3
Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala. Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu ___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun. http://ki-demang.com/index.php? option=com_content&task=view&id=818&Itemid=781 Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung Assalamu alaikum Wr. Wb. Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________ (ingkang mengku gati). Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________ (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun

BAHASA JAWA

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: BAHASA JAWA

Tuladha Aturipun Panatacara SasampunipunPasrah Panampining Putra Temanten Kakung

Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________    minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________    ingkang sarta Ibu ___________   wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________   dhumateng panjenenganipun Ibu ___________   minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=818&Itemid=781

Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________  mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________   (ingkang mengku gati).Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________  (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.Pramila ngemban dhawuh ___________  wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________  (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=815&Itemid=781

Page 2: BAHASA JAWA

GEGURITAN

CITA – CITAKU

Esok awan wengi aku sinauKanggo nentoake cita-citakuOra ana wektu kanggo nyenengake atikuNanging semangatku nyagak sinau

Aku sinau sedina-dinaTansah ngestokake dhawuhe wong tuwaTakdua sak kabehing gadaAku kudu entuk juwara

Oooh… gustiParingana rido awak mamiSupaya aku sesok bakti negriMarakabi mring sesame

Oooh.. abot kaya ngene angeleNanging aku kudu bisa nelakakeKanggo ngimbangi rekasane wong tuwaBapak, Ibu ben lega atinePutrane bisa Kabul gegayuhane

Sirna Ana Ngendi Arum Ganda Melathi

tumekane ratri ninggalake wengi durung tinemu ganda wangi kang dak goleki tumlawung rasa kang ngulandara ing akasa angrantu ing wengi kang bakal tumeka

wanuh wani anggoleki wewangen kang nyirep ati kadya wingi kawuri

nadyan tumekane wengi iki durung dak mangerteni sirna ana ngendi arum ganda melathi

Rembang, 01 September 2010 melati iki rinonce saka sempalan kang wujud sepi