2
Contoh Pidato Bahasa Jawa Tuladha pidato Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa. Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping..... Tanggal 17 Agustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenegan sedaya. Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal 17 Agustus tahun..... Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun..... ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika. Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para warga sedaya.

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Tuladha pidato

Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.

Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping..... Tanggal 17 Agustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenegan sedaya.

Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal 17 Agustus tahun.....

Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun..... ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.

Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para warga sedaya.

Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para warga, ing dinten ingkang mulya menika.

Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar kawasisan lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang pungkasan, kula minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader kali sesonderan. Nuwun