11
Jaka Tarub dalam Bahasa Jawa Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa- punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.

Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Cerita Rakyat dalam versi Bahasa Jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Citation preview

Page 1: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Jaka Tarub  dalam Bahasa Jawa

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan

putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih

menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati

kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken

kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos

pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak

wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge

dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana

kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados

konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten

angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu

lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

 Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa

piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.

Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka

Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka

Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning

tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking

pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.

Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu

menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang

sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari

menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika

Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan

satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar

rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun

caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub,

widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka

Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang

Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-

manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen

Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa

Page 2: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan

punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados

satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang

wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun

manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun

kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang

Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.

Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh

kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.

Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados

widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan

boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan

nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun

Nyi Roro Kidul.

=================================================================

Page 3: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Keong Mas dalam Bahasa Jawa

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang

pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo

nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing

sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake

marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis

saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh

cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi,

kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining

keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan

ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk

krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing

emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe.

Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing

ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak

panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka

genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong

Mas ?”

“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin

Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab,

Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton

Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika

kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu

nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku

anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di

dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa

Page 4: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor

kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget

amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba

Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni

Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi

Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan

deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga

agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Page 5: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

ASAL-USULIPUN RAWA PENING

Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa,

Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan

endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking

guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun

nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar

pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa,

piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging

amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados

ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso

ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar

Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya

lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang

bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes,

saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih

tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun

ngawon-awon.

Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa

dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki

Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.

Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan

ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika

dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem

malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng

klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi

Baru Klinthing.

Page 6: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged

manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya.

Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken

papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak

sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.

Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-

manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang

ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar

Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.

Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki

Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar

menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru

Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng

Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos

wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen

Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.

Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika

boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu.

Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak

brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa

dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng

mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun

boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki

Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.

Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa

menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka

ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat.

Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki

hajar.

Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud

tombak Kyai Baru Klinthing

Page 7: Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening

Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi

sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana.

Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken

putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun

ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.

Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah

satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun

mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga

ingkang nama Baru Klinthing.

Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru

Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging

reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging

dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening

mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka

kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung

mbekta enthong lan sangu saprelunipun

Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi

nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten

ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-

setunggala ingkang saged.

Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-

kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.

Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados

redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi

lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa

bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.