Mc Acara Ibadat Memule

Embed Size (px)

Citation preview

ACARA IBADAT MEMULE Pambuka Kepareng matur dumateng Bapak, Ibu, umat, lingkungan Santo Adrianus Kumendaman, saha para tamu kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng dalu, berkah Dalem. Ing riki kula makili ......................... ngaturaken agenging panuwun, awit rawuh panjenengan sami, sampun kersa minangkani ingkang dados pinuwunanipun ......................... sakeluwarga. Dene dalu menika ......................... kagungan kersa mengeti kaleres ........ dinten swargi ......................... katimbalan ing Gusti. Pramila panjenengan kasuwun nyengkuyung krana ndherek ibadat ing dalu menika. Ibadat badhe dipun pandegani ........................., minangka prodiakon lingkungan Santo Adrianus Kumendaman. Dumateng ......................... kula sumanggaaken.

Panutup Bapak, Ibu, ibadat sampun kaleksanan, sepisan malih kula makili keluwarga ......................... ngaturaken agenging panuwun, awit panyengkuyung panjenengan wonten ing ibadat dalu menika. Mugi-mugi sukmanipun ......................... kepareng ngraosaken kamulyan langgeng, dene brayat ingkang tinilar tansah linuberan berkah katentreman, lan awit kasaenan panjenengan nampi nugrahaning Pangeran. Saklajengipun panjenengan kula aturi sumene sakwetawis mbokmenawi ing mangke kaaturaken unjukan saha daharan, kepareng ngresepi kanthi danganing penggalih. Mangke menawi sampun purna sedayanipun saha panjenengan kepareng badhe kondur, kula ndherekaken sugeng kondur mugi rahayu ingkang pinanggih. Pungkasaning atur, kula ingkang tinanggenah makili keluwarga ........................., mbok menawi pinanggih wonten kalepatan, inggih kiranging subasita punapa dene pangraciking basa, namung nyuwun samodra pangaksama. Sugeng lelenggahan. Makili Umat Kepareng matur dhumateng ......................... sakeluwarga. Nuwun sewu, kula sakmenika makili umat Santo Adrianus Kumendaman, pamundut panjenengan ingkang supados kula nyengkuyung ibadat dalu menika sampun kaleksanan. Sarehning sampun cekap sedayanipun, mbokmenawi sowan kula sakkanca pinanggih wonten kalepatan, nyuwun pangapunten. Salajengipun kula sakkanca kepareng madal pasilan, nyuwun pamit.