah neng sor saka/ mangkana jeng
sultan nenggih/ semu welas ningali Ngerum sang raja//
8. //Kethu nerpun jeng sultan lawan Seh Jangkung/ sami dipunbukak/ raja patih
ujung sami/ Sultan Agung enggal nyandhak astanira//
9. //Datan arsa lajeng rinangkul(-3)/ lajeng kathah asta/ ingaturen48 malebeng
puri(+1)/ Ki Seh Jangkung kinanthi lawan kya patya//
10. //Jrone dalem wus wadiya raja Ngerum/ nulya pinarakan/ sang raja Rum
matur aris/ yen mekaten sampeyan Sultan Mataram//
11. //Sultan Agung nauri sabda Ngerum(-1)/ inggih kula Sultan/ Agung nagri ing
Mentawis/ ingkang dherek inggih punika ipe kawula(+2)//
12. //Pernah sapuhi gih nami Ki Seh Jangkung/ lajeng lenggah jajar/ sami pinarak
ing kursi/ raja Ngerum manthuk-manthuk aturira//
13. //Boten estu kula utusan anglurug/ inggih sampun panggya/ sultan sampun
rawuh ngriki/ nuwun tobat kula mungkul dhateng sultan//
14. //Anak putuku ya boten purun-purun/ jeng sultan aturnya/ kula inggih
angamini/ lan malihe panuwun kula ing raja//
48 Silap tulis dari ngaturan.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
70
15. //Dinten wingkang49 lamun(-6)/ wonten kajiwan(-1)/ saking tanah Jawa sujarah
ing(+2)/ Mekah nagri lamun wonten kakirangan sangunira(+4)//
16. //Kang supadya tiyang Mekah samya tulung/ sampun siya-siya/ raja Ngerum
anauri/ Ingsak Allah sampun ngangge walangdriya//
17. //Duk semana Sultan Agung dhateng Ngerum/ tri dalu laminya/ sinuba-suba
angenting/ raja Ngerum naminya Tasangsulngalam//
18. //Sultan Agung apamit mantuk(-3)/ anulya salaman/ Seh Jangkung dherek
nganthuki/ bidhal kondur Seh Jangkung lan kangjeng sultan//
19. //Tan kawarna ing marga datan winuwus/ sampun prapta Mekah/ pinigih
Imam Sapingi/ wus tinutur aneng Ngerum solahira//
20. //Purwanipun miwiti wekasanipun/ yen Ngerum sang raja/ sampun takluk
dhateng mami/ nanging kula inggih gadhah ing paminta//
21. //Dinten wingking supados saget tetulung/ tiyang saking Jawa/ kang sami
sujarah mriki/ lamun wonten kakirangan sangunira//
22. //Imam Sapingi lon wecanan Ngerum (-1)/ inggih kangjeng sultan/ tiyang
saking tanah Jawi/ ingkang kangji50 dhateng ing tanah Mekah (-1)// //o//
Pupuh VIII (Pangkur)
//o// 1. //Sanadyan boten parintah/ raja Ngerum kula inggih nyagahi/ yen estu
kirangan sangu/ wajib atulung kula/ printah tiyang ing Mekah sedarum
sampun/ sultan walangdriya(-2)/ kados boten nyulayani//
49 Silap tulis dari wingking. 50 Silap tulis dari kaji dan haji.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
71
2. //Ana guneman-gunemannya(+1)/ Sultan Agung lawan Sapingi(-2)/ gale
pikambali wau/ Maliki sekawannya/ anemipun anenggih wau Seh Jangkung/
genya gunem ngelmu rasa/ wus supakat samya ugi//
3. //Sultan Agung wuwusira/ kenging kula wapat ing benjing(-2)/ pinendhem ing
Mekah kubur/ tuwin dhateng Medinah/ inggih melik siti suci kang linuhung/
imam sekawan aturnya/ Sultan Agung seda mriki//
4. //Tanah Jawi dipuntilar/ dinten wingking linuri-luri(+1)/ inggih amung Sultan
Agung/ ngungkuli buyut canggah/ ngibaratnya sampun ical esohipun/ temtune
akethatharan/ kula boten nuwa weni//
5. //Tanah Jawa wonten uga/ ingkang suci kados tanah ing ngriki/ dereng mirsa
Sultan Agung(+1)/ siti ing Girilaya/ inggih caket Gunung Gamping eleripun/
Sultan Agung den priksaa/ yen siti gandanya wangi//
6. //Punika siti kuburan/ apan inggil pucaking ardi siti/ lembut dhasar alus(-2)/
wangi gandanya ngambar/ Sultan Agung kakilapan ing pituduh/ yen sampun
kondur jeng sultan/ prayoga den priksani(-1)//
7. //Sultan Agung aturira/ yen makaten kawula nuwun pamit/ kalayan wau Seh
Jangkung/ anulya sami salaman(+1)/ Sultan Agung sigra budhal lan Seh
Jangkung/ tan kocap aneng marga/ wus prapta ing Gunung Gamping//
8. //Tan saranta galihira/ dipunpriksani pucukipun kang ardi(+1)/ Magiri51
nginggil gunung(-1)/ tinupiksani denira(+1)/ inggih leres sitinya gandanirarum/
Seh Jangkung matur jeng sultan/ kados lepas siti niki//
51 Silap tulis dari Imagiri.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
72
9. //Jeng sultan nauri sabda/ kakang Jangkung leres siti puniki/ mambet
gandanira arum/ dhateng pucak aldaka/ boten sisip Imam Sapingi atuduh/
Gunung Gamping Girilaya/ puniki siti Magiri//
10. //Seh Jangkung kalih jeng sultan/ samya mudhun mriksani toya mili/ saking
kilen sumberipun/ Sultan Agung kuwasa/ osiking tyas toya saged taman
dhuwur/ supados angubengana/ dumugi pucaking wukir//
11. //Wonten lare angon kathah/ rubung-rubung inggih samya ningali/ lare angon
sami catur/ iku mangsa sageta/ toya saking ngandhap mili mandhuwur(-1)/
inggih ing jaman punapa/ toya saget nusung inggil//
12. //Sultan Agung sigra salat/ rekangat nenuwun Hyang Widi(-2)/ kaliyan wau
Seh Jangkung/ pan inggih ndherek salat/ kajat satiti nunuwun gone Hyang
Agung(+1)/ Gustiku Allah tangala/ supados anembadani//
13. //Asanget ngiring kawula/ lare angon angina kawula Gusti(+1)/ katrima
panuwunipun/ Seh Jangkung riseksana/ tepi sasira sekar mulih aranipun(+1)/
ginarit tinurut toya/ manginggil ngubengi ardi//
14. //Sultan Agung dhateng ngandhap/ nyebul toya supados anurut garit(+1)/
uwisira Seh Jangkung(-1)/ toya kemriwak enggal/ minggak-menggok genya
garit Seh Jangkung(-1)/ margi menek lampahira/ punika purwaning nguni//
15. //Mila kantos52 sapunika/ ing Magiri toya minggah manginggil/ pasarehan
Sultan Agung/ kuwasa jagat Jawa/ nora nana bebasan ing anak agung/
ngungguli bapa myang eyang/ buyut canggah den ungguli//
52 Silap tulis dari ngantos.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
73
16. //Sultan Agung ngandikanya/ dhateng raka Ki Seh Jangkung puniki/ binjang
kakang sedanipun/ ndherek mriki kewala/ inggih caket kaliyan kula akumpul/
Seh Jangkung alon turira/ siti Landhoh kula pilih//
17. //Sanadyan dhateng kawusanan(+1)/ dhusun Landhoh ingkang kula remeni/
sawek tapel kula ngriku/ nalika ananira/ asal siti bebuka ing purwanipun/
boten kenging ngowah-owah/ punapa asaling lami//
18. //Sultan Agung aturira/ gih karsa kakang pribadi(-3)/ lare angon kathahipun/
wetawis kalih dasa/ samya rujeng ting pekakak samya muwus/ kakek tan nana
denira/ bisa nulungena warih//
19. //Lare angon sami kesah/ Sultan Agung lajeng kondur Mentawis/ sakedhap
sampuna rawuh/ pinethuk ingkang garwa/ Ki Seh Jangkung ingkang garwa
inggih methuk/ anulya samya pinarak/ kang garwa sultan ngabei//
20. //Sarwi matur awot sekar/ dene lami tindak paduka gusti/ kantos wonten
pitung dalu/ Sultan Agung ngandika/ iya lawas manira ana ing Ngerum/ sang
raja Tasangsul Ngalam/ wus kasor marang lan mami//
21. //Sultan lurugi kang emas/ kakang Jangkung mungsuh kelawan patih/ ingsun
mungsuh rajanipun/ samya ijen kewala/ raja Ngerum ing mengko pan uwus
nungkul/ yen ta ingsun nglilanana/ nulya seba ing Mentawis//
22. //Dadi ingsun tan pangrasa/ raja Ngerum babone para aji/ anane janma
sedarum/ pan ing Ngerum bibitira(+1)/ dadi ingsun nalar ingkang tanpa kusur/
ora wurung nemu galap/ kasiku marang Hyang Widi// //o//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
74
Pupuh IX (Dhandhanggula)
//o// 1. //Kangjeng sultan malebeng53 jro puri/ abibaran denira sineba/ Seh Jangkung
ing pondhokane/ kuneng wau winuwus/ Ki Seh Jangkung rembagan nuli/
kalawan ingkang garwa/ tinantun ing ngayun/ dhimas priye karsanira/ iya aku
bakal pamitan mulih(-1)/ marang adhimu Sultan//
2. //Sabab aku uwis lawas awak mami(+1)/ enak-enak aneng nagri Mantaram(+1)/
wus ana sangang sasine/ awaku kongsi lemu/ esuk-esuk ta nyambut kardi/
apan sinuba-suba/ saben dinanipun/ mring adhimu kangjeng sultan/ iya priye
wekasane dina buri/ enak dhukuh priyoga54//
3. //Pan arep dadya gawene wong iki(+1)/ nora enak amangan gedhongan/ enak
budi kasil dhewe/ apa sekadaripun/ pan wong urip aja melik sugih(+1)/ cukupa
kang den pangan/ lan sinandhang iku/ aja kongsi utang-utang/ yen bisaa iku
lakune wong urip/ aja tindak belasar//
4. //Yen wong sugih ingsunnya puniki/ akeh lali mring pangeranira/ iya kibir
pangucape/ tatela dhawuhipun/ Kangjeng Nabimu kyangmat55 iki/ mustapa
rasul ngulalah(+1)/ utusan Hyang Agung/ dhawuh telung prakara(-1)/ siji drajat
loro dunya telu ngelmi/ apan mendem dadi sira//
5. //Lah kapriye dhimas sireki(-1)/ apa melu mulih marang ingwang/ apa bae neng
kene(-1)/ kang rayi alon matur/ inggih tumutut wingking laki/ dhateng pundi
purugnya/ malebeng lobang semut(+1)/ kawula dherek kiwala/ pun mesthine
wanudya tumut ing laki/ nglakoni printah ing priya(+1)//
6. //Ingkang raka nauri aris(-1)/ yen mangkana lega tyasingwang(-1)/ gonku mature
mring adhine(+1)/ Jeng Gusti Sultan Agung/ kuneng dalu wuwusen enjing/ Seh 53 Silap tulis dari malebu. 54 Silap tulis dari priyangga. 55 Silap tulis dari kyangmat.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
75
Jangkung lan kang garwa/ sewan56 mring kedhatun57/ jeng sultan nuju
pinarak/ dipunandhep pra santana neng arsi(-1)/ atap andher sap-sapan//
7. //Ki Seh Jangkung ingacaran kursi/ sampun lenggah saha apernata/ kapernah
aneng keringe/ Seh Jangkung alon matur/ kangjeng sultan bilih marengi/ karsa
paduka nata/ kawula anuwun/ pamit mantuk ing Miyana/ sampun lami gen
wonten ngriki(-3)/ sangang sasi laminya//
8. //Pun Bak Ayu Retnajinoli(-1)/ dherekaken sah antuk kawula/ tan purun katilar
dhewe/ Jeng Sultan Agung guyu/ aneh temen kakang Jangkung niki(+1)/
wontene palakrama/ yekti runtung-runtung/ laki rabi namanira/ namung rabi
dhateng sasedyanning estri/ dunya ngakeratira//
9. //Benjang napa kakang budhal neki/ Ki Seh Jangkung alon aturira/ dinten
punika kang sae/ Jeng Sultan sigra dhawuh/ animbali mantri sinelir/ sadasa
kathahira/ tiyang pikul(-2)/ kathahipun kawan dasa/ gunggungipun pakathik
ingkang angiring/ satus sekawan dasa//
10. //Kakang Jangkung kula ambektani/ pandhe dhalang ringgit lawan
bedhaya(+1)/ gong sawayang sarancake/ kula bektani sangu/ ing Bok Ayu
Retnajinoli/ sewu ringgit kathahnya/ embanipun tumut/ para Nyai pan
sekawan/ kang ngladeni Bok Ayu Retnajinoli/ sampun ngantos sangsara//
11. //Kalih dasa rembat gunggung neki/ bekakase Raden Ayu iku/ kajawi gong
sawayange/ kelawan kothakipun/ wus sadiya aneng ing ngarsi/ mantrinipun
sadasa/ numpak kuda wau/ gunggung kuda kawan dasa/ Ki Seh Jangkung
ingkang badhe den tumpaki/ lembu remenanira//
56 Silap tulis dari sowan. 57 Bentuk baku dari kata ini adalah ‘kedhaton’ namun untuk memenuhi guru lagu ditulis ‘kedhatun’ sesuai dengan naskah aslinya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
76
12. //Ki Seh Jangkung nulya nuwun pamit/ dyan salaman dhumateng Jeng Sultan/
Agung selamet selamine(+1)/ kang rayi pamit sampun/ dhateng sultan ngandika
aris/ sultan ingsun apangkat/ slamet aneng dlanggung/ jeng sultan nauri sabda/
iya kang bok ayu slamet aneng margi/ aja ana bebuka//
13. //Pan bisa atutug sasedyaneki(+1)/ para garwa miwah para putra/ dherek medal
ngaturake/ dumugi lun-alun(-1)/ dyan rangkulan lungayaneki/ sigra numpak
jempana/ raden ayu wau/ seksana sampun bidhalan/ Ki Seh Jangkung dyan
nitih kang lemduh58 singgih/ ngiringaken kang garwa//
14. //Yata lajeng lampahireng margi/ ngaler ngetan wau purugira/ duk semana ing
jamane/ dereng wonten margi agung(+2)/ inggih wonten mung margi alit/
kathah simpanganira/ kathah ingkang bingung/ begalan margi kathah(-1)/ wana
ketel tur kathah sima kang muni/ gadhungan mangsa janma//
15. //Langkung randhat lampahnya ing margi/ sabab kanthi ambekta wanudya/
putuwin wau pikule/ yen sayah ingkang mikul/ dadya mandhah tengah
wanadri/ olah kang panekulan/ arep sedalu(-1)/ enjangnya pan lajeng bidhal/
pan saari denira lumaris(-2)/ sareng asar wayahnya//
16. //Lembunira kang den ngumpani(-1)/ Ki Seh Jangkung sanget sayahira/
ambyuk jengklok sukune(-1)/ den degaken tan purun/ inggih kantos
dipunrewangi/ maksih datan kuwawa/ mangkana Seh Jangkung/ alon denira
ngandika/ pan wus sayah apan dhadheprok ngriki(-1)/ (pandhoh?) ngajak
lerennya//
17. //Dadya lereh sakeh para mantri/ sikep saking nagri Mataram(-1)/ wus
(rinuwut?) sambatane/ kuda den othaki sampun(+1)/ raden ayu miyos ing joli/
58 Silap tulis dari lembu.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
77
nulya rakit pondhokannya(+1)/ sampun wonten wau/ driya ageng jejer tiga/
sana sita lajeng kenging den enggoni/ mantri saking Mataram//
18. //Raden ayu pun Retnajinoli/ langkung resep penggalihira/ tan enget dhateng
daleme/ anulya susul sampun/ santun sinjang semektaneki/ gandes59 kaduk
lalewa/ mangkana winuwus/ sapolahe asung brangta/ raden ayu datan enget
wismaneki/ lajeng kraos ing driya//
19. //Inggih lembu ingkang den titihi/ sampun sayah tan purun lumampah/
angajak dheprok karsane/ (mandhoh?) aneng ing ngriku/ Raden Ayu
Retnajinoli/ adhawuh ingkang ngrambat/ […] ki sampun wangsul(-1)/ ingiring
punggawanira/ mila karan dhusun Jajar ing semangkin/ punika purwanira//
20. //Raden ayu ingandika aris/ kinen bethak uwos sangunira/ saking Mataram
kathahe/ wolu las dhucin60 wau/ ulam dhendheng manjangan iki/ sampun
semakta sedaya(+1)/ boten luru-luru/ sampun surup sang hyang surya/ para
mantri anulya dipuningoni/ sikep gamel61 wrata(-1)//
21. //Tabuh wolu dhawuh babar ringgit/ dhalang saking nagari Mataram/ den
anyari caritane/ dhawuh lampahanipun/ Kurupati denira rabi/ tiyang nonton
akathah/ jalu estri wau/ rare miwah ingkang tuwa/ kaki-kaki nini-nini
andhutangi62/ tinut ing putunira//
22. //Ambelaba tiyang aningali(-1)/ rebut papan margi kanyaran dhalang(+1)/
Mataram critane(-2)/ tatag trangginas patut/ lamun ngringgit arjuna
jemparing(+2)/ gurisa tembangira(-1)/ kathah estri kenyut/ ingkang kedhik
59 Silap tulis dari gandhes. 60 Silap tulis dari dhacin. 61 Silap tulis dari damel. 62 Silap tulis dari andhatengi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
78
sebutira/ lajeng dherek anggender aneng wingking(-1)/ saking senenging
driya//
23. //Yata wau mantri ing Mentawis/ pitung dina genira reren punika(+2)/ dereng
rinilan wangsule/ marmanya sikepipun/ den kersakna tatulung nenggih/
andamel griya anyar/ tuwin langgaripun/ kang kinarya pesalatan/ sampun
dadya griya sarta langgarneki/ nuwun pamit mantuk neng Mataram(+3)//
24. Seh Jangkung pangandikane/ eh mantri ing Mentarum iya banget
panrima mami/ sira angaterken(-1)/ marang ulih ingsun padha slametane
merga/ dyan den ayu paring sangu marang mantri/ ngaringgit
bunderat//63(-4)
25. //Raden ayu angandika aris/ sira mantri matura jeng sultan/ selamete dhukuh
kiye/ mantri nembah umatur/ gih sandika dhawuh jeng gusti/ raden ayu
mundhut arta(+1)/ dhateng embanipun/ ringgit satus kawan dasa/ den bayarken
sikep ing Mentawis(-2)/ sampun radin sadaya//
26. //Sigra budhal mantri ing Mentawis/ ingkang numpak kuda kawan dasa/
rumiyin wau lampahe/ kang lampah suku wau/ sami kantun tinilar wingking/
tan winarna aneng marga(+1)/ wus prapteng Mentarum/ dyan mantri saos
Narendra/ pan pinuju siniweng para bupati/ pangeran demang arya//
27. //Dan dumrojog cumundhuk neng arsi/ ngaras pada bungkuk konjem
pratala(+1)/ manembah asru ature/ dhuh gustiku sang aprabu(+1)/ hamba utus
dhereken ngiring/ jeng raka den ayu retna(+1)/ gusti gih lestantun/ wilujeng
aneng ing marga/ tigang dinten hamba rereh aneng margi/ (apipe?) aneng
wana//
63‘pada’ ini tidak memenuhi syarat tembang dhandhanggula. Guru lagu, guru wilangan, dan jumlah gatra tidak sesuai dengan ‘metrum’ tembang dhandhanggula.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
79
28. //Enjangipun apan budhal gusti/ pan sadinten lumampah kewala/ dugi wanci
ing ngarsane/ lembu titihanipun/ jeng rakanta panembahan gusti(+1)/
dadosaken sayahnya/ lumampah sukunipun(+1)/ datan purun alumampah/ den
gebar ti meksa tan purun lumaris/ lajeng dheprok kewala//
29. //Radha dalem pan lajeng nuruti/ lajeng (pandhoh?) ing ngriku kewala/ pan
nulya dados pandhoke/ dyan wonten griya wau/ jejer tiga kang den panggoni/
kawrat tiyang sedaya/ saking ing Mentarum/ dalunipun raringgitan/
dhalangipun inggih ingkang saking ngriki/ kang nonton langkung kathah//
30. //Mila hamba ngantos pitung ari/ dipunandhek ing raka sang nata/ mantri
tiyang sedayane/ kersa kados wau(-1)/ amewahi griya ing Jawi/ pondhokan
tamunira/ damel langgar sujut/ kinarya ing pesalatan/ mung punika atur kula
mring jeng gusti/ sampun kawrat sedaya//
31. //wonten malih hamba den sangoni/ tiyang sikep kanthi sadaya(-1)/ tiyang
satunggil nyringgrite/ kadamel sangu mlaku/ kangjeng sultan ngandika aris/
eh mantri ingsun tarima(+1)/ iya ing lakumu/ caritamu kabeh ika/ sun tampani
kaya dhalang ringgit(-2)/ dhasar mantri weweka//
32. //Kangjeng sultan angandika aris/ dhateng Raden Jayawidikda(-1)/ juru
gedhong ing lungguhe/ kinen amundhut wau/ ing pekakasireng mantri(-1)/
sedasa katahira/ sapengadegipun/ wus cumaos aneng ngarsa/ sigra dhawuh
kinen maringaken mantri/ sedaya mantrinira//
33. //Ingkang ndherek ngaturaken nenggih/ kang bok ayu raden ayu retna/ wus
katrima lakune(-1)/ pan wus adat Sultan Agung(+1)/ lamun wonten kang den
asihi/ dhasar sultan tega lali/ ingsunnya puniku/ katedha ing abdinira/ boten
karsa sugih ing dunya puniki/ mung andi kang den (piara?)(+1)//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
80
34. //Sampun kathah tiyang kang dhatengi/ saklangkung gemah dhusunira/ ing
kawitan wekasane/ kuneng gusti winuwus/ kawarnaa pakabehe mantri(+1)/
selamine ana(-1)/ dhukuh ing ngriku/ ingkang ladosi punika/ Ki Seh Jangkung
nami panembahan nenggih/ wus misuwur ing wong kathah//
35. //Pandhenira dine kekasaring/ Ki Berganjing pandhe namanira/ dhalang aneng
banyol gone/ jogednya saleripun/ kama putra jan kampunganeki(+1)/ mranggi
aneng Karang Tengah(+1)/ wus sami ingatur/ dhalang nami Ki Gulungan
jogedira naminira Simbar Akik/ meranggi nama Prayongsa// //o//
Pupuh X (Pocung)
//o// 1. //Duk semana panembahan laminipun/ pan sampun sawarsa/ neng dhusun
Landhoh winarni/ sampun arja akathah tiyang prapta(-1)//
2. //Kawarnaa nenggih wau Nyai Banjur/ sampun sireng warta/ yen kang rayi
sampun mulih/ lajeng dhukuh neng Landhoh kiduling desa//
3. //Sarta angsal pinaringan putri ayu/ (bandhun?) ning Jeng Sultan/ Agung
nagara Mentawis/ wus kagarwa dhateng Panembahan ika//
4. //Nyai Banjar asanget ing bingahipun/ lajeng tata-tata/ nedya tuwi mring kang
rayi/ bekta rencang kathahipun kalih welas//
5. //Bekta duren kathahnya ban wonglung64 pikul/ pelem kang sarembat/ kalih
rembatan kuweni/ lan kaluwek kamirine kalih rembat//
6. //Nyai Banjur aneng marga tan cinatur/ apan wus saprapta/ neng Landhoh
kidul winarni/ kapang-kapang pinanggih lan arinira//
64 Silap tulis dari wolung.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
81
7. //Panembahan gya methuk plataranipun/ nulya ingkang garwa/ Den Ayu
Retnajinoli/ dherek methuk marga anut ingkang raka //
8. //Sampun lenggah neng bangsul lagu(-3)/ samya jejagongan/ panembahan
muwus aris/ gih bok ayu punapa sami slametan //
9. //Nyai Banjur nauri sabdanya arum/ iya keslametan/ dene bisa teka ngriki/
uwis lawas abanget kangen manira//
10. //Duren iku duwe (jukang?) ingsun gadhuh/ nuju kabeneran/ ana wohe kang
nyalandri/ wolung pikul iya ingkang ingsun gawa//
11. //Panembahan driya kuweni kang awuh/ klawan kemiri kang/ ing gawa
namung sathithik/ kanggo bumbu raden ayu karsa mindhang//
12. //Nuli dhahar den ayu lan Nyai Banjur/ tiga panembahan/ linadosan para nyai/
bakda dhahar linoroten65 rencangira/
13. //Nyai Banjur dene dhateng Landhoh kidul/ tigang dasa dina/ sinuba-suba
kang rayi/ panembahan kalawan ing garwanira//
14. //Nyai Banjur enjangipun pamit mantuk/ pan sampun rinilan/ tan kocap aneng
ing margi/ sampun prapta ing wismanireng Miyana//
15. //Yata wau nulya ganti ingkang winuwus(+1)/ inggih nagri Tuban/ wonten
kraman pacak baris/ sampun kathah patahan telukanira//
16. //Badhe gempur dhumateng nagri Mentarum/ mejang kangjeng sultan/
animbali dhateng patih/ sampun prapta raden patih aneng arsa// 65 Silap tulis dari linoroban.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
82
17. //Kangjeng sultan pangandikanira arum/ lah patih printaha/ mantri prajurit
pinilih/ satus bae prajurit ingkang prayoga//
18. //Besuk-besuk ingsun budhal aneng Landhoh/ pan arsa rembugan/ lan Ki Seh
Jangkung kinanthi/ raden patih aturipun gih sandika//
19. //Kangjeng sultan nulya kondur ngadhatun(-1)66/ patih mrintahira/ mring
mantri miji pinilih/ amung kang sami anumpak kuda(-2)//
20. //Sultan Agung sampun rawuh rereh gunung/ kendhang gong ing ngarsa/
panembahan aneng sabin/ macul siti supados sageta rata//
21. //Ing kakang mas amacul dhateng ing sabin kang wus(+2)/ katingalan(-2)/
anenggih saking ing ngriki/ lamat-lamat dene wus katingal(-2)//
22. //Kangjeng sultan dene angawasaken wau(+1)/ dheweke nawang(-1)/ sakilene
Purwadadi/ mila aran nami dhusun Penawangannya(+1)//
23. //Gih puniku purwane Sultan Agung(-1)/ nawang ingkang raka/ mila akantos
samangkin/ Kangjeng Sultan ingkang paring nama desa//
24. //Dhusun Landhoh inggih wonten sabinipun/ kang nami pun Tamat/ kantos
karan dinten mangkin/ gih punika purwane carita kuna//
25. //Tan kawarna ing dalu Jeng Sultan Agung/ dyan wuwusen enjang/ jeng sultan
budhal tumuli/ pan ingiring prajurit anumpak kuda//
66 Seharusnya kata yang tepat adalah ‘ngedhaton’, namun untuk memenuhi guru lagu ditulis ’ngedhatun’ sama seperti dalam naskah asli.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
83
26. //Sampun rawuh dhukuh Landhoh Sultan Agung/ geger apuyengan/ tiyang alit
sami ngili/ pengrasane wonten kraman ingkang prapta//
27. //Jaler estri sadaya ngungsi ing gunung/ ingkang gadhah anak/ alit-alit den
bektani/ ingkang meteng anak-anak aneng dalan//
28. //Panembahan sareng ngarsa Sultan Agung/ methuk neng plataran/ salaman
sarwi kinanthi/ Raden Ayu Retnajinoli gya medal//
29. //Dyan pinarak dhateng kursi kanthil agung/ raden ayu wuwusnya(+1)/ aku iya
nora ngipi/ kangjeng sultan yen rawuha wismaningwang//
30. //Kangjeng sultan anauri sabda arum/ mila ningsun prapta/ kangen bok ayu
Jinoli/ dene lawas setaun nora kepanggya//
31. //Raden ayu nauri sabdanya arum/ (benjake?) mayangan/ banget temen
bengah67 mami/ pan sumepa kebanjiran madumangsa//
32. //Yen supama kangjeng sultan nora rawuh/ marang wismaningwang/ sasi
mulud ngarep iki/ kang sun sedya tilik maring Mataram(-1)//
33. //Iya kangen maring adhi nimas ratu/ Raden Mukmin wungu/ Retnadiluwih(-3)/
karo kangen putramu Raden Mas Dibya//
34. //Kangjeng sultan nauri ngandika arum/ kabeh keslametan/ lami gawa tinggal
iki/ ora ana sangkutane apa-apa//
35. //Ya mulane bok ayu ingsun arawuh/ ngampiri pun kakang/ sun ajak neng
Tuban nagri/ ana kraman wus akeh telukanira//
67 Silap tulis dari bungah.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
84
36. //Panembahan turnya sarwi gumuyu(-1)/ tan susah jeng sultan/ atindhak68 neng
Tuban nagri/ kula piyambak kang mapagaken ing yuda(+1)//
37. //Kangjeng sultan lereh ngriki apan sampun/ ngantos dhateng kula/ sapinten
kraman ing Tubin69/ sagah ngethoki ting jangganira//
38. //Nanging kula inggih gadhah ing panuwun/ sikepi Mataram/ supados
dhongkel ing ngriki/ sikepipun pan kenging kawula sambat//
39. //Manthuk-manthuk kangjeng sultan ngandika rum/ gih prayogi kangmas/
kula jarine pribadi/ gawa pinten siti mung kedhik punika//
40. //Pra prajurit Mataram bungah sedarum/ nora akangelan/ wus ana kang
anyaruhi/ mungsuh yuda nelukaken kraman Tuban//
41. //Pra prajurit Mantaram parasan turun/ kabeh enak-enak(+1)/ nora melu marang
Tubin/ nadyan perang amungsuha bari lemah//
42. //Panembahan dadya dhawuh mongtong70 wedhus/ kebiri pan gangsal/ mragat
gudel tiga iji/ sampun mateng genira masak-masak(-1)//
43. //Dhasar rikat koki saking ing Mentarum/ koki Jenang nama/ anulya dhaharan
mijil/ pan dhaharan tiga raden ayu retna//
44. //Bakda dhahar linorotken abdinipun/ prajurit arata/ sikep gamelan pakathik/
apan radin datan wonten kelangkungan//
68 Silap tulis dari atindak. 69 Variasi lain dari kata ‘Tuban’. Digunakan untuk memenuhi guru lagu. 70 Silap tulis dari motong.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
85
45. //Sareng dalu dhalang tinimbalan sampun/ kinen aringgitan/ akathah tiyang
ningali(-2)/ ingkang ngili aneng wana sampun prapta//
46. //Tan kawarna wuwusen ing dalunipun/ kawarnen ing enjang(-1)/ panembahan
nulya pamit/ dhateng sultan kula bidhal dhateng Tuban// //o//
Pupuh XI (Durma)
//o// 1. //Dyan rinilan panembahan sampun bidhal/ mung bekta rencang kalih/ kumpul
kina lunga/ pan sarwi berukira/ ecise bar mulih anenggih/ naminira(-1)/
panembahan teken icis71(+1)//
2. //Rencang kalih bekta beruk kalih pisan/ panembahan lumaris/ mampir mring
Miyana/ pamit bok ayunira/ Nyai Banjur sampun ngimpi/ lamun kapanggya/
kelawan ingkang rayi//
3. //Boten dangu panembahan rawuhira/ dhateng Miyana nenggih/ Nyai Banjur
amapag(+1)/ aneng pelataran(-1)/ sarwi muwus aris(-2)/ lajeng asigra/ esuk temen
sira prapti(+1)//
4. //Dara dasih kelawan supenaningwang/ wus atate yen angipi (+1)/ lamun
kapanggih esuke teka (+1)/ panembahan anauri /bak ayuningwang/ ingsun
bakal ing Tubin//72 (-1)
5. //Dyan ingutus Jeng Sultan Agung Mentaram/ methukna kraman Tubin/ iya
kangjeng sultan/ isih ing wismaningwang/ parajurit sasikepneki/ iya labotan/
sun kongkon dhongkel sabin//
71 Silap tulis dari ecis. 72 ‘pada’ ini kekurangan satu baris ‘gatra’.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
86
6. //Pan sedalu panembahan neng Miyana/ wernanen sampun enjing/
panembahan pamitan(+1)/ dhateng bok ayunira/ supados dipunidini/ ing
lampahira/ pan sampun anglilani//
7. //Tan winuwus panembahan lampahira/ Sultan Agung winarni/ nenggih
sapungkurnya/ kang raka dhateng Tuban/ dyan dhawuh mantri sireki/ lan
sikepira/ kinen andhongkeli sabin(+1)//
8. //Sikepira kathahnya satus sawidak/ ingkang sami dhongkeli/ mantri
tindhihana/ akarya tetaruban/ wonten ing griya satunggil/ kinarya
pinarakan(+2)/ yen kangjeng sultan mriksani(+1)//
9. //Saben dina tiyang dhongkel gih punika/ kinirim tedhaneki/ jeng sultan
amriksa/ tan arsa akundura/ mundhut dhahar teng sabin(-1)/ wus ingaturan/
adhahar sultan aglis//
10. //Kapinujon raden ayu genira kelan(+1)/ jangan asem puniki/ tambah
klungsunira/ kakalih dereng binucal(+1)/ jeng sultan amundhut aglis/ klungsu
punika/ tinanem aneng sabin//
11. //Kapernahnya pojok sabin kang kaler wetan(+1)/ gening nanem puniki/
kinarya pertandha/ lamun iki dukul73 kakang(+1)/ asem ing ngriki(-3)/ dugi
injangnya/ klungsu pun thukul nenggih//
12. //Kinen nyrumbung kanan kering rinajegan/ wus tigang dinten nenggih/ asem
tiningalan/ sadedeg inggilira/ Sultan Agung dhasar sekti/ sabarang cipta/
pesthi iya adadi//
73 Silap tulis dari dhukuh.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
87
13. //Nengena rasul lan agung tan kocapa/ panembahan winarni/ wus prapta ing
Tuban/ anulya campuhing mring/ brandhal ambedhili(-2)/ rame ayu(-1)/ rarebut
rok silih(-1)//
14. //Panembahan beruk den gasangane(a)(-1)/ kinarya nadhahi mimis(+1)/ nulya
binalekna/ anempuh kraman ika/ kraman kang kenging gusis(-1)/ tatu sedaya/
lumayu ngengsi74 urip//
15. //Kepalanya sekawan wus kinethokan/ endhase pipanjer nuli(+1)/ pan sareng
uninga/ kepalanya wus pecah/ sadaya wus nungkul sami/ atur mratobat/
manembah asung bukti//
16. //Panembahan anulya malebeng pura/ mundhut jarahan nenggih/ wus katur
sadaya/ wonten gangsal gotongan/ panembahan aneng masjid/ mriksani
mimbar/ wrananira abecik//
17. //Lajeng dhawuh mimbar kinen ambikaka/ sampun cinikak75 aglis/ ing ngriku
anulya/ miranteni rembat pan/ sampun kinumpul nenggih(-1)/ lan raja brana/
sadaya wus rumakit//
18. //Wonten ketib nenggih nagari ing Tubannya/ seguruh westaneki/ putranya
sajuga/ langkung ayu utama/ Pandhanarum naminireki(+1)/ ingaturena/ dhateng
panembahan nenggih(+1)//
19. //Panembahan duk kala sareng amirsa/ seneng ingkang galih(-1)/ pan lajeng
binekta/ numpak dhateng jempana/ panembahan kondur nuli/ tiyang ing
Tuban/ kawan dasa ingkang ngiring(+1)//
74 Silap tulis dari ngungsi. 75 Silap tulis dari binikak.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
88
20. //Pan rembat tan gegotong neng arep pisan/ tiyang Tubin kang ngiring/
sawidak kathahnya/ kelayan lurahira/ datan kawarna ing margi/ wus prapta
wisma/ dhepok Landhoh kang desi//
21. //Kangjeng sultan tumedhak aneng plataran/ methukken rakanteki/ sampun
kaslametan/ pan sampun pinarak kaliyan (+2)/ panembahan matur aris/ punika
sultan/ anggen kawula jurit//
22. //Inggih mimpang saking pangestu paduka/ tumenggungira nenggih/ keraman
punika/ jangannya76 tiga sekawan(+1)/ kula panjeri(-3)/ kapalanira/ kang kantun
teluk sami//
23. //Gih punika raja brana saking Tuban/ rolas rembat gunggung neki(+1)/ inggih
katur sang nata(+1)/ kawula inggih derma/ alumampah kiwaneki/ ngemban
dhawuh sang/ aji sumanggeng karsi//
24. //Kangjeng sultan alon pangandikanya(-1)/ kakang ambil pribadi/ sekathahing
dunya/ ingkang saking ing Tuban/ punika kakang nglampahi/ ingkang
kangelan/ bak ayu kang darbeni//
25. //Gone dhongkel sabin inggih dereng dadya/ ingkang nglurug sampun
prapti(+1)/ angsal baboyongan/ panembahan aturira(+1)/ yen makaten Sultan
inggih/ ing benjangira/ Guder namining sabin//
26. //Sawek Guder kawula ing laminira/ sabin dereng adadi/ kula sampun prapta/
pun sabin dereng dadya/ jeng sultan inggih ngamini/ sakarsanira/ mila karan
semangkin//
76 Silap tulis dari janggannya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
89
27. //Kangjeng sultan alon wijiling wecana/ kakang kula suwuning/ nanem asem
punika(+1)/ binjangipun dipunkandhanga/ damel peken kemis(-2)/ nikang
kinarya/ madhangan yen wonten ingkang kapti(+3)//
28. //Kangjeng Sultan Agung genira ing Landhoh(a)/ nenggih pan sampun lami/
pan satengah wandra77/ siyang ratri binoja/ dhateng kang raka anenggih/ ing
saben dina/ tan pegat motong kambing// //o//
Pupuh XII (Sinom)
//o// 1. //Kangjeng sultan pamitan(-1)/ gih kakang kula lilani/ lan malih bok ayu Retna/
ingsun uga den lilani/ den ayu anauri/ iya sakethi jumurung/ selamet
selawasira/ aku kirim salam taklim/ mring garwamu Raden Ayu Kencana(-1)//
2. //Kangjeng sultan sigra budhal nitih kuda/ jragen nenggih(-4)/ kambil lan ireng
kancana/ laratipun bludru abrit/ sinulam jene pinggir/ sanggawedhi jene
sepuh/ ebegira garodana/ rinajut kudaneki(-1)/ kura kedhuk dya gambar
warnanira(-1)//
3. //Prajurit ing ngajeng samya/ samya sami nitih wajik/ tan kocap aneng ing
marga/ sampun rawuh neng nagari/ malebeng dalem puri/ prajurit pan samya
mantuk/ inggih sowang-sowangan/ dhateng wismaning pribadi/ enengena
Jeng Sultan Agung Mataram//
4. //Duk kalaning panembahan/ lumampah kasatan warih/ Ki Praya kang asung
toya/ legen kalih bumbung nenggih/ mila Ki Praya prapti/ sowan panembahan
wau/ Ki Praya aturira/ apan sarwi ngasih-asih/ panembahan mila kawula
sowan(-1)//
77 Silap tulis dari candra.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
90
5. //Manawi paduka karsa/ inggih anak kula estri/ kula turaken sampeyan/ dados
gih para nyai(-1)/ inggih sampun ing ngriki/ punika ing wernanipun/ Bakirah
namanira/ panembahan mriksani(-1)/ kaduk sae warnane rare punika//
6. //Anulya kaningkah pisan/ pan dados selir sireki/ kang garwa kinempalna(-1)/
tanana rengu ing galih/ rukun samya ngladeni/ pan sami mesem gumuyu/ pan
ajrih dhateng raka/ nglakoni tindake estri/ tri tetelu punika ingkang
linaknyan//
7. //Amantep dhateng ing priya/ agemi kayaning laki/ satiti barang pratingkah/
ngati-ati lamun angling/ aben semune laki/ mantep idhup78 amituhu/ mantep
temen ing priya/ idhep caosaning laki/ guyub anut kelawan printahing priya//
8. //Tuhu asih dhateng priya/ datan malih79 tingalneki/ ajrih lamun aduraka/ yen
wong wadon tingkah juti/ melik liyaning laki/ siniksa dening Hyang Agung/
malebeng ing naraka/ ula klabang kalajengking/ angantupi badane gebel
sadaya//
9. //Jerit-jerit sambatira/ tanana ingkang nulungi/ nora kena maidoa/ wus kacetha
dalem dalil/ milane ing wong estri/ den abekti marang kakung/ iku
pangeranira/ ing dunya tumekeng akir/ temen-temen amasthi munggah
suwarga//
10. //Wong wadon saiki arang/ ingkang temen dhateng laki/ sewu siji nora ana/
kang kadya sinebut nginggil/ yen nora den kayani/ belasar ing tindakipun/
ngupados lanang liya/ sok ugi angsala dhuwit/ nora enget lamun dandane
bejat(-1)//
78 Silap tulis dari idhep. 79 Silap tulis dari malik.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
91
11. //Satengah kesah pacinan/ dya pamit dhamateng80 ingkang laki/ jengandika
pados dagangan(+1)/ leksana apados jibing/ kang jaler tan udani/ yen kang estri
rare beruk/ nadyan wau ningwang/ sawab nora kalong iki/ (coka ruliya?) arta
damel tumbas madat(+1)//
12. //Apan ta sampun akathah/ wong wadon ingkang nglakoni/ anenggih jaman
punika/ aja nganti sira ceki/ lamun dhemen priyayi/ kang jaler bingah
kelangkung/ sun emba mati lena/ turune amrihe becik/ lanang alus raden ayu
warnanira//
13. //Sampun maido ing serat/ sakabat sampun ningali/ duk kalane amelana/
dhateng ing liya nagari/ uninga pribadi(-1)/ lelakon kang kaya iku/ mila
(ananjangna?)(-1)/ supados sampun nglakoni/ sampun kantos tumindak kadi
punika//
14. //Boten sande ambabekta/ temahan ngisab-isabi/ gegandheng mring bapa
biyang/ buyut canggah kaki nini/ ngaku turune wong becik(+1)/ belasar ing
tingkahipun/ dadi atingal nama/ dudu turuning wang81 becik/ yen becik kang
mangka lakune belasar//
15. //Sinidi ingkang carita/ wuwusen ingkang winarni/ panembahan sampun lama/
gene dalem Landhoh nenggih/ sampun inggih sabin(-1)/ kathahipun mung nem
bahu/ Guder sabin kang nama/ dadose dhadhongkel sabin/ aca tanem pan iya
puput sadina//
16. //Ananging kuciwanira/ dereng wau anggadhahi/ mahesa kang damel garap/
mangkana warnanen enjing/ panembahan lumaris/ ngupados mahesa wau/
80 Silap tulis dari dhumateng. 81 Silap tulis dari wong.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
92
saben dhusun thinanya/ ana mahesa puniki/ pan dumugi dhusun (losen kana?)
punika(+1)//
17. //Wonten tiyang mayu griya/ kathahipun pitung iji/ tinakon panembahan(-1)/
bagus ingkang mayu sami/ punapa dhusun mriki/ wonten tiyang sade wau/
mahesa kula tumbas/ tiyang mayu anauri/ boten wonten kalamun dika karsa (-1)//
18. //Kidul ngriku wonten mesa/ ananging mahesa mati/ saweg wingi gene pejah/
ajaler ageng nglangkungi(+1)/ sungune angnenggih82(-1)/ dhateng ngara-ara
ngriku/ kang ngriki katingalan/ panembahan amurugi/ estu leres yen wonten
mahesa pejah//
19. //Dupi caket panembahan/ ing pernahira niki(-1)/ angungun sajroning driya/
eman temen kebo iki/ dene gedhe nglangkungi/ sunganya83 branggah abagus/
mendah lamun urip(-2)/ gedhene ta angungkuli/ kopet-kopet kupingira buntut
dawa//
20. //Dyan pipriksa panembahan/ kalayan dipuncepengi/ angungun sajroning
driya/ eman temen kebo iki/ gedhene angluwihi/ sarta bapang sungunipun/
bok bisa urip mana/ eman temen lamun mati/ panembahan nanuwun dhateng
Hyang Suksma//
21. //Kasalat84 kalih rekangat/ sakathahe den tutupi/ anenggih babahan sanga/
sumepa kadya ngemasi/ ngeningaken tingalneki/ kang sinedya ciptanipun/ tan
liyan maring Hyang(-1)/ kang sipat rahman puniki/ kang ngratoni kauripan
sadaya(-1)//
82 Silap tulis dari anenggih. 83 Silap tulis dari sungunya. 84 Silap tulis dari asalat.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
93
22. //Inggih Allahutangala/ ingkang damel bumi langit/ ingkang nora jaman
makam/ kang sipat langgeng tan gingsir/ saking panuwun dasih/ mugi
tinurutan ingsun/ inggih panuwun hamba/ alis85 kang sampun kalis(-1)/ kang
supados sageta gesang aweta//
23. //Tan wonten alaranira/ wus katrima genya muji/ riseksana panembahan/
mahesa dipuncepengi/ singate kanan kering/ cinablek ambal ping telu/ lah
mara atangia/ lembon temen gonmu guling/ nulya kaget mahesa nglabet
buntutnya//
24. //Keplek-keplek kupingira/ buntutira jenthat-jenthit/ mripatipun byar-byaran (-1)/ andhangak sarwi anglirik/ panembahan muwusi/ lah mara ngadeg sireku/
mahesa pancen gelak/ jenggereng sarwi atangi/ nulya ngadeg sampun gesang
kadya lama//
25. //Tiyang mayu pitu ika/ sami kaget aningali/ wong ika dene kuwasa/ kebo
mati bisa urip/ payo padha marani/ anjaluk ngapura iku/ mau sun sentak-
sentak/ tiyang putu86 mudhun sami/ amurugi dhateng ngarsa panembahan//
26. //Tiyang pitu aturira/ galap gangsul kula Kiyai(+1)/ kawula nuwun ngapura/
anembah angasih-asih/ kawula boten uning/ dhateng ing sampeyan wau/
panembahan ngandika/ ora dadi apa iki/ wus jamake wong wadon ana
nasibnya// //o//
Pupuh XIII (Megatruh)
//o// 1. //Yata wau panembahan nulya kondur/ mahesanipun angiring/ tiyang pitu atut
pungkur/ nyegati kanan kering(-1)/ lampahira alon-alon//
85 Silap tulis dari kalis. 86 Silap tulis dari putu.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
94
2. //Tan winarna prapteng dhusun saking wau/ kapinujon wonten (kila?)/
panembahan dhawuhipun/ mahesa kinen ngedusi/ tiyang pitu guyang kosok//
3. //Sampun bersih tiyang pitu guyang wau/ panembahan amriksani/ ing granane
singatipun/ dene dhaplang angluwihi/ kaya amedeni uwong//
4. //Sesek lawang yen mungguh lawang aciyut/ sadhap sisih tur lincip(-1)/ yen
den angon bocah iku/ amesthi padha awedi/ yen isih sungu mangkono//
5. //Panembahan riseksana singatipun/ cinepeng ing kanan kering/ anulya wau
thinuthuk/ dhateng icik sekar mulih/ singat lajeng amangisor//
6. //Dyan mahesa lajeng singatnya adhungkul/ anuju dhateng ing siti/ malah yen
anedha rumput/ lamun biten87 dhateng rawi/ datan saget lamun nyenggot//
7. //Cangkemipun boten saget nyenggut rumput/ margi singat nujah bumi/
mahesa wus karan dhungkul/ ireng mulus wernaneki/ putihe gulu tan katon//
8. //Panembahan pangandika arum(-2)/ dhateng tiyang pitu nenggih/ wis padha
sireku(-2)/ asanget panrima mami/ gonmu padha ngatur mring ngong//
9. //Pan wis tutug kali tengah iya ingsun/ wong pitu ngater mring mami/ wis
padha baliya iku/ besuk bae tilik mami/ iya marang enggon ingong//
10. //Tiyang pitu nembah sareng pamitipun/ sedaya pan samya mulih/
panembahan lajeng kondur/ mahesa dhungkul ing wingking/ sampun rawuh
wismeng Landhoh//
87 Silap tulis dari boten.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
95
11. //Garwanira kapang-kapang apan methuk/ sami bingah ing tyasneki/ dene
angsal kebo dhungkul/ agengnya pan anglangkungi/ dyan mahesa dhungkul
manggon//
12. //Enjangipun nenggih wau kebo dhungkul/ arsa binekta ing sabin/ badhe
kadamel maluku/ mahesa dhungkul tan apti/ gobag-gobig irunge empros(+1)//
13. //Klirak-klirik mecicil ing mripatipun/ (pajer?) sanga durung tangi/ sabet
praya abdi wau/ asanget genira ajrih/ manawi gunung gedhang yektos(+1)//
14. //Selamine mahesa dhungkul puniku/ boten purun karya sabin/ yen enjang
kesah puniku/ dhateng sabin rawi iki/ yen mantuk wayah bar surop88//
15. //Yen terkadhang dugi rawi nedha wau/ kantos dugi Sokawati/ tigang wulan
boten mantuk/ ing sagurug-purugneki/ sapurun enggone manggon//
16. //Wau dhungkul yen wonten tandur sinenggut/ sabine medal nglangkungi/ yen
siyang gupakanipun/ sawetannya Landhoh singgih/ labetipun kongsi balong//
17. //Mergenipun mahesa dhungkul winuwus/ yen nedha dhateng ing rawi/ dados
kali nami Bandhung/ yen mantuk saking ing rawi/ singate katutan
kangkong89//
18. //Yen amanggon dhateng asem ngandhap wau/ dadya asem dhampit(-2)/ punika
cancanganipun/ yen kesah ucul pribadi/ nora ngangge dipunangon//
88 Variasi lain dari kata ini adalah surup. 89 Silap tulis dari kangkung. Ditulis kangkong karena untuk memenuhi guru lagu.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
96
19. //Enengena gantya ingkang winuwus(-1)/ Sultan Agung ing Mentawis/
adhawuh mring gandhekipun/ lah gandhek sira sun tuding/ sun utus marang
ing Landhoh//
20. //Kebo lanang sepasang ya karo iku/ aturna mring kang mas puniki(+1)/ supaya
ginawe iku/ garap sabin Guber iki/ sira matura mangkono//
21. //Gandhek munjuk sandika gusti sang prabu/ wus anembah lengser ngarsi/
gandhok90 budhal pantes lantun/ tan kocap aneng ing margi/ sampun prapta
dhusun Landhoh//
22. //Gandhek matur dhateng panembahan wau/ kawula ingutus gusti/ dhateng
kangjeng sultan agung/ mahesa kalih puniki/ kang satunggal nami Totor//
23. //Mangsatunggal malih wau namanipun/ katur ing sampeyan ngriki/
panembahan wuwusipun/ iya gandhek wus sun tampi/ abanget
panuwuningngong// //o//
Pupuh XIV (Asmaradana)
//o// 1. //Gandhek sampun den paringi/ panekulan sampun nedha/ bakda nedha pamit
mulih/ wus rinilan panembahan/ tan kocap aneng ing marga(+1)/ sampun
prapta ing Mentarum/ munjuk ngarsa sri narendra//
2. //Wus katur ing solahneki/ mahesa sampun katampa/ ing raka dalem sang
rajeng/ kangjeng sultan dhawuhira/ wis gandhek amuliha/ gandhek nembah
lengser mundur/ parapteng dhateng wismanira//
90 Silap tulis dari gandhek.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
97
3. //Mahesa saking Mentawis/ inggih ingkang damel sawah/ Totor klayan ing
kalihe/ pun dhungkul saben dinanya/ anglam91 pra priyangga(-1)/ terkadhang
yen mantuk surup/ enjange lajeng akesah//
4. //Kang sabin klangkung wedaling/ gelenge92 tanemi kacang/ yen angundhuh
ing kacange/ katuraken ing Mantaram/ tuwin kintun kang putra/ dhateng
Cerbon putranipun/ Ketib Trangkil kang dinuta//
5. //Sakedhap pan sampun prapti/ Ketib Trangkil ing lampahnya/ dumugi
dhateng Cerbone/ kacang sampun tinampanan/ Rahaden Mukmin ika/ Ketib
Trangkil pamit mantuk/ sampun prapta Landhoh ika//
6. //Wernanen den ayu singgih/ garwanira panembahan/ umatur dhateng rakane/
kawula matur sampeyan/ amung putra paduka/ Rahaden Mukmin puniku/ bok
inggih tinimbalan(-1)//
7. //Kula emong tiyang kalih/ dhateng ing ngriki kewala/ sampun mantuk ing
Cerbone/ kawula tan gadhah putra/ kenging katingalan(-1)/ sinten kang darbeni
wau/ barang sumakawis ika//
8. //Panembahan ananuruti(+1)/ enjange lajeng utusan/ abdi Praya Tib Trangkil/
wus prapta aneng ing ngarsa/ panembahan angandika/ Tib Trangkil sira sun
utus/ iya karo abdi Praya//
9. //Marang Cerbon sira iki/ amboyongi putraningwang/ si kulup gawaa mrene/
Tib Trangkil matur anembah/ lan sabat abdi Praya/ sampun lengser aneng
ngayun/ amintar lajeng lumampah//
91 Silap tulis dari alam. 92 Silap tulis dari galenge.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
98
10. //Abdi Praya lan Ketib Trangkil(+1)/ lampahira gegancangan/ tan kocap aneng
margine/ sakedhap sampun prapta(-1)/ dhumateng Cerbon nagara(+1)/ anulya
wau umatur/ ngarsanireng jeng sultan(-1)//
11. //Manembah ing ngarsaneki/ Tib Trangkil alon aturnya/ dhuh Gusti kula
dinuteng/ dhumateng putra paduka/ ing Landhoh panembahan/ inggih kinen
nuwun iku/ dhateng putra wayah tuwan//
12. //Raden Ayu Retna Jinoli(+1)/ garwa kang saking Metaram/ apan sanget
panuwune/ ping kalih badhe wuninga/ dherek ngemong kewala/ pan boten
(adner besumu?)/ sami ugi garwa ing Tuban(+1)//
13. //Dipunemong garwa kalih/ Mataram kelayan Tuban/ wira-wiri ing akire/
lamun kangen kangjeng sultan /kawula kang ngaterena(+1)/ kalih abdi Praya
wau/ punika atur kawula//
14. //Jeng sultan ngandika aris Tib/ Trangkil sakarepira/ aku amung dungakake/
kang wayah tinimbalannya/ wus cundhuk aneng ngarsa/ Mukmin melua
sireku/ Tib Trangkil lan abdi Praya//
15. //Sira iku den timbali/ myang ramamu panembahan/ budhal ing dina kiye(-1)/
sawab becik dugnyanira93/ dina temu nem belas/ santosa wateke kulup/
rahayu ana ing marga//
16. //Kang wayah anulya pamit/ sinebul bunbunanira/ tinimbul ing sejatine/
inggih sampun kantos sasih/ tapak tilas gurenda/ Tib Trangkil anembah matur/
lengser saking ngarsa sultan//
93 Silap tulis dari dunyanira.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
99
17. //Raden Mukmin lan Tib Trangkil/ abidhal lajeng lumampah/ embanira
ngetutake/ sekawan ing kathahira/ pan datan kenging pisah/ duk alit sanget
wongipun/ ingga yuswa wolung warsa//
18. //Emban sekawan pawestri/ sarupane pan binekta/ Raden Mukmin titihane/
kuda jragen wulunira/ larabipun sangkelat/ telisire sutra biru/ respati
lampahnya kuda//
19. //Kangjeng sultan ambektani/ mantri sekawan punika/ ngaturaken ing wayahe/
tiyang kuwu kalih dasa/ wonten ingkang bekta tumbak(+1)/ tameng lawan
pedhang sunduk/ gumruduk ing lampahira//
20. //Kang den iring taksih alit/ nembe yuswa wolung warsa/ katingal amung
cahyane/ amindhaknya94 sasongka (-1)/ abagus lurus utama(+1)/ kathah samar
kang andulu/ ing marga dadya tingalan//
21. //Datan kawarna ing margi/ Raden Mukmin sampun prapta/ dhateng Landhoh
ing desane/ kang rama sampun miyarsa/ sedhatenge kang putra/ sawek dugi
saler dhusun/ kang ibu aken methuka// //o//
Pupuh XV (Kinanthi)
//o// 1. //Raden Mukmin sampun medhun/ Tib Trangkil kang mondhong nenggih/ pan
saking inggil turangga/ ibu kalih melajengi/ cinandhak ing astanira/ kinanthi
ing kering(-2)//
2. //Raden Mukmin nulya agung/ dhatengi ingkang rama nenggih(+1)/ ibu kalih
ingujungan/ anulya atata linggih/ mantri kang ngiring sakawan/ kuda sampun
den othaki//
94 Silap tulis dari amindhanya.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
100
3. //Panembahan ngandika wus/ anenggih dhateng kang siwi/ kulup sira apa
krasan/ aja mulih ta sireki/ sire bacute wala(-1)/ karsane ibumu iki/
4. Kang putra alon umatur/ sumangga sakarsaneki/ lamun embena kangena(-1)/
kawula ingkang nuweni/ tan dangu dhaharan medal/ rerampatan warni-warni//
5. //Wus sru ta sedayanipun/ mantri kelawan kang ngiring/ sarta ing sakancanira/
sampun pinaringan bukti/ sampun bakda gening dhahar/ linoroten
rencangneki//
6. //Warnanen ing dalunipun/ Raden Mukmin yen aguling/ tunggil lawan
ibunira/ den keloni ibu kalih/ saben dalu tan pisah(-1)/ ibu kalih langkung asih//
7. //Kadi yoganya satuhu/ putri Mataram lan Tubin/ dhasar datan mutra samya/
Raden Mukmin kang den ambil/ kinarya ing pangauban/ supados darbeya
siwi//
8. //Anulya ingkang winuwus/ mantri Cerbon wau nenggih/ sekawan ing
kathahira/ ingkang ngiring Raden Mukmin/ dene lereh wus sawulan/ pamit
mantuk lan marengi//
9. //Warnanen ing enjangipun/ mantri Cerbon nuwun pamit/ dhumateng ing
panembahan/ wus lengser saking ing arsi/ panembahan kintun kacang/
dhateng sultan Cerbon nenggih//
10. //Gangsal rembat kathahipun/ wus kabekta sikepneki/ anulya samya budhalan/
tan kocap aneng ing margi/ wus prapta Cerbon nagara/ mantri munjuk aneng
ngarsi//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
101
11. //Mantri sakawan umatur/ tinutur sapolah neki/ jeng sultan sampun atampa/
sakehe ature mantri/ dadya sultan lon ngandika/ wus mantri sira amulih//
12. //Sedaya pan sampun mantuk/ alengser saking ing ngarsi/ aneng marga
sowang-sowang/ wus prapta ing wisma mami/ nengena ingkang kocapa/
panembahan kang winarni//
13. //Sampun yasa masjid wau/ pan namung kajeng satunggil/ kinarya masjid
punika/ sarta lumbung kang satunggil/ pucuke kajeng winarna/ kadamel
lesung wus dadi//
14. //Lumbung wau naminipun/ lengkara sinaren idi/ lesungipun nami banyak/
warnanen wayah enjing(-1)/ garwanira panembahan/ saking Gebanganom
singgih//
15. //Ambabar wawratipun/ miyos jalu langkung pekik/ panembahan angandika/
padha kulup ana iki/ mila kulup naminira/ panembahan kang dhawuhi//
16. //Dyan ganti kang winuwus(-1)/ anenggih rahaden Mukmin/ putranipun
ingkang tuwa/ pan yuswa limalas warsi/ panggalihnya panembahan/ apan
karsanipun supit// //o//
Pupuh XVI (dhandhanggula)
//o// 1. //Yata wau panembahan anenggih(+1)/ pun rahaden si Mukmin punika/ pan
sampun sinupitake/ dhikir Nabi sadalu/ raringgitan ingkang sahari/ bakdanya
sinupitan/ antawis nem taun/ Rahaden Mukmin punika/ imah-imah pan angsal
Cerbon nagari/ pikantuk sanaking sanak(+1)//
2. //Datan kocap pirengganing panggih/ dyan kang garwa pan sampun binekta/
dhateng ing Landhoh desane/ Rahaden Mukmin winuwus(+1)/ ingkang rama
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
102
dadya paring nami(+1)/ Raden Tirtakusuma/ inggih sampun kabul/ Pangeran
Tirtakusuma/ sampun atut genira palakrami(-1)/ tan wonten sulayeng karsa(+1)//
3. //Datan winarna ing nguni(-2)/ panembahan pan tungkula denira(+1)/ pan
nenggih saben warsane/ mengsa95 rendheng macul(-1)/ sabin Guder punika
nenggih/ kathahnya nem bahu ika(+1)/ ingkang kangge garap wau(+2)/ mahesa
totor kalihnya/ mung punika ingkang damel garap sabin/ saking sultan ing
Mantaram(+1)//
4. //Sampun tanem kados adat lami/ inggih ugi amragat mahesa/ kadamel ingon
tiyange/ tiyang kang samya dhaut/ abanjur rinempahi sabin/ sampun adat ing
kuna/ sabin guder wau/ yen tanem Guder kemplang/ yen atanem nora nganggo
den ingoni/ panen suda long-longanya(+1)//
5. //Duk semana galeng Guderneki/ katanemi anenggih kacang(-1)/ lanjaran
rangkep tiga pananeme(+3)/ anenggih lanjaranipun(+1)/ kajeng talok patuwin
deling/ geng-geng lamun sanawang/ saking liya dhusun/ kadya ngadegaken
rames rumbat/ memper baris wernanen pangeran singgih/ nagari pasiraman//
6. //Lamun Landhoh pacak baris iki/ pan katingal anenggih kang Kudus ika(+2)/
pan katingal jejer-jejer/ kalayan malihipun/ panembahan yasa manjat nora
permisi(+4)/ ika jeng pangeran(-1)/ Kudus(-4)/ nulya utusan(-3)/ animbali dhateng
panembahan singgih/ tan kocap aneng marga//
7. //Gandhek kalih sampun matur aris/ inggih dhateng ngarsa panembahan/ kula
ingutus wiyose/ dhateng pangeran Kudus/ yen sampeyan dipuntimbali/ sareng
salampah kula/ panembahan muwus/ gih gandhek kula atanya/ wonten napa
kula ngangge den timbali/ pangeran pasiraman//
95 Silap tulis dari mangsa.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
103
8. //Gandhek matur kula mireng warti/ yen sampeyan amacak baris(-1)/ pan
katingal saking Kudus waos ngadeg(+4)/ supenuh dhawuhipun/ pangeran
nenggih(-4)/ sareng kula sampun prapta(+1)/ tan wonten puniku/ punika kang
katingalan/ saking Kudus kados tiyang macak baris/ panembahan ngandika//
9. //Kanca gandhek inggih bokmanawi/ kula nandur ing kacang punika/
anggeng-geng pan lanjarane/ katingal saking Kudus/ kados tiyang amacak
baris/ gandhek bok dipriksaa/ neng sabin puniku/ sarta ngundhuh kacangira/
gandhek kalih anulya lumampah gipih96/ prapta sabin kacangnya//
10. //Gandhek kalih eram ningali(-1)/ samya ngundhuh woh kacang punika/
satunggil wit amendhet/ satunggil kacangipun/ kempali radi pupa pranteni(+1)/
pikantuk kalih kendhang/ gandhek kalih wau/ prapta ngarsa panembahan/
sami matur kasinggihan gih puniki/ sayektos lanjaran kacang(+1)//
11. //Panembahan kairit lampahnya iki(+2)/ dhateng Kudus pan sarwi bekta
sakabat(+2)/ Ketib Trangkil wau namane(+1)/ anenggih kalihipun/ sakarana
ingkang tut wingking/ tan kocap aneng marga/ sampun prapta ing Kudus(+1)/
pangeran nuju pinarak/ panembahan ingacaran sampun linggih/ saha atur
pranata//
12. //Dipunadhep pra santana neng ngarsi(+1)/ saha mantri sapunggawanira/
supenuh jejel ngarsane/ pangeran ngandikarum/ jebeng Landhoh kula timbali/
kula sampun wuninga/ kala wingenipun/ macak baris katingalan/ saking
ngriki waos geng-geng anglangkungi/ napa nedya angraman//
13. //Panembahan nulya matur aris/ inggih kula tan nedya punapa/ eca-eca
atetanem/ yen mangsa rendheng macul/ wedalipun kang kula bukti/
96 Variasi lain dari kata tersebut adalah gupuh.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
104
amulanjuran97 kacang /menawi puniku /kados waos katingalan/ saking ngriki
pangeran pamriksaneki/ kula datan rumangsa//
14. //Jeng pangeran wuwus saha manis/ jebeng Landhoh inggih jeng ngandika/
punapa inggih sababe/ ayasa masjit iku/ jengandika datan permisi/ napa tan
mireng warta/ pasisir sedarum/ kang nyepeng adil kula(-1)/ inggih kula
jengandika agegampil/ datan lapur manira//
15. //Jengandika kula ukum pati/ sabab sira atingkah belasar/ tinggal udanegarane/
panembahan umatur/ pan sumangga sakarsaneki/ sisipe jasat kula/ sumangga
ingukum/ panembahan sinuguhan/ jenang blowok sapengaron kathahneki/
kinen wau nedhaa//
16. //Sanes jenang sajatine gamping/ panembahan lajeng aparentah/ Tib Trangkil
kinen madhange/ Tib Trangkil nyandhak gupuh/ jenang blowok sigra binukti/
pangaron dinilatan/ saking gurehipun/ priyayi ingkang tumingal/ samya
ngungun dhateng sabat Ketib Trangkil/ kirang panedhahanira(+1)//
17. //Datan dangu wonten rawuh nenggih/ panembahan ing Kadilangu ika(+1)/
putra jeng sultan kalane/ rawuh aneng Kudus(-1)/ jeng pangeran Kudus tumuli/
anembah ngaras pada/ kedhatengan guru/ anulya sami pinarak/ panembahan
Kadilangu ngandikaris/ jebeng Kudus ta sira//
18. //Arep apa kersanira iki/ Pangran Kudus alon aturira/ jebeng Landhoh ing
wiyose/ badhe kawula ukum/ ukum pati sabab asisip/ piyambak nglenggana (1)/ tan suminggah ngayun/ lepate sampun kadhadha/ damel masjid pan datan
permisi(-2)/ punika sababira//
97 Silap tulis dari amalanjaran.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
105
19. //Panembahan angandika aris/ ja mangkono kersa pekenira/ ora sapira salahe/
kang sarta maning puniku(+1)/ jebeng Landhoh kapernahi(-1)/ Sultan Agung
Mentaram/ Landhoh pernah sepuh/ yen ing buri krungu/ sultan nora wurung
bakal/ ambudakalani98(-6)/ sira kang ingsun emban//
20. //Ing becike uga olah wakes/ baturira jebeng Landhoh ika/ iya salah sawijine/
nulya pangeran Kudus/ ngatag dhatengi Ki Landhoh nenggih(+1)/ inggih
kenging wakila/ Ki Landhoh sabdanya rum(+1)/ pan wakilipun punika/ Ketib
Trangkil kinejepan sampun uning/ umareg ing sultannya//
21. //Panembahan sigra ngatag nuli/ Ketib Trangkil cumaos ing ngarsa/ apasrah
pati uripe/ gya likasan99 sampun(-1)/ tukang tuwek sampun ngawiti/ kang erah
nyamburat(-1)/ gandanira arum/ nanging taksih erah abang/ panembahan ing
Landhoh wuwusnya aris/ jamak putih rahira//
22. //Datan dangu rah pethak kang mijil/ gandanira amrik angambar(-1)/ sedaya
eram tingale/ wonten rarasan gumun/ iku sabat ran Ketib Trangkil/ bisa mati
sampurna/ sampurnane kewuh/ pakewuhe dhateng paran/ uwis awas marang
panggonaning ati/ patitising ulihira(+1)//
23. //Sampun pejah Ketip Trangkil puniki(+1)/ layonira inggih gilang-gilang/
panembahan lon wuwuse/ Ketib Trangkil sireku/ kebat sira mulih dhingin(-1)/
den cuthik ing ecisira(+1)/ Tib Trangkil sumeprung/ layone datan katingal/
sampun musna dhawah Pasuruan nenggih/ ler kilen Landhoh ika//
24. //Aran kubur makam dawa semangkin gih(+2)/ punika gancange carita(+1)/ Tib
Trangkil iku kubure/ sedaya kang andalu/ sami eram dhateng Tib Trangkil/
98 Silap tulis dari ambadakalani. 99 Silap tulis dari linekasan.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
106
inggih dados penginan/ musna layonipun/ erahipun saget pethak/ sarta
ngambar arum wangi amrik wangi/ tandha minggah suwarga//
25. //Inggih sampun bibaran mulih(-1)/ Pangeran Kudus malebeng pura/
panembahan ngandikane/ kundur ing Kadilangu/ panembahan Landhoh
winarni/ mantuk ing dalemira(-1)/ parapteng dalemipun/ panembahan
amersapa/ besuk bae iya anak putu mami/ aja ana babesanan//
26. //Kangro100 turun Kudus dina buri/ luhung ngalap ja kongsi dialap/ puniku
wau purwane/ kantos punika wektu/ lamun nrajang pesthi bilahi/ tan wonten
kuwarasan/ kang nrajang waler iku(+1)/ nembahi101 salah satunggal/ yen
terkadhang kalih pisan angemasi/ iku duk purwanira//
27. //Milanipun kang sami miyarsi/ sanak-sanak ingkang amirengna/ punika ing
sedalane/ dipunsami mituhu/ mituhoni wawaler dhimin/ aja ana sembrana/ tan
wande tinemu/ aluhung den singkirana/ ing wewalar amesthi manggih basuki/
selamet selaminira(+1)// //o//
Pupuh XVII (Gambuh)
//o// 1. //Nengena ingkang winuwus(+1)/ amangsuli carita rumuhun/ nalikane
panembahan duk rumiyin/ dereng lelana anglangut/ taksih ing Miyana
katon//
2. //Sampun gadhah garwa wau(+1)/ tiyang saking Kering dhusun(-2)/ inggih
sampun gadhahi putra satunggil/ amiyos jaler abagus/ ngestanira rahaden
Momok(+1)//
100 Silap tulis dari karo. 101 Silap tulis dari nemahi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
107
3. //Raden Momok inggih sampun(+1)/ imah-imah tiyang saking dhusun/
Pakeringan panggih nak sanak pribadi/ garwane kabekta sampun/ dhateng
Miyana kang enggon//
4. //Raden Momok winuwus/ tinimbalan dhateng ramanipun/ panembahan
utusan nimbali siwi/ Raden Momok sampun tumut/ garwanya dherek
binoyong //
5. //Raden Momok praptanipun(+1)/ nenggih dhateng dhusun Landhoh kidul/
ingkang rama inggih sampun angiringi/ griya kalih bagus-bagus/ Raden
Momok sampun enggon//
6. //Rahaden Momok puniku(+1)/ namining garwa sing andhusun(-1)/ lajeng nami
panenggak peparabneki/ Tirtakusuma puniku/ inggih ibu putri Cerbon//
7. //Putri saka Mentarum/ Raden Ayu Retnajinoliningrum(+1)/ apan nenggih
datan darbeni sasiwi/ pinasthi tan gadhah turun/ sampun takdire Hyang
Manon//
8. //Garwa saking Tuban wau(+1)/ nami Raden Ayu Pandhan Arum/ sami ugi
inggih datan darbe siwi/ sampun takdire Hyang Agung/ garwa Tubin102 lan
Mentaos103//
9. //Garwa ing Palembang wau(+1)/ putranipun estri langkung ayu/ nanging boten
kabekta ing Landhoh singgih/ panembahan yen kangen sunu(+1)/ tinjo mring
Plembang mawon(-1)//
102 Bentuk baku dari kata ini adalah ‘Tuban’ nama sebuah daerah di Jawa. 103 Selain Mataram, Mentawis, Metarum, Mentarum, Metaram, dan Mantaram dalam teks juga ditulis ‘Mentaos’. Kata-kata tersebut digunakan sesuai kebutuhannya untuk memenuhi guru lagu dan guru wilangan.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
108
10. //Putranya wuragilipun(+1)/ ingkang nama nenggih Raden Kulup/ ibu saking
Gebanganom ing Semawis/ sampun imah-imah wau/ garwanipun ayu anom//
11. //Cinekak cariyosipun(+1)/ panembahan inggih sampun sepuh/ sampun kraos
badhe wapat roh lan jisim/ sampun pinaringan tuduh/ yen badhe kondur
amanggon//
12. //Warnanen satunggal wektu(+1)/ panembahan pinarak ing bangsul104/ putra
tiga ngadhep aneng ing ngarsi(-1)/ garwanipun Raden Ayu/ Retnajinoli tan
adoh//
13. //Raden Ayu Pandhan Arum(+1)/ inggih ngadeg aneng wingkingipun/
Gebanganom angadeneng105 ing kori(-1)/ sabet pra samya ing ngayun/ sentana
pepak dhumaos //
14. //Panembahan alon muwus(+1)/ sakabehe iya putraningsun/ iya lamun besuk
sapungkur mami(-1)/ yen ingsun(-5)/ uwis asurut aja na tukar werdon(+4)//
15. //Karo dulur ingkang rukun(+1)/ poma-poma aja na tukar padu(+1)/ lan maninge
iya desa Landhoh iki/ bakal ingsun dum per telu/ kakangmu iya si Momok//
16. //Iya saksanduman iku(+1)/ kang saduman Tirta Kusumeku/ kang saduman iya
Kulup kang nampani/ Raden Momok alon matur/ asanget panuwuningngong//
17. //Rama kawula tan ayun(+1)/ boten remen kula printah dhusun/ tampekaken gih
adhiku kalih(-2)/ Raden Tirta Kusumeku/ saha Raden Kulup mawon//
104 Varian lain dari kata ini adalah bangsal. 105 Silap tulis dari angadeg aneng.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
109
18. //Rama kula namung nuwun(+1)/ paring idi inggih dhateng ngayun/ bang
supados kaliyan dunya ing ngriki/ ngungkuli sapadha ulun/ kang rama
ngandika alon//
19. Sun ingdini sira iku(+1)/ iya Momok sugiha nunjul106(-1)/ angungkuli marang
samaning janmi(-1)/ katekana panuwunmu/ langkung bingah Raden Momok//
20. //Panembahan ngandika rum(+1)/ mring kang putra Tirta Kusumeku/ yen
mangkono desa Landhoh ingsun palih/ sira ingkang wetan iku/ adhimu si
Kulup kulon//
21. //Desa kang selawe iku(+1)/ kang telulas sira kang gadhuh(-1)/ ingkang rolas
adhimu Kulup kang darbeni(+1)/ amung kacek siji dhusun/ sebab kula paring
kang anom(+1)//
22. //Lan malihe wekasingsun(+1)/ kelangenaningsun kebo dhungkul/ jeng gonmu
ngurmati ya ingkang(-1)/ yen ingsun apan wis surut/ gawenen sidhekahe
wong//
23. //Yen ingsun(-4)/ uwis asurut sira kubur kidul(+1)/ masjit ingsun singget
gedhong gonmu gawe ingkang becik(+4)/ kabeh ing wasiyatingsun/ kumpulna
sajrone gedhong//
24. //Kiyai Penamar ngedug(+1)/ Kyai Panji iya kudhi sangu/ sekar mulihe wis
bathokku ra isin/ dhesthar wulung payung agung/ simpenen sajrone gedhong//
25. //Aja na wani sireku(+1)/ anyimpeni utawa ing anggadhuh/ nora nana manira
sira idini/ yen ana gawe kang perlu/ kena kasilih dianggo//
106 Silap tulis dari punjul.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
110
26. //Poma-poma wekasingsun(-1)/ aja na kang wani mrajang iku/ lamun wania
apes ing dina buri/ abot sanggane tinemu/ mung iku pitutur ingong//
27. //Kang putra tiga umatur(+1)/ gih sandika rama dhawuhipun/ sekathahing jeng
rama dhawuhneki(-1)/ kawula inggih mituhu/ enget-enget jroning batos//
28. //Anulya bibaran sampun(+1)/ panembahan lumebet ing dalemipun(+2)/ ingkang
putra bubaran pra sami amulih/ wus prapta ing dalemipun/ garwa methuk ayu
anom// //o//
Pupuh XVIII (Sinom)
//o// 1. //Panembahan enjangira/ pamit dhateng garwaneki/ tindak dhateng ing
Mentaram/ sabat kalih atut wingking/ tan kocap aneng margi/ sakedhap
Mentaram rawuh/ Sultan Agung pinarak/ panembahan cundhuk ngarsi/
nulya lenggah ajajar lawan jeng sultan//
2. //Sultan Agung angandika/ kiraka wonten punapi/ dene teka siyang-siyang/
punapa wonten kang ati/ inggih anyalawadi/ panembahan alon matur/ milanya
kula sowan/ pinanggih sultan mariki/ caos atur kawula nedya pamitan//
3. //Ing tembe mangsa panggihya/ temtu sapisan puniki/ kula nuwun idi sultan/
mantuk ing rahmatolahi/ jeng sultan slameta ugi(+1)/ kula manggiha rahayu/
ing ngalam kalanggengan/ ingkang boten owah gingsir/ mung punika jeng
sultan atur kawula//
4. //Saha kaping kalihira/ kawula inggih atitip/ amung raka jeng paduka/ den ayu
Retnajinoli/ yen kirang tedhaneki/ Sultan Agung ingkang kintun/ kalih anak
kawula/ Tirta Kusuma kang nami/ mangsaborong jeng sultan sakarsanira//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
111
5. //Sultan Agung angandika/ Ingsak Allah robil ngalamin(+1)/ anulya dhaharan
medal/ lampat tan awarni-warni/ sinuba-suba ngenting/ sultan dhateng
rakanipun/ bakdanipun dhaharan/ kang raka nulya kinanthi/ dipunajak
malebeng ing dalem pura//
6. //Saratri sami raosan/ gunem raos ngelmi gaib/ wernanen ing ejangira/
panembahan sampun pamit/ jeng sultan angamini/ panembahan tingal
sampun/ terus dhateng Palembang/ panggih putranipun estri/ tan antara lami
sakedhap prapta Plembang(+1)//
7. //Wus panggih sultan Palembang/ jeng sultan nuju siniwi/ ingacaran sampun
lenggah/ jeng sultan arum ngandikaris(+1)/ wonten punapa adhi/ napa wonten
karyanipun/ panembahan aturira(+1)/ mila kula sowan ngriki/ badhe pamit
mantuk dhateng Rahmatullah//
8. //Jeng sultan lon muwusira/ kula inggih angamini/ panembahan aturira/
kawula amung atitip/ putra sampeyan estri/ wayah sampeyan puniku/ yen
kirang tedhanira/ mangsaboronga sang aji/ mung punika prelunya gen kula
sowan//
9. //Sultan Palembang ngandika/ adhi sampun walangalih/ putrane estri punika/
sampun kula kramakak(i)/ pikantuk samya ngriki/ apanggih sanak-sadulur/
putra ing kepatihan/ panembahan matur aris/ sakelangkung kabeh panuwun
kawula//
10. //Panembahan apamitan/ pinanggih lan garwaneki/ kelayan panggih kang
putra/ pan sampun pinarak kalih/ kang putra angujungi/ kang rama nyebul
kang embun/ pan sarwi angandika/ lah nini sapungkur mami/ ingkang atut
genira apalakrama//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
112
11. //Paitane wong akrama/ amung eling iku nini/ idhep mantep marang priya/
bekti setiti ing laki/ gemi angati-ati/ iku nini wekasingsun/ tegese eling ika/ ja
belasar tingkah juti/ ingkang eling yen sira winengku priya//
12. //Tegese idhep ta nyawa/ idhep yen darbe laki/ nyaosi sakarsanira/ nadyan
kakung remen mring(-1)/ lakinira sira saosing(+1)/ nini ngupaya wanudya
ayu(+2)/ saos derapon bingah/ kang ati(-5)/ iya iku gonira loba mring priya//
13. //Yen akeh rarobanira/ mesthi sira den asihi/ sira kang kinarya garwa/ tinuwa
wawrat ing galih/ galih trisnaning laki/ kadya sinungging ing embun/ asih
welas marang sira(+1)/ sabab sira anglegani/ sekabehe wong wadon belasar
tindak//
14. //Batosa mring lakinira/ boten suka kesah tebih/ sandhang pangan sampun
kirang/ besele dipuntuwuki/ iku lega tyasneki/ abingah mesem gumuyu/ iku
wadon keparat/ pan dudu trahing wong becik/ saben dina lakine tan kenging
lunga//
15. //Iku sira aja nelat/ wong wadon kang kaya iki/ nora wurung nemu sasar/ yen
sira besuk ngemasi/ pan ora den aku yekti(+1)/ marang umat Kangjeng Rasul/
umate Dewi Patimah(+1)/ dinokok neraka benjing/ kalajengking kelabang
ngantup sedaya//
16. //Yen wadon madhep mring priya/ madhep temen maring laki/ tan meper
karsaning priya/ sembarang printahing laki/ siyang dalu tan gingsir/ anurut
printahing kakung(-1)/ nora suwaleng teng karsa(+1)/ bingah terus lair batin/ yen
wong lanang den anggep pangeranira//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
113
17. //Bekti iku tegesira/ awedi marang ing laki/ yen den kengken lakinira/ ingkang
bingar ulatneki/ kang kebat semu ririh/ aja tumindak sugrusu/ ana gawe
sapira/ yen den panggil ingkang laki/ nuli enggal tinilar maju ing priya//
18. //Setiti ing tegesira/ sebarang darbekting laki/ ingon-ingon myang pekakas/
saben dina angraweruhi107(+1)/ pitik iwen lawan peksi(+1)/ kebo jaran bebek
wedhus/ sapi utawa banyak/ aja kurang gone bukti/ saben dina gonira atiti
priksa//
19. //Tegese gemi punika/ gemeni kayaning laki/ tegese setiti ika/ niteni
dhaharing laki/ apa sakarsaneki/ mubarang klangenanipun/ sambele trasi
abang/ lombok trutul jangan menir/ ebi urang petis gerih lalap kacang//
20. //Lan maninge wekas manira(+1)/ aja clula-clulu nini/ welathu108 marang
lakinira(+1)/ aja grunek jroning ati/ aja ngaban-abani/ ing sakdhuwur tenggak
iku/ pan gedhe durakanira(+1)/ sasat mungsuh mring Hyang Widi/ lamun mati
besuke ora nemu imam(+1)//
21. //Yen nini angesthokena/ goningsun mulang puniki/ aslamet donya ngakerat/
samangsa benjang ngemasi/ ngungkuli widadari/ pun bapa wani ananggung/
mesthi cinadhang-cadhang/ marang Hyang Maha Suci(-1)/ sinung cahya
angungkuli widadari//
22. //Agedhe ganjaranira/ ana maning iku nini/ wong wadon wayuh maring
priya(+1)/ nora esuk nora serik/ arukun becik kapti/ saben dina runtung-
runtung/ kang tuwa wruh tuwanya/ kang nom weruh nomneki(-1)/ wus pinasthi
cinadhang munggah suwarga//
107 Silap tulis dari angaweruhi. 108 Silap tulis dari celathu.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
114
23. //Panembahan gening mulang/ dhateng putranipun estri/ wus telas
pamulangira/ kang putra matur ngabekti/ jeng rama kula amundhi(+1)/ gih
dhawuh sampeyan kaembun(+1)/ inggih rama idinya/ kula pundi rama inggih/
kacancang apucuking kawula(-2)//
24. Mugi saget nglampahana/ kados dhawuh rama nenggih/ kang rama alon
ngandika/ iya nini sun ideni/ muga pinaringa eling(+1)/ jinurunga sakarepmu/
kang putra matur manembah(+1)/ asanget pamundhi mami/ panembahan karsa
sare lan kang garwa//
25. //Enjangira panembahan/ pamit garwa lan kang siwi/ kundur sampun
abidhalan/ sakedhap netra wus prapti/ dhateng Cerbon nagari/ sowan dhateng
para sepuh/ sultan Cerbon pinarak/ panembahan prapta ngarsi/ sultan Cerbon
alon denira ngandika//
26. //Napa sami kaslametan anak/ lami boten ngriki/ si thole Tirta Kusuma/
punapa sami basuki/ boten diajak mriki/ panembahan alon matur/ inggih
pangestu sampeyan(+1)/ sadaya sami basuki/ mila kula sowan ing ngarsa
sampeyan//
27. //Kawula badhe pamitan/ mangsa panggih-panggih malih/ kula nuwun badhe
wapat/ mantuk ing Rohmatullahi/ sultan alon nauri/ inggih sakethi jumurung/
angamini manira/ selametan ing alam gaib(+1)/ sampun samer109 kang sinedya
ciptanira//
28. //Panembahan apamitan/ abudhal lampah lestari/ lajeng terus dhateng Mekah/
pinanggih Imam Sapingi/ Kanapi lan Kambali/ Maliki sekawanipun/ nulya
sami sasalaman(+1)/ panembahan matur aris/ mila kula sowan ing ngarsa
sampeyan// 109 Silap tulis dari samar.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
115
29. //Mangsa saget apanggiha/ sowan mriki malih(-2)/ kantun sapisan punika/ kula
badhe nuwun pamit/ mantuk ajal ngibandi/ Imam Sapingi amuwus/ Insak
Allahutongala(+1)/ manira inggih ngamini/ inggih suka ring Robilngalamin(-2)//
30. //Anenggih nulya salaman/ panembahan sampun pamit/ budhal lampahe wus
prapta/ Miyana dhukuhe lami/ Nyai Banjur winarni/ kang rayi sigra rinangkul/
sarwi alon atanya/ neng ngarep adhiku iki/ siyang-siyang apa ana karyanira//
31. //Panembahan muwusira/ bok ayu kula apamit/ mantuk dhateng ing
kamuksan/ Nyi Banjur alon nauri/ iya Alkamdulillahi(+1)/ ya dhi apura
dosamu/ pinaringan iman(-1)/ iya maring Maha Suci/ gonmu mulih marang
alam kelanggengan//
32. //Anulya sami dhaharan/ bakda dhahar goning pamit/ sakedhap netra wus
prapta/ dhateng Landhoh kidul nenggih/ kang garwa methuk sami/ aneng
pelataranipun/ panembahan pinarak/ kang putra tiga wus prapti/ sami seba
dhateng ngarsane kang rama/
33. //Sakabat sekawan ing ngarsa(+1)/ Kertasana kang satunggil/ abdi Praya
kalihira/ Wonarinda tiganeki/ sekawan Praya abdi/ sentana aglar supenuh/
panembahan ngandika/ priyayi printah sujanma dadi(+2)/ dhuwur ngungkuli
sapadha-padha(-2)//
34. //Gawa makna loro ika/ kang siji makna nagari/ lorone ing tegesira/ sabara
alaku tani/ macul sira temeni/ aja maro tingalipun/ wareg sandhang lan
pangan/ wong tani iku bekti(-1)/ amratani iya marang sama-sama//
35. //Nanging yen tani ta sira/ aja sira cukeng bengis/ jakat pitrah aja ora/ yen sira
arep abecik/ kisase jakat iki/ samet sade papan iku/ aja ta ngganggo eman
kalonge wau kang pari ing/ tegese wong eman nora kaduman//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
116
36. //Ginarap apan tan berkat/ pari beras nuli enting/ mega nora gelem jakat/ isih
reget durung bersih/ dadi akeh kang wani/ seluman padha angerbut/ tikuse
melu mangsa/ bubuk bang melu tut wuri/ ander munoh melu mangan
parenira//
37. //Yen sira anyambut karya(+1)/ pan namung tigang prakawis/ iku sira adhepna (-1)/ maca macul lawan ngaji/ netepi salah siji/ nora kurang panganipun/ tegese
wong amaca/ suwi110 ta sira temeni/ bokmanawa dadi ta sira(-3)//
38. //Senadyan nora dadiya/ asal ugi wus nglakoni/ dadiya carik desa(-1)/ bisa alus
pundhakneki/ macul sira temeni/ sawah akang amba iku/ ta iku ratuning
dunya(+1)/ yen akeh ulihe pari/ amalira saben dina aja pegat//
39. //Ngaji sira temenana/ supaya dadiya santri/ menawa ginanjar bekja/ yen
mangerti dadi naib/ sukur bisa adadi/ guru santri wisma dhusun/ yen wisma
aneng desa/ bisa dunga dadi modin/ pundhak alus anampani jakat pitrah//
40. //Dadi olih pangasilan/ kinarya nikahing rabi/ esuk-esuk pinaringan/ kaundang
tangga ngendhuri111/ ana kang bacut tahlil/ olih berkat lawan bandhul/ wong
siji patang uwang/ tansah sira angingoni/ dhateng rabi tuwin anak rayatira//
41. //Lan malih wekas manira/ padha gagulanga benjing/ pra tingkahe wong
agesang/ padha alurua ngelmi/ ngelmi rasa sejati/ wekasan ing pati iku/
perlune wong agesang/ weruha enggone pati/ basa pati petitising112
pernahira//
42. //Yen ora weruh asira/ temah sasar gonmu mati/ mulih nora weruh wisma/
dadi semut werjit cacing/ sira kang ngati-ati/ wong urip iku aperlu/ aja 110 Silap tulis dari kuwi. 111 Silap tulis dari kendhuri. 112 Silap tulis dari patitising.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
117
angeman dunya/ dunya nora karo mati/ amung ngelmu rasa kang kena
ginawa//
43. //Oli113 wanudya sapira/ yen ora weruh ing elmi/ sarta nora gawe amal/ iku
tambah ngrubedi(-1)/ tan durung bingena(i)/ amurungake ing laku/ dunya
ginawe amal/ dadi sarate wong urip/ uripira murakabi sama-sama//
44. //Lanang wadon iya padha/ sira ing luru ngelmi/ sira salat lakonana/
sembahyang wedi Hyang Widi/ iku lakune ngelmi/ aja tinggal salat iku/ salat
kajate badan/ lamun nora den jakati/ isih reget durung suci yen lastri(-1)//
45. //Upamane yen wus tuwa/ remanipun werni kalih/ nganggoa ambeg utama/
barang polah kudu becik/ beciking sesame(-1)/ narima ing batinipun/ sabar
tawekal sira/ aja ecak aja serik/ abisaa selamet dunya ngakerat//
46. //Angaku turun manira/ panembahan sira iki/ nora mangerti ing sastra/ Jawa
Arab nora sami/ ora gaguru ngelmi(-1)/ tandha dudu turuningsun/ yen tandha
turuningwang/ mesthi gegulanga ngelmi/ nora arsa gagulang tindak maksiyat//
47. //Kang putra tiga (argunya?)/ asanget panuwun mami/ dhawuhipun kangjeng
rama/ sayekta114 kawula pundhi/ kacancang rema mami/ kangjeng rama
dhawuhipun/ jeng rama idenana/ supados saget nglampahi/ ing dhawuh jeng
rama sadaya(-3)//
48. //Kang rama alon ngandika/ dawanira idini(-1)/ panembahan gerahira/ gangsal
dinten lamineki/ sarwi mulang kang siwi/ wus telas pamulangingsun/ garwa
laman kaputra/ siyang dalu datan tebih/ anjagini kang rama genira gerah//
113 Silap tulis dari olih. 114 Silap tulis dari sayekti.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
118
49. //Pituwin para sentana/ pepakan sami ngadhepi/ tan purun sami mantuka/
nenggih wau jaler estri/ sadaya angladeni/ panembahan gerahipun/ sampun
dhateng takdirnya/ dinten Ahad age ugi/ sasi Rajab tanggalipun gangsal
welas//
50. //Taune Alip nika(-1)/ sengkalane ingkang warsi/ tri rasa angina narendra(+1)/
panembahan sedaneki/ kang garwa sami nangis/ putra tiga ting sarenggruk/
layon sampun ingangkat/ siniraman sampun suci/ sinatatan binekta aneng
kuburan//
51. //Sakidul (gancit?) pernahnya/ panembahan sampun meling/ dhateng ingkang
putra tiga/ gedhonge sampun adadi/ ngajeng pinasang nuli/ wasiyatnya
sampun kumpul/ kasimpen gedhong ika/ bakdanya bibaran mulih/ dalunipun
angaji sami tahlilan//
52. //Dugi kawan dasa dina/ saben dalu sami tahlil/ telas mahesa sedasa/ mahesa
dhungkul ngesahi/ sentana amadosi/ mrika-mriki tan pinangguh/ lami-lami
semana/ sewu dina dhungkul prapti/ nedha ruwat wus parak genira kajat//
Pupuh XIX (Maskumambang)
//o// 1. //Sewu dina den ayu Retna Jinoli/ gerah lajeng seda/ pinetak aneng Jawi(-1)/
boten tunggil ingkang raka//
2. //Kenging ukum margi boten darbe siwi/ garwa saking Tuban/ gerah lajeng
angemasi/ anenggih lajeng pinetak//
3. //Garwa saking Gebanganom anututi/ gerah lajeng seda/ garwa tiga wus
ngemasi/ pinetak jawi sedaya//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
119
4. //Putranipun panembahan ingkang kalih/ wus nama Pangeran/ Raden Tirta
Kusumeki/ anama Pangeran Tengah//
5. //Raden Kulup Pangeran Dagan kang nami/ Raden Momok ika/ ingkang sepuh
datan apti/ jumeneng nama pangeran//
6. //Raden Momok amung dunya den senengi/ langkung sugihira/ kang wau
anuwun idi/ dhateng rama panembahan//
7. //Raden Momok pinanggih tan darbe siwi/ tanpa turun ika/ pan wus karsaning
Hyang Widi/ datan anggadhahi putra//
8. //Gih Pangeran Tirta Kusuma winarni/ sampun darbe putra/ jaler warnanya
apekik/ Raden Amir namanira//
9. //Raden Amir sampun supit nulya krami/ pikantuk Madura/ buyut sultan
Madureki/ den ajeng Ayat namanya//
10. //Raden Amir sampun pinaringan nami/ dhateng ingkang rama/ Raden Tirta
Menggaleki/ garwanya angetutena//
11. //Dhateng Landhoh atut gening palakrami/ dyan Pangeran Dagan/ sampun
anggadhahi siwi/ jaler warnane apeleg//
12. //Ingkang rama inggih sampun paring nami/ Raden Iskak ika/ sampun supit
nulya krami/ pikantuk garwa Semarang//
13. //Anak dulur pernah kapenakaneki/ kalyan ibunira/ nanging sugih
anglangkungi/ sudagar ageng Semarang//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
120
14. //Raden Iskak garwanya naminireki/ mas ajeng Sulbiyah/ nalikanya den
boyongi/ kathah gening bekta dunya//
15. //Sinjang keling arta perak miwah jeni/ sedasa gotongan/ sekalajeng asugih (-1)/ nenggih pangeran punika//
16. //Putra jaler tinumbas dhateng pawestri/ lajeng damel bandha/ Raden Iskak
ngalih nami/ Pangeran Natakusma//
17. //Nengena nenggih wau kang winarni(-1)/ agenti kocapa/ wonten tiyang dagang
sapi/ kang wisma nagari Wangga//
18. //Lereh mondhok lere115 dhusun Landhoh nenggih/ wonten ara-ara/ tiyang
Wangga Sokawati/ ing ngriku lerehanira//
19. //Saking kidul bekta bawang nila werni/ winade Juwana/ mantukipun bekta
trasi/ winade dhateng Mataram//
20. //Tiyang Wangga sampun mantuk ping gawani/ lembu tigang dasa/ lereh
ngaran ara-ara nguni(+2)/ sareng dalu tan wuninga//
21. //Amben cucal cinolang116 ginigit anjing/ enjang arsa bidhal/ den padosi tan
kepanggih/ gandhek lereh datan bidhal//
22. //Kepalanya ingkang minangka nglurahi/ nami Santawignya/ malebet ing
Landhoh neggih/ asowan Pangeran Tengah//
115 Silap tulis dari lereh. 116 Silap tulis dari cinolong.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
121
23. //Sampun prapta aneng ngarsa atur bekti/ matur melas arsa/ manawi inggih
marengi/ anenggih karsa sampeyan//
24. //Kula nuwun cucal mahesa sakedhik/ satebah kewala/ panjangipun kawan
kaki/ kinarya amben kewala//
25. //Wau dalu emban kula ginigit anjing/ milane kawula/ nuwun cucul117 yen
marengi/ asanget panuwun kula//
26. //Pangeran Tengah pangandikanira manis(+1)/ pundi wisma(-2)/ ing dhusun apa
negari(+2)/ Santawignya pernata(-1)//
27. //Gih pangeran griya kula ing nagari/ nagari ing Wangga/ hamba dagang
brambang gusti/ kula wade ing Juwana//
28. //Mantuk kula inggih bekta gereh trasi/ yen nyipeng kawula/ salere dhusun
puniki/ ana arane kang wiyar//
29. //Caket balong ngembekaken lembu gusti/ pituwin angguyang/ mila hamba
kelangeni/ pangeran alon ngandika//
30. //Dhateng sabat Praya abdi aneng ngarsi/ sira abdi Praya/ angiris walu lang
sithik/ anaa teka satebah//
31. //Abdi Praya amintar sarwi angiris/ nuju cucalira/ mahesa dhungkul den iris/
pan lajeng den paringen118//
117 Silap tulis dari cucal. 118 Silap tulis dari paringena.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
122
32. //Dhateng tiyang Wangga sampun den tampani/ anulya pamitannya(+1)/
Pangeran sampun nglilani/ wus mundur saking ing ngarsa//
33. //Santawignya sampun panggih rencangneki/ dhateng ngara-ara/ lembu lajeng
den momoti/ cucal dhungkul ambenira//
34. //Bidhal momot sadaya lembu ing ngarsi/ lembu tigang dasa/ sadaya
dipungenthani/ arame suwaranira//
35. //Pating kaleneng gentha wonten ageng alit (+1)/ selur lampahira/ lare angon
aningali/ arantab samarga-marga//
36. //Datan kocap lampahira aneng margi/ sampun prapta wisma/ dhateng ing
Wangga nagari/ kocapa lembu satunggal//
37. //Lajeng ngamuk momotane kocar-kacir/ kantun cekathakan/ taksih kanthil
aneng geger/ lembu kadya katempelan//
38. //Mangilen ngaler-ngidul ngetan nenggih/ binendrong wong kathah/ wonten
ingkang nyejatani/ datan busik wulunira//
39. //Angamuke lembu saya anemeni/ nunjang sarta nyundhang/ akathah tiyang
kang kanin/ lembu mlajeng mlebet wana//
40. //Tinututan sadaya datan nguntapi/ serap wayahira/ tiyang sami wangsul
mulih/ tan kawarna dalunira//
41. //Sareng enjang Santawignya matur aris/ ing bendaranira/ Pangeran Wangga
winarni/ wus prapta aneng ing ngarsa//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
123
42. //Wus umatur awit purwanireng nguni/ dumugi wekasan/ Santawignya
aturneki/ pangeran alon ngandika//
43. //Dhateng demang rangga bekel lan ngabehi/ kinen ngupayaa/ lembu kang
mlebeng wanadri/ kang tampi dhawuh dyan mintar//
44. //Samya bekta sanjata pedhang lan keris/ kadya nglurug perang/ wana
dipunkepung nuli/ tiyang kathah samya culat//
45. //Lembu kagyat janggirat kirig-kirig(-1)/ macicile netranya(+1)/ lajeng nempuh
amburoni/ binendrong waos sanjata// //o//
Pupuh XX (Durma)
//o// 1. //Pengamuke lembu sangsaya agalak/ kathah kang samya ngisis/ tan purun
nyaketa/ ajrih yen dipungondhang/ anenggih yen kadi mantri/ kang kanin
punika(+1)/ singa pejah ugi//
2. //Wayah asar lembu pan sampun asayah/ kengingnya dipunjaring/ kabekta
mantuk enggal(+1)/ katur dhateng pangeran/ cekathakan taksih kanthil/
pangeran dhawuhnya(+1)/ pan kinen bukak aglis//
3. //Gya binukak cekathakanira ika/ pangeran dhawuh nuli/ dhateng
Santawignya/ eh mara sanjataa/ Santawignya nyandhak aglis/ senjatanira/
lembu kenging ngemasi//
4. //Pangeran Wangga alon denira ngandika(+1)/ Sontawignya sireki/ apa
purwanira/ pasah sira sanjata/ mau binendrong bedhil(-1)/ nora tumama/ kongsi
ngabisna mimis//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
124
5. //Santawignya wau alon aturira/ kawula kinten gusti/ cucal ambenira/ kados
saget digdaya/ gen kula nuwun rumiyin/ dhateng Pangeran Tengah(+2)/ ing
Landhoh dalemneki//
6. //Jeng pangeran kinen mendhet kuda(-2)/ lajeng dipunkalungi/ cucul amben
punika(-1)/ lajeng dipunsanjata/ kaping gangsal boten busik/ kinen anumbak/
inggih boten ngemasi//
7. //Dipunpindhah kinalungaken mahesa/ binendrong dipunbedhili(+1)/ pan
inggih tan pasah/ pangeran dhawuh sigra/ cucul lajeng dipunbagi/ samerang-
merang/ anenggih agengneki//
8. //Sampun radin binagi tiyang sawangga/ kinarya jimat nenggih/ kabuntel ing
sanjang119/ kangge susupe sedaya(+1)/ wonten kang kinarya sabuk kaulesi(+4)/
pethak(-3)/ anenggih pundhi-pundhi//
9. //Antarane wonten satengah wulan(-1)/ katur jeng sultan Mantawis(+1)/
pirengnya jeng sultan/ saking aturira(-1)/ bala pangeran Wangga tur uning(+2)/
mring Kanjeng Sultan/ Agung inggih Mentawis//
10. //Purwanipun miwiti tekeng wekasan/ Sultan Agung nimbali/ klayan
pamajegan/ sekawan kathahira/ ingutus mring Landhoh singgih/ amundhi
nawala(+1)/ inggih saking gri120 bupati(+1)//
11. //Sultan Agung alon denira ngandika/ mantri sira sun tuding/ marang Landhoh
ika/ Pangeran Tirta Kusuma(+1)/ paringena surat mami/ jabaning layang/ tutur
anak mami(-1)//
119 Silap tulis dari binjang. 120 Silap tulis dari sri.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
125
12. //Lulangira kebo dhungkul lan sungunya/ sun pundhut ing Mentawis/ sira
gawa pisan/ sarta kirim manira/ ganjaran rong pangadeg iki(+1)/
pengagemingwang/ paringena putra mami(+1)//
13. //Wis bidhal saiki becik kinarya(-1)/ nulya lengser sing ngarsi/ sarta mundhi
serat/ mantri sekawan gya budhal(+1)/ rewang dharat kalih (dadasi?)(+1)/ mantri
sekawan/ pra samya nitih wajik//
14. //Gegancangan lampahira aneng marga/ kawan dinten wus prapti/ inggih
Landhoh desa/ Pangeran Tirta Kusuma(+1)/ semu kaget ingkang galih/ wonten
caraka/ saking Mentaram nagri//
15. //Sami lenggah mantri sakawan punika/ Pangeran Tengah aglis/ tedhaken ing
lenggah/ nyakiti gandhek duta/ Pangeran Tengah nampeni/ kang nawala(-1)/
enggal pan bika aglis// //o//
Pupuh XXI (Sinom)
//o// 1. //Iki pangeran layangewang(+1)/ teka ramamu Sang aji/ Sultan Agung kang
kuwasa/ Ngabdulrahman Yasayidin/ Panata Agama ugi(+1)/ ingkang
ngedhatyan Mentarum/ kang mengku Tanah Jawa/ kalakengkat ing sabumi/
pan telatah pasisir urutira(-1)//
2. //Iya puji donganingwang/ tumekaa ingkang siwi/ Rahaden Tirta Kusuma/
satriya anom apekik/ ingkang seneng amukim/ omah desa Landhoh iku/ sawiji
tur sembada/ tetani panggawe suci/ sucinira anyrambahi sakulawarga(+1)//
3. //Sawuse puji pandonga/ iya ora apa maning(-1)/ nalika tanggal lima las/ lan
jrone Sawal kang sasi/ sira katekan iki/ wong ing Wangga dagang lembu/
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
126
kang aran Santawignya/ jaluk tulang121 sira wehi/ mung satebah kawan kaki
panjangira//
4. //Menawa lega tyasira/ lulang sarta sungu ngubiki(+1)/ ingsun pundhut mring
Mantaram/ gawakna utusan mami/ aja kaliru kaki/ kang sun pundhut tulang
dhungkul/ sarta sungune pisan/ poma-poma putra mami/ saisihe lulang
dhungkul gawakena//
5. //Kajabane iki iya/ sira thole sun kirimi/ sapadege122 busana/ keris sapendhoke
iki/ dhestar lan kelambi(-1)/ sangu gedhog sutra alus/ kampuh lan jarit amba/
epek renda lawan berji/ iya iku lorotan agemanira//
6. //Wus titi ponang nawala/ tinulis ing Rebo Legi/ pan wolu likur tanggalnya/
anenggih Sawal kang sasi/ apinuju ingkang arsi(+1)/ anenggih Dal taunipun/
sengkalannya kang warsa/ kirim blanja ingkang rayi/ limang atus pitung dasa
pitu ika//
7. //Pangeran Tirta Kusuma/ sareng maca ingkang tulis/ (sunuk?) neng jroning
wardaya/ wus kadhadha semuneki/ marwata sultan Banten mring(+1)/ kang
rama Sultan Agung(-1)/ dene paring busana/ rong pengadeg agemneki/ mila
gandhek utusan sinuba-suba//
8. //Pangeran Tirta Kusuma/ pra sentana den timbali/ tuwin wau ingkang raka/
Raden Momok den aturi/ Pangran Tirta kusumeki(+1)/ sedaya wus prapta
ngayun/ manggihi mantri duta/ ingkang saking ing Mentawis/ saben dalu
genipun sami jagongan//
121 Silap tulis dari tulung. 122 Silap tulis dari sapangadhege.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
127
9. //Serat saking Mentaram(-1)/ inggih sampun den wangsuli/ ingkang nyerat
putranira/ Raden Amir sampun wasis/ kang rama paring lit(-1)/ kabeh
purwaning kang tembung/ memanising bebasan/ ngasoraken jiwa ragi/ aja
kaduk ngegungaken sarira(-1)//
10. //Sultan Agung ingkang kwasa/ pernah sepuh dhasar sekti/ dadi ratu Tanah
Jawa/ sinembah para bupati/ pira-pira wak mami/ den sruwe marang sang
prabu/ mulane putraningwang/ gonmu nulis ingkang becik/ aja kongsi aksara
pegat kalimah//
11. //Destun temen yen wong desa/ kurang tata kurang titi/ nora mangerti sujana/
ja kongsi ngisabi-sabi/ yen den guyu wong nagari(-1)/ tandha tedhak saking
dhusun/ kang putra aturira/ kados boten nguciwani/ boten benten nalar ngriki
lan Mentaram//
12. //Temtu wonten kacekira/ ing dhusun klayan nagari/ dipunulig saben dina/
asanyah123 tembungireki/ bok inggih tiyang nagari(+1)/ kinen gantheng
ameluku124/ mangsa silih nyandhaka/ kalayan tiyang ing desi/ nadyan dhusun
boten sembarang dhusunnya//
13. //Kang rama alon ngandika/ iya bener sira iki/ serat sampun tinulisan/ sampun
dadya gening nulis/ katur kang rama aglis/ winaca sinukmeng tembung/
sadaya tandukira/ rakiting aksara titi/ sampun leres aksara arayak-rayak//
14. //Dupi enjang seratira/ tinampekaken tumuli/ dhateng gandhek ing Mataram/
gandhek sampun anampeni/ sarta umatur aris/ pangeran kawula nuwun/
mumpung enjang abidhal/ tigang dinten dhateng ngriki/ sakelangkung
ingajeng rama jeng sultan//
123 Silap tulis dari atanyah. 124 Silap tulis dari amaluku.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
128
15. //Pangeran Tirta Kusuma/ pangandikanira aris/ inggih sumangga kewala/
gandhek lengser sakingarsi/ wus bidhal lampahneki/ tan kocap aneng marga
gung/ wus prapta ing Mentaram/ Sultan Agung duk siniwi/ gandhek cundhuk
tumamengarsa narendra//
16. //Sarta wau mundhi serat/ ingaturaken sang aji/ sang nata sampun atampa/
pinijet binuka aglis/ tata titining tulis/ menggah ing manising tembung/
kanjeng sultan grahita/ pan mesem sajroning galih/ dene bisa udanagara
utama//
17. //Punika serat kawula/ mugi konjuk jeng ramaji/ Sultan Agung kang kuwasa/
Ngabdulrahman ya Sayidin/ Panatagama ugi/ kang sudibya wibawa gung/
kang dalem kitha Mataram(+1)/ kang mengkoni Tanah Jawi/ pra bupati pasisir
takluk sadaya//
18. //Pan masur ing tanah sabrang/ para raja siyan125 nagri/ dene ambek kawula(-
1)/ setya legawa ing tyasneki(+1)/ digdaya dhasar sekti/ kasubing rat Jawi
punjul/ ber pradhah lila ing dunya(+1)/ bojakramaning sesami/ pra bupati wedi
asih suyut samya//
19. Sampun ing kadya punika/ awiyos boten punapi/ kawula sampun amundhi(a)/
inggih paparing tulis(-1)/ saking kangjeng rama aji(+1)/ panjenengan dalem wau/
amundhut cucal lan singat(+1)/ cucalipun dhungkul nguni/ klangenaning kala
swargi kangjeng rama//
20. //Jeng sultan sampun aduka/ singatipun dhungkul gusti/ inggih sampun telas
sadaya(+1)/ tan kantenan kang bektani/ wonten ingkang taksih kidhik(+1)/ damel
125 Silap tulis dari liyan.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
129
badhe jungkas126 wau/ lepen127 pituwin belabah(+1)/ jujulipun kantun kidhik/
gih punika kang sareng serat punika//
21. //Mugi konjuk kangjeng rama/ wiyaripun kalih kaki/ panjangnya namung
sekawan/ sumangga jeng rama aji/ kajawinipun malih/ kangjeng rama sultan
kintun/ lorotaning busana/ asanget pamundhi mami/ kang supados anyrambahi
kulawarga//
22. //Supados anurunana/ anak putu buyut mami/ dhuwung paringing jeng sultan/
kalokengrat ing sabumi/ amung punika gusti/ unjuk kawula sang prabu/
kapundhi ing mastaka/ kacancang ing remamami/ dunya kerat kawula datan
suminggah//
23. //Pan namung bekti kawula/ kaunjuk dhateng sang aji/ serat saking ingkang
putra/ Tirta Kusuma kang nami/ Landhoh wismanya desi/ adipati papa
wilangun(+1)/ narima titah ing Suksma(+1)/ mugi Hyang Widi ngasihi/ embu-
embunan printahireng suksmanasa//
24. //Nalikanira sinerat/ nuju dinten Senen Legi/ tanggalnya kaping sakawan/
Dulkangidah ingkang sasi/ taun dal kang winarni/ sengkalannya warsanipun/
kali sabrang angin kisma(+1)/ sampun tamat tembung titi/ ingkang sampun
kasebut nawala patrah128//
25. //Sultan Agung mesem ing tyas/ garjiteng jroning galih(-1)/ nora mambu weton
desa/ pasanging aksara kita(i)/ tembunge memes manis/ mendah aneng praja
agung/ ngungkuli wong Metaram/ nora uman ing pangerti/ nadyan desa tlitine
wong bek sujana//
126 Silap tulis dari jungkat. 127 Silap tulis dari slepen. 128 Silap tulis dari patra.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
130
26. //Sultan Agung angandika/ marang mantri catur nenggih/ eh mantri sira
muliha/ mantri sekawan tur bekti/ pan lengser sing ngarsi(-1)/ mantri sekawan
wus mantuk/ jeng sultan angedhatyan/ ingiring parekan selir/ ingkang garwa
amethukaken den asru// //o//
Pupuh XXII (Kinanthi)
//o// 1. //Nengena jeng Sultan Agung/ agantar ingkang winarni/ Santawignya tiyang
Wangga/ awangsul mring Landhoh nenggih/ anuwun cucal mahesa/
panunggilira rumiyin//
2. //Amatur sayektosipun/ wucal129 damel amben sapi/ dugi Wangga lajeng
meta/ binendrong tumbak lan bedhil/ lembunipun datan pasah/ margi cucal
saking ngriki//
3. //Santawignya matur galur/ purwaning kawiting nguni/ cucal sampun damel
jimat/ tiyang sa Wangga gawe radin(+1)/ walulang kaduman samerang(+1)/
kadamel jimat pribadi//
4. //Menggah wau hikmahipun/ kawula sampun ngayoni/ den waos tiyang
sedasa/ boten busik awak mami/ nanging supe panganggenya/ sampun nangge
sombong iki//
5. //Kang dulu eram sedarum/ ature Santawignya Ki/ Pangeran Tirtakusuma/
pangandikanira aris/ inggih paman Santawignya/ cucal dhungkul sampun
abis//
6. //Kapundhut Jeng Sultan Agung/ sapungkure paman nguni/ Santawignya
aturira/ bok manawi taksih kidhik/ balung pituwin teracak/ untunya manawi
taksih// 129 Silap tulis dari cucal.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
131
7. //Yen taksih cucale dhungkul/ wontena sailir alit/ kawula ngaturi arta/
gangsal atus arta ringgit/ punika pangeran Wangga/ bektani arta mring mami//
8. //Pangeran Tengah gumuyu/ daya-daya lamun taksih/ kula niki basakena/
kados (lengak?) ri busik(-1)/ boten wuninga ing warta/ sampun andika mariki//
9. //Lah inggih dika umatur/ mring Surya Kusuma adhi/ pangeran ingkang
mardika/ dalem Wangga ing nagari/ yen cucal dhungkul wus telas/
Santawignya angabektani(+1)//
10. //Pan inggih kawula nuwun/ pamit mantuk mumpung enjing/ Pangeran
Tengah ngandika/ lah paman kula lilani/ Santawignya sampun bidhal/ tan
kocap aneng ing margi//
11. //Anenggih sapungkuripun/ Pangeran Tengah winari/ Raden Momok Ketip
ngandika(+1)/ Pangeran Dagan kang rayi/ tuwin kang para santana/ pangulu
ketib myang modin//
12. //Sami papakan sedarum/ cucal dhungkul kantuneki/ binagi para sentana/
balungnya kang den pendhemi/ kinen wau andhudhuka/ sedaya wetah atasih//
13. //Binage sadherekipun/ damel jimat den ulesi/ tatiron tiyang ing Wangga/
ingkang akathah pribadi/ Pangeran Tirtakusuma/ singate datan binagi//
14. //Singat cucal balung untu/ damel jimat den blingkahi/ boten benten
dijayanya/ boten pasah tumbak keris/ sarta nebihaken godha/ gendruwo
kebokemali//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
132
15. //Milanya mahesa dhungkul/ singat cucal balungneki/ akenging damel
jimatan/ sabab mahesa wus mati/ nging nugah ing panembahan/ saget gesang
kadi nguni//
16. //Pan dadi klangenanipun/ panembahan kang suwargi/ sedaya pratikelira/
dhungkul sampun kadi janmi/ kacek boten saget ngucal/ pinasthi karsa Hyang
Widi//
17. //Akathah lamun cinatur/ gancange caritaneki/ Raden Momok sampun seda/
pinetak sakilen masjit/ boten tunggilan kang rama/ sampun karsane pribadi//
18. //Warnanen ingkang winuwus/ Raden Tirtamenggaleki/ kalih wau putranira/
sami jalu pekik-pekik/ ingkang bajeng Raden Rahmat/ ingkang rayi Raden
Sahid//
19. //Kinasihan kalihipun/ dhateng eyang pangeran nenggih(+1)/ siyang ratri datan
pegat/ sapurugnya den tut wingking/ kang putra dinamadana/ wolung warsi
yusawaneki//
20. //Pangeran Dagan winuwus/ putranya ingkang winarni/ Rahaden Ayu
Kusuma/ Ki Ageng Banyol wismeki/ inggih sampun darbe putra/ pepitu
kathahnya siwi//
21. //Ingkang bajeng jaler wau/ Raden Sadat ingkang nami/ kang nenem samya
wanudya/ tan kocaping namineki/ salebet seratnya ilang/ mila tan kacriteng
nami//
22. //Pangeran Tengah cinatur/ gerahira sampun lami/ kalih dinten sakitira/ anulya
wau ngemasi/ Pangeran Dagan winarna/ anuweni raka singgih//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
133
23. //Gening seda lingsir dalu/ dintenipun Kemis Paing/ nuju tanggal gangsal
welas/ wulane Jumadilakir/ Jimakir sengkala warsa/ watu nendra bale bumi//
24. //Garwa putra nangis sadarum(+1)/ tuwin wayah sami nangis/ pituwin para
sentana/ sabab ingkang lami130 asih/ pan wus lumampah tiyang palasatra(+3)/
prayogine den tangisi//
25. //Teka kurang sedhepipun/ yen garwa putra ngemasi/ lamun nora tinangisan/
rinasan liyaning janmi/ wong tuwa dulur palasatra(+1)/ sami bingah temen iki//
26. //Tur mundhak metengi kubur/ yen wong mati den tangisi / malah padha
sukeng tyasnya/ duk kalane bayi lahir/ wong tuwa dulur abungah/
kaurmatanireng entig//
27. //Yaiku umpamenipun/ wong mati iku amulih/ marang ngalam ora-owah/
sabab apa den tangisi/ marang wismanya pribadya/ abakal mungguh131
suwargi//
28. //Mulane wajib maguru/ weruh sangkan paran pati/ kang patitis ulihira/ aja
kasasar ing margi/ ja kena godha rencana/ iku bakal bilaeni//
29. //Pira lawase wong dunung/ ora wurung bakal mulih/ jaler estri padha-padha/
nama Cina Landa Bugis/ ora wurung yen palasatra(+1)/ wajib padha istiyar(a)
(-1)//
30. //Weruha panggenanipun/ kang bakal singra132 parani/ apa baya wernanira/
apa ireng ijo putih/ apa wungu kuning abang/ apa rungrut133 padhang bersih//
130 Silap tulis dari sami. 131 Silap tulis dari munggah. 132 Silap tulis dari sira. 133 Silap tulis dari rungkat.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
134
31. //Iku uga luwih perlu/ aja tungkul dunya iki/ aja mati sasar(-2)/ mulih nora
weruh mergi/ dadi kinjeng tanpa soca/ mungguh dadi cacing iki//
32. //Yen dadi cacing bengkanglung/ dimangsa iwen lan pitik/ mulane wong urip
padha/ elinga penggawe becik/ weruha ingkang sinedya/ sedya weruh gone
pati//
33. //Akathah lamun winuwus/ sareng waktu wayah enjing/ Pangeran Tirta
Kusuma/ layone dipunsirami/ sampun wau sinalatan/ lajeng modin ketip
santri//
34. //Amragat mahesanipun/ kalih totor gih serakit/ nalika taksih agesang/ sampun
dhawuh putraneki/ mila totor lawan kala/ sampun pasrah ngesthi pati//
35. //Layone binekta sampun/ aneng pesareyanneki/ sinare wetan kang rama/
angangge gedhong pribadi/ ing awit iku kalihnya/ ingkang putra anengahi//
36. //Anulya bibaran sampun/ kaji santri ingkang ngiring/ sami den adhep sadaya/
boten pareng lamun mulih/ pitung dinten kajatira/ tahlil kawan daranira//
37. //Kang putra pangeran wau/ Raden Tirtamenggaleki/ anggentosi ingkang
rama/ Pangeran Wetan kang nami/ asuyut para sentana/ paprintahan kados
lami//
38. //Wus telas ing kajatipun/ Pangeran Dagan kang rayi/ agerah pan lajeng seda/
sami ugi kurmat neki/ sabab putrane akaya/ Ki Ageng Bogol winarni//
39. //Sinare sakidulipun/ aneng pager banon Jawi/ margi dhawuhe keng rama/
nalika taksih suwargi/ gening ngubur Jawi bata/ cinaketaken rameki//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
135
40. //Tan kocap ing kajatipun/ agenti ingkang winarni/ Pangeran Wetan winarna/
kang putra jaler kakalih/ Raden Rahmat ingkang tuwa/ Raden Sahid ingkang
rayi//
41. //Raden Rahmat pamit wau/ dhateng ingkang rama nenggih/ kesah ngaji
dhateng Dengmak/ kang rama wus anglilani/ enjangipun bidhalira/ bekta
punakawan kalih//
42. //Anjujug griya pangulu/ anenggih Demak nagari/ Raden Rahmat sampun
lama/ gening ngaji sampun bangkit/ winulang pangulu Demak/ yen mangsa
pasa winarni//
43. //Dipunkarsakaken darus/ aneng daleming bupati/ santri tan pareng mantuka/
santri pinaringan bukti/ asaur nalika pajar/ datan pegat saben ratri//
44. //Anulya satunggal wektu/ rahaden ayu bupati/ kaleres malem Jumawah134/
amaos aneng ing Jawi/ lumampah dugi pandhap(-1)/ wonten murup kang
kaeksi//
45. //Den ayu kaget anjumbul/ den awasaken tumuli/ santri tilem inggalarah/
ingkang murub den perpiki135/ anenggih santri satunggal/ sinuwek bebetnya
mijil// //o//
Pupuh XXIII (Mijil)
//o// 1. //Raden Ayu malebeng jro puri/ umatur raka lon/ ingkang raka
dipunwungokake/ adipati sigra wungu aglis/ kang garwa pinanggih/ metek
sukunipun//
134 Silap tulis dari Jumuwah. 135 Silap tulis dari perpeki.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
136
2. //Adipati angandika aris/ saparan rinengong/ ingkang garwa alon ing ature/
inggih kula umatur sayekti/ kula saking awi/ gerah badan ulun//
3. //Wonten murub mencorong kaeksi/ ulubipun ijo/ kula injen pan dugi cakete/
santri kathah kang samya guling(-1)/ inggih mung satunggil/ kang kadulu
murub//
4. //Kula sawek sinjangnya sakedhik/ kalih kilan kados/ ingkang raka alon
ngandikane/ mengko esuk sun priksane iki/ endi ingkang ciri/ suwek
bebetipun//
5. //Adipati amiyos ing Jawi/ angandika alon/ marang ketip pangandikane(-1)/
sira ketip modin lawan santri/ kabeh aja mulih/ nganti mengko esuk//
6. //Lurah ketip umatur wotsari/ sandika kemawon/ adipati malebeng daleme/
nulya dhawuh teng kokineki(-1)/ santri kinen maringi(+1)/ bukti sami atur//
7. //Kathahipun kalih welas santri/ modin pitu kang wong/ ketib kalih satunggal
lurahe/ bakda sahur ketip amrintahi/ sakabehe santri/ aja mulih iku//
8. //Padha bareng mulih maring mami/ anganti kang dhawoh136/ adipati iya
timbalane/ modin santri sandika turneki/ wernanen ing ratri/ sareng
enjangipun//
9. //Adipati amiyos tinangkil/ garwa dherek miyos/ apan sarwa kekanten astane/
ketip modin pan samya ngabekti/ alenggah pendhapi/ angantos kang dhawuh//
10. //Adipati angandika aris/ dhumateng ketib anom(+1)/ eh ta ketip santri pira
kehe/ ingkang tilem aneng ing pendhapi/ iya mau bengi/ ketip anom matur// 136 Ditulis ‘dhawoh’ karena untuk memenuhi guru lagu. Kata yang seharusnya adalah ‘dhawuh’.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
137
11. //Santri amung kalih welas gusti/ ageng alit anom/ modine nem tiga ing
ketibe/ kapetengen magersari(-2)/ hamba datan uning/ kathah kedhikipun//
12. //Raden ayu angandika aris/ iya ketip anom/ santri rolas iya kiraba kabeh(+1)/
sarta mudin kiraba sami(-1)/ krana mau bengi/ akelangan ingsun//
13. //Yasupe ingsun tibeng pendhapi/ bokmanawa weruh/ ana ingkang jupuk
ngumpetake/ ketip anom sigra ngadeg aglis/ modin lawan santri/ akirab
sedarum//
14. //Kinen ucul sabuk sedayaneki(+1)/ kantun bebet mawon/ Raden Rahamat ucul
sabuke/ mingkas-mingkus genira nguculi/ batos semu isin/ suwek bebetipun//
15. //Tan uninga suweke ing wengi/ osikira batos/ dipunkinten dipunsuwek
rencange(+1)/ santri kathah manawa ana kang jahil(+2)/ apanas kang ati/ sebab
kasihing pangulu(+2)//
16. //Raden ayu anjawil dipati/ sarwi bisik alon/ gih punika kang suwek sinjange/
boten samar wau dalu niki/ pan kula sulohi137/ ceceg138 wernanipun//
17. //Dyan dipati angandika aris(+1)/ iya becik anom/ santri siji kuwi gawa mrene/
ketip anom sigra nyandhak astanireki(+3)/ dyan Rahmat kinanthi/ umarek ing
ngayun//
18. //Angandika den ayu dipati/ eh santri sun takon/ iya sira ing endi wismane/
lawan sapa jenengireki(-1)/ sapa darbe siwi/ ngendi asalipun//
137 Silap tulis dari suluhi. 138 Silap tulis dari cocog.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
138
19. //Raden Rahmat umatur ngabekti/ kula umatur yektos(+1)/ nami kula Rahmat
wiyose(-1)/ dhusun Landhoh wisma kula gusti/ Tirta Manggaleki/ bapak
namanipun//
20. //Dyan dipati angandika aris/ apa printah uwong/ bapakmu apa mlaku gawe (-1)/ Raden Rahmat matur ngabekti/ inggih prentah desi139/ demang Landhoh
dhusun//
21. //Den dipati angandika malih/ aja lunga adoh/ sira ingsun andheng aneng
kene/ ingsun pundhut anak sireki(-1)/ yen esuk sira ngaji(+1)/ omahe pengulu//
22. //Raden Rahmat manembah tur bekti/ sumangga kemawon/ mung paduka
wontena kersane/ utusan dhateng Landhoh gusti(-1)/ aparing udani/ inggih
bapak ulun//
23. //Angandika rahaden dipati/ liya dina ingong/ ya utusan ing Landhoh bakale/
wus bibaran malebeng jro puri/ Raden Rahmat nunggil/ putra sentana
sampun(+1)//
24. //Saben dina golong-golong ngaji/ ing masjit pangulon/ bakda ngaji amantuk
kadipaten(+1)/ putra santana sedaya asih/ Raden Rahmat nenggih/ andhap asor
wau//
25. //Datan winursita nguni(-2)/ wus lami cariyos/ dyan dipati utusan mantrine/
dhateng Landhoh sarwi bekta tulis/ tan kocaping margi/ prapta Landhoh
sampun//
139 Kata yang seharusnya adalah desa, tetapi untuk memenuhi guru lagu penyalin naskah menulis desi.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
139
26. //Pangeran Wetan Tirta Menggaleki(+1)/ dyan kaget Wiranom/ aningali kuda
kathah dipunkinten(+2)/ utusan Mentawis(-4)/ nulya den panggihi/mantri Demak
cundhuk//
27. //Kang nawala sampun den tampani/ mring Raden Wiranom/ gya pinijet
binuka elake/ tembungipun arum amanis(-1)/ dhasar kadhuk manis/ barang
solahipun// //o//
Pupuh XXIV (Gambuh)
//o// 1. //Assalamungalaekum(+1)/ warahmatullah wabar katuhu/ salam kula katura
dhateng pun adhi/ Raden Tirta Menggaleku/ Pangeran Wetan ing Landhoh//
2. //Serat saking rakanipun(+1)/ adipati Demak prajanipun/ ajejuluk Patmanagara
dipati/ anenggih ing wiyosipun/ yen pareng eklas ing batos//
3. //Yen seneng kaliyanipun(+1)/ putranira anenggih puniku/ Raden Rahmat
ingkang taksih ngaji(-2)/ dhateng griya pangulu(-1)/ ing Demak kauman
enggon//
4. //Badhe kula pendhet mantu(+1)/ apinantu anak kula wau/ bajeng kula Raden
Ajeng Rara Kuning/ yen tinakdir Hyang Agung(-1)/ dinadosaken ing jodho//
5. //Nenggih Raden Rahmat putranipun(+3)/ nenggih sampun tigang taun kula/
ajar dhateng kadipaten nulis Jawi/ Arab sampun putus(-2)/ tan wonten ingkang
winaos//
6. //Atelas titining tembung(+1)/ serat ingkang kasebat puniku/ mugi adhi serimbit
samya anggalih/ kula nuwun angsul(-2)/ serat esaning ing batos//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
140
7. //Raden Tirta Menggaleku(+1)/ sampun tamating pemaosipun/ mlebeng dalem
sarwi bangking serat neki/ pirembag lan garwanipun/ bubukaning cinariyos//
8. //Keng rayi bingah kelangkung(+1)/ ingkang putra badhe kapendhet mantu(+1)/
kangjeng Demak inggih dipati(-3)/ pikantuk semboyanipun/ estri wernanireng
tanggon//
9. //Karya serat angsul-angsul(+1)/ sampun dadya pinaringaken wau(+1)/ dhateng
mantri ing Demak sampun tinampi/ pun mantri apamit mundur/ rinilan
budhalnya alon//
10. //Tan kocaping marga agung(+1)/ sampun prapta ing Demak prajagung/ dyan
dipati pinuju sawek siniwi/ mantri duta sampun cundhuk/ mundhi serat wus
cumaos//
11. //Serat ingaturaken sampun(+2)/ gya pinijet pan binuka sampun/ serat angsul
anenggih saking kang rayi/ Raden Tirta Menggaleku/ Pangeran Wetan ing
Landhoh//
12. //Urmat ingkang taklimipun(+1)/ serat katuring panjenenganipun(+1)/ dhateng
kangjeng adipati(-4)/ Patmanagara kang mengku/ dalem kitha Demak kaot//
13. //Sampuning kadya puniku(+1)/ ingkang wiyosing sekathahipun/ apan kula
inggih sampun anampeni/ ijemaning srat sedarum/ kang kasebat jro wiraos//
14. //Prakawis pun Rahmat wau(+1)/ gih sumangga pan dados kersanipun(+1)/ tan
rumaos kawula aderbe siwi/ mung paduka ingkang gadhuh/ sumangga
karsa140 kemawon//
140 Terdapat bentuk lainnya berupa dialek yaitu ‘kersa’.
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
141
15. //Dadosa ing jodhonipun(+1)/ ingkang putra Rara Kuning wau/ adhatengaken
nini-nini(-1)/ supados sageta lulut/ tan wonten suwaleng batos//
16. //Mung punika atur ulun(+1)/ ing titining serat winuwus anuju(+2)/ tanggal ping
kalih desa pinarenging sasi(+1)/ Mulud taun(-4)/ Je ingkang gumantos(-2)//
17. //Raden dipati ngedhatun(+1)/ wus bibaran punggawa sedarum/ den dipati
dhawuh dhateng garwaneki/ critanya bebukanipun/ serat wangsulan ing
Landhoh//
18. //Den ayu bingah kelangkung(+1)/ sampun lami dados karsanipun/ kang
panggalih den ayu karsa yektosi/ nalika dalu amurub/ aneng pandhapa
mancorong//
19. //Nengena ingkang winuwus(+1)/ nenggih Raden Tirta Menggaleku/ Pangran
Wetan utusan mring Dengmak nagri/ ngaturi mahesa selangkung(+1)/
abumbung ulam ing pawon//
20. //Kinarya sugating tamu(+1)/ lan pituwin kinarya ulam tayup(+1)/ kangjeng
Demak adhawuh kinen nampani/ mahesa inggih selangkung/ ingkang saking
besan Landhoh//
21. //Dyan Dipati adhawuh/ animbali dhateng ki pangulu/ kang ingutus nimbali
pangulu prapti/ wus prapta aneng ingayun/ dyan dipati ngandika alon(+1)//
22. //Sira Nursalim pangulu/ nikahena iya putraningsun/ Rara Kuning iya karo
Raden Rahmat mas kawinnya(i)(+4)/ Kur’an iki(u)(-4)/ rolas tail emas keton//
23. //Pangulu alon umatur(+1)/ gih sandika punapa keng dhawuh/ Raden Rahmat
nulya dipunjanjeni(-1)/ cinepeng ing astanipun/ sineksenan ketib anom//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
142
24. //Bakda ningkah kajatipun(+1)/ ambengane wali ngatur ngurus/ dyan kinepang
ketib modin lawan santri/ kaji mantri punggawa gung/ pra sentana ingkang
saos//
25. //Gumerah suwaranipun(+1)/ ambengane sami dipunkepung/ tyas atunggil
bandhulnya nenggih saringgit/ lan saptangan sutra alus/ sedaya bingah ing
batos//
26. //Anulya bibaran sampun(+1)/ Raden Rahmat dherek ki pangulu/ dhawuhira
anenggih raden dipati/ wayah asar pinaesan iku(+2)/ ngangge cara kaji mawon//
27. //Adat cara Demak iku(+1)/ nenggih cara kaji wau(-2)/ cara Arab ingkang
dipunirib-irib/ amrih nyawabana iku/ nyawabi sageta tiron//
28. //Sampun asar wayahipun(+1)/ Raden Rahmat binusanan sampun/ dhasar santri
binusanan cara kaji/ kathah samar samya dulu/ dhasar sigit bagus anom//
29. //Yen ta sampun abagus/ rare dhusun Landhoh pundhut mantu/ pan pinilih
dipati Demak nagari/ eleta sagara gunung/ yen jodho sandhing sumaos// //o//
Tamat
//Kang yasa layang iki: ingsun Seh Jangkung panembahan dalem ing desa
Landhoh kabupaten nagara Pathi sarta wus pirembug mupakat lawan penggalih
dalem Kangjeng Sultan Agung kuwasa ing Mataram paedahe sapungkuringsun
anak putu padha wajib tumindak klakuwan kang becik dadya utamaning badan
adunya tumengkeng-angakerat//
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
143
Universitas Indonesia Suntingan teks..., Yuli Lestari mandiri, FIB UI, 2009
Recommended