TEKS MC BAHASA

Embed Size (px)

Citation preview

TEKS MC BAHASA JAWAPosted on 16/04/2010 Assalamualaikum wr. wb.

- Wonten pangarsanipun Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah __________________________________lan sedoyo keluarga soho dzuriyahipun - Poro pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI ingkang tansah kawulo hormati, wabil khusus dumateng Bapak Bupati Wonosobo Bpk. Ahmad Naufa(hehe) - Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun Allah ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah minongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin. Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safaatipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin. Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken. Monggo adicoro pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun, keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah. Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan. Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi. Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah. Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan. Adicoro ingkang kaping gangsal Mauidlotul khasanah Adicoro ingkang kaping enem penutup kanti doa. Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaaken Monggo sesarengan acara Sewelasan Soho Penutupan Mujahadah Kholwat kito bikak mawi waosan ummul Kitab :

Kalajengaken adicoro inkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Quran soho Shalawat

Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe dipun astho dening __________________________ wekdal soho papan kito aturaken.. Kaljengaken adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah Tahlil ingkang bade dipun pimpin dening _________________________ wekdal soho papan kito aturaken. Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani Panitia ingkang bade dipun asto dening _________________________________________ wekdal soho papan kito aturaken. Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking ________________________________ wekdal soho papan kito aturaken. Hadirin-Hadirot rohimmakumulloh Kito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal Mauidlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade dipun asto dening ________________________________________________ dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken. Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnaninipun adicoro sewelasan soho penutupan mujahadah kholwat, saking kula sedoyo lepat awal tumugi akhir nyuwun agunging pangapunten. Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq Wassalamualaikum Wr Wb.

Protokol kreasi asli dari Abu Nayya Taineswe Kudus Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Alhamdulillahirobbil alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin, Wassholatu Wassalamu ala anbiyai wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main. La haula wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma badu. Ingkang kawulo hormati Sesepuh pinisepuh, Ingkang kawulo horamti shohibul bait Sederek. Sepindah, monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo ndalu puniko kito sami saget nderek hormat Maulidurrosul, kaleresan ndalu puniko wonten dalemipun Sederek kanti mboten wonten alangan setunggal punopo.Amin. Biqoulina AlhamdulillahiRobbil Alamin. Kaping kalehipun, sholawat salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafaatul Udma,amin Allahuma amin, biqoulina Allahuma Sholi ala Syaiyidina Muhammad Wa ala ali syayidina Muhammad. Sederek sedoyo ingkang kulo hormati, Keparing ing mriki kulo selaku Pranoto acoro, bade maosaken susunan Acoro ing ndalu puniko : Sepindah, Iftitahul Majlis. Kaping Kaleh, Waosan ayat-ayat suci Al Quran. Kaping Tigo, Waosan Al Berjanji lan Sholawat Nabi. Kaping Sekawan, Waosan Tahlil Istirahat acoro kaping Gangsal. Kaping Enem Sambutan-sambutan Kaping Pitu Pengumuman-pengumuman. Kaping Wolu Iftitamul Majlis. Monggo sareng-sareng, ing acoro sepindah puniko kito bika kanti waosan Ummul Kitab, mugi-mugi acoro ndalu puniko mlampah kanti sae mboten wonten alangan setunggal punopo. Alaniyah al Fatihah Acoro kaping kaleh inggih puniko waosan kalam illahi, ingkang dipun Waos dumateng SederekDumateng Sederek.wekdal soho panggenan kulo haturaken. Matur nuwun dumateng sederek mugi-mugi kanti waosan Kalam Illahi kolo wau, kito sedoyo pinaringanl syafaat Al Quran, amin Allahuma amin. Acoro kaping tigo nun inggih waosan Al Berjanji lan Sholawat Nabi, ingkang dipun waos dumateng Sederek.Dumateng Sederekwekdal soho panggenan kulo sumangga aken. Matur nuwun dumateng Sederek mugi-mugi kito sedoyo pinaringan Syafaat

Kanjeng Nabi Muhammad SAW mbenjing wonten ing Yaumil Kiyamah, amin Allahuma amin. Acoro kaping sekawan inggih puniko waosan Tahlil, ingkang dipun pimpin dumateng Sederek.Dumateng Sederekwekdal soho panggenan kulo sumangga aken. Matur nuwun dumateng Sederek mugi-mugi ahli kubur shohibul bait,lan ahli kubur kito sedoyo pinaringan jembar kuburipun, padang kuburipun, lan sedoyo kalepatanipun dipun ngapunten deneng Allah SWT, amin Allahuma amin. Acoro kaping Gangsal inggih puniko Istirahat. Sinambi menikmati hidangan ingkang wonten, acoro kito lajengaken. Acoro kaping Enem inggih puniko sambutan-sambutan. Sambutan sepindah sanking Shohibul Bait, ingkang dipun sampe aken dumateng Sederek. wekdal soho panggenan kulo sumangga aken. Dumateng sederek..kulo aturaken maturnuwun. Sambutan kaping kaleh sangking wakil Jamiyah Al Berjanji, ingkang dipun aturaken dumateng Sederek wekdal soho panggenan kulo sumangga aken. Dumateng sederek..kulo aturaken maturnuwun. Acoro kaping pitu inggih puniko Pengumuman- pengumuman, ingkang dipun sampeaken dening sederek.. wekdal soho panggenan kulo sumangga aken. Dumateng sederek..kulo aturaken maturnuwun. Acoro selajengipun inggih puniko penutup, monggo ing acoro puniko kito pungkasi kanti waosan surotul Fatihah, Alaniah Al Fatihah. Kulo selaku pranoto acoro nyuwun pangapunten ingkang katah, mbok bileh wonten kekhilafanipun anggen kulo matur, wiwit awal ngantos akhir. Wabillahit Taufiq wal Hidayah, Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.