Author
lenhan
View
357
Download
10
Embed Size (px)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 1
URAIAN MATERI
KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
1. Pangertian Widya Makna
Basa ana ing pasrawungan agung minangka sarana kang efektif kanggo komunikasi
padinan. Basa kang digunakake manungsa kanggo komunikasi padinan ing masyarakat iku
beda, awit gumantung saka fungsi lan wangune. Tembung-tembung kang disusun ing ukara
kanggo interaksi iku ora ucul lan tansah gegayutan karo makna, nanging ora saben pilihan
tembung duwe teges kang trep saengga kala mangsane bisa dadi dredah utawa salah faham.
Jalaran tembung-tembung karakit dadi ukara duwe teges beda karo lekseme nalika madeg
dhewe. Mula, nyinau babagan widya makna iku penting. Widya makna yaiku salah sijining
bagean panaliten utawa perangan kawruh basa kang neliti tegesing basa utawa arti (lingual
meaning atau linguistic meaning) (Subroto, 2011). Widya makna nliti arti basa (Hurford dan
Hearsly, 1984).
Widya makna iku perangan kawruh basa utawa ilmu linguistik kang nyinau bab
makna utawa arti utawa teges. Obyek kajian widya makna iku makna/teges/arti. Miturut
Palmer (1981) makna ing kawruh basa minangka urutan kang pungkasan sawise swara lan
paramasastra. Saka telung posisi ana gegayutane karo kanyatan. Semono uga basa iku swara
abstrak sing nuduhake (mengacu) simbol tartamtu. Simbol dadi referensi iku duwe sistem,
paugeran lan makna asosiasi tartamtu, lan simbol utawa lambang sing duwe wujud lan
gegayutan kang duwe asosiasi makna tartamtu.
Obyek kajian makna bisa arupa ungkapan kang duwe makna tartamtu lan wedharan
asring digunakake ana ing pasrawungan padinan. Wedharan iku duwe makna kias, saengga
nalika arep paring pitutur akeh kang nggunakake wedharan.
Widya makna iku salah sawijine obyek kajian linguistik. Widya makna utawa
semantik asale saka Yunani yaiku sema sing tegese tandha utawa simbol. Widya makna
nyinau pratandha linguistik kanthi pratandha. Widya makna minangka kawruh makna utawa
makna yaiku salah siji saka telung tataran analisis basa: widya swara, paramasastra lan makna
(Chaer, 1994). Makna tansah nyawiji ana ing tataran tembung, frase, klausa, lan ukara.
Widya makna iku perangan semiotika kang nyinau gegayutane antarane lambang
karo referensine (Kridalaksana, 1982). Miturut Edi Subroto (2011) Widya makna minangka
salah sawijining bidang studi utawa perangan linguistik sing nguji makna basa utawa makna
linguis (makna lingual utawa makna linguistik). Andharan sakbanjure, makna basa iku ateges
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 2
wujud kawruh kang disimpen lan disusun ana ing basa kang dikontrol dening panutur. Makna
kang disimpen ing basa minangka sistem tandha lingual yaiku kombinasi saka aspek formal
(tandha) lan aspek makna. Widya makna iku bagean saka struktur basa sing cocog karo
makna tembung lan stuktur makna ucapan. Mula basa ora mung arupa urut-urutan utawa
tatanan swara, nanging basa sing maujud tatanan swara sing ana ing ide, gagasan, pepinginan,
karep, wasiat, lsp. Iku wigatine basa tulis utawa basa kang tinulis. Tuladha: tembung meja
digawe saka kayu, utawa wesi, aluminium, wujude bisa bunder, lonjong utawa kothak, ana
sikile (4), lsp. Widya makna ngrembug (mengkaji) simbol-simbol utawa tandha-tandha sing
ngemu makna, gegayutan makna siji karo makna liya lan pengaruhe ing manungsa lan
masyarakat. Dadi semantik nyinau bab makna basa kang kalebu tandha basa lan seri swara
kang ngandhut gagasan, maksud, lan panemu. Widya makna gegayutan karo aspek makna..
Tuladha: Sepeda onthel iku alat transpotasi kang ana pedhale, roda, stang, rante lsp.
Dene ruang lingkup widya makna yaiku
a. Makna basa (basa lingual) yaiku wujude kawruh sing kasimpen ing sajroning basa lan
kasusun terstruktur ing basa lan dingerteni kurang luwih ing panutur.
b. Basa minangka sistem tandha lingual utawa simbol lingual kadhapuk saka aspek bentuk
lan makna lan gegayutan sing bisa ditrapake, kajaba kanggo leksikon tartamtu (tiruan
bunyi, kata-kata fonestemik).
Gunane sinau widya makna gumantung karo ilmu sing disinau, contone nyinau
kawruh widya tembung, widya makna, pragmatik, sosiolinguistik, widya makna bisa mbantu
ngrampungake perkara kang disinau, amarga kabeh kawruh mau nggunakake widya makna,
mung wae porsine beda. Kanggone wartawan, reporter, utawa wong sing profesi babagan
layang (surat) utawa pawarta, ngrasakake mupangat sinau widya makna. Kawruh widya
makna luwih gampangake kanggo milih lan nggunakake tembung karo teges sing pas kanggo
medharake kawruh utawa warta kang sifate umum, tanpa kawruh widya makna bab polisemi,
homonim, denitatif, konotatif kang duwe teges rumit utawa angel, nanging kanggone uwong
kang nyinau widya makna perkara iku bisa diudhari kanthi bener lan ngirim warti uga bener.
Dadi gunane sinau widya makna iku ana loro yaiku mupangat teoritis lan praktis. Maksude
kanthi ngerti teori widya makna kang bener, bisa ngandharake tembung utawa ukara marang
liyan uga bener, maksude warta kang dikarepake padha tegese kang kang nampa. Gunane
teori widya makna minangka guru basa Mupangat teori widya makna marga guru basa kudu
ngerti lan nyinau basa kang arep diwulangake. Kanthi ngerti kawruh widya makna bakal
nggampangake guru anggone mulang basa marang para siswane.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 3
2. Aspek-Aspek Makna
Aspek-aspek makna miturut Mansoer Pateda ana papat yaiku:
a. Pengertian (sense)
Pengertian uga disebut tema. Pengertian iki bisa ditampa nalika sing celathu karo sing
diajak celathu duwene basa sing padha kang digunakake lan disarujuki bareng. Lyons
(ing Mansoer Pateda, 2001) mratelakake yen pengertian iku sistem hubungan sing beda
karo tembung liyane ana ing kosakata. Pengertian bisa maujud menawa antarane sing
celathu karo sing ajak celathu duwe kabisan nguasani basa sing padha, umpamane
sakloron nggunakake lan mudheng basa Jawa .
Tuladha: Sesuk sida ulangan basa Jawa.
Saka tandha iku sing diajak celathu bisa mudheng apa kang diucapake dening sing
celathu. Sing diajak celathu ngerti yen sesuk iku ulangan basa Jawa, satemah rumangsa
dielingke dening sing celathu.
b. Nilai rasa (perasaan)
Gegayutan nilai rasa karo sing celathu ngenani perkara sing dirembug utawa
diomongke yaiku nilai rasa karo makna ana gegayutane karo perasaan. Maksude
tembung-tembung kang diomongake dening sing celathu gegayutan antarane nilai rasa
karo makna. Nilai rasa gegayutan karo sikap pamicara utawa sing celathu marang sing
omongake. Ing tembung liya, nilai rasa sing gayut karo makna yaiku tembung-tembung
sing gegayutan karo perasaan, becik (baik) sing gegayutan karo dorongan utawa
penilaian. Dadi, saben tembung duwe makna sing ana gegayutane karo nilai rasa lan
saben tembung duwe makna sing gegayutan karo perasaan. Saben tembung duwe teges
sing ana gegayutane karo perasaan. Dadi nalika lagi rembugan karo liyan, tembung-
tembung sing dipilih ana gegayutane karo nilai rasa utawa perasaan. Ana ing
pasrawungan agung, nalika lagi jengkel, sedhih, anyel, anggone ngungkapake nganggo
aspek rasa kang pas supaya perkara enggal bisa rampung. Nadyan ta lagi anyel, mokal
nganggo tetembungan kang isa gawe laraning ati liyan.
Tuladha: Kowe kuwi wis diwenehi kok isih dremis wae, usaha!
Ukara iku ngandhut nilai rasa asor utawa rendah. Nilai rasa kang asor iku tuwuh
menawa sing celathu keladuk atur utawa emosine ora bisa dikuwasani.
c. Nada (nada)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 4
Nada iku gegayutan antarane panutur karo mitra tutur. Aspek nada gegayutan karo
sikap panutur marang mitra tutur. Aspek nada gegayutan karo aspek makna sing duwe
nilai rasa. Gegayutan antarane panutur karo mitra tutur bakal nemtokake sikap sing
bisa dirasakake ana ing tembung kang digunakake. Nalika lagi jengkel tetembungan
kang digunakake mesthi beda karo nalika ati lagi seneng lan uga beda swarane. Yen
lagi jengkel swarane dhuwur utawa lantang, lagi njejaluk swarane alus, lagi seneng
swarane renyah, lan tembung-tembung kang digunakake beda.
Nada iku nemtokake makna utawa tegese tembung kang digunakake. Menawa
nada swarane dhuwur tur banter iku tandhane lagi nesu utawa prentah contone: Adus!
Beda menawa kang diucapake duwe karep jejaluk nada swarane rata, melas semu
ngrengek contone: Mbak, tukokke premen
d. Maksud (niat)
Maksud iku karep utawa krenteging ati. Aspek maksud gegayutan karo rasa ing ati, lagi
seneng utawa sedih iku tetembungan kang metu mesthi beda. Semono uga nada
swarane. Aspek maksud ana gegayutane karo karep kang diujarke, bisa asipat prentah,
persuasi, crita, politik, narasi lsp. Ana ukara: Ibu gerah Saka tuturan iku ngemu
maksud: menehi kabar yen ibu gerah, enggal diupakara utawa dirawat, enggal
digolekke tamba, digawa neng rumah sakit utawa dhokter, ora entuk nyambut gawe,
kanggo istirahat, ngaso kang cukup, dhahare diperdi. Conto liya: ana rombongan bocah
enom nyepeda ngebaiki dalan, kamangka iku dalan kampung kang sempit, ana ibu alok
Sing nyepedha aja amung jejer lima, dalane amba Tuturan iku tegese ibu iku prentah
yen jejeran sing nyepedha kurang akeh, nanging maksude ibu mau anyel Nyepedha
ngebaki dalan, ora isa liwat, dalane sempit, ngganggu wong liya, dilulu.
MATERI II : Jinis Makna
Widya makna gegayutan karo tegesing tembung. Saben tembung duwe teges kang
beda, gumantung konteks sosial, lan pengetrape ana ing ukara. Sanadyan tembunge padha,
nanging ana ing ukara beda, tegese tembung sok beda. Adhedhasar tegese tembung
gumantung konteks sosial, jinis semantik, rasa basa, ketepatan tegese, lan ana ing ukara,
tembung duwe teges mawarna-warna.
Teges utawa arti basa sipate misteri utawa ora bisa dicekel. Maksude teges iku ana
nanging ora bisa dicekel lan diungkapke utawa diomongake, teges sipate rumit (Richards &
Ogden, 1923: Subroto, 2011)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 5
Pendekatan makna kanggo pasinaon ana lima yaiku:
1. Teges utawa arti gegayutan karo kang diacu (meaning as reference), teori kang
ngandharake menawa basa iku ana kanggo nglambangake barang (benda) kang nyata
utawa ora nyata (abstrak), pikiran, gagasan, rasa, karep, tumindak, kedadeyan, kahanan.
Ana ing segitiga makna, widya makna gayutake tembung karo acuane utawa referent
kang disebut hubungan makna utawa relasi meaning (Ricahards & Ogden, 1923)
2. Teges utawa arti iku wujud logika. Teges minangka sarana pacelathon arupa wujud
logika. Teges utawa makna iku wujud logika. Maksude teges minangka cara ing
pacelathon iku wujud logika. Ing babagan iki ana gegayutane karo bebener, dudutan, isi
wicara lan duwe sarana lan mekanisme kanggo ngandharake isi wicara.
Tuladha: Anis karo Nita lagi pada sinau
Ukara iku ngandharake ana bocah sing jeneneng Anis karo Nita, nindakake kegiatan
yaiku sinau.
3) Arti adhedhasar konteks lan penggunaan (meaning as context and use), teges utawa arti
gumantung kontekse lan kang gunakake basa. Gegayutan karo kawruh pragmatik maksud
tuturan adhedhasar konteks lan kang gunakake basa.
4) Makna minangka budaya disebut reducsi budaya, yaiku budaya minangka penentu
pungkasan makna, utawa makna saka basa kasebut kabeh ditemtokake dening konteks
budaya sing diucapake (Frawley, 1992). Beras ing basa Jawa iku pari, gabah, beras, sega,
menir, mrambut, katul, dhedhak, dsb.
5) Arti minangka struktur konseptual (meaning as conceptual structure), sing dingerteni
struktur semantik yaiku padha karo struktur konseptual (Jackendoff, 1988). Umpamane
meja, digawe saka kayu, wesi, alumunium, plastik, sikil 4, wujude bisa kothak, bunder
utawa lonjong, satemah panutur basa bisa nggambarake konsep barang kang arupa meja.
Jenis makna utawa teges.
1). Makna leksikal yaiku teges tembung kang padha ing tembung sakwutuhe persis karo apa
anane. Makna leksikal ana gayutane karo leksem utawa tembung lan ora ana gayutane
karo gramatikal (Kridalaksana, 1982). Dene leksem utawa tembung iku bisa madeg
dhewe, bisa awujud dhasar utawa tembung lingga, tembung andhahan utawa derivasi
kang duwe teges kaya ing kamus. Leksem utawa tembung iku satuan ujud lingual sing
duwe teges cetha. Maksude tegese unsur-unsur basa minangka lambang barang utawa
benda, kedadeyan lsp, Makna leksikal iku teges sing diduweni unsur-unsur basa lepas
saka konteks utawa gramatikal.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 6
Makna leksikal iku ana ing leksem iku dhewe utawa tegese tembung ngrujuk marang
tegese lambang basa kang asifat dasar durung owah saka asline lan ora duweni makna
liya utawa konotasi.
Tuladha:
1. Buruh : wong sing kang ngalap opah sarana nyambut gawe, nyambut gawe
sarana opahan
2. Anak : putra, turunan kang kapisan
3. Dhemen : remen (k), seneng sarta asih, duwe kesenengan
4. Kebak : kisenan, kabeh ora ana sing sela
Tuladha liyane: tembung kembang ana ing ukara:
(1) Arni dadi kembang desa.
(2) Ibu mundhut kembang mawar.
Tembung kembang ana ing ukara Arini dadi kembang desa iku teges ayu dadi
crita ing masyarakate, lan narik kawigaten yaiku bocah ayu dhewe sak desa, dene
tembung kembang ing ukara Ibu mundhut kembang mawar tegese jeneng tandur pasren
kang aran kembang mawar. Dadi makna leksikal dumunung ana ing ukara (2) kembang
tegese kembang utawa jenenge tanduran pasren. Makna leksikal bisa owah dadi makna
gramatikal, menawa leksem iku dumunung lan gumantung ana ing kontekse. Makna
leksikal padha karo makna ing kamus.
2. Makna gramatikal yaiku teges utawa makna sing tuwuh minangka asil saka fungsi
tembung ing ukara. Gegayutan antarane unsur basa ing unit luwih gedhe. Makna
gramatikal yaiku makna sing tuwuh amarga asil saka proses gramatikal utawa proses
paramasastra. Proses gramatikal bisa arupa: proses camboran utawa pemajemukan,
rangkep utawa reduplikasi, kawuwuhan utawa imbuhan, pandhapuking ukara.
Tuladha
Tembung panglaris dumadi saka tembung lingga laris kang tegese laku akeh, entuk
ater-ater: pang-. Sawise tembung laris diwuwuhi ater-ater: pang-. Dadi panglaris sing
tegese barang sing didol luwih murah kanggo wong sing tuku kapisan kanthi ancas
barang-barang liyane cepet laku. Dadi antarane tembung lingga lan tembung andhahan
tegese beda. Bedane amarga diwuwuhi ater-ater.
Tembung tangan secara leksikal bagean perangan awak saka lengen nganti pucuk driji.
Tembung tangan sawise sambung karo tembung liya dadi dawa tangane kang ateges
clemer utawa seneng colong jupuk. Semono uga tembung dawa tangane duwe teges
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 7
luwih saka siji. Sing kapisan tegese tangane pancen dawa, dene sing kaloro tegese
clemer utawa gelem nyolong jupuk
3. Makna konseptual yaiku makna sing padha karo konsepe utawa makna bebas saka acuan
utawa gayutane apa wae. Dadi makna konseptual iku makna sing duwe leksem/tembung
bebas saka konteks. Dadi makna konseptual kurang luwih pada karo makna leksikal, maka
denotatif. Tuladha: kursi, salah sijine prabot sing fungsine kanggo lungguh, duweni sikil
papat, bahan bisa saka kayu utawa wesi. Makna konseptual sipate lugas, ora gumantung
konteks, siji bandhing siji ora ambigu, ora gampang owah amarga wektu.
4. Makna asosiatif yaiku teges utawa makna sing didarbeni leksem utawa tembung awit saka
hubungane tembung iku karo kahanan utawa ngrujuk ing luar basa. Tuladha tembung
putih duwe referensi suci, resik, ora duwe dosa. Makna asosiatif ana gandheng cenenge
karo masyarakat basa pandangan hidup, keyakinan, nilai moral masyarakat sing gunakake
basa.
5. Makna spesifik yaiku makna konseptual sing khusus, khas, lan sempit. Tuladha: Pasangan
bulu tangkis gandha putri dimenangke Indonesia makna ukara iku amung wong loro sing
tandhing ora wong sak Indonesia. Tim futsal UNS menang lomba se Asia Makna ukara
iku sing menang sak tim, dudu warga civitas akademik UNS sing menang.
6, Makna konotatif yaiku makna kang digunakankke kanggo rujukan bentuk utawa makna
liya sing ana ing njaba leksikale. Makna jinis iki makna sak tembung utawa kelompok
adhedhasar perasaan utawa pikiran sing tuwuh saka sing celathu lan sing diajak celathu.
Kesan makna konotatif condhong marga emosi lan subyektif. Kajaba iku, makna konotatif
ana gayutane karo nilai rasa kang gunakake basa utawa sing celathu, kaya rasa jengkel,
seneng, sedhih, urmat utawa ngajeni, jijik, anyel lan makna konotatif biasa digunakake ing
dunia sastra. Tuladha: tembung ngobrol lan ngrumpi, loro-lorone duwe teges padha
yaitu omong-omong wong loro utawa luwih. Bedane ngobrol sing dicritake maneka warna
sipate positip, yen ngrumpi tegese rerasanan kadhang kala nyatur alane liyan, utawa
ngetokke panguneg-uneg kang ngemu rasa anyel utawa gela.
7. Makna afektif iku makna sing tuwuh amarga reaksi sing ngrungokake utawa sing omong
tumrap basa sing digunakake. Tuladha: Ayo diunjuk mung banyu putih Ukara iku kalebu
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 8
makna afektif utawa ngasorke dhiri pribadhi. Ngapunten mung wedang kendel Maksud
wedang kendel iku wedang tanpa ana nyamikan, nanging asring wedang kendel
nganggo nyamikan nadyan camilane mung sederhana. Ukara iku kalebu makna afektif
ngasorake dhiri pribadhi lan ngurmati sing diajak omongan.
8. Makna stilistika iku makna utawa teges sing katon merga basa sing nggunakake basa.
Makna stilistika gegayutan karo nggunakake basa kang tuwuh efek khususe kanggo kang
maca. Makna stilistika luwih dirasake ing karya sastra.
9. Makna kolokatif yaiku makna sing digandhengake karo nggunakake pirang-pirang
tembung ing lingkungan sing padha. Tembung, tas, pensil, bulpen, setip, ongotan, garisan,
meja, tembung-tembung kang ana meja sinau. Tembung bantal, boneka, kemul, lan lemari
mesthi katon ing lingkungan kamar turu.
10. Makna konotatif
Makna konotatif yaiku tegese tembung utawa reroncening tembung adhedasar perasaan
utawa pikiran sing wicara lan mitra wicara. Makna konotatif thukul akibat asosiasi rasa
tumrap apa sing diucapake utawa sing dirungokake. Makna konotatif iku minangka
teges, arti makna, wujud saka sikap sosial. Tembung: mangan karo madhang Mangan
duwe teges kang lumrah, nanging madhang kanggo kepentingan tartamtu, kaya ta lagi
nesu. Tembung tikus ing ukara Bapak grapyak tikus neng sawah duwe tembung ama
pari ujude tikus, nanging yen gedongan, tegese koruptor dudu tikus sing urip neng
gedongan.
11. Makna denotatif tegese makna alam kang cocog karo apa anane utawa makna lugas.
Sipate obyektif, padha karo kanyatan. Tembung turu tegese rebahan neng panggonan,
mripat merem, ora polah, bisa nganggo lemek lan bantal. Makna denotatif asil saka
observasi panca indra, rasa utawa pengalaman liyane. Dadi makna denotatif ana
gayutane karo kasunyatan utawa info faktual. Tembung thole iku duweni teges bocah
lanang utawa bocah dudu wedok, lan umure luwih enom.
12. Makna idiomatik iku teges makna sing ana ing jerone idiom, teges iku nyimpang saka
makna konseptual lan gramatikal unsur-unsur pandhapuking. Idiom iku istilah khusus
sing nduwe nilai estetis lan budaya, utamane ing masyarakat Jawa. Idiom Basa Jawa
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 9
wigati, amarga asring digunakake ana ing pasrawungan kanggo piwulang, nanging ana
kang ngarani yen idiom iku ajaran kang dianggep wadi. Susunan tembung ing idiom ora
bisa diwalik dadi urutaning tembung tetep nanging maknane beda karo tembung-
tembung asline
Tuladha:
Idiom mikul dhuwur mendhem jero tegese uwong kang duwe tanggungjawab marang
keluargane lan jaga jeneng wong tuwane.
Idiom kacang mangsa ninggalo lanjaran tegese watak, sifat, tingkah laku ana memper
karo wong tuwane. Tegese, wong tuwa kudu menehi conto sing becik lan tumindak kang
becik supaya anake tentrem nyandhing keluargane.
Idiom kasebut dhapukane tembung ora bisa diwalik utawa diseseli tembung liya, awit
bisa ngrusak dhapukane lan owah tegese.
13. Makna kontekstual tuwuh minangka ana gegayutan antarane ujaran karo kahanan.
Hubungan antarane pacelathon utawa antarane sing celathu lan kahanan kang digunakake
ing rembugan
Tuladha:
(1) Pak nyuwun lungsurane. Ukara iku tegese wong sing celathu ana ing kahanan sing
prihatin yaiku ora duwe klambi kanggo salin utawa klambine sithik tur wis elek.
(2) Mbak rotine ketoke empuk enak. Ukara iku mratelake kekarepan sing celathu yen
kepingin supaya diwenehi utawa jaluk kanthi alus
14. Makna tma iku makna sing dingendikakake dening pamicara/panulis liwat urutan
tembung, fokus obrolan, uga penekanan ing obrolan. Bapak ibu kula sakit Tegese
ukara iku bisa ana telu yaiku:
(1) Bapak/ ibu kula sakit
(2) Bapak ibu/ kula sakit
(3) Bapak ibu kula/ sakit
Ukara (1) menehi kabar marang bapak yen ibune lara, ukara (2) isine prastawa yen sing
lara kula, dene ukara (3) mratelaken yen bapak ibune sing celathu lara.
15. Makna referensi makna unsur basa sing gayut karo jagad jaba lan bisa diandharake
kanthi analisis komponen, duwe gegayutan langsung karo acuan kang padha karo
lekseme utawa kedadeyan, barang, ciri lsp.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 10
Tuladha : Leksem kursi duwe acuan langsung arupa barang, kanggo lungguh utawa
turu, sikile papat, digawe saka kayu utawa wesi.Kanggone pamicara kang
wis ngerti kursi ora bakal duwe pilihan makna sing beda.
Leksem tremos duwe acuan langsung arupa barang kang kanggo isi banyu
jerone ana botol kang bisa nahan panas paling ora 24 jam, kang lapis jaba
nganggo plastik, ukuran bisa cilik utawa gedhe. Tremos bisa kanggo
wadhah sega utawa banyu.
16. Makna Afektif
Makna afektif iku makna kang gayut karo pangrasane wong kang clathu marang
sing dijak clathu utawa obyek kang dirembug. Ing basa lesan tegese tembung kang
adhedhasar makna afektif bisa beda karo tegese tembung liya. Tembung Ana ujian
karo aja rame, duwe teges padha supaya ora brisik. Nanging frase ana ujian luwih
duwe makna kang mligi lan dingertei dening para siswa tinimbang aja rame sing sifate
umum.
MATERI III Owah-Owahing Makna
1. Faktor Kang Njalari Owahe Makna
a. Faktor Kebetulan
Faktor kebetulan utawa ngepasi tegese owahe utawa gesere tegese tembung sing
disebabake makna ambigu ana ing tembung kasebut utawa tembung iku dhewe. Iki kang
nyebabake makna tembung kasebut ngalami owah-owahan makna luwih cepet, apa maneh
tembung kasebut ditrapake ing ukara.
b. Faktor Umur
Faktor gesere owah-owahan teges bisa uga disebabake dening perkembangan jaman. Owah-
owahan makna tembung kang disebabke dening genarasi mudha anggone nyerep utawa
negesi tembung beda karo angkatan utawa generasi sepuh..
Conto: Tembung jago tegese hebat, menang (gegayutan karo adu fisik) miturut angkatan
sepuh, nanging kanggone bocah saiki tembung jago iku kasil dadi juara ing kompetisi
utamane bab kawruh utawa pengetahuan.
c. Factor Tabu
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 11
Faktor tabu iki owah-owahan makna dumadi amarga makna tabu sing
dimupangatake dening tembung supaya bisa diganti kanthi adaptasi adat lan ketentuan sing
ditrapake ing masyarakat.
Tuladha: tembung nyopet iku dianggep kurang sopan lan ora enek dirungokake, mula diganti
nyeler, kulakan gratis
d. Faktor polisemi, gesere lan owahe tembung amarga ana tembung kang tegese luwih saka
siji, mula bisa dadi penyebab tembung bisa geser tegese polisemi yaiku tembung kang
duwe teges luwih saka siji gumantung ukarane.
Tuladha:
Tukija wis seminggu lara panas
Krungu tembungmu aku dadi lara ati.
Tembung lara ing ukara (1) tegese ora sehat, nanging ing ukara (2) tegese ora lara atine
utawa sing lara atine nanging gegayutan karo rasa utawa perasaan,
2. Jinis Owah-owaane Makna utawa Teges
a. Owah-owahane teges luwih yaiku owahing teges luwih luas tinimbang sakdurunge
Tulada :
Tembung jurusan jaman biyen kanggo sebutan trayek angkutan umum, nanging saiki
jurusan uga digunakake ing pawiyatan yaiku dadi spesialis konsentrasi ilmu utawa
kawruh ing pawiyatan yaiku universitas.
b. Owah-owahan makna spesialisasi yaiku tembung kang duweni teges sing sempit saka
makna sakdurunge.
Tuladha:
Guru mratelakake minangka wong sing mulang utawa nuntun wong. Guru saiki
luwih dikenal minangka profesi sing ngajar lan ngajar anak ing sekolah.
Tembung sarjana jaman biyen duwe teges wong pinter utawa wasis, nanging
tegese dadi sempit utawa khusus. Sarjana saiki sebutan kanggo wong sing lulus ing
pawiyatan dhuwur (universitas)
c. Owahe tegese tembung kang duweni makna amelioratif utawa sopan.
Owahe makna kata ameliorasi iku owahe teges dadi luwih sopan tinimbang sadurunge.
Tuladha:
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 12
Tembung budek tegese ora bisa ngrungokek swara. Saiki tembung budhek
diganti nganggo tembung tuna rungu kang maknae luwih sopan, dene tegese
padha yaiku ora bisa ngrungoake swara.
Tembung dipecat tegese ditokke saka pagawean duweni teges pada karo cuti
dawa. Tembung dipecat sakbubare diameliorasekke owah dadi cuti dawa kang
diangep duwe nilai rasa luwih sopan.
d. Owah-owahan ing Makna Peyorasi (memburuk)
Owah-owahan ing makna tembung peyorasi yaiku owah-owahan makna kanggo
tembung sing nyebabake wangun tembung dadi owah maknane ora pantes diucapake
uga dirungokake merga ora sopan. Contone:
Tuladha:
Tembung goblok kurang sopan diucapake lan ora enak dirungoke, apa maneh ana
ing pasrawungan. Apamaneh nganggo suara lantang. Tembung kasebut duweni
nilai rasa elek, mula tembung goblok biasa diganti nganggo tembung durung bisa,
ajar meneh
Relasi Makna
1. Sinonim (dasanama): wujud basa kang duweni teges memper utawa padha karo wujud
liya. Biasane sing duwe teges memper iku tembung, kelompok tembung, ukara.
Tuladha:
Aku arep madhang dhisik.
Adiku lagi mangan neng teras.
Tembung madhang duwe teges memper karo mangan, nanging yen ditonton saka
nilai kata tembung mangan luwih alus tinimbang tembung madhang. Sinonim bisa diarani
tulisan beda nanging tegese meh padha utawa memper.
Tembung, wadon, wedok, arum wanodya, padmi duweni teges padha, nanging nilai rasane
kang beda amarga ragam basa, utawa penggunaan basa.
Tembung-tembung kang bersinonim mung duweni teges memper utawa mirip, mula
tembung-tembung iku durung mesthi bisa diganti liyane (saling menggantikan). Kang
nyebabake kayata faktor wektu, panggonan (tempat) , sosial lan kegiatan (bidang kegiatan).
Tuladha: tembung mangan karo nguntal duwe teges mirip, nanging trep-trepane beda,
kaya ing ukara: Aku lagi mangan sega karo Aku nguntal pil. Tembung mangan kurang pas
kanggo tembung pil, semono uga tembung nguntal kurang trep kanggone sega. Saka conto
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 13
iku, kang diarani sinonim yaiku tegese kurang luwih padha, mempere ora satus persen lan ora
mutlak (Ullman, 1972). Prinsip umum ing widya makna iku wujud beda mulane tegese uga
beda. Mula tembung-tembung sinonim tegese amung mirip utawa memper.
2. Antonim: ungkapan kang wujude tembung, frase, utawa ukara kang tegese dianggep
walikan saka teges ungkapan liyane. Antonim iku tembung sisi lan sijine walikan tegese.
Tegese dianggep walikan, maksude ora mutlak walikan. Antonim ana kang ngarani oposisi
makna. Istilah iki nudhuhake yen antonim ngemot tembung kang bener-bener walikan
(berlawanan ) nganti kang asifat kontras. Tuladha mati >< urip iku kalebu berlawanan.
Dene tembung abang >< ireng tembung tegese kontras.
1. Homonim iku relasi makna antarane tembung kang ditulis padha utawa diucapake padha,
nanging tegese beda. Tembung-tembung kang ditulis padha nanging tegese beda disebut
homograf. Contone lemper ing ukara ibu mundhut lemper. Tembung lemper ing ukara
iku tegese panganan saka ketan kang diwenehi abon dibuntel godhong gedhang, menawa
ing ukara lempere tiba pecah. Tembung lemper tegese alat kanggo ngalusake bumbum.
Rong tembung sing diucapake padha nanging maknane lan tulisane beda disebut homofon.
Contone tembung bang karo bank. Bang tegese sedulur tuwa utawa sebutan kanggo
wong lanang, dene bank lembaga kang ngurusi mlebu metune duwit. Homonim tulisan lan
ucapane pada nanging tegese beda. Tembung ngukur ana ing ukara (1) Ibu ngukur
mustakane merga gatel karo (2) Bapak lagi ngukur ambane emperan. Tembung ngukur ing
ukara (1) tegese nggaruk, dene ukara (2) kaitane karo luas, ukuran.
2. Hiponim yaiku ungkapan utawa tembung kang maknane dianggep bagean saka makna
tembung liya. Contono: mawar, anggrek, melathi, dahlia iku bagian saka tembung
kembang, amarga mawar, melati, anggrek, dahlia iku arane kembang. Dene hipernim
walikane hiponim, yaiku tembung kang duwe bawahan kang sejinis. Contone: pitik, bebek,
mendok hiponim karo kewan.
3. Polisemi yaiku tembung sing duwe teges luwih saka siji. Tembung bantal duweni teges
luwih saka siji utawa akeh gumantung pola ukarane utawa kontekse ukara kang dilesanke .
Tuladha : (1) bantal tegese lambaran sirah
(2) bantal sepur tegese ganjel ril sepur
(3) oyot pring tegese oyot (akar)
(4) sing nunggu nganti ngoyot: suwe banget
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 14
6. Ambiguitas yaiku tembung kang duweni teges dhobel saka frase utawa ukara akibat
anggepan kang beda. Ambigu lan homonim iku makna tembung kang meh mirip wujude.
Homonim iku rong tembung tulisan lan ucapane pada nanging tegese beda, yen ambiguitas
saktembung utawa frase kang tegese beda amarga beda anggepan (penafsiran) frase.
Ambiguitas arupa frase, yen homonim bisa arupa morfem, tembung, frase utawa ukara
Tuladha ambiguitas: wong tuwa bisa ditegesi bapak ibu wong tua kandung, utawa uwong
umure wis tuwa.
7. Redudansi yaiku kerep diarani berlebihan tembung kang digunakake ana ing ujaran
(mubazir). Tuladha: Bukune dijupuk Ria karo Bukune dijupuk dening Ria Tembung
dening iku wujud redudansi amarga tanpa tembung dening tegese kalimat iku ora owah.
8. Meronimi yaiku hubungan makna singg mirip karo hiponimi, amarga relasi makna sipate
hierarkis, mung ora gambarake sak arah, nanging sebagean karo wutuh (keseluruhan).
Tuladha : Gendheng duwe hubungan meronimi karo omah
Ril meronimi karo sepur
Bandhara meronimi karo montor mabur
B. RANGKUMAN
1.Widya makna iku nyinau babagan sesambunage lambang utawa tandha kang
nuduhake sakwijine makna. Makna siji lan sijine. Widya makna yaiku salah sijining
bagian panaliten utawa perangan kawruh basa kang neliti tegesing basa utawa arti,
Obyek kajiane widya makna yaiku makna tembung, frase, klausa lan ukara.
Tembung siji lan sijine duwe teges padha utawa beda gumantung konteks ukarane,
sense, nilai rasa, maksud lan nada.
2. Tegese tembung nalika madeg dhewe karo wis ana ing ukara tegese beda. Jinis
makna gumantung saka kajiane. Makna bisa tegesi pada karo kamus, siji bandhing
siji, utawa sesua konsep, utawa gramatikale.
3. Tegese tembung bisa owah amarga saka faktor kebetulan, faktor umur awit basa iku
sipate dinamis, tabu yaiku ana tembung-tembung kang duwe teges kurang sopan
menawa dirungokake lan diucapake, lan uga ana tembung kang duwe teges luwih
saka siji. Dene tegese tembung owah bisa uga disebabake tembung iku tegese luwih
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 15
jembar utawa sempit gumantung panganggone tembung lan panganggone, nilai rasa
kang dadekake tembung iku luwih sopan tinimbang sakdurunge.
4. Widya tembung uga ngrembug babagan gegayutane tembung siji lan sijine padha,
meh padha utawa kontras.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-4 WIDYA MAKNA (SEMANTIK)
| Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum. 16
DAFTAR RUJUKAN
Aminuddin. 1988. Semantik: Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: CV SinarBaru.
Budiono,Artisya Sekararum. 2018. Beda Karo-Karo. Panjebar SemangatEdisi Maret No.
12. hlm. 23-24, 43.
Chaer, Abdul. 1994. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta : Rineka Cipta
Djajasudarma, T. Fatimah. 1993. Semantik I Pengantar Ke Arah Ilmu Makna. Bandung: PT
Eresco
Frawley, W. 1992. Linguitic Semantic. New Jersey: Lawrence Erlbaum.
Heatherington, Madelon E. 1980. How Language Works. Cambridge, Massachusetts:
Winthrop Publishers, Inc.
Hurford .J.R and Brendan Heasley. 1984. Semantic: A Coursebook. Cambridge : Cambridge
Univ. Press
Kridalaksana. Harimurti. 1982. Kamus Linguistik. Jakarta.: Gramedia
Lyons, John. 1977. Semantics. Volume 1. Melbourne: Cambridge University Press
Mulyono, Slamet. 1964. Semantik: IlmuMakna. Jakarta: Djambatan.
Tarigan, Henry Guntur. 1990. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa Cipta
. Ogden, C.W. and Richards. Ian. 1923. The meaning of meaning. London: Routledge &
Kegan P.
Palmer. F.R. 1981. Semantic. Cambridge: Cambridge Univ. Press.
Parera, J.D.1990. Teori Semantik. Jakarta: Erlangga
Poerwadarminta, W.J.S,1939, Baoesastra Djawa. Batavia. N.V.J.E. Wolters Uitgevers-
Maatschappij.
Poerwadarminta, W.J.S,1953, Sarining Paramasastra Djawa. Jakarta: Noordhoff- Kolff N.V
Setyanto, Aryo Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka
Subroto, Edi.D. 2011. Pengantar Studi Semantik dan Pragmatik. Solo.Yuma Pressindo.