Upload
maritsa-pratama
View
157
Download
1
Embed Size (px)
DESCRIPTION
Wayang kulit.docx
Wayang kulit
Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca
Winisuda.
Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké
lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling
disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa.
Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita
Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita
liyané.
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing
debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki.
Pagelaran wayang wis diakoni déningUNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang
édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible
Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesianjaga (preserve) warisan kuwi.[1]
Bab lan Paragraf
[singidaken]
1 Panyebaran
2 Panggawéné wayang
3 Karakteristik paraga wayang[2]
o 3.1 Wangun irung:
o 3.2 Lambé lan garis cangkem
o 3.3 Tlapukan
4 Uba Rampé pakeliran
5 Simpingan
o 5.1 Simpingan Kiwa
o 5.2 Simpingan Tengen
o 5.3 Wayang Dhudahan
6 Para Dhalang
7 Delengen Uga
8 Referensi
9 Wacan
10 Pranala njaba
Panyebaran[sunting]
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit
sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening
wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag
dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag
Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané
pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi
bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan
Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang[sunting]
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga
wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti
arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip,
pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang
pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur
lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka
bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké
tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang[2][sunting]
Wangun irung:[sunting]
Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan,
tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan
kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit,
Radèn Kangsa.
Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.
Lambé lan garis cangkem[sunting]
Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan
Kartamarma
Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
Tlapukan[sunting]
Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya.
Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.
Uba Rampé pakeliran[sunting]
Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antara liya:
Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.Kelir : layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
Bléncong :Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak : digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk CempalaGedebog/debog : kanggo tancepan wayang.Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.
Simpingan[sunting]
Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana
uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga
kang ing njero kothak.
Simpingan Kiwa[sunting]
Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:
Buta
Brahala utawa Ditya
Balasrewu
Kumbakarna
Tremboko
Bathara Gana
Nilarudraka
Bathara Kala
Karungkala
Bagaspati
Yudhakalakresna
Kala Pracona
Maesasura
Lembusura
Gajendramuka
Niwatakawaca
Prahasta
Wisnungkara
Jambumangli
Pancatnyana
Arimba
Suratimantra
Sekipu
Getahbanjaran
Prabakesa
Wisnungkara
Brajawikalpa
Brajalamatan
Yamadipati
Rajamala
Indrajit utawa Meganandha
Bukbis utawa
Pratalamaryam
Trisirah
Trinetra
Trikaya
Triweneh
Trimurdha
Dewantaka
Dewantumut
Narantaka
Sagsadewa
Kangsa
Duryudana
Kurupati
Setija utawa Bomanaraksura
Bogadenta
Sambu
Prabu Baladewa kanthi
maneka wanda (versi)
Gendara utawa Prabu
Suwala
Sugriwa
Subali
Bathara Indra
Prabu Basudewa
Matswapati
Dhestharastra
Dasarata
Drupada
Resi Bisma
Ugrasena
Singamulangjaya
Setyaki
Sanga-Sanga utawa Jayasanga
Arya Prabu Rukma
Wibisana
Supala
Suwanda
Adipati Karna
Dhresthajumena
Denthawilukrama
Nakula
Sadewa
Trigantalpati utawa Suman
Kumbayana
Narasoma
Narayana
Lesmanamandrakumara utawa Sarojakusuma
Bathara Panyarikan
Bathara Mahadewa
Samba
Setyaka
Warsakusuma
Rukmarata
Wisanggeni
Pinten
Tangsen
Denawa Bajang utawa Sukasrana
Bayi Denawa
Dasamuka Triwikrama
utawa kurda
Dasamuka
Sumali
Rahwana
Bomantara
Wesiaji utawa Watuaji
Brajadentha
Brajamusthi
Salya
Bismaka
Kencakarupa
Rupakencaka
Basudewa Nom
Gardapati
Seta
Utara
Wratsangka
Bismaka
Setyajid
Simpingan Tengen[sunting]
Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi
nganggo wayang bayen.
Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang
Prabu Tuguwasesa/Jaya Pusaka/Renggani
Sura (versi Yogyakarta/Ki Timbul)
Bathara Bayu
Bima/Werkudara
Dhandunwacana
Ramabarghawa
Pulasiya
Bratasena/Dwijasena/Wijasena
Jagal Abilawa utawa Billawa
Guru Putra
Bathara Brama
Gandamana
Bathara Tantra
Danarajautawa Danapati
Antareja
Gathutkaca
Suryakaca
Abiyasa Kurda (marah)
Jaya Sumpena
Sasikirana
Sentanu
Bathara Kamajaya
Dasarata
[[Kresna Dipayana
Palasara
Manumayasa
Pandu Dewanata
Kariti utawa Katili utawa Wilikiti
Sekutrem
Puntadewa
Yudhistira
Abiyasa Nom
Dewabrata
Arjuna
Dananjaya
Leksmana Widagda
Suryatmaja utawa Suryaputra
Permadi
Ciptaning
Wijakangka
Yama Widura
Bathara Narada
Arimbi Yaksi
Bathari Durga
Anjani
Jembawati
Setyaboma
Rukmini
Dresanala
Erawati
Surtikanthi
Banowati
Gendari
Kunthi
Drupadi
Madrim
Trijatha
Bathari Uma
Bathari Supraba
Bathari Wilutama
Dewi Amba
sakadhang
Antasena
Bathara Baruna
Puthut Guritna
Wisnu Kapiwara
Anoman
Resi Mayangkara
Bathara Guru
Bathara Wisnu
Kresna
Kresna Dipayana utawa Prabu Abiyasa
Narasinga
Ramawijaya
Mahapunggung
Watugunung
Arjunasasrabahu
Kuncara Kresna
Kuncara Kresna Nom
Abimanyu
Parikesit
Dewasrani
Bathara Surya
Bathara Kamajaya
Sakri
Sucitra
Sumantri
Wrehatnala
Sanjaya
Pancawala
Priyambada
Irawan
Sumitra
Sidapaksa
Jaya Sampurna
Bambangan (srambahan)
Bathari Sri
Sinta
Sumbadra
Srikandhi
Larasati/Rarasati
Utari
Pregiwa
Pregiwati
Sumpaniwati
Siti Sundari
Titisari
Sang Hyang
Wenang
Dewa Ruci
Wayang
Bayen/putran
Wayang Dhudahan[sunting]
Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak.
Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang
dhudahan :
1. Dhudahan Kurawa
Patih Sengkuni
Pandhita Durna
Burisrawa
Dursasana
Kartamarma
Jayadrata
Durmagati, Durgempa, Durmuka, lan sapiturute
Aswatama
Citraksa
Citraksi
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa
Begawan Abiyasa
Begawan Sempani/Sapwani
Resi Wisrawa
Begawan Wilwuk
Nagaraja
Anantaboga
Badawangananala
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
Cakil
Bragalba
Buta Rambut Geni
Buta Terong
4. Dhudahan Panakawan
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Togog /Catugora
Bilung /Sarawita
Cantrik
5. Dhudahan Keparak
Keparak/Emban ayu kembar
Ampil-ampil
Limbuk
Cangik
6. Dhudahan Prajurit
Patih Udawa
Druwajaya
Pragota
Prabawa
Patih Tuhayata
Patih Saragupita
Patih Adimanggala
Patih Sabrangan
Ampyak/Prampogan
Wisata lan Wilmuka
Demang Sarapadha/Cekruktuna
Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
Wayang Setanan
Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
Anila
Anggada
Jembawan
Trigangga/Triyangga
Kapi Anggeni
Kapi Indrajanu
Kapi Suwida
Kapi Pramujabahu
Kapi Kingkin
Kapi Warjita/Cacingkanil
Kapi Janulen
Kapi Menda
Kapi Cucak Rawun
Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
Banteng (Andhaka)
Macam (Simo/Sardhula)
Ula (Sarpa/Taksaka)
Celeng (wraha)
Garudha
Kidhang
Landhak
Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
Kreta Kencana
Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)
Para Dhalang[sunting]
Timbul Hadi Prayitna
Hadisugito
Manteb Sudarsono
Anom Suroto
Enthus Susmono
Narto Sabdo
Joko Edan