4
Cerita Rakyat Jaka Tarub Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika

Cerita Jawa Jaka Tarub

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Cerita Jawa Jaka Tarub

Cerita Rakyat Jaka Tarub

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan

putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih

menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati

kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken

kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos

pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak

wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge

dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana

kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados

konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten

angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu

lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa

piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.

Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka

Page 2: Cerita Jawa Jaka Tarub

Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka

Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning

tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking

pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten

percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing

tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram

lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala

wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih

pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken.

Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.

Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-

reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami

Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka

Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang

Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-

manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen

Page 3: Cerita Jawa Jaka Tarub

Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa

amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan

punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados

satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang

wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun

manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun

kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang

Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.

Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh

kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.

Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados

widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan

boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan

nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun

Nyi Roro Kidul.