6
Wayang Kulit Kelompok : Andy Irawan (03) Faizal Novian H. (08) Norika Hidayati Y. (16) Raphael Dharu R. (24) Sayekti Novitasari (32) ©X-8_bumi

wayang kulit bahasa jawa

Embed Size (px)

DESCRIPTION

dibuat menggunakan bahsa jawa, semoga bisa membantu :)

Citation preview

Wayang Kulit

Kelompok :₤ Andy Irawan (03)₤ Faizal Novian H. (08)₤ Norika Hidayati Y. (16)₤ Raphael Dharu R. (24)₤ Sayekti Novitasari (32)

©X-8_bumi

Wayang kulit yaiku wayang sing digawe saka lulang (kulit kewan ternak). Wayang iki digawe saka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Umumé wayang kulit nggunaaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang (simpingan kiwa lan simpingan tengen). Gamelan kang ana ing sisih mburi ngramekaké pagelaran iki.

Wayang Kulit

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nusantara . Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Yogyakarta, Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa.Sumber caritané yaiku saka kitab MahabharataLan Ramayana kang ditulis déning MpuSedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Panyebaran Panggawene wayang Uba rampe pakeliran

Wayang Kulit

Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayangmbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luwih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran anaIng lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awakLiyané yaiku tangan. Tangan wayang dumadi saka rongpérangan yaiku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisadiobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayangdigawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang ugadiwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.

Panyebaran Panggawene wayang Uba rampe pakeliran

Wayang Kulit

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti yaiku antara liya:

Panyebaran Panggawene wayang Uba rampe pakeliran

Wayang Kulit

Kothak, wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran

sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

Cempala, thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.Kelir, layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.Bléncong, Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir

disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.Kepyak, digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.Gedebog/debog, kanggo tancepan wayang.Gamelan, kanggo ngiringi pagelaran.

Go to video >>