Download pdf - Cerita Cekak Bahasa Jawa

Transcript
  • Cerita Cekak Bahasa Jawa: Kancil lan Pitik Walik

    sing rumongso kudu lucu

    Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong

    lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi

    usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke

    kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami

    dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning

    mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik

    Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-

    pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada

    ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.

    Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis

    nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip

    ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com

    "Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil

    "Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik

    kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane"

    "Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe

    wulu!" jawabe Kancil

    "Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-

    aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem

    srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

  • "Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha

    seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem

    ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa

    ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

    "Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-

    kancaku?"

    "Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu

    ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!.

    Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke

    pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab

    kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehate Kancil

    "Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh

    tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu

    nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso

    nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

    "Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal

    wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo

    sing cocok karo kowe" ujare Kancil

    "Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae.

    Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe

    pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa

    sumringah.

  • Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale

    pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging

    suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke

    omongane pithik liyane (undil -2014).


Recommended