23
BAB I PURWAKA 1.1 Lelandhesan panliten Tlatah Jawa kalebu wilayah kang jembar lan akeh pendhudhuke. Anane wilayah kang jembar lan pendhudhuk kang akeh, nyebabake asil kabudayan kang maneka warna. Masyarakat Jawa kawentar minangka masyarakat kang nduweni kabudayan kang adiluhung. Salah siji asil kabudayan yaiku sastra. Kasusastran minangka salah siji unsur kang ora bisa dipisahake klawan manungsa ing panguripane. Amarga sastra iku minangka asile kabudayan. Cundhuk karo andharane Ratna (2004,11) yen karya sastra minangka bagian kang ora bisa dipisahake karo kabudayan. Salah siji asil kabudayan kasebut yaiku kasusastran Jawa. Kasusastran diripta dening para pangripta kanggo medharake sakabehe babagan ngenani kedadeyan kang ana ing bebrayan. Najid (2009:10) ngandharake yen sastra minangka wujud refleksi kasunyatan lan pengalaman urip. Adhedhasar pengalaman urip lan kedadeyan-kedadeyan kang ana ing bebrayan iku bisa mbiyantu panganggit anggone medharake ide-ide kanggo ngasilake kasusastran. Kejaba kuwi, tujuwan anane sastra ing tengah-tengah masyarakat yaiku kanggo 1

Ruwat Sajrone Kitab Nawaruci

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Tugas Akhir Sastra Jawa Pertengahan mengenai Ruwat di dalam Kitab Nawaruci

Citation preview

BAB I PURWAKA1.1 Lelandhesan panlitenTlatah Jawa kalebu wilayah kang jembar lan akeh pendhudhuke. Anane wilayah kang jembar lan pendhudhuk kang akeh, nyebabake asil kabudayan kang maneka warna. Masyarakat Jawa kawentar minangka masyarakat kang nduweni kabudayan kang adiluhung. Salah siji asil kabudayan yaiku sastra. Kasusastran minangka salah siji unsur kang ora bisa dipisahake klawan manungsa ing panguripane. Amarga sastra iku minangka asile kabudayan. Cundhuk karo andharane Ratna (2004,11) yen karya sastra minangka bagian kang ora bisa dipisahake karo kabudayan. Salah siji asil kabudayan kasebut yaiku kasusastran Jawa.Kasusastran diripta dening para pangripta kanggo medharake sakabehe babagan ngenani kedadeyan kang ana ing bebrayan. Najid (2009:10) ngandharake yen sastra minangka wujud refleksi kasunyatan lan pengalaman urip. Adhedhasar pengalaman urip lan kedadeyan-kedadeyan kang ana ing bebrayan iku bisa mbiyantu panganggit anggone medharake ide-ide kanggo ngasilake kasusastran. Kejaba kuwi, tujuwan anane sastra ing tengah-tengah masyarakat yaiku kanggo weneh patuladhan tumrap manungsa supaya bisa tumindak kang luwih becik. Pangrembakane kasusastran Jawa bisa kaperang manut wektu pangrembakan lan jinising reriptan sastrane. Purnomo (2007: 79) ngandharake, kasusastran Jawa manut jinising reriptan sastra kaperang dadi kaya mangkene. Kapisan, yaiku kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa kuna kanthi wujud reriptan sastrane arupa kakawin, yaiku Ramayana wujude kandha (puisi) lan Mahabharata wujude parwa (prosa). Kaping pindhone, kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa madya kanthi wujud reriptan sastrane arupa kidung, yaiku turur kanthi wujud puisi lan prosa, Katelune, yaiku kasusastran Jawa klasik kanthi wujud reriptan sastrane arupa tembang macapat. Kaping papat, yaiku kasusastran Jawa kang nggunakake basa Jawa modern utawa mutakhir kanthi wujud reriptan sastrane arupa reriptan kang kadayan panggunane puitika sastra saka bangsa kulonan utawa Eropa.Ing kasusastran Jawa, akeh anggitan kang medharake ngenani kedadeyan urip kang maneka warna lan budhaya ing salebete panguripan bebrayan Jawa.Suwarni(2013:1)ngandharakeyenpangrembakanesastraJawadiperangdaditelungperiode,yaikusastraJawakuno,sastraJawapertengahan,lansastraJawaanyar.Kasusastran Jawa yaiku kasusastran kang nggunakake basa Jawa, diasilake dening masyarakat Jawa lan sumebar ing masyarakat Jawa. Pamawas miturut Poerbatjaraka (1957) ngandharake yen periode kasusastran Jawa diperang dadi papat, yaiku: (1) Kasusastran Jaman Kuna, (2) Kasusastran Tengahan, (3) Jaman Islam, lan (4) Jaman Surakarta Awal. Jaman Islam lan Jaman Surakarta awal iki bisa kalebu ing jaman kasusastran Jawa Anyar. Minangka tetinggalan kasusastran ing jaman biyen kang bisa menehi katrangan kanthi cetha yaiku naskah (Soeratno, 1997:9). Naskah yaiku tinggalane leluhur kang tibanjurs tangan ing kertas, lontar, kulit kayu, lan rotan (Djamaris, 2002:3).Kitab Nawaruci iki mujudake salah sawijine sastra Jawa lawas sing nduweni wujud naskah. Adhedasar pangrembakane Sastra Jawa, Kitab iki kalebu asil karya Sastra Jawa Pertengahan. Kitab iki ditulis nggunakake basal an aksara Kawi kang cacahe ana 8 pupuh. Kitab asli Nawaruci ditulis ing godhong lontar kang nduweni kahanan nyedhihake banget, amarga akeh tulisan lan kaca kang ilang. Miturut Prijohoetomo Naskah asli Nawaruci ditulis dening Empu Syiwamurti udakara taun 1500-1613. Kitab Nawaruci nduweni nilai-nilai sing luhur, salah sijine yaiku ngandut nilai budaya kang wis suwi narik kawigatine para panliti. Adhedhasar sing nuduhake ana ing ndhuwur, ing kalodhangan iki bakal ngonceki ngenani nilai-nilai budaya jawa. Nilai-nilai budaya minangka piranti kanggo ngonceki perkara kapercayan lan pola pamikire masyarakat Jawa, kanthi luwih njero lan cetha. Panliten iki diajab nduweni paedah tumrap pamaos kanggo nambahi kawruh ngenani panguripan sosiale manungsa, mligine ngenani kapitayan marang adat-istiadate wong Jawa lan panguripane masyarakat.

Utamane ngenani ruwat kang bakal diandharake sajrone panliten iki. Ruwatan miturut asal-usule critane yaiku gegayutan karo anane Bathara Kala kang senengane mangan wong. Wong kang dadi mangsane Bathara Kala yaiku wong kang kalebu golongane wong sukerta. W.H. Rassers (sajrone Djoko Suryo dkk, 1985:90) njlentrehake yen ruwatan karo wong Jawa digawe kanggo ngluwari pawongan saka kakuwatan supranatural ala kang ngancem pawongan-pawongan kang apes anane ing donya iki. Kakuwatan supranatural iki dudu mung ngancem pawongan-pawongan kang apes (wong Sukerta) ananging uga ngancem kabeh kaluwarga. Bebaya iku miturut wong Jawa tradhisional saka dewa kang salah lair yaiku Bethara Kala.

Prosesi ruwatan mujudake saperangan tradisi kang asale saka kapitayan ing bebrayan Jawa kang dadi salah sawijine prosesi sakral kanthi pangajab kanggo nolak bebaya kang dilambangake Bathara Kala. Salah sawijine kang dadi inceran Bethara Kala yaiku bocah sukerta. Bocah sukerta kasebut yen ora diruwat arep oleh bebaya. Malapetaka nggambarake kasengsaran, lara, uga dadi bebaya urip kang abot. Tembung mala kang tegese rusuhan lan petaka tegese kitiban. Saengga bebaya bisa ditegesi ketiban reribet. Dadi wong utawa bocah Sukerta kasebut kena bebaya, mula kudu diresiki kanthi diruwat. Mula adhedhasar andharan kasebut, bakal diandharake ngenani tradhisi ruwat sajrone Kitab Nawaruci ing ngisor iki.

1.1 Punjere PanlitenAdhedasar kang wis diandharake ing lelandhesane panliten, mula prakara-prakara kang bakal ditliti yaiku:1. Kepriye wujud lan isi Kitab Nawaruci?2. Kepriye analisis unsur ruwat kang ana sajrone Kitab Nawaruci?

1.2 Tujuwane PanlitenAdhedhasar punjere panliten kang bakal dionceki ing panliten iki mula panliten iki nduweni tujuan:1. Ngandharake wujud lan isi Kitab Nawaruci.2. Ngandharake unsur ruwat kang kinandhut sajrone Kitab Nawaruci.

1.4 Paedahe Panliten1. Panlitenikidikarepakebisanduwenipaedah kanggo panliten-panlitensastra mliginesastra lawas. 2. Kanggo para pamaos, panliten iki muga bisa didadekake dalan kanggo ngerteni kasusatran Jawa. 3. Bisadidadekakebahanajarmliginemata kuliyah sastra Jawa 4. Bisa nggampangakepamacaanggonemangertenilanmahamiisisajrone Kitab Nawaruci.

BAB IIANDHARAN2.1 Wujud lan IsiKitab Nawaruci kang dadi objek panliten iki kalebu salah sawijine naskah kang ngandharake bab ruwat. Warni (2013: 100) ngandharake yen nemtokake pabanjurs lan wektu pabanjursan Nawaruci ora angel. Amarga ing pungkasane crita ana kolofon kang ngandharake data ngenani pabanjurs kasebut, kaya pethikan kolofon ing ngisor iki :Iti Tattwajnananirmala apusira mpu Siwamurti. Telas sinurat sang hyang pustaka tattwajnana nimala I Caka, rah 5, tenggek 3, caturdasi cukla ring dina Cwa, Ca ning Wugu irika tlas linikiteng prajadeseng Cwecchapura, wuryan nikang purusan, we tang ing wartmara. Santosakena wirupa ing aksara mwang unikanya apan ulah ing atyanta mudhalpasastra, kewalyakedeh milwa nurat, sang aparab Jemuharsa. OM saraswati nama, OM Gemung ganapataye namah. Om cri Gurubhyo namah.Adhedasar kolofon ing ndhuwur Nawaruci digawe dening Mpu Siwamurti, lan reriptan kasebut diarani Tattwajnananirmala (piwulang suci). Ing sajrone kolofon uga nyebutake jeneng Jemuharsa, minangka pabanjurs. Jeneng sakloron kasebut kalebu jeneng samara. Nawaruci digawe karo Brahmana agama Hindu kang ngarani dheweke Mpu Siwamurti. Ngenani papan panggonan nalika pabanjursane yaiku ing prasajedeng Swecchapura, ngarani salah sawijine dusun ing Swecchapura (Klungkung). Nanging isih durung cetha menawa papan panggonan kuwi kalebu mandala, panggon tapa, utawa omah. Nawaruci ditulis ing Klungkung dening brahmana agama Hindu. Lan wektu nalika nggawe naskah kuwi yaiku 1 Caka rah 5 tenggek 5, bulan Crawana , tanggal 14 paro petang. Mula saka informasi kuwi bisa didudut menawa wektu nalika nggawe naskah Nawaruci yaiku tanggal 14 Juli tahune durung cetha. Nanging Prijohoetomo menehi angka tahun 55, abad ke-14. 2.1.1 Ringkesan Kitab NawaruciDriyodana, Sang Prabu negari Gajahoya, kandha marang Pandhita Drona yen dheweke kepingin mateni Werkodara sing nalika kuwi lagi meguru marang Drona, wusanane diutus dening Drona supaya ngupadi banyu Mahapawitra kanggo kasampurnan ngelmune. Saka pituduhe Drona, banyu Mahapawitra kuwi dumunung ing sumur Dorangga, Werkodara banjur enggal budhal menyang sumur Dorangga. Nalika ing njerone sumur, dheweke ora bisa nemokake apa kang dadi panyuwune Drona. Kapara sing ana malah ula gedhe cacah loro, lanang lan wadon. Kelakon Raden Werkodara perang lumawan ula-ula kasebut. Werkodara kasil ngasorake ula loro kasebut kanthi disuduk nganggo kuku Pancanaka.Werkodara banjur mbacutake lakune tumuju Gajahoya. Drona lan Driyodana kaget banget nalika weruh Werkodara isih urip. Werkodara kandha menyang Drona yen banyu Mahapawitra ora ana ing sumur dorangga. Drona banjur kandha yen ature mau jebul kliru. Banyu Mahapawitra ora dumunung ing sumur Dorangga, nanging ing Tegal Andhadawa.Enggal budhal sang Werkodara menyang Tegal Andhadawa. Ing kana dheweke ora bisa nemokake apa-apa. Sing ana mung panggonan kang gersang tanpa ana panguripan. Ora suwe, Werkodara ketemu karo sawijining raseksa sing jenenge Indrabahu. Raseksa kasebut nedya mangan Werkodara. Mula kekarone kelakon andum yuda. Pungkasane Werkudara kasil mateni Indrabahu. Sawise Indrabahu tiwas, saka anggane metu wewujudan. Wewujudan kuwi ora liya Bathara Indra. Bathara Indra ngaturake panuwun marang Werkodara merga wis ngluwari dheweke saka mala kang wis disandhang rolas taun. Sawise Bathara Indra bali menyang kahyangan, Werkodara enggal bali menyang Gajahoya. Nalika kuwi neng kana lagi ana paseban. Werkodara teka kanthi nggawa endhase Indrabahu, njalari kabeh kang ana ing paseban padha keplayu wedi. Driyodana mlayu, dene Sang Drona semaput.Nalika sang Drona wis sadhar, dheweke takon endi banyu Mahapawitrane. Diwangwuli Werkodara yen dheweke ora bisa nemokake banyu kasebut. Banjur Sang Drona kandha yen dheweke mau lali. Dheweke lagi kelingan yen banyu Mahapawitra kuwi ana ing dhasaring samudra Lawana Udadhi. Sang Drona uga kandha yen Werkodara ora dikeparengake migunakake aji-aji, apa dene prahu. Dheweke kudu nglangi yen kepingin entuk banyu kasebut.Enggal budhal sang Werkodara tumuju menyang Lawana Udadhi. Teka ing Indraprastha, Werkodara kepethuk karo ibu lan sedulur-sedulure. Werkodara enggal kandha yen dheweke diprintah dening sang Guru supaya ngupadi banyu Mahapawitra kang dununge ana ing telenging samudra Lawana Udadhi. Werkodara enggal pamit, kairing tangise Kunthi, dropadi lan para sedulur Pandhawa.Kacaritakake, Raden Werkodara wis ana ing gisiking samudra. Dheweke enggal nyemplung ing samudra kuwi. Anggane diobat-abitake ombak nganti maambal-ambal natap watu karang. Wusanane raden Werkodara tumeka ing seda. Kadherekake para abdi kang uga melu nyemplung. Weruh Werkodara kang seda, sang Nawaruci tuwuh rasa welase. Raden Werkodara lan para abdine diuripake maneh. Neng kana Sang Nawaruci ngripta pulo anyar ing tengahing samudra. Pula kang endah, sugih tetanduran lan sato kewan. Werkodara disuguhi who-wohan lan panganan sing enak-enak. Raden Werkodara lan para abdi banjur mangan telap-telep merga keluwen.Werkudara nemoni Nawaruci kanggo nggoleki banyu Mahapawitra ing Samudra Lawana Udadhi. Nawaruci aweh panemu yen Werkudara wis diapusi dening gurune dhewe yaiku Drona nanging Werkudara wis antep pamikire marang Gurune. Drona aweh prentah marang Werkudara kanggo nggoleki banyu Mahapawirta. Nawaruci kandha yen banyu Mahapawitra ora bisa digayuh tanpa dheweke. Banyu sejati kang suci mung Sang Hyang Tirta Kamandalu. Banyu iki angel ditemokake. Kanggo nggoleki banyu Mahapawirta, Werkudara kudu prang minangka simbol kekuwatan. Nawaruci aweh wangusulan yen sing ngripta donya yaiku Anantawisesa sing nduweni teges wani urip ing sekabehe donya. Sang Hyang Mhurca tegese ora katingal. Nglewih yaiku tegese ora ana padhanane. Werkudara takon marang Nawaruci ngenani pangimpene. Apa kang ilang ing ragane manungsa nalika mati. Werkudara takon, "sapa sing nunggu ragane manungsa?", Nawaruci mangsuli, ana telu yaiku Sang Hyang Manon, Sang Hyang Pramono, Sang Hyang Patunggu urip. Werkudara rumangsa utang budi marang Nawaruci kang menehi wejangan kanggo dadi manungsa kang utama. Werkudara kepengen weruh panggonane banyu Mahapawirta. Nawaruci menehi weruh panggonane (Baratawarsa) salah sawijine dhaerah perang saengga kudu ngati-ati. Nawaruci menehi wejangan ngenani Anima, lakhima, mahima, isyitwa, prapta, prakamnya lan yathakamawasyayitwa. Werkudara takon ngenani darma minangka muride sang pandhita Dheweke ora seneng mangan, ora nduwe rasa lara, ora endah, seneng ngguyu, ora nyenengake lan sombong. Bima takon marang nawaruci apa kang sinebut sunyi. Dheweke puncak dewa, mantra kang utama, puncake ilmu, lan kasekabehane ilmu yaiku nirajnana. Iki kang sinebut dharma kauwus uwusan yaiku hak, ukum, lan kuwajiban kang sampurna. Telerep yaiku kilat wengi, lesus yaiku angin pusar, gereh yaiku guruh, benter yaiku guntur, gledheg yaiku gludhug, pather yaiku petir. Taya nduweni teges ora ana. Suksma yaiku glombang angin panas. Bakal tumeka atita, anagata, lan wartamana ing niskala yaiku ora ana.Sang Awirota ninggalake Nusakambangan banjur budhal menyang Barunapada panggonane Sang Hyang Baruna. Awirota teka ing Brahmaloka panggonane Batara Brahma banjur menyang Indrapada panggonane Sang Hyang Indra. Budhal menyang Wisnupada panggonane Batara Wisnu banjur menyang Kanakawati panggonane Sang Hyang Paramiswara. Sang Awirota ora mangerteni panggonane Sang Hyang Yama yaiku nraka. Nawaruci ngongkon Awirota supaya nemoni Sang Hyang Asmara. Ing Kahyangan Awirota dipapak Sang Hyang Asmara. Awirota njaluk tulung Sang Hyang Asmara supaya diwenehi weruh panggonane Sang Hyang Amrtanjiwane. Sang Hyang Kuni menehi weruh panggonane Sang Hyang Amrtanjiwani yaiku Siwamurti nanging panggonan iku mbebayani amarga akeh dhayangane. Awirota teka ing panggonane Sang Hyang Amrtanjiwani nanging dheweke ora mundur ngandhepi para dhemit. Ing kono Awirota mateni naga raseksa. Masiya ngadhepi mungsuh kang nduweni gegaman kang sekti nanging Awirota ora tatu babar pisan. Awirota diserang dening rajapanulah sing ndadekake sirahe bocor. Nawaruci aweh pitulungan marang Awirota. Awirota kasil nduweni Sang Hyang Amrtanjiwani banjur nerusake lakune.Sang hyang paramesthi diadhep dening dewatanawasanga, caturlokapala, pancaresi, saktaresi, widadara, widadari. Sang hyang paramesthi bingung amarga sang hyang amrtanjiwani dijupuk sang awirota. Nalika Sang awirota nggawa mlayu banyu sang amrtanjiwani, dheweke diserang dening para dewatasanga. Sang awirota digepuk sirahe nganti pecah. Sang hyang acintya ngrebut banyu panguripan saka bathara bayu. Para nawatadewa kabingungan amarga banyu amrtanjiwani ilang maneh. Sang hyang jagadnata nglipur atine sang hyang paramesthi guru banjur cepak-cepak semedi ing merupastika.Sang awirota wis ninggalake suralaya. Tumekane ing bumi dheweke menyang gajahoya saperlu nemoni sang hyang drona lan sri maharaja driyodhana. Banyu mahapawitra didudohake marang drona, nanging drona ora percaya yen banyu kasebut banyu panguripan.Mangerteni kadadeyan kuwi nawaruci mudhun ing bumi. Sang hyang acintya murka amarga pangucape drona. Nawaruci nerangake marang drona ngenani banyu mahapawitra kang aran sang hyang amrtanjiwaniWerkudara budhal menyang lawana udadhi saperlu nemoni drona kang wis disedakne utawa diuncalne nawaruci ing samodra lawana udadhi. Werkudara nggunakake jalasangara kanggo nggoleki drona. Drona kang ana ing dasare segara ditulungi dening werkudara. Drona rumangsa getun amarga ngongkon bima nggoleki banyu panguripan. Drona lan bima bali menyang gajahoya.Drona ngandhani driyodhana yen bima kuwi pawongan kang utama amarga wis nulungi dheweke. Nalika bima dijak pesta drona, dheweke ora gelem amarga kepengin mulih menyang indraprastha. Sipat drona kang ala ora ana tandhingane lan tindak tanduke ora pantes diconto.Ing bageyan iki dicritakake ngenano Raden Werkodara utawa Bima kang nyiapake dhiri lair sarta batin kanggo nglakoni tapa lan ora bisa bali menyang Indraprahasta sadurunge ngrampungake tapane. Dheweke niyat banget nglakoni tapa lan budhal menyang Prthiwijati. Kabeh pancadriya wis dipateni pratandha yen tapane wis bisa diwiwiti. Para Nawadewata, pancaresi lan caturlokapala ngadhep menyang Sang Hyang Pramesthi utawa Bathara Guru saperlu kandha yen ana pawongan kang nglakoni tapa kanthi apik lan tenanan banget. Banjur Bathara Guru nduweni rencana kanggo nggodha Sang Angkusprana liwat wolung widadari kang ayu-ayu. Wolung widadari iku ngupaya kanggo nggodha, nanging Sang Angkusprana ora bisa diperdaya lan tetep nglakoni semedhine. Bathara Guru ngongkon supaya Bathara Lumanglang ngundhang Sang Angkusprana menyang Suralaya (panggonan para dewa), nanging ora ana asile. Malah ndadekake Bathara Lumanglang nyembah marang Sang Angkusprana. Kahanan iku uga ndadekake Bathara Wisnu uga nekani Sang Angkusprana saperlu menehake undhangan saka Bathara Guru. Nanging dheweke uga nulak undhangane Bathara Wisnu. Saiki wis ana rong dewa kang nyembah marang pawongan biyasa. Banjut Bathara Guru lan kabeh dewata nawangsa, caturlokapala sarta pancaresi budhal menyang Prthiwijati saperlu ngrusuhi tapane Sang Angkusprana lan sapa wae kang tapa ing Prthiwijati. Geni syiwa ngobong Prthiwijata lan para pawongan kang tapa ing kono njaluk tulung marang Sang Angkusprana. Sang Angkusprana nyabda supaya geni syiwa bali menyang Suralaya. Para dewa lan widadari padha nangis lan njaluk keslametan marang Bathara Guru. Banjur Bathara Guru dhewe nekani Sang Angkusprana saperlu ngundhang dheweke menyang Suralaya, nanging dheweke uga nulak. Bathara Guru nesu lan nyabda supaya Sang Angkusprana dadi raksesa, nanging sabdane iku balik menyang Bathara Guru lan para nawadewata. Para dewa padha nesu lan nyerang Indraprahasta.Amarga tekane para dewa kang malih dadi raksesa ing Indraprahasta, ndadekake balai Wawarnan ing Manguntur rusak lan Balai Pamancaran uga ora ninggalake tilas. ABathara Guru njaluk marang Sang Angkusprana supaya bisa kaya biyen maneh. Banjur Sang Angkusprana ngijabahi panjaluke mau. Para dewa bisa bali maneh kaya biyen lan uga bali menyang Suralaya. Mula dheweke bali menyang Indrprahasta. Ing kono, dheweke disambut Sri Bathara Ibu Suri, Sang Dropadi, Raden Dhananjaya, Nakula lan Sadewa. Sang Pandhawa nyambut tekane Raden Bima kanthi nggawe adicara gedhe-gedhenan. 2.1.2 Ruwat Sajrone Kitab NawaruciTembung ruwat yaiku 1) Luar saka panenung (wewujudan sing salah kedaden); 2) Luar saka ing beban lan paukumaning dewa; 3) Dipateni tumrap kewan kang mbebayani (Purwadarminta, 1939:534). Sajrone tradhisi Jawa Kuna, ruwat diweruhi minangka konsep lukat kanthi teges dihapuskan, dibatalkan, dilepaskan, dibersikan, disucikam (Zoetmulder, 1982:611-612).Ruwatan yaiku ritual sakral kanthi tujuwan kanggo mbebasake, ngresiki wong saka samubarang kang dideleng ora becik utawa ala sarta jahat. Sajrone ruwatan uga ana, kekarepan, pepenginan, supaya manungsa adoh saka bebayan. Menawa ora diruwat miturut kapitayan manungsa kuwi bakal oleh bebayan, manungsa iki diarani wong sukerta. Ruwat ora mung mbebasake wong saka pangaribawa ala nanging luwih cundhuk ngresiki wong saka dosa kang sinebut mala utawa klesa kang ana sajrone badane. Ngruwat yaiku ngudari ruwet renteng kanthi cara ngadani pagelaran wayang purwa lan jupuk crita tartamtu. Uga ruwatan arupa salah sawijine bentuk utawa cara kanggo nggayuh kasenengan utawa hiburan guna nglalekake keruwetan batin (Sastroamidjaja, 1964:145-163).Nawaruci kalebu reriptan sastra golongan kapisan, Exorcist Tales. Werkudara minangka paraga utama tanpa disengaja ngruwat saperangan paraga sajrone kitab Nawaruci, senajan nyatane Dorna kang ngutus Werkudara nggoleki mahapawitra, mung kanggo alas an. Tujuwan utama Dorna mateni Werkudara yaiku amarga diutus bujukane Duryudana. Unsure kang ana sajrone kitab Nawaruci bakal dijlentrehake ana ing ngisor iki :Werkodara sing nalika kuwi lagi meguru marang Drona, wusanane diutus dening Drona supaya ngupadi banyu Mahapawitra kanggo kasampurnan ngelmune. Saka pituduhe Drona, banyu Mahapawitra kuwi dumunung ing sumur Dorangga.Werkodara nuli enggal budhal menyang sumur Dorangga. Sawise tekan kana, Werkodara enggal nyemplung ing sumur kasebut. Nalika ing njerone sumur, dheweke ora bisa nemokake apa kang dadi panyuwune Drona. Kapara sing ana malah ula gedhe cacah loro, lanang lan wadon. Kelakon Raden Werkodara perang lumawan ula-ula kasebut. Werkodara kasil ngasorake ula loro kasebut kanthi disuduk nganggo kuku Pancanaka lan diuncalake menyang ndhuwur.Ula loro sing wis dipateni dening Werkodara kasebut pranyata panjilmane widadara lan widadari sing jenenge Syarasambaddha lan Harsanandi. Kekarone nangis bagya lan ngaturake panuwun marang Werkodara amarga wis bebas saka sukerta minangka ruwat saka Werkudara bajur kekarone bali menyang kahyangan. Werkodara banjur mbacutake lakune tumuju Gajahoya. Drona lan Driyodana kaget banget nalika weruh Werkodara isih urip. Jalaran kekarone nganggep yen Werkodara bakal mati dening Ula gedhe ing Sumur Dorangga.Werkodara kandha menyang Drona yen banyu Mahapawitra ora ana ing sumur dorangga. Drona nuli kandha yen ature mau jebul kliru. Banyu Mahapawitra ora dumunung ing sumur Dorangga, nanging ing Tegal Andhadawa.Enggal budhal sang Werkodara menyang Tegal Andhadawa. Ing kana dheweke ora bisa nemokake apa-apa. Sing ana mung panggonan kang gersang tanpa ana panguripan. Ora suwe, Werkodara ketemu karo sawijining raseksa sing jenenge Indrabahu. Raseksa kasebut nedya mangan Werkodara. Mula kekarone kelakon andum yuda. Nalika Werkodara andum yuda lumawan Indrabahu, bumi kaya horeg. Iwak-iwak padha koncat saka segara, wit-wit gedhe padha rubuh, kewan-kewan padha mlayu metu saka alas.Wusanane sang Indrabahu kasoran. Werkodara kasil midak lan nindhih raseksa kuwi. enggal wae raseksa kuwi diangkat. Indrabahu ngripih-ngripih njaluk supaya aja dipateni, nanging ora digubris. Werkodara kasil mateni Indrabahu lan gulune diuntir nganti pedhot.Sawise Indrabahu tiwas, saka anggane metu wewujudan. Wewujudan kuwi ora liya Bathara Indra. Bathara Indra ngaturake panuwun marang Werkodara merga wis ngluwari dheweke saka mala kang wis disandhang rolas taun. Dheweke malih dadi raseksa kuwi jalarane diukum dening Sang Paramesthi. Nalika Sang paramesthi lan garwane liwat ing ngarepe bathara Indra, dheweke malah mung males-malesan kanthi ngongkang-ongkang sikile. Mula saka kuwi dheweke banjur dadi Raseksa lan bali menyang Surgaloka. Ing pungkasan crita saperangan dewa diruwat dening Werkudara.

BAB IIIPANUTUPKitab Nawaruci minangka karya sastra. Karya sastra yaiku seni sastra sing kalebu tapak tilas arupa tulisan, tapak patilasan lan uga bisa dimangerteni lumantar basa. mula, serat iki kalebu sastra, amerga cerita rakyat sing awujud buku utawa tulisan lan ora cerita langsung saka narasumber. Warta asile budaya jaman biyen sing ana ing naskah lama bisa diwaca kanthi media tulisan arupa naskah. Karya sastra Nusantara sing sumimpen ing naskah minangka pamikiran para leluhur. Kitab Nawaruci iki kalebu Sastra Jawa Pertengahan. Kitab Nawaruci iki ditulis dening brahmana Hindu udakara tanggal 14 paro petang. Utawa tanggal 14 Juli tahune durung cetha. Nanging Prijohoetomo menehi angka tahun 55, abad ke-14 ing desa Klungkung. Ditulis karo basa lan aksara Kawi ing godhong lontar kang kahanane wis ora apik maneh, akeh kaca kang ilang. Sajrone kitab Nawaruci dicritakake menawa Werkudara ngruwat rong ula gedhe kang nyatane widadara lan widadari yaiku jenenge Sarasambada lan Harsanandi. Dheweke bebas saka sukerta nalika Werkudara mateni rong ula kuwi kanggo kuku pancanaka. Uga raseksa kang diarani Indrabahu kang satemene Bathara Indra, dheweke uga bebas saka sukerta nalika dipateni dening kuku pancanake Werkudara. Uga ana saperangan dewa liyane kang diruwat dening Werkudara. Ing pangrembakan sawise sajrone bebrayan Jawa ruwatan dadi tradhisi, tradhisi kasebut dilakoni minangka salah sawijine pepenginan supaya manungsa dislametake saka mala kang mbebayani panguripane manungsa. Kanthi ruwatan, manungsa ngrasa dilindungi karo kekuwatan gedhe kang dipercaya minangka kekuatan saengga sajrone bathine tuwuh rasa tansah eling, tobat, tumungkul, manembah, nenuwun, manages, nywun ngapura, sumeleh, pasrah, lsp. Sajrone ruwatan kasebut ana piranti, sesajen, kurban, utawa mantra kang didadekake sarana utawa medhia kanggo njembatani komunikasi antarane manungsa kanthi kekuwatan kang dipengini. Sajrone masarakat ruwatan diejawentahake sajrone saperangan kagiyatan spiritual kayata slametan, bancakan, memetri, bersih desa, sedekah bumi, ider bumi, ngadani pagelaran, lsp. Maksud ruwatan yaiku muja lan nyuwun rahayu utawa slamet, utawa urip raharja, Prosesi ruwatan mujudake saperangan tradisi kang asale saka kapitayan ing bebrayan Jawa kang dadi salah sawijine prosesi sakral kanthi pangajab kanggo nolak bebaya kang dilambangake Bathara Kala. Salah sawijine kang dadi inceran Bethara Kala yaiku bocah sukerta. Bocah sukerta kasebut yen ora diruwat arep oleh bebaya. Malapetaka nggambarake kasengsaran, lara, uga dadi bebaya urip kang abot

KAPUSTAKANDjamaris, Edward. 2002. Metode Penelitian Filologi. Jakarta: CV ManascoNajid, Moh. 2009. Mengenal Apresiasi Prosa Fiksi. Surabaya: University Press Poerbatjaraka. 1957. Kapustakan Djawi. Jakarta: Djambatan. Purnomo, S. Bambang. 2007. Filologi dan Studi Sastra Lama. Surabaya: Penerbit BINTANG Poerwadarminta, WJS. 1939. Bausastra Djawa. Jakarta: J. B. Wolters' Uitgevers atau Maatchappij N.V. Groningen. Ratna, Nyoman Kutha. 2004. Teori, Metode dan Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka BelajarSuwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media Nusantara Suryo, Djoko, dkk. 1985. Gaya Hidup Masyarakat Jawa di Pedesaan Pola Kehidupan sosial, Ekonomi, dan Budaya. Jakarta : Depdikbud Direktorat Jenderal Kebudayaan Proyek Penelitian Indonesia Gunung Agung. Zoetmulder, P .J . 1983. Kalangwan, Sastra Jawa Kuna Selayang Pandang, Terjemahan Dick Hartoko, seri ILDEP, Jakarta, Penerbit Djambatan.

16