28
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA] | Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 1 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMA Apa panjenengan nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis nate krungu tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi kelingan salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama kuwi asring digambarake minangka pentas ana ing panggung hiburan. Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung sandiwara. Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung sandi ngemu teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa ajaran”. Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang diajarake kanti cara sesidheman. Ana ing padinan, awake dhewe asring weruh wujud sandiwara sing ana ing sakupenge dhewe. Kayata sandiwara kang disiarake ana ing radio, sandiwara ana ing TV, sandiwara kang dipentasake dening para bocah-bocah sekolah, sandiwara ing saben pentas kanggo mengeti dina Ambal Warsane Kamardhikan Republik Indonesia, lan liya-liyane. Miturut Harymawan, ana ing buku Dramaturgi (1988: 1), tembung drama asale saka basa Yunani, draomai, kang ngemu teges tumindak. Saka pengerten kuwi Herymawan gawe pengertene tembung drama dadi telung perangan. Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak, lan kabeh bab kang ana ing pagelaran lan bisa narik kawigaten, kadigdayan lan uga kuwating rasa para pamirsa lan uga sing padha ngrungokake. Kapindho, drama yaiku urip padinan kang digambarake mawi polah ana ing panggung. Menawa carita ing buku awake dhewe kudu migunakake bayangan utawa fantasi, ing drama kabeh carita digambarake mawi akting para paraga ana ing panggung, saengga awake dhewe bisa weruh wujud caritane langsung. Katelu, drama yaiku carita kang ngemu perkara ana ing panguripane manungsa, lan dipentasake awujud pacelathon lan polah akting ana ing ngarepe penonton.

1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

  • Upload
    vandiep

  • View
    411

  • Download
    1

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 1

1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN

STRUKTUR DRAMA

HAKIKAT DRAMA

Apa panjenengan nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis

nate krungu tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi

kelingan salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama

kuwi asring digambarake minangka pentas ana ing panggung hiburan.

Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung

sandiwara. Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung

sandi ngemu teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa

ajaran”. Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang

diajarake kanti cara sesidheman.

Ana ing padinan, awake dhewe asring weruh wujud sandiwara sing ana

ing sakupenge dhewe. Kayata sandiwara kang disiarake ana ing radio, sandiwara

ana ing TV, sandiwara kang dipentasake dening para bocah-bocah sekolah,

sandiwara ing saben pentas kanggo mengeti dina Ambal Warsane Kamardhikan

Republik Indonesia, lan liya-liyane.

Miturut Harymawan, ana ing buku Dramaturgi (1988: 1), tembung drama

asale saka basa Yunani, draomai, kang ngemu teges tumindak. Saka pengerten

kuwi Herymawan gawe pengertene tembung drama dadi telung perangan.

Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak, lan kabeh bab kang

ana ing pagelaran lan bisa narik kawigaten, kadigdayan lan uga kuwating rasa

para pamirsa lan uga sing padha ngrungokake. Kapindho, drama yaiku urip

padinan kang digambarake mawi polah ana ing panggung. Menawa carita ing

buku awake dhewe kudu migunakake bayangan utawa fantasi, ing drama kabeh

carita digambarake mawi akting para paraga ana ing panggung, saengga awake

dhewe bisa weruh wujud caritane langsung. Katelu, drama yaiku carita kang

ngemu perkara ana ing panguripane manungsa, lan dipentasake awujud

pacelathon lan polah akting ana ing ngarepe penonton.

Page 2: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 2

Saliyane tembung drama, awake dhewe uga nate krungu tembung teater.

Mbok menawa kowe nate weruh pentas teater, banjur antawis drama lan teater

kuwi apa ngemu teges kang padha?

Miturut Harymawan (1988: 2), teater saka segi etimologis ngemu teges

gedhung kanggo papan pamentasan. Pengerten kang luwih amba, teater yaiku

sekabehe wujud tontonan kang digelar ana ing ngarepe wong akeh, kayata

wayang wong, kethoprak, srandul, ludruk, lan sapanunggalane. Ana ing

pangerten kang luwih ringkes, teater ngemu teges carita uripe manungsa kang

dipentasake, ditonton dening wong akeh, kanti wujud pentas mawi dialog,

obahing awak, akting, kanti utawa tanpa dekor (layar lan sapanunggalane), lan

sumber caritane linandhesan saka naskah sastra, kanti utawa tanpa swara

gendhing lan jejogedan.

Kanti lumakuning wektu, tembung drama lan teater kala-kala uga ngemu

teges kang padha. Mula awake dhewe asring nemu ukara nonton pagelaran

drama utawa nonton pagelaran teater.

STRUKUR NASKAH DRAMA

Sinau bab drama bisa ditilik saka rong aspek, yaiku aspek literer

(sastra) lan aspek teateral. Aspek literer bisa disinau linandhesan konvensi

literer, yaiku disinauni saka strukture kang arupa wosing carita, amanat, alur,

setting, konflik, lan dialog utawa pacelathon. Wondene aspek teateral utawa

teatrikal bisa disinauni linandhesan konvensi teater kang arupa naskah lakon,

produser, sutradara, paraga, kerabat panggung lan uga penonton. Umume

luwih bisa dititik minangka panandhaning lan uga teknik pagelaran. Wondene

aspek literer umume bisa ditilik saka struktur naskah lakone (Satoto, 2012).

Kajian saka aspek struktural ngemu ancas kanggo mbedhah lan

njlentrehake kanti titis rumakete kabeh unsur lan aspek sastra kang ngasilake

makna kang amba. Kajian saka analisis struktural dudu prakara babagan pira

akehe unsur kang mbangun, nanging apa kang bisa diasilake saka unsur

Page 3: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 3

drama kasebut marang pemaknaan kang amba ana ing rumakete unsur kuwi

(Teeuw, 2013).

Ana ing perangan iki, bakal dijlentrehake unsur-unsur kang ana ing

drama kanti ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.

1. Plot utawa Rangka Carita / Alur.

Plot utawa rangka carita utawa alur yaiku lumakune carita ana ing

sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara

antawis rong paraga kang beda. Anane prakara kadadeyan saka anane watak

saka paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya gedhe tekan

pungkasan kang diarani titik klimaks. Bubar saka klimaks jalinan carita

umume tumuju ing wusananing carita.

Gustaf Freytag ana ing bukune Herman J. Waluyo (2002) aweh

katrangan umume jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.

a. Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para panyimak

drama ditepangake marang para paraga kang ana ing carita lan uga

kepiye watake para paraga kasebut.

b. Komplikasi utawa wiwitan jumedhule prakara.

c. Klimaks utawa puncaking prakara

d. Resolusi utawa pungkasaning prakara

e. Denoument utawa dudutaning carita

Wondene plot ana ing drama kaperang dadi telu, yaiku :

a. Sikuler, yaiku carita kang isine amung sak prakara

b. Linier, yaiku carita runtut saka A-Z

c. Episodik, yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana

ing pungkasaning carita.

Penulis nalika lagi proses gawe naskah drama, plot bisa diperang

awujud babak utawa adegan. Babak kang beda uga ngemu setting wektu lan

papan panggonan kang uga beda. Ana ing bab plot carita kudu tansah

Page 4: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 4

digatekake menawa lumakune carita ora oleh kandheg ing tengah-tengah,

nanging kudu lumaku tumeka pungkasan carita. Ana ing bab iki, jalinan

carita kudu runtut wiwit awal tekan pungkasan lan uga ngemu sebab-akibat

kang cetha.

2. Paraga lan Watak

Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak.

Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana

ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur,

lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine.

Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang-pirang perangan,

kayata :

a. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.

1) Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune

carita. Umume ana siji utawa rong paraga protagonis, lan

direwangi dening paraga-paraga liya kang uga nyengkuyung

lumakune carita.

2) Paraga antagonis, yaiku paraga kang ora saiyeg marang

lumakune carita. Umume ana sak paraga lan paraga liya kang

watake lan kiprahe mbedani karo lumakune carita.

3) Paraga tritagonis, yaiku paraga kanggo aweh pitulungan

marang paraga protagonis utawa antagonis.

b. Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.

1) Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.

2) Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing

carita.

3) Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa

peran sampingan ana ing carita.

Para paraga kang dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa

digambarake ana ing telung dimensi (watak dimensional). Anggone

Page 5: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 5

nuduhake watak para paraga linandhesan saka kahanan awak, batin, lan

sosial (fisiologis, psikologis, lan sosiologis).

Para paraga sing disebutake ing dhuwur kudu nduweni watak. Watak para

paraga digambarake sajrone telung dimensi (watak dimensional). Gambaran kuwi

mau lelandhesan saka kahanan fisik, psikis, lan sosial (fisiologis, psikologis, lan

sosiologis).

a. Kahanan fisik

Sing kalebu kahanan fisik paraga yaiku: umur, lanang utawa wadon,

titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku bangsa, praenan,

kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.

b. Kahanan psikis

Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar

moral, temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan

emosine, lan sapanunggalane.

c. Kahanan sosiologis

Kahanan sosiologis paraga awujud kalungguhan/jabatan, pagawean, klas

sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.

3. Dialog (Pacelathon)

Titikan mligi sawijine drama yaiku naskahe awujud pacelathon utawa dialog.

Nalika ngripta pacelathon iki, pangripta kudu nggatekake kanthi premati pacelathone

para paraga sajrone urip padinan. Pacelathon sing ditulis dening pangripta naskah

drama yaiku pacelathon sing bakale diucapake lan kudu patut diucapake ana sajrone

pentas ing ndhuwur panggung. Gambaran pentas ing ndhuwur panggung mujudake

mimetik (rerekan) saha kahanan urip padinan, mula dialog kang ditulis uga dadi kaca

benggala pacelathon ing padatan.

Ragam basa sajrone pacelathon para paraga drama mujudake basa lesan kang

komunikatif lan dudu ragam basa tulis. Bab iki kadadeyan amarga drama mujudake

potret kasunyatan. Drama yaiku kasunyatan sing dipentasake.

Page 6: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 6

Saliyane ing babagan ragam, diksi kudu dipilih jumbuh karo dramatic-action

saka plot kasebut. Diksi gegayutan karo irama lakon, tegese dawa-cendheke

tetembungan sajrone pacelathon merbawani marang konflik kang diemban dening

lakon.

Pacelathon uga kudu duwe sipat estetis, tegese nduwe kaendahan basa.

Kadhang kala uga diajab supaya nduweni sipat filosofis lan bisa merbawani

kaendahan.

Pacelathon uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang diemban.

Watak saka tintingan psikologis, sosiologis, uga fisiologis bisa disulihi dening

pacelathon kasebut.

4. Setting/Landhesan/Panggon Prastawa

Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita.

Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu

menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting biasane dumadi saka telung

dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu.

Setting tempat nduwe gegayutan karo panggon ing ngendi prastawa kasebut

kadadeyan. Umpamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing Surabaya lan

sapanunggalane.

Setting ruwang awujud prastawa nalika pentas kasebut dumadi. Umpamane

ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan sapanunggalane.

Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi.

Umpamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga

gegayutan karo dimensi kang luwih amba, umpamane dina, sasi, taun, lan

sapanunggalane.

5. Tema/Nada Dasar Crita

Page 7: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 7

Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema nduwe

gegayutan karo premis saka drama kasebut lan nduwe gegayutan uga karo nada dasar

saka sawijine drama lan sudut pandang sing diandharake dening pangriptane.

Satoto (2012) ngandharake sarat-sarat tema sajrone drama. Ing antarane sarat-

sarat kasebut, sing kalebu sarat utama yaiku:

a. Ora congkrah karo falsafah nagara (Pancasila).

b. Ora congkrah karo UUD 1945 lan aturan-aturan kang lumaku.

c. Ora ndiskreditake utawa nyinggung salah sijine agama, aliran kapitayan,

utawa adat istiadat sing diakoni nagara, sarta norma-norma susila.

d. Njupuk prakara utawa dredah saka lingkungane dhewe.

e. Menehi panglipur lan mumpangat.

f. Prakara utawa dredah kang diangkat wigati.

g. Menehi motivasi kang positif.

h. Nduweni sipat pembaharuan.

i. Bisa digunakake kanggo sarana terapi sosial.

j. Nduweni sipat reseptif.

k. Mimbuhi daya imajinasi lan apresiasi.

l. Duwe landhesan utawa paugeran tartamtu.

m. Nduweni sipat operasional.

n. Bisa diukur utawa dibiji.

6. Amanat/Kekarepan Pengarang

Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang lumantar

naskah utawa lumantar pamentasane.

Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal diandharake diprebawani

dening maneka babagan, yaiku:

a. Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha apa amanate.

b. Sajrone pamentasan, paraga pentas bisa ngandharake amanat marang

pamirsa kanthi cetha wela-wela.

c. Pamirsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing

pamentasan kanthi becik.

Page 8: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 8

7. Petunjuk Teknis

Sajrone naskah drama dibutuhake uga petunjuk teknis, kang uga asring

diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani tokoh, wektu,

swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan

sapanunggalane. Teks samping iki biasane ditulis nganggo tulisan kang beda saka

dialog (umpamane kanthi aksara miring utawa aksara murda kabeh). Petunjuk teknis

sing pepak bakal nggampangake sutradara sajrone penafsiran naskah.

B. Rangkuman

1. Drama yaiku gabungan syair lan prosa sing dikarepake/kaajab bisa gambarake

bebrayan lan watak liwat tindak tanduk (peran) utawa dialog sing dipentasake.

2. Drama kasusun saka maneka warna unsur kang kasebut struktur. Sing kalebu

struktur drama antarane; plot, paraga, dialog (pacelathon), setting/landhesan,

amanat/piweling lan petunjuk teknis.

2.STRUKTUR DRAMA PANGGUNG

Kaya kang wis dijlentrehake ing dhuwur, menawa drama iku ngemu rong perkara,

yaiku naskah drama lan drama panggung (drama kang dipentaske). Ngrembug

babagan drama ora uwal saka struktur utawa unsur-unsur drama panggung (drama

pentas).

Unsur-unsur drama panggung yaiku:

1) sutradara

2) paraga

3) penata panggung

4) penata lampu

5) penata busana

6) penata rias

7) penata musik

Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani tugas lan fungsi

saka saben unsur.

Page 9: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 9

1) Sutradara

Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama. Minangka pemimpin

kang tanggung jawab marang suksese pamentasan drama, sutradara kudu gawe

perencanaan pamentasan lan nglakoni pamentasan kasebut.

Gambar 1. Sutradara lagi mimpin gladhen

(dokumentasi penulis)

Sutradara duwen tugas kang akeh lan duweni tanggung jawab kang abot.

Sutradara kudu bisa milih naskah, nemtokake penafsiran naskah, milih paraga,

nggladhi paraga, gotong royong karo kabeh elemen pamentasan lan bisa

ngrangkul kabeh bageyan.

Sutradara kudu bisa ngayahi kabeh kewajibane kanthi cermat, amarga

mbok menawa pamentasan bisa kaleksanan kanthi apik sutradara minangka wong

sepisan sing bakal entuk pangalembana. Dene kosok balene menawa pamentasan

ora klakon kanthi apik, sutradara uga kang dadi sasaran kuciwane pamirsa

tumprap apa kang dipentasake.

Jejibahane sutradara ing antarane, yaiku:

a) Bisa milih naskah kang apik

Jejibahan kapisan saka sutradara yaiku milih naskah kang arep dipentasake.

Kawasisan sutradara anggone milih naskah minangka kawitaning sukses ing

pamentasan drama.

Page 10: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 10

Ana bab-bab kang kudu digatekake sutradara nalika arep milih naskah, yaiku:

1) tema kang jumbuh karo kaperluan pamentasan,

2) konflik kang landhep, kanthi ditandai plot sing gawe kaget lan dialog kang

mantep,

3) watak paraga ngandhut cecongkrahan kang bisa gawe konflik,

4) migunakake bas akomunikatif kang gampang diresepi,

5) duwe pepesthen kanggo pamentasan,

b) Bisa mangerteni warak para paraga crita

Wasise sutradara anggone "mbedhah" sawijining naskah penting banget. Kanthi

bisa mahami karakter paraga-paraga sing ana ing naskah, sutradara bakal bisa

menehi gambaran marang paraga babagan kaya apa watak/sipat sing kudu

diduweni lan dilakokake dening saben paraga.

c) Bisa nemtokake paraga kanthi leres lan trep

Nemtokake paraga kuwi kudu ngati-ati. Sarat-sarat kang kudu diduweni paraga

yaiku postur, watak, lan piyandele bab akting.

d) Bisa nglatih para paraga

Kawasisan sutradara bab ngatih para paraga dadi bab kang wigati kanggo suksese

paraga maragakake perane, amarga, menawa nglatih paraga kuwi, sutradara kudu

bisa maringi tuladha. Mila sutradara uga bisa diarani aktor kang wegig.

e) Bisa tembayat karo kabeh panyengkuyung pamentasan

Sutradara kudu bisa tembayatan karo kabeh sing nyengkuyung ing pamentasan,

kayata pranata rias, pranata musik, pranata lampu, pranata panggung, pranata

busana lan liya-liyane. Menawa arep gawe kaputusan apa wae, sutradara kudu

mawartakaken karo panyengkuyung pamentasan.

f) Bisa makarya karo kabeh panyengkuyung pamentasan

Tugas sutradara sing pungkasan yaiku bisa ngoordinasi karo kabeh

panyengkuyung pamentasan. Senadyan ing saben bagiyan pamentasan wis ana

sing tanggung jawab, nanging sing mimpin kudu sutradara. Amarga mangkono

mau sutradara kudu bisa dadi patuladhan lan panutan kabeh panyengkuyung sing

kadhapuk ing pamentasan.

Page 11: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 11

2) Paraga

Aktor (paraga putra) utawa aktris (paraga putri) yaiku pawongan kang kadhapuk

dadi tokoh sing katulis sajroning naskah. Supaya bisamaragakake kanthi becik

paraga kudu dipilih kanthi pener lan trep. Paragane kuwi ora kudu bagus utawa

ayu, ananging sing wigati paraga kuwi bisa maragakake kanthi becik.

Tugase para paraga yaiku:

1) bisa mujudake konsep peran sing ditemtokake sutradara adhedhasar tafsiran

naskah.

2) bisa ngembangake tafsiran naskah kanggo diparagakake ing pamentasan.

3) bisa nyambut gawe bebarengan karo paraga liyane lan kabeh

panyengkuyung pamentasan.

3) Pranata Panggung

Panggung yaiku papan panggonan pentas utawa arena kanggo pentas drama.

Biasane panggone ing panggonan lenggahe penonton lan luwih dhuwur saka

kursi penonton. Uga ana panggonan pentas sing luwih ngisor utawa sejajar karo

penonton, ananging penggonane penonton ditata kaya mangkono saengga bisa

ningali lakone pentas kanthi apik lan ora keganggu anggone nonton.

Pakaryane wong nata panggung yaiku gawe utawa nata panggung amrih

panggung bisa nggambarake papan panggonan, wektu, saha kahanan kedadeyan

salah sawijining prastawa. Kerep dumadi owah-owahan kang dadakan ana ing

salah sawijining pentas. Mula ana ing pentas uga dituntut panggung kang beda

panggonan, wektu, lan kahanane. Tegese, kanthi kahanan kang kaya mangkono

panggung kudu diowahi kanthi cepet dening panata panggung.

Pranata panggung biasane manut karo apa sing ana ing naskah. Ananging,

senadyan manut, kanthi ide kang kreatif penata panggung dikeparengake

ngurangi, nambahi, uga ngowahi panggung. Anggone ngowahi panggung iki ya

kudu gawe luwih apik lan ora gawe pertentangan karo gambarane kang ana ing

naskah..

Tata panggung butuhake komposisi kang trep. Komposisi kang trep bisa

gawe kaendahan. Kaendahan panggung kuwi kang jumbuh karo kedadean kang

Page 12: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 12

bakal bisa gawe atmosfir utawa kahanan pentas kang luar biasa. Amarga penting

banget penataan panggung kuwi, mula biasane pawongan kang dadi tukang tata

panggung duweni jiwa seni saha bisa nata komposisi kanthi prasaja.

Gambar 2. Pranata Panggung

(dokumentasi penulis)

Nalika nata panggung, tukang nata panggung kudu asring rembugan karo

para paraga. Bab kuwi duweni ancas amrih panggung kang wis ditata kaya

mangkono mau ora ngganggu obahe paraga nalika berekspresi. Pawongan kang

nata panggung uga kudu asring konsultasi karo sutradara. Arep kepriye wae

konsep kang dikarepke sutradara kudu bisa diterjemahke dening penata

panggung.

4. Pranata Lampu

Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing

dhuwur panggung. Amarga kuwi nata lampu duweni peranan penting karo tata

panggung. Tuladhane panggung kang nggambarake kahanan ing tengah alas, mila

pawongan kang nata lampu kudu bisa nata sorote lampu saengga panggung kuwi

wis kaya dadi alas tenanan.

Page 13: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 13

Menawa kanthi cara gawe sureme lampu utawa nata sorote lampu saka

dhuwur kaya cahyane rembulan kang nrabas. Nata cahya ana ing dhuwur

panggung pancen kudu ditrepake karo kahanane panggung kang digambarke.

Cahyane wengi mestine beda karo kedadean ing panggung nalika isuk utawa

awan.

Tatanan lampu biasane nggunakake piranti kang diarani spot light, yaiku

kaya kotak kang duweni lensa kang isine lampu atusan watt. Yen diurupake

lampune nyorot padhang banget menyang sak panggonan. Lensane bisa diatur

padhang orane jumbuh karo keperluan. Biasane wernaning lampu bakal ditrepake

karo kahanan kang dikarepake.

Kahanan iku ora dadi perkara amarga werna lampu bisa diganti-ganti.

Carane ngganti werna yaiku kanthi nutupi lensa mau nganggo kertas kaca kang

werna-werna. Tuladhane kertas kaca kang wernane abang, mengko cahyane uga

dadi werna abang lan sateruse. Ana ing ngisor iki tuladhane warnaning lampu lan

filter kang digunakake ana ing pentas.

Gambar 3. Tatananan lampu ing panggung

(dokumentasi penulis)

5. Pranata Busana

Page 14: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 14

Pranata busana yaiku wong kang duwe jejibahan ngatur lan nemtokake

busana para paraga. Tata busana kudu jumbuh karo karakter paraga. Karakter lan

watak paraga bisa katon saka tata busanane. Tuladhane, salah sawijining paraga

kadhapuk minangka dhokter. Pranata busana kudu bisa gawe busana/kostum

paraga mau supaya katon minangka dadi paraga dhokter.

Kanggo nemtokake busana utawa kostum, pranata busana kudu tansah

rembugan karo sutradara. Becike pranata busana lan sutradara kudu asring

diskusi/rembugan supaya oleh gambaran busana/kostum kang trep tumrap para

paraga.

Gambar 4. Saperangan jenis kostum (ageman)

(dokumentasi penulis)

6. Pranata Rias

Pranata rias utawa perias duwe jejibahan ngrias utawa maesi paraga

supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diperanake. Apa sebabe paraga

kudu dirias? Paraga kudu dirias supaya watak/karakter paraga bisa pas lan

praupane paraga ora katon pucet nalika disorot lampu saka dhuwur panggung.

Tuladhane ing pamentasan ana ing sekolah menengah, paraga mesthi isih enom.

Supaya paraga mau bisa katon tuwa kudu dirias, amarga dheweke meranake

paraga wong tuwa.

Page 15: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 15

Prakara rias mau dadi tugase pranata rias. Pranata rias bisa ngecat

rambute para paraga supaya katon putih kaya uwanen. Pranata rias uga bisa gawe

praupane paraga dadi katon luwih tuwa kanthi cara diwenehi kerutan-kerutan ing

pasuryane. Jinising alat sing dinggo ngrias akeh banget, tuladhane; wedhak,

lipstik, bubuk saka areng, pensil alis, rambut palsu, cat rambut, lem, brengos

palsu las sapanunggalane.

Kajaba duwe raos seni sing mirunggan pranata paes uga kudu cepet/cak-cek

anggone maesi amarga paraga sing dirias akeh. Kamangka ngrias siji paraga wae

butuh wektu sing dawa lan kudu teliti. Salah sithik wae bisa gawe masalah

tumrab paraga.

Nalika nindakake jejibahane, perias kudu tansah komunikasi karo pranata

busana. Bab iki wigati banget, amarga perias lan pranata busana kudu gawe

karakter paraga sing dikarepake.

7. Pranata Musik

Pranata musik duwe jejibahan gawe musik pangiring supaya gawe

regenging swasana ing pamentasan. Musik utawa gendhing uga kudu bisa

mancing lan ngetokake emosine paraga, tuladhane paraga sing lagi meranake

suasana susah bisa dadi tambah susahe nalika diiringi dening musik utawa

gendhing sing nrenyuhake, tuladhane alat musik sing bisa gawe suasana susah

yaiku suling utawa biola. Paraga bisa nangis amarga krungu suara-suara musik

mau. Musik utawa gendhing mau wigati banget kanggone para paraga, mula kudu

ana komunikasi kang becik antarane paraga karo pranata musik supaya paraga

bisa ngetokake emosi sing dikarepake.

Kajaba tansah komunikasi karo paraga, pranata musik uga kudu

komunikasi karo sutradara. Babagan kuwi diperlokne supaya antaraning musik

karo swasana adegan bisa jumbuh lan trep. Supaya ora ana anggepan menawa

musik kuwi mung kanggo patut-patut wae, ananging musik utawa gendhing bisa

gawe owahing suasana ana ing pamentasan lan bisa dadi rohing pamentasan

kasebut.

Page 16: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 16

Amarga musik duwe gegayutan karo suara lan piranti musik, mula

pawongan sing dadi pranata musik kudu bisa nemtokake musik pangiring sing

cocog karo adegan. Akeh kadadeyan wong kang dadi pranata musik kudu gawe

musik dhewe supaya bisa gawe swasana sing pas lan trep karo sawijining adegan.

Kajaba musik pangiring, pranata musik uga butuhake penyanyi, penyanyi

mau bisa lanang bisa wadon manut karo butuhe. Amarga gayut karo swara mula

penyanyi kudu duweni swara sing becik.

Alat-alat sing dibutuhake pranata musik maneka warna jinise, ana sing

elektronik ana uga sing akustik miturut kebutuhan pamentasan. Tuladhane yaiku;

gitar, kendhang, biola, ketipung, bedhug, drum, keyboard, kaset, CD,

kenthongan, jimbe lan sapanunggalane.

Swara musik kadhangkala uga butuh soundsystem nalika dipentasake ana

ing ruangan utawa papan sing jembar, nanging menawa dipentasake ana ing

ruangan sing cilik ora prelu nggunakake soundsystem.

A. Rangkuman

1. Struktur drama panggung beda karo struktur naskah drama. Struktur drama

panggung yaiku perangan-perangan kang dibutuhake drama nalika dipentasake

ana ing dhuwur panggung.

2. Sing kalebu struktur drama panggung yaiku; sutradara, paraga, penata

panggung, penata lampu, penata busana, penata rias lan penata musik.

3. Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama.

4. Paraga yaiku pawongan kang kadhapuk dadi tokoh sing ditulis ana ing naskah.

5. Penata panggung yaiku wong kang nata panggung amrih bisa gambarake papan

panggonan, wektu, saha kahanan, kedadeyan salah sawijining prastawa.

6. Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing dhuwur

panggung.

7. Pranata busana yaiku pawongan kang duweni tugas ngatur lan nemtokake

busana ing wektu pentas.

Page 17: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 17

8. Pranata rias yaiku pawongan kang duweni jejibahan ngrias utawa ndandani

paraga supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diperanake.

9. Pranata musik yaiku pawongan kang duweni jejibahan gawe musik pangiring

supaya gawe regenging swasana ing pamentasan.

3. APRESIASI DRAMA

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, apresiasi kuwi nduwe teges kesadaran

terhadap nilai seni dan budaya; penilaian (penghargaan terhadap) sesuatu.

Saka teges ing nduwur mau, ana ing materi iki panjenengan diajak ngapresiasi

sastra, mligine drama. Wujude apresiasi iki mengka ana loro kegiatan. Sing kapisan

ngapresiasi naskah drama, lan sing kapindho yaiku ngapresiasi pamentasan drama.

APRESIASI NASKAH DRAMA

Apresiasi tumrap naskah drama yaiku ngandharake apa-apa wae sing dadi perangan

utawa unsur-unsur naskah drama mau.

Unsur-unsur naskah drama ing antarane yaiku:

1. Plot utawa cengkorongan crita. Plot yaiku urutan dalaning crita utawa

cengkorongan crita wiwitan nganti pungkasan sing ngemot prekara antarane

paraga cacah loro sing ora padha kekarepane. Jinise alur ing drama yaiku ana alur

maju, alur mundur lan alur campuran.

2. Penokohan utawa perwatakan. Perwatakan yaiku watak utawa karakter sing di

nduweni dening para paraga ing sajroning drama. Ana telu klasifikasi paraga

yaiku: 1) paraga protagonis yaiku paraga sing nyengkuyung crita; 2) paraga

antagonis yaiku paraga sing nentang crita; lan 3) paraga tritagonis yaiku paraga

pembantu.

3. Dialog (pacelathon). Dialog utawa pacelathon yaiku tembung-tembung utawa

ukara-ukara sing diucapake dening para paraga.

4. Setting (latar). Setting uga diarani latar crita, yaiku panggonan, ruwang lan

wektu. Uga ana sing mantha latar dadi panggonan, wektu lan kahanan nalika

kedadean ing drama iku.

Page 18: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 18

5. Underan (tema). Underan yaiku gagasan pokok ing ana ing sajroning crita.

6. Amanat. Amanat yaiku pesen sing ana ing sajroning naskah drama kasebut.

7. Petunjuk teknis. Petunjuk teknis bisa disebut kanthi istilah teks samping, yaiku

teks sing ana ing naskah drama fungsine kanggo menehi petunjuk teknis ngenani

paraga, wektu, suasana pentas, suwara, musik, mlebu metune paraga, seru lan

orane dialog, warna suwara lan sakpiturute. Teks samping padatan katulis kanthi

aksara sing dimiringake utawa kacitak kandel.

Wacananen tuladha naskah drama kang prasaja ini ngisor iki!

TANSAH ANA DALAN

Dening: Budi Waluyo

Ing nduwur panggung. Setting ana ing ruwang tamu kang prasaja.

Ana sak set meja kursi kayu. Neng nduwur meja tamu mau, ana kembang sing digawe

saka plastik daur ulang. Sanajan bekas, ananging kembang mau katon seger lan penak

disawang.

Ana ing nduwur panggung mau, katon Pak Kardi lan Bu Kardi sing sajak bingung.

Praupane kethok pucet lan kebak was sumelang. Bu Kardi bola-bali ngadeg banjur

lungguh meneh. Dene Pak Kardi mlaku wira-wiri karo bola-bali kukur-kukur sirah.

Musik keprungu nggrantes lan nelangsa.

Pak Kardi :

Piye ya Bu? Awake dhewe kudu menehi wangsulan apa nek Danang mengko takon

meneh?

Bu Kardi :

Lha yo embuh Pak, aku uga bingung kok.

Pak Kardi :

Lha yo Bu. Bejane awake dhewe, dadi wong kang sarwa kecingkrangan. Anak njaluk

sekolah wae,awake dhewe bingung olehe nuruti.

Bu Kardi :

Page 19: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 19

Iya Pak. Gek Danang kae pengine olehe kuliah yo tenanan. Dasare bocahe sregep,

sregep lan pinter. Ora tega aku Pak, nek ora bisa nuruti penjaluke.

Pak Kardi :

Lha iya tho. Apa tak golek utangan nggone Pak Bayan ya Bu?

Bu Kardi :

Owalah Pak. Apa ora pekewuh? Utang sing mbiyen wae olehe nyicil durung rampung.

Mosok arep utang meneh?

Pak Kardi :

Lha njur kepiye?

Bu Kardi :

Lha embuh..

(Bu Kardi wangsulan kanthi nglokro. Sajake wis kelangan pangarep-arep).

Pak Kardi :

Apa saklawase uripe dhewe bakal kaya ngene terus ya Bu?

Bu Kardi :

Maksudmu piye Pak?

Pak Kardi :

Ngene lho Bu. Awake dhewe iki, kawit mbiyen, wiwit saka nikah, nganti yahmene.

Nduwe anak loro. Danang wis kelas 3 SMA. Siti adike wis kelas 2 SMP. Uripe dhewe

kok tansah kurang terus. Kanggo nyukupi butuh, utang kono kene. Adol barang kanggo

nyukupi bayaran sekolah bocah-bocah. Apa ya uripe dhewe arep kaya ngene terus?

(Bu Kardi nyedhak Pak Kardi karo ngelus-ngelus pundhake bojone kuwi)

Bu Kardi :

Sing sabar ya Pak. Awake dhewe aja nganti nglokro.

Pak Kardi :

Iya Bu. Aku ora nglokro kok. Mula aku nduwe pengarep-arep, supaya Danang bisa

sekolah sing duwur. Ben uripe Danang besok bisa luwih mulya ketimbang awake dhewe.

Lha, nalika wingi Danang matur aku nek deweke pengin kuliah,aku ya sarujuk banget.

Nanging bareng mikir babagan ragat,aku kok malah dadi mumet. Duit saka ngendi coba

Bu?

Bu Kardi :

Page 20: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 20

Lha iya tho Pak. Aku ya melu bingung.

Nalika Pak Kardi lan Bu Kardi isih pada bingung, Danang, anake teka saka sekolahan.

Danang :

Assalamu’alaikum Bapak Ibu..

Pak & Bu Kardi:

Wa’alaikumsalam..

Pak Kardi :

Wis bali Le?

Danang :

Sampun Pak. Pa, Bu.. Kula badhe matur. Bilih kula ketampi anggen kula ndaftar kuliah.

Wonten ing pawiyatan luhur negeri. Kula ketampi wonten jurusan kedokteran Pak.

Alhamdulillah..

Bu Kardi :

Dokter Le.. Suk kowe bisa dadi dokter? Alhamdulillah..

Danang :

Hehehe.. Tasih dangu Bu, angsale dados dokter. Nggih kuliyah rumiyin ngantos

rampung.

Pak Kardi :

Bapak seneng banget Le, kowe bisa ketampa ana ing jurusan sing apik lan mbok senengi.

Nanging..

Danang :

Nanging menapa Pak?

Pak Kardi :

Nanging, Bapak lan ibumu ora nduwe duit kanggo ngragati kuliyahmu Le. Kowe lak

ngerti dhewe tho, Bapak lan ibumu mung buruh tani. Hasile mburuh mung cukup kanggo

urip sakbendinane wae. Banjur kanggo nyukupi mbayar kuliyahmu mau, duit saka

ngendi tho Le?

Danang :

Bapak kaliyan ibu mboten usah was sumelang. Kula ketampi kuliyah menika kanthi jalur

bidikmisi kok. Jalur bidikmisi menika, nampi mahasiswa ingkang kekirangan, ingkang

Page 21: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 21

mlarat, ananging gadhah prestasi. Mangke kuliyahe gratis Pak. Mboten bayar. Malah

mangke sakben wulanane angsal arto tambahan kangge mbantu kuliyah.

Bu Kardi :

Masya Allah? Gratis Le? Kuliyah ora mbayar? Malah isih ditambahi duit sangu?

Danang :

Inggih Bu..

Pak & Bu Kardi:

Alhamdulillah..

Pak Kardi :

Alhamdulillah Le.. Beja banget uripmu..

Danang :

Inggih Pak. Nanging kula kedah sregep,supados biji kula sae lan angsal kula kuliyah

saget rampung tepat waktu. Syukur-syukur langkung cepet rampungipun..

Bu Kardi :

Iya Le, berarti kowe kudu luwih sregep anggonmu sinau ya..

Danang :

Inggih Bu,siyap..

Pak Kardi lan Bu Kardi sing ndek mau praupane katon bingung lan nglokro,sakiki katon

sumunar, bungah lan padang.

Musik ing panggung muni. Musik sing kebak kabahagiyan.*

Cuthel

Kegiatan Apresiasi Naskah Drama

Sakwise panjenengan maca naskah drama kang prasaja ing duwur mau, sakiki temtokna

perangan-perangan utawa unsure-unsur drama yaiku:

1. Plot utawa cengkorongan crita

2. Penokohan utawa perwatakan

3. Dialog (pacelathon)

4. Setting (latar)

5. Underan (tema)

6. Amanat. Amanat

Page 22: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 22

7. Petunjuk teknis

APRESIASI DRAMA PANGGUNG

Apa panjenengan wis nate nonton pamentasan drama ana ing panggung?

Perangan-perangan kang ana ing drama panggung beda karo perangan-perangan kang

ana ing naskah drama.

Perangan-perangan kang ana ing drama panggung yaiku: sutradara, paraga,

pranata panggung, pranata lampu, pranata rias, pranata busana lan pranata musik.

Ana ing kalodangan ini, panjenengan bakal diajak ngapresiasi pementasan drama

tradisional jawa, yaiku kethoprak. Coba tontonen pamentasan kethoprak saka rekaman

iki.

REKAMAN KETHOPRAK

Kegiatan Apresiasi Drama Panggung

1. Saka pamentasan kethoprak sing panjenengan tonton kuwi, terangna apa

underan (tema) lan amanat (pesen) kang pengin disampekne!

2. Miturut panjenengan, kepriye anggone sutradara ngatur pamentasan?

3. Kepriye musik utawa gendhing kang kanggo ngiringi pamentasan? Wis becik

apa durung?

4. Kepriye kiprahe para paraga anaing nduwur panggung? Jlentrehna kekurangan

lan kaluwihane!

5. Kepriye anggone pranata panggung, pranata busana lan pranata rias nindhakake

jejibahane? Apa wis trep lan pener? Coba jlentrehna kanthi patitis!

Page 23: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 23

4. NYAMEKTAKAKE PAMENTASAN DRAMA TRADISIONAL KANTHI

MBENTUK TIM PRODUKSI LAN TIM PANGGUNG

Ana ing bab sing pungkasan iki, materi kang disinau yaiku nggelar pamentasan

tradisional. Kanggo nggelar pamentasan iki ana babagan kang kudu disiapke. Apa ta sing

kudu disiapke sakdurunge nggelar pamentasan sandiwara? Mangga, kita sinau

sesarengan!

Bab-bab sing kudu disiapke.

1. Tim Produksi

2. Tim Panggung

Mangga disiapke siji mbaka siji.

1. Tim Produksi

Sakdurunge pamentasan sandiwara digelar, kudu disiapake babagan-babagan

kang diperlokne. Babagan iki kudu disiapke supaya pagelaran bisa kaleksanan kanthi

becik. Bab sing kudu ana yaiku dibentuk panitia penyelenggara.

Panitia penyelenggara duwe tugas yaiku nyiapake sarana-sarana kang diperlokne

kanggo pagelaran kasebut. Babagan-babagan iku ing antarane milih panggonan kanggo

pentas, pendanaan, publikasi, transportasi lan liya-liyane kanggo ndukung lumakune

pamentasan. Kang kalebu panitia penyelenggara yaiku:

a. Penasihat (yen diperlokne) : jejibahane yaiku menehi pamrayoga amrih

becike pentas

b. Ketua panitia : jejibahane yaiku ngaturi lumakune kabeh

gaweyan sing kudu diemban kabeh anggota

panitia lan duwe tanggung jawab kabeh

lumakune pamentasan

c. Sekretaris : jejibahane yaiku mbiyantu ketua panitia ing

babagan administrasi kegiatan pamentasan

kasebut kayata surat menyurat lan nyathet

Page 24: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 24

kabeh rencana lan kegiyatan ing saben rapat

panitia

d. Bendahara : jejibahane gegayutane karo babagan

prabeya dan administrasine.

e. Seksi-seksi : jejibahane langsung ana ing bidange dhewe-

dhewe.

Seksi panitia terdiri dari :

1) Seksi dana : bidang pendanaan biasane golek dana saka

sumbangan donatur lan sponsor

2) Seksi acara : bidang acara pertunjukan yaitu nyusun acara ing

wektu pamentasan

3) Seksi publikasi : bidang publikasi yaiku gawe pengumuman lan

wara-wara bab ananing pamentasan. Biasane

awujud pamflet, liflet utawa publikasi lewat

radhio

4) Seksi dokumentasi : bidang dokumentasi yaiku gawe potret/video

saben prastawa sing dianggep perlu lan wigati.

5) Seksi konsumsi : bidang konsumsi yaiku nyiapake konsumsi sing

dibutuhkan kanggo pamentasan

6) Seksi transportasi : bidang transportasi yaiku nyedhiakne alat

transportasi kanggo kelancaran pamentasan

7) Seksi keamanan : bidang keamanan jejibahane ngamanake kabeh

mlakune pagelaran wiwit saka persiapan nganti

pamentasan paripurna.

2. Tim Panggung

Tim panggung iki nduweni kuwajiban nyiapke apa-apa kang dibutuhke ing

panggung. Sing diarani panggung yaiku kabeh sing ana gegayutane karo paraga pentas.

Sing kudu dileksanakne yaiku:

a) Nemtokake sutradara.

Page 25: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 25

Kanggo nemtokake sutradara kanggo pamentasan kasebut, kudu dipilih wong kang

pantes lan duwe kawegigan dadi sutradara. Bisa guru, kanca utawa pelatih sing

biasane nggladhi para anggota sandiwara.

b) Milih Naskah

Wong kang kapilih dadi sutradara mau enggal-enggal nemtokake naskah apa sing

arep dipentaske. Naskah sing arep dipentaske, paling ora kudu nduweni syarat yaiku:

nduweni kualitas, gampang dipentaske, nduweni pesan moral lan sosial sing apik,

migunani lan menghibur.

c) Milih Paraga

Sawise nemtokake naskah sing arep dipentaske, langkah sabanjure yaiku nemtokake

paraga. Paraga sing dibutuhke, cacahe kudu ditrepke karo naskahe. Paraga sing

kadhapuk kudu nduweni watak lan karakter sing dibutuhke kanggo pentas.

c) Ndapuk tim artistik panggung

Tim artistik panggung nduweni tugas gawe kabeh pranata panggung sing dibutuhke

wektu pentas. Sing dibutuhke yaiku setting panggonan lan nata lampu.

d) Ndapuk tim pranata busana (kostum) dan pranata rias

Tim iki nyiapke kabutuhan kostum lan rias para paraga. Kostum lan rias kudu

ndukung karakter lan watak para paraga.

e) Ndapuk tim pranata musik

Pranata musik nduweni kewajiban nyiapke musik utawa gending kanggo ngiringi

adegan pamentasan. Musike bisa saka rekaman utawa musik langsung.

Proses utawa tataran Pentas

Proses utawa tahapan-tahapan sing kudu ditindhakne yaiku:

a. Bedah naskah

Ing wektu bedah naskah iki sutradara lan kabeh sing nyengkuyung pamentasan kudu

nafsirke utawa diskusi babagan isi naskah kasebut, sing arupa tema, amanat, setting

(latar), penokohan, artistik, kostum, lan musik.

b. Pengkastingan (milih paraga)

Page 26: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 26

Sutradara kudu nemtokake sapa-sapa wae sing dipilih dadi paraga. Paraga kang

dipilih kanthi pertimbangan paraga sing ditunjuk bisa merankan tokoh kanthi becik.

c. Gladhen/latihan

Ing babagan gladheniki, akeh banget sing kudu ditindhakke yaiku:

1. Maca naskah

2. Ngapalke naskah

3. Gladhen vocal (suara)

4. Gladhen karakter mimik (raut wajah)

5. Gladhen gesture (bahasa tubuh).

6. Gladhen ekspresi

7. Gladhen posisi (bloking)

8. Gladhen sakben babak

9. Gladhen meranake naskah kanthi utuh saka wiwitan nganti pungkasan.

Latihan kuwi mau dibolan-baleni, supaya kabeh paraga apal lan siap tumuju panggung,

supaya bisa pentas kanthi becik.

Kegiatan Nyamektakake Pentas Kang Prasaja

1. Coba panjenengan rancang rencana kegiatan pamentasan Drama!

2. Temtokna para paraga kang dadi panitia pamentasan banjur jlentrehna tugas-

tugase!

3. Coba goleka salah sawijining naskah sandiwara Jawa sing prasaja!

4. Temtokna sutradara lan paragane!

5. Temtokna prata musik lan pranata busanane!

6. Pentasna naskah sandiwara sederhana mau ana ing ngarep kelas!

7. Dhiskusikna asil pamentasan kasebut!

B. Rangkuman

1. Kanggo nyiapake pamentasan drama diperlokne tim produksi lan tim panggung.

Page 27: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 27

2. Tim produksi nduwe tanggung jawab ing babagan perijinan, surat-menyurat,

publikasi, prabeya (pendanaan) lan liya-liyane.

3. Tim panggung nduweni tanggung jawab nyiapake pamentasan ing nduwur

panggung.

4. Tim panggung lan tim produksi kudu bisa kerja bebarengan supaya bisa ngasilake

pamentasan sing becik.

Page 28: 1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN STRUKTUR DRAMA HAKIKAT DRAMAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31277/mod_label/intro...Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak,

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]

| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 28

DAFTAR PUSTAKA

A. Teeuw. 2013. Sastra dan Ilmu Sastra. Bandung: Pustaka Jaya

Budi Waluyo. 2009. Seni Teater untuk SMA. BSE

Budi Waluyo. 2016. Teori dan Kajian Struktur Drama. Surakarta: Kekata

Dede Pramayoza. 2013. Dramaturgi Sandiwara. Yogyakarta: Penerbit Ombak

Herman J. Waluyo. 2002. Drama Teori dan Pengajarannya. Yogyakarta: Hanindita

Graha Widya

R.M.A. Harymawan. 1988. Dramaturgi. Bandung: Rosda

Soediro Satoto. 2012. Analisis Drama & Teater. Yogyakarta: Penerbit Ombak