Download pdf - Silsilah Pandawa PP.2

Transcript

Pandawa

Citra Kharisma Z. (05) Farah Rery R. (08) Indiarti Sukmayani (10) Nadya Dini L. (14) Qotrunnada Alwi Z. (15)

Pandawa iku lima satria ing Astina kang dadi satrune Kurawa. Lima paraga iki turunane Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar saka Dewi Madrim . Dene Yudhistira, Bima, lan Arjuna lair saka Dewi Kunti

Bagawan Palasara + Dewi Durgandhini

Bagawan Abiyasa + Dewi Ambalika

Dewi Kunti

Pandhu Dewanata

Dewi Madrim

Yudistira

Nakula

Bima

Sadewa

Arjuna

Dewi Kunti

Dewi Kunti ing crita Mahabrata iku putri saka Prabu Kuntiboja. Dewi Kunti iku ibu saka Yudistira, Bima lan Arjuna. Sapeninggale Pandu, deweka ngasuh Nakula lan Sadewa, anak saka Pandu lan Madrim.

Pandu

Pandu, ing crita Mahabrata iku bapak saka Pandawa. Pandu duwe bojo loro, yaiku Kunti lan Madrim.

Dewi Madrim

Dewi Madrim ing crita Mahabrata iku bojone Pandu lan ibu saka Nakula lan Sadewa.

YudistiraYudistira iku putra pertamane Pandu sing ing crita Mahabharata mujudake panjelmaane Bathara Yama. Ing pewayangan Jawa, Yudistira iku anake Pandu sing lair ing Hastinapura. Yudistira kerep diarani Puntadewa kala cilik. Nanging nalika wis gedhe, diarani Yudistira. Yudistira pinter nganggo gaman tombak. Yudistira sing duwe sifat adil lan jujur, mati bareng karo Pandawa liyane sing nglakokake lelaku suci nang gunung Himalaya.

Arti jeneng

Arti jenengYudistira ing basa Sansekerta duwe arti kuwat ing peperang. Dheweke uga dikenal karo julukan Dharmaraja sing artine Raja Darma. Julukan Yudistira sing liyane yaiku : o Ajataatru, Ora duwe musuh". o Bhrata, "keturunane Maharaja Bharata". o Dharmawangsa atau Dharmaputra, "keturunane Dewa Dharma". o Kurumukhya, lakone bangsa Kuru". o Kurunandana, Paling disenengi karo Dinasti Kuru". o Kurupati, "raja Dinasti Kuru". o Pandawa, "putera Pandu". o Partha, "putera Kunti".

BimaBima utawa Werkudara iku putera nomer loro saka Kunti lan Pandu. Jenenge duwe arti medeni. Awake kuat, lengene dawa, pawakane dhuwur, lan praupane paling sangar ketimbang sadulure kabeh. Bima iku pawujudan saka Bayu (Dewa angin). Amarga anugerahe Bayu, Bima dadi wong sing paling kuwat.

Bima sing duwe sifat gagah lan jujur manggon ing kadipaten Jodipati. Ing pungkasan uripe, dheweke nglakokake lelaku suci karo para Pandawa nang gunung Himalaya.

Jeneng Liyane

Jeneng liyane BimaBratasena Balawa Birawa Dandungwacana Nagata Kusumayuda Kowara Bima Pandusiwi Bayusuta Sena Wijasena Jagal Abilawa

ArjunaArjuna utawa Janaka iku putera nomer telu saka Kunti lan Pandu. Arjuna pinter nggunakake jemparing lan dianggep satria paling apik karo Durna. Ing basa Sanskerta Arjuna berarti murub terang", "putih" , resik utawa "jujur ing rupa lan pikiran". Arjuna duwe sifat jujur, imane kuwat, mulia, jiwahe satria. Ing crita Mahabharata, Pandu lan Kunti njaluk anak saka dewa Indra (pemimpine dewa) sing jenenge Arjuna.

NakulaNakula yaiku salah sijine anak kembar saka Madrim lan Pandu. Ing crita, nakula iku pawujudan saka Dewa kembar sing jenenge Aswin. Dulur kembare jenenge yaiku Sadewa, sing luwih cilik saka dheweke. Nakula pinter nganggo pedang. Dropadi ngujar yen Nakula iku prio paling ngganteng lan satria sing kuwat. Dheweke seneng ngelayani dulur-dulure. Nakula lan telu pandawa liyane sempet mati amarga racun. Nanging dheweke urip maneh amarga panjaluke Yudistira.

SadewaSadewa yaiku anak kembar saka Madrim lan Pandu. Dulur kembare yaiku Nakula. Nakula lan dulur kembare diasuh karo Kunti, amarga wong tuwane wes seda. Sadewa duwe sifat sregep lan bijaksana. Sadewa uga pinter astronomi. Yudistira ngujar yen Sadewa iku bijaksana lan padha karo Brihaspati utawa guru para Dewa. Ing pungkasan uripe, dheweke nglakokake lelaku suci karo para Pandawa nang gunung Himalaya.