CERITA JAWA

Embed Size (px)

Citation preview

Kancil Karo MonyetBiyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane. Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet. Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet. Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet. Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku," Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil. Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil. Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek. "Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet. Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet. Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek. Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.

MISTERI GUNUNG BROMOJaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo. Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat. Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng. Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing

pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem, sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo. Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.

Timun MasJaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak. Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun. "Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.

Bawang Abang & Bawang PutihJaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli

adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine. "Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko." "Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman. "inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali. Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang. "Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang. "Sapa koe nduk?" takon mbah kui. "Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih. "Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe. "Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih. "Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong. "Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe. "nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih. "Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. "Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.

ASAL USUL JENENG KARANGANYARDesa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa rawa. Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung sithik.

Sadurunge ana omah omah penduduk desa iki iseh rupa rawa rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi. Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa, kegunaane basa iki digunakake kanggo warna warna , kaya wae ing panguripan saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa. Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal usule kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng kaya ngana, ngertine mung manggoni.

Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku sing asale dipanggoni para warga, nalika manggoni desa iku akeh warga sing padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi yaiku kemalingan, dadine warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora sepira adoh saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol gedhang karo onggok ora mangan sego apa maneh buah.

Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep desa ana kalen gedhe lan mburi ana sawah karo kalen cilik sing diarani larik, kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo

pengairan uga dawane nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine kalen iku penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan liya-liyane. Ana kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang surut miturut musime, gedhene kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah rendeng mesthi banjir, sanajan sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman biyen nalika wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat mandeg cacahe loro wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha ngira klintiran saka tanjung, yaiku desa sebrang wetan melu kabupaten Demak sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha rame amarga mayit loro mau ora ana sing ngerti asal usule saka ngendi, lajeng wonten salah satunggaling warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti. Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU ana ing desa Karanganyar. Desa iki wis maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen kalen akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.

ASAL MULA HURUF JAWARakyat Mendang Kamulan sangat bersukacita. Mereka telah bebas dari keangkaramurkaan. Maka Ajisaka diangkat menjadi Raja Mendang Kamulan, bergelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka memerintah dengan adil dan bijaksana. Sang prabu juga berusaha agar rakyatnya menjadi pandai. Rayat diajari bercocok tanam, membuat saluran air, membangun gedung, memajukan perdagangan, mengembangkan pelayaran, dan berbagai ilmu pengetahuan lain. Lebih daripada itu, di Mendang Kamulan tidak ada lagi kesewenang-wenangan. Rakyat hidup aman dan tentram. Sebelum keadaan menjadi demikian, Kerajaan itu diperintah oleh Prabu Dewatacengkar, seorang raja yang amatlah lalim. Yang sangat mengerikan adalah bahwa Prabu Dewatacengkar suka memakan daging manusia. Setiap hari, patih Mendang Kamulan harus menyediakan seorang manusia untuk menjadi santapan Sang Prabu. Rakyat Mendang Kamulan sangat menderita. Kehidupan mereka memang masih terbelakang. Mereka belum mengenal ilmu pengetahuan. Bahkan, mereka belum mengenal huruf.

Tersebutlah seorang pengembara dari negeri seberang, bernama Ajisaka. Ia datang ke Pulau Jawa, bermaksud menyebarkan pengetahuan. Berita mengenai kelaliman Prabu Dewatacengkar telah sampai pula ke negeri seberang. Karena itu, Ajisaka bermaksud pula untuk menolong rakyat Mendang Kamulan dari kesewenang-wenangan rajanya. Setelah tiba di Mendang Kamulan, Ajisaka ingin segera menghadap Prabu Dewatacengkar. Patih Mendang Kamulan mencegahnya. Ia merasa kasihan bahwa pemuda setampan itu akan mati menjadi santapan rajanya. Akan tetapi, Ajisaka berkeras hati untuk menghadap. Katanya, Paman patih tidak usah khawatir. Mudah-mudahan Tuhan Yang Maha Agung melindungi kita semua. Lagi pula, bukankah sampai sesiang ini Paman belum menyajikan seseorang kepada Baginda? Ajisaka dibawa menghadap Prabu Dewatacengkar. Melihat seorang pemuda yang berbadan kekar, Sang Prabu sangat bergembira. Segera Sang Prabu turun dari singgasana dan menghapiri Ajisaka. Ketika Prabu Dewatacengkar akan mengangkat tubuhnya, Ajisaka berkata, sebelum Baginda menyantap hamba, perkenankanlah hamba mengajukan sebuah permintaan. Katakan apa yang kamu minta, sahut Sang Prabu dengan tidak sabar. Kemudian sambil menoleh ke arah patih, Sang Prabu berkata, Kamu akan mendapat hadiah, Paman Patih. Sudah lama aku tidak menyantap manusia semuda ini. Akhir-akhir ini hanya orang-orang tua yang kamu sajikan. Dagingnya sudah tak enak lagi. Hamba mohon diberi sejengkal tanah, kata Ajisaka. Untuk apa? tanya Sang Prabu. Bukankah kamu akan segera mati? Sepeninggal hamba, tanah itu ditempati oleh kerabat hamba. Dan lagi, tanah yang hamba minta tidak luas. Apakah seluas alun-alun? Atau seluas desa? Tanya Sang Prabu. Hanya seluas ikat kepala hamba, jawab Ajisaka. Ha-ha-ha-ha-ha, Prabu Dewatacengkar tertawa tergelak-gelak. Konon jika Prabu Dewatacengkar tertawa, suaranya akan menggelegar, seperti suara guruh. Seribu kali luas ikat

kepalamu akan kuberi, sambungnya. Ajisaka mulai mengurai ikat kepalanya. Ia memegang salah satu ujungnya. Ujung yang lain dipegang oleh Prabu Dewatacengkar. Sang Prabu mundur selangkah demi selangkah untuk membentangkan ikat kepala itu. Terjadilah suatu keajaiban. Ikat kepala itu ternyata dapat membentang dan membentang, makin lama makin luas. Alun-alun kerajaan Mandang Kamulan tertutup oleh ikat kepala itu. Ketika Prabu Dewatacengkar sudah mundur sampai di tepi pantai selatan, Ajisaka mengibaskan ikat kepalanya. Maka terceburlah sang prabu ke laut selatan dan menjelma menjadi seekor buaya putih mulai saat itu Ajisaka menggantikan jabatan Prabu di Mendang Kamulan Kini ia menjadi seorang Prabu di Mendang Kamulan. Sampai pada suatu hari, Prabu Ajisaka ingat bahwa keris pusakanya tertinggal di Gunung Kendeng. Ingatannya melayang ke masa lalu, sebelum ia pergi ke kerajaan Mendang Kamulan. Waktu itu ia pergi bersama dengan 2 orang pengiringnya, ialah Dora dan Sembada. Ajisaka ingin pergi ke Mendang Kamulan tanpa membawa senjata. Ia meminta Sembada untuk tinggal di daerah pegunungan Kendeng, dan menjaga keris pusakanya. Sedangkan Dora diperintahkan untuk mengikutinya. Kelak aku sendiri yang akan mengambil keris pusaka ini. Jangan sekalikali kamu berikan kepada orang lain, pesan Ajisaka. Sembada berjanji untuk menjunjung tinggi perintah itu. Maka sekarang Dora diperintahkan untuk mengambil keris pusaka itu. Prabu Ajisaka berpesan, Katakan pada Sembada bahwa aku memerintahkan kamu menjemput kuris pusaka, dan mengajak Sembada menghadap ke Mendang Kamulan. Sembada tidak bersedia menyerahkan keris itu. Katanya, Bukankah dulu Raden Ajisaka berjanji untuk mengambil sendiri keris pusaka ini? Aku juga mendapat pesan untuk tidak menyerahkan keris ini pada orang lain. Memang benar, ujar Dora. Tetapi pada saat ini baginda sedang sibuk. Banyak urusan kerajaaan yang harus diselesaikannya. Karena itu, akulah yang diutusnya. Aku mengemban tugas seorang raja. Sembada tetap tidak mau menyerahkan keris pusaka itu. Ini menyebabkan Dora menjadi marah. Ingat, katanya Aku adalah duta baginda. Dan aku wajib menjalankan segala perintahnya. Aku juga abdinya, sahut Sembada. Aku pun wajib untuk menjalankan segala titahnya. Pertengkaran itu kemudian berkembang menjadi perkelahian. Bahkan akhirnya Dora maupun Sembada menggunakan senjata masing-masing. Keduanya sama-sama sakti. Setelah lama bertarung. Dora dan Sembada bersama-sama gugur. Tidak ada yang kalah , tidak ada yang menang. Prabu Ajisaka yang telah lama menunggu-nunggu kedatangan kedua abdinya menjadi tidak sabar. Dengan pengiring secukupnya, Prabu Ajisaka menyusul ke lereng pegunungan Kendeng. Menyaksikan kedua abdinya yang setia bersama-sama tewas, Prabu Ajisaka sangat sedih. Sang Prabu menyadari bahwa baik Dora maupun Sembada telah menunaikan tugas dengan sebaikbaiknya. Dora benar, karena melaksanakan perntah raja. Sebaliknya, Sembada juga tidak salah, karena telah menjunjung tinggi pesannya. Prabu Ajisaka sendiri yang bersalah. Untuk mengenang dan menghargai jasa kedua abdinya itu, Prabu Ajisaka menggubah sebuah sajak. Sajak itu dimaksudkan untuk mengenang kedua abdinya yang gugur dalam mengemban tugas. Beginilah bunyi sajak itu : hana caraka data sawala padha jayanya

maga bathanga yang dalam terjemahan harafiahnya lebih kurang : ada utusan mereka bertengkar sama-sama sakti semua menjadi mayat Prabu Ajisaka memerintahkan rakyatnya menghafalkan saja itu. Dengan demikian kesetiaan Dora dan Sembada kepada tugas akan selalu dikenang. Demikian pula diharapkan agar rakyat Mendang Kamulan dan segenap keturunannya tidak akan mengulangi kesalahan yang sama. Untuk setiap suku kata pada sajak itu, dibuatkan suatu tanda khusus. Ini kelak menjadi uruturutan huruf yang kemudian dikenal sebagai huruf Jawa. Sampai saat ini, orang Jawa masih menggunakan huruf itu.