7
Cerita Rakyat Timun Mas dalam Bahasa Jawa Timun Mas utawi Timun jene (Jawi: "mentimun jene"). Yaiku cerios rakyat Jawi nyeriosaken kisah satiyang kenyo pangendhel ingkang nyobi konjuk nguwawi uga minggat saking buta ijem awon ingkang nyobi konjuk nempen uga makanipun. Cerito berawal saking Mbok Sirni satiyang randha sepuh ingkang dipunsukani bibit mentimun ajaib dening buta, kaliyan balasan Mbok Sirni kedah ngunjuk pikantuk saking bibit mentimun punika. Timun Mas satu dongeng rakyat nusantara populer. Bibit mentimun tuwuh dados wit uga berbuah mentimun ageng sanget ingkang jebulna berisi bayi elok estri ingkang dipunsukani nami Timun jene utawi Timun Mas. Dinten ingkang dipunkuwatosaken Mbok Sirni tiba, buta nedha jatah pikantuk saking bibit ingkang dipunsukaninipun. pun buta wicanten badhe datheng wangsul konjuk memangsa Timun Mas ing umuripun ingkang datheng pitulas. Konjuk sanguh milujengaken putrinya saking buta, Mbok Sirni kesah memoni pertapa sakti ing redi Gundul. Pertapa sakti nyukakaken bibit mentimun, jarum, segenggam sarem uga sepotong traos dados senjata konjuk mengsah pun buta. Bermodalkan senjata saking Pertapa sakti, Timun Mas kedadosan lolos saking pun buta, Bahkan pun buta akhiripun memoni kepejahan tersedot wedi hisap. saksampune mboten enten pambengan saking buta, Timun Mas uga Mbok Sirni gesang berbahagia.

Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Embed Size (px)

DESCRIPTION

timun mas

Citation preview

Page 1: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Cerita Rakyat Timun Mas dalam Bahasa Jawa

Timun Mas utawi Timun jene (Jawi: "mentimun jene"). Yaiku cerios rakyat Jawi nyeriosaken kisah

satiyang kenyo pangendhel ingkang nyobi konjuk nguwawi uga minggat saking buta ijem awon

ingkang nyobi konjuk nempen uga makanipun.

Cerito berawal saking Mbok Sirni satiyang randha sepuh ingkang dipunsukani bibit mentimun ajaib

dening buta, kaliyan balasan Mbok Sirni kedah ngunjuk pikantuk saking bibit mentimun punika.

Timun Mas satu dongeng rakyat nusantara populer.

Bibit mentimun tuwuh dados wit uga berbuah mentimun ageng sanget ingkang jebulna berisi bayi elok estri ingkang dipunsukani nami Timun jene utawi Timun Mas.

Dinten ingkang dipunkuwatosaken Mbok Sirni tiba, buta nedha jatah pikantuk saking bibit ingkang dipunsukaninipun. pun buta wicanten badhe datheng wangsul konjuk memangsa Timun Mas ing umuripun ingkang datheng pitulas.

Konjuk sanguh milujengaken putrinya saking buta, Mbok Sirni kesah memoni pertapa sakti ing redi Gundul. Pertapa sakti nyukakaken bibit mentimun, jarum, segenggam sarem uga sepotong traos dados senjata konjuk mengsah pun buta.

Bermodalkan senjata saking Pertapa sakti, Timun Mas kedadosan lolos saking pun buta, Bahkan pun buta akhiripun memoni kepejahan tersedot wedi hisap. saksampune mboten enten pambengan saking buta, Timun Mas uga Mbok Sirni gesang berbahagia.

Page 2: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan.

Page 3: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

 Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi   ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane 

Page 4: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Pithik Blorok:  

Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:

Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:

Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:

Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:

Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem, diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Page 5: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Adhine:

Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:

Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Adhine:

Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:

Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:

Page 6: Cerita Rakyat Timun Mas Dalam Bahasa Jawa

Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:

Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki.