1
Assalamualaikum Wr.Wb Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Konco saha adik-adik ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah saengga kita saged makempal wonten aula SMA 1 Wates kangge ngawontenaken acara perpisahan. Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri klas tiga ngaturaken agunging panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun. Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik, sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih. Kula sarencang kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau. Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pepanjang. Menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten. Wassalamualaikum Wr.Wb Nama : Yusuf Harfi No : 27 kelas : XI IS 3 SMA NEGERI 1 WATES

Contoh pidato bahasa jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Contoh pidato bahasa jawa

Assalamualaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan.

Konco saha adik-adik ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat

sarta hidayah saengga kita saged makempal wonten aula SMA 1 Wates kangge ngawontenaken

acara perpisahan.

Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri klas tiga

ngaturaken agunging panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun

nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan

sadangunipun tiga tahun.

Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik, sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan

punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah

nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih.

Kula sarencang kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil

anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga,

tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.

Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pepanjang. Menawi wonten kirang tatakrami

anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Nama : Yusuf Harfi

No : 27

kelas : XI IS 3

SMA NEGERI 1 WATES