Silsilah Kyai Guru Luning

  • Published on
    17-Sep-2015

  • View
    67

  • Download
    8

Embed Size (px)

DESCRIPTION

guru loning

Transcript

Nyariosaken Riwayat Saha Silsilahipun

KGPH. KARTASURA RM. SANDEYO / KYAI AGENG NUR IMAN MLANGILANRM. MANSYUR MUHYIDIN ARROFII / KYAI GURU LUNING

dipun anggit dening :Sayyid R. Muh. Ravie AnandaKebumen

BEBUKA

Kebumen, Selasa Legi 17 Februari 2009 / 22 Safar 1430 H / tahun Je, Wuku Warigalit 1942

Mugi Gusti Kang Maha Asih tansah maringi Rahmat lan Welas Asihipun dhumateng Kyai Ageng Nur Iman Mlangi / KGPH Kartasura RM. Sandeyo lan Kyai Guru Luning RM. Mansyur Muhyidin Arrofii saha sedaya garwanipun sumrambah pra putra wayah turunipun ing dalem Agami, Dunya dumugi Akhiratipun, ing dalem Jasad, Batin dumugi Ruhipun.

Kitab punika kaparingan asma TARIKH NUR IMAN MUHYIDIN ARROFII , dipunanggit dening Sayyid R. Muh. Ravie Ananda ingkang mapan wonten ing Jalan Garuda 13 Kebumen 54311 Jawa Tengah, salah satunggaling putra wayah turunipun Kyai Nur Iman Mlangi kaliyan garwa Putri Cina tedhak kaping pitu / putra wayah turunipun Kyai Guru Luning kaliyan garwa Alang Alang Amba tedhak kaping nem.

Carios lan Silsilah dipunhimpun saking Pra Turunipun Kyai Nur Iman Mlangi lan Kyai Guru Luning, ugi kapundhut saking Seratan Sejarah Nasional lan Pustaka Dharah ingkang dipunlarasaken kaliyan kaleresanipun kawontenan ing sejarah .

Kitab punika dipunanggit kanti pikajeng ngluhuraken, bektos lan gumatos dhateng pra Leluhur ingkang nurunaken kita sami, khususipun Kyai Ageng Nur Iman Mlangi ( KGPH. Kartasura RM. Sandeyo ) lan Kyai Guru Luning ( RM. Mansyur Muhyidin Arrofii ).

Mangertosi Sangkan kita, apesipun saged mangertosi paran kita. Ngumpulaken balung pisah, amargi sampun titi wancinipun Pra dharah Mataram, Pra dharah Tanah Dhawa RI sami wungu, rukun, gotong royong, Memayu Hayuning Dhiri, Keluarga, Agami, Nungsa lan Bangsa Tanah Dhawa RI, ingkang dhayanipun saged hambantu nyirnakna reridhuning Negara.

Sura Dhira Jayaningrat kabeh Lebur dening Pangastuti. Rahayu.. Amin

Kebumen, Selasa Legi 17 Februari 2009

Sayyid R. Muh. Ravie Ananda

Kitab Tarikh Nur Iman Muhyidin Arrofii punika dipunwiwiti saking riwayat wiosipun Kyai Nur Iman Mlangi ( KGPH. RM. Sandeyo ) ngantos dumugi surutipun Kyai Guru Luning ( RM. Mansyur Muhyidin Arrofii ).

Dipunwiwiti saking silsilahipun, Kyai Nur Iman Mlangi punika putranipun RM. Surya Putra / Kanjeng Gusti Sinuwun Amangkurat Jawi / Amangkurat IV kaliyan Garwa I ingkang asma RA. Retno Susilowati ( putrinipun Adipati Wiranegara / Untung Surapati ).

RM. Surya Putra punika putranipun Pangeran Puger / Pakubuwana I / Amangkurat II Kartasura kaliyan Garwa Ratu Mas Blitar ( tedhak turunipun Pangeran Juminah bin Panembahan Senopati kaliyan garwa Retno Dumilah putri Madiun ).

Riwayatipun Kyai Nur Iman Mlangi kathah gegandenganipun kaliyan sejarah perjuangan bongsa kita. Wonten ing tanggal 06 Juli 1704, Pangeran Puger ingkang kagungan asma RM. Drajat ( putranipun Kanjeng Gusti Sinuwun Amangkurat I kaliyan garwa saking keturunan Kajoran ) dipunwisuda jumeneng nata Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Tanah Jawa utawi Pakubuwana I. Miturut seratan sejarah, Pangeran Puger ugi nate jumeneng nata Amangkurat II amargi Keng Rama kaliyan kangmasipun ingkang asma RM. Rahmat crah. Pramila Pangeran Puger lajeng kawisuda dados putra mahkota. Wontenipun kraman Trunajaya ing warsa 1677, RM. Rahmat nampik dawuhipun Keng Rama ( Amangkurat I ) supados hanjagi Kraton Mataram Kertasura ingkang wekdal semanten kutarajanipun wonten ing Plered. Panjenenganipun jengkar ngili mangilen.Pangeran Puger lajeng mandhegani ngayahi dhawuhipun Keng Rama kagem bukti bilih mboten sedaya keluarga Kajoran hambiyantu Trunajaya. Kanti kedadosan punika wau Pangeran Puger jumeneng nata Amangkurat II. Ananging amargi kekiyatanipun mengsah ingkang sanget ageng, Panjenenganipun lajeng jengkar dhateng Jenar. Wonten ing Jenar Panjenenganipun yasa Kraton Purwakanda ingkang pusatipun wonten ing Jenar. Panjenenganipun jumeneng nata kanti gelar Susuhunan Ing Ngalaga . Sak sampunipun Trunajaya wangsul dhateng Kediri, Plered dipunrebut malih dening Susuhunan Ingalaga ( Pangeran Puger ) lan ngusir sedaya prajuritipun Trunajaya ingkang taksih wonten ing mriku.

Amangkurat I seda wonten ing laladan Tegalwangi / Tegal Arum. RM. Rahmat jumeneng nata Amangurat II tanpa tahta amargi Plered ingkang dados kutaraja Mataram wekdal semanten dipunjagi lan dipunlenggahi dening Pangeran Puger ingkang mboten kersa ngili.

Amangkurat II RM. Rahmat yasa kraton enggal kanti asma Kertasura wonten ing wulan September 1680. Panjenenganipun lajeng nimbali Amangkurat II ( Pangeran Puger ) supados dados setunggal kaliyan Panjenenganipun, ananging Pangeran Puger mboten kersa. Pramila lajeng wonten kedadosan perang sedherek wonten ing tanggal 28 November 1681.

Susuhunan Ing Ngalaga Amangkurat II ( Pangeran Puger ) nyerah dhateng Jacob Couper, pimpinanipun VOC., ingkang hambiyantu Amangkurat II ( RM. Rahmat ). Susuhunan Ing Ngalaga lajeng jumeneng nata kanti asma Pangeran Puger malih, wondene RM. Rahmat jumeneng nata Amangkurat II.

Sikap lan solahbawanipun Pangeran Puger kaliyan RM. Rahmat punika benten Sanget. Amangkurat II langkung alit manahipun lan mboten jejeg tekadipun, wondene Pangeran Puger punika Sanget tegas. Pramila gelar Amangkurat II wekdal semanten kados dene pralambang ( simbol ) kemawon amargi ingkang langkung kathah nglampahaken roda pemerintahan inggih Panjenenganipun Pangeran Puger ingkang panci dipundadosaken astatengenipun Amangkurat II ( RM. Rahmat ). Pangeran Puger Surut wonten ing warsa 1719.

Salahsetunggaling putranipun Pangeran Puger inggih punika RM. Surya Putra. Panjenenganipun lolos keprabon saking kraton amargi mboten remen kaliyan kawontenaning kraton wekdal semanten ingkang sampun kenging pakerti adudombanipun Walandi ingkang handadosaken keluarga kraton sami crah lan rebut panguwaos. Panjenenganipun tindak dhateng pernah wetan / brang wetan ngantos dumugi pesantren Gedangan Surabaya ingkang dipunasta dening Panjenenganipun Kyai Abdullah Muhsin. RM. Surya Putra lajeng nyantri wonten ing mriku lan hanggantos nami Muhammad Ihsan.

Wonten ing satunggaling wekdal, pesantren Gedangan ngawontenaken pengaosan selapanan ingkang wekdal semanten dipunrawuhi ugi dening Adipati Wiranegara ( punika gelar paringan Amangkurat II dhateng Untung Surapati ingkang sampun tumut hambiyantu mejahi Pimpinan Kompeni ingkang asma Kapten Tack ). Muh. Ihsan dados ketua santri lan dherek ngladosi daharan kagem pra tamu. Wekdal M. Ihsan ngladosi daharan wonten ngarsanipun Adipati, Panjenenganipun dipunpriksani kanti taliti dening Sang adipati wau. Adipati Wiranegara yakin sanget bilih sampun nate kepanggih kaliyan Muh. Ihsan lan Panjenenganipun punika wau salahsetunggaling bangsawan. Pramila sakcekapipun pengaosan, Sang Adipati mboten lajeng kondur, ananging lajeng handhawuhi Kyai Abdullah Muhsin supados Panjenenganipun nimbali santri ingkang asma Muh. Ihsan punika wau. Saksampunipun pepanggihan lan wawansabdha, lajeng dipunmangertosi bilih Muh. Ihsan punika panci salahsetunggaling bangsawan. Panjenenganipun Muh. Ihsan lan Adipati Wiranegara lajeng dhawuh dhumateng Kyai Abdullah Muhsin supados Panjenenganipun Kyai kersa hanjagi wadosipun Muh. Ihsan, supados kulawarga kraton mboten mangertos. Sakderengipun kondur, Sang Adipati ugi nyuwun kanti sanget supados Panjenenganipun Muh. Ihsan kaliyan Kyai Abdullah Muhsin kersa tindak dhateng kadipaten.

Sak sampunipun Muh. Ihsan rawuh wonten ing kadipaten kaliyan Kyai Abdullah Muhsin, Panjenenganipun dhawuh dhumateng Adipati supados hanjagi wadosipun. Sanesipun punika, Sang Adipati lan Kyai Abdullah Muhsin ugi nyuwun kanti sanget supados Muh. Ihsan kersa dipunpundhut putramantu dening Adipati Wiranegara. Akhiripun Muh. Ihsan dipunkramakaken kaliyan putrinipun Adipati Wiranegara ingkang asma RA. Retno Susilowati. Saksampunipun krama, Keng Garwa wau lajeng dipunboyong dhateng pesantren Gedhangan.

Gantos carios, sakpungkuripun RM. Surya Putra lolos keprabon, Kraton Matram langkung awon kawontenanipun. Dumugi satunggaling wekdal, lenggahipun RM. Surya Putra dipunmangertosi dening kulawarga Kraton. Sinuwun Nata lajeng utusan supados manggihi RM. Surya Putra wonten ing Gedhangan lan dipunsuwun supadhos kondur dhateng Kraton. Saksampunipun kepanggih lan wawansabdha kaliyan RM. Surya Putra wonten ing pesantren Gedhangan, utusan wau lajeng nyuwun supados RM. Surya Putra kondur. Amargi punika wau dhawuhipun Sang Nata, pramila RM. Surya Putra mboten wantun nampik. Panjenenganipun lajeng pamitan dhateng Kyai Abdullah Muhsin lan ndherek titip Keng Garwa ingkang wekdal semanten mboten saged dipunboyong dhateng Kraton amargi saweg ngandhut sepuh. RM. Surya Putra ugi dhawuh dhateng Kyai Abdullah Muhsin supados mbenjang menawi putranipun sampun miyos, lan menawi miyosipun kakung supados dipunparingi asma RM. Sandeyo, wondene menawi putri sumangga Kyai anggenipun maringi asma. Sanesipun wau Kyai ugi dipunsuwun supados ngrimat lan hanggulawentah Keng putra kanti sae lan saestu amargi mbenjang menawi sampun dhiwasa badhe dipunpundhut kondhur dhateng Kraton.

Sakduginipun RM. Surya Putra wonten ing Kraton, Panjenenganipun lajeng kawisuda jumeneng nata Sinuwun Amangkurat Jawi / Amangkurat IV . Panjenenganipun jumeneng nata wiwit 1719 dumugi 1726.

Sak pungkuripun RM Surya Putra punika wau kondhur dhateng Mataram, saestu putranipun miyos kakung. Dening Kyai Abdullah Muhsin lajeng dipunparingi asma RM. Sandeyo kados dhawuhipun RM. Surya Putra. Sanesipun punika, dening Kyai Abdullah Muhsin, lare punika ugi dipunparingi asma Nur Iman. Kyai yakin sanget bilih benjang menawi sampun titiwancinipun, Nur Iman badhe dados ulama ingkang misuwur luhuripun.

Satunggaling wekdal, Sinuwun Amangkurat Jawi kengetan bilih Panjenenganipun kagungan garwa ingkang dipuntilar wonten ing pesantren Gedhangan, ingkang wekdal seman